Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-21, #327

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-21, #327. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-21, #327. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 09-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 102, 19 Rêjêb Taun Ehe 1860, 21 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Konggrès JAVA-INSTITUUT

Programah konggrès mèngêti adêgipun JAVA-INSTITUUT sampun sadasa taun, dhawah ing tanggal 27 dumugi 29 Dhesèmbêr 1929, manggèn ing Kapatihan Mangkunagaran, Surakarta.

Jumuwah tanggal 27 Dhesèmbêr 1929. Jam 9 dalu, kalêmpakan rawuhipun para tamu, wontên ing Kusumayudan, Surakarta. Prêlu têtêpangan, pangarsaning komite, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda mêdhar sabda: atur rêmbag. Jam 9.30 mênit, lêlangên wirèng Srikandhi Larasati tuwin jogèd Kalana, paringan saking Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.

Sabtu tanggal 28 Dhesèmbêr 1929. Jam 9 enjing, bikaking konggrès, wontên ing Kapatihan Mangkunagaran, Surakarta. Ingkang mêdhar sabda pangarsa Java-Instituut Prof. Dr. Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Jam 9.30 mênit, dumugi jam 1 ngrêmbag kanthi dhebat, ing bab kasusastran wetanan, tumrap pamulangan luhur. Ingkang badhe sêsorah: Dr. G.W.J. Drewes, Dr. S.J. Esser, Radèn Adipati Arya Suyana, Tuwan L. van Rijckevorsel (Bahrawa) tuwin Mr. Adi. Jam 5 sontên, dumugi jam 7 sontên dhatêng museum ing ngriku mitongtonakên barang mas salaka ingkang gagrag kina utawi gagrag sapunika. Ngunjuk wedang tèh wontên Sriwadari mawi lêlangên Jawi. Jam 7.30 mênit, dumugi jam 8.30 mênit, sêsorah bab: siti dalah têtiyangipun ing Bali mawi gambar, dening Cokordhê Gêdhe Rakê Sukawati, wontên ing Sriwadari (margi dhatêng Purwasari). Jam 10 klênengan wontên Kapatihan Mangkunagaran, sumbangan saking Javaansche kunstkring Mardi Laras ing Surakarta.

Ngahad 29 Dhesèmbêr 1929. Jam 7.30 mênit dumgi jam 9 enjing, sowan dhatêng karaton.[1] Jam 9.30 mênit nglajêngakên rêmbag bab kasusastran wetanan, tumrap pamulangan luhur, tuwin sêsorah: wigatosing panitipriksa bab kagunan tuwin kawêkêlan dening Ir Thomas Karsten. Panutuping konggrès wontên ing Kapatihan Mangkunagaran. Jam 9 dalu ringgitan lampahan Rama Duta, wontên Pura Mangkunagaran, saking kamirahan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.[2]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1603] ---

Ăngka 102, 19 Rêjêb Taun Ehe 1860, 21 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan saking gêgana

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan têlênging kitha dagang ing Batawi ing Kalibêsar, dipun sawang saking gêgana.

--- 1604 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 101.

Ananging manawi dhoktêr ingkang anjampèni utawi ingkang sakit ngêntosi karampungan papriksan microscoop wau, kasêlak kasèp, mila manawi sampun katawis sakêdhik kemawon wontên diphtherie membraan ing lak-lakan, ingkang sakit enggal kasuntika serum diphtherie 10 cc. Bayi manut umur wulanan, upami umur 2 wulan, 2 cc. 4 wulan 4 cc. Salajêngipun. Upami karampungan papriksan microscoop negatief têgêsipun botên pinanggih basilipun diphtherie, dados sanès sêsakit diphtherie punika botên dados damêl.

Jampi sêrum diphtherie punika sagêd pikantuk tumbas dhatêng Instituut Pasteur ing Bandhung, mustajab sangêt. Kajawi dipun suntikakên dados jampi, ugi kenging sasuntikakên ing tiyang saras, badan sagêd kalis dening sêsakit wau (prophylactisch) kadosdene suntikan cacar, typhus lan sananès-sanèsipun,[3] mirsanana ing bab sêsakit cacar, typhus lan panulakipun.

Panjaginipun sêsakit diphtherie punika:

Ingkang sakit lan ingkang jagi mulasara enggal kapisah (isoleeren), rêrêgêdipun ing lak-lakan ingkang sakit kapêndhêta. Kapriksakna ing Laboratorium (bacteriologisch onderzoek).

Botên kenging ingkang sakit kêmpal kalihan sanak sadhèrèk ingkang nunggil sagriya manawi dèrèng ical diphtherie membraan-nipun salêbêtipun 8 dintên. Sasampunipun kalampahan saras 8 dintên lare ingkang sêkolah kenging mlêbêt pamulangan malih.

Ing griya ingkang wontên sêsakit diphtherie kêdah katutup utawi katêngêrana supados tiyang sanès ngrêtos yèn ing ngriku wontên sêsakit nular, sampun ngantos tiyang sanès sêsrawungan.

Kajawi ingkang sakit kasuntik serum tiyang sagriya prayogi dipun suntik ugi. Jampi kangge gorokan ingkang sakit kakêmonana waterstofperoxiyd 2% oplossing.

Tuladha.

Ing wulan Agustus 1929 kula dipun undang tuwan administratur kabudidayan, pinuju têtirah ing rêdi (pasanggrahan) prêlu kapurih anjampèni anakipun bayi ingkang sakit bêntèr malariah. Sanès dintên kula kapurih malih mriksa anakipun ingkang sakit wau, amargi bêntèipun kumat malih, dipun jampèni puyêr malariah botên wontên tumanjanipun, sadintên sadalu bêntèr têrus. Rèhning ibunipun sampun saminggu kapêngkêr kenging sêsakit diphtherie sampun saras, lak-lakanipun bayi kapriksa katingal yêktos wontên pêthak êmblèg-êmblègan (diphtherie membraan), sanalika bayi kula suntik 5 cc serum, dalu bayi sampun sagêd tilêm sakeca, enjingipun bêntèr ical saras. (Badhe kasambêtan)

--- 1605 ---

Pambikakipun Griya Sakit Enggal ing Bogor

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat pawartos ing bab pambikakipun griya sakit ing Bogor. Ing nginggil punika gambaripun nalika ingkang bupati ing Bogor nuju mêdhar sabda. Ingkang lênggah ngajêngakên meja Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Kajawèn Adèn Nomêr Jawi Wetan

Ngaturi uninga dhatêng para maos, sarèhning benjing dintên Rêbo tanggal kaping 25 Dhesèmbêr ngajêng punika kalêrês dintên liburan, Kajawèn botên kawêdalakên, nanging wêdalipun Kajawèn ing dintên Sêtu tanggal 28 kawêdalakên rangkêp cacah 40 kaca, kadamêl adèn, dipun namakakên: nomêr Jawi Wetan. Mênggah isinipun Kajawèn nomêr Jawi Wetan wau ngêwrat ing bab kawigatosanipun tanah Jawi Wetan, sami asli saking karanganipun para linangkung, kados ta: Paduka Gupêrnur Hardeman, Dr. Sutama, Dr. Pigeaud, Dr. Crucq, Dr. Susila, Nyonyah Sudirman, Tuwan Lie Ping An tuwin sanès-sanèsipun malih, mawi rinêngga ing gambar sakalangkung kathah, sae-sae. Bab isining Kajawèn adèn wau botên prêlu kula pratelakakên ing ngriki panjang-panjang, mindhak andadosakên kirang sarantosing panggalihanipun para maos.

