Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-28, #328

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-28, #328. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-28, #328. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 103-104, 26 Rêjêb Taun Ehe 1860, 28 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1619] ---

Ôngka 103-104, 26 Rêjêb Taun Ehe 1860, 28 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Nomêr Jawi Wetan

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Surabaya

[Grafik]

Kitha Surabaya dipun tingali saking gêgana.

--- 1620 ---

Andharan Sawatawis ing Bab Kawontênanipun Propènsi Jawi Wetan

Karanganipun Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Wetan.

Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika dipun cakkên: nomêr Jawi Wetan, maligi namung [...][1] ing bab kawontênan ingkang pinanggih ing Jawi Wetan. Mênggah laladan Jawi Wetan punika kala tanggal [...] Januari 1928 dipun inggahakên darajatipun, kadadosakên laladan ingkang madêg piyambak, lan malih kuwaos nyêpêng sawarnining kabêtahanipun, inggih punika laladan: Propènsi Jawi Wetan.

[Grafik]

Paduka Tuwan W.Ch. Hardeman Gupêrnur Propènsi Jawi Wetan.

Ing bab nêrangakên tuwin mawas dhatêng sawênèhing laladan dalah têtiyangipun, kados ing Jawi Wetan punika (miturut pèngêtan wêkasan piyambak) ingkang cacah jiwanipun kintên-kintên 13½ yuta,[2] wiyaring siti 47703 km2, têtanèn ingkang agêng, panggaotanipun ingkang kalêbêt panggaotan donya, among dagangipun, kathahing bôngsa warni-warni ingkang dêdunung ing ngriku, hawanipun, kawontênaning sitinipun, têtiyangipun ingkang wiwit tangi kasagêdanipun, punika sanadyan dipun cêkaka inggih tamtu taksih panjang, langkung panjang tinimbang karangan ingkang limrahipun kapacak wontên ing kalawarti.

Ananging sarèhning kathah têtiyang ingkang nyêkapi kasagêdanipun badhe ngarang ing bab warni-warni ingkang wigatos tumrap kawontênanipun Propènsi Jawi Wetan, dados karangan punika namung dhapur kadamêl bêbuka rêringkêsan kemawon.

Wiwit kala tanggal 1 Juli 1928 watês-watêsipun tanah Jawi Wetan dipun têtêpakên dening parentah. Sadèrèngipun wontên tatanan ingkang kados makatên, têtêmbungan: Jawi Wetan, punika ugi sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat, atêgês: pulo Jawi ingkang sisih wetan, ananging ing pundi watêsipun Jawi Têngah kalihan Jawi Wetan, punika dèrèng gumathok. Kala rumiyin, paresidhenan Rêmbang tuwin Madiun, trêkadhang kagolongakên Jawi Têngah, trêkadhang kagolong Jawi

--- 1621 ---

Wetan. Ing sapunika Rêmbang wau kabage kalih, ingkang sapalih kalêbêt Jawi Wetan, dene gêwès Madiun kalêbêt Jawi Wetan sadaya. Dados sapunika, Jawi Wetan punika wêwêngkonipun ingkang sisih kilèn dumugi têlêngipun kasusilan Jawi, ingkang sisih wetan dumugi supitan Bali. Ugi anggayut kapuloan Kangean, ingkang isi bôngsa warni-warni, ingkang beda-beda asli, panggêsangan kuwin tatacaranipun, ananging kawontênanipun ugi taksih gêgandhengan, ingkang atêgês mujudakên sabôngsa. Sadaya wau ingkang dados plawangan tumindaking ekonominipun dumunung wontên Surabaya, inggih punika kitha agêng ingkang dados pusêring kêkiyatanipun ekonomi tuwin kasagêdan.

[Grafik]

Ing sapunika kator Gupêrnur Jawi Wetan sawêg kadamêl, manawi [...]

Nanging têtiyang sampun ngintên, bilih ingkang linangkung punika namung Surabaya kemawon, awit salêbêtipun Propènsi Jawi Wetan inggih wontên têlêng kalangkungan sanèsipun malih. Ingkang kathah-kathah ugi anggadhahi wêwêngkon wiyar. Kabupatèn [...]

--- 1622 ---

[...]

mbut damêl angajêngakên laladan wau.

Kathah prakawis-prakawis, ingkang rumiyin namung dipun tata ing nginggil, utawi ingkang dhatêngipun namung saking nginggil kemawon, sapunika tumindak dipun tandangi piyambak. Paprentahan kabupatèn dipun paringi panguwaos marentah bawahipun piyambak. Kabêtahanipun dipun tindakakên dening satunggiling rad, ingkang madêg saking wêwakiling têtiyang ingkang manggèn salêbêting kabupatènipun.

Inggih lêrês tatanan enggal wau tumindakipun dèrèng jangkêp sataun, nanging wontênipun salêbêting parêpatan, têtiyangipun ingkang tumindak ing

--- 1623 ---

damêl sami katingal gambira ing manah. Pangarsaning kabupatèn-kabupatèn wau tumindaking paprentahanipun amanggih wawasan kathah, tuwin paham sangêt dhatêng bab anjagi tuwin angayomi kawilujênganing rakyat agêng alit. Pangagêng ingkang makatên punika botên kenging botên tamtu gadhah daya tuwin angajêngakên tiyang enggal ingkang dipun ajak sêsarêngan nyêpêng paprentahan tuwin anjagi kawilujêngan umum, ingkang migunani ing têmbe wingkingipun.

Kajawi makatên, tiyang ugi rumaos bingah, amargi katingal, bilih tiyang siti ingkang gadhah wajib bab padamêlan ngajêngakên tanah Indhia langkung enggal wêwahing kathahipun. Tiyang siti ingkang golongan pinunjul ing kalangan pasrawungan gêsang kita punika, ingkang kuwajiban ngangkat tuwin ngupakara panggêsangan kita sêsarêngan, cacahipun saya wêwah-wêwah.

Ing sapunika tiyang siti ingkang dipun kengingakên tumut nindakakên padamêlan umum saya kathah cacahipun, kenging dipun ajêng-ajêng bilih ing golongan wau badhe kathah têtiyang enggal dhatêng, ingkang sagêd ngajêngakên kawilujêngan umum.

Warga ing Provincialen Raad 65, inggih punika ingkang 30 tiyang siti, 6 bôngsa ngamônca sanès Walandi, sanès-sanèsipun bôngsa Walandi, punika ingkang sapunika nyêpêng bot repoting laladan Jawi Wetan. Padamêlaning parentah ingkang langkung agêng tinimbang prêluning gêmintê tuwin kabupatèn, sampun wontên saperangan ingkang dipun pasrahakên dening parentah agung dhatêng bêstir propènsi. Kanthi lon-lonan pasrahan wau tansah wêwah-wêwah kathahipun.

Ing propènsi Pasundhan samampun[3] kanyatan, bilih bêstir propènsi ingkang madêg piyambak punika tumindakipun damêl sagêd sae, tuwin padamêlan ingkang kapratelakakên ing nginggil sagêd dipun pasrahakên sadaya dhatêng wêwakiling rakyat wau.

Dados inggih botên nama anèh bilih ing Jawi Wetan ugi badhe kados makatên kadadosanipun. Inggih lêrês bilih propènsi ingkang enggal punika dèrèng nama diwasa, nanging sampun katingal tôndha yêktinipun ingkang nyêkapi, ngantos tiyang sagêd mastani, bilih badhe majêng kanthi kêkiyatan ingkang numrapi dhatêng kawilujêngan umum.

VOLKSALMANAK JAWI 1930

Ngaturi uninga Volksalmanak Jawi 1930 sampun mèh têlas. Sintên ingkang dèrèng mundhut kaparênga tumuntên mundhut, eman manawi ngantos katêlasan. Makatên ugi angèngêtana, sintên ingkang pamundhutipun kathah, inggih badhe angsal pituwas, miturut pêpetangan kados ingkang kasêbut ing sêrat sêbaran.

Bale Pustaka.

--- 1624 ---

Ringkêsanipun Babad Tanah Jawi Wetan

Ing ngandhap punika nyariyosakên babadipun tanah Jawi Wetan, wiwit abad ingkang kaping 10 dumugi abad ingkang kaping 16 kalayan rêringkêsan kemawon.

Karanganipun Tuwan Dr. Crucq

[Grafik]

Rêca Prabu Èrlangga, pinêtha Sang Hyang Wisnu nitih garudha.

Pindhahing karaton tuwin têlênging panguwasa dhatêng tanah Jawi Wetan punika sampun têtela kala Prabu Sindhok jumênêng nata, inggih puni.[4] Kanalika[5] taun 929 kathah pangintên-intên ingkang sami mratelakakên sabab-sababipun pindhahing karaton wau. Ananging sarèhning sêdya kula punika namung badhe damêl ringkêsan, dados saking pamanggih kula, botên prêlu kula mijang-mijangakên sadaya pangintên-intên wau, kula anggêp sampun cêkap, bilih kula namung nyariyosakên sadaya lêlampahan ingkang sampun katêtêpakên mênggah kanyataanipun kados ing sawalik punika.

--- 1625 ---

Tanah Jawi Wetan punika jaman kinanipun tansah madêg piyambak, botên kaêrèh dhatêng tanah Jawi Têngah, dangu-dangu malah mênang panguwasa tinimbang kalihan tanah Jawi Têngah, ingkang suwaunipun langkung luhur karajanipun, wusana pusêring karajan Jawi pindhah dhatêng tanah Jawi Wetan. Piagêm-piagêm sarta candhi-candhi kathah ingkang tilaran saking jaman panjênênganipun Prabu Sindhok, sang prabu punika (Sri Ishana) kaanggêp ingkang nurunakên para ratu Jawi ngantos dumugi ing taun 1222, inggih punika titimôngsa jumênêngipun ratu Kèn Angrok wontên ing Singasari ing sasampunipun sagêd ngrêbat kaprabon.

Prabu Sindhok kagungan wayah putri satunggal asma Dèwi Mahendradata, krama pikantuk Sang Udayana. Dene Sang Udayana wau bokmanawi satunggiling darah luhur bôngsa Bali. Dèwi Mahendradata lan Sang Udayana lajêng sêsarêngan ngasta pusaraning praja Bali, nanging taksih kaêrèh dhatêng nata ing tanah Jawi. Putranipun sang dèwi nama Sri Èrlangga, katimbalan dhatêng tanah Jawi dening Prabu Dharmawangsa, lajêng kapundhut mantu kadhaupakên kalihan putrinipun sang nata piyambak. Dene kadospundi mênggah urut-urutanipun Prabu Dharmawangsa kalihan Prabu Sindhok punika botên têrang.

[Grafik]

Rêca Jaka Dholok, ingkang misuwur wontên ing Surabaya

Wontênipun utusan saking tanah Jawi dhatêng nagari Cina ingkang kapisan punika saking dhawuhipun Prabu Dharmawangsa wau. Sang prabu ugi marsudi sangêt dhatêng kasusastran Jawi. Awit saking karsanipun sang prabu Sêrat Mahabarata wiwit kagubah ing basa Jawi.

Sang prabu ugi dhawuh nglurugi praja Sriwijaya, satunggiling [satung...]

--- 1626 ---

[...giling] nagari agêng ing Sumatra, ingkang kintên-kintên inggih ambawahakên tanah Malaka. Bokmanawi inggih lurugan punika ingkang anjalari risaking prajanipun sang prabu, awit botên antawis dangu kalihan dhaupipun Èrlangga, karatonipun kagêmpur ing mêngsahipun sang prabu, inggih punika kalaning taun 1006, dene ingkang anggêmpur wau bokmanawi kemawon raja ing Wurawari kanthi pambiyantunipun nagari Sriwijaya. Namung kemawon gancaring pralaya wau taksih dèrèng kasumêrêpan.

Nalika bêdhahipun kraton wau Sri Èrlangga kêpêksa lolos sarta lajêng andhêlik ing pratapan sacêlakipun wana giri, kadhèrèkakên para abdi, sawênèhing abdi ingkang sakêlangkung sêtya nama Narotama, pawingkingipun kaangkat dados rakrêyan kanuruhan. Sarêng panguwasaning mêngsahipun Prabu Dharmawangsa saya suda, Sri Èrlangga sagêd ngrêbat karajanipun ingkang rama marasêpuh, malah-malah sagêd ngêlar jajahanipun, wusana satanah Jawi Wetan lan Bali sami têluk sadaya. Têlênging karajanipun Prabu Èrlangga dumunung wontên ing tanah radin urut lèpèn Brantas. Kangge anjagi sampun ngantos talatah ing ngriku kêbênan saking baludagipun lèpèn Brantas, pinggiring lèpèn wontên ingkang dipun tangguli. Ingkang makatên punika kajawi damêl rahajênging nagari ugi anjalari ajêngipun dagang layar. Sang prabu ugi ngajêngakên sangêt dhatêng kasusastran, kadosdene Sêrat Baratayuda lan Sêrat Arjunawiwaha punika panggubahipun inggih kala jaman panjênênganipun Prabu Èrlangga. Sang prabu ngêmên-êmênakên sangêt dhatêng agaminipun Wisnu. Rêcanipun Sang Hyang Wisnu ingkang misuwur pêndhêtan saking pasarean ing Bêlahan, ingkang sapunika wontên Majakêrta, punika bokmanawi kemawon minôngka pêpêthanipun sang prabu. Sadèrèngipun sang prabu sèlèh kaprabon badhe ambagawan, nagarinipun kaparingakên dhatêng putranipun kakung kalih sapalih edhang. Sedanipun sang prabu punika kintên-kintên kala taun 1043. Dene ingkang dipun wênangakên malih nagari dening sang prabu wau satunggiling bujôngga nama Barada. Nagari ingkang sapalih kanamakakên Janggala, ambawahakên tanah Pasuruan Surabaya, mangilèn dumugi watêsing nagari sisih kilèn. Nagari sapalihipun malih kanamakakên Kadhiri utawi Panjalu, kêtêlahipun nama nagari: Daha, katut namaning kitha karajanipun. Dene bawahipun inggih Kadhiri mangilèn dumugi watêsing nagari sisih kilèn. Pêpalihaning nagari wau lêstantun ngantos dumugi jaman karaton Majapait. Watêsing nagari kalih punika kawastanan pinggir raksa (têgêsipun: watês ingkang rinêksa), salong wujud tembok, dumugi samangke taksih wontên patilasaning tembok wau, pinanggih ing sapinggiring lèpèn Brantas lan lèpèn Lêksa.

