Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-18, #326

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-18, #326. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-18, #326. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 101, 16 Rêjêb Taun Ehe 1860, 18 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1587] ---

Ôngka 101, 16 Rêjêb Taun Ehe 1860, 18 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir Sumatra lèr wetan

[Grafik]

Ing laladan pasisir Sumatra lèr wetan punika pasitènipun andhap, tumindaking pangagêng manawi papriksa bawah ngangge baita motor, kados ing gambar.

--- 1588 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit diphtherie (diphtheritis)

Sêsakit punika sêsakit ing gorokan utawi lak-lakanipun tiyang. Ingkang katrajang limrahipun lare lan bayi ingkang taksih umur wulanan, nanging lare ingkang diwasa utawi tiyang sêpuh ugi asring kenging sêsakit wau.

Sêsakit punika sangêt kêras lan gampil nularipun, mila sagêd dados epidemisch. Ing pundi-pundi panggenan ingkang wontên sêsakit wau, sanak sadhèrèkipun ingkang sakit utawi dhoktêr ingkang mriksa utawi anjampèni kêdah lapur dhatêng pangagêng pulisi kadosdene prantan sêsakit nular (cacar, kolerah, tipês lan sanès-sanèsipun) kalêbêt ing pranatan epidemie ordonnantie.

Ingkang manggihakên wijinipun sêsakit basil diphtherie Dr. Laffler. Sagêdipun nular, jalaran ingkang sakit watuk, wahing utawi wicantên, basilipun katut rêrêgêd riyak, idu utawi sanèsipun, mêdal saking cangkêm lumêbêt dhatêng tiyang saras ingkang cakêt.

Tiyang ingkang sampun nate kenging sêsakit punika adat botên katrajang malih (kalis).

Incubatietijdperk-ipun kalih dintên dumugi saminggu, sakawit ingkang sakit bêntèr, sirah ngêlu, badan lêmês, botên ajêng utawi botên kêpengin nêdha. Manawi gorokanipun kangge ngêlêg, karaos sakit sangêt, trêkadhang mawi nuntak. Ing lak-lakan dagingipun kêndhangan (slijmvlies) katingal abrit ambranang mawi plêtik-plêtik utawi blêntong-blêntong pêthak, klanjêring idu ing lak-lakan (amandel) lan saubêngipun abrit abuh, ilat garing lan rêgêd pêthak, ing ngandhap uwang sami mrongkol nglanjêr (klierzwelling). Ingkang blêntong-blêntong pêthak sagêd dados êmblèg-êmlègan. Sasampunipun 3-5 dintên lajêng sagêd mrèmèn dhatêng nglêbêt irung, nglêbêt gorokan (strottenhoofd) lan ing cangkêm. Manawi ingkang katrajang bayi ingkang taksih nêsêp, ngalang-alangi salêbêting irung, dados cangkêm kêdah mênga kangge ambêgan, lajêng botên purun nêsêp, amargi manawi ambêgan kangelan, asring ngêdalakên umbêl lan nanah rêrêgêd kamoran êrah sakêdhik (diphtherie membraan) saking irung swaranipun ingkang sakit, glêrêg-glêrêg utawi ical, watuk, ambêgan sêsêg cêkak, saking katêbihan kamirêngan ringik-ringik kadosdene tiyang ingkang sakit mêngi sawêg kumat sangêt punika. Yèn sakitipun tansah majêng, ambêganipun ingkang sakit saya rêkaos, mripat mlolo, swara ical, ingkang sakit katawis rêkaos, pucêt, botên sagêd kèndêl, tansah glebagan kemawon, ambêganipun kados pêdhot-pêdhota, amargi ing gorokan katutupan utawi kaalang-alangan daging kêndhangan (slijmvlies) ingkang abuh utawi rêrêgêd ingkang botên sagêd mêdal, wêkasan [wêkasa...]

--- 1589 ---

[...n] ingkang sakit pêjah. Ing wêkdal samantên manawi rêrêgêd sagêd mêdal (afstooten) trêkadhang sagêd dados ènthèng lajêng saras, utawi kabujêng dipun operatie (ing gurung sangandhapipun kalamênjing) dipun bolongi supados hawa sagêd kasêrot lumêbêt kangge ambêgan, punika sagêd katulungan lajêng ambêgan lêga, saras, ananging manawi slijmvlies (utawi daging kêndhangan) gurung ingkang katrajang sampun lêbêt, sangandhapipun bolongan operatie wau inggih tanpa guna, amargi ambêgan taksih botên sagêd.

Asring ingkang sakit sampun sangêt, ambêgan mèh pêdhot, dipun operatie lajêng ingkang sakit katingal mayar ènthèng, ananging salêbêtipun kalih dintên mêksa tiwas, punika jalaranipun sampun kasèp, sanajan sampun kasuntik serum diphtherie.

Sêsakit diphtherie asring mawi (complicatie) sêsarêngan sêsakit ginjêl (nier) sakit jantung, lêmês urat-urat lan sèmpèr sukunipun (verlamming) sagêd ugi kuping katularan saking lak-lakan lajêng dados sakit kuping, wêkasan ingkang sakit sagêd budhêg.

Manawi sêsakitipun diphtherie kêras, ingkang sakit katawis lêmês lêngêr-lêngêr, nuntak rambah-rambah, kulitipun pucêt, dipun grayang tangan suku asrêp, pols alit (weeke pols), klanjêr ing sangandhapipun wang kathah lan agêng, slijmvlies (daging kêndhangan) ing nglêbêt irung, cangkêm êmblèg-êmblegan, cangkêm mambêt bangêr, trêkadhang ingkang sangêt sakitipun, namung katingal pucêt sangêt lan klanjêr katawis mrongkol agêng, pols botên ajêg racak (onregelmatig), diphtherie membraan botên sapintêna.

[Grafik]

Griya sakit Prinsês Yuliana ing Ngayogya.

Sêsakit punika tumrap lare umur 5 taun sapangandhap ambêbayani, langkung-langkung bayi ingkang ringkih badanipun kathah ingkang tiwas.

Tôndha-tandhanipun lare ingkang kenging sêsakit diphtherie ènthèng ingkang badhe saras, punika rainipun bingar ambêgan botên sêsêg, idu kathah dleweran.

Sagêdipun nêtêpakên sêsakit wau diphtherie utawi botên, rêrêgêd ing lak-lakan ingkang sakit kêdah dipun priksa mawi microscoop (bacteriologisch onderzoek). (Badhe kasambêtan)

--- 1590 ---

Bab Bêrgêlêkê Sêtan (Burgerlijke Stand) Tumrap Têtiyang Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 100.