Kajawi punika, tumrap para lêngganan enggal, inggih punika lêngganan wiwit Januari 1830, ugi sagêd tampi Kajawèn nomêr Jawi Wetan wau. Nanging samantên wau manawi dèrèng têlas. Ewadene pangêcapipun inggih badhe dipun kathahi.

Sumăngga tumuntêna lêngganan. Wêlingan ingkang botên dipun kanthèni arta, botên katampèn. Bale Pustaka.

--- 1606 ---

Bab Têtanêman

Manggis

Manggis punika kalêbêt bangsaning wowohan ingkang èdi, kathah tiyang ingkang doyan, awit raosipun lêgi tur sêgêr. Kangge padagangan katingal madolakên. Nanging tumraping padunungan kula kapetang taksih awis rêrêgènipun. Ingkang agêngipun satigan kambangan kemawon trêkadhang rêgi 2 dumugi 4 sèn satunggal iji. Langkung malih ingkang agêng, sampun tamtu saya mindhak-mindhak. Wontênipun makatên, awit ing tanah ngriku wau kenging kawastanan lăngka wontên tiyang nanêm manggis, saya malih yèn ingkang gêgriya kalêbêt golonganing kaum mudha, sajakipun pancèn botên migatosakên sangêt dhatêng tanêman wit manggis, kabêkta saking danguning umur-umuranipun, tur botên kenging kacangkok, dados botên patos talatos, amargi dangu awohipun.

[Grafik]

Woh manggis.

Manawi ing salah satunggaling pakawisan wontên tanêmanipun manggis, punika kenging katamtokakên bilih tanêman wau têtilaraning tiyang sêpuh lêluhuripun, kados ta: bapa, êmbah salajêngipun. Dados sapunika anak putu kantun manggih ecanipun ngundhuhi woh manggis sarta angraosakên, katăndha wit-witanipun sampun agêng.

Pramila supados ing wingking tansah tumaruntun, kados kalampahan kita ing sapunika kalihan êmbah wau, prayogi sampun ngantos wêgah adamêl têtilaran. Ingkang kathah gagasanipun tiyang anèm makatên: prêlu apa nandur manggis, wong ora kêna dicangkok, kudu nandur wiji, dadi suwe awohe, bokmanawa umur kasêlak ora nututi, mulane bêcik nandur liyane bae, kang sakira enggal kêna dialap uwohe, dadi aku nuli bisa ngrasakake...

Ingkang makatên punika inggih wontên lêrêsipun, nanging têka èpèh sangêt, dene anak putu ing têmbe wingking botên dipun êdumi ecanipun, pramila ing ngriki kados botên wontên awonipun upami kula têrangakên sawatawis, kadospundi pananêmipun manggis, murih dados pamunguning panggalih purun nanêm manggis, kenginga kadamêt têtilaran.

Pancèn awis sangêt pang manggis dipun cangkok sagêd dados, sanajan sagêda ngoyot, dipun [dipu...]

--- 1607 ---

[...n] cèblêkakên inggih botên mêsthi gêsang, mila inggih prayogi andhêdhêr kemawon rumiyin, wontên ing ngêpot utawi ing papan pangipukan, nanging wiji manggis botên kenging dipun êpe, awit manawi ing nglêbêt ngantos garing sampun tamtu botên sagêd thukul. Yèn gêsangipun wontên ing papan pandhêdhêran kintên-kintên sampun sakilan inggilipun, punika kenging kaputêr, katanêma ing pakawisan, awisipun watawis 8 mètêr. Inggih kêdah dipun rimat kanthi sabar, sampun ngantos kêmba, bokmanawi botên ngantos sadasa taun jangji pangrimatipun sae, tanêman wau sampun ngêdalakên sêkar, lajêng woh. Wiwitan wohipun inggih sakêdhik sangêt, tur pating parênca, sami mêdal ing pucuking êpang, saya dangu saya gêmbêl, lah punika tăndha badhe malês kasaenan.

Woh manggis punika yèn taksih nèm warninipun jêne pêthak, yèn sampun sêpuh abrit sêpuh sêmu wungu. Kulitipun kandêl, manawi kathah kenging kadamêl cèt. Malah kadhangkala sok kadamêl momoraning nyoga. Ing salêbêting kulit wontên dagingipun pêthak, trapipun sêsiyungan kados dhuku, kathah kêdhiking cacahipun siyungan wau sami kalihan cacahing pucukipun, ingkang limrah isi 4 dumugi 8 siyung. Mila manggis punika kenging kadamêl cangkriman, patrapipun kêdah kapagas pucukipun, lajêng kapurih ambadhe, pintên cacahing siyungan.

Mênggah sêkar manggis limrahipun mêdal nuju ing wulan Agustus, dene wohipun wontên ing wulan Nopèmbêr dumugi wulan Marêt. Sataun namung awoh sapisan, awit saking punika andadosakên awising rêrêgènipun wau.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

[Grafik]

Kacariyos sampun 1900 taun kapêngkêr, Prabu Caligula kagungan baita karajan kèrêm wontên ing talaga Nemi. Ing sapunika saking kaparêngipun Sang Mussolini talaga wau dipun sat, pinanggih wontên rêrêngganing kapal ingkang taksih wêtah, kados ing gambar.

--- 1608 ---

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Somawangi ing Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Mandiraja Dhistrik Purwarêja, Kabupatèn Banyumas Sababipun Wingit Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun Ngantos Sapunika.

(Candhakipun Kajawèn ăngka 101)

Nalika karaton Mataram karisak dening Radèn Trunajaya, Kangjêng Sinuhun Mangkurat ing Mataram kèngsêr tindak dhatêng Banyumas, badhe lajêng dhatêng Têgal, lajêng surut wontên ing Ajibarang, sapunika dhistrik Ajibarang wêwêngkon kabupatèn Purwakêrta, layon kasarèkakên ing Têgalarum, wêwêngkon kabupatèn Têgal.

Putra nata ingkang sêpuh piyambak jumênêng pangeran adipati anom, kondur dhatêng Banyumas lajêng jumênêng nata wontên kabupatèn Banyumas ngagêm asma Kangjêng Sunan Amangkurat. Wêkdal punika kabupatèn wontên ing dhusun Karangkamal, sawetanipun lèpèn Banyumas.

Kangjêng sunan punika badhe kondur dhatêng Mataram miyos mangetan mêdal dhistrik Purwarêja, Mêrdèn. Sarêng tindak dalêm dumugi radinan wêngkon dhusun Sumawangi, antawisipun Purwarêja lan Mêrdèn, kangjêng sunan dhawah saking titihan.

Ing Mêrdèn wau wontên bupati ingkang apangkat ngabèi, ingkang sapunika nama nagari Purbalingga. Kangjêng sunan ngandika dhatêng Ki Ngabèi Mêrdèn, nalika dumugi dhusun Sumawangi dhawah saking titihan. Ki Ngabèi Mêrdèn matur: punika dhusun wingit, sabab pikantuk sabdanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram, sapriki dhusun wau kasuwur wingitipun.

