Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-28, #588

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-28, #588. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-28, #588. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 8, 8 Pasa Taun Jimawal 1861, 28 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [113] ---

Ăngka 8, 8 Pasa Taun Jimawal 1861, 28 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm

Padhangpanjang

[Grafik]

Ing Nginggil punika gambar sêsawangan ing sacêlakipun kantor pos, kantor têlêpun, saha ing sisih kiwa piyambak kantor asistèn residhèn.

--- 114 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Galsteenziekte.

Sêsakit watunên ing kanthonganing rêmpêlu (galblaas).

Sadèrèngipun kula nêrangakên bab sêsakit punika kula sadaya kêdah nyumêrêpi rumiyin kawontênaning wêtêng têngên, nginggil jèjèr kalihan wadhuk, lan tumèmpèl iga ngajêng têngên, wontên jêroan, namanipun ati (lever), ing ngandhap lever sisih kiwa gandhèng kalihan ati wontên plêmbungan, manawi isi malêmbung, agêngipun sami kalihan jambu mede ingkang alit, inggih punika galblaas wau.

Ati wau ingkang saras ngêdalakên toya gal warni jêne sêpuh sêmu ijêm, gal ing lêbêt ati wontên pipanipun lêmbat-lêmbat anjog ing galblaas, galblaas wau warninipun saèmpêr kadosdene têlih ayam, manawi isi gal sagêd malêmbung, lan sagêd mimpês samăngsa kothong, gal wau mêdal saking galblaas nurut pipa anjog ing usus alus, ing ngriku gal sagêd andayani ajuring têtêdhan ingkang wontên ing usus wau. Cêkakipun galblaas punika panggenan kêmpalipun gal, cara Jawinipun ingkang dipun wastani: pêru, utawi rêmpêlu.

Jalaran sêbab-sêbab ingkang tiyang dèrèng sagêd nyumêrêpi, gal wontên ing lêbêt ati utawi ing galblaas sagêd dados kênthêl, lan sagêd dados watu (galsteen) utawi manawi lêmbat-lêmbat kadosdene pasir (galgruis) dene kathah kêdhikipun botên mêsthi.

Sêsakit punika asli saking turunan, jalaran ewahing jêroan ing lêbêt wêtêng. Adat ingkang nurunakên sêsakit punika, trêkadhang saking waris jalêr, utawi saking èstri, kajawi sakit watunên, asring gadhah sêsakit niersteenziekte, sêni manis, kêlêmon lan sapanunggilanipun.

Ing jaman rumiyin para dhoktêr gadhah pangintên utawi pamanggih bokmanawi jalaranipun sakit ing ati utawi ing galblaas ingkang andayani dhatêng gal lajêng sagêd dados kênthêl utawi dados watu wau. Pamanggih ingkang makatên punika kalintu, awit wujudipun mayit-mayit, ingkang suwau gadhah sêsakit watunên ing ati utawi ing galblaas, kabikak botên ewah utawi botên pinanggih wontên sêsakitipun ing ati utawi ing galblaas.

Tiyang băngsa Eropah adat kathah ingkang kataman sêsakit punika tinimbang tiyang Asiah (Jêpan, Tionghwa, Indhonesiah) jalaran tiyang băngsa Eropah kulina nêdha daging kathah, tiyang Asiah racak-racak kathah ingkang nêdha sêkul lan janganan, ingkang nêdha daging botên sapintêna. Ingkang kathah katrajang sêsakit punika tiyang èstri.

Ingkang kataman sêsakit punika manawi pinuju kumat, ing sisih têngên ulu ati utawi sisih têngên cakêt wadhuk, ing ngandhap iga kraos sakit, jalaran watu anggêpok ing lêbêt galblaas utawi [u...]

--- 115 ---

[...tawi] watu ing lêbêt pipa ingkang anjog ing usus alus, watu wau ingkang langkung agêng saya anggêpok utawi nyrèmpèt, kluwung pipa ngindhakakên kraos sakit, kraos sakit makatên wau limrahipun dadakan, botên katawis sadèrèngipun, botên ngêlu botên mumêt dhatêng sirah, botên ênêg, ujug-ujug lajêng kraos sakit nyogok-nyogok ing sisih têngên cakêt wadhuk, utawi ulu ati wau, jalaran saking nênêdha ingkang botên cocog ing wadhuk, nênêdha têtêdhan ingkang pêdhês, utawi sanèsipun, makatên ugi yèn badan kangge nyambutdamêl rêkaos, kenging sêsakit nular, sabukan utawi kêndhitan ingkang kêkêncêngên, sêsakit watu sagêd kumat.

Limrahipun sêsakit wau sagêd kumat 4 a 5 jam, sabibaripun nêdha ingkang kêladuk kathahipun, botên mawang punapa ingkang katêdha wau, trêkadhang botên wontên sabab ingkang anjalari kumatipun sêsakit wau, ujug-ujug kraos sakit nyogok-nyogok, ingkang sangêt punika ing ati, utawi ing wadhuk kraos sakit nyogok dumugi ing gêgêr, pundhak, lan bau têngên, ing wêtêng, lan trêkadhang ing dhadha (hartstreek).

Manawi kumat, ingkang sakit nuntak-nuntak, badanipun bêntèr andhrodhog, sêsêg ing dhadha, cêgukên, sêni kirang utawi mampêt, sok sêmaput, trêkadhang nuntak, botên kèndêl-kèndêl, ewasamantên kraosipun sakit nyogok botên sagêd ènthèng, panggêng kemawon. Manawi kapriksa dipun grayang ing panggenan ing ulu ati sisih têngên ing ngandhap iga, ingkang sakit kraos sakit, langkung malih manawi galblaas isi kathah watunipun, utawi galblaas sampun dados atos, punika kagrayang katawis mrongkol atos.

Trêkadhang sasampunipun mêndha utawi kèndêl nyogok-nyogokipun, ingkang sakit katingal jêne (geelzucht), ingkang makatên punika jalaran saking galblaas kathah isinipun watu lajêng ngalang-alangi wêdalipun gal dhatêng usus, utawi samăngsa pipa galblaas ingkang anjog ing usus kabunton ing watu, ananging ingkang asring makatên wau botên mêsthi, jalaran saking wontênipun watu ing galblaas kemawon, awit ing usus alus utawi ing wadhuk, ingkang ngêdalakên umbêl (slijm) inggih sagêd nukulakên warni kados sêsakit kuning punika, jalaran bolongan pipa galblaas ingkang anjog dhatêng usus kabunton umbêl wau ngantos gal botên sagêd mêdal.