Ingkang kapatrapan pranatan punika:

1. Tiyang ingkang gadhah sêsêbutan asal, kajawi manawi sêsêbutan mas. Dados sintên kemawon ingkang gadhah sêsêbutan radèn, radèn mas, arya, tubagus, dhatuk, sapanunggilanipun, ugêripun tiyang wau manggèn ing tanah Jawi sarta sanès mas, têmtu kalêbêtakên pranatan punika. Ananging sêsêbutan wau kêdah kêlimrah ingakathah. Upaminipun, wontên tiyang ngakên gadhah sêsêbutan bathara, punika sarèhning botên kaprah, inggih botên kangge.

Ingkang nêtêpakên punapa satunggiling tiyang gadhah sêsêbutan, punika ingkang bupati, dados manawi Ambtenaar Burgerlijke Stand botên sagêd nêrangakên punapa tiyang gadhah sêsêbutan punapa botên, ingkang kagungan kuwaos kangge nêtêpakên ingkang bupati.

2. Punggawa gupêrmenan ingkang sanès militèr, ingkang balanjanipun f 100.- sawulan utawi langkung, sarta manawi sampun pènsiun.

3. Upsir-upsir militèr ugi sasampunipun pènsiun, dados upami wontên sêrsan Jawi ingkang botên gadhah sêsêbutan utawi sanès Kristên, sanajan balônja f 300.- botên kalêbêt ing pranatan punika.

4. Tiyang pribumi ingkang agami Nasrani utawi Kristên. Dados tiyang Jawi, Mlajêng, Ambon utawi sanès-sanèsipun bangsaning tiyang pribumi, ugêr ngangge agami Kristên, kalêbêt pranatan punika, dados tiyang ingkang agami Islam, Buda, agami kina (animisme) botên kalêbêt.

5. Tiyang pribumi ingkang sampun ngugêmi pangaturanipun Walandi tumrapipun ing prakawis sipil (privaatrecht) punapa dumunung sadaya, punapa namung sawênèhing pranatan. Gampilipun ingkang nama Gelijkgesteld, ingkang botên karèh dening adat têtiyang pribumi (verlaat het adatrecht).

6. Sadaya anak putu sarta turunipun para tiyang kasêbut bab 1 dumugi 5, ingkang turunan saking bapa, dados ingkang turunan saking biyung botên kangge. Ananging upami wontên tiyang jalêr dados tiyang tani gadhah semah radèn ayu, punika anakipun sagêd kalêbêt pranatan punika, sagêd botên. Manawi sasampunipun lair, punika sagêd katêtêpakên dening ingkang bupati ingkang kuwaos, manawi gadhah sêsêbutan radèn, sampun têmtu kalêbêt ing pranatan miturut bab 1.

Manawi wontên tiyang pribumi gadhah anak ingkang kagolong bab 1, 2, 3, 4, 5, utawi 6, punika lajêng kalapurna dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand, salêbêtipun 10 dintên sasampunipun lair. Kajawi manawi wontên alangan ingkang agêng kenging langkung 10 dintên, nanging botên kenging langkung saking 2 wulan. Ingkang kawajibakên lapur dhatêng Ambtenaar wau, inggih punika: bapakipun bayi ingkang lair punika, manawi bapakipun pinuju kapambêng utawi

--- 1591 ---

kêkesahan, ingkang kawajibakên dhoktêr utawi dhukun, utawi sanèsipun ingkang sumêrêp nalika lairipun. Ingkang lapur kenging jalêr kenging èstri. Palapuran wau kêdah mawi dipun sêksèni dening tiyang jalêr kêkalih sarta umuripun sampun 21 taun. Tiyang tiga punika palapuranipun kêdah sami. Dintênipun lair, jam pintên, siyang punapa dalu, anakipun sintên, nama sintên, sasampunipun lajêng sami nyukani tôndha tangan wontên ing buku kalairan. Manawi tiyang tiga wau sarta Ambtenaar Burgerlijke Stand sampun sami nyukani tôndha tangan, punika namanipun akte kalairan (geboorteakte). Nglapurakên makatên wau botên mawi waragad punapa-punapa, namung manawi badhe nyuwun turunaning akte wau, kêdah ambayar f 0,50 kangge rêgining plak sègêl.

Tiyang ingkang anglapurakên kalairan punika, kêdah anglapurakên pangakênan nama ugi, inggih punika tumrap bapa ingkang dèrèng gadhah nama warga (geslachtsnaam). Sarèhning tiyang pribumi punika prasasat sadaya dèrèng gadhah nama warga ingkang têtêp, pramila sadaya ingkang lapur lair sapisanan, têmtu ugi lapur pangakênan nama. Pangakênan nama wau kacathêt ugi ing buku pangakênan nama. Wiwit dintên pangakênan wau, bapakipun lare ingkang dipun lapurakên kalairanipun, kêdah nama warga punika salajêngipun, sarta botên kenging santun nama malih, kajawi manawi nyuwun dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, ananging wragadipun kathah sangêt, sawêg sègêlipun kemawon rêgi f 250. Ingkang nyukani tôndha tangan wontên ing akte pangakênan nama ugi tiyang tiga wau sarta Ambtenaar Burgerlijke Stand.

Manawi kêpêjahan, tiyang ingkang manggèn ing griya panggenan pêjahipun wau salah satunggal kêdah anglapurakên, nanging kêdah ingkang sampun diwasa. Manawi pêjahipun botên wontên ing griya, kenging katindakakên dening lurah ingkang nguwaosi ing panggenan ngriku. Saksinipun cêkap tiyang satunggal, ingkang jalêr sarta ugi umur 21 taun utawi langkung. Wêkdal kangge anglapurakên ugi salêbêtipun 10 dintên, nanging kenging langkung bilih wontên pambêngan agêng, ugêripun kirang saking 2 wulan.