Nalika bupati Banyumas asma Radèn Tumênggung Yudanagara I, ingkang mindhah kabupatèn dhatêng kabupatèn sapunika, wontên cariyosipun makatên:

Radèn Tumênggung Yudanagara I, punika kagungan pandhapi kabupatèn ingkang kaparingan nama pandhapi si panji, kasuwur saenipun. Satunggaling wêkdal pandhapi wau miring, sabab sakagurunipun salah satunggal amblês ing siti. Sampun kaangkat wongsal-wangsul dening tiyang kathah botên sagêd kangkat.

Radèn Tumênggung Yudanagara wau lajêng mundhut tulung dhatêng satunggaling tiyang tapa nama Kyai Wirasuta ing dhusun Somawangi, inggih punika putunipun Kyai Kêrtasinga ingkang kasêbut ngajêng.

Kyai Wirasuta lajêng ngaturakên anakipun jalêr nama Jiwaklana lan kalih muridipun nama Kêbo Gêmulung, sarta sampun kawulang patrapipun angangkat saka ingkang amblês wau.

Sadhatêngipun ing Banyumas, ing kabupatèn sampun [sa...]

--- 1609 ---

[...mpun] kêmpal para priyantu thah[4] sarta tiyang-tiyang ingkang badhe ningali akalihan santri kalih wau anglêrêsakên sakanipun pandhapi si panji wau.

Wêkasanipun Jiwaklana lan Kêbo Gêmulung sagêd angangkat sakaguru ingkang amblês wau tanpa pitulunganipun tiyang sanès, andadosakên gumunipun sadaya tiyang ingkang ningali, saka wau sampun wangsul lêrês kados ingkang wau. Radèn Tumênggung Yudanagara sênêng sangêt sarta paring pratandhaning karênan dhatêng santri kêkalih wau.

Wêkdal punika kacariyos wontên salah satunggaling priyantun punggawa kabupatèn ingkang bêntèr manahipun, gadhah aji plengketan ingkang lajêng kawatak dumunung dhatêng santri kêkalih wau, supados kawirangana. Sarêng Jiwaklana sarta Kêbo Gumulung badhe mênyat saking gêlaran ingkang dipun tindhihi, gêlaran kalèt kalihan sinjangipun santri kalih wau, andadosakên gujêngipun tiyang kathah ingkang sami ningali. Dene Jiwaklana sarta Kêbo Gêmulung isin sangêt rumaos kadamêl gêgujêngan. Nanging bawanipun santri linangkung, botên kewran manahipun, sakala nyipta icaling beka sambekala. Lajêng sinjangipun sagêd ucul saking lengketan gêlaran, andadosakên gumunipun ingkang para ningali sarta angalêmbana alusing bêbudènipun santri kêkalih.

Sarêng Jiwaklana sarta Kêbo Gêmulung dumugi ing dhusun Sumawangi lajêng sowan Kyai Wirasuta ngaturakên sadaya ingkang sampun kalampahan nalika wontên kabupatèn Banyumas. Pangandikanipun: priyayi Banyumas iku atine jail, ora kêna digawe bêcik, wis ditulung banjur malês gawe wirang, dadi wêlingku saiki bangsane priyayi Banyumas ora kêna têka ing wêwêngkone desa Sumawangi iki, manawa duwe kalungguhan dadia cilaka lèrèn saka kalungguhane, utawa mati, manawa kang durung kalungguhan, apa karêpe aja ana kang kalêksanan.

Dumugi sapriki dhusun Sumawangi punika botên kenging kalêbêtan priyantun. Sanajan ingkang ambawahakên pisan botên purun nêrak malêbêt dhusun wau, sabab sampun kalampahan wontên satunggaling wadana Purwarêja nêrak malêbêt ing dhusun wau, sawangsulipun ing kawêdanan dados sakit sarta lajêng tilar donya. Lajêng asistèn wadana Mandiraja ingkang botên pitados dhatêng cariyos kawingitan punika, badhe malêbêt dhatêng dhusun wau, dilalah sawêg malêbêt wêwêngkoning dhusun, bèndinipun malêbêt ing wangan pinggir radinan, lajêng dhawah andadosakên sakit sarta dados jalaran tilaripun. Kajawi punika taksih kathah cariyosipun para priyantun ingkang tiwas sabab nêrak wêwalêr punika.

Cariyos punika ingkang ngaturi tiyang nama Kaji Asnawi tiyang asli saking dhusun Sumawangi.

Atmadipura. K 178

--- 1610 ---

Jagading Wanita

Kabingahaning Biyung

Tumraping tiyang sêpuh, saya malih biyung, punika mênggahing kasênênganipun botên kados manawi anakipun manggih kamulyan. Sampun malih ingkang nama kamulyan, sawêg anak sagêd mindhak kasagêdanipun kemawon, manahipun sampun agêng kados rêdi. Dados têtela, bilih kamulyaning anak punika sagêd nênarik damêl kasênênganing biyung.

[Grafik]

Salugunipun lêlampahan ingkang kados makatên punika tumrapipun ing jaman sapunika sampun kêrêp pinanggih wontên ing para ibu ingkang mêningi dhumawah ing kamulyanipun anak, wontên ingkang pinanggih jalaran saking manggih kaluhuran, manggih kawibawan, manggih kamisuwuran, dene gampilanipun, pinanggihipun sadaya wau saking wohing pasinaon, pundi ingkang sagêd mêdal saking perangan ingkang luhur, upaminipun pun biyung kados manggih woh ingkang miraos piyambak. Lêlampahan ingkang kados makatên punika tansah dados idham-idhaman utawi pêpenginaning para ibu.

Ing sisih punika ngêwrat gambar ingkang mujudakên kalêganing biyung nalika kapanggih kalihan anak ingkang manggih kamisuwuraning nama, inggih punika Tuwan A. Fokker, juru damêl mêsin mabur, nalika têtuwi dhatêng ing nagari wutah rahipun kalihan numpak mêsin mabur yasanipun piyambak. Gapyukaning biyung dhatêng anak kados ing gambar punika, tamtu araos sêdhêp têrus ing manah, raosing manahipun biyung ingkang kados makatên wau, bokmanawi botên beda kados raosing manahipun tiyang sêpuh manawi anakipun lulus saking pamulangan.

--- 1611 ---

Raos Jawi

Bêbudèn Wêlas Asih

Bêbudèn wêlas asih punika adamêl trênyuhing manahipun tiyang miskin, saha adamêl balabaning tiyang sugih.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika kêpara nyata. Manawi kita sampun kadunungan bêbudèn wêlas asih botên mawang băngsa, utawi kewan punika kemawon, kita inggih badhe angsal piwalês sih saking sadaya ingkang kula sihi wau. Tiyang ingkang sampun samantên luhuring bêbudènipun, sok tiyanga masthi badhe gadhah sih dhatêng piyambakipun. Tiyang sugih masthi purun dêrma dhatêng piyambakipun bilih pinuju karibêdan. Tiyang ingkang miskin, manawi angsal pêparing saking tiyang ingkang ambêg wêlas asih wau, sakala trênyuh manahipun, lajêng rumaos kamiskinanipun. Satêmah asung pêpuji sae dhatêng tiyang wau kabêkta kataman ing daya sih. Makatên ugi tiyang sugih, tumut kapandukan ing sihipun tiyang wau, wasana inggih mangsulakên daya sih tumuju ing tiyang wau. Kadidene kumandhanging swara kita manawi kita nywara sora wontên ing pasabinan utawi ara-ara, guwa sangandhaping krêtêg sapanunggilanipun, suwara kula ingkang kula wêdalakên wau wangsul malih, lah makatên upamining ilinipun daya sih ingkang kasêbar sok tiyanga. Wêkasanipun masthi wangsul malih pundi pinangkanipun. Dados kita manawi asih dhatêng sok tiyanga, masthi kula tampi sihing sok tiyanga.