Nagari Janggala botên lami lajêng kawon kaluhuran kalihan Kadhiri, mila jaman ingkang tumapak (kintên-kintên taun 1078 dumugi 1222) punika kenging kawastanan jaman Kadhiri.

Para nata Kadhiri ingkang misuwur inggih punika: Prabu Kamèswara I, bokmanawi ingkang wontênipun ing dêdongengan karan asma: Radèn Panji, lan Prabu Jayabaya ingkang kacariyosakên mêdhar jôngka kados ingkang kawrat ing Sêrat Jayabaya. Nalika jaman karaton Kadhiri punika kasusastran Jawi

--- 1627 ---

kaparsudi sangêt, babaraning pamarsudi awujud Sêrat Sumanasantaka, Smaradahana, Krêsnayana lan sanès-sanèsipun. Miturut sêrat-sêrat pratelan saking bôngsa Cina jaman samantên, nagari Kadhiri punika sugih lan kuwasa, kenging kasamèkakên kalihan nagari Sriwijaya.

Ing taun 1222 kaluhuraning para ratu trahipun Prabu Isana sirna sarêng kalihan karaton Kadhiri. Lajêng kagêntosan dening trah sanès, inggih punika wiwit Kèn Angrok têrah-tumêrah.

Sêrat Pararaton satunggiling babad ingkang misuwur, ing kawitan anyariyosakên lêlampahanipun Kèn Angrok punika. Kala taksih lare Kèn Angrok wau warni-warni sangêt lêlampahanipun. Sarêng sampun diwasa sagêd nyêpêng panguwasa ing Tumapêl bawah Kadhiri sarana mêjahi akuwunipun ingkang nama Tunggul Amêtung lan ngrabèni randhanipun sang akuwu ingkang nama Kèn Dhêdhês. Salajêngipun Kèn Angrok sagêd nênêlukakên wontên ing wêwêngkon nagari Janggala ingkang sampun pêcah-pêcah. Saking sabiyantunipun para pandhita ing Kadhiri ingkang sami pasulayan kalihan Sang Prabu Krêtajaya, Kèn Angrok lajêng madêg piyambak, satêmah dados jalaraning pêrang. Sarêng Sang Prabu Krêtajaya kawon pêrangipun wontên ing Gantêr, ing taun 1222 kitha Kadhiri kenging karêbat dening Kèn Angrok. Wiwit kala samantên talatah tanah Jawi Wetan lajêng dados satunggal malih karèh dhatêng Kèn Angrok. Ingkang sajumênêngipun ratu ajêjuluk: Sri Ranggah Rajasa, dene jêjulukipun piridan saking asmaning dewa inggih punika: Sang Amurwabumi. Kala ing taun 1227 sang prabu seda kacidra saking pakènipun ingkang putra kuwalon, nama Anusapati, patutanipun Kèn Dhêdhês kalihan Tunggul Amêtung. Panyidranipun sarana kasuduk ing dhuwung damêlanipun Êmpu Gandring, inggih punika dhuwung ingkang kala rumiyin kaagêm sang prabu kangge nyidra Tunggul Amêtung. Sasedanipun sang prabu, layonipun lajêng kacandhi wontên ing Kagênêngan. Ingkang gumantos jumênêng ratu Sang Anusapati, wiwit taun 1227 dumugi taun 1248. Ing taun 1248 Prabu Anusapati gêntos cidrani dhatêng Tohjaya, putranipun Sri Rajasa saking garwa ampeyan. Layonipun Prabu Anusapati kacandhi wontên ing Kidal.

Prabu Tohjaya anggènipun jumênêng nata namung sakêdhap. Saking ajrihipun sang prabu dhatêng sadhèrèkipun nak-sanak kêkalih, inggih punika Sang Ranggawuni (putranipun Sang Anusapati) lan Sang Maisa Campaka (putranipun Sang Maisa Wongatêlêng, inggih punika putranipun Sri Rajasa kalihan Kèn Dhêdhês) lajêng ambudidaya murih sagêdipun nyirnakakên sadhèrèk kêkalih wau, nanging wusananipun sang prabu malah lajêng kamêngsah dening para abdinipun ing karaton ingkang sami botên rêmên ngantos kêpêksa lolos, wusana wontên ing margi seda pinarjaya. Layonipun kacandhi ing Katanglumbang.

Sasedanipun Prabu Tohjaya, ingkang anggêntosi jumênêng nata Sang Ranggawuni, ajêjuluk Sri Wisnuwardhana. Sadhèrèkipun nak-sanak, inggih punika Sang Maisa Campaka kaangkat dados ratu Angabaya, jêjuluk Nara Singamurti.

Prabu Wisnuwardhana sagêd anêlukakên Maibit, kithanipun Sang Linggapati. Maibit wau bokmanawi [bokma...]

--- 1628 ---

[...nawi] kemawon tilas jajahan Janggala ingkang botên purun nungkul.

Kala ing taun 1254 sang prabu anjumênêngakên putranipun dados pangeran adipati anom wontên ing Kutharaja. Wiwit kala punika Kutharaja kapindhah nama Singasari. Pangeran dipati anom wau têmbenipun jumênêng nata ajêjuluk, Sri Krêtanagara. Saking dhawuhipun Prabu Wisnuwardhana Canggulor dipun santosani, wusana pawingkingipun lajêng dados palabuhanipun kitha Majapait. Kala ing taun 1268 Prabu Wisnuwardhana seda, lajêng kacandhi wontên ing kalih panggenan, inggih punika ing candhi Walèri mawi rêca pêpêthanipun sang nata dipun wujudakên Sang Hyang Siwah, lan ing candhi Jago mawi dipun wujudi rêca kaistha Amogapasa, nata ing Tumapêl ingkang seda krana Allah, inggih namung Sang Prabu Wisnuwardhana punika piyambak.

Putranipun inggih punika Prabu Krêtanagara, anggènipun jumênêng nata wiwit taun 1268 ngantos dumugi taun 1292. Sang prabu wau satunggiling nata ingkang nganèh-anèhi sangêt. Wontên ing Sêrat Nagarakrêtagama damêlanipun bujôngga Prapanca, asmanipun sang prabu kaunggul-unggulakên sangêt, jalaran sang nata punika marsudi lan rêmên sangêt dhatêng agami Budha. Sang prabu kaparêng ngarang Sêrat Rajapati Gundhala, ingkang nyariyosakên babagan agami. Sang prabu ugi dhawuh anjumênêngakên Jingna utawi Dhyani Budha dhatêng saliranipun piyambak, bab punika dumugi samangke taksih wontên tôndha yêktinipun, inggih punika rêca Aksobya ing Surabaya ingkang karan Jaka Dholog. Wontên ing Sêrat Pararaton, Sang Prabu Krêtanagara kacariyosakên majêng sangêt dhatêng among suka, tuwin malih tuna ing pambudi miwah dugi lan prayogi, saking karêmipun ngunjuk ngantos anglirwakakên dhatêng pangrèhing praja, nanging bab punika botên kenging katamtokakên yêktos lan botênipun. Ingkang prêlu kawigatosakên punika dêrênging galihipun sang prabu anggènipun tansah badhe ngêlar jajahan. Bokmanawi kemawon karsanipun sang prabu makatên wau dipun biyantu sangêt ing patihipun enggal, nama Kêbo Têngah Aragani, gêgêntosipun Patih Raganata. Dene Patih Raganata wau anggènipun dipun gêntos patih enggal punika bokmanawi jalaran botên purun ngrojongi dhatêng sadaya gagrag enggal karsanipun sang prabu.

Prabu Krêtanagara kêlampahan sagêd nênêlukakên, kados ta ing Bali lan Malayu (Jambi). Lurugan ingkang agêng-agêngan saèstu inggih ingkang dhatêng Malayu punika. Kawusananing pêpêrangan bôngsa Jawi kêlampahan sagêd gadhah karajan jajahan wontên ing pulo Sumatra. Awit saking punika pangawasanipun karajan Sriwijaya sudanipun lajêng kathah sangêt, môngka bokmanawi kemawon praja Sriwijaya mêntas kacilakan, jalaran anggènipun ngêlurugakên wadyabala dhatêng Selon botên angsal damêl malah karisakan.

Wusananipun Prabu Krêtanagara piyambak manggih cintaka, bakunipun jalaran saking pandamêlipun Arya Wiraraja, jêjênêngipun sang prabu ingkang wontên ing Sumênêp ing pulo Madura. Arya Wiraraja sakuthon kalihan Sang Jayakatwang jêjênêng nata ing praja Kadhiri, badhe ambalela dhatêng sang prabu. Sang Jayakatwang [Jaya...]

--- 1629 ---

[...katwang] wau bokmanawi taksih trahipun Prabu Èrlangga. Kêkênthêlaning manah badhe nglurug dhatêng Singasari, lajêng ngangkatakên prajurit kalih prangkatan, ingkang saprangkatan golongan prajurit arahan, lampahipun mêdal lèr kanthi rame-rame ambêkta gôngsa lan umbul-umbul, ingkang saprangkatan malih prajurit pêpilihan, lampahipun mêdal kidul dhêdhêmitan.

Sarêng prajurit ingkang mêdal margi sisih lèr nêmpuh, Prabu Krêtanagara dhawuh angêrigakên balanipun sadaya, ingkang kapatah nyenapatèni putra mantunipun sang nata kêkalih, inggih punika Radèn Wijaya, wayahipun Nara Singamurti, lan Sang Ardharaja. Môngka punika putranipun Jayakatwang ing Kadhiri. Wadyabala Kadhiri ingkang mêdal lèr kalampahan kenging kaundurakên, ananging wadyabala ingkang mêdal kidul sagêd nungkêb karaton Singasari, sang prabu, patih, para nayaka lan pandhita pintên-pintên sami manggih tiwas. Salajêngipun Sang Ardharaja ngoncati paprangan, dene Radèn Wijaya kèngsêr, balanipun bibar sarsaran. Lampahipun Radèn Wijaya kêtula-tula, wusana dumugi panggenanipun Sang Wiraraja ing Madura. Ing ngriku Radèn Wijaya lajêng sarêmbag kalihan Sang Wiraraja badhe andamêl tiwasipun Sang Jayakatwang. Sang Wiraraja suka pitêdah dhatêng Radèn Wijaya, kapurih marak Sang Jayakatwang rewa-rewa nungkul ngiras pados mitra ingkang purun ambiyantu sêdyanipun. Sasampunipun lajêng kapurih dêdunung ing Wanatrik ingkang badhe kabikak kadadosakên dhusun dening tiyang saking Madura. Dhusun punika kanamakakên Majapait, cariyosipun jalaran ing ngriku wontên witipun maja ingkang wohipun pait.

Pitêdahipun Sang Wiraraja wau sadaya kagêga dening Radèn Wijaya sarta lajêng linampahan. Kêlêrêsan wontên lurugan saking nagari Cina, utusanipun Prabu Kubile, badhe malês ukum dhatêng Prabu Krêtanagara, jalaran saking panyamahipun Prabu Krêtanagara dhatêng utusanipun raja Cina. Senapatining prajurit Cina kenging kabujuk purun ambiyantu Radèn Wijaya anggènipun mêrangi Kadhiri. Kitha Daha (Kadhiri) bêdhah, Sang Jayakatwang kinunjara. Ing salajêngipun Radèn Wijaya sagêd nyingkirakên prajurit Cina ingkang sampun botên dipun bêtahakên pitulunganipun wau saking tanah Jawi sarana kajuligan. Wangsulipun prajurit Cina dhatêng nagarinipun botên angsal damêl punapa-punapa (1294).

Radèn Wijaya lajêng jumênêng ratu wiwitan ing Majapait, jêjuluk Prabu Krêtarajasa Jayawardhana. Sang Wiraraja kaangkat dados rakrêyan mantri, ngêrèhakên praja Majapait sisih wetan kados ingkang sampun kajagèkakên Radèn Wijaya.

Radèn Wijaya krama pikantuk putri sakawan putranipun Prabu Krêtanagara sadaya, garwa ingkang ênèm piyambak apêparab Dèwi Gayatri dados misuwur, jalaran ngasta panguwasa agêng sangêt ngantos dangu, limrahipun sinêbut Sang Rajapatni.

Pangastanipun paprentahan Radèn Wijaya rahajêng sagêd damêl tata têntrêming nagari, sarêng ing taun 1309 seda, lajêng kacandhi ing Sumbêrjati (rêca ingkang minôngka pêpêthanipun sang prabu sapunika wontên ing museum kitha Batawi).

Sang prabu dipun gêntosi ingkang putra patutanipun kalihan garwa ampeyan saking Sumatra, jêjuluk Prabu [Pra...]

--- 1630 ---

[...bu] Jayanagara. Sadangunipun Prabu Jayanagara jumênêng nata, kêrêp sangêt wontên kraman saking pandamêlipun para tilas andêl-andêlipun Radèn Wijaya, ingkang kala rumiyin sami ambiyantu pêrangipun Radèn Wijaya mêngsah Sang Jayakatwang, nanging lajêng sami kacuwan jalaran botên saèstu sagêd tampi ganjaran pangkat luhur kados ingkang sampun kajanjèkakên. Sadangunipun dahuru wau miturut cariyos Sêrat Pararaton, wontên satunggiling tiyang nama Mahapati ingkang damêlipun namung tansah nyetani.

Awit saking pangramanipun tiyang nama Kuthi, sang prabu kêpêksa oncat saking kadhaton, nanging saking pangrekadayanipun pangagênging prajurit ingkang ngrêksa sang prabu nama Gajahmada, sang prabu sagêd kondur malih dhatêng kadhaton têtêp anggènipun jumênêng nata. Gajahmada wau ing têmbe dados patih karaton Majapait ingkang misuwur piyambak. Nalika panjênênganipun Prabu Jayanagara wau, Gajahmada namung kaangkat dados patih ing Kadhiri.