Para tiyang pribumi ingkang kawajibakên lapur kalairan, kapêjahan dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand, ingkang botên nêtêpi (overtreden) kapatrapan paukuman dhêndha ngantos f 100.-

Bab pangakênan nama kula badhe mêwahi sakêdhik, kangge para priyantun, dados punggawaning nagari ingkang dèrèng gadhah nama sêpuh, ingkang lajêng gadhah anak, wusananipun badhe santun nama sêpuh kangge Geslachtsnaam, punika botên kenging, kêdah nyuwun idi rumiyin dhatêng tuwan residhèn, sasampunipun kaidenan, sawêg kalapurakên dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand. Kangge sanèsipun tiyang, ingkang dede punggawa nagari Ambtenaar ugi kêdah ngèngêti punapa nama ingkang dipun akêni pantês punapa botên. Upami wontên tiyang dhusun ingkang asal, lajêng badhe ngakêni nama Purbadiningrat, ingkang têmtu Ambtenaar Burgerlijke Stand ugi botên purun nanggêl, ingkang makatên wau piyambakipun kêdah nyuwun karampunganipun nagari.

--- 1592 ---

Kangge nata saenipun tumindakipun Bêrgêlêkê Sêtan punika, dipun têtêpakên satunggaling Inspecteur, ingkang padamêlanipun sawanci-wanci kesah dhatêng kabupatèn-kabupatèn, prêlu ningali padamêlanipun Ambtenaar Burgerlijke Stand. Sadaya ingkang kapriksa dening Inspecteur wau, dipun lapurakên ing Directeur van Justitie.

A.S.

Bab Têtanêman

Wowohan

Sami-sami asil siti, ingkang sagêd sumrambah lêlintonan saking satunggiling nagari dhatêng nagari sanès namung wowohan. Tumrapipun ing tanah Jawi ing sakawit namung linta-lintu dhatêng nagari ingkang nunggil pulo kemawon, upaminipun pêlêm saking Jawi Wetan kakintunakên mangilèn, rambutan saking Jawi Kilèn kakintunakên mangetan, tumrap Jawi Têngah sagêd kasrambah saking wetan kilèn.

Ing sakawit bôngsa Jawi pananêmipun wit wowohan kenging dipun wastani namung kangge sambèn kemawon, awit dèrèng wontên ingkang nanêm ngantos awarni pakêbonan, nanging dangu-dangu sarêng kathah sêsrawunganipun tuwin angsal panuntun, pundi ingkang nama têtanêman ingkang wohipun sagêd sumrambah inggih lajêng kathah ingkang pananêmipun dados awarni pakêbonan, kados ta kêbon jêram, sawo manila tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sarèhning pasitèn punika sampun mêngku kajêng mathukipun kalihan ingkang dipun tanêm, mila botên sagêd waradin sabên nagari sami têtanêmanipun, kados ta ing nagari pêlêm botên mathuk dipun tanêmi rambutan, kosok-wangsulipun ugi makatên.

Dangu-dangu wêdaling wowohan saking tanah Jawi sagêd mêdal dhatêng sajawinipun tanah Jawi, inggih punika pisang dhatêng Ostrali. Kosok-wangsulipun ing tanah Jawi ugi kadhatêngan wowohan saking tanah sabrang, malah manawi dipun timbang sampun dangu sangêt lêbêting wowohan sabrang ingkang dhatêng tanah Jawi, kathah lan warni-warni, botên timbang kalihan wowohan ingkang mêdal, kados ta bangsaning apêl, anggur tuwin sanès-sanèsipun. Mênggahing bôngsa Jawi, panganggêpipun dhatêng wowohan ngamônca wau adi sangêt, awit ing ngriki dèrèng wontên ingkang nguwitakên. Dene wowohan wau manawi ingkang wêdalan Ostrali taksih sêgêr-sêgêr, ugi wontên ingkang sampun dipun cêncêm wontên ing blèg, manawi ingkang asli saking Eropah tuwin Amerikah limrahipun sampun blèg-blègan. Kajawi punika ugi taksih kadhatêngan malih wowohan saking tanah Arab, inggih punika kurma. Kados awis sangêt tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kurma, sanadyan kurma punika wowohan ngamônca, nanging jalaran saking sumrambah sangêt tuwin sampun dangu malêbêtipun [malêbê...]

--- 1593 ---

[...tipun] ing tanah Jawi, wah rêginipun mirah, dumuginipun tiyang padhusunan pisan inggih sampun sumêrêp.

Manawi ngèngêti lêbêtipun wowohan ing tanah Jawi kados makatên punika, tanah Jawi pinanggih kontit sangêt, awit dèrèng sagêd malêsi ngintunakên mêdal gêntos.

[Grafik]

Wit kurma ing tanah Arab.

Dangu-dangu bab makatên wau tansah dados panggalihanipun ingkang wajib, wusana lajêng wontên coban-coban ngintunakên wowohan saking tanah Jawi dhatêng Eropah, ingkang sampun nate kakintunakên: sawo manila, nôngka walandi, pêlêm, rambutan, durèn tuwin sanès-sanèsipun. Pinanggihing cobèn-cobèn wau prayogi sangêt, dumuginipun ing ngrika taksih sae saha panyadenipun sagêd anglêgakakên. Tataning panyade tuwin wontênipun tiyang ingkang nyumêrêpi, tumraping sawo manila, kados botên beda kalihan tiyang ngriki manawi sumêrêp apêl.

Dumuginipun sapunika tansah tindak lumintu, lan botên sande tamtu dados padagangan agêng, nanging inggih punika sadaya reka saha patrapipun ngintunakên sami kikrik apik, kados ta milihi ingkang sae, sêpuh, sarana mawi dipun buntêli, kalêbêtakên ing wadhah sae, dipun dèkèk ing kamar asmap. Sampun tamtu kemawon sadaya wau sami dipun tindakakên ing bôngsa ahli.

[Grafik]

Wowohan ingkang badhe kakintunakên dhatêng Eropah.

Mirid kawontênaning wowohan tanah Jawi sampun sagêd sumrambah dhatêng tanah ngamônca, punika nama satunggiling kamajêngan, nanging wontênipun ing sapunika wêdaling wowohan wau taksih pilih-pilih saking panggenan ingkang prayogi, inggih punika saking pamilihipun para ahli, awit prêlu [prê...]

--- 1594 ---

[...lu] pados wowohan ingkang sae, lan ing têmbenipun manawi sagêd sumrambah dipun telad ing têtiyang sanès, têgêsipun sagêd ngupakara murih saening têtanêman, tuwin sagêd angsal tuntunan, tamtu inggih sagêd tumindak makatên.

[Grafik]

Grêbong ingkang kangge ngêwrat wowohan.