Ananging kok inggih awis tiyang ingkang sagêd anglampahi bêbudèn wau. Malah kosokwangsulipun punika ingkang tumindak.

Tiyang ingkang sampun gadhah bêbudèn wêlas asih botên mrêduli badanipun piyambak, milalah badanipun piyambak manggih sangsara. Sangsaraning badanipun piyambak kasandhang kalihan bingahing manah, botên gadhah ngrêsula tuwin kêduwung. Inggih makatên punika ingkang sampun dumugi drajating kautaman, ngungkuli kasaenan lan wajib.

Tumraping tiyang ingkang taksih kagubêl ing angkara murka, saèstu rêkaos sagêdipun tumindak ngangge bêbudèn wêlas asih. Jalaran gagasanipun: lah apa ta paedahe tulung ing liyan, samăngsa awake dhewe durung kacukupan butuhe.

Anggagas ingkang makatên punika kasinggihan sangêt, wajibing têtulung manawi badanipun sampun kacêkapan, nanging kawuningana, para angkara murka botên badhe angsal pamarêm, dados tangèh lamun sagêdipun kacêkapan bêtahipun, jèr wontên kemawon ingkang dipun pengini. Lah manawi tansah makatên kemawon tumindakipun, gèk benjing punapa sagêdipun tumindak utami.

Cêkaking atur kula, sintên ingkang sumêdya anggayuh kautamèn, sinartanana ing wêlas asih.

Wasana namung sumăngga.

Rara Mulyati. Pêndhêm Mêjaba, Kudus

--- 1612 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pahargyan ing O.S.V.I.A. Magêlang, Amèngêti Sampun Umur 50 Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 101.

Garèng : Truk, Truk, lagi anu kowe wis ngandharake wawasanamu mungguhing karamean pamulangan plêdhing sêkul ing Magêlang, yaiku ing bab patêmone tilas-tilas murid, apadene para murid, nganti kowe ora anduwèni pangrasa, yèn ing dănya kala samono ana: bupati, wêdana, asistèn wadana, opsir, pokrul, kêmis, jurnalis cecrekan lan sapadhane. Awit kabèh mau kala kuwi sajake padha ngrumasani tilas kănca sêkolah. Kang mangkono mau sanyatane andadèkake gumuning atiku kang tanpa upama, awit pagawean bupati, wadana lan sapiturute, kuwi beda bangêt karo pangkat klèrêk upamane, lumrahe anggone dadi klèrêk kuwi ya mung wiwit jam 7 têkan jam 2, balik pangkat bupati, wadana lan sapiturute, wiwit wungu sare ya wis: hêk hêm, aku bupati, lagi siram, ya: kêcipak-kêcipik, aku bupati, dhahar sarapan ya: aku bupati, apa manèh miyos nyang pandhapa uyawa nyang kantoran: aku bupati bangêt, dalasan lagi têngah-têngah sare, pangandikane ya: aku bupati. Mêngkono uga bangsane wêdana, malah aku kêrêp mênangi wêdana, nèk têtêpungan karo wong liya, ngandikakake nyang sarirane dhewe: kula wêdana kitha. Lho sajake salawase ana dănya iki, panjênêngane ya dadi wadana kutha, ora ngemuti yèn pangkate mau mung digadhuhake bae, lan ana kalamangsane pangkate mau dipundhut bali dening ingkang kuwasa, mulane aku ya tansah ngungun, dene wêktu rame-rame mau padha sagêd nyupèkake pangkate piyambak-piyambak. Jalaran saka iku, aku banjur saya kêpengin krungu anane karamean, mara caritakna sing nganti urut.

[Grafik]

Petruk : Ya bêcik rungokna. Miturut programah kang disêbar nyang ngêndi-êndi, dina Sênèn malêm Slasa, tanggal 9/10 jam 7 têkan jam 9 tilas murid lan murid padha kumpul ana ing kabupatèn. Ing sarèhning aku rumasa dudu wong pangkat, anggonku manganggo tak gawe èksêtrah brêgas, klambine ya milih opyas, thik nganggo dhas

--- 1613 ---

ning ora nyangking tas, rumasaku kala samono ya pancèn canthas, ewadene barêng têkan ing pakarangan kabupatèn atiku bok[5] rada uwas, mulane sing dak jujug dhisik ing kantoran, ngingak-nginguki nèk-nèke ana kănca lawas, sing kêna dijak bêbarêngan munggah ing pandhapa.

Garèng : Kapak-kapakna ya wong Si Petruk, sanadyana wis kulina omah-omah ana ing kutha gêdhe, ewasamono mêksa durung uwal-uwal karo dèn baguse clingus, upama kala samono ora kêtêmu karo kancane lawas, kiraku ya banjur têrus ngêndhuk ana ing kantoran bae.

Petruk : Lha kuwi nèk wong ora duwe agama, ya banjur ngarani yèn calingus bae. Kuwi ora kêna diarani clingus, nanging nyingkiri aja nganti ana wong liya kêdosan. Ing ngarêp aku rak wis ngomong, yèn kala samono anggonku manganggo èksêtrah brêgas têmênan. Nèk aku banjur drojog-drojog munggah pandhapa bae, kuwatir yèn para priyayi sing wis ana ing kono, padha kurmat mêthukake, wusanane nèk nguningani yèn mung jênêng ingsun bae, nèk-nèke banjur padha misuhi: yak, sambêr gêlap ping sanga likur dhur-dhuran, jêbul kok mung Si Petruk bae. Hara apa priyayi mau ora banjur kêdosan, awit mêmisuhi wong sing ora dosa.

Garèng : Wayah, anggêpmu anggonmu dandan kuwi apa ngêplêki bêndara paeran, kathik kuwatir nèk diurmati para priyayi liyane, paribasane rak ana: sanadyan nganggoa ali-ali êmas pisan, nèk kunyuk iya isih kunyuk bae. Wis-wis, banjurna critamu.

Petruk : Kira-kira jam 7 ing pandhapa kabupatèn wis kêbak priyayi kakung putri lan para Walănda utawa Tiongwha sawatara. Kajaba ingkang bupati ing Magêlang, sing padha anjênêngi ing kono, para bupati ing: Wanasaba, Banyumas, Têmanggung, Bantul, Tulungagung lan isih ana manèh liyane. Para murid kompêlit, para tilas murid sing padha mrêlokake rawuh, kala samono ana têlungatusan, pangkate ana ing donya kene rupa-rupa, kajaba sing wis jumênêng bupati, kaya sing tak kandhakake ing ngarêp, ana sing dadi: siwa patih, ning dudu: marma sun timbali, ana sing dadi dara dana, dara sistèn, dèn bèi mantri plisi, ana sing dadi adpokat alias pokrul, ning dudu bambu, ana sing dadi prajurit, dudu pangkat sêpandri, ning kaptin, lho, ana sing dadi dhoktêr kewan, iki pagaweane ora mung anggêbiri bae, ning ya bisa nambani kewan lara barang. Mêngkono uga ya ana sing dadi komis, klèrêk, malah sanadyan gombal-gombal ya ana sing pangkat rêdhaktur.