Sang prabu kagungan sadhèrèk putri kalih sami putranipun putri Singasari. Saking karsanipun sang prabu putri kêkalih wau badhe kagarwa piyambak, jalaran sang prabu kagungan sumêlang, manawi putri kalih wau krama angsal tiyang sanès, bokmanawi ipe-ipe punika lajêng sami ngrêbat karaton. Mila saking dhawuhipun sang prabu: sadaya para satriya botên kalilan lumêbêt dhatêng Majapait. Sintên ingkang purun-purun nêrak wêwalêr punika badhe kaukum pêjah.

Kala jumênêngipun Prabu Jayanagara, pandamêlipun candhi Panataran dipun wiwiti.

Sarêng sang prabu anggènipun jumênêng nata sampun sawatawis laminipun, lajêng kacidra dening satunggiling dhoktêr kraton, minôngka piwalês anggènipun sang prabu damêl wirang dhatêng bojonipun dhoktêr wau. Sarèhning sang nata botên tilar putra, ing sasedanipun lajêng dipun gêntosi dhatêng sadhèrèkipun putri ingkang sêpuh, jêjuluk Sang Tribuwana Tungga Dèwi Jaya Wisnuwardhani, nanging anggènipun jumênêng nata namung minôngka sêsulihipun ingkang ibu Sang Gajapatni, putranipun Prabu Krêtanagara. Sang Tribuwana dhaup pikantuk Radèn Cakradhara (Krêtawardhana) pêputra miyos kakung ingkang têmbenipun jumênêng nata Majapait ingkang misuwur piyambak, inggih punika Prabu Hayamwuruk. Sang rajaputra wau miyosipun kala ing taun 1334.

Kala ing taun 1331 ing Majapait wontên kraman, nanging lajêng kenging kasirêp dhatêng Krêtawardhana lan Gajahmada. Gajahmada lajêng kajunjung dados patih. Gajahmada aprasêtya: botên badhe nêdha palapa, manawi sanusantara dèrèng têluk sadaya dhatêng Majapait. Nalika panjênênganipun Sang Tribuwana ugi sampun wontên jajahan ingkang katêlukakên, kados ta: Bali (mila katêlukakên jalaran sapêngkêripun Prabu Krêtanagara lajêng madêg piyambak malih, botên purun ngakêni kêrèh dhatêng karaton Jawi).

Nalika ing taun 1350 Sang Rajapatni seda, lan kala ing taun 1362 dipun pisungsung Sradha (pisungsung dhatêng para luhur ingkang sampun sami sumare) ing sasedanipun Sang Rajapatni, Sang Hayamwuruk jumênêng nata, jêjuluk Prabu Rajasanagara utawi Bra Sang Hyang Wêkasing Suka.

--- 1631 ---

Nalika jumênêngipun Prabu Hayamwuruk punika wiwitaning lêlampahan ingkang magêpokan kalihan Sundha. Sang prabu kagungan karsa mundhut garwa putranipun sang nata ing Sundha, sarta inggih kêlampahan sang nata Sundha sowan dhatêng Majapait ambêkta sang putri. Jalaran saking pangrekadayanipun Patih Gajahmada asêsèndhèn kaprêluaning praja, panampinipun sang putri Sundha botên badhe kacara satataning nampèni calon pramèswari, namung cara nampèni garwa pundhutan saking têlukan. Ingkang makatên wau anjalari prangipun nata Sundha mêngsah karaton Majapait wontên ing Bubat, Maharaja Sundha tumpês sabalanipun, botên watawis dangu putri Sundha ugi seda, dene sang prabu lajêng dhaup kalihan paduka Sori (Dèwi Iswari utawi Susumnadèwi) putrinipun Sang Wijayarajasa nata ing Wêngkêr, patutan kalihan bibinipun Prabu Hayamwuruk piyambak ingkang pêparab Brêdaya, putranipun putri Radèn Wijaya.

Sêrat Nagarakrêtagama anggitanipun Prapanca pangagênging para pandhita agama Budha, minôngka pangalêmbana dhatêng Sang Prabu Hayamwuruk, anyariyosakên tindakipun sang prabu pêpara anjajah nagari bawahipun, punapa malih nyariyosakên bab pranataning pangrèh praja, kawontênaning kitha Majapait, pambojana tuwin pahargyan, sadaya wau kacariyosakên cêtha lan anggalur.

Nalika jamanipun Prabu Hayamwuruk punika kawruh yêyasan ugi mumbul. Kala jaman wau pandamêlipun candhi Panataran dipun rampungakên. Candhi sanèsipun ingkang kaadêgakên ing jaman wau ugi kathah, kados ta: candhi Jabung, candhi Surawana, (inggih punika candhi pasareanipun Bre Wêngkêr), candhi Tegawangi (candhinipun Bre Mataun) ingkang krama angsal Bre Lasêm, inggih punika putri putra kapenakanipun Prabu Hayamwuruk, candhi Kêdhaton, candhi Pari lan sapanunggilanipun. Wontên malih candhi satunggil ingkang kadamêl mèngêti para brahmana lan nayaka ingkang sami dipun pêjahi sarêng kalihan [kali...]

--- 1632 ---

[...han] Prabu Krêtanagara. Kajawi punika candhi ingkang sampun lami lan risak ugi sami dipun dandosi.

Sêrat-sêrat ingkang kadamêl kala jaman kasêbut nginggil, kajawi Sêrat Nagarakrêtagama inggih kathah, kados ta: Sêrat Arjunawiwaha lan Sêrat Sutasoma, kalih pisan karanganipun Êmpu Tantular. Wontên malih sêrat nama Gajahmada, isi prakawis anggêr nagari. Mila kanamakakên Sêrat Gajahmada, jalaran sêrat wau kacariyos anggitanipun Patih Gajahmada.

Patih Gajahmada pêjahipun kala ing taun 1364, padamêlanipun lajêng kabage dhatêng tiyang sakawan, nanging sarêng sampun sawatawis laminipun, lajêng kawontênakên patih malih, inggih punika Patih Gajahênggon.

Kala ing taun 1389 Prabu Hayamwuruk seda, lajêng dipun gêntosi dhatêng putranipun mantu, kalêrês putra kapenakan, inggih punika putraning sadhèrèkipun putri sang nata: Dèwi Iswari. Nata enggal punika jêjuluk Prabu Wikramawardhana, dene putranipun Prabu Hayamwuruk ingkang kagarwa dening Prabu Wikramawardhana wau jêjuluk Dèwi Kusumawardhani. Prabu Hayamwuruk ugi kagungan putra kakung, asma Sang Wirabumi, ananging saking ampeyan, dados botên kagungan wêwênang anggêntosi ingkang rama, sarta nalika Prabu Hayamwuruk taksih jumênêng sampun kaparingan ngêrèh tanah Jawi poncot wetan. Nanging sarêng ingkang kagadhang anggêntosi Prabu Wikramawardhana punika putranipun putri sang nata, ingkang pêparab Suita sarta sampun krama pikantuk Bre Paramèswara, (wayahipun Radèn Sotor, sadhèrèkipun kuwalon Prabu Hayamwuruk) Sang Wirabumi lajêng mrêngkang, anjalari wontêning pêrang mêngsah kadang piyambak (1401-1406), sakawit Prabu Wikramawardhana sajak badhe kasoran nanging wusananipun Sang Wirabumi kawon sarta dipun pêjahi.

Pêrang mêngsah kadang piyambak punika wiwiting risakipun karaton Majapait, wusana karaton Majapait lajêng ringkih sangêt, sanagarinipun jajahan sawatawis sami ambalela madêg piyambak, wêwah-wêwah ing taun 1426 praja Majapait kêtrajang ing pacêklik. Kala ing taun 1429 Prabu Wikramawardhana seda, Dèwi Suita anggêntosi jumênêng nata dumugi taun 1447 lajêng dipun gêntosi dening sadhèrèkipun kuwalon, inggih punika Bre Tumapêl. Jumênêngipun Brê Tumapêl ngantos taun 1451. Dumugi samantên Sêrat Pararaton anggènipun nyariyosakên gontas-gantosing nata ing karaton Majapait lajêng wiwit saya kisruh, malah salajêngipun anggèning nyariyosakên para nata prasasat namung kacêkak kasêbutakên jêjulukipun kemawon. Wiwit taun 1453 dumugi taun 1456 praja Majapait komplang botên wontên ratunipun. Ratu Majapait trahipun Radèn Wijaya ingkang kantun piyambak, inggih punika Bre Pandhansalas seda kala ing taun 1478, ing taun punika karaton Majapait karêbat ing mêngsah, ananging sanès mêngsah tiyang Islam kados cariyosipun babad Jawi. Dene ingkang ngrêbat wau Prabu Girindrawardhana, darahing para nata Jawi ingkang ngagêm agama Hindhu ugi. Trahipun Prabu Girindrawardhana punika anggènipun ngasta pusaraning praja Majapait kintên-kintên [kintên-ki...]

--- 1633 ---

[...ntên] ngantos kawandasa taun laminipun, jalaran miturut sêrat pratelanipun bôngsa Portugis, kala wiwitanipun abad ingkang kaping nêmbêlas tanah pasisir sampun sami kêbawah dhatêng paprentahan Islam, ananging ing têngah-têngahing pulo Jawi ingkang madêg raja taksih kapir, malah dumugi taun 1541 nama Majapait taksih kêsêbut. Pangawasanipun karajan Majapait saya dangu saya kathah sangêt sudanipun, jalaran para bupati pasisir sami ngrasuk agami Islam, kala punapa sirnanipun babarpisan karaton Majapait punika botên kasumêrêpan têrang.

Tanah Jawi Wetan ing Sabakdanipun Jaman Majapait

Karanganipun Tuwan Dr. Th Pigeaud.

Ingkang anjawèkakên redhaksi Bale Pustaka

Babadipun tanah Jawi Wetan nalika jaman Majapait wêkasan sarta ing sabakdanipun ngantos dumugi têlukipun dhatêng para ratu ing Mataram, punika botên patosa kasumêrêpan têrang, dados botên beda kalihan babadipun talatah ing tanah Jawi sanès-sanèsipun ingkang kathah-kathah. Cêcriyosan Jawi ingkang nyariyosakên jaman samantên, namung sakêdhik wontênipun, ananging kenging kawastanan kêrêp ngocapakên nagari Balambangan, ingkang têlêngipun wontên ing tlatah kabupatèn Banyuwangi sapunika. Kala rumiyin nagari Balambangan wau jajahanipun kalêbêt jêmbar, mangilènipun anglangkungi Prabalingga, Jêmbêr lan Pugêr, têpang watês kalihan jajahanipun Adipati Pasuruan. Ingkang manggèn ing tlatah Balambangan jaman samantên, kenging kapasthèkakên yèn bôngsa Jawi. Têtiyang Madura bokmanawi kemawon dèrèng sami anjrak ing ngriku, botên kados sapunika, prasasat sampun dados tiyangipun bumi ingkang baku. Kala samantên cacah jiwanipun Balambangan taksih sakêdhik, botên beda kalihan talatah ing tanah Jawi sanès-sanèsipun. Gunggung kêmpalipun tiyang ing Balambangan kala samantên bokmanawi botên wontên saprasakawanipun cacah jiwa sapunika. Dhusun-dhusunipun taksih sami sêpên, dunungipun têbih-têbih pating prênca, kêlêlêtan wana agêng utawi bulak wiyar-wiyar, kenging kawastanan tanpa lêlayanan, sarta namung kaêrèhakên lêlurahipun piyambak-piyambak, ingkang prasasat botên mraduli dhatêng kuwasanipun ratu. Ingkang jumênêng ratu samantên ugi, anggêr: laranganipun botên wontên ingkang dipun têrak kemawon, sarta ajêg tampinipun bulubêkti, inggih sampun botên utawi prasasat botên mraduli dhatêng kawontênaning padhusunan.

Cêcriyosan ingkang nyariyosakên nagari Balambangan ing sadèrèngipun jaman Mataram botên kathah, ing ngriki namung badhe anggancarakên satunggal, ingkang gêgayutan kalihan babadipun Sunan Giri, inggih punika satunggiling wali misuwur ing tanah Jawi, ingkang pasareanipun wontên ing Giri sacêlakipun [sacê...]

--- 1634 ---

[...lakipun] Grêsik sarta sabên taun taksih dados pasujarahanipun tiyang maèwu-èwu. Miturut cêcriyosan, Sunan Giri wau putranipun Sèh Maolana Wali Lanang saking sabrang patutan kalihan putrinipun ratu ing Balambangan. Anggènipun sang putri katrimakakên dhatêng Sèh Wali Lanang wau jalaran punika ingkang maluyakakên sang putri nalika gêrah sangêt. Sarèhning anggènipun badhe ngislamakên Sèh Wali Lanang dhatêng sang prabu tanpa damêl, lajêng kesah saking Balambangan, putranipun Sèh Wali Lanang wau, dados wayahipun Sang Prabu Balambangan, pawingkingipun dêdunung ing Grêsik kalihan têtiyang Jawi plajêngan saking Balambangan ugi. Wiwit timur mila Sunan Giri wau dados muridipun Sunan Ngampèldênta, malah ngantos kapêndhêt putra sarta kasadhèrèkakên kalihan putranipun Sunan Ngampèl piyambakipun ingkang têmbenipun jêjuluk Sunan Bonang. Sunan Giri wau pawingkingipun sagêd nyêpêng panguwasa ing Giri sarta jumênêng raja pandhita jêjuluk Prabu Sètmata, dhatêng nagari Majapait sampun botên purun kêbawah. Wadyabala Majapait ingkang kalurugakên dhatêng ing Giri badhe nêlukakên sami kenging kaundurakên.

[Grafik]

Untapipun tiyang Tênggêr ingkang sami wontên ing pasir dhasar rêdi Brama, sami badhe nindakakên sidhêkah.