Sêsakit watunên ing galblaas punika adat watunipun kèndêl wontên ing galblaas ngriku, trêkadhang watu wau pinanggih ing sêsukêripun ingkang sakit.

Manawi galblaas kabunton botên sagêd ngêdalakên gal, tiyang ingkang sakit kuning wau sêsukêripun katingal pêthak, dene yèn watu sampun sagêd mêdal utawi katut dening sêsukêr, sêsukêripun katingal kuning, awit gal wau dayanipun sagêd damêl kuning dhatêng warninipun sêsukêr.

Manawi watu wau agêngipun sakêmiri utawi langkung, sagêdipun mêdal anjog ing usus kêdah ambêdhah utawi ambutulakên galblaas lan usus [usu...]

--- 116 ---

[...s] alus, tandhanipun lajêng ngêdalakên êrah, trêkadhang watu ingkang alit, sagêd katut utahipun ingkang sakit, punika jalaranipun watu ingkang sampun anjog wontên ing usus, lajêng lumêbêt ing wadhuk, dados samăngsa ingkang sakit nuntak-nuntak, watu sagêd katut mêdal sarêng utah-utahan.

Sêsakit watunên ing galblaas awis ingkang niwasi, nanging sêsakit punika kumatipun sagêd rambah-rambah lan kraosipun sakit nyogok-nyogok sangêt, langkung malih tinimbang blinderdarmontsteking, niersteenziekte, sagêd sabên wulan kumat, trêkadhang sabên taun. Badhe kasambêtan.

Jagading Wanita

Griya Pamondhokan Lare-lare Èstri Băngsa Tionghwa

Kala dintên Ngahat tanggal 17 Januari ingkang kapêngkêr, ing Batawi sampun dipun wontênakên pambikakan griya pamondhokan tumrap lare-lare èstri băngsa Tionghwa, manggèn ing Sêtrèswèksêtrat (Salembah). Tamu golongan băngsa Tionghwa ingkang dhatêng kathah. Ingkang mêdhar sabda inggih punika Nonah Thung, Nonah Tan saha Dr. Kwa. Griya pamondhokan wau sampun dipun adêgakên kanthi pitulunganipun têtiyang Tionghwa. Ing salebêtipun sawatawis wulan kemawon sampun sagêd ngalêmpakakên arta 3000 rupiyah, mila griya pamondhokan wau inggih lajêng tumuntên sagêd ngadêg. Arta bayaran katêtêpakên botên kirang saking 50 rupiyah saha botên langkung saking 80 rupiyah ing dalêm sawulan. Samangke wontên panggenan kangge lare gangsal wêlas. Kangge sawatawis măngsa ingkang kaangkat dados dhirèktrisê Nonah Thung.

[Grafik]

Griya pamondhokan P.P.I.I.

Awit saking ada-adanipun P.P.I.I. kala malêm [ma...]

--- 117 ---

[...lêm] Sênèn tanggal 18 Januari ingkang kapêngkêr, ing gang têngahing Bêtawi sampun dipun adêgakên griya pamondhokan tumrap lare-lare èstri băngsa pribumi. Nyonyah Harjana, pangarsanipun komite ngadêgakên griya pamondhokan wau, anêrangakên bilih ancasipun griya pamondhokan kasêbut nginggil botên namung kangge pondhokan kemawon, nanging ugi kangge papan panggulawênthah. Lare-lare èstri ingkang sami mondhok ing ngriku badhe dipun gêgulang dhatêng kabaresan, punapadene badhe dipun prêdi supados ing benjing sagêd anglajêngakên padamêlanipun P.P.I.I. ingkang minăngka ibunipun tanah Indhonesiah.

Satêlasing sorahipun Nyonyah Harjana, kirang langkung wontên utusan gangsal wêlas sami suka wilujêng dhatêng adêgipun griya pamondhokan wau saha wontên ingkang andamêl wawasan bab griya pamondhokan tuwin panggulawênthah lare èstri.

Salêbêtipun wêkdal kangge ngaso, para tamu sami kaaturan mriksani kawontênanipun ing griya pamondhokan wau. Jam sanga, sasampunipun pangarsa ngaturakên panuwunipun dhatêng para ingkang sami rawuh, lajêng bibaran.

Pakêmpalan Kasusastran Jawi

Awit saking ada-adanipun priyantun Jawi sawatawis kala dintên Ngahad tanggal kaping 25 Januari punika ing gêdhong Kats-Instituut ing Tanah Abang Wès Bêtawi, sampun dipun wontênakên parêpatan, wosipun anuju dhatêng adêgipun pakêmpalan kasusastran Jawi. Ingkang dhatêng wontên priyantun gangsal wêlasan. Parêpatan dipun tapukakên dening Tuwan Dwijawiyata, angandharakên bilih kawruh basa punika saya dangu saya jêmbar têbanipun, botên têlas-têlas, mila prêlu dipun wontênakên pakêmpalan minăngka papan pamrêsudi kasusastran Jawi. Lajêng sinambêtan sêsorahipun Tuwan Suharda, angandharakên sawatawis bab kasusastran Jawi Kina saha munduripun kasusastran Jawi sabakdanipun Rănggawarsitan. Dumuginipun sapunika dèrèng wontên kumisi utawi bêbadan ingkang amrêsudi basa Jawi. Inggih lêrês rumiyin sampun wontên bêbadan Mardibasa, nanging botên antawis lami lajêng pêjah. Mila wontênipun samangke taksih kathah sangêt ingkang prêlu dipun dandosi. Mênggah ingkang dados rancanganipun pakêmpalan wau inggih punika:

1. Amawas buku-buku (boekbespreking).

2. Ngrêsikakên basa, ngiras pantês, nglêmpakakên prabot-prabot paramasastra sapanunggilanipun.

3. Nyinau dhialèk-dhialèk.

Prakawis ingkang ăngka satunggal, prakawis amawas buku-buku sampun anuwuhakên rêmbag rame. Tuwan Purbacaraka kêncêng dhatêng bab wau, jalaran dumugi sapunika dèrèng wontên cara makatên wau tumrap buku-buku Jawi, botên kados buku-buku Walandi, ingkang kathah sampun sami dipun wawas. Tuwan [Tu...]

--- 118 ---

[...wan] Sastrawijana ragi botên mathuk dhatêng bab wau, awit kamanah gawat, langkung sae prakawis ngrêsikakên basa kemawon dipun udi rumiyin.

Wasana sarampungipun rêmbag-rêmbag pakêmpalan lajêng katêtêpakên angadêg-ingkang kapilih minăngka pangrèh inggih punika: pangarsa, Tuwan Dwijawiyata, panitra Tuwan Suharda, panitya, Tuwan Andagawedyakaryasa. Tuwan Purbacaraka kaangkat dados juru pamrayogi.

