Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-13, #317

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-13, #317. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-13, #317. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 91, 10 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 13 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1427] ---

Ăngka 91, 10 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 13 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Nagara, Borneo

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan kawontênanipun lèpèn Nagara, Borneo.

--- 1428 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Ewah-ewahaning Pangrèh Praja

(Bestuurshervorming Provincie, Regentschaps-Raad)

Sarèhning ing tanah Jawi Têngah benjing taun 1930 wontên ewah-ewahaning praja (Bestuurshervorming), inggih punika badhe kawontênakên Regentschaps-Raad, pramila kados botên wontên awonipun manawi kula ngandharakên bab Bestuurshervorming punika, ingkang prêlu bab Regentschaps-Raad. Ananging sadèrèngipun, kula badhe ngandharakên beda-bedanipun paprentahan jaman rumiyin kalihan jaman samangke.

Ing jaman rumiyin, inggih punika sadèrèngipun taun 1903, ing Indhia Nèdêrlan ngriki paprentahipun kacêpêng dening kuwaosipun tiyang satunggal, ingkang cara Walandinipun nama centraal gezag. Kajêngipun sadaya paprentahan ing Indhia Nedêrlan ngriki dados kuwaosipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksanan Gupêrnur Jendral. Sadaya kawontênan, kamajêngan, sarta sanèsipun punika, dipun tindakakên dening centraal gezag, dipun tanggêl dening Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Têtiyang ing salêbêtipun Indhia Nèdêrlan, botên gadhah hak kangge andhèrèk angrêmbag bab lampah-lampahipun paprentahan, sadaya punika ingkang angrêmbag inggih punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, kabantu dening sadaya punggawanipun priyantun warni-warni.

Pramila rumiyin wujudipun paprentahan kados makatên, tanpa anggalih pirêmbag saking kawulanipun, bokmanawi rumiyin punika nagari dèrèng bêtah dhatêng pirêmbagipun kawulanipun, amargi saking dèrèng kathah sêsêrêpanipun, sarta malih ing nalika punika paprentahan punika kagêm nagari dèrèng rêkaos, taksih cêkap kaasta piyambak.

Nanging sarêng lami-lami, kitha-kitha sampun mindhak agêngipun, tiyang-tiyangipun mindhak kathahipun sarta kasagêdanipun, kawontênanipun pakaryan mindhak kathah sarta warni-warni, kêkajênganipun têtiyang wiwit warni-warni, punika sadaya adamêl indhaking karibêdanipun padamêlan nagari, wusana botên kaconggah angadani sarta nanggêl saening paprentahan ingkang dipun wêngkoni, manawi botên karencangan bawahipun.

Ingkang makatên wau anjalari nagari lajêng adamêl ada-ada, supados paprentahan wau botên dipun cêpêng dening nagari piyambak, ananging lajêng dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon ing bawahipun (decentralisatie). Kajêngipun supados wêwêngkon ingkang alit-alit ing salêbêting jajahanipun nagari punika, ugi kawênangakên kangge amanah dhatêng kabêtahanipun piyambak. Dados ingkang rumiyin dipun galih dening nagari, lajêng dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon alit-alit wau, wênangipun wêwêngkon alit anggènipun nindakakên paprentahan piyambak wau, dipun wastani otonomi [otono...]

--- 1429 ---

[...mi] (autonomie). Kajawi amanah dhatêng kabêtahanipun piyambak wau, wêwêngkon alit-alit ugi kêdah nêtêpi sadaya pangaturan ingkang kêdah dipun tindakakên ing saindênging Indhia Nedêrlan, bêbadan ingkang nindakakên paprentahan piyambak wau dipun wastani sèlêpbêstir (Zelfbestuur).

Ing ngriku panguwaosipun nagari (Centraalgezag) lajêng suda, amargi tanggêlanipun sawatawis dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon alit-alit ing bawahipun, nanging kadadosanipun paprentahan lajêng mindhak utami, amargi wêwêngkon alit-alit wau têmtu langkung paham dhatêng bawahipun, tinimbang nagari, ingkang jajahanipun tikêlan agêngipun. Nagari botên têka lajêng ngêculakên tindakipun wêwêngkon alit-alit wau, nanging padamêlanipun lajêng nitipriksa lampah-lampahipun wêwêngkon wau, manawi wontên lêpatipun, kêdah dipun lêrêsakên.

Wêwêngkon alit-alit salêbêtipun jajahaning nagari wau dados botên nama mardika babar pisan (onafhankelijk) saking nagari, nanging kapurih nata kabêtahanipun piyambak kalayan dipun awat-awati dening nagari. Caranipun ngawat-awati punika wontên warni 2, inggih punika:

1. Manawi wêwêngkon alit-alit wau andamêl pangaturan, sadèrèngipun kêdah pikantuk idin (goedkeuring) rumiyin saking panginggilan, cara Walandinipun nama preventief toezicht.

2. Sasampunipun dados pangaturan, panginggilan wênang ngrisak pangaturan punika botên kenging dipun lampahakên (vernietigen) utawi nyêkorês schorsen. Cara Walandinipun nama repressief toezicht.

Wiwitipun nagari kagungan panggalih punika, tumapakipun wontên ing taun 1903. Ing taun 1903 punika nagari lajêng andamêl wet ingkang dipun êmotakên ing Regeering Reglement sapunika nama wet op de Indische Staatsinrichting. Ing wet ngriku kasêbutakên, ancasipun nagari badhe ngawontênakên ada-ada anglintirakên paprentahaning nagari (decentralisatie) wau. Tumindakipun wontên ing taun 1905 kapacak wontên ing Decentralisatiebesluit sarta ing Locale Raden-ordonnantie. Dening pranatan kalih warni punika ing Indhia Nèdêrlan ngriki kawontênakên wêwêngkon alit ingkang ngadêg piyambak, kangge paresidhenan namanipun Gewestelijke Raad, kangge bagiyanipun paresidhenan kados ta afdeeling nama Plaatselijke Raad. Kangge kitha namanipun Gemeenteraad. Ingkang kawontênakên Gewestelijke Raad sadèrèngipun wontên provincie inggih punika upaminipun, sadaya paresidhenan ing tanah Jawi tuwin Madura, kajawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Plaatselijke Raad ingkang wontên ing Sumatra utawi salêbêting paresidhenan Bali Lombok. Dene Gemeenteraad ing kitha-kitha ing tanah Jawi têmtu wontên, kados ta: Batawi, Sêmarang sapanunggilanipun.