Karaton mardika ing Giri ingkang adêgipun kintên-kintên ing wiwitaning abad kaping 15, punika lêstantun ngantos jaman Mataram. Icaling kamardikanipun para sunan ing Giri sawêg jaman Sultan Agung Nyakrakusuma pêpêrangan, sarêng ing akiripun abad 17 ing Giri karisak dening Sunan Mangkurat II, sunan ing Giri ingkang wêkasan dipun sedani.

Miturut cacriyosanipun para sunan ing Giri wau sampun têtela, bilih kawêkasanipun jaman Majapait, ing Grêsik sarta Balambangan kalêbêt nagari [naga...]

--- 1635 ---

[...ri] ingkang mèmpêr sarta prasasat botên kêbawah dhatêng ratu Majapait. Ingkang makatên punika ugi kenging kapirid saking pakabaranipun têtiyang Eropah jaman samantên ingkang sami lêlayaran dhatêng pasisiripun tanah Jawi. Ingkang mêsthi nagari kêkalih ing Grêsik lan Balambangan wau lêstantun kawontênanipun, nanging namung dumugi jaman Mataram, lajêng katêlukakên kanthi wasesaning prang dening para ratu Mataram ingkang kawitan kadosdene mèh sadayaning nagari Jawi sanès-sanèsipun. Kados ta tlatah Jawi Wetan ingkang iring kilèn, pasisir wetan lan Madura. Para bupatinipun talatah Pasuruan lan Lumajang dumuginipun Kadhiri sarta wiwit saking Sumênêp dumuginipun Tuban, punika anggènipun katêlukakên dhatêng Mataram kala jamanipun Sultan Agung Anyakrakusuma môngka para bupati punika waunipun sampun sumuyud dhatêng Pangeran Surabaya, mila Sultan Agung inggih kêpêksa kêrêp pêrang kalihan Surabaya. Wusananipun Surabaya inggih ngakêni kêbawah Mataram, ananging mêksa kinaot lan kineringan. Pangeran Pêkik ing Surabaya kapêndhêt ipe Sultan Agung kaangsalakên rayi dalêm Ratu Pandhansari, patutanipun putri kapundhut garwa Sunan Mangkurat I (Têgalarum), punika lajêng pêputra Sunan Mangkurat II (Sinuhun Amral).

Sajumênêngipun Sunan Mangkurat I (Têgalarum) ing saindênging nagari Jawi lajêng dahuru, tanah Jawi têmbing wetan botên kantun, wiwitipun dahuru saking pandamêlipun têtiyang Makasar ingkang sami dhatêng ing tanah Jawi sarta lajêng damêl rêsah, pangagêngipun nama Kraèng Galesong. Kêjawi punika bôngsa Madura ngraman, dipun pangagêngi Radèn Trunajaya. Sarèhning para bupati bawah Mataram kêrêp anggènipun wontên ing Mataram tinimbang kalihan anggènipun wontên ing kabupatènipun piyambak, malah wontên ingkang katrêm babarpisan ing Mataram, mila kêrêp kemawon talatah-talatah bawah Mataram sami kapintên pangêrèhipun sarta sami botên wontên ingkang nanggulangi samôngsa wontên panêmpuhing mêngsah.

[Grafik]

Para priyantun ingkang mriksani sidhêkah ing rêdi Brama.

Awit saking punika têtiyang Makasar lan bôngsa Madura kêlampahan sagêd ngêlun tanah Jawi Wetan babarpisan sarta tanah Jawi Têngah ingkang saperangan agêng ngantos dumugi Pathi lan Kudus. Wontên ing Surabaya Radèn Trunajaya yasa bètèng sarta jumênêng panêmbahan ajêjuluk Panêmbahan Madurêtna, bala kraman sami mangayubagya. Têmbenipun Radèn Trunajaya lajêng akadhaton ing Kadhiri. Sarêng ingkang jumênêng nata ing Mataram Sunan Mangkurat [Mang...]

--- 1636 ---

[...kurat] II, sawêg kemawon bôngsa Madura lan tiyang Makasar kenging kaundurakên saking tanah Jawi Têngah, Kadhiri, Pasuruan lan Surabaya kanthi pitulunganipun Kumpêni, Radèn Trunajaya kacêpêng. Ing Surabaya lajêng dipun têtêpi tumênggung asli saking ngriku, inggih punika Tumênggung Jangrana (Jayèngrana), ingkang waunipun nama Ki Ônggawôngsa.

[Grafik]

Dhukun nuju mêmuja.

Turun-turunipun ki tumênggung punika ngantos dangu lastantun agêng panguwasanipun wontên ing Surabaya. Kêjawi punika Sunan Mangkurat II ugi nêtêpakên dadosipun tumênggung Radèn Surapati wontên ing Pasuruan. Radèn Surapati wau asli saking Bali, ing sadadosipun tumênggung apêparab Wiranagara. Sanadyan tumênggung Surbaya lan Pasuruan wau angsalipun panguwasa lantaran saking ingkang jumênêng sunan ing Mataram, ewadene botên antawis dangu ambêkipun sampun kados madêg piyambak, nalika wontên pêpêrangan rêbat kaprabon sarta pasulayan kalihan Kumpêni tindakipun inggih anggêga kajêngipun piyambak kemawon. Ananging ingkang makatên wau mêksa dèrèng nyamèni tindakipun Adipati Tawangalun ing Balambangan, awit sarêng tanah Jawi Têngah prasasat sampun sirna daya panguwasanipun, inggih punika nalika panjênênganipun Sunan Mangkurat I ing têngahanipun abad 17 sang adipati lajêng ngêdêgakên karajan enggal, ngantos dangu lastantun prasasat mardika babarpisan. Sarêng sasedanipun sang adipati, nagari ing Balambangan saya dangu saya kêrêgêm ing panguwasanipun bôngsa Bali, ingkang wau-waunipun pancèn sampun agêng daya panguwasanipun wontên ing nagari ngriku: dumadosing lêlampahan punika kala wiwitanipun abad 18 nyarêngi kalihan agêng-agênging panguwasanipun Adipati Wiranagara lan para gêgêntosipun wontên ing tanah Jawi Wetan ingkang saperangan agêng. Para adipati punika wau sadaya sami trah Bali ugi, bakuning nagarinipun inggih punika Pasuruan, Malang lan Lumajang.

Saya dangu saya têtela, bilih para nata ing Mataram saya rêkaos sagêdipun ngêkahi panguwasanipun wontên ing tlatah ingkang têbih-têbih, langkung malih wiwit wontênipun pêpêrangan rêbat kaprabon Mataram ing sasedanipun Sunan Mangkurat II. Awit saking punika sadayaning tanah pasisir, Madura lan tanah Jawi Wetan sadaya kala taun 1743 lajêng kaparingakên dhatêng Kumpêni dening Sunan Pakubuwana II.

Tlatah-tlatah wau, langkung malih ingkang wontên ing pasisir, ingkang kathah-kathah pancèn sampun sami dipun kuwasani ing Kumpêni. Kêdhêsêking panguwasanipun [panguwasani...]

--- 1637 ---

[...pun] kadipatèn Pasuruan kala Adipati Wiranagara sakuthu kalihan Sunan Mangkurat III (Sunan Mas) mêngsah Sunan Pakubuwana I lan Kumpêni, jalaran pêrangipun wontên ing Bangil kawon. Para putranipun Wiranagara kantun sagêd ngêkahi Malang lan Lumajang. Dene kawontênanipun ing Surabaya: ing sabakdanipun taun 1720 Bupati Jayapuspita, inggih punika adhinipun Jangrana, kêplajêng saking nagari jalaran kêsangkut pêrangipun Panêmbahan Èrucakra mêngsah Sunan Mangkurat IV. Ing Surabaya lajêng dipun têtêpi bupati kasêpuhan sarta kaneman, kalih-kalihipun sami wayahipun Panêmbahan Cakraningrat ing Madura (Sampang). Madura piyambak botên dangu ugi têluk dhatêng panguwasanipun Kumpêni. Dados ing satanah Jawi Wetan ingkang taksih ambadali panguwasanipun Kumpêni namung kantun ingkang babarpisan utawi ing sawatawis taksih dipun kuwasani bôngsa Bali kemawon.

Ing sakawit Kumpêni botên gadhah sêdya nglajêngakên anggènipun nênêlukakên wontên ing tanah Jawi Wetan, ananging sarêng têtela bilih wontênipun bôngsa Bali ing ngriku punika nyumêlangi dhatêng panguwasanipun Kumpêni ing prakawis dêdagangan, Kumpêni lajêng kêncêng niyatipun badhe nêlukakên tanah Jawi Wetan babarpisan. Pêrangipun Kumpêni wontên ing ngriku punika ingkang kathah ngangge prajurit tiyang Surabaya tuwin Pasuruan, lan ingkang kathah sangêt tiyang Madura. Wongsal-wangsul prajurit Kumpêni tansah kawon kemawon. Nagari-nagari kathah ingkang dados sêpên kirang tiyang dening kêrêp pêpêrangan, kêtrajang ing pacêklik sarta kambah ing pagêblug. Sarêng mêngsah ingkang ambôndakalani kantun piyambak kenging kagêcak, tanah Blambangan wetan, inggih punika kabupatèn Banyuwangi sapunika, lan tanah Blambangan kilèn, inggih punika Pugêr lan Jêmbêr, dados kabupatèn Situbonda lan Bondawasa sapunika, ing saperangan agêng sami risak sangêt.

Ing sasampunipun tanah Jawi Wetan sadaya dados satunggal dening panguwasanipun Kumpêni lajêng kaparentahakên dening Sakèbêr (gezaghebber) ing Surabaya, kabantu ing kumêndhan sawatawis ingkang sami manggèn ing papan ingkang prêlu-prêlu ing tanah Jawi Wetan. Dene Sakèbêr piyambak punika taksih kêbawah dhatêng gupêrnur pasisir lèr wetan ing Sêmarang. Makatên cariyosipun Sêrat Babad Jawi. Gupêrnur ing Sêmarang taksih kêbawah malih dhatêng Prabu Kumpêni ing kutha intên ing nagari Batawi. Miturut cêcriyosan makatên wau têtela ugi, bilih tanah Jawi Wetan punika tumrapipun Kumpêni botên patosa prêlu kados talatah-talatah ing tanah Jawi ingkang kilèn-kilenan, upaminipun ing Priyangan.

Saking kajêngipun Kumpêni anggènipun marentah tanah Jawi Wetan badhe mawi lantaran para bupati kados ing tlatah-tlatah sanès. Sarèhne ing tilas nagari Balambangan punika para pangagêngipun asli sampun kathah ingkang botên wontên, mila lajêng dipun têtêpi bupati jawi saking sanès panggenan ing tanah Jawi utawi saking Madura. Awit saking paprentahanipun Kumpêni makatên wau dangu-dangu ing tanah Jawi Wetan sagêd dados têntrêm, ananging tlatah-tlatah ingkang waunipun sêpên utawi suwung dening wontênipun [wo...]

--- 1638 ---

[...ntênipun] pêrang agêng lajêng dipun ênggèni ing bôngsa Madura, awit satêngah kaanggêp tanah têlukanipun, jalaran wadyabala Kumpêni ingkang nêlukakên talatah-talatah wau ingkang sabagean agêng sami tiyang Madura. Saking wontênipun lêlampahan makatên punika lajêng cêtha têturutaning nalar-nalaripun tanah Jawi Wetan ingkang saperangan agêng prasasat dados tanah Madura. Kêjawi ingkang makatên wau ing tanah Jawi Wetan ugi kêpetang kathah Cina sarta bôngsa mônca wetanan sanès-sanèsipun langkung malih bôngsa Arab. Punika sababipun bokmanawi inggih saking karisakanipun tiyang pribumi dening pêrang. Mêsthi kemawon ingkang kêrisakan sangêt punika ingkang waunipun golongan sêntosa. Awit saking punika, anggêripun sagêd sae kalihan Kumpêni kemawon para sudagar mônca gampil angsalipun margi badhe pados kauntungan kathah, upaminipun kemawon nêbas paos, makatên sasaminipun. Malah kala kiwa têngênipun taun 1800 kathah tlatah-tlatah ingkang sami kasade dhatêng Cina, kirang langkung kadosdene panyadenipun tanah-tanah ing sakiwatêngênipun kitha Batawi ingkang sapunikanipun sami dados tanah partikêlir. Panyadening siti wau pawingkingipun kabatalakên, nanging kathah kemawon talatah-talatah ingkang paprentahanipun kêlantur kacêpêng ing bupati utawi pangagêng bôngsa pribumi sanèsipun, ingkang sajatosipun turunan Cina.

Ing sasampunipun Balambangan kenging kakawonakên babarpisan, ing satanah Jawi Wetan prasasat sampun botên nate wontên dahuru ingkang niyat anglawan dhatêng Kumpêni utawi paprentahanipun bôngsa Eropah ingkang anggêntosi Kumpêni. Langkung malih para raja bôngsa Madura, kêtingal sangêt sêtya dhatêng paprentahanipun bôngsa Eropah. Kadosdene nalika pêrang Dipanagaran, punika barisan Madura kalêbêt kathah ingkang kabantokakên parentah Walandi. Botênipun lastantun dumugi sapunika bokmanawi kemawon rumiyin-rumiyinipun têtiyang taksih tansah anggadhahi rumaos, bilih Madura kalihan tanah Jawi Wetan punika sajatosipun dados satunggal, têlêngipun ing Surabaya, sarta pancèn botên kêbawah utawi kawêngku panggêsanganipun dhatêng Mataram, mila para pangagêng ing Madura lan tanah Jawi Wetan inggih lajêng gampil kumawulanipun dhatêng Kumpêni ingkang ngêmpalakên lan nêntrêmakên nagarinipun.

Kala wiwitaning abad ingkang kapêngkêr, pamarentah Kumpêni kagêntos dening guprêmèn Walandi. Sasampunipun punika, babadipun tanah Jawi Wetan ingkang waunipun namung babagan wêwênanging praja kemawon lajêng gantos babagan paprentahan lan panggêsangan. Ing ngriki botên prêlu ngandharakên ajênging prakawis paprentahan ing tanah Jawi Wetan, namung prêlu dipun pèngêti, bilih dèrèng dangu punika ajênging paprentahan wau sampun ngancik ing tataran ingkang inggil, inggih punika kala dipun wontênakên propinsi Jawi Wetan sarta kabupatèn-kabupatènipun kawênangakên angrêmbag ruwêt rêntênging wêwêngkonipun piyambak. Bab kamajênganing panggêsangan [panggêsanga...]