Pakêmpalan wau rancanganipun sabên wulan badhe ngawontênakên pêpanggihan, dene ingkang tumuntên badhe karêmbag inggih punika bab nunggilakên têtêmbungan, ngrêsikakên basa sapanunggilanipun.

Nitik rancanganipun, pakêmpalan wau pancèn agêng jangkanipun, awit wontênipun basa Jawi ing wêkdal samangke upamia olah-olahan makatên, matêng botên, mêntah inggih botên. Risaking basa saèstunipun sagêd dados lantaran risaking băngsa. Botên langkung mugi pakêmpalan wau sagêda widada, sagêda walagang kados jabang bayi ingkang siniram ing toya gege, sagêda tumuntên angraosakên wohing padamêlanipun, namung kemawon sampun lajêng kataman sêsakit kêmba, jêr wontênipun agêng punika saking alit, wontênipun inggil saking andhap.

Ja.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar gêdhong pakêmpalan Himpoenan Soedara, pakêmpalan wau salah satunggiling pakêmpalanipun tiyang pribumi ingkang sampun dangu saha agêng bandhanipun. Dumuginipun sapunika umuripun kintên-kintên sampun wontên 17 taun, pakêmpalan wau sakawit dipun adêgakên dening para sudagar băngsa pribumi sawatawis ing Pasarbaru, Bandhung. Saya lami pakêmpalan wau saya agêng, warganipun saya kathah, botên namung sudagar kemawon, nanging tiyang tani ugi kathah ingkang sami lumêbêt dados warga. Samangke pakêmpalan wau sampun sagêd mitulungi para warganipun ingkang bêtah pawitan kangge among dagang tuwin olah têtanèn.

--- 119 ---

Kamajêngan

Kamajêngan Gandhèngipun kalihan Kagunan Jawi

Wiwit ngancik ing jaman ingkang winastan jaman kamajêngan, dumugi sapriki lampahing kagunan kita pribumi ingkang asli kawruh kita piyambak, kaetang botên sagêd majêng sêsêngkutan kapara malah namung tansah mundur (suda-suda), wontên ugi ingkang kêlajêng ical babarpisan botên kalampah malih, inggih jalaran pandhêsêking jaman majêng wau punika, dumugi samangke lampahing kamajêngan saya tambah pêsat sangêt.

Ingkang winastan kamajêngan punika, katranganipun sadaya gagra(ada-ada)g ingkang modhèl enggal, dados dede majêng utawi sêngkutipun kagunan kita pribumi: punika dede. Wondene gagrag-gagrag enggal wau ingkang têmtu mulabukanipun sakawit saking băngsa mănca, kita namung kantun ngawaki ngangge utawi manggih, botên sagêd adamêl gagrag utawi ada enggal piyambak, nanging sarêng ngawontênakên ada piyambak malah adamêl icalipun kagunan kita ingkang kalampah sampun wiwit kina-makina, mangke badhe kacariyos ngandhap.

Ingkang dipun wastani lampahing kamajêngan pêsat sangêt, punika dening sadaya gagra(modhèl)g malih, bêbasan namung sagêbyaring calèrèt (caleretan), sapunika nyariyosakên satunggaling gagrag kita pribumi ingkang malah sagêd damêl munduring kagunan kita, sawêg saprakawis kemawon bab sandhang panganggèn, kalihan cêkak kados ing ngandhap punika:

Ing jaman wingi-wingi rikalanipun dèrèng jaman kamajêngan, băngsa kita pribumi kenging kagêrba, jalêra èstria, tiyang sêpuh punapadene lare sampun diwasa, sandhang panganggenipun padintênan punapa ingkang pameran pisan, nêmtokakên asli kagunan Jawi, inggih punika sinjang lurik warni-warni, tumrap panganggèn jalêr kados ta: rasukan, sabuk, trêkadhang bêbêd utawi sarung ugi wontên ingkang ngangge lurik, panganggèn èstri malah sapangadêg pisan kêlimrah lurik-lurikan, tapih, kêmbên, rasukan dalah salendhangipun, ing kitha-kitha, ing padhusunan kalêbêt para luhur, para priyantun agêng kakung putri, ugi sami botên tilar panganggèn bangsaning sinjang lurik. Amila cacahipun kagunan nênun sinjang lurik jaman samantên ing tanah Jawi ngriki botên narimah namung atusan kemawon, malah ewon gunggung kêmpalipun, ingkang misuwur piyambak sae sarta awèting panganggenipun, lurik wêdalan ing Banyumas.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan punika, cacahipun băngsa kita pribumi ingkang taksih purun mangangge sandhangan sinjang băngsa lurik damêlan Jawi, kadugi namung kantun saparasakawan utawi: 25 prêsènipun saking cacah jiwaning têtiyang siti ingkang mayuta-yuta gunggung kêmpalipun. Makatên malih cacahing tiyang ingkang nindakakên kagunan nênun lurik, inggih ugi lajêng namung kantun sakêdhik sangêt, amargi cacah jiwaning băngsa kita Jawi, jalêr èstri kalêbêt lare, sapunika kintên-kintên wontên tigang prasakawanan [prasaka...]

--- 120 ---

[...wanan] utawi: 75 prêsènipun saking cacah jiwaning têtiyang siti ingkang sampun botên purun mangangge sandhangan bangsaning sinjang lurik, lajêng sami malik mangangge sinjang bathik, sutra, tuwin băngsa cita-cita sapanunggilanipun ingkang wêdalan utawi kagunan mănca, dede kagunan kajawèn.