Sawarnining kamajêngan, inggih punapa kemawon, punika tansah nênangi dhatêng raosing manahipun tiyang ingkang nêdya nulad gambaranipun pinanggih wontên ing tanah Eropah, kados ta wêdaling wowohan ing Betuwe nagari Walandi, ingkang lajêng dipun olah kadèkèk ing blèg, punika ing samôngsa kemawon ngantos sagêd ngundhuh wowohan ngantos atusan grêbong sêpur. Ing môngsa punika ngantos sagêd ngundhuh saha dipun êwrat ing grêbong ingkang kaping sèwunipun mriksanana gambar.

Bab makatên punika punapa botên andadosakên pêpenginan.

Kawruh Sawatawis

Bab Sulapan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 100.

Sulapan ingkang nama elok piyambak, punika ingkang nama siir, punika kacariyos mawi dhêdhasar ngèlmu, anèhing nyulap ngantos angèl ginayuh ing akal, limrahipun ingkang nindakakên sulap kados makatên punika bôngsa Hindhu, saking eloking panyulap, gampilanipun ngantos dipun wastani sagêd malik mripatipun ingkang ningali, kados ta tiyang sagêd mantèk ilat, tiyang sagêd ngêndhêg lampahing oto, tiyang sagêd manggèn wontên salêbêting latu, tiyang sagêd ngêrèh sawêr, malah ing Bêrlin mêntas wontên pakir bôngsa Hindhu sagêd nyulap ngêdalakên toya saking èpèk-èpèk manthêr tanpa kèndêl, kados ing gambar. Sintên tiyangipun ingkang botên malêngak nyumêrêpi têtingalan ingkang kados makatên punika.

Nanging mugi sampun nuwuhakên kêlintu sêrêping pamanggih, lêrês kawontênan ingkang kados makatên wau anggumunakên, nanging tumrapipun dhatêng tiyang sanès botên andayani punapa-punapa, dados sampun ngantos tiyang lajêng gadhah panganggêp, bilih tiyang ingkang kados makatên punika kenging dipun têdhani brêkah, sagêd nyukani donya brana tuwin sanès-sanèsipun, awit saupami tiyang ngantos kapilut dening tiyang ingkang kados makatên punika, angèl [a...]

--- 1595 ---

[...ngèl] sangêt èngêtipun, sanadyan sagêda èngêt, inggih dangu, tur tamtu sampun nandhang pituna agêng.

Pancèn wajibing tiyang punika botên kenging ngrèmèhakên dhatêng kawruhing liyan, nanging ugi botên kenging lajêng gêga-gêganên, awit ngakal budi punika salaminipun tansah tumindak sampurna, dados saupami ngakal budi dipun tindakakên ing damêl, kintên-kintên sagêd adamêl mênganing manah pêtêng. Upaminipun kagunan warni-warni ing bab ngèlmu siir, punika manawi dipun bujêng kalihan ngakal budi, sanadyan botên sagêd manggihakên kanthi sampurna, inggih sampun manggih pitulung agêng, malah trêkadhang sok botên kenging daya kuwalik pandulunipun.

[Grafik]

Pakir ingkang sawêg nuju nyulap.

Mênggah cara bodhonaning ngakal budi, ngèlmu siir kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kados ugi wontên ingkang kenging dipun gagapi kalihan nalar, lêrês sadaya wau mawi dhêdhasar ngèlmu, ing ngriki ngèlmu kaencokakên kaantêpaning manah, punika pancèn inggih anggadhahi daya agêng, upaminipun tiyang ingkang sagêd ngêrèh sawêr, punika prêlu ingkang nomêr sapisan manah kêndêl, kaping kalih mangrêtos dhatêng wêwatêkan tuwin pangapêsaning sawêr, sawêg têtêging manah kemawon sampun sagêd nuwuhakên kêkêndêlan, ingkang ngapêsakên dhatêng sawêr, upaminipun nyêpêng kêncêng tanpa grigih-grigih, sampun tamtu kemawon sawêr ingkang dipun cêpêng kêncêng tuwin titis panyêpêngipun, lajêng ngalokro tanpa daya. Wah malih bôngsa Hindhu punika mangrêtos sangêt dhatêng pasêmoning sawêr badhe nyathèk, mila tiyang Hindhu juru panutut sawêr sabên sumêrêp pasêmoning sawêr ingkang nyamari, lêpatipun dipun sampluk, inggih dipun singkiri. Lan malih kacariyos sawêr punika gadhah watêk rêmên dhatêng suwaraning suling, dados saupami sawêr mirêng pangêliking suling, saupami nuju nêpsu lajêng lilih ical kanêpsonipun. Ewadene tumrapipun bôngsa Hindhu juru panutut sawêr, inggih botên kirang ingkang tiwas jalaran dipun cakot ing sawêr. Kados makatên mênggah gagapan ingkang mèmpêr, lan bokmanawi [bokma...]

--- 1596 ---

[...nawi] tumrap sanès-sanèsipun, manawi sagêd manggihakên gagapanipun inggih kenging dipun gagapi.

Manawi tumrap ing bôngsa Jawi, ngèlmu kados makatên wau nama ngèlmu karang, wontênipun nama makatên, awit aslinipun saking dhusun Karang. Dene mênggah bab kaelokanipun ngèlmu karang, kados para maos sampun kêrêp mirêngakên cêcariyosanipun. Kados ta tiyang sagêd nêdha langkung saking ngêkat, malah sagêd nadhanêdha. griya tuwin sanès-sanèsipun. Punika mênggah nalaripun botên mèmpêr, lajêng kenging kagrêba cêkakipun malik mripating tiyang.

Ing Sêrat Cênthini kathah sangêt cêcariyosan ing bab sulap ingkang ngangge dhêdhasar ngèlmu siir inggih ngèlmu karang, ingkang nindakakên santrinipun Sèh Amongraga, nama Jamal kalihan Jamil, punika manawi nuju nyulap ngantos ngeram-eramakên, sagêd anggêsangakên opor bèbèk, mêjahi tiyang lajêng dipun gêsangakên malih, tuwin sanès-sanèsipun sakalangkung elok-elok. Malah sarêng dipun suyudi ing têtiyang ngantos atusan, Jamal lan Jamil botên wêgah anggènipun angingoni tiyang kathah wau, cêkap dipun sulapakên pasir dados uwos, gêgodhongan dados ulam, têtiyang ingkang dipun ingoni inggih sami rumaos nêdha yêktos.