--- 1639 ---

[...n] prêlu kacariyosakên ing ngriki ingkang langkung têrang. Kawontênanipun tanah Jawi Wetan punika pancènipun prayogi sangêt tumrapipun lampah dagang, jalaran saking panjanging pasisiripun lan talatah-talatah ingkang ngêdalakên asil sami botên têbih saking palabuhan. Mila kala rumiyin ing sadèrèngipun kalampahan wontên paprangan agêng salêbêting abad ingkang kaping 17-18, ing wêwêngkon Balambangan lami, Pasuruan, Surabaya lan Grêsik ugi sampun kathah kitha palabuhanipun, sanajan alit-alit nanging rêja, salêbêtipun abad kaping 16-17 palabuhan-palabuhan punika wau tansah dipun dhatêngi dening para sudagar-sudagar Walandi.

Sarêng wontên paprangan dangu sangêt, talatah-talatah sawingking pasisir lajêng dhumawah ing kamlaratan, kitha-kitha sami risak, satêmah padagangan ing tanah Jawi Wetan lêbar nglalahan, namung kantun nagari sawatawis ingkang taksih lastantun rêja, ewasamantên punika inggih sampun botên kados kala rumiyinipun. Dangu-dangu Surabaya malah dados mumbul dening ajênging lampah dagang sarta wêwah dados pusêring paprentahan ing Jawi Wetan. Mila pêrangipun Kumpêni ingkang murih têlukipun Jawi Wetan babarpisan, punika kenging kaanggêp dados jalaran nagari-nagari mêngsahipun Surabaya ing bab dêdagangan sami mlêsêk babarpisan, palabuhan-palabuhan Balambangan, ingkang waunipun dados ampiraning baita dagang dhatêng Bali tuwin pulo-pulo sanèsipun lajêng sami pêjah, môngka dados ampiraning baita dagang punika ingkang agêng sangêt kauntunganipun. Pêjahing dagangan ing wêwêngkon Balambangan wau mikantuki sangêt dhatêng padaganganipun Kumpêni ing Surabaya, kosokwangsulipun dagang layar Jawi lajêng dados mundur sangêt, awit nakoda Jawi punika anggènipun dêdagangan urut pasisir, môngka kitha palabuhan ingkang waunipun asring dipun ampir-ampiri sampun sami pêjah.

Ing salêbêtipun abad ingkang sampun kêpêngkêr, panggaotan ing wêwêngkon Surabaya saya kathah sangêt kamajênganipun, ingkang punika nagari Surabaya saha andêdêl, satêmah kitha-kitha palabuhan sanès-sanèsipun ing Jawi Wetan saya kêsingup. Ing wêkdal punika padaganganipun tiyang Jawi ing tlatah têngah-têngah ugi sampun saya kêsuk dening padaganganipun tiyang Eropah lan Tionghwa ingkang ngangge gagrag enggal. Jalaran saking punika kitha Surabaya tuwin panggêsangan cara Eropah ing ngriku andayani sangêt dhatêng sasamukawisipun tanah Jawi Wetan, anglangkungi Samarang ing Jawi Têngah utawi Batawi ing Jawi Kilèn, nanging ing sêmu sampun wontên tôndha-tandhanipun, bilih padaganganipun tiyang Jawi tuwin Madura sagêd nanggapi lampahipun jaman sapunika sasêlot-sêlotipun dados radi rame malih, samantên punika ing tlatah ingkang têngah-têngah. Sagêd ugi ing benjing dhatêng kalamangsanipun dagang layar Jawi tuwin Madura kombul malih wontên ing jagading padagangan kados jaman rumiyin sarana migunakakên budidaya cara jamaning kêmajêngan samangke punika.

--- 1640 ---

Surabaya Kitha Padagangan ingkang Agêng Piyambak ing Tanah Indhonesiah

Karanganipun Tuwan Lie Ping An, Wethouder ing Surabaya

[Grafik]

Tuwan Lie Ping An.

Kitha Surabaya punika dunungipun wontên ing sungapaning lèpèn êmas. Ing jaman rumiyin nalika kawontênanipun palayaran dèrèng patos agêng kados samangke, kapal-kapal ingkang kangge amêndhêt barang saking tanah têngah-têngah, makatên ugi ingkang kangge ambêktani barang mriku, alit-alit sangêt. Kala punika sungapanipun lèpèn êmas wujud palabuhan kodrat, têgêsipun: palabuhan ingkang botên kanthi dipun damêl ing tiyang, sarta kapal-kapal ingkang labuh wontên ing ngriku sagêd sakeca tanpa kuwatos punapa-punapa.

Saya dangu kawontênanipun kapal-kapal wau saya mindhak agêng, lan kaclobing awak-awakanipun ugi saya mindhak lêbêt. Botên watawis lami têtela, bilih sungapanipun lèpèn êmas wau botên kenging dipun angge malih, langkung-langkung ing ngriku tansah malêd ingkang botên kenging dipun pambêngi. Jalaran saking punika, kapal-kapal lajêng kêpêksa kêdah labuh wontên ing Jawi, botênipun inggih kêdah migunakakên môngsa ingkang sae.

Jalaran saking agênging kamajênganipun padagangan ing Surabaya, makatên ugi jalaran saking indhaking pamêdalipun tanah têngah-têngah ingkang tanpa upami, nuwuhakên kawontênan-kawontênan ing salêbêtipun palabuhan ingkang awon, ingkang anjalari lampahipun padagangan dados randhat. Salajêngipun tiyang lajêng mangrêtos, bilih ing ngriku kêdah dipun wontênakên ewah-ewahan. Punapa malih sarêng kawontênanipun lêlayaran mawi sêtum majêng sangêt, sarta lajêng kaanggêp langkung prêlu, bilih caranipun ngêmot utawi ambongkar barang-barang ing kapal kêdah tumindak rikat, punika saya katingal mênggahing prêlunipun ing palabuhan ngriku kêdah dipun saèkakên. Ingkang karêmbag langkung rumiyin, cara anggènipun ngêmot tuwin ambongkar barang ing kapal sarana baita sampan ingkang lampahipun randhat sangêt, punika kêdah botên dipun kanggèkakên, lan amrih gampilipun pangêmot tuwin pambongkaring barang-barang wau, kamanah prêlu sangêt, murih baita-baita wau sagêda mèpèt kalihan dharatan.

Makatên ugi Nanari ugi yakin, bilih kawontênanipun palabuhan kêdah dipun saèkakên, salajêngipun tuwan-tuwan Prof. J. Kraus tuwin Ir. G.J. de Jong kadhawuhan ngaturi adpis, punapadene katrangan-katrangan mênggahing badhe anyaèkakên kawontênaning palabuhan wau. Jalaran saking wontênipun ewah-ewahan, ingkang dipun damêl miturut rancanganipun para ahli kêkalih wau, samangke Surabaya anggadhahi palabuhan ingkang nyara gagrag enggal piyambak ing saindênging tanah Indhonesiah.

Jalaran Surabaya punika papan tuwin dunungipun sae, lan palabuhanipun botên nguwatosi saha awis sangêt ambêbayani, sabab dene kaalang-alangan [ka...]

--- 1641 ---

[...alang-alangan] dening pulo Madura, anjalari kitha wau kagolong dhatêng palabuhan ingkang wigatos sangêt ingatasipun tanah Indhonesiah. Punapa malih ing ngriku dipun wontêni kran-kran ingkang agêng-agêng pintên-pintên, tuwin pirantos sanès-sanèsipun ingkang prêlu-prêlu, murugakên kathah baita agêng-agêng ingkang sami labuh wontên ing ngriku.

[Grafik]

Pabrik gêndhis Rêja Agung, Madiun, pabrik gêndhis gadhahanipun Tuwan Oei Tiong Ham ingkang agêng piyambak.

Ing sarèhning tanah-tanah sakitêripun Surabaya punika kalêbêt peranganipun tanah Jawi ingkang agêng piyambak pamêdalipun, amila inggih botên anèh, bilih sakêdhap kemawon Surabaya dados kitha padagangan ingkang agêng piyambak ing tanah Indhonesiah.

Sabab dunungipun kitha Surabaya punika sae, amila lajêng dados pakèndêlan ingkang wigatos sangêt tumrap baita-baitanipun sadaya bôngsa, ingkang sami lêlayaran wontên ing sagantên-sagantên wetanan.

Mèh sapalih saking pamêdalipun gêndhis ing tanah Jawi, makatên ugi: kopi, karèt, kapuk, uwos, lan sasaminipun, ingkang dados pangasilanipun Propinsi Jawi Wetan, sami kasade dhatêng sajawinipun tanah Jawi mêdal Surabaya. Dene mlêbêtipun sawarnining barang-barang saking Eropah, Amerikah lan peranganipun donya sanès-sanèsipun ingkang kangge kaprêluwanipun têtiyang ing sakitêripun kitha wau cacahipun kirang langkung 15.000.000, ugi mêdal ing Surabaya.

Kawontênanipun dêdagangan anglêbêtakên barang, punapadene anyadèni barang dhatêng nagari-nagari sajawining tanah Jawi, punika anyababakên gêgandhenganipun [gê...]

--- 1642 ---

[...gandhenganipun] Surabaya kalihan panggenan ing sacêlakipun ngriku, makatên ugi nagari-nagari ing sajawining tanah Jawi, kêdah dipun wiyarakên.

Jalaran saking kiranging papan, têmtunipun inggih botên sagêd adamêl wawasan ingkang nyêkapi tumrap sadaya samukawis ingkang gêgayutan kalihan kitha Surabaya mênggahing kitha dagang tuwin kitha palabuhan.

[Grafik]

Tanêman tuwin gudhang sata kotok, gadhahanipun Besoeki Mij. Ing Jêmbêr.

Surabaya punika agêng sangêt pigunanipun mênggahing kamajêngan tuwin gêmah ripahing tanah Indhonesiah, wontênipun ing karangan punika ngantos botên sagêd mratelakakên panjang.

Sintên ingkang sampun nate dhatêng ing kitha ingkang gêmah ripah wau, ingkang pindhanipun kados pangajênging kitha satanah wetan, tuwin sagêd nyatakakên piyambak ing bab uyêgipun tuwin giyakipun tiyang nyambut damêl, botên kenging botên manahipun tamtu gumun nyumêrêpi dhatêng ramening kitha wau, ingkang sabên dintên saya wêwah-wêwah kamajênganipun.

Mriksanana, ing ngriku pinanggih kongsi among dagang pintên-pintên, tuwin kantor bang agêng-agêng, ombyaking margi botên wontên kitha sa-Indhonesiah ingkang nyamèni. Upaminipun ing pasar bêsar, ing ngriku satunggiling papan ingkang rame, racak-racakipun ing dalêm sadintên dipun ambah oto tumpakan 11.000 iji. Tumrap papan ingkang rame piyambak, ing dalêm kalih sêkon dipun langkungi oto satunggal.

Kajawi ingkang kapratelakakên ing nginggil, inggih kapratelakakên, bilih gêmintê rad Surabaya, ingkang dipun wontênakên dening parentah kala ing taun 1906, ugi kathah anggènipun ambiyantu ngajêngakên kitha. Bêstiring gêmintê agêng sangêt lêlabêtanipun, [lê...]

--- 1643 ---

[...labêtanipun,] inggih punika ing bab anggènipun damêl margi tuwin sanès-sanèsipun. Mèh sadaya margi-margi wau sampun dipun aspal. Manawi dipun gunggung cacahing margi ingkang mrika-mriki malang-megung ing salêbêtipun kitha Surabaya, panjangipun wontên 180 kilo mètêr.

[Grafik]

Sawangan lumahipun kitha Surabaya.

Makatên ugi bôngsa Tionghwa inggih tumut ngajêngakên kitha dagang ing Surabaya, tôndha yêktinipun, sagêd mirid saking kathahing kongsi among dagang bôngsa Tionghwa tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pinanggih wontên ing kitha wau.

Ing ngriki prêlu ugi mratelakakên ing bab sêsambêtanipun lampah anggêgana saking Surabaya dhatêng Batawi, ingkang dipun wontênakên dening K.N.I.L.M. wiwit kala tanggal 1 Nopèmbêr kêpêngkêr punika, inggih punika satunggiling kadadosan ingkang kêdah dipun anggêp agêng sangêt pigunanipun tumrap kamajênganipun Surabaya. Amargi manawi sêsambêtan lampah anggêgana wau sagêd saya wiyar, botên kenging botên, Surabaya ingkang badhe dados sêtatsiun ingkang linangkung piyambak ing salumahing bumi tumrap sêsambêtanipun lampah anggêgana sajagad. Botên prêlu kapratelakakên malih, bilih wongsal-wangsuling lampah anggêgana ingkang kados makatên wau, lampahing dêdagangan ing Surabaya badhe saya wêwah agêng tuwin kuncara.

Nunggil dintên ing tanggal 1 Nopèmbêr wau, pakaryan sêpur gupêrmèn, limrahipun dipun wastani S.S. wiwit nindakakên lampahing sêpur sadintên saking Surabaya dhatêng Batawi. Bab punika ugi agêng sangêt pigunanipun dhatêng kamajêngan tuwin gêmah-ripahipun kitha Surabaya.