Sarèhning sandhangan ingkang băngsa sinjang sampun malik gagrag dados bathik, bêbêd, tapih, kêmbên, salendhang sapanunggilanipun, mêsthinipun kagunan kita pribumi bab bathik lajêng sagêd majêng, botên, malah kenging dipun wastani saya ngrêkaos tumindakin,[1] dening sapisan: cacah jiwaning băngsa warni-warni ing tanah Jawi tansah saya wêwah-wêwah kathahipun, dados wontênipun kagunan bathik lajêng suk-sukan sangêt, botên wande băngsa kita têtiyang siti ngriki piyambak ingkang dhawah wingking. Kaping kalihipun: jaman wingi-wingi punika pirantosipun kagunan bathik punika wontên pintên-pintên bab ingkang damêlan utawi wêdalan ngriki piyambak, wêdalan saking mănca namung mori kalihan malamipun kemawon. Wangsul sapunika, kita namung kantun kabagian angwontênakên tambahan bumbu soga thok awarni toya tawa, apu kalihan jêram pêcêl, pirantos tuwin bumbu sapêpakipun sampun rampung saking mănca sadaya, dalah bumbu-bumbu damêl sinjang sêkaran, gadhung, kêthèl, sindur sapanunggilanipun ingkang rumiyin-rumiyinipun ugi mligi damêlan Jawi, sapunika inggih sampun dipun wontênakên saking mănca sadaya, ingkang limrahipun karan soga près sarta wèntêr. Sumăngga, ta: anggèn kita badhe ngajêngakên kemawon kadospundi, tumrap kagunan Jawi prakawis bathik kita rumaos sampun wêgah nututi majêngipun, langkung-langkung prakawis jinising cita-cita badhe rasukan sasaminipun saya nyamut-nyamut tangèh sampun sagêda nututi. Beda kalihan kagunan kita ingkang asli, ing bab prakawis bangsaning sinjang lurik, dringin, cindhe sasaminipun, ing raos taksih kaconggah ngajêngakên ingkang sagêd salaras kalihan galagading jaman majêng, yèn ta taksiha lêstantun kalimrah kangge sadhengah tiyang băngsa pribumi kados wingi-wingi.

Kajawi ingkang kasêbut ngingil, sayêktosipun taksih wontên malih pintên-pintên prakawis kamajêngan-kamajêngan kita ingkang anjalari kamunduranipun kagunan pribumi, nanging dèrèng prêlu kaandharakên ing ngriki mindhak ngêbaki papan, sanès dintên bokbilih wontên prêlunipun karêmbag malih supados botên ambosêni para maos.

Kawuningana, andharan kasêbut nginggil wau kula botên badhe mêmaoni utawi nyênyeda gagraging kamajêngan kita pribumi, botên pisan-pisan ananging lugu namung ngandharakên kawontênan kanyataanipun makatên. Wusana lêpat kula nyuwun gunging pangaksama para maos.

P.K. 585.

--- 121 ---

Kawruh Sawatawis

Pantun

Kula, tiyang Jawi, manawi sumêrêp pantun, langkung-langkung ingkang taksih ngadêg wontên ing sabin, ingkang sawêg surat-surat jêne, raosipun: ayêm. Bokmanawi kabêkta wiwit saking guwagarbaning biyung dumugi ngajêngakên kukut tansah ambêtahakên sarining pantun. Kula sampun nate mirêng ginêmipun tiyang makatên: ing sawijining dina wayah sore nalika pikiranku pêtêng, aku mlaku-mlaku murih ilanging pêpêtêng. Barêng lakuku têkan ing sawah kang tandure lagi gumundha lêmara, tur ora kaparag ing ama, nyês atiku, pêpêtêngku sumingkir. Aku mandhêg, wêktu iku angin midit mănda-mănda, masesa tandur, godhonging tandur obah senggol-sinenggol, kaya-kaya bocah-bocah lagi srêk padha dolanan, anggêguyu pating cêkikik ora anggape ana wong têka, sing wis ngadêg nganti suwe. Kala-kala tiyang sagêd makatên, upami tanêm sawêg wiwit malêcuti, manawi anggènipun ningali dipun êmatakên, kados-kados wontên swara makatên: mara dêlêngên, iya iki cucuking ajurit minăngka cêcala, kănca-kănca wis padha siyaga, mung kari ngêntèni măngsa kang sêla. Manawi anggènipun ningali saya dipun êmatakên malih pangraos wontên swara nguwuh-uwuh makatên: hèh kănca-kănca, mula nyata, paningal bisa bawera, sorot baskara mawèh kêngkênging angga, aja kakehan pangrasa, enggal padha mêtua, mumpung tan ana parangmuka, ambarêngana lan wimbaning sasăngka, iku luwih utama. Manawi sampun mratak katêmpuh ing samirana ing sêmu pating craèk sami nyuwara: ayo kănca-kănca enggal cekat-cèkêt padha tumungkul, sapa sing kurang cukat, aja takon dosa, masthi ana păncabaya têka, kêbanjur wurung sumurup marang ibu pratiwi, kapêksa mung tumênga ing ngakasa. Kosokwangsulipun, tiyang pêtêng nalaripun saya karănta-rănta ing manah manawi mrangguli tanêm ingkang kaparag ing ama, èsthanipun sami lamat-lamat sêsambat mêlas-arsa: dhuh Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi paringa pangaksama, tangèh amba sagêd akarya sukaning para janma, dêstun anjalari duhkita, jêr amba tansah tinênggan ing bêbaya. O, manungsa, iya puluh-puluh, kapêksa padha rawat êluh, ora ana ingkang luwih mungguh, muga-muga panjênêngan sagêda tuwajuh.

Manawi pantun sampun sêpuh akêlu, sabên wontên tiyang dhatêng sajak sami grunêngan makatên: êh, kêbangêtên manungsa, aku rak ora mikir, apa ilok, aku rak iya wis mêlok, yèn wis kêluk keklok, suprandene ora tau dilongok. Aku kasêlak ora krasan, kasêlak ora kuwawa nandhang, sarta wis ora wêntala ngrungokake pasambate gulu, kang wis cêngêng ora kuwat nyăngga aku, nganti wis pêpês, godhong wis padha garing ngalinthing wis suthik nyadhiyakake pangan, kang aku iya wis ora ambutuhake. Kang dak èsthi-èsthi rinawêngi enggala kumpul nunggal lan kancaku uyêl-uyêlan, sabanjure aku bakal malês kabêcikane manungsa. Balik [Bali...]

--- 122 ---

[...k] aku ora enggal-enggal diêpèk, sangsaya bangêt ing nalangsaku, ora wurung aku bakal gogrog, bêgja-bêgjaku mung cinocor ing bèbèk. Dhuh manungsa, tolèhên aku. Pantun ingkang kêlu-kêlu punika racakipun gadhahanipun tiyang sugih, utawi ing papan ingkang sakêdhik jiwanipun, ngantos baunipun botên nyahak[2] angênèni.

[Grafik]

Sêsawangan tanêman pantun ing tanah Bogor.

Wiwit tanêm dumugi pantun wêwulenan utawi gabah, katingal sangêt dipun êla-êla ing manungsa, beda kalihan sasampunipun dados sêkul. Tandhanipun: wunu saha gabah ingkang kècèr, nadyan botên ambalasah masthi dipun êjumi anjalimêt. Batosipun: ah, eman-eman bangêt iki rak iya perangane sing akèh kae. Namung ingkang nalangsakakên, sarêng sampun dados arta, anggènipun nanjakakên asring botên ngèngêti nalika thina-thini wontên ing pasabinan, saupami tiyang nanjakakên kaskaya sairib kados juru tani angêjumi wunu, amasthi mikantuki ing gêsangipun.