Garèng : Wadhuh, Truk, upama aku mèlua têka, anane pangkat sadănya kêkukub kabèh, awit sanadyan cilik-cilik, pangkatku ki rada pêpak: ya: dhukun pijêt, bakul sate, bakul tahu, ba...

Petruk : Wis, wis, kok banjur anggêdrabul mêngkono. Ing pandhapa kono kala samono disêngaja ora disadhiyani palênggahan, awit dikuwatirake yèn kabèh banjur mung padha lênggah bae, sababe wis jamak lumrah, bokong Jawa [Ja...]

--- 1614 ---

[...wa] kuwi nèk wis mambu kursi sok tèmplèk bae, sajake kaya dilim kae, ing măngka krêsaning komite sing ngadani anane karamean mau, supaya para tilas murid padhaa têtêpungan karo tilas murid utawa murid sing durung ditêpungi, lan padhaa nêmoni kănca-kancane biyèn. Krêsaning komite mau iya kalêksanan têmênan, nalika kuwi iya ora ana siji-sijia sing ngundhêr ing sapanggonan bae, nanging tansah padha mondar-mandir anggolèki kănca lawas, utawa têtêpungan anyar. Wah, Rèng, ramene ing wêktu kuwi ngungkul-ungkuli wong... trawèh.

Garèng : We, lha, kala samono ya mêsakake pandhapa kabupatèn, prasasat dipadhakake kamar bolah bae. Apa para luhur-luhur sing anjênêngi ana ing kono, ora padha prindang-prinding mriksani sêmut irêng padha pating grijag mêngkono kuwi.

Petruk : Ora babar pisan, Rèng, kabèh padha ngatingalake anggone padha rêna ing panggalihe, malah ingkang bupati ing Magêlang ora ana kèndêle tansah gênti-gênti anggone ngandikan karo para sing ana ing kono, mêngkono uga ingkang bupati ing Wanasaba tansah katon sumèh ing pangandika, lan krêsa gêgujêngan karo para priyayi cilik-cilik, anandhakake ingkang bupati sakalihan mau padha sagêd ambedakake pasrawungan dhinês lan partikêlir. Dilalah kok ana kabar ingkang bupati ing Wanasaba mau, nampi ganjaran sêsêbutan adipati, mulane saiki aku ya mèlu bungah bagêt sarta andhèrèk suka sukur, kanthi pamuji muga-muga lulusa anggone angayomi kabupatèn Wanasaba.

Garèng : Amin. Wong lagi nyaritakake karamean ana ing kabupatèn, kok banjur andonga kasah mêngkono. Wis ta, tumuli banjurna caritamu.

Petruk : Kira-kira jam 8 ana wong sawatara padha manganggo irêng-irêngan kanthi dikêpalani tuwan sêkul opsinêr Magêlang padha manêmbrama, maksude panêmbra[6] mau ngaturi sugêng marang priyayi-priyayi tilas murid plêdhing sing mrêlokake anjênêngi karamean mau. Sauwise tilas murid sing sêpuh dhewe diaturi jumênêng ana ing têngahing pandhapa, sabanjure kabèh tilas murid lan para murid kudu atur urmat marang sing sêpuh dhewe mau. Anggone nyêdhak tut siji, sawênèh anggone marani mau kanthi ambêksa nyara kêthoprak.

Garèng : Wah, upama aku anaa kono panjogètku sida ajêntrik-jêntrik ngêthèk oglèng têmenan. Sauwise banjur kêpriye.

Petruk : Wis, wis, cêkake rame bangêt, tilas murid sing sêpuh dhewe mau nganggo diarak barang, ning ya mung ana ing pandhapa kabupatèn bae. Jam 9 para tamu padha bubar kabèh. Liya dina tak caritani karamean ing dina candhake.

--- 1615 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing palapuran sêsakit pès saminggu sapisan ing Tasikmalaya mratelakakên, bilih wiwit tanggal 2 dumugi 9 Dhesèmbêr cacahing tiyang ingkang katrajang sêsakit pès wontên 38 sami tiwas, sadaya pès wudun.

Gêgayutan kalihan bab awisipun têdha ing Jawi Wetan, kathah sangêt têtiyang ingkang malêbêt kuli kontrak. Ing wulan Oktobêr tuwin Nopèmbêr kêpêngkêr, cacahipun kuli ingkang kabidhalakên dhatêng tanah sabrang, ingkang kathah dhatêng Dhèli, mêdal Surabaya wontên 3200 tuwin 3600. Kajawi punika ingkang mêdal Sêmarang ugi kathah. Ing Dhèli sapunika taksih kêkirangan kuli 50 utawi 60 èwu.

Pakêmpalan S.P.I. (Sarekat Pandoe Indonesia) mêntas amèngêti adêging pakêmpalan sampun 1 taun, mawi ngawontênakên pahargyan, manggèn ing gêdhong Permoefakatan Indonesia ing gang Kênari Wèltêprèdhên.

Kawartosakên, ing Makasar tuwuh sêsakit pès.

Kawartosakên kawontênanipun sawarnining lampah among dagang ing Bandhung katingal mundur, beda sangêt kalihan kala ing taun 1928. Manawi mirid kawontênan ingkang kados makatên wau ing Bandhung kathah tiyang ingkang kêkirangan. Nanging manawi mirid majênging sawarnining têtingalan, kados ta bioskup tuwin sanès-sanèsipun, malah katingal majêng, punika andadosakên titikan, bilih ing Bandhung punika dununging kasênêngan.

Wontên pawartos, dhirèktur pakaryan praja badhe ngêdalakên sêrat wara-wara, angawisi punggawa S.S. tuwin pos malêbêt warga P.N.I.

Nyambêti pawartos ingkang sampun kawrat ing Kajawèn, pèl pulisi ing Têluk Bêtung têtiga ingkang ical wontên ing wana, sasampunipun tigang dintên sagêd kapanggih, salêbêtipun tigang dintên wau sami botên nêdha, lampahipun tiyang têtiga wau dumugi kabudidayan Way sekampoeng, sami sayah sangêt. Ing kabudidayan wau ugi katrajang ing gajah. Ing satunggaling dalu nêmpuh griya-griya sacêlaking griya administratur.

Nalika tanggal 7-12-'1929 wiwit jam 4 dumugi jam 6 sontên, tuwin tanggal 8-12-'29 wiwit 9 dumugi jam 12 siyang, pamulangan Kartini ing Malang ngawontênakên tèntunsêtèling, manggèn ing griya pamulangan, wosipun mitongtonakên barang-barang dêdamêlanipun para murid ing ngriku, inggih punika barang dêdamelan tangan, kados ta băngsa sulam-sulaman lan burdiran, tuwin sapanunggilipun, ingkang kathah băngsa sêmbêt, katingalipun sampun prayogi. (N).

Ing Batawi badhe wontên bikakan sêkolahan Hindhu, dipun wiwiti benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika. Ingkang dipun wulangakên basa Inggris tuwin Hindhu. Kajawi nampèni lare-lare anakipun băngsa Hindhu, ugi nampèni lare sanès-sanèsipun. Adêging sêkolahan wau saking ada-adanipun kapala băngsa Hindu Tuwan Bola Singh.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Jêruk (Bayalali), f 1.50 ingkang dados urusan, samangke kula lêbêtakên dhatêng pambayaran panjênêngan tumrap wulan Pèbruari dumugi April 1930. Dados panjênêngan kêdah mangsulakên dhatêng sadhèrèk: Siswasudira ing Têras. Tumrap: administrasi, nomêr langkung kiyat tinimbang nami. Jêr nami kenging gontas-gantos.