--- 1644 ---

Padamêlan Sociaal ingkang Tumindak saking Pêrgêrakan Tiyang Siti

Karanganipun Radèn Sutama

[Grafik]

Tuwan Dr. Sutama

Pêrgêrakan tiyang siti punika wangun tuwin wujudipun warni-warni, pinanggihipun makatên wau namung gumantung saking budi pakartinipun ingkang dados pangajêng, inggih punika tiyang ingkang minihi wontênipun tuwin ingkang ngupakara pêrgêrakan wau. Dene budi pakarti wau kêrêp dipun pêntog ing kaanan lair. Kajawi punika kaanan lair wau asring dados tuntunan wêdaling ancasipun para panuntun, ingkang mangrêtos bilih tumandang piyambak punika satunggiling pirantos ingkang prayogi kangge nuntun rakyat ngantos pitados dhatêng tanaga tuwin kasagêdanipun piyambak. Kula mangrêtos yêktos sababipun Muhamadiyah sagêd subur gêsangipun tuwin giyat panyambut-damêlipun wontên ing tanah karajan Jawi Surakarta lan Ngayogyakarta. Tumrapipun kula amastani bilih bab wau sanès lampah kapanujon kemawon. Punapa botên têtela bilih jalaran ing ngriku punika kawontênanipun têtiyang Islam saking ngrumaosi kêcêpit sangêt. Amargi saking para agêng tuwin priyantunipun taksih angugêmi tata cara kina tuwin sangêt anggènipun angluhurakên kasusilan Hindhu. Lan malih tumraping golongan sèndhêng lan misi adamêl edaping manah, amargi botên kêndhat tansah kêncêng adamêl sêsorah murih têtiyang ing ngriku malêbêt agami Kristên. Mirid saking wontênipun tata lair ingkang kados makatên punika, ingkang kathah piyambak pinanggih ing wêwêngkon karajan Jawi, wusana lajêng nuwuhakên raosipun bôngsa Islam ing Surakarta tuwin Ngayogya sumêdya tumandang ing damêl piyambak. Malah ing sapunika pakêmpalan wau tumut ambiyantu kanthi giyak, murih nagari tuwin bôngsa sêsarêngan ajêngipun.

Bêbuka cêkakan ing nginggil punika kados-kados prêlu kangge nocogakên sêdya kula, supados para maos mangrêtos, punapaa dene budi pakartinipun bôngsa pangajaran ing Surabaya punika beda kalihan nagari sanès-sanèsipun, dalah pambudidayanipun pisan, ingkang katindakakên ing ngriku ugi beda kalihan sanès-sanès panggenan. Tuladhanipun ingkang têtela, kados ta:

Vrouwen tehuis. (Griya pondhokan tiyang èstri).

Griya ingkang kados makatên punika namung sagêd madêg wontên ing kitha dagang ingkang gêmah ripah kemawon. Adêgipun wau kêpêksa jalaran saking kawontênanipun ing ngriku. Bilih tataning panindak sae, sagêd katingal yêktos agêng pigunanipun. Satunggiling kitha agêng, saya malih kitha dagang gêmah-ripah, punika sagêd nênarik dhatêng manahipun têtiyang dhusun ingkang tanpa upami. Bab punika

--- 1645 ---

kenging dipun pindhakakên kados latu murub, ingkang dumunung ing pêpêtêng. Ing ngriku sagêd andhatêngakên ibêr-ibêran alit-alit sakiwa têngênipun sami ngrubung rêbat rumiyin, botên sumêrêp bilih ingkang murub wau ngobong badanipun. Punapa ing panggenan wau botên kathah ingkang pêjah kobong, bokmanawi sakêdhik sangêt ingkang sagêd uwal saking bêbaya. Ibêr-ibêran wau sami bingah-bingah kalêpêran, nanging pintên ingkang botên risak badanipun, jalaran saking kêsalat latu êlaripun. Wusana sasampunipun bingah-bingah: badan risak jiwa sirna.

[Grafik]

Makatên ugi ing bab tiyang dhusun ingkang malêbêt ing kitha agêng, dhatêng kitha dagang ingkang gêmah-ripah wau. Kathah sangêt têtiyang dhusun, prawan tuwin tiyang èstri ingkang tanpa daya, sasampunipun sawatawis dangu wontên ing kitha agêng, lajêng nêmahi sangsara tuwin risak. Ing bab punika, têtiyang ing Surabaya wajib dipun têtangi murih nyumêrêpi ing bab kawontênan awon ingkang pinanggih wontên ing pasrawungan gêsang punika, kanthi pangajêng-ajêng mugi-mugi èngêt purun suka pitulungan dhatêng têtiyang ingkang kasangsara wau, dene limrahipun ingkang dipun wastani tiyang kados makatên punika, wanita bodho ingkang tanpa daya. Sêdya ingkang kados makatên wau, kala têngah-têngahaning wulan Mèi taun punika, saking dayaning para warga Studieclub kanthi pambiyantunipun priyantun pangrèh praja tiyang siti tuwin pulisi, ugi kathah pambiyantu saking paduka tuwan gupêrnur, wusana kalampahan sagêd ngêdêgakên griya pamondhokanipun tiyang èstri wau wontên ing Surabaya. Têtiyang èstri ingkang nuju pados padamêlan sagêd mondhok wontên ing ngriku, lan manawi purun, ugi sagêd sinau padamêlan ingkang prasaja, upaminipun padamêlan dados babu, juru wasuh, juru olah-olah, tukang mênjait, tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriki prayogi kapratelakakên, bilih

--- 1646 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral karênan sangêt sarêng uninga dhatêng rekadaya punika, punika wontên tôndha yêktinipun, dene ugi lajêng angsal pambiyantu arta, mêndhêt saking peranganipun arta lotre.

Ing gambar I para maos sagêd nguningani, bilih tiyang-tiyang sami nyambut damêl ing bab anjagi kawilujênganing para èstri wau sami tumêmên. Ingkang dados juru rêrigên ing griya ngriku punika kêdah tiyang utami. Sabên dintên kêdah ngladosakên palapuran dhatêng bêstiripun (ingkang dados pangarsa ing sapunika Tuwan Tuwankotta), dene tumindaking damêl sabên dintên: dhatêng griya-griya sakit, pos pulisi, kantor, pêkên, sêtatsiun tuwin sanès-sanèsipun, prêlu pados tiyang èstri ingkang botên gadhah padamêlan. Pinanggih kalihan tiyang-tiyang, ingkang rumiyin dipun pulasara wontên ing griya pamondhokanipun tiyang èstri, ingkang sampun angsal padamêlan ing ngrika-ngriki, prêlu kangge nyumêrêpi punapa ingkang kêdah dipun wigatosakên, tuwin taksih kathah padamêlan sanès-sanèsipun malih.

[Grafik]

Gambar II, punika gambar sêrat katrangan ingkang dipun sukakakên dhatêng tiyang èstri, ingkang sampun nate manggèn wontên ing griya pamondhokan, ing griya pamondhokan wau ugi wontên rangkêpanipun sêrat ingkang kados makatên, saha tansah dipun isèni saprêlunipun. Ing sêrat katrangan ngriku, tiyang sagêd maos cêtha dhatêng lêlampahanipun Mukini. Tiyang wau nate kapêndhêt ing sopir ingkang ambêg têgêlan, bêgja dene lajêng katulungan ing pulisi. Ing ngriku ugi katingal, bilih ing sapunika tiyang wau nyambut damêl tumut bôngsa Eropah, dados juru wasuh kanthi balônja f 15.- sawulan.

Sampun dangu tiyang rumaos ambêtahakên dhatêng wontênipun griya pamondhokan èstri punika.

--- 1647 ---

Mila sarêng sampun kasêmbadan, dangu-dangu griya wau tamtu dados margi lantaranipun tiyang pados padamêlan dhatêng tiyang ingkang prêlu dados bêbau. Ing sapunika tiyang ingkang sami pados rencang, ingkang kathah limrahipun bôngsa Eropah.

Ing têmbe kadospundi kamajênganipun griya pamondhokan wau, dèrèng sagêd ngintên-intên, namung gumantung dhatêng kawontênan ing têmbe wingking.

Ngêdêgakên Bank Nasionaal Indonesia.

Kêkiyatanipun tiyang nyambut damêl, tuwin kêkêndêlanipun tiyang nyambut damêl ingkang katingal wontên ing kitha-kitha agêng kados ing Surabaya punika, botên sanès tamtu kadayan saking pamanahan tuwin pandamêling têtiyangipun ing ngriku, dados ugi saking pandamêlipun golongan tiyang siti ingkang pangajaran. Sadaya lajêng gêlêng pamanggihipun badhe ngêdêgakên bang. Ingkang limrahipun kangge mitulungi arta dhatêng among dagang, têtanèn, panggaotan tiyang siti, murih saya majêng tuwin wêwah, ingkang nocogi kalihan kêkajêngan ing jaman sapunika. Bang wau ugi nanggulangi juru potang (ingkang kanthi sarêman kathah) kanthi yêyêktosan. Nitik kawontênanipun ing sapunika, bang wau gadhah pangajêng-ajêng sae ing têmbe wingkingipun. Eman sangêt dene ing sapunika pawitanipun taksih kirang sangêt, mila bêstir tuwin dhirèksining bang dèrèng sagêd ngènthèngakên sarêmanipun. Saupami sagêd, tamtu saya kathah sudagar, tiyang tani tuwin tiyang siti ingkang anggadhahi panggaotan ingkang sagêd angsal pitulungan saking bang.

Sanyata bilih Bank Nasionaal Indonesia wau jêmbar sangêt kajêngipun, nanging botên jalaran saking dayanipun ingkang tansah ngèngingi gêsanging tiyang siti, awit mênggahing dayanipun ingkang samantên wau, bang kêdah anggadhahi pawitan yutan rupiyah tuwin anggadhahi pang ing pundi-pundi panggenan. Lan ingkang makatên wau botên wontên ajinipun, jalaran wontênipun prakawis warni-warni, ingkang dumuginipun dintên samangke botên dipun prêduli babarpisan. Para maos tamtu uninga, bilih parentah mêntas ngangkat kumisi nyêkapi, dipun tindhihi dening Tuwan Prof. Zeylmaker, minôngka pangarsa, prêlu murih ngaturi pamrayogi dhatêng parentah ing bab prakawis-prakawis wau. Kumisi wau limrahipun tiyang mastani Inlandsche Rechtpersonen. Botên jalaran saking makatên wau anggèning Bank Nasionaal Indonesia agêng ajinipun, nanging jalaran saking ambikak margi, nênangi manahipun tiyang siti murih pitados dhatêng badanipun piyambak. Ing pundi-pundi, sabên wontên tiyang dhatêng, ing ngriku kêtingal tiyangipun giyak ngêdêgakên punapa-punapa, ugi ngêdêgakên bang, ingkang rumiyinipun namung dipun dêgakên tuwin dipun tindakakên dening bôngsa Eropah kemawon.

Pamulangan nênun.

Ing sarèhning Tuwan Sunjata, ingkang dados panuntun pamulangan wau ugi badhe nyariyosakên ing bab pamulangan ingkang kapratelakakên punika, para maos kula aturi maos karanganipun Tuwan Sunjata wau kemawon.

Pamulangan punika sarêng sampun dipun bikak, 6 wulan, [wu...]

--- 1648 ---

[...lan,] cacahing murid pinanggih tikêl kalih kalihan cacah ingkang dipun tamtokakên. Kintên-kintên wontên kênya 64 saking Surabaya tuwin sakiwa têngênipun ingkang sami nêdha mêlêbêt, nanging botên sagêd katampèn. Ugi wontên para kênya saking tanah Jawi tuwin Madura, Bali, Bau-bau, kathah ingkang kêpêksa dipun wangsulakên, amargi kêkirangan panggenan, kêkirangan guru, kêkirangan pirantos, (pirantos nênun), dene ingkang wigatos, saking kêkirangan arta.

Ing ngriki ugi prayogi mratelakakên ing bab arta pitulungan agêng ingkang salaminipun tampi saking golongan ahli, inggih punika saking dhepartêmèn têtanèn, golongan textielindustrie. Ugi pitulungan arta saking parentah ingkang kaparingakên nalika pamulangan nênun wau wiwit dipun êdêgakên, sadaya wau katampèn kanthi agênging manah.

Pamulangan punika janji angsal tuntunan saking tiyang ahli, tuwin janji dipun tindakakên prayogi, sagêd dados satunggaling têlêng ingkang nyêbarakên tiyang-tiyang ingkang paham nyambut damêl dhatêng dhusun-dhusun. Ngèlmu nênun lajêng sagêd dipun sêbarakên dening têtiyang wau waradin dumugi pundi-pundi, lan nama botên anèh bilih sagêd ngawontênakên barang-barang pangangge piyambak, botên prêlu ngêntosi pitulungan saking sanès nagari.

Nanging sagêdipun dados kados makatên, kajawi saking tatanan utawi tuntunan ingkang prayogi, ingkang kiyat tuwin ingkang wiyar wawasanipun, ugi kêdah wontên arta kathah sangêt. Sarèhning panggaotan ingkang kados makatên punika agêng sangêt ajinipun tumrap karaharjaning nagari tuwin katêntrêmaning rakyat, pantês tuwin sagêd dipun ajêng-ajêng, bilih parentah botên badhe suwala aparing pitulungan, sarana miturut punapa prêlunipun.

Paniti tuwin tumindaking damêl sabên dintên ing bang kopêrasi ing Surabaya.

Kados para maos botên kêkilapan, kala rumiyin Studieclub ngangkat kumisi Oeroesan Ekonomie, ingkang dipun pangarsani panjênênganipun Tuwan Mr. Dr. R.Ng Subrata. Lan malih saking dayanipun Tuwan Prof. Boeke piyambak, kumisi Oeroesan Ekonomie wau dipun pasrahi padamêlan nindakakên prakawis bang dhusun alit-alit ingkang sampun ngadêg ing Surabaya cacahipun 9, tuwin dipun ewahi dados bang kopêrasi alit-alit, bab punika sagêd damêl gambiraning ngakathah, dene salêbêtipun taun wau ugi, kula sadaya sagêd nindakakên lan kalampahan ing Surabaya sagêd ngêdêgakên bang kopêrasi enggal cacah 19 iji. Sadaya sae, marêmakên manah, botên anggadhahi tunggakan, lan malih botên wontên tiyang-tiyang ingkang botên nêtêpi kuwajibanipun ambayar arta.