A. Kartaatmaja.

--- 123 ---

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Kapal Sembilan ingkang kula tumpaki, lampahipun têrus siyang dalu, kombak-kombul kambang-kambang 13 dintên, tanpa kèndêl, saking Padhang ngênêr ngilèn lajêng ngalèr, menggok lumêbêt ing laoetan merah, ing dintên Slasa Manis, tanggal 9-12-'30. Kapal Sembilan kèndêl ing karantina Kamran. Nanging kalêrêsan kapal Sembilan ingkang kula tumpaki punika, ing Kamran namung kèndêl ± 3 jam, sadaya ingkang sami numpak botên mêdhak, ananging tuwan dhoktêr ing Kamran ingkang minggah ing kapal Sembilan sarêng-sarêng verpleger tuwin pangagêng Kamran, prêlu mriksa brêsihing panggenan jamangah lan palkah-palkah tuwin dhèg-dhèg, sasampuning cêkap pamriksanipun, tuwan dhoktêr enggal sami mêdhak, botên dangu kapal Sembilan têrus lumampah malih, nanging lajêng karindhikakên, awit Laoetan Merah toyanipun cêthèk, dados lampahipun ngatos-atos sangêt. Kula lan sadaya para kănca manahipun sami katingal bêgèr-bêgèr lan saras, malêmipun Kêmis Pon, sadalu muput sami ribut tingkês-tingkês, lan nata-nata badhe sami turun ing Jedah, sadaya jamangah sami dipun su-

[Grafik]

Untabing têtiyang jamangah kaji nalika mêdhak ing palabuhan Judah.[3]

--- 124 ---

kani kartu pos nyatunggal, prêlu kangge ngintuni kabar wilujêng dumugi Jedah dhatêng ingkang sami kantun, sasampuning kartu pos kasêrat, katêdha wangsul malih dening kapal, lan kapal ingkang badhe ngintunakên akanthi ambayar wragad prangkonipun.

[Grafik]

Gambar kantor konsul katingal saking ngajêngan.

Ing dintênipun Kêmis Pon, 11/12-'30 jam 8 enjing, dumugi ing pêlabuhan Jedah, nanging kuciwa baita agêng botên sagêd mèpèt ing dharatan, saking cêthèkipun, dados kapal Sembilan kèndêlipun taksih têbih. Sarêng kapal ngungêlakên pluit têngara, botên dangu tuwan Agent ing Jedah tuwin priyantun pulisi, minggah ing kapal, pêpanggihan lan suka wilujêng dhatêngipun kapal Sembilan ing Jedah, botên dangu kathah prau sampun mawi layar pêthak, inggih punika sampan kengkenan mêthuk dhatêng kula sakănca sadaya, supados kula sabarangipun numpak ing sampan wau. Sarêng sampan sampun mèpèt ing kapal, kula sakănca enggal cancut angudhunakên barang mawi tambang. Kados kerekan, ingkang nata lan ingkang nampèni tiyang-tiyang Baduwi kulining sampan, sarêng anggèn kula ngudhunakên barang-barang cangkingan sampun rampung, kula sakănca enggal sami mudhun saking kapal lan numpak sampan tumumpang sanginggiling barang-barang, sampan satunggal ingkang kula tumpaki wau sagêd momot 50 tiyang sabarangipun, pangraos kula Jedah wontên ing sawetaning kapal Sembilan dados sampan ingkang kula tumpaki kêdah mlampah mangetan, lampahipun elur urut-urutan, marginipun nêkak-nêkuk, dhasaripun karang, lampahipun sampan rindhik sangêt. Sarêng sampun lumampah ± 2 jam, sawêg sagêd mêntas ing dharatan, têrus lumêbêt ing gudhang agêng, sadaya barang kaêdhakakên ing gudhang bikakan ingkang sisih lèr.

Malêbêtipun kula sakănca jamangah saking kori butulan ingkang dipun jagi dening Havenmeester lan para sèh khaji Jedah saha Mêkah, sadaya sèh lênggahipun ajêng-ajêngan urut mawi kursi atharik-tharik, ingkang dipun adhêp, longkangan margi malêbêtipun jamangah-jamangah dhatêng gudhang agêng. Wêkdal tiyang kaji ngancik kori, satunggal-satunggaling tiyang dipun takèni, asalipun saking nagari pundi, lan badhenipun ing Mêkah mondhok dhatêng sèh sintên, kula piyambak sakănca ngangkên asal saking nagari Banyumas, badhenipun ing Mêkah mondhok dhatêng Sèh Mohammad Mohtar, têrus kula sakănca katampi dening Sèh Oemar Mohtar inggih punika

--- 125 ---

adhinipun Sèh Mohamad Mohtar sarêng-sarêng kairid ing gudhang barang-barang supados sami milih barangipun piyambak-piyambak, kas-kas, kranjang-kranjang lan kopêr-kopêr supados dipun bikaki, awit badhe dipun kumisi dening priyantun Haven ing Jedah. Sèh ingkang badhe kula pondhoki sampun sêdhiya kuli-kuli lan ugi sampun nyawisakên grobag, mawi katarik ing bihal, kangge ambêkta barang-barang kula sadaya. Sasampunipun, isi kas-kas, lan kopêr kapriksa sadaya, sadaya barang lajêng katampèkakên dhatêng kula piyambak-piyambak, têrus kaêmotakên ing grobag, kabêkta dhatêng griya pondhokan ing Jedah, kula sakănca sami tumut, ngiras angiringna grobag barang. Ing griya pondhokan sampun kêpêthuk ing Sèh Jedah nama Sech Chasan Djohdar manggèn ing griya agêng sungsun 5 cakêt akalihan langgar wakapan. Kopêr sandhangan lan patilêman kabêkta minggah ing kamaripun piyambak-piyambak, kas-kas, karung-karung lan sanès-sanèsipun sami katumpuk ing plataran margi sangandhaping griya.

[Grafik]

Tumpakan sêkêdhup ing Jedah.