Kajawi punika Jamal lan Jamil sagêd damêl kaelokan, santri-santrinipun sami dipun ajari jathilan numpak kapal kepang, lajêng sagêd muluk dhatêng gêgana, wontên ingkang dolanan mega, sêsirig wontên sapucaking wit-witan. Ing ngriku lajêng nyariyosakên salugunipun, bilih kawontênan wau namung pinanggih wontên pangraosipun ingkang numpaki, nyatanipun inggih namung lincêg-lincêg wontên ing siti.

Dene kawusananipun kadospundi, punapa Jamal lan Jamil manggih kamulyan jalaran saking anggènipun sagêd nindakakên kados makatên, punika botên babarpisan.

Mênggah wos-wosipun karangan bab sulap punika namung dadosa panggugah dhatêng kalimputing manah, sampun ngantos tiyang manggih kapitunan jalaran kataman ing apus ingkang sarananipun kados makatên.

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Somawangi ing Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Mandiraja Dhistrik Purwarêja, Kabupatèn Banyumas Sababipun Wingit Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun Ngantos Sapunika

Nalika taksih jaman karaton ing Pajang, wontên putranipun Kiyai Agêng Pamanahan ing Mantaram, nama Radèn Sutawijaya, sarta ugi kasêbut nama Ngabèi Loring Pasar, dados putra angkatipun [angka...]

--- 1597 ---

[...tipun] kangjêng sultan ing Pajang. Radèn Sutawijaya ing têmbe asma Panêmbahan Senapati. Nalika taksih neneman asring karsa midêr-midêr ing pundi-pundi. Satunggaling wêkdal rawuh ing jajahan nagari Banyumas. Kala samantên marginipun saking Gombong minggah rêdi têrus dhatêng dhusun Mêrdèn. Ngantos sapriki margi wau taksih kalêstantunakên, kanamakakên Lawangawu, kangge langkung tiyang dagang saking Gombong dhatêng dhusun Purwanagara tuwin kitha Banjarnagara.

Nalika Radèn Sutawijaya tindak ing ngriku, taksih awis dhusun, amung mlêbêt lan mêdal wana. Kala samantên Radèn Sutawijaya mirsani salêbêting wana ing rêdi ingkang dèrèng wontên namanipun wontên kukusing latu murub, kagalih wontên tiyangipun, lajêng kapurugan sarta pinanggih wontên tiyang èstri linggih ing ngandhap kajêng agêng, sarêng kadangu namanipun angakên nama Nyai Kêrtasinga. Sawêg nênggani lakinipun ingkang kalêrês tapa tilêm. Radèn Sutawijaya anjawab badhe pinanggih supados kagugaha, nanging Nyai Kêrtasinga mangsuli wontên pitungkasipun anggènipun tapa taksih kirang tigang dintên malih, dados sapunika dèrèng kenging kagugah, nanging Radèn Sutawijaya mêksa adrêng badhe kapanggih, Nyai Kêrtasinga lajêng pitakèn: panjênêngan sintên. Kawangsulan asma Radèn Sutawijaya santri saking Mataram. Nyai Kêrtasinga lajêng mangsuli manawi karsa anggugah piyambak inggih sumôngga, sarta nêdahakên panggenanipun Kyai Kêrtasinga anggènipun tapa. Radèn Sutawijaya mirsani Kyai Kêrtasinga anggènipun tapa tilêm ing sanginggiling latu murub, lajêng kagugah, nanging botên ebah, wusana Radèn Sutawijaya lajêng ambubut wulu puhunipun Kyai Kêrtasinga, andadosakên tanginipun.

Sarêng Kyai Kêrtasinga sumêrêp wontên tamu lajêng mênyat saking tapanipun sarta sami lênggah satata. Sarêng sampun sami têtêpangan, Kyai Kêrtasinga lajêng nêdha sêdhah kangge nyêgah tamunipun. Ingkang èstri nyukani sêdhah tanpa jambe, sabab botên wontên jambe, Kyai Kêrtasinga lajêng mêndhêt jambe saking kandhutanipun ingkang taksih wêtah, kasêgahakên tamunipun. Sarêng Radèn Sutawijaya badhe anggantèn, jambe sêsêgah wau lajêng kaklêthak ngantos pêcah sarwi mungêl gumalêgêr saèmpêr ungêling mriyêm, andadosakên kagètipun Radèn Sutawijaya.

Kyai Kêrtasinga ningali tamunipun kagèt, gumujêng latah. Radèn Sutawijaya lajêng ngandika dhatêng Kyai Kêrtasinga: amaringi pêparab, Kyai Santri Landhêp. Sabab adamêl kagèt tilêmipun lajêng sagêd amalês kagèt dhatêng sariranipun. Kacariyos Radèn Sutawijaya rêsêp sangêt dhatêng Kyai Kêrtasinga, sarta Kyai Kêrtasinga ugi rumêksa sangêt.

Kacariyos ing wana ngriku wontên kajêngipun pulasari ingkang gandanipun wangi, lajêng ngandika dhatêng Kyai Kêrtasinga, manawi ing têmbe wana wau dados dhusun kanamakna dhusun Sêmuwangi, ingkang sapunikanipun katêlah nama dhusun Sumawangi, mênggah rêdinipun sapriki nama rêdi Santri Landhêp.

Satilaripun Kyai Kêrtasinga lajêng kakubur ing dhusun Sumawangi wau sarta dados pêpundhènipun tiyang Sumawangi sapriki, sabab sangêt wingitipun. Badhe kasambêtan.

Atmadipura, K 178.

--- 1598 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pahargyan ing O.S.V.I.A. Magêlang, Amèngêti Sampun Umur 50 Taun

Garèng : Lho, Truk, kok jêmbuwal wis bali maning, ulihmu lagi kapan, lan kaanane karamean ing Magêlang kêpriye, kowe apa sênêng...

Petruk : Yah, ana wong takon bae, têka kaya mêrcon rentengan, dhar, dhor, dhur, jêblis, apa dumèhane arêp taun baru Lônda kiye. Kenene iki rak banjur dadi bingung.

[Grafik]

Garèng : O, ya anèh nèk ditakoni mêngkono, jare pitakon rentengan, banjur dadi bingung, nanging nèk jagone kuruk,kluruk,. nganti pènsiun pisan, tur cêkine sanga brit labas, ya ora bingung, ning malah cikrak-cikrak. Ora, Truk, mara dongèngna nyang aku kaanane rame-rame ing pamulangan blêstir Magêlang anggone mèngêti umure wis sèkêt taun.