Lêngganan nomêr 993 ing Gilitugêl (Têgal) wisêl f 3.50 punika ingkang f 0.50 tumran wulan Oktobêr '29, ingkang f 3, kangge Januari dumugi Juni '30. Dados wulan Nopèmbêr sarta Dhesèmbêr punika panjênêngan botên kapetang dados lêngganan.

Lêngganan nomêr 3840 ing Padhas, N.I.S., wisêl f 6 tumrap taun 1930 sampun katampi, nuwun.

VOLKSALMANAK JAWI 1930

Ngaturi uninga Volksalmanak Jawi 1930 sampun mèh têlas. Sintên ingkang dèrèng mundhut kaparênga tumuntên mundhut, eman manawi ngantos katêlasan. Makatên ugi angèngêtana, sintên ingkang pamundhutipun kathah, inggih badhe angsal pituwas, miturut pêpetangan kados ingkang kasêbut ing sêrat sêbaran. Bale Pustaka.

--- 1616 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

18

[Durma]

Dyan Pragola ngundhangi sagunging wadya | siyaga magut jurit | kinèn manjêr dludag | lurung-lurung pinasang | saênggon-ênggon kumitir | wadya pinacak | andhêdhêt siyang ratri ||

têkèng jawi kitha wus samya jinaga | gêgêdhuging prajurit | tinugur lor wetan | kidul kulon warata | biting jinaga apipit | ya ta winarna | têmpuking pra prajurit ||

sigra parêng umangsah sagung prawira | kumrutug angêbyuki | lir tumruning jawah | prahara aru-ara | gumuruh anggêgirisi | nanggala kunta | pêdhang kadya kêkitir ||

pating srêbut badhama limpung candrasa | parêng tumêmpuk sami | pra wadya apanggah | wuri nalabung mêngsah | mungsuh rowang kèh ngêmasi | prajurit rucah | kailês tan tinolih ||

rêmak rêmpu bala urakan kataman | ing bindi limpung piling | ramening ayuda | lir bêlah kang akasa | molah bumi gênjot gonjing | masinga nabda | lir gêlap barêng muni ||

krodha mangsah mulat rowangnya kabranan | manduk manglimpung aglis | sumêbit kumlibat | kêni gulu wus pêgat | gumlundhung gêmbung gumlinting | agilang-gilang | mawor rahing turanggi ||

ramening prang lor kidul kulon lan wetan | parêng têmpuh ing jurit | dhêdhêt mawalikan | lêbu mangampak-ampak | musus kasudiran sami | rah angalerab | mungsuh rowang wor siji ||

tandang kiwul tamtama amutêr gada | sumêbit manabêti | wuru tindakira | lir sardula mêmangsa | bau mungsuh samya sêbit | sêmpal kabuncang | mangsah mungsuhe aglis ||

pêdhangira pinutêr kadya kitiran | singa katrajang tapis | rangkêp papat rantas | jăngga kwèh ingkang pêgat | gumlinting gumlundhung siti | giris umiyat | wuru riwuting jurit ||

sumamburat rah muncrat utêk sumirat | para prawira mantri | cinandhak dhinupak | binanting anèng sela | mangsah akiwul kadya wil | kinuwêl pêjah | rinêbut ting saluwir ||

pra prawira Mataram lan Pasantênan | tanggon dènnya ajurit | lir manêngkêr wiyat | binarung barêng surak | kêndhang gong gurnang thongthonggrit | gubar wurahan | kalasăngka lan suling ||

pra tamtama prawira mantri manggala | kumrab arêbut dhingin | dyan kagila-gila | tandange mangsah yuda | rukêt marangkêp anarik | pêlak-pinêlak | kapêlak palu piling ||

rukêt awor kèh kaliru lawan rowang | saking pêtêng nglimputi | paworing ayuda | kèh pêthuk padha kănca | hèh kănca uwalna nuli | sun wong Mataram | sigra wal kalihnèki ||

wênèh rukêt gumulung ulêng-ulêngan | nulya sora nabda ris | sun wong Pasantênan | ah ora sira mêngsah | dudu lho titikên mami | mara mêlèka | sun dudu wong Matawis ||

lah uculna aja nunggangi maringwang | untuku rampal saja |[7] ta enggal uculna | dhadhaku babak bunyak | tan wus ramening ajurit | kasapih marang | hyang arka manjing wukir ||

tinitiran ing têtêg mundur ing yuda | pasanggrahan prasami | sagung para wadya | ngênting asuka-suka | surak lir sundhul wiyati | mlètèr mataya | wuru waragang sami ||

mangkya ingkang samya suka-suka ing tyas | warnanên ingkang kanin | gêrêng-gêrêng sambat | rabine anggung maras | datansah dènnya nangisi | sêdhêng pasihan | lumuh pisah lan laki ||

kawarnaa enjang anêtêg têngara | kêndhang gong gubar bèri | gong maguru găngsa | thongthonggrit mawurahan | suraking wadya mêlingi | gumrêgut kumrab | singa nabda gora njrit ||

Pasantênan wadyanya krura mapanggah | rame têmpuhing jurit | lir têdhuh ing mega | isi mala durmala | yayah numpês sining bumi | ya ta mangkana | solahing pra prajurit ||

para mantri tamtama mangsah makrura | kumitir palu piling | ana limpung kunta | nanggala myang candrasa | kèh kang pêgat lambungnèki | butêng suranya | ngiwut awuru gêtih ||

kombak kambah kèdêk prang wadya Mataram | Wiraguna ningali | wadyane kasrakat | kèlês karoban lawan | mlumpat ing madyaning baris | mutêr limpungnya | tumpês ingkang nadhahi ||

krodha wuru Wiraguna ing palagan | mutêr limpung ngajrihi | kumitir nèng asta | singa katrajang dhadhal | pêdhang sinabêt asêbit | wangsul amanclas | janggane kang darbèni ||

sinawatkên limpunge ngênani wadya | rêbah pating gulinting | ngalasah sulayah | cinandhak pêdhangira | riwut nganan riwut wuri | kadya sardula | măngsa mangsah mêmati ||

ingkang kêni bau pêgat wêntis tatas | jăngga janggane sêbit | tiba pating glethak | prajurit Pasantênan | mawut mawur maras miris | samya sar-saran | mlayu tan tolih wuri ||

Pangkur

warnanên Radèn Pragola | duk umiyat wadyane sor ing jurit | samêkta siyagèng pupuh | angagêm kêre waja | gya malumpat anèng pabaratan mamprung | kumitir gada nèng asta | tinon angajrih-ajrihi ||

suraking wadya gumêrah | kadi gora prahara angèbêki | Pragola upaminipun | kang jaladri sudira | kinarubut rinarampog ngalor ngidul | kadya buron kidang sangsam | kinrubut kinêpung pipit ||

angiwut Pragola mangsah | gadanira tansah amobat-mabit | wadya kang samya mangrubut | mêdhang numbak badhama | parandene tan ana ingkang tumanduk | tan karasa kang tumama | tan paja dhèdhèl kang kulit ||

wadya rêbah kasulayah | anggalasah kang samya angêbyuki | anggalasah kapalupuh | kêna rata lan kisma | Dyan Pragola sangsaya krura mangiwut | pêpêjah pating gulimpang |