Pondhokan ing Jedah namung dipun sêdhiyani lampu lan gêlaran, toya tumbas, têdha ocal piyambak. Enjingipun ± jam 8 kula sowan ing kantor Consul Nederland, prêlu nèkênakên pas saha tikèt, kula ugi mrêlokakên manggihi tuwan Secretaris Consul prêlu nêpangakên, lan wontên kaprêluanipun ingkang botên prêlu kula aturakên ing ngriki. Sasampunipun rampung kula wangsul ing griya pondhokan, wusana kula tampi prentah saking Sèh Jedah sarêng-sarêng Sèh Mêkah, nêrangakên dhawuh saking nagari Mêkah, bilih sadaya tiyang kaji wêkdal sapunika, saking Jedah dhatêng Mêkah ugi têrusipun dhatêng Madinah, wongsal-wangsul kêdah numpak motor utawi bis, botên kalihan numpak sêkêdhup. Bayaranipun langkung awis tinimbang sêkêdhup, mila sadaya lajêng sami bingung, saking mindhaking wragad tumpakan, inggih amargi saking cumpèning sangunipun, lajêng warni-warni kajêngipun, wontên ingkang sagah namung dumugi Mêkah kemawon, wontên ingkang sami nêdha kintunan malih sangu arta saking griya. Wontên ingkang nekad tirakat badhe nyêkapakên sangu têdha saking griya, sawontênipun arta kangge mêwahi wragad bis, waton sagêd jiyarah dhatêng Madinah. Enjingipun watawis jam 8 enjing, barang-barang lan kopêr tuwin karung lan sanèsipun kaêmot ing unta pintên-pintên, kabêkta dhatêng Mêkah, botên dangu kathah bis-bis kothong dhatêng kangge tumpakan kula sakănca. Badhe kasambêt.

Radèn Haji Muhammad Muhtar, lid rêgènsêkap rad Banyumas.

--- 126 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Lindhu ing Jawi Têngah.

Lindhu ing Jawi Têngah sampun adamêl karisakan saha kasangsaran pintên-pintên. Miturut pawartos Aneta saking Bumiayu, griya ingkang ambruk wontên atusan. Ingkang nêmahi karisakan sangêt inggih punika ing Pruwatan, Bumiayu saha Pangabatan. Kapitunan kataksir satus èwu rupiyah. Tiyang maèwu-èwu sami kecalan balegriya.

Miturut katranganipun Gupêrnur Jawi Têngah, cacahipun tiyang ingkang tatu wontên 85, ingkang 42 sampun dipun kintunakên dhatêng griya sakit ing Slawi saha Têgal. Cacahipun tiyang ingkang tiwas wontên 22. Ing pêkên ing Pangabatan sampun dipun adêgakên papan pangungsèn kangge tiyang wolung atus. Têtiyang wau sami kacadhong dening pangrèh praja. Angrintênakên tanggal 21 wulan punika ing Bumiayu kraos lindhu malih kaping tiga, nanging botên adamêl karisakan.

Budi Utama pang Salatiga.

Budi Utama pang Salatiga wêkdal ingkang kantun piyambak punika katingal majêng, mèh sabên malêm Minggu ngawontênakên parêpatan umum, dipun wontênakên sêsorah bab kasaran, ekonomi, paprentahan sapanunggilanipun. Ingkang dhatêng ing parêpatan wau botên namung para priyantun kemawon, nanging ugi têtiyang kampung. Dèrèng dangu pakêmpalan wau sampun ngawontênakên parêpatan warga, angrêmbag usul-usul ingkang badhe kaajêngakên ing konggrès Budi Utama benjing wulan April wontên ing Batawi. Salah satunggilipun usul wau inggih punika gêgayutan kalihan raosing ka-Indhonesiah lan salajêngipun Budi Utama badhe kasrambahakên ing saindênging tanah Indhonesiah. Dados ingkang kenging dados warga botên namung tiyang siti ingkang manggèn ing tanah Jawi, Madura, Bali saha Lombok, punapadene têtiyang Jawi ingkang manggèn ing tanah sabrang kemawon.

Bêna ing Sêmarang Lèr.

Saking Sêmarang Aneta martosakên bilih awit saking katrajang bêna agêng margi-margi antawisipun Sêmarang saha Surabaya ing Dêmak saha ing Purwadadi sami risak. Sêpur saha oto kêdah mubêng mêdal Surakarta. Margi ing Gênuk kadugi larut.

Pambêsmèn Mayit ing Bali.

Benjing dintên Sênèn 23 Pèbruari ngajêng punika ing dhusun Abiyantimbul 5 kilomètêr saking kitha Dhènpasar, badhe dipun wontênakên pambêsmèn mayit. Mayit ingkang badhe dipun bêsmi cacahipun wontên 50, sami kalêbêt golongan inggil.

Odhièsi.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral benjing dintên Rêbo tanggal 4 Pèbruari punika wanci jam 9 enjing kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing Wèltêprèdhên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk, sadèrèngipun tanggal 30 Januari kêdah sampun ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng ajudan dalêm, mawi katrangan nama sapanunggilanipun miwah wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Pangasilan Nagari.

Salêbêtipun wulan Januari dumugi wulan Nopèmbêr taun 1930 pangasilanipun nagari wontên 564.055.363 rupiyah, katimbang kalihan pangasilanipun salêbêtipun măngsa wau taun 1929 suda 72½ yuta rupiyah. Sudanipun samantên wau kabêkta saking sudaning pangasilanipun arta paos 28.4 yuta, monopoli 6.3 yuta, barang piwêdal 23 yuta, panggaotan 11.8 yuta saha pangasilan sanèsipun 3 yuta.

Pakêmpalan kaum madya Tionghwa.

Djawa Tengah tampi pawartos saking Ngayogya bilih ing ngrika kanthi tuntunanipun Tuwan Tan Gien Tjoan sampun dipun adêgakên pakêmpalan kaum madya Tionghwa, botên namung kangge para among dagang kemawon, nanging ugi kangga para rèntênir, dhoktêr partikêlir sapanunggilanipun. Ingkang malêbêt sampun wontên tiyang 28. Ingkang minăngka adpisuripun inggih punika Tuwan Dr. Sie Boen Lian.

Malèsèting ekonomi.

Benjing wulan April ngajêng punika para wêwakilipun nagari ingkang malêbêt Polkênbon badhe parêpatan wontên ing Geneve, badhe angrêmbag prakawis malèsèting ekonomi, sabab-sababipun, têbanipun saha rekadaya pananggulangipun. Parentahing Indhia Nèdêrlan, bokmanawi kanthi lantaranipun parentahing Nèdêrlan, ugi tampi ulêman, ananging botên badhe kintun wêwakil. Bokmanawi parentah Nèdêrlan badhe amatah salah satunggiling gêdhêlêgirdhênipun amakili ing parêpatan wau.

P.G.H.B. Saha rad kawula.

Kawartosakên P.G.H.B. sampun ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng parentah supados salah satunggiling kandhidhatipun kaangkata dados warga rad kawula. Ingkang dipun kandhidatakên inggih punika: Tuwan Atik Suwardi, Tuwan Prawiradinata saha Tuwan Andhaga Wadyakaryasa.