Petruk : Ya bêcik, Rèng, nanging sadurunge aku ngandharake pahargyan ing O.S.V.I.A. aku arêp nyaritakake dhisik apa sing wis tak alami ana ing Magêlang kono. Sanyatane, Kang Garèng, nalikane karamean durung diwiwiti, atiku mung tansah sêmang-sêmang bae, yèn ngrasakake apa sing wis disêbut ana ing ulêm-ulêmane tuwan dhirèktur ing O.S.V.I.A. awit ing ngisor dhewe ana tulisane sing kira-kira unine mêngkene: para tamu disuwun kanthi têmên-têmên, pangagêmane aja dhinês, mangkono uga pasuryane ya aja anggêtêm dhinês, ngêmungna sing sênêng-sênêng bae. Lho, panuwunan lan pangajabe tuwan dhirèktur kang mangkono mau, pancèn iya bêcik, nanging apa iya bisa kalakon.

Garèng : Wèh, hla kok dipadhakake karo sakolahan liya-liya bae, kaya ta: sakolahan calon opsihtêr (K.W.S.) pamulangan calon dhoktêr (S.T.O.V.I.A. utawa N.I.A.S.) nèk ing pamulangan-pamulangan kono, ana panjaluke dhirèktur kaya sing kok kandhakake ing ngarêp, têmtune iya bisa kalakon, awit dadine murid-murid ing sakolahan-sakolahan mau, anggêre ora diaturi kondur ing têngah dalan bae, iya mêsthi padha bae, yaiku dadi: opsihtêr utawa dhoktêr. Balik ing pamulangan plêdhing kuwi dadine para muride rak beda-beda, ana sing dadi bupati, patih, wadana, asistèn wadana lan sapêpadhane, malah ana sing dadi

--- 1599 ---

pokrul, ning ya dudu bambu, ana sing dadi opsir, opsihtêr, kêmis kantor, jurnalis, klèrêk, lan sapaiturute. Môngka nèk karêpe tulisan angelikake: aja manganggo dhinês, raine ya ora kêna dhinês barang kuwi, rak mung supaya para tilas murid utawa para murid ana ing karamean kono sing bisa sakêpenake bae, nèk cara Landane ya sing: pre. Hla apa bisa, wong bedane drajate bae wis sahohah têmênan, ora susah adoh-adoh, saiki bedane drajat utawa pamêtune bupati lan patih bae, kuwi bedane rak ya ora beda karo kênci lan kêrok, loro-lorone jênêng krêtu, nanging nèk dilabasi kênci, bayarane rak ya tikêl loro tinimbang nèk dilabasi mung kêrok bae, mêngkono uga bupati lan patih, bênêr loro-lorone jênêng priyayi blêstir, nanging kacèke rak iya sathekruk. Mulane upama aku dadi bupati nèk dikon têka anjênêngi karameane, têmtune ya rada dawa anggonku: mangke rumiyin, alias aras-arasên, saiki-saiki, biyèn-biyèn, sèh, bênêr biyèn kônca barêng-barêngan malumpat tembok, lan ambêdhah bêthèk, utawa sok rêbutan gêthuk cothot, nanging saiki aku bupati, sèh, nèk kowe dudu bupati, wajibmu ya nang ngisor wit sawo kana kae.

Petruk : Mula ya mangkono gagasanaku ing sakawit, nanging têkaning ênggon jêbul nyolong pêthèk têmênan salawase ana karamean mau, prasasat ora ana wong pangkat, ora ana wong blônja gêdhe kabèh-kabèh padha bae, sajake kala samono sêmbah dhodhok lagi padha digadhèkake kabèh. Jalaran saka prèning kêkumpulane siji lan sijine, sanadyan aku mung jurnalis ambêkokrok bae, ya banjur mèlu katut bae, ora rasa rumasa yèn pangkatku mung sanyumlik, rumasaku mung sênêng, awit kêtêmu karo tilas kônca-kônca sêkolah, wusana nganti prasasat mèh lali aku, yèn ing dunya kuwi kudu ana undhak-undhakaning drajat.

Garèng : Tujune, Truk, karamean ana ing Magêlang mung têlung dina, upama nganti ana sasasi mono, iku kalakon salawase kêndhilmu tansah mêngkurêp bae, awit pambêkanamu apês-apêse kaya wadana, nanging puluse tansah ngajak sêtakêng bae.

Petruk : Aja manèh sasasi Kang Garèng, oraa kocar-kacir, sêlagine têlung dina bae, upama aku ora tungkul dicangkingi karo tilas kancaku sêkolah, aku ya sida ma... wut.

Garèng : Lho, Truk, omongmu kiyi aku rada ora pati mangrêti, mêngko kowe gèk mung dadi gawene tilas kancamu sakolah mau.

Petruk : Mula ya mangkono, jalaran saka kancaku mau, lakuku mênyang Jawa Têngah sapisan kiye, pancèn iya irit bangêt.

Garèng : Sajake Petruk kiyi, nang kanane ana sing muwuhi sangune.

Petruk : Upama kok kandhakna mêngkono, ya ana bênêre, mara, pikirên, saka pondhokanaku nyang papan karamean balik-bolak, kuwi salawase aku tanpa ngrogoh sarini-rinia, nanging mung dicangkingi kancaku bae, tur ya ora [o...]

--- 1600 ---

[...ra] sondèl yèn nganggo bangsaning dhokar, salawase ya motor-motoran bae.

Garèng : Ning salase kuwi kowe rak iya ora owah imanmu, ta. Basa anu mêngko ngrumasani yèn dipayungi karo malaekat Jabarail.

Petruk : Pêngèstumu atiku ya ajêg bae. Bênêr aku sapisan rada nglakoni cumanthaka marang ingkang bupati utawa bandara Patih Magêlang, ning muga-muga iya diparingana sêmpora bae.

Garèng : Wiyah wong ngapura kok diêlih sêmpora, sêmpora kuwi rak bangsaning awug-awug. Ora Truk, atiku nganti mak tratab kaya wong kêtamuan dara bèi dhêrwardhêr, mara critakna nyang aku mungguh cumanthaka mau kêpriye.

Petruk : Ing ngarêp aku rak wis kôndha, yèn kalane ana karamean prasasat ora ana bedane priyayi luhur lan priyayi cilik, kabèh-kabèh prasasat padha bae. Kang mangkono mau aku mèlu katut, panganggêpe para luhur nyang aku, ora môntra-môntraa yèn aku kiyi wong êmbing kanane, apa manèh ingkang bupati lan bandara patih ing Magêlang, nganti krêsa angandika têmrèsèh bangêt karo aku. Saking têmrèsèhe, barêng ingkang bupati ngrêsakake motrèt aku kabèh kalane ing Barabudhur, aku kok banjur mak cêblung nyuwun supaya diparingi, mêngkono uga mênyang dara patih aku wani matur supaya disuwunake marang ingkang bupati. Panuwunaku mau ing saiki malah wis kalêksanan, satêkaku ing ngomah banjur ditungka olèh têmênan.