A.S.

(Badhe kasambêtan)

--- 1430 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Sasampunipun wudun mêcah, andadosakên bolong-bolongipun kêbuk ingkang lajêng sagêd gandhèng kalihan pang-pang pipa kêbuk (luchtpijpstokken) kêbuk dados risak, ananging botên mêsthi plênthing-plêthing wau sagêd dados wudun lajêng mêcah ngrisak kêbuk makatên, kathah plênthing-plênthing wau sagêd dados atos lajêng mêngkêrêt wasana saras. Nyatanipun kathah mayit-mayit ingkang dipun bikak (lijkopening) pinanggih ing kêbuk-kêbukipun wontên tăndha bithêt-bithit utawi mangkêrêt mrongkol alit-alit, katawis manawi plênthing-plênthing tuberculose ingkang sampun saras.

Tiyang ingkang sakit t.b.c. kêbuk kraos bêntèr utawi sakit bêntèr, manawi dalu kringêtên sangêt, nêdha botên ajêng utawi botên eca, badan susut, kêra, pucêt, ambêgan cêkak, watuk sakawit sakêdhik-sakêdhik lan angèl, dangu-dangu sagêd ngêdalakên idu riyak gampil mawi êrah sakêdhik, blirik. Manawi riyak kapriksa mawi microscoop katingal kathah basilipun t.b.c.

Tăndha-tandhanipun tiyang ingkang sakit t.b.c, kêbuk: dhadha ciyut botên jêmbar lan gèpèng kiwa têngênipun gulu nginggil lan sangandhap balung salang (sleuutelbeen) anjêgong utawi lêkok sangêt, badan kêra. Trêkadhang ingkang sakit namung watuk kemawon, badan botên bêntèr botên kêra, ananging manawi sêsakitipun sampun sawatawis majêng, têmtu lajêng katawis kados ingkang kasêbut ing nginggil. Langkung têrang manawi idu riyakipun ingkang sakit kapriksa mawi microscoop punika botên sagêd goroh, manawi pinanggih basil t.b.c dados sampun têmtu lêrês.

Trêkadhang idu riyakipun ingkang sakit dipun priksa (microscopisch) botên pinanggih basilipun, punika dhoktêr gadhah rekadaya malih kangge nêtêpakên lêrêsipun sakit t.b.c utawi botên, inggih punika manut: reactie van Perqeut makatên rekanipun: lêngênipun tiyang ingkang dipun kintên gadhah sêsakit t.b.c. kulitipun dipun pênthang ingkang kêncêng dipun rêsiki mawi alcohol sasampunipun kulit rêsik ing kalih panggenan bênggangipun kintên-kintên 16 cm. dipun tètèsi tuberculin (kadamêl asli saking basil t.b.c) antawisipun panggenan tetesan tuberculin wau têngah-têngahipun dipun cirèni mawi suntikan (dipun cublês sakêdhik) ing panggenan tetesan ugi dipun suntik (cublês) supados tuberculin wau sagêd lumêbêt ing kulit lajêng dipun tutup kapas lan plèstêr. Manawi ingkang sakit lêrês t.b.c panggenan suntikan ingkang wontên tetesan tuberculin salêbêtipun 48 jam, katingal mlênthing abrit kadosdene suntikan cacar, ingkang badhe dados wudun cacar makatên.

Mila prêlunipun reactie van Perqeut punika manawi ingkang sakit t.b.c konangan lajêng sagêd enggal [eng...]

--- 1431 ---

[...gal] katulungan dhoktêr, adat sagêd dipun ajêng-ajêng sarasipun.

Rêhning băngsa kula racak-racak dèrèng mangrêtos bab ngèlmu kadhoktêran lan sapanunggilanipun, dados ingkang kathah anggènipun nêdha pitulungan dhoktêr sampun kasèp, wasana angèl sagêdipun saras.

Ingkang limrah ingkang sakit t.b.c kêbuk punika sagêd lami ngantos têtaunan nandhang sakit wau, botên lajêng enggal pêjah makatên, anangging kula nyipati piyambak lan sampun asring anjampèni tiyang sakit t.b.c kêbuk, sasampunipun ngêdalakên watuk êrah, sawatawis wulan lajêng pêjah. Trêkadhang wontên longtering ingkang sangêt bantêripun ingkang sakit bêntèr sangêt (galoppeerende tering) ing salêbêtipun saminggu ingkang sakit pêjah.

Watuk ngêdalakên êrah punika ingkang limrah lan kathah tiyang ingkang gadhah sêsakit long tuberculose, manawi rah badhe mêdal, ingkang sakit kraos bêntèr minggah ing dhadha, ing cangkêm kraos lêgi dhèhèm-dhèhèm watuk lajêng sumêrêp-sumêrêp sampun mêdal êrah utawi êrah campur idu saking cangkêm. Sêsampunipun êrah ingkang mêdal sapisan ical, ing lak-lakan kraos gatêl kêdah watuk lajêng watuk ngêdalakên glogok-glogok êrah kathah sarêng-sarêng saking cangkêm lan irung.

Saking kathahipun wêdaling êrah ingkang sakit lêmês, trêkadhang sêmaput.

Êrah ingkang mêdal punika warninipun abrit ambranang mawi mumpluk, adat ingkang sakit mawi bêntèr.

Ingkang sakit kêdah dipun lêlipur supados sampun alit manahipun, manawi bliyar-bliyur kêdah sêmaput, sirah dipun andhapakên, bantal-bantal dipun pêndhêt, dhadha ingkang kraos sakit dipun ijskop ingkang sakit kapurih nguntal pringkilan ijs lan botên kenging wicantên, manawi badhe pikajêng punapa-punapa nyêrata kemawon. Ingkang botên sagêd nyêrat cara tiyang bisu upami nêdha ngombe tangan kadamêl kados nyêpêng cangir utawi gêlas kacakêtakên cangkêm sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Murid-murid sêkolah ing Eropah nuju bingah-bingah ing măngsa liburan.