--- 127 ---

Kawontênanipun kasarasan ing Sêmarang.

Miturut pangagênging pakaryan kasarasan ing Sêmarang, kawontênanipun kasarasan ing gêmintê wau salêbêtipun 1930 kenging kawastanan sae. Tumrap têtiyangipun sadaya cacahipun ingkang pêjah, racak wontên 26½ ing dalêm tiyang sèwunipun. Ing salêbêtipun taun 1930 ing Sêmarang botên wontên sêsakit kolerah saha cacar, namung wontên tiyang satunggal katrajang sêsakit pès. Cacahipun tiyang ingkang katrajang sêsakitipun langkung kathah tinimbang ing taun 1929, nanging ingkang kenging sêsakit dhiptèri suda kathahipun. Wontênipun padamêlan, asanèri kangge nanggulangi sêsakit malariah kenging kawastanan sampun rampung.

Tukang sade jimat kacêpêng.

Saking Salatiga Koerier tampi pawartos: Dèrèng dangu asistèn wadana ing Bringin, dhistrik Salatiga, sampun anyêpêng satunggilipun tukang sade jimat. Tiyang wau namanipun Dhikan, panggaotanipun tani, griyanipun ing dhusun Plumutan, ondêr dhistrik Bringin, jimat ingkang dipun sade inggih punika awujud krikil, dipun namakakên lirang bangsa asu marungga, tugêlan kawat têmbaga saha cuwilan têmbagi, kaawatakên aji wêsi kuning, tuwin kêrtas ingkang sinêratan aksara Arab. Nalika kacêpêngipun Dhikan wau, têtela wontên tiyang sawêlas ingkang sampun kenging ing apus, sampun sami tumbas jimat wau kanthi rêgi antawisipun 1 kalihan 30 rupiyah, gunggung wontên 110 rupiyah. Nalika dipun dangu saking pundi anggènipun angsal ngèlminipun wau, wangsulanipun saking tiyang nama Bok Atmasêtika ing dhusun Cungkup, Salatiga. Tiyang wau sampun tilar donya, nanging rumiyin anggadhahi murid. Prakawis wau samangke sawêg dipun priksa dening ingkang wajib.

Tiyang Arab Ngamuk.

Saking Surabaya Aneta martosakên: Dèrèng dangu ing ngrika wontên tiyang Arab soroh amuk kanthi dêdamêl pèmès. Tiyang wau anrêjang tiyang Madura sawatawis ingkang lajêng sami mlajêng lumêbêt ing griya. Ingkang soroh amuk wau lajêng lumêbêt ing salah satunggilipun griya, amêjahi tiyang satunggal saha anatoni tiyang èstri satunggal. Saking ngriku lajêng malêbêt ing griya sanès, amêjahi tiyang èstri satunggal saha anatoni tiyang satunggal. Sakawan pisan sami kabêkta dhatêng C.B.Z., dene ingkang soroh amuk wau ... ical larinipun.

K.N.I.L.M. salêbêtipun wulan Dhesèmbêr.

Salêbêtipun wulan Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr cacahipun tiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. wontên 1243. Inggih punika Bêtawi - Bandhung 352, Bandhung - Bêtawi 340, Bêtawi - Sêmarang - Surabaya 159, Surabaya - Sêmarang - Bêtawi 174, Bêtawi - Palembang 15, Palembang - Bêtawi 26, Bêtawi - Palembang - Singgapur 32, Singgapur - Palembang - Bêtawi 34, Bêtawi - Palembang - Medhan 15, Medhan - Palembang - Bêtawi 31, saha namung mubêng-mubêng kemawon 65. Momotan barang sadaya wontên 8582 kilogram, dene momotan pos wontên 1250 kilogram (watawis sêrat 87.500 lêmbar). Ingkang wicaksana gupêrnur jendral nalika tindak nitipriksa dhatêng papan ingkang kenging bêncana rêdi Mêrapi sampun kaparêng nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. dumugi Sêmarang.

Asiah

Inthia[4] Inggris.

Alahabad 22 Januari (Aneta-Reuter). Uitvoerend Comite, ing konggrès kalawingi sampun parêpatan, angrêmbag kawontênan ingkang kadadosan saking katranganipun Mac Donald saha kadospundi anggènipun badhe suka pitêdah ing bab wau dhatêng praja. Kanthi suwara umum sampun dipun wontênakên katêtêpan, nanging dèrèng dipun wara-warakakên, ngêntosi dhatêngipun sapru, santri saha jayakar ingkang sami andhêsêk supados dipun sumênèkakên. Ewadene salêbêtipun măngsa wau rancanganing konggrès badhe dipun tindakakên.

Nahpur, 22 Januari (Aneta-Reuter). Awit saking dhawuhipun pangagêng ing Nahpur supados têtiyang ukuman ingkang pinancasan sadèrèngipun tanggal 30 Nopèmbêr sami dipun luwari, wontên tiyang ukuman pulitik 163 sampun sami dipun wêdalakên saking pakunjaran ing kitha wau. Ingkang angsal pangapura wau botên kalêbêt têtiyang ingkang kaukum jalaran mutawatosakên tata têntrêming umum.

Niudhèli, 23 Januari (Aneta-Reuter). Para warganipun Wetgevende Raad ingkang agami Islam sampun sami anêrangakên panarimahipun dhatêng sêsorahipun Mac Donald, sami nyuwun dhatêng ministêr muka wau supados para tiyang ukuman pulitik sami ingapuraa, murih sagêdipun dados sae kangge nyambut damêl sêsarêngan.

Eropah.

Konpêrènsi Meja Bundêr.

Miturut pawartos (Aneta-Reuter) saking Londhon, konpêrènsi meja bundêr sampun katutup kanthi ambaraning manah kados nalika pambikakipun.

Mac Donald, ministêr muka asêsorah, andamêl wawasan punapa ingkang sampun dipun tindakakên salêbêtipun sadasa minggu. Sarêng angambali janjinipun parentah Inggris bilih Indhia Inggris punika ginadhang badhe kaparingan parentah mandhiri, panjênênganipun tinampèn ing surak mawurahan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 5066 ing Padhang. f 1.50 sampun katampi.

--- 128 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana.