Garèng : We, hla kurang ajar, kuwi arane rak: diwènèhi brutu, ngroloh gêndhing sarongkonge pisan, nèk ora kabênêran suwe-suwe wani nyuwun tambahan sangu têmênan.

Petruk : Wiyah, kuwi arane rak wong saèn, kajaba saka kuwi aku tansah matur sèwu nuwun bangêt karo panjênêngane ingkang wadana ing Munthilan, radèn ayune pisan, dene salawase aku ana ing Magêlang tansah disênêng-sênêngake.

Garèng : Hla kuwi rêkasa Truk, wong digawe bêcik kuwi ya kudu malês bêcik, pêmalêsmu kêpriye saikine.

Petruk : Besuk bae aku yèn bisa nyang Magêlang arêp tak prêlokake sowan, prêlune supaya disêmbêlèhake pitik.

Garèng : We hla saya ora karuan, kuwi jênênge ora malês bêcik, malah arêp ngêlèti. Wis, wis, samene dhisik, liya dina dicaritakna sing nganti talêsih kaanane rame-rame ing Magêlang.

Wara-wara

Ngaturi uninga, wêdalipun Kajawèn ing dintên punika dipun kanthèni blangko pos wisêl, minôngka pamêthuking pambayaran rêginipun Kajawèn kwartal kapisan taun 1930. Namung tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar. Satampinipun bêlangko pos wisêl wau mugi kaparênga lajêng ngintunakên wangsul kanthi arta f 1,50.

Kêparênga migatosakên.

Adminstratie.

--- 1601 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat nalika mriksani pilêm Indhonesiah wontên ing nagari Walandi, rumaos kirang rêna ing panggalih, amargi ingkang kapitongtonakên ing ngriku ingkang kathah bab rêgêd, asor tuwin kabodhoanipun tiyang Indhonesiah. Ing bab kosok-wangsulipun babarpisan botên, ingkang dipun katingalakên: têtiyang Papuwah, têtiyang Dhayak ing parêdèn. Kathah têtiyang siti ingkang gêgombrolan pados dhukun. Mitongtonakên griya-griya ingkang botên sae, têtiyang adus ing lèpèn, nanging botên mitongtonakên griya-griya sakit, klinik, ingkang kêbêk dipun dhatêngi ing tiyang-tinag siti, nandhakakên bilih tiyang siti sampun agêng kapitadosanipun dhatêng caranipun panindaking kasarasan kilenan. Lan ugi botên dipun pitongtonakên panggêsanganipun tiyang siti ingkang sampun pangajaran, bale griya tuwin sanès-sanèsipun. Bilih bôngsa Walandi namung nyumêrêpi kawontênan ingkang kados makatên kemawon, tamtu gadhah panganggêp kawontênanipun tiyang Indhonesiah taksih asor.

Kapal Krakatau ingkang sawêg dhatêng ing Batawi saking Surabaya, lajêng bidhal dhatêng supitan Malakah, gêgayutan kalihan bab wontênipun candu pêtêng ingkang badhe kalêbêtakên ing Indhonesiah saking kapal Jêpan Thames Maru.

Ing Magêlang wontên siti longsor kalêrês ing wêwêngkon panggenanipun watêrlèdhêng gêmintê Magêlang, anjalari pakèwêding lampahipun toya. Ing bab punika burgêmintêr lajêng marak-marakakên, supados panganggening toya sami ingkang gêmi, lan malih sarèhning kakintên toya wau kêjogan toya sanès. Panganggenipun toya ombèn supados dipun godhog rumiyin.

Wontên pawartos, bilih pinuju môngsa jawah ing Sukabumi, asring kathah têtiyang ingkang kenging sêsakit tipês utawi sami sakit padharan, jalaran saking punika têtiyang ing ngriku kapurih sami suntik ing griya sakit kalayan lêlahanan.

Wontên pawartos, dhoktêr karaton ing Surakarta, Tuwan Prawirawinata, kinèndêlan kanthi urmat, amargi nyariyosakên bab pambobotipun Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Tuwan Suryapranata, ingkang dados panuntun golongan pagadhean, gadhah atur dhatêng parentah Sumatra pasisir kilèn, badhe dhatêng ing ngriku. Bab wau sampun angsal wangsulan, kaparêngakên, janji botên angginêm bab pêrgêrakan pulitik, lan manawi badhe pangkat, kêdah suka pawartos rumiyin.

Kawartosakên Koninklijk Bataviaasch Genootschap v.K.en. W. mêntas tampi barang têtilaran saking Tuwan E.W. van Orsoy de Flines ing Ungaran, awarni pot-pot Tionghwa kina, tuwin barang sanès-sanèsipun. Pot-pot ingkang kados makatên wau wontênipun ing moseum namung sakêdhik. Anggènipun marisakên barang-barang wau mawi kawrat ing sêrat notaris ing sadèrèngipun tilar donya.

Saking panêdhanipun têtiyang ing Acèh, sami ngaturi Ir. Sukarna supados rawuh ing Acèh. Makatên ugi tumrap ing Palembang tuwin Medhan.

Kawartosakên Tuwan Mr. Schrieke, dhirèktur justisi, ngaturakên usul dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados dhepartêmèn justisi kapindhah dhatêng Bandhung.

Wontên pawartos saking Têluk Bêtung, ing ngriku wontên gajah gêgrobolan adamêl rêsak babarpisan sabin gadhahanipun tiyang Jawi ing kolonisasi Gêdhong Tatakan cacah 40 bahu. Wit-witan sami dipun bêdholi. Bêstir ngintunakên pèl pulisi têtiga tuwin tiyang ing ngriku satunggal, sampun 4 dintên botên wangsul. Lajêng nusuli malih tiyang 150 dhatêng wana madosi tiyang ingkang ical wau, botên pinanggih. Gajah-gajah wau dèrèng têbih panggenanipun, tansah damêl karisakan margi-margi. Tuwan Barkmeyer, pangagêng kolonisasi nusul dhatêng wana kanthi tiyang kathah.