Dèrèng dangu Tuwan Midderdorp, warga rad kawula, rumiyin kontrolir tanah Batak, dados panjênênganipun paham sangêt dhatêng tatananing bang kopêrasi, rawuh ing Surabaya. Bang-bang wau dipun priksa kadospundi tatananing padamêlanipun. Panjênênganipun ngandikan kalihan para warganing bang, andangu warni-warni. Pikantuking papriksan mikantuki sangêt.

--- 1649 ---

Ing sapunika, kanthi wêwaton sêsêrêpaning ngakathah, kula sadaya botên was sumêlang malih anglairakên pamanggih wontên ing pundi-pundi, bilih bang-bang kopêrasi alit-alit wau badhe sagêd subur gêsangipun tuwin sagêd ambingahakên para warganipun ing bab anggènipun nyambut damêl piyambak, samantên punika bilih bang kopêrasi wau dipun tuntun dening panutun rakyat ingkang sajati, kanthi padamêlan ingkang mardika. Ing salêbêtipun sawatawis môngsa kula sadaya botên kawratan, malah miturut pamanggih kula sadaya prêlu, bilih padamêlan panuntun-panuntun ingkang sambêt kalihan bang dhusun, dipun ulat-ulatakên dening parentah ing saprêlunipun, kados ing sapunika. Nanging anggènipun ngulat-ulatakên wau supados dipun tata ingkang prayogi, inggih punika gêgayutanipun rakyat kalihan panuntun sajati sampun ngantos dipun agru-agru dening pamawasipun priyantun-priyantun, ingkang ngantos ngicalakên piyandêling ngakathah malih dhatêng badanipun piyambak.[6]

Kula sadaya yakin, bilih parentah, botên namung sapunika, sanadyan ing têmbe, ugi kagungan pamanggih kados kula sadaya, amargi namung kanthi lampah tumindaking damêl piyambak wau, dhêdhasaring gêsangipun ekonomi rakyat badhe sagêd kiyat sayêktos, ngantos têtiyang alit ing dhusun-dhusun pisan, sagêt ngiyatakên ekonominipun piyambak.

Padamêlan Sociaal ing Studieclub.

Padamêlan Sociaal ing Studieclub punika ingkang wigatos piyambak ing bab suka pêpadhang dhatêng tiyang kathah. Ing sêrat kabaripun ingkang nama Soeloeh Rajat Indonesia, limrahipun tiyang mastani Sri, mawi dipun sadhiyani papan ing bab pitakenan-pitakenaning tiyang warni-warni. Bab pitakenan-pitakenan wau dipun tindakakên dening satunggaling priyantun ahli kukum, kanthi dipun biyantu dening para ahli kathah, kados ta: dhoktêr, guru, sudagar tuwin sanès-sanèsipun.

Advies-Bureau (Kantor Suka Panimbang).

Kantor punika dipun pangagêngi dening Tuwan Ayat, padamêlanipun ingkang baku: suka panimbang dhatêng têtiyang Surabaya, dene ingkang langkung wigatos ing bab prakawis ingkang gêgayutan kalihan gêmintê, kalihan tiyang ingkang suka padamêlan tuwin pulisi. Kathah tiyang ingkang nêdha pitulungan dhatêng kantor wau. Tumrap têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, manawi wontên panêdhanipun, ugi dipun têdahi buku-bukunipun kantor wau. Ing buku-buku wau katingal cêtha ing bab kasusahan warni-warni ingkang pinanggih ing têtiyang Jawi, ingkang taksih sarwa kirang sêsêrêpan dhatêng bab caraning gêsang wontên ing jaman gagrag enggal punika.

--- 1650 ---

Waosan Rakyat

Dèrèng dangu Studieclub ngêdêgakên satunggiling pang kangge prêluning waosan rakyat, dipun tindakakên dening bêstiring Studieclub padintênan. Sêdyanipun badhe ngêdalakên buku alit-alit, sêrat sêbaran tuwin sanès-sanèsipun. Malah sampun kalampahan ngêdalakên buku alit nama Panjebar-Pangartie, buku wau minôngka panuntun dhatêng têtiyang ingkang badhe sinau maos murih tumuntên sagêd, kanthi ancas nêdya nyirnakakên para têtiyang ingkang sami botên sagêd maos lan nyêrat. Bab punika dipun êdêgakên dening satunggiling kumisi tiyang ahli, wontên ingkang guru-guru. Awon saening buku ingkang kapratelakakên wau, ing sadèrèngipun kapriksa rumiyin dening kumisi, punapa sakintên buku wau nyêkapi kados ingkang dipun kajêngakên tuwin sagêd gampil dipun cakakên. Ing sapunika nêngah-nêngahi nuju ngêcap buku panuntun pêrgêrakan nunggil karya (vakbeweging). Kaum bêrah ingkang maos buku wau sagêd manggih sêsêrêpan maton ing bab kajêng lan sajatining pêrgêrakan nunggil karya wau. Sagêd nyumêrêpi sawarnining pirantos tuwin cara-caranipun, lan ugi sagêd nyumêrêpi dhatêng kawontênaning bêstir pêrgêrakan nunggil karya wau kêdah tumindak kadospundi, tuwin bab sanès-sanèsipun.

Apdhèling ingkang ngêmori sawarnining prakawis Sociaal umum.

Ingkang dados pangajênging apdhèling punika Tuwan Tuwanakotta, dipun wajibakên suka padamêlan Sociaal ingkang nocogi dhatêng para warga Studieclub. Kawontênan ingkang kados makatên wau anjalari wontênipun warga-warga Studieclub manggèn wontên ing pakêmpalan warni-warni. Warga-warga wau ingkang kathah dados lid bêstir utawi adpisir. Upaminipun, wontên warga ingkang dipun wajibakên nyambut damêl nunggil sudagar (R.P.S. Gôndakusuma tuwin Tuwan Fakih Hasim). Suka wêwarah dhatêng têtiyang ingkang nindakakên kawêkêlan (Mas Sunjata, Mas Iskon, tuwin sanès-sanèsipun). Ingkang gêgayutan kalihan bêstir tuwin parentah Mr. Dr. R. Ng. Subrata. Golongan middenstand gadhah middenstandsvereeniging (Tuwan Ibrahim). Ingkang gêgayutan para mudha, bab punika ugi dipun pasrahi padamêlan prakawis internaat Dr. Mas Suwarna, Mas Sudirman, tuwin Radèn Thukul. Gêgayutanipun kalihan pakêmpalan sanès, anindakakên rekadaya murih sagêd nyambut damêl sêsarêngan tuwin angguyubakên pamitran (Tuwan Sutama). Kalihan kaum bêrah ing bab warni-warnining panggaotan utawi padamêlan, dipun wontênakên sêsambêtan, lan manawi prêlu dipun wontênakên kursus-kursus ing bab pêrgêrakan nunggil karya tuwin pranatan nunggil karya (Tuwan Sutama, Sukaris, Ruslan, Sunarya, Suwana). Bêstiring neutrale Schoolvereeniging "Het Javaasche Kind" ing sapunika dipun cêpêng dening Studieclub (Tuwan Sutama, Subrata, Sunjata, R.M.H. Suyana, R.P.S. Gôndakusuma). Ing bêstir Museumvereeniging [Museumveree...]

--- 1651 ---

[...niging] wontên warga-warganipun Studieclub (Tuwan Sutama, Mr. Dr. Subrata).

Kathah tuwin warni-warni sangêt padamêlaning warga-warga Studieclub wau. Ing ngriki botên prêlu kapratelakakên malih, tamtu kemawon kula sadaya adamêl kalêpatan, lan tansah manggih cacadan, jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, kula sadaya tansah dados têlênging kawigatosaning ngakathah, langkung saking pangajêng-ajêng kula sadaya. Tiyang lajêng kasupèn, bilih kula sadaya punika lôngka sagêdipun dados tiyang ingkang ahli dhatêng sawarnining prakawis, kêrêp kemawon tiyang botên ngrêtos, bilih sawarnining bab wau kula sadaya tansah prêlu kêdah ngalami rumiyin.

[Grafik]

Griya pamondhokan tiyang èstri tuwin pamulangan nênun, nalika dipun rawuhi Paduka Tuwan Gupêrnur Hardeman.

Pamanggihipun tiyang dhatêng kawontênanipun Studieclub punika warni-warni. Punika nama sampun dados kalimrahan. Nanging sadaya kemawon, inggih tumrap dhatêng tiyang ingkang mathuk utawi ingkang botên kalihan kula sadaya, botên sagêd amastani bilih kula sadaya kirang tatag ngambah margi enggal wau. Makatên ugi dhatêng Studieclub, tiyang botên sagêd mastani, bilih kula sadaya ajrih nyanggi kapitunan, inggih punika pandamêl ingkang tuwuh saking sêdya kula sadaya kanthi kêkiyatan yêtos, ingkang atêgês tumut nyambut damêl nênangi tanah tuwin kabangsan kula sadaya. Anggèn kula sadaya nindakakên padamêlan ingkang awrat wau kanthi kecalan punapa-punapa kathah, ingkang anjalari tuwin mêwahi têntrêm, rukun, malah sagêd ugi anjalari mulyaning gêsang kula sadaya.

--- 1652 ---

Sêsakit Malariah tuwin Rekadaya Pananggulangipun ing Jawi Wetan

Karanganipun Dr. Susila, kacêkak

[Grafik]

Dr. R. Susila

Sêsakit Malariyah punika kenging dipun wastani maradini ing saindêngipun tanah Indhonesiah, wijinipun saking lêmut ingkang nama anopheles, sarana nularakên wijining sêsakit dhatêng tiyang. Nanging lêmut anopheles wau botên sadaya ambêbayani. Miturut papriksanipun Tuwan Schuffner-Swellengrebel, de Vogel tuwin Mangkuwinata, lêmut ingkang ambêbayani punika namung lêmut ingkang nama anopheles Ludlowi, paniganipun wontên ing toya mambêg. Dados ingkang prêlu kasirnakakên inggih namung papan panggenaning lêmut ingkang kados makatên punika. Tumrap ing tanah ngare tuwin parêdèn, lêmut ingkang nularakên sêsakit malariah punika sanès malih.

Sanadyan lêmut anopheles ingkang ambêbayani wau paniganipun botên saênggèn-ênggèn, nanging tumrapipun pakaryan kasarasan inggih nama botên ènthèng anggènipun nindakakên wajib, jalaran pasisiripun tanah Jawi ingkang sisih lèr punika bêbanjêngan kêbak papan paniganing lêmut wau. Mila kingkang[7] prêlu dipun saèkakên rumiyin namung kitha ingkang agêng-agêng tuwin ingkang rame.

Pakaryan punika ing taun 1924 sampun kapasrahakên dhatêng Dienst der Volksgezondheid afdeeling Malariaonderzoek en bestrijding. Sarêng ing taun 1929 ing Surabaya dipun êdêgi êpangipun, prêlu kangge naliti kawontênan-kawontênan ing tanah Jawi Wetan tuwin tanah Indhonesiah ingkang sisih wetan, tumindakipun taksih gêgayutan kalihan Dienst der Volksgezondheid afdeeling Gezondmakingswerken ingkang dipun pangagêngi dening Ir. Kuipers, lan tumindaking damêl para insinyur tumrap sêsakit malariah kêdah miturut sapitêdahipun para dhoktêr.

Bêbayanipun sêsakit malariyah punika katingal sangêt, sagêd nitik saking kawontênanipun sudaning cacah jiwa ing panggenan ingkang kêdunungan sêsakit wau, upaminipun ing Batawi kitha lami, wontênipun tiyang ingkang pêjah ngantos tikêl tiga utawi sakawan katimbang kalihan panggenan sanèsipun. Tiyangipun pucêt-pucêt, limpanipun sami abuh. Rekadayaning panulakipun 1. sarana ngêdumi kênini dhatêng panggenan ingkang nuju tuwuh sêsakit malariah, punika katingal mênggahing pigunanipun. 2. Anjagi murih tiyang botên kacakot ing lêmut, sarana masangi klambu utawi griya katutup ngangge gas. Nanging limrahipun rekadaya makatên wau namung tumindak wontên ing tangsi, pakunjaran, griya panggenan kuli kontrak tuwin griya sanès-sanèsipun, ingkang kangge manggèn tiyang kathah. Wontên malih sarana mlegungakên maesa wontên ing panggenan antawisipun panggenan tiyang, supados lêmut lajêng kandhêg wontên ing ngriku. 3. Mêjahi lêmut malariah dalah ugêt-ugêtipun.

Rekadaya ingkang prayogi piyambak inggih namung ngurug papan jêmbêg-jêmbêg ingkang dados papan paniganipun malariah. Kajawi punika ugi kenging [ke...]

--- 1653 ---

[...nging] namung sarana nyiram ing papan jêmbêg-jêmbêg wau saminggu sapisan mawi solarolie utawi mawi asphaltresidu, supados ugêt-ugêt sami pêjah.

Kala rumiyin kitha Surabaya punika panggenaning lêmut anopheles ludlowi, nanging sarêng tambak-tambak ingkang sami botên kopèn sampun sami kaurug, sampun ragi katingal dhahas, saha malih sarêng ilèn-ilènipun sampun dipun pranata sae.

Ing taun 1917 ing kampung Dhapuwanbaru, ondhêr dhistrik Krêmbangan, sabên lare 100 ingkang katrajang sêsakit malariah wontên 55, nanging sarêng taun 1929 miturut papriksanipun Dr. de Wolff kapala pakaryan kasarasan ing Surabaya, wontênipun lare ingkang abuh limpanipun namung 3%. Cacah jiwanipun tiyang ngajal kathah sudanipun.

Sanadyan kawontênanipun ing bawah ondêr dhistrik-ondhêr dhistrik ing Surabaya dèrèng dipun tindakakên rekadaya makatên saya,[8] ewadene miturut pikantuking papriksanipun Dr. de Wolff, wontênipun tiyang tilar donya ing kwartal kapisan punika ing ondêr dhistrik Kapasan wontên 43.9% (43.9 ing sabên sèwunipun), ing ondêr dhistrik Krêmbangan 31.4%. Dene wontênipun sudaning cacah jiwa ing Surabaya miturut palapuran ing sabên taun wiwit taun 1912 dumugi 1926 kados ing ngandhap punika:

1912 -- '13 -- '14 -- '15 -- '16 -- '17 -- '18 -- '19 -- '20 -- '21 -- '22 -- '23 -- '24 -- '25 -- '26

49 -- 36 -- 45 -- 51 -- 44 -- 69 -- 95 -- 59 -- 57 -- 58 -- 52 -- 45 -- 50 -- 31 -- 31

Mirid wontênipun cathêtan ing nginggil, wiwit ing taun 1925 sudanipun kathah sangêt.