--- 1617 ---

kèh polo malopor mili ||

wênèh rêmak iga gigal | kèh rumangkang pukang akiwir-kiwir | kêsampar-sampar kêsandhung | cinandak wus dèn ikal | karya ngamuk nguwak-awik kèh kang rêmuk | butêng Pragola mêmangkrak | kèh dhadhal dèn obrak-abrik ||

mobat-mabit Dyan Pragola | tandangira nirbaya ing ngajurit | kwèh sêmpal baune putus | rampal janggane pagas | samya kêkês gumêtêr wadya Matarum | de bangke asungsun tumpang | gambira prajurit Pathi ||

Ki Tumênggung Wiraguna | muntap krodha umangsah ambêk pati | sinurak wadya gumuruh | mulat Radyan Pragola | sirna kabèh ing tyas katakutanipun | mangkarak mahambêk pêjah | wuwuh krodhane mêdèni ||

sora nabda Wiraguna | hèh Pragola nututa sun talèni | sun aturakên sang prabu | pagene ambalela | dene lumuh seba mring praja Matarum | baya sira ngêmping lara | tanapi anggenjah pati ||

sugal Pragola manabda | lah ta sira Wiraguna wong jirih | pantês bae suka tundhuk | kaprawiranta sirna | lah rêbutên Pragola sudirèng pupuh | yèn sira kumudu ngajap | anèng donya bosên urip ||

gadada[8] Ki Wiraguna | sigra mangsah Pragola tinubruk glis | orêg sagung kang andulu | surak amawurahan | sigra parêng mangsah têmpuk rog magapyuk | rukêt udrêg maputêran | saut-sinaut agênti ||

manêpak sarêng manampak | kosik uwal rame sêbit-sinêbit | tarik-tinarik gumrêgut | okol lir singa lodra | guling-guling kagulung kadya gumulung | Wiraguna kinakahan | cinandhak tininggil-tinggil ||

pinutêr dèn ikal-ikal | gya binuwang sêbut tibane têbih | pra wadya surak gumuruh | yayah sundhul akasa | binarung ing kêndhang gong saruni puksur | tinêtêg têngara ngangkang | pratăndha mundur ing jurit ||

pasangrahan ing Mataram | samya kêkês miris solahing jurit | kunêng mangkya kang winuwus | sagung kang pra prawira | tinimbalan umarak ngarsa sang prabu | dinangu solahing yuda | Wiraguna awotsari ||

pukulun rama paduka | tuhu lamun prawira ing ngajurit | wadya paduka Matarum | kwèh kang manggya palastra | miwah kathah ingkang sami nandhang tatu | kapamuk Radyan Pragola | tan ana kang mănggapulih ||

ingkang golong-golong dhadhal | swuh katampêk amung astane kering | mangsah malih prawira nung | pêjah pinupuh gada | angajrihi Dyan Pragola tandangipun | sri narendra angandika | lah ta dina benjing-enjing ||

sun pribadi yun uninga | paran baya solahe ing ngajurit | marma pra wadya sadarum | parêng angêbyukana | kinrubuta Paman Pragola digupuh | dening sakèh pra prawira | lan sagung para prajurit ||

nadyan sungsuma gêgala | otot kawat bêbalung purasani | wong siji yêkti kapikut | lamun pêksa apanggah | sinosoga ganjur watang tumbak suduk | sandika kang tampi dhawah | kawarna wus bangun enjing ||

kêndhang gong bèri wurahan | tinêtêgan têngara magut jurit | Pragola mêdali pupuh | sarwi sora sêsumbar | lah ta kene êndi andêle ing pupuh | ingkang melik tinjo kerat | papagna ing yuda mami ||

warnanên wadya Mataram | cancut tandang nêdya prang amêkasi | kadya kinilèn tyasipun | mêtu ambêke sura | sirna larut tan ana kang ajrih lampus | gumêrah samya tyas sura | kumrubut mahambêk pati ||

mangkrak gumuruh wurahan | parêng mangsah prawira wiramantri | kinubêng-kubêng kinêpung | yayah kadi ambêngan | Dyan Pragola kang măngka ambênganipun | kinrubut datansah molah | mobat-mabit nganan ngering ||

lêbu kumêtuk ulêkan | dhêdhêt pêtêng lêbu ngampak-ampaki | tan kèndêl pangamukipun | sagung wadya Mataram | rangkêp tiga sakawan sapupuh lampus | kang kasampe kang kasampar | ing pêdhang rêbah asêbit ||

kang kinêmpit ing cangklakan | sirah rêmuk mata mêtu mandêlik | muwêr riwut wuru marus | singa ngrêp kapracondhang | lêsu lêsah sayah dènirarsa mikut | kabèh tan ana kawawa | nanggulang krodhaning jurit ||

kèh matyèng têngah palagan | wênèh ngungsi kasusu takut mati | tunjang-tinunjang gumabrug | nabda sru Wiraguna | hèh prawira ya gene ngucir lumayu | apa gunanta ing karya | ala-alaning dumadi ||

dene padha wêdi pêjah | lamun padha ngantêpkên tyas prajurit | yêkti suka matyèng pupuh | sura sudira ing prang | yèku măngka patukoning sawarga gung | saiba saijab-ijab | dosane kang wêdi mati ||

ing kerat manggya naraka | anèng donya manggya ujar tan bêcik | tiwas têmên uripipun | mati pati urakan | kèhing titah lumrah ngarah ingkang ayu | yèn mêksa kumudu ala | tan pantês mawor dumadi ||

sagunging wadya Mataram | duk miyarsa Wiraguna pêpeling | kadya kinilèn tyasipun | wangsul sudiranira | ilang kabèh jirih miwah girisipun | jêjêl muyêk barêng ngrêbat | kumrubut mimbuhi manis ||

10. Pêjahipun Adipati Pragola dening Sinuhun Sultan Agung ing Mataram.

Dhandhanggula

tinarajang Pragola ing jurit | ana ingkang mandhi gadanira | miwah kumitir pêdhange | sasolah-solahipun | pra prawira ngebat-ebeti | tuhu jaya sri têka | ing pratandhanipun | dhêdhêt soroting baskara | katawêngan ing pêtêng blêdug nglimputi | kadya ingkang ampuhan ||

tiningalan angajrih-ajrihi | kadi datan sangsaya ing yuda | Dyan Pragola sajatine | tuhu prajurit punjul | nanging nora bisa nyandhêti | ardèng tyas ngăngsa-ăngsa | dènnya gung brêkunung | tan mangan ujar prayoga | sang pandhita tuture têmah tinampik | pinaitkên kewala ||

ninggal wulang kang mrih mring utami | pan sang wiku gunawan sarjana | wruh mring ala wêkasane | lan wêkas ingkang ayu | samubarang kang durung klair | wus cêtha anarawang | saking trêsnanipun | datansah dènnya amênggak | parandene ujar tama wus kawuri | kalulun kèlu ala ||

pati-pati kudu anguwisi | mukul yuda mrih ing bumintara | aywana kaya dhèwèke | têmah pinukul pupuh | marang wadya sri narapati | winisesa ing yuda | nêngna kang cinatur | solahing wadya ing rana | sangsaya gung tinalabung saking wuri | sira Radyan Pragola ||

nganan ngering rampak parêng pulih | Dyan Pragola rodra wulatira | sumêrot tandange mamèt | jiwaning kanang mungsuh | gumalasah akèh pêpati | rinangkêp adu kumba | binuwang [binu...]