--- 1432 ---

Jagading Wanita

Kamajêngan

Raka redhaktur, măngga rak lidok, ta, kula sampun asring matur botên badhe andhèrèk lêlumban wontên ing Kajawèn ngriki, awit kula sampun ngrumaosi piyambak, yèn mênggahing kawruh utawi kasagêdan kula pancèn taksih kacingkrangan sangêt, dados inggih botên kenging dipun paibên, manawi pamanggih kula asring talusuran botên kantênan. Ewasamantên kula matur sèwu nuwun dhatêng panjênênganipun Tuwan Sastra Adikusuma, dene sampun paring pêpèngêt tuwin sêsêrapan warni-warni, ingkang kapacak wontên ing Kajawèn ăngka 88 sarta ingkang sayêktos migunani tumraping para wanita. Nanging kula ragi kêmba sakêdhik, dene panjênênganipun Tuwan Sastra ambêkta-bêkta pangandikanipun Tuwan Petruk ingkang miturut dhawuhipun Tuwan Sastra têka cundhuk kalihan isinipun Sêrat Darmagandhul. Kêmba kula wau botên tumuju dhatêng panjênênganipun Tuwan Sastra, o, punika botên, nanging sakala punika kula lajêng kèngêtan wujudipun Tuwan Petruk, têmtunipun manawi maos karanganipun Tuwan Sastra wau, saya anggènipun gêmbelang-gêmbèlèng, malah kintên kula, manawi botên têtêp-têtêp imanipun, Tuwan Petruk sagêd kalampahan andadak numbas bêlor saèstu.[1]

Tuwan Sastra Adikusuma, ing ngriki kula wangsuli atur kula sèwu nuwun dhatêng paring panjênêngan pêpèngêt tuwin sêsêrêpan, nanging kaparênga kula matur sakêdhik, sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, atur kula punika botên nama andhebat, ngêmungakên lugu badhe ngaturakên pamanggih kula sakêdhik, nanging pamanggihipun tiyang ingkang taksih cèthèk bêbudènipun, amila manawi wontên kalintunipun, panjênênganipun Tuwan Sastra, krêsaa paring pangaksama, lan kula inggih tansah angèngêti paring panjênêngan pêpèngêt murih sabar, malah sanadyan dhawuhipun para sêpuh angawisi kênya ngombe kathah-kathah, ewadene inggih mêksa kula têrak, sakêdhap-sakêdhap kula ngombe toya ing gênthong murih manah kula sagêda tansah asrêp kemawon.

Tuwan Sastra Adikusuma ngandika: sajatosipun, pamawasing priya dhatêng wanita punika: asih, wêlas lan trêsna. Pangrêksanipun pindha ngrêksa dhatêng mêmaniking mripatipun piyambak. Saèstu, botên goroh, kajagi sangêt sampun ngantos kaplantrang, mindhak kasorang-sorang, lan salajêngipun. Punika kula akêni, mila inggih kêdah makatên. Ananging sarèhning ing donya punika wontên daya panarik, dados ing saangsal-angsal, [saangsa...]

--- 1433 ---

[...l-angsal,] para kakung kêdah nêtêpana anggèning dados baurêksaning wanita (bojonipun), pikajêng kula sampun sok maringi conto utawi lêlabêtan ingkang kirang prayogi tumrap anggèning sami jêjodhoan. Watêk utawi bêbudèning èstri punika ringkih, kirang-kirang dhêdhasaripun gampil sangêt rêbahipun. Dados bilih pangrêksaning priya kados pangandikanipun Tuwan Sastra Adikusuma wau, inggih kêdah yêktosan kados makatên. Măngka ingkang kathah-kathah para priya punika taksih rêmên anggêga kajêngipun pribadi, malah sok daknang dhatêng sisihanipun, supe dhatêng pangandikanipun Tuwan Sastra: priya punika sampurnanipun kanthi wanita, kancana sampurnanipun kanthi sêsotya. Priya sanepanipun kancana, wondene wanita sanepanipun: sêsotya.

Contonipun, kathah kemawon para kakung ingkang sok daknang dhatêng sisihanipun, kados ta: lêbar blanjan, plêng botên kondur-kondur, konduripun manawi arta blanjanipun wau sampun pindhah dhatêng kanthongipun tiyang sanès, utawi lajêng krama malih anèm tur kincling-kincling. Măngga punapa punika botên nama amung ambêbêntèr dhatêng sisihanipun kemawon. Punapa malih tiyang sakula botêna kraos karănta-rănta manahipun, sawêg putri dalêm Kajêng[2] Nabi Muhamad s.a.w. Dèwi Pêrtimah, ingkang kacêluk wanita pinunjul bêbudènipun, mêksa inggih ragi gonjing panggalihanipun, tandhanipun: kala ingkang raka Sayidina Ngali anggarwa putri Anaphi, Dèwi Pêrtimah kadangu dhatêng ingkang rama, punapa bêntèr panggalihanipun. Sanadyan atur wangsulanipun: botên, ewadene sarêng kadhawuhan ngandhut tigan, tiganipun têka lajêng matêng, lo, punika rak satunggaling pasêmon, bilih sang putri wau saèstunipun botên rêna ing panggalihanipun.

Ewasamantên, ing sarèhning para kakung punika samangke sawêk mênang, inggih wontên kemawon wangsulanipun, kados ta makatên upaminipun: lo, aja padha kaliru panămpa, anggonku duwe tindak mangkono mau, rak saka trêsnaku nyang bojo supaya bojoku bisa sinau sabar tuwêkal, awit swarganing wong wadon iku mung swarga nunut, dadi yèn wong wadon kuwi sabar, nurutan, bêkti ing laki lan sapêpadhane, lo, iya ing kono kuwi suwargane.

Lho, wontên priyantun kakung ingkang sok ngandika makatên, ewasamantên botên prêlu kapanjang-panjangakên.

Miturut andharan kula kasbut nginggil, dados kula namung tansah angajêng-ajêng, mugi-mugi panggalihanipun para priya anggèning sami mêngku garwa piyambak-piyambak, sami anêtêpana tindak ingkang prayogi kadosdene pangandikanipun Tuwan Sastra Adikusuma. Kosokwangsulipun, para wanita sampun ngantos nilar dhatêng kasusilan tuwin kuwajibanipun wanita, ingkang salaras kalihan kawontênanipun.

Namung samantên atur kula. Sumantriyah.