Makatên ugi tumrap ing Prabalingga, sarêng pakaryan kasarasan wiwit nindakakên rekadayanipun, wontênipun tiyang tilar donya sudanipun inggih kathah sangêt. Ing taun 1918 wontênipun tiyang tilar donya 64%, ing taun 1926 namung 36%. Ingkang dipun tanggulangi ing ngriku kajawi lêmut ing tambak sauruting pasisir, ugi nyirnakakên lumut-lumut, amargi lêmut malariah rêmên sangêt manggèn ing ngriku. Makatên ugi wontênipun sêsakit malariah ing Batawi kitha lami, jalaranipun botên beda inggih saking lumut-lumut kados makatên wau.

[Grafik]

Pamulangan N.I.A.S. ing Surabaya.

Ing taun 1921 dhoktêr gupêrmèn Tuwan Mangkuwinata ing Prabalingga, gadhah usul dhatêng parentah supados tambak-tambak ing Prabalingga sami dipun bêdhahi, sarêng sampun kalampahan, pikantukipun adamêl pêjahing ugêt-ugêt kalanipun toya sagantên rob. Ing taun 1921 wontênipun tiyang ing sacêlaking tambak ingkang agêng limpanipun wontên 100%

--- 1654 ---

nanging sarêng ing taun 1927 namung kantun 9%. Ananging bab makatên wau adamêl kapitunanipun tiyang ingkang sami ngingah ulam.

Ing salêbêtipun tigang taun wontênipun têtiyang tilar donya ing Prabalingga mindhak malih. Mila Prof Dr. Walch, insêpèktur pananggulang sêsakit malariah, ing taun 1297[9] angambali nindakakên papriksan, tuwin damêl rekadaya nangguli tambak-tambak, murih toyaning sagantên botên lubèr dhatêng pasabinan. Ing sapunika sampun wontên rekadaya mêjahi ugêt-ugêt kanthi nglêstantunakên panggaotan ngingah ulam. Sampun tumindak ing Batawi, dhistrik pajarakan tuwin bawah Kabupatèn Kraksaan. Caranipun sarana ngêsat tambak, bandêngipun dipun giring dhatêng kalenan, manawi sampun kalih dintên dipun lêb malih. Mênggah pikantukipun sapisan, lumut ingkang tuwuh salumahing toya, ingkang adhakan dipun ênggèni ugêt-ugêt ludlowi, lajêng garing. Kaping kalihipun, lumut gajih ing dhasaring tambak, ingkang dados têdhaning bandêng, sagêd ngrêbda tuwuhipun. Nanging bab punika namung tumindak ing papan ingkang langkung inggil tinimbang lumahing toya sagantên manawi nuju surut. Mênggah tôndha yêktinipun pinanggih nalika niti priksa ing kampung Panggung, Pasuruan, kala ing taun 1927, kampung wau sanadyan dipun kêpung ing tambak, nanging têtiyangipun sami saras-saras. Beda kalihan têmbing kitha ingkang sisih kilèn, amargi tambakipun botên kenging kareka makatên, mila sapunika tambak wau lajêng dipun urug.

[Grafik]

Para murid N.I.A.S. nuju sinau kawruh ngèlmu pamisah.

Makatên ugi ing Banyuwangi, sarêng katindakakên kados Prabalingga, sarana ngilèkakên toya sagantên dhatêng tambak, cacahipun lare ingkang agêng limpanipun ing taun 1927 wontên 80.5% sarêng taun 1929 namung wontên 26,4%.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, tumrapipun ing tanah ngare tuwin parêdèn, lêmutipun ingkang nuwuhakên sêsakit malariah beda jinisipun, namanipun lêmut acunitus tuwin moculatus, dunungipun wontên ing tanah ngare tuwin ing parêdèn ingkang botên patos inggil. Lêmut acunitus paniganipun wontên ing kalèn ingkang tuwuh sukêtipun saha ingkang rungkut, ing sabin lêbar panèn ingkang taksih nyêmêk-nyêmêk. Lêmut moculatus paniganipun namung wontên ing kalèn tanah parêdèn ingkang kasorotan srêngenge tuwin bêning toyanipun. Mila sawênèhing kabudidayan ing parêdèn tanah Jawi Wetan kêrêp katrajang sêsakit malariah. Jalaranipun inggih saking lêmut [lêmu...]

--- 1655 ---

[...t] moculatus wau.

Kandharan[10] ing nginggil punika kados sampun cêkap kangge katrangan, murih tiyang sagêd nindakakên rêrigên sawatawis, lan sagêd mangrêtos bilih pambengkasing sêsakit malariah punika botên baèn-baèn.

[Iklan]

Kawontênanipun Kawêkêlan Tiyang Siti ing Propènsi Jawi Wetan

Karanganipun M. Sunjata.

[Grafik]

Tuwan M. Sunjata.

Sayêktosipun kenging dipun wastani, bilih kawêkêlanipun têtiyang siti laladan propènsi Jawi Wetan punika botên dipun sumêrêpi ing tiyang. Wontênipun botên sagêd katingal, jalaran saking awis-awisipun wontên panggaotan. Kêrêp kemawon manawi nuju badhe ngawontênakên tèntunsêtèlêng, rêkaos sangêt sagêdipun angsal panggaotan-panggaotan wau, mèh kenging dipun wastani anggènipun pados ngantos tharuthukan.

Nanging botên kok kenging dipun wastani bilih panggaotanipun tiyang siti botên wontên, inggih [ing...]

--- 1656 ---

[...gih] pancèn wontên nanging jalaran saking lampahing jaman tuwin prêlunipun, kagunan wau saya dangu saya ical.

Manawi ngèngêti wêkêl-wêkêlipun tiyang jaman rumiyin, kados ta wontênipun tôndha-tôndha ingkang kêpêndhêm, ing gambar-gambar rêca tuwin candhi-candhi, makatên malih manawi mirid namaning dhusun-dhusun utawi kampung-kampung, nandhakakên manawi panggenaning kawêkêlan, kados ta mèh sabên nagari wontên dhusun ingkang nama Pandhean, Bubutan tuwin Sayangan, ing ngriku têtela bilih ing rumiyinipun kawontênaning kawêkêlan wau majêng tuwin gêsang, amargi tiyang botên sagêd namakakên dhusun makatên wau, bilih botên gêgayutan kalihan padamêlan ingkang dipun tindakakên dening têtiyang ing ngriku. Têtiyang taksih sagêd nitik saking tilas-tilasipun.

[Grafik]

Tukang marmêr ing Trênggalèk.

Dene tumindaking kawêkêlan-kawêkêlan wau sagêdipun gêsang jalaran saking dipun bêtahakên ing têtiyang ingkang badhe ngangge, saha anjalari dados tuking panggêsanganipun ingkang ngupa jiwa. Sarêng pasrawungan gêsang saya cêcampuran kalihan bôngsa warni-warni, ingkang dhatêng ing Indhonesiah, panggaotan ingkang gêgayutan kalihan tiyang ngamônca wau ugi dados rêrêbatan, bab punika botên prêlu dipun gumuni, ingatasipun satunggiling bôngsa sagolongan ambudidaya supados sagêd angsal kauntungan saking golongan sanèsipun. Punapa mênggah ingkang kawigatosakên piyambak ing nguni, inggih punika ing bab bêtahipun bôngsa-bôngsa wau piyambak, lan ugi botên anèh bilih ugi madosi kabêtahanipun bôngsa ing ngriki, kanthi nindakakên rekadaya ngawontênakên barang-barang ingkang dipun rêgèni mirah. Dhatêngipun bôngsa sanès wau ing ngriki, botên namung pawitan kêndêl kemawon, botên namung ngrumaosi ijèn, tuwin purun tuna, malah manawi wontên prêlunipun inggih puruh toh pêjah, punapa malih mawi dhêdhasar kasagêdan, tamtu kemawon sagêd kasêmbadan sêdyanipun. Kabêtahan-kabêtahan wau tumrapipun bôngsa ngamônca dipun sinau tuwin dipun tandangi utawi dipun tindakakên sarana mêsin. Tindak makatên punika anjalari angsal-angsalaning barang kathah tuwin rêginipun mirah, dene panirunipun mèh sami, tamtu kemawon têtiyang sami rêmên, lajêng anjalari kiranging tiyang nindakakên kawêkêlan piyambak, tuwin saya kirang wontêning dêdamêlanipun tumrap para ngudi kawêkêlan. Kawontênan ingkang kados makatên punika anjalari [anjalar...]

--- 1657 ---

[...i] kathahing panggaotan-panggaotan ingkang kukut, lajêng santun kawêkêlan sanès, upaminipun damêl barang-barang ingkang prêlu dados panggaotanipun tiyang sanès.

Pandhe-pandhe ingkang rumiyin gadhah bêsalèn piyambak, sapunika dados rencang ing pandhean sanès, bilih nglajêngakên panyambutdamêlipun, namung adamêl peranganing barang-barang kabêtahaning panggaotanipun bôngsa liyan.

Tukang-tukang sayang, tukang-tukang bubut, lan sanès-sanèsipun malih, ugi makatên.

Têtiyang wau ingkang kathah botên nyêkapi kasagêdanipun tuwin sami rêmên nganggur, ugi wontên ingkang pados padamêlan sanèsipun utawi namung nglastantunakên punapa pêpakulinanipun, mila gêsangipun saya dangu saya rêkaos. Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên wau, kawêkêlan tiyang siti ingkang asli saya dangu kenging dipun wastani mèh sirna. Ingkang pinanggihing sapunika namung kantun satunggal kalih kemawon, kadhingkala dipun wêdalakên dhatêng tèntunsêtèlêng, nanging botên sade barang-barang ingkang umum, namung sade barang kangge anèh-anèhan, utawi pakulinanipun nindakakên padamêlan namung kangge têtingalan. Mriksanana gambar ing karangan punika.

[Grafik]

Tukang ngêcap sinjang ing Tulungagung.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, botên kok kawêkêlan tiyang siti punika botên wontên, ugi wontên, nanging botên wujud kawêkêlan asli, inggih punika niru kawêkêlanipun bôngsa ingkang dhatêng ing ngriki, kados ta tukang sêpatu, tukang kasur tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau jalaran namung saking kabujêng, bilih tumindak makatên kemawon sampun sagêd angsal padamêlan tuwin têdha. Dados kagunanipun wau namung saking nêniru, botên saking wulangan, tamtu kemawon kasagêdanipun kirang sampurna. Kajawi punika têtiyang wau ugi kirang paham dhatêng sarana tuwin pranatan, inggih punika pranatan kangge pados pawitan utawi panyadening pamêdalipun, bab punika tamtu ugi anjalari kirang sampurnaning panataning padaganganipun, salajêngipun ugi kawon kalihan bôngsa sanès ingkang sampun kulina tuwin sumêrêp dhatêng daganganipun ingkang dipun tiru wau. Jalaran saking awis anjalari kirang sampurnaning kawontênanipun.

--- 1658 ---

Ngèngêti andharan ing nginggil, prêlu sangêt tumraping golongan wau dipun wontênakên rekadaya enggal, inggih punika sambêt kalihan wontênipun pamulangan-pamulangan kriya, kanthi dhêdhasar wiwit sinau ngantos dumugining tamating lare-lare wau, supados ing têmbe sasampunipun mêdal nyêkapi kasagêdanipun lan sagêd nindakakên panggaotan piyambak, kados ta: meubelmaker, tukang bêsi, horlogemaker tuwin sanès-sanèsipun kanthi dhêdhasar dagang.

Lan malih kêdah dipun èngêti, bilih tiyang guna punika kajawi nênukang ugi kêdah lampah among dagang.

Kajawi punika kêdah dipun wontênakên kantor advies bureau ing bab prakawis kawêkêlan dagang, ing ngriku para têtiyang guna ing sapunika, sagêd angsal tuntunan tuwin pitulungan anyêkapi ing bab kawêkêlan, awit sanadyan gadhah kasagêdan, ananging manawi tanpa tuntunan tuwin bêbantu pawitan, inggih botên sagêd majêng tuwin lêstantun gêsang.

Ing bab punika kula gadhah pamanggih, bilih Propènsi Jawi Wetan punika mundur sangêt dhatêng bab wontênipun kawêkêlan, tuwin bab sadaya wau manawi namung dipun kèndêlakên kemawon, botên tumuntên dipun pitulungi tuwin nênangi kawêkêlan-kawêkêlan wau, kenging dipun wastani bilih Propènsi Jawi Wetan kecalan kawruh bab kawêkêlan.

Sunjata.

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. Naskah rusak (dan di tempat lain). (kembali)
2. § Bôngsa Eropah 54397, bôngsa mônca wetanan 154305, tiyang siti, 13226434, gunggung 13435136. (kembali)
3. sampun. (kembali)
4. punika. (kembali)
5. nalika. (kembali)
6. § Mirid kawontênanipun sapunika, kumisi Oeroesan Ekonomie ingkang dipun êdêgakên dening Indonesische Studieclub wau, sawatawis dintên malih badhe miyarakên padamêlanipun bang kopêrasi, dumugi sajawinipun Surabaya. Wawasan punika miturut rêmbag pangandikanipun Tuwan Prof. Boeke pêpanggihan wau kalampahan kala tanggal kaping 19 Oktobêr 1929 wontên ing dalêmipun pangarsa Indonesische Studieclub, inggih punika pêpanggihanipun Tuwan Prof Boeke tuwin Dr. v.d. Kolff kalihan kumisi Oeroesan Ekonomie wau. (kembali)
7. ingkang. (kembali)
8. sadaya,. (kembali)
9. 1927. (kembali)
10. Andharan. (kembali)