--- 1618 ---

[...wang] jinagur | kunêng wadya Ngèksigănda | anamakkên candrasa badhama piling | Pragola mutêr pêdhang ||

rangkêp loro têlu tigas pacing | Dyan Pragola kinêpung gêgaman | wuwuh butêng pangiwute | sanjata kang tumanduk | datan ana ingkang nêdhasi | tumbak tumamèng jaja | matêmah mangkêluk | kang pêdhang tikêl kabuncang | amancêlat kasingsal tibane têbih | sanjata tanpa guna ||

rêmuk-rêmpak tan ana nêdhasi | kwèhing langkap lumêpas lir jawah | Radyan Pragola tan mèngèng | tiniban panah brubul | pupuk datan ana nêdhasi | akrodha Wiraguna | mlumpat ngikal lawung | manrangbaya nir wikara | awas mulat Pragola sigra mrêpêki | Tumênggung Wiraguna ||

boya kewran Pragola ing jurit | ngobrak-abrik panyiptane driya | darapon sangêt krodhane | narendra ing Matarum | têmah dadya têmu pribadi | ngadoni băndhayuda | kalawan wak ingsun | kapocoka murdanira | ingsun cangking dimène ingsun ing benjing | umadêg naranata ||

kapiyak wadya kang ngêpang sami | yun-ayunan lawan Wiraguna | Pragola asru wuwuse | hèh Wiraguna gupuh | lah rêbutên ing yuda mami | iki Radèn Pragola | kang kaloka kasub | mara ta rene tamakna | lawungira sun tadhahi jaja mami | yèn dhuwur ingsun lunjak ||

liwung krodha abêndu tan sipi | Wiraguna manglawung cinandhak | kagiri-giri solahe | samya sudirèng pupuh | dangu tansah tarik-tinarik | nguwati panariknya | Pragola gya mutung | lawung katikêl binuwang | gapyuk samya kuwêl kagulung gumuling | sinurak mawurahan ||

wontên ingkang malètèr angibing | saking bungah myat kang băndayuda | Dyan Pragola pamêluke | sarosa gya binêkuk | Wiraguna tininggil-tinggil | karya pangeram-eram | ingikal mandhuwur | binanting binuwang têbah | suraking kang prajurit barêng anjêrit | yayah manêngkêr wiyat ||

sangêt suka sang sri narapati | umyat marang kang jaya ing yuda | mangkana panglocitane | Paman Pragola tuhu | prawira prang pilih kang tandhing | pantês kalamun dadya | senopatya pupuh | emane dene balela | kumalungkung adigang-adigung êdir | ngandêlkên adiguna ||

ngawulèngsun têmah datan apti | kudu-kudu umadêg priyăngga | murina dèn long bawahe | kunêng Jêng Sultan Agung | duk umiyat tindhihing jurit | Tumênggung Wiraguna | binanting jinagur | kumêsar sajroning driya | marma dahat dukane sri narapati | jaja bang winga-winga ||

jumênênng sing palênggahannèki | orêg para wadya ing Mataram | tinêtêg jurit kasapèh | hyang surya wus mèh surup | samya masanggrahan prasami | unggyane sowang-sowang | kunêng duk ing dalu | sri naranata ngandika | mring Tumênggung Wiraguna lingira ris | hèh bapa benjang-enjang ||

manira yun miyosi pribadi | aywa ana mèlu ngrabasèng prang | dèn ajêg tata barise | samya manggona pungkur | sun yun uning pira kiyating | paman adi Pragola | ing sajroning pupuh | dene ta kagila-gila | ing solahe kaya banthèng tawan kanin | tan pasah tilas grenda ||

diprayitna ywa wêweka benjing | tur sandika wau kang liningan | nêmbah anulya lumèngsèr | kawarnaa sang prabu | têdhak maring sanggrahan aglis | mangun manungku puja | ngêningkên pandulu | nêgês karsaning Hyang Suksma | mrih widada dadine dènnya ajurit | sidhakêp suku tunggal ||

layap-layap kliyêping samadi | sami sanalika katarima | kang pinêlêng pangêninge | kayaktèn tandhanipun | wela-wela katingal saking | jro pramananing netra | sumirat narawung | karasa ing dalêm rahsa | rasaning Hyang kang murba misesèng urip | ngandika kun kawasa ||

wal jumbuhe panunggal kajatin | nulya mudhar saking pamêlêngan | mangkya warnanên enjinge | wadya surak gumuruh | tinêtêgan kêndhang gong bèri | tambur gurnang wurahan | thongthong gubar puksur | kadya ambêlah akasa | wus umijil kamot sagêgaman jurit | wau sri naranata ||

sinurakan manêngkêr wiyati | kawuwusa Rahadyan Pragola | wrin sang prabu komungsuhe | gumragap têmah gugup | kadhinginan dènnya miyosi | anggènnya kêre waja | têmah tan dèn pundhut | baya karsaning Hyang Suksma | wus tumêka pelinge duk nguni-uni | Sirwenda Danurwenda ||

nêngna sida ngadoni ing jurit | sultan nguwuh hèh Paman Pragola | paran kang dados karsane | dene têka tan ngetung | gèn paduka karya pêpati | lah sumăngga nungkula | supadya manggyayu | sugal Pragola manabda | anak prabu yèn bapa kinèn sumiwi | lêhêng matyèng palagan ||

kawuwusa jêng sri narapati | bêndu tandya anarik curiga | Pragola cukat endhane | tangkis-tinangkis gupuh | awas mulat sri narapati | lena Pragola endha | jajanya sinujuk | amblês tumêkèng walikat | anjêrbabah Pragola tan minta warih | gumulung anèng kisma ||

lantarane tumêka ing pati | dènnya yuda apan nora lama | gumêrah wadya surake | binarung kêndhang tambur | kadya bêlah ing ngawiyati | kunêng wadya Mataram | gumêrah kumrubut | jro kutha jinarah rayah | ingkang băngga prasamya dipun patèni | jro pura kèh pêpatya ||

têlas dènnya manggita ing tulis | rusaking kang praja Pasantênan | tata raharja wurine | tatas rubedanipun | sagung ingkang kawula alit | ririh tulus mèt boga | raras dènnya ngruruh | srining praja sinêngkalan | na pandhita pirsa mring obahe nagri |[9] tataning taun surya ||

(Tamat)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Sowanipun malêbêt karaton katamtokakên mangangge cara Walandi: pêthak, utawi mangangge kabangsan atelah pêthak, dhuwungan, tanpa sêpatu. Makatên ugi tumrap pasamuwan ing Mangkunagaran, panganggenipun ugi makatên. (kembali)
§ Buku cêkakaning cariyos badhe kakintunakên dhatêng para warga ing tanggal 20 Dhesèmbêr. (kembali)
sanès-sanèsipun. (kembali)
priyantun kathah. (kembali)
kok. (kembali)
panêmbrama. (kembali)
Biasanya guru lagu i: siji. (kembali)
gadgada. (kembali)
Tanggal: pandhita pirsa mring obahe nagri (AJ 1627). Tahun AJ 1627 jatuh antara tanggal Masehi: 18 Mei 1703 sampai dengan 5 Mei 1704. (kembali)