--- 1434 ---

Raos Jawi

Kyai Pandhanarang

Kasêbut ing cêcariyosan Jawi, punapadene ing sêrat-sêrat babad, lêlampahan ing jaman kina punika taksih elok-elok, yèn ta dipun gathukakên kalihan kanalaranipun, tumrapipun ing jaman sapunika namung nuwuhakên pamaibên. Nanging sarèhning cêcariyosan Jawi punika sampun nama gêsang, malah kenging dipun wastani limrah, băngsa Jawi kêpêksa tansah mirêngakên. Dene mênggah mantukipun ing nalar, namung kasumanggakakên dhatêng para maos, awit mênggahing cêcariyosan Jawi, saking gotèkipun para sêpuh, sadaya sami mêngku kajêng.

[Grafik]

Rêdi Jabalkat, Têmbayat, Klathèn.

Kacariyos kala jaman karaton ing Dêmak, ing Sêmarang wontên ingkang jumênêng adipati, jêjuluk Ki Pandhanarang. Kyai Pandhanarang wau sakalangkung mukti wibawa, garwanipun sakawan sami putraning bupati, putra wayahipun kathah, sami ambangun turut, ajrih dhatêng tiyang sêpuh. Mila kenging dipun wastani, anggènipun dados bupati Ki Pandhanarang, sasat mangagêngi putra wayahipun piyambak.

Kyai Pandhanarang punika kajawi pancèn sampun pangkat agêng, pamêdalipun anyêkapi, ugi taksih nyambi among dagang, mila kasugihanipun linangkung, prasasat kasugihaning ratu. Artanipun ngantos gêgêdhongan, băndha tanpa wicalan, kenging dipun wastani ing ngriku punika dados kêdhunging donya brana.

Wontênipun makatên, awik[3] Ki Agêng wau cêthil sangêt, donyanipun ingkang sampun samantên kathahipun wau, botên paja-paja adamêl marêming panggalih, ciptanipun tansah kapengin sagêda mindhak-mindhak, donya sadasa gêdhong, kapengin dados kalih dasa gêdhong, satus gêdhong, sèwu gêdhong, malah kapengin ing jagad punika kèbêkana donyanipun [do...]

--- 1435 ---

[...nyanipun] piyambak.

Wataking manah ngăngsa ingkang kados makatên punika nuwuhakên watakipun cêthil wau, manawi badhe ngêdalakên arta sakèthèng kemawon, anggènipun ngiling-ilingi ngantos gêmêt, dèrèng cul-cul manawi dèrèng sumêrêp badhe sakecaning sèlèhipun arta, têgêsipun tumănja. Ewadene sanadyan sampun tumănja, culing arta saking tangan taksih anabêti gadhah daya damêl tratabing manah, kados tiyang sumêrêp lare kêcêmplung sumur.

Pangagêmanipun kyai adipati sarwa prasaja, dhahar saprêlunipun, dhatêng kasênêngan punapa kemawon ingkang ambêborosi, têbih sangêt, ingkang makatên wau dados têtuladan, saha nuntuni dhatêng putra wayahipun. Pundi ingkang sagêd nelad, sagêd katurunan nugraha, manggih kamulyan ing donya.

Nanging wantunipun kala jaman samantên, pilah-pilahing lêlampahan punika taksih dipun wawas ing para wali, kacariyos Kangjêng Sunan ing Kalijaga, inggih Sèh Malaya, botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun Kyai Pandhanarang, uninga bilih Ki Pandhanarang katitipan wahyu kuwalèn, namung dèrèng kêbuka kemawon.

Kangjêng sunan botên kêndhat tansah mawas dhatêng kawontênanipun Ki Pandhanarang, wusana kangjêng sunan angsal margi ingkang kenging kangge sarana ngèngêtakên dhatêng tindakipun kêlintu Ki Pandhanarang wau, inggih punika sarana reka-reka sade kambêngan, awit kangjêng sunan sampun uninga manawi Ki Pandhanarang ambêtahakên kambêngan.

Ing wanci enjing kangjêng sunan mikul kambêngan badhe kasade, salêbêting bongkokan kambêngan dipun isèni arta salawe kèthèng. Nalika dumugi ing pêkên kêpapag Ki Pandhanarang, ingkang pancèn pados kambêngan badhe kangge wuwung gêdhongan. Ki Pandhanarang sarêng sumêrêp tiyang sade kambêngan, lajêng takèn rêginipun. Dipun wangsuli manawi rêgi salawe kèthèng botên kenging kirang, manawi botên pajêng samantên inggih dipun bêkta wangsul mantuk. Wusana lajêng dipun tumbas sapanêdhanipun, sarta akèn manawi tunggilipun taksih kapurih ambêkta mriku. Wontênipun makatên, amargi Ki Pandhanarang rumaos manawi anggènipun tumbas kambêngan punika mirah sangêt, pancèn inggih tumbas mirah punika ingkang dipun kajêngakên. Tiyang ingkang sade kambêngan sasampunipun ngêtêrakên lajêng wangsul, saha nyagahi badhe nyade mriku malih.

Sapêngkêripun tiyang ingkang sade kambêngan, nalika kambêngan kabikak, Ki Pandhanarang sumêrêp manawi ing nglêbêt wontên artanipun salawe kèthèng, ing ngriku sakalangkung kagèt, nanging malah rumaos bêgja, dene arta panumbasing kambêngan wangsul, sanadyan sadintên kaping pitu mrangguli ingkang kados makatên punika, Ki Pandhanarang inggih purun kemawon kanthi bingahing panggalih.

Enjingipun, Ki Pandhanarang nuju sawêg sarapan, tiyang sade kambêngan sampun dhatêng ambêkta kambêngan malih, ngêntosi rampungipun anggèning sarapan Ki Pandhanarang, linggih wontên ing èmpèr, sarêng Ki Pandhanarang mêdal, lajêng andangu: dene esuk-esuk wis ana kene, apa omahmu cêdhak. Badhe kasambêtan.

--- 1436 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

VIII.

Dhinabandhu lajêng mêmisuh kanthi suwantên sora, saking sangêting anggènipun nêpsu ngantos kêsupèn ajrihipun ingkang sampun-sampun. Kêjawi tiyang èstri punapa wontên tiyang ingkang gadhah tindak cubluk kados makatên punika. Kados pundi sumêrêpipun, bilih Balahi anggènipun wontên pamulangan sagêd sataun têrus. Sintên ingkang nanggêl bilih taksih sagêd gêsang sataun malih. Dhinabandhu sampun mangrêtos watakipun Nibaran, manawi sampun anggêgêm arta, sampun botên badhe kenging katêdha wangsul. Satyabati punika pancèn dununging kacilakan. Wiwit sawangsulipun, kacilakanipun Dhinabandhu tansah gilir gumantos kemawon. Tiyang ingkang botên sagêd nyêpêng artanipun piyambak, ingkang mêsthi inggih botên sagêd nyêpêng artaning bapa.