Ing Jawi Wetan mêntas kadhatêngan bôngsa Amerikah ahli, prêlu nyatakakên ing bab badhe lumêbêting padagangan wowohan ing Indhonesiah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4250 ing Kusumayudan f 3.- punika cêkap dumugi wulan Juni 1930.

Lêngganan nomêr 923 ing Jambu (Ambahrawa), wontênipun panjênêngan botên nate nampi blangko wisêl jalaran botên nate nunggak. Kawuningana f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal 2 taun 1930.

Lêngganan nomêr 3762 ing Surabaya. Kajawèn nomêr 5 sampun têlas. Manawi botên nampi Kajawèn sampun kadangon paring kabar.

Lêngganan nomêr 2891 ing Depan. Nglêbêtakên 5, kabayar ingkang 4, dados ingkang 1 gratis, lêbêtipun kêdah sarêng.

--- 1602 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

17.

[Mijil]

dyan winêling saliring rèh kardi / tingkahing kinongkon / mantri catur sandika lumèngsèr / nulya mêsat saking ngarsa aji / margi tan winarni / mangkana winuwus //

mantri kadwi kang ingutus dening / sang sri nara katong / wus cumundhuk munggwing ing ngarsane / Dyan Pragola gya nêmbah wotsari / sowan ulun kadwi / ingutus sang prabu //

rèh putranta sang sri narapati / lami tan tumonton / mring paduka dahat gêng kangêne / marma dadya paduka samangkin / karsaning sang aji / ingaturan rawuh //

mring Mataram sarênga lan mami / supadi sang katong / êntyarsèng tyas umiyat ramane / sang prakosa prawira ing jurit / dadya datan atis / galihnya sang prabu //

jêr winongwong mring lêluhur sami / saiyêg anggolong / amimbuhi santosèng prajane / kineringan parangmuka sami / nêngna sang dipati / angandika arum //

hèh ta duta bangêt bungah mami / de sang nara katong / darbe èngêt mring ragèngsun kiye / wong kang tiwas tuwas tanpa kardi / sor kêpati-pati / tan patut dinulu //

mundhak apa tiwas ngrêrêgêdi / ngrubêdi ing panon / karya kucêm mring panjênêngane / dadi asor jênênging narpati / kêni dèn arani / tuwa nora urus //

angrêrêpa wau mantri kalih / dhuh sampun salah ton / mring putranta sang iswara mangke / tuhu lamun tansah ngèpi-èpi / rawuh paduka ring / kadhaton Matarum //

yèn paduka tan arsa sumiwi / kawula kuwatos / ambok dados rêngating galihe / têmahane tuwuh sônggarunggi / dadi mahanani / tindak kang tan ayu //

lah punapa ingkang dèn ulati / sinantana katong / yêkti daya agêng kang tinampèn / sih tan pêgat kadi banyu mili / nyamadi mring dhiri / sihira sang prabu //

pae lamun kang tan narima ring / pasihaning katong / mung nuruti pangôngsa-angsane / nadyan katon lajêr narapati / tinon katon manis / sinamun pandulu //

nanging mêksa ing sajroning galih / pinrayitnan batos / jinaganan sasolah-tingkahe / lah punapa inggih ecanèki / mangkya sang dipati / jroning tyas abêndu //

netranyadik wijiling sabda ris / hèh ta duta katong / lah matura ing ngarsa sang rajèng / yèn wak ingsun tan bisa sumiwi / ujêr ngrumasani / papa dadya rikuh //

pae lawan bupati liyaning / sinihan sang katong / pinaringan wiyar jajahane / mêngku bumi anganan angering / paran ta marganing / tan sumiwèng prabu //

duta kalih matur ngarih-arih / lah ta sampun wangkot / mindhak dados dukaning pamase / tan wun praja Pasantênan mangkin / pinukul ing jurit / paran dadosipun //

sang dipati duka lir sinêbit / hèh ta sira mêngko / lah balia matura diage / lamun anak prabu dadya runtik / arsa mukul jurit / sakarsa sun turut //

nêngna mangkya duk myarsa kêkalih / utusaning katong / nyuwun pamit anulya lumèngsèr / tan cinatur wursitaning margi / mangkya sampun prapti / ing praja Matarum //

sri narendra gupuh animbali / kang saking kinongkon / gya andangu mantri dwi solahe / parêng mabyantarangabyantara. awotsari / lir konjêm ing siti / silanya mabukuh //

dyan umatur wau duta kalih / saliring lêlakon / purwa madya wasana tan kècèr / wus tinutur sadaya tan kari / mangkya narapati / jaja bang malatu //

sora nabda marang nindyamantri / lah budhalna gupoh / para wadyaningsun kabèh bae / Ki Tumênggung Wiraguna mangkin / kang dadi têtindhih / ing prang aywa mundur //

Durma

gêgaman prang aywa ana kang kuciwa / sun arsa nyarirani / Si Paman Pragola / sun cêkêle priyôngga / sandika rêkyana patih / tur sêmbah mentar / sing ngarsaning narpati //

saungkurnya kyana patih sri narendra / nulya angênyapuri / nêngna winursita / kya patih gya parentah / siyaga kaprabon jurit / mring sagung wadya / Wiraguna têtindhih //

enjangira nulya budhal para wadya / gumuruh ing samargi / kêndhang gong goraya / bêgor gurnitèng tawang / sêlomprèt bairing suling / gubar wurahan / kadya manêngkêr langit //

nora ketang kèhing badhama lan pêdhang / tumbak nanggala piling / parasu lan gada / kunta candrasa langkap / solah lir amisesani / satru rong yuta / brastha tan môngga pulih //

kadya gonjing orêg rug ingkang prabata / kambah gunging prajurit / dalêdêg daludag / yayah surêm hyang surya / karoban busanèng jurit / lir wana kobar / lêbu mêlêk nglimputi //

sining wana kidang-kidang kabarasat / lumayu ngungsi urip / myang wrêksa kaprapal / sêmpal rêbah sulayah / kambah lakuning prajurit / kadya tinata / jinajar ting gulinting //

kayu-kayu pinggiring cêcuri parang / sol tibèng jurang trêbis / sela-sela gêmpal / sardula lan andaka / kang munggwing madyèng wanadri / mlayu sar-saran / tan ana tolih wuri //

kawarnaa untaping para tamtama / golonging kang lumaris / lir robing samodra / gêgulung angalerab / nêngna Pasantênan mangkin / kang winursita / saunduring mantri dwi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---