22

[Pocung]

Wontênipun kalaksanan sang aprabu | tumindak mangkana | kacarita kang dadya wit | duk Sang Nata Wrêdha amurwèng kasidan ||

apinuju Pangran Sumana ingutus | piniji marentah | amangagêngi propinsi | yèku tanah liya kang sampun kabawah ||

mring Sang Prabu Wrêdha kang sampun amurud | milane Jêng Pangran | Sumana datan udani | obah osiking praja Pataliputra ||

nagri iku kuthaning karajanipun | nagri Jambudipa | ya ta kocapa ing nguni | sasedaning rama datanpa sarănta ||

ujug-ujug Pangran Asoka anêmpuh | mêrangi kang raka | Pangran Sumana kalindhih | pinarjaya mring ari têmah palastra ||

marmanipun Jêng Pangran Asoka wau | lêstari brêgagah | ngakahi ingkang nagari | wit tan wontên ingkang badhe munasika ||

kang winuwus rikala ing sedanipun | Jêng Pangran Sumana | garwane sampun garbini | lan wus cêlak laire punang kandhutan ||

rèh sang ayu sakalangkung ajrihipun | mulat krodhanira | butêng wêngise kang rayi | Jêng Pangeran Asoka kadi sardula ||

datan wurung sariranipun sang ayu | binelakkên pisan | mring raka kang wus ngêmasi | pêpuntoning cipta mung sumêdya murca ||

lah ing ngriku | sang rêtna gya lolos dalu | anis saking praja | nyilip lampahe lêstari | byar raina praptèng dhusun ran Candhala ||

nadyan dhusun Candhala têtiyangipun | sami kêmlaratan | kêkirangan sandhang bukti | parandene pangrêngkuhe mring sang rêtna ||

lir sadulur samya wêlas kang andulu | sing kumêdahira | ngatonkên ing sutrêsna sih | nora ketang rinewang urun-urunan ||

putri wau gya dèn karyakakên gubug | cèkli nging santosa | pinrênah nèng sangandhaping | kajêng bulu kang jajar kalawan gurda ||

anèng ngriku alêrêm nir wasing kalbu | nêntrêmkên sarira | sang kaswasih dèn ladosi | mring pra èstri kanthi sukarênèng driya ||

tan adangu sang dèwi kandhutanipun | babar mijil priya | tanpa sangsaya lêstari | jabang bayi pinaraban Bulugurda ||

marma sinung pêparab kadi puniku | wit laire radyan | anèng sangandhaping uwit | bulu ingkang ajajar lawan wit gurda ||

nêngna wau cinêndhak caritanipun | jabang bayi nulya | pinasrahkên mring sang tapi | yèku rêsi pandhitaning gama Buda ||

pangran sunu pinardi sakwèhning kawruh | kacakup sadaya | wusana wau sang pêkik | dadya biksu ingkang tansah nungku puja ||

langkung mungkul tan tolih kamuktèn luhung | anuhoni lampah | jumênêng biksu utami | kacarita tatkala Prabu Asoka ||

alumurug nêlukkên ing tanah Hindhu | kathah para raja | ingkang kasoran ing jurit | krajan tanah Hindhu kathah kang kabawah ||

duk puniku Pangran Bulugurda wau | wus dadya pandhita | tan pêgat amangun tèki | anuhoni jênênging pandhita Buda ||

kunêng wau mangsuli carita ngayun | Sang Prabu Asoka | anuju sajuga ari | ajumênêng wontên ing plating kadhatyan ||

êplat wau inggih jarambah ing dhuwur | nginggil payon pura | duk punika sri bupati | amanggalih lêlakyan kang wus kawuntat ||

wantu-wantu tansah karasèng jro kalbu | dènnya wus maeka | mring raka kongsi ngêmasi | lan tan pêgat dènnya arsa budidaya ||

arjanipun mrih utamanirèng prabu | miwah kadiparan | dènira arsa manggalih | ambêbingah dhumatêng para kawula ||

tan adangu sang nata nulya andulu | katon sing mandrawa | wontên biksu lagya linggih | nèng sor bulu kang jajar lawan wit gurda ||

biksu wau sarwa jêne prabotipun | Sang Prabu Asoka | dahat êntyarsaning galih | dene wontên satunggiling biksu mudha ||

gya angutus sang nata nimbali biksu | tan dangu wus prapta | nèng ngarsaning sri bupati | myang dinangu sang bagus biksu punapa ||

rèh sang biksu Bulugurda jatinipun | inggih ingkang lênggah | anèng sangisoring uwit | mung sariranipun pribadi tanna lyan ||

têmah manut punapa sadhawuh prabu | tandya dhinawuhan | laju umanjing apuri | tan lênggana biksu lumêbèng kadhatyan ||

nging sang prabu lir kaling-kalingan gunung | tan anyana-nyana | tan èngêt biksu puniki | bilih putra pulunanipun pribadya ||

gupuh-gupuh Sang Prabu Asoka dhawuh | ngacarani lênggah | mring biksu kang nêmbe prapti | amapana wontên palênggahanira ||

ingkang sampun sinadhiyakkên ing ngriku | ing sapangkat-pangkat | nanging biksu nyulayani | nora lênggah menga-mengo ngeri nganan ||

sêmunipun wontên cipta kang tan rujuk | ya ta duk samana | sang biksu gya mapan linggih | nèng dhêdhampar kang dumunung mardisoka ||

lah ing ngriku sri narendra langkung ngungun | dene sang pandhita | murang silaning akrami | wanuh wani lênggah wontên ing dhêdhampar ||

wruhing sêmu biksu mudha antuk bêndu | dinukan ing nata | tan dangu umatur aris | dhuh sri nata pêpundhèning pra kawula ||

nata agung kinèdhêpan para ratu | mugi kalilana | kawula matur sang aji | tuwin mugi tan dadya dukaning nata ||

dhuh sinuhun karsa amirêngkên atur | lêlampahan amba | bilih paduka nrêpati | sampun mirsa yêkti uninga mring amba ||

sintên ulun myang paduka ingkang tamtu | karsa amisudha | paring kadarman mring abdi | wit kawula uning bilih sri narendra ||

ambêk sadu adil paramartèng tuwuh | nadyan sayaktinya | paduka kagungan sisip | nging sajroning panggalih sampun martobat ||

lajêngipun karsa budidayèng laku | mrih arjaning tindak | ywa kongsi narajang garis | tan wruh ngadil kadyangganing ratu murka ||

ya ta wau sang biksu mudha gya matur | ngaturkên lêlakyan | wiwit sedaning sudarmi | myang lêlakon kaananing ibunira ||

masmu gêtun duk miyarsa sang aprabu | turing biksu mudha | angartika jroning galih | e, e, ora nyana ingsun pisan-pisan ||

lamun iku bocah kang darbe kadhatun | alungguh ing dhampar | kang mêsthine anggêntèni | dadya nata kaprabon ingsun samangkya || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


tumindakipun. (kembali)
nyandhak. (kembali)
Jedah. (kembali)
Indhia. (kembali)