Pancènipun Dhinabandhu dhangan suka pangapuntên dhatêng kalêpataning anakipun prakawis anggèning nyadeni wajan tuwin kêndhil, namung kemawon kenging punapa dene arta pêpajênganipun lajêng kasukakakên sadaya dhatêng tiyang sanès. Namung prêlu kangge ambayari sêkolahing anakipun kemawon. Măngka saupami arta wau kapasrahakên dhatêng Dhinabandhu, rak kenging kalampahakên kanthi anakan kathah. Saking pangintênipun Dhinabandhu, punapa dadak lare wau badhe dados kakiming pangadilan inggil, dene ngaya-aya têmên anggènipun anggulawêntah.

Dhinabandhu judhêg angraosakên badhe kadadosaning artanipun, inggih lêrês warisipun namung anakipun èstri punika piyambak, ananging manawi artanipun kacêpêng ing anakipun punika, tamtu sadintên kemawon katêlasakên muspra. Sarèhning Dhinabandhu sampun sêpuh sarta kintên-kintên sampun botên badhe dangu malih gêsangipun, sintên ingkang kenging dipun pitados nyêpêng arta anggènipun nglêmpakakên kanthi dipun rencangi kalirên lan botên ngetang badanipun piyambak. Saking sangêting anggènipun anggagas ngantos mèh anjalari ewahing pikiranipun, kêrêp kemawon têngah dalu sawêg tilêm bêngak-bêngok, ngimpi artanipun kapêndhêt ing durjana. Satyabati sabên-sabên dhatêng gugah-gugah.

Balahi lêstantun sêkolah, nanging kawontênanipun Dhinabandhu mindhak dintên mindhak ngrêkaos. Panganggenipun lare sampun lungsêd, botên sande êmbokipun badhe nêdhakakên pangangge ingkang enggal. Măngsa bêdhidhing sampun kêpêngkêr, nanging manawi dumugi măngsa bêdhidhing malih, Dhinabandhu badhe kêpêksa numbasakên pangangge enggal dhatêng anak lan putunipun, utawi malih griyanipun ugi tansah andamêl ribêdipun kemawon, sabên dintên tansah wontên kemawon ingkang kêdah dipun dandosi, manawi botên payon ambrol [ambro...]

--- 1437 ---

[...l] inggih tembok rêbah. Dhinabandhu prasasat gêsang ing naraka.

Sapêngkêripun măngsa badhidhing, ngancik măngsa bêntèr ing dhusun lajêng kathah sêsakit. Tiyang-tiyang sami kirang ngatos-atos, sadaya pangangge ingkang nyumuk-nyumuki sami kaglethakakên, wusananipun mèh sadaya tiyang sami ginanjar sakit kasrêpên utawi sakit bêntèr. Ing dhusun ngriku tiyang sakit bêntèr punika sampun limrah sangêt, ananging botên dangu lajêng wontên sêsakit langkung ngajrih-ajrihi ingkang dados rêraosan, inggih punika sêsakit cacar ingkang wiwit mubal. Tlatah ngriku kados kinêmulan ing lamuk ingkang andalajati awon.

Dhinabandhu kulinanipun sabên dintên manawi sampun nuntum-nuntumakên anakan arta ing wanci enjing lajêng mantuk prêlu sarapan. Ing satunggiling dintên piyambakipun mantuk kados adat sabên lajêng wicantên: Saiki aku lan kowe kudu prihatin lan kudu ngati-ati supaya aja nganti lara kadhêmên. Ing desa pirang-pirang bocah kang padha kêtrajang lara cacar.

Satyabati nyêlani: Balahi kêdah dipun cacarakên.

Bapakipun mangsuli kanthi nyênyampahi sangêt: Tindak bangsane kang mangkono iku kabèh goroh. Ora ana wong kang dicacar banjur luput saka pati, iku ora liya mung apus-apusan kanggo mêrês dhuwite wong bodho. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Gêdhong gêminte ing Malang.

--- 1438 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Isinipun Sêrat ingkang Nama Ons Wapen

(Candhakipun Kajawèn ăngka 90)

Garèng : Ayo padha dibanjurake manèh, Truk, rêmbugane lagi anu kae. Ing karangane: Ons Wapen, dèn bèi jurnalis mau uga ngandhakake mangkene: sarana dipêksa alus-alusan, wong-wong padha dikon langganan karo kalawarti-kalawarti sing diwêtokake dening Bale Pustaka.

Petruk : Ngrungu kandhane jurnalis kaya sing kok caritakake ing ngarêp, kuwi aku kok banjur kèlingan jaman biyèn-biyèn. Kala samono jênêng Jawa kuwi dadi langganane samubarang sing: asor, ala, nistha lan sapêpadhane, apa manèh yèn nganggo dibukani: lha, kuwi saya anggone nylêkuthis, calila-calili, kaya ta upamane: ana wong udud srutu, kok sing diêmut bongkote, kuwi ya banjur ana bae sing muni: lha wong Jawa, kathik reka-reka udud srutu barang, ngêmute bae iya salah wèsêl. Apa manèh yèn ana wong nganggo dhasi mèncèng, kuwi uwong-uwong anggone ngundhat-undhat Jawane iya tanpa ana lèrène. Mêngkono uga tumraping dhêdhaharan, panganggo, ada-ada, lan sapiturute, kuwi yèn kalêbon têtêmbungan Jawa, iya dianggêp asor bae, kaya ta: jam Jawa, kuwi iya nandhakake clila-clili, upamane wong diulêmi têka jam 8, kèri-kèri têkane jam 9 utawa jam 10, dadi têkane mau kasèp bangêt, kang kaya mêngkono kuwi iya banjur ditêtêpake bae, yèn wong mau ngênggoni jam Jawa. Yèn ana wong ada-ada ngêdêgake kumpulan, wusanane kumpulane morat-marit, iya banjur ana sing muni: lha wong Jawa, thik reka-reka arêp ngêdêgake kumpulan barang, iya amblêdhos, apa manèh dhêdhaharan kuwi...

[Grafik]

Garèng : Wis, wis, rêmbuge kok banjur talencengan mêngkono, karo manèh biyèna kae iya ora anggêre jênêng Jawa dianggêp ala kabèh, apa êmas Jawa dianggêp ala, rak malah sing tulèn dhewe, ta.

Petruk : Lho, karêpku omong kaya ing ngarêp mau, mangkene: ananing jaman kuwi kok [ko...]

--- 1439 ---

[...k] tansah molah-malih bae. Dhèk biyèn kabèh tindak sing nembak băngsa Walănda, kuwi dianggêp bêcik lan brêgas, nganti nuwuhake têmbung blandhain, têgêse: kabèh panggawe sing cikat, brêgas, garang lan sapêpadhane. Kaya ta upamne: omah-omah rêsik gêmrining, ya banjur diunèkake: blandhain, mangan nganggo sendhok porok, iya: blandhain dalasan mabuk bêngok-bêngok ana ing pasamuwan, iya mêksa diunèkake: blandhain, mêngkono uga pangkat sing dianggêp brêgas, kuwi ya mung pangkat guprêmenan, kosok-baline kabèh sing nganggo têmbung: Jawa, kuwi ala, asor lan anylêkuthis. Lho kuwi ing jaman biyèn. Barêng saiki kiyi jaman nasionalis, kaanane iya banjur gèsèh bae. Ada-adaning rama guprêmèn, sanadyan wis diadoni bêcike, iya mêksa diarani sing ora-ora. Kaya ta anane wêwacan Bale Pustaka, kuwi wis diakoni bêcike, ewadene sarèhning Bale Pustaka ada-adaning guprêmèn, sanadyan anggone nawakake dodolane ora beda karo tukang dagang liya-liyane, iya mêksa didakwa sing ora-ora, kaya ta: didakwa akon tuku utawa langganan buku kanthi dipêksa alus-alusan, lan sapêpadhane. Nanging upama bangsaning partikulir sing nindakake mêngkono, iya ora ana siji-sijia sing cêmuwit, kaya ta tindake para agèn asuransi jiwa anggone ambujuk wong-wong supaya nanggungake jiwane ana ing maskapene, kuwi rak ya kêna diarani kanthi mêksa alus-alusan, ewadene iya ora ana sing ngêngkrik, tindake klonthong. Iya băngsa Walănda utawa Tionghwa, anggone nawakake barang dêdagangane, apa iya ora mêksa kanthi alus-alusan, nanging iya ora ana sing padha mrotès.

Garèng : Kajaba kuwi, Truk, sing agawe anjêntunge rêmpêlaku, anggone jurnalis jêmpolan mau ngina bangêt marang bangsaku kiyi. Apa rumasane mung dhèwèke dhewe sing duwe pikiran, sing duwe kakêncêngan, sing bisa ambedakake bêcik lan ala, liya-liyane mung dianggêp kayadene kêpithing bae, digorènga utawa digawea orak-arik iya ora băngga babar pisan, têka dipêksa kanthi alus-alusan nurut bae. Sabanjure jurnalis mau ngobrol mangkene: saka têmên-têmêne anggone arêp angladèni kangjêng guprêmèn, wong-wonge banjur agawe reklamê mungguhing buku-buku wêwacan sing diwêtokake dening Bale Pustaka mau, kang pancène ora kêna babar pisan.

Petruk : Wah, kiyi jurnalis ngaran-arani bangsaku rong bab sing ngabangake kuping têmênan, kang kapisan: saka têmên-têmêne anggone arêp angladèni kangjêng guprêmèn, ing kono karêpe rak arêp ngunèkake: saka anggone arêp anggolèk pêndhok. Kang kapindho: agawe rekalmê sing ora kêna babar pisan, kuwi karêpe agawe reklamê sing ora kalal. Wah, pandakwane le sasêkecanya bae, dadi upama tanggaku Bok Krama dodol sêga pêcêl, rasane enak, rêgane murah, aku banjur ajak-ajak kănca-kancaku padha tuku sêga pêcêl mrono, [mro...]

--- 1440 ---

[...no,] apa aku iya diarani gawe reklamê sing ora kalal, lan golèk pêndhok nyang Bok Krama mau, cikbèn dinikahake karo anake wadon Si Sariyêm. Lan jurnalis mau ora pisan-pisan duwe pikiran, yèn saka jalaran wêtune karangane mau, sawênèh ana sing andakwa dhèwèke golèk pêndhok marang para nasionalis, lan ora pisan-pisan duwe panêmu, yèn akèh para nasionalis padha gêgodrilan maca karangane, sing dianggêp dening sing ngarang kaya dene sawijining adpis tumraping para nasionalis kabèh mau.

Garèng : Rungokna manèh, Truk, kandhane jurnalis mau: yèn ana koran sing dening adpisuring nagara isine dianggêp: sêmanak andêmênakake, kuwi pandhuwuran banjur mrayogakake para amtênare supaya padhaa maca. Kiyi têgêse rak marentah alus marang para amtênare, supaya padha lêngganan nyang koran mau.

Petruk : We, lha, cilaka ane dadi priyayi gêdhe kuwi, ora pisan-pisan kêna kogêl karo bawahe, sing wajib ditrêsnani. Lagi amrayogakake maca layang kabar sing andêmênakake bae, banjur didakwa mrentahi bawahe langganan nyang koran mau kanthi alus. Dadi yèn mangkono băngsa luhur kuwi ora kêna ngêndika utawa ngrasani apa-apa, têmtune iya banjur didakwa sing ora-ora bae. Upamane aku dadi bupati, kalane aku lungguhan karo priyayi-priyayiku, aku ngomongake enake srabi gaweyane Bok Kunthèt, apa iya banjur didakwa bae agawe reklamê, supaya priyayi-priyayiku padhaa tuku srabine Bok Kunthèt kabèh.

Garèng : Wis, Truk, cêkake rêmbugane bab karangan Ons Wapen padha dicuthêl samene bae, mundhak saya ngămbra-ămbra mêngkone.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Surabaya mêntas wontên parêpatan umum P.N.I. tiyang ingkang sami dhatêng ing parêpatan nêm pitungatusan, ingkang ambikak parêpatan Tuwan Ir. Anwari. Ngrêmbag bab wajibipun kêkêmpalan tumrap salêbêt utawi sajawinipun tanah Jawi tuwin ing bab nyinau maos dhatêng para ingkang botên sumêrêp sastra. Wontên wanita ingkang sami mêdhar sabda, wosipun angrêmbag murih ajênging wanita.

Panyadenipun lot lotre ingkang nêmbe mêdal punika laris sangêt, agèn-agèn eskomto panyadenipun sampun têlas. Ingkang sade namung ing kantoripun agêng kemawon, dèrèng sagêd ngintên benjing punapa têlasipun, tuwin benjing punapa pambikakipun.

Panggenan-panggenan sakitêripun Pakalongan kathah andhapan ingkang sami ngrêsahi padhusunan, malah ing wanci dalu wontên sawênèhipun tiyang nuju tilêm wontên ing ambèn sajawining griya, dipun srogot ing andhapan ngantos nandhang tatu rêkaos.

Ing kampung Papandhak, Wanaraja, Garut, mêntas wontên griya kabêsmèn cacah 121 wuwung, masjid 3 lumbung-lumbung tuwin menda lan ayam kathah. Kapitunan kintên-kintên 40 èwu. Jalaranipun kabêsmèn kakintên saking tiyang sêpuh bingah-bingah mêntas gadhah putu jalêr, ngungêlakên sanjata lantakan mawi dipun ênali sêpêt, saungêling sanjata, sêpêt wau dhawah ing payon wêlit, wusana latu taksih gêsang katiyup ing angin agêng, lajêng andados.

--- 1441 ---

[Grafik]

Kawartosakên Mr. H.R. Hoetink ingkang sapunika taksih ngasta padamêlan wontên Nederlandsche Spoorwegen ing Utrecht, badhe anggêntosi Prof. Mr. Van Kan dados guru pamulangan luhur pangadilan ing Batawi. Gambaripun kados ing nginggil punika.

Miturut sêtatsêblad 1926 No. 115 Algemeene reisreglement dipun ewahi, arta padintênan tumrap amtênar kêkesahan ingkang balănja f 100.- dumugi f 160.- rumiyin f 6.- tuwin f 7.- sadintên sapunika namung f 2.-. Ingkang makatên wau anjalari kathah amtênar ingkang kêpêksa ngêdalakên artanipun piyambak, prêlu pados pasipêngan ingkang pantês. Bab punika lajêng wontên ewah-ewahan, kawrat ing kêkancingan saking pangagênging Reiswezen tanggal 5 Sèptèmbêr kapêngkêr, cêkakaning suraos, amtênar golongan 5 lan 6 salêbêtipun kumisi sagêd angsal arta dintênan langkung kados ingkang sampun, manawi têtela pancèn botên nyêkapi. Nanging arta wau botên langkung kathah kalihan arta dintênan pindhahan.

Lulus kandhidhat iksamên ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi, Mas Haryana.

Sampun sawatawis dintên punika, sawênèhipun hotèl alit ing Batawi, wontên tamu gangsal wêlas sami katrajang sêsakit wêtêng, kakintên sêsakit dhesêntri. Wontên malih jongos wau ugi makatên. Mênggah ingkang andadosakên jalaranipun dèrèng kasumêrêpan. Tumindakipun samukawis ing hotèl sampun dipun priksa pulisi, tuwin pulisi gadhah panggrayangan jalaran saking pandamêling tiyang, nanging inggih botên makatên. Miturut papriksan dhoktêr, tiyang ingkang gadhah hotèl botên kenging dipun lêpatakên. Salajêngipun ing hotèl wau sampun botên wontên punapa-punapa.

Ing gang Sêntiyong Batawi mêntas wontên bikakan pamulangan P.S.I. Tuwan A.M. Sangaji mêdhar sabda ing bab ancasing pamulangan wau.

Kawontênan patrap ananggulangi sêsakit cacar ing Batawi kenging dipun wastani botên sagêd anêtêpi kados pangajêng-ajêngipun ingkang wajib, jalaran saking kathahipun tiyang ingkang kêdah dipun suntik, cacahing tiyang ingkang sampun dipun suntik, kintên-kintên satus èwu, punika taksih kirang, apêsipun kêdah tikêl kaping kalih, lan malih tumrap ing Batawi dhatêngan tiyang saking sanès nagari tansah lumintu kemawon, măngka lêrêsipun inggih kêdah dipun suntiki, mila sakêdhap-sakêdhap taksih wontên kemawon.

Pakêmpalan Mardi Bêksa Irama ing Bandhung mêntas mitongtonakên barang-barang bathil, tênun tuwin asil siti wêdalan ing Priyangan, Jawi wetan tuwin têngah. Kathah ingkang sami ningali. Angsal-angsalanipun kêgolong majêng.

Băngsa Jawi nama Suryana, ing Dhusun Karangpolong, Panaraga, kacêpêng ing pulisi wontên ing griyaning gurunipun, kadakwa dados pangajêng ngojok-ojoki ngrêbahakên paprentahan.

Wangsulan saking Redhaksi

Pambantu 585 ing Surakarta. karangan bab pangantèn botên kapacak, amargi ing Kajawèn sampun nate macak.

Tuwan Amir, ing Bara Kulon. Karangan panjênêngan botên kapacak, amargi sêrat ingkang suraosipun kados makatên, sampun wontên ingkang ngêdalakên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2176 ing Argagănda. Kula mrayogèkakên ngalamat kaewahan. Manawi badhe mundhut buku: cêkap ngintunakên arta sarêgining buku wau, krana wragading pangintun katanggêl dening Bale Pustaka. Sadaya wêlingan adrès dhatêng administrasi Bale Pustaka, karangan utawi pawartos dhatêng: redaksi Balestaka.[4]

Lêngganan nomêr 4624 ing Mangkunagaran. Lêngganan kapetang wiwit: 1-11-'29.

Lêngganan nomêr 3784 ing Pasuruan. Lêrês

Bab buku.

Redaksi Kajawèn mêntas nampani buku Panjebar-Pangarti, ingkang kawêdalakên dening Indon. Studieclub ing Surabaya. Buku wau basa Jawi kaêcap mawi aksara latin, rêginipun f 0.50, pigunanipun kangge sinau maos tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos sastra. Miturut wêwarahipun ingkang ngarang, tiyang sagêd sinau maos salêbêtipun 20 jam. Salajêngipun ugi badhe ngêdalakên ingkang basa Malayu, Sundha tuwin Madura.

Redaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1442 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

7.

[Gambuh]

sakêdhap wus dumunung | ing gigiring turăngga ting plangkruk | têmah gawok sagung kang samya ningali | kaprawirannya sang bagus | karone langkung kinaot ||

marma dadya misuwur | Pasantênan mangkya ana sawung | maksih kuthuk prandene ngedap-edapi | mendah têmbe dadinipun | masthi ngapokake botoh ||

mangkana karyanipun | sabên-sabên kêkalih sang bagus | anênggani sarenipun sang dipati | samya anggusahi lêmut | utawa lalêr kang mencok ||

datan mawa kinêbut | sabab lamun kinêbuta iku | sumêlange mênèk kagyat sang dipati | marma dènnya gusah lêmut | mung lan panah tugi mawon ||

balasah bathang lêmut | miwah lalêr kalawan marutu | marma dadya sakeca dènnya aguling | saking tan ana kang ngrubung | mangkana ganti kacriyos ||

wimbuhing trêsnanipun | Rara Suli dhatêng sutanipun | kinakudang bisaa ing têmbe wuri | muktèkake marang biyung | mikul dhuwur mêndhêm jêro ||

datan lama cinatur | Sang Dipati Pragola duk dulu | citranira Rara Suli anêlahi | tanpa tandhing ayunipun | nadyan para putri kasor ||

mangkana jroning kalbu | Rara Suli dhasar pancèn ayu | tur jatmika ruruh sarèh ngrêspatèni | pantês lamun ingsun pundhut | dadi sêlir luwih munggoh ||

supaya aja tanggung | mring sutane gon ingsun angugung | gung trêsnèngsun tan bisa pisah sanyari | cinêndhak caritanipun | nulya pinundhut sang sinom ||

mangkana kang cinatur | sang dipati dahat ngantu-antu | panantange Sêkèbêr tansah dèn anti | dene lawas nora jêbul |[5] apa ubayane goroh ||

sêmayane rong taun | dene têka nganti limang taun | dadi abêr pangajape mangun jurit | nanging nadyan kaya wurung | mêksa pinrayitnan batos ||

saking èmêng tyasipun | dadya mangkya saking karsanipun | arsa sowan umarak dhatêng sang yogi | ing pulo Upih gya rawuh | sang pandhita dupi anon ||

anulya gupuh-gupuh | mêthukakên dhatêng ingkang rawuh | sinambrama nulya binêkta mring panti | sang pandhita lingira rum | anggèr sami karahayon ||

sang dipati umatur | mring maharsi dhuh bapa sang wiku | pangèstunta kawula manggih basuki | sang pandhita lingira rum | anggèr paran kang wigatos ||

dene ta kusung-kusung | mring pratapan panggenan kang suwung | sêpa sêpi tan kadya anèng nagari | sarwa sarwi mumah-mumuh | tan kewran mucung lêlakon ||

5. Baron Sêkèbêr têluk dhatêng Adipati Pathi, sarta kaparingan nama Juru Taman

Pucung[6]

nulya matur sang dipati lingira rum | dhuh bapa pandhita | kang tuhu waskithèng batin | kasinggihan lêrês ing dhawuh paduka ||

marma ulun tan darana kusung-kusung | umarak paduka | yêktos yun nyuwun udani | rèh duk nguni amba prang lawan wong sabrang ||

namanipun Baron Sêkèbêr winuwus | yèku kang nèng guwa | Patiayam kang dèn goni | nanging dèrèng katam tuwan kalah mênang ||

têmahipun nêdha sumêne rong taun | nanging sapunika | sampun wontên gangsal warsi | dene têka botên wontên wartanira ||

kang kadyèku punapa nyata satuhu | sêmayane wukan | dhuh bapa sang mahayogi | mugi karsa paring pêpadhanging driya ||

sru gumuyu sang pandhita lingira rum | lah ta kadi paran | gèn ulun sagêd udani | tyas manungsa nora kêni pinathokan ||

nanging luwung katimbang lan ala nganggur | lah anggèr wêcaa | ari duk bibaring jurit | lah punapa paduka botên kalepyan ||

aturipun sang dipati dhuh sang wiku | kalamun tan lêpat | nuju dintên Gara Kasih | yèn makatên anggèr mênggah saking petang ||

adatipun inggih tamtu badhe wangsul | marma yogyanira | paduka ajagi-jagi | kintên kula pun mêngsah pancèn digdaya ||

ngandika rum sang dipati ring sang wiku | dhuh bapa pandhita | sampun katanggêlan mugi | aparinga sarana ungguling yuda ||

mahawiku ngandika sarwi angguguk | anggèr kadiparan | dene sangsaya nalisir | têka mundhut srana jaya kasantikan ||

sagêd ulun inggih namung tutur-tutur | bokmanawa bisa | mahanani unggul jurit | lamun nyêmbur tuhu pun bapa tan wignya ||

gya umatur sang dipati ring sang wiku | langkung nuwun amba | dhawuh paduka sang yogi | kasinggihan dahat kalingga ing murda ||

dhuh sang wiku kadiparan ing rèhipun | mrih ungguling yuda | sang maharsi ngandika ris | lah ta anggèr prayoginipun ing benjang ||

lamun tuhu pun Baron Sêkèbêr wangsul | sayogya rineka | rèh jurit datanpa kardi | krana rosa tarampil prigêle padha ||

dadya kantun angadu bêtah salulup | anèng jro samodra | singa kang mêncungul dhihin | pênêd lamun punika kang kudu kalah ||

de pukulun sampun sumêlang ing kalbu | pun bapa kang budya | mrih bêtah nèng jroning warih | nanging anggèr mugi dipun wiwitana ||

dènnya slulup saking lèr Calêring patut | marmane mangkana | wit punika nawung wadi | sajatine kang dadya jalaran mênang ||

salèripun ardi Calêring puniku | wontên guwa karang | wiyar tur papane asri | kondhangipun sinungan guwa Blenderan ||

guwanipun manglung ngongkang anèng laut | kalamun paduka | miwiti ambyur ing warih | lah dipoma anggèr menggoka mring guwa || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Sabar-sabar, Jêng Sumantriyah, kula ngaturi èngêt: sampun sok angraosi Kyai Petruk, awit piyambakipun punika sok rêmên patigêni. (kembali)
Kangjêng. (kembali)
awit. (kembali)
Bale Pustaka. (kembali)
jêdhul. (kembali)
Pocung. (kembali)