Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-31, #589

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-31, #589. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-31, #589. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 9, 11 Pasa Taun Jimawal 1861, 31 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ôngka 9, 11 Pasa Taun Jimawal 1861, 31 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Laladan Rêdi Mêrapi

[Grafik]

Gambar nginggil punika têtiyang dhusun ingkang sawêg sami amasangi sela-sela minôngka bêndungan kangge ngalang-alangi bilih wontên bêna lahar malih ing lèpèn Batang.

--- 130 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Ingkang sakit manawi botên kumat, botên kraos punapa-punapa kadosdene tiyang saras kemawon, ananging ingkang kathah asring kraos sakit utawi kraos sênêp sêbah ing wadhuk lan angèl utawi botên sagêd bêbucal.

Sêsakit ingkang asring sêsarêngan (complicatie) kalihan galsteenziekte inggih punika galblaasonsteking ingkang ngêdalakên nanah, sêsakit ing pipa gal ing lêbêt ati sok lajêng andadosakên thukuling wudun ing ati (lever absces), sêsakit ing alvleeschklier utawi sanèsipun, samôngsa galblaas sakit ngêdalakên nanah lajêng sagêd nukulakên bloedvergiftiging punika sagêd aniwasi, ananging botên mêsthi lan awis ingkang dados makatên.

Tiyang ingkang sakit galblaas-ipun ngantos ngêdalakên nanah punika katingal rêkaos, timbangan bêntèr (39-40°) andharodhog pols rikat lan lêmês, panggenan ingkang kraos sakit dipun grayang sakit sangêt, trêkadhang ingkang sakit botên bêntèr botên kraos sakit, mila ingkang sakit makatên inggih punika ingkang sakit sampun kaping-kaping kumat lan sampun turunan, kita kêdah prayitna, awit sagêd aniwasi.

Manawi sabibaripun kumat, wontên watu lumêbêt ing pipa ingkang anjog ing usus lajêng ambuntoni pipa, punika sagêd nukulakên sêsakit kuning lan sagêd ical utawi saras, samôngsa watu ing pipa wau sagêd lajêng anjog ing usus, watu ing nglêbêt galblaas utawi watu ingkang kèndêl ing pipa galblaas punika sagêd adamêl sakit daging kêndhangan, ing ngriku, wasana sagêd nukulakên sakit bêntèr, ingkang sakit katingal rêkaos, trêkadhang sagêd mrèmèn andadosakên wudun ing lêbêt ati (abces) dados ambêbayani.

Manawi watu ingkang ngalang-alangi wêdalipun gal dangu botên sagêd lajêng mêdal saking pipa-pipa, gal wau ingkang mandhêg (ngêndhog) sagêd anjalari agênging ati, ati dados atos mêndal-mêndal, klimis, dipun grayang dipun pidèh driji botên kraos sakit, trêkadhang wêtêng lajêng malêmbung (busung) antawis wulan utawi taun ingkang sakit tiwas.

Tiyang utawi dhoktêr sagêd nêtêpakên watunên ing galblaas (galsteenziekte) manawi katingal wontên watu ing sêsukêripun ingkang sakit, asring ingkang sakit salaminipun gêsang botên ngrêtos gadhah sêsakit punika, amargi botên nate kraos sakit ing ulu ati utawi ing wadhuk, jalaran watu ing galblaas utawi ing ati wujudipun lêmbat-lêmbat kadosdene pasir (gruis).

Sêsakit watu ing galblaas samôngsa kumat, tiyang utawi dhoktêr, mastani sagêd kalintu kalihan sêsakit korèng ing wadhuk, watunên ing ginjêl (niersteenziekte) blindedarm onsteking, sêsakit [sêsa...]

--- 131 ---

[...kit] ing alvleeschklier, sêsakit daging kêndhangan ing wêtêng (buikvliesontsteking) lan sapanunggilanipun. Bilih ing wadhuk asring kraos sakit sêbah utawi sênêp, tiyang utawi dhoktêr mastani sêsakit ing wadhuk. Sarêng dipun titipriksa yêktos pinanggih watunên ing galblaas.

Manawi botên sagêd nêtêpakên sêsakitipun galsteenziekte utawi sanès, punika isinipun wadhuk kêdah kapriksa asarana ngèlmi pamisah (scheikundig onderzoek) adat tiyang ingkang sakit watunên ing galblaas, zoutzuur ing wadhuk wêdalipun sakêdhik sangêt, utawi ing wadhuk mèh botên wontên zoutzuur-ipun.

Anjampèni galsteenziekte ôngka satunggal, kêdah anjagi bab têtêdhan ingkang katêdha dening ingkang sakit, ingkang sakit kêdah nêdha sayuran (janganan), wowohan, sêkul sapanunggilanipun, saha kêdah kathah ngombe mineraalwater (soda), ingkang dipun awisi: nêdha daging utawi têtêdhan ingkang atos-atos, bêbucal kêdah sabên dintên, ingkang sae lan lêmês, dene jampinipun karlsbaderzout.

Manawi sakitipun dhatêng dadakan, ingkang sakit kêdah kèndêl tilêman, nênêdha dipun jagi, ngombe ombèn-ombèn ingkang angêt-angêt, panggenan ingkang kraos sakit dipun popok bubur angêt (dipun buntêl sinjang ingkang rêsik), manawi kraosipun sakit tansah nyogok sangêt, punika kêdah dipun suntik morphine.

Anjampèni makatên kêdah dipun lajêngakên sawatawis dintên, ewadene manawi ingkang sakit tansah sambat sakit sangêt, sakitipun botên suda malah tansah kumat, punika prêlu kêdah dipun operatie dening dhokter ingkang ahli. Samôngsa ingkang sakit enggal katulungan dipun operatie, adat sagêd saras saèstu, trêkadhang sok taksih sagêd kumat, punika jalaranipun ing ati sagêd thukul watu malih.

Watu ing pipa galblaas ingkang ambuntoni wêdalipun gal salêbêtipun sawulan kalih wulan botên sagêd mêdal, punika inggih prêlu dipun operatie.

Tuladha: ing taun 1923 kula taksih èngêt, kula dipun purih dhatêng dening tuwan adminisêtatir pabrik gêndhis ing Bêsaran, mriksa nyonyahipun ingkang sakit bêntèr, nyonyah wau sabên 2 a 3 wulan, kumat sakitipun bêntèr, lan ing ulu ati kraos sênêp sêbah, kula grayang ing panggenan ingkang kraos sêbah, driji kula pêtêlakên ing prênah ulu ati sisih têngên ngandhap iga, nyonyah sambat sakit sangêt, sasampunipun kula mriksa sanèsipun jêroan, pinanggih cêtha bilih ati utawi galblass ingkang sakit, mila kula matur dhatêng tuwan adminisêtatir, saking pamanggih kula nyonyah wau gadhah sêsakit galsteenziekte bokmanawi lêrês wontên watu ing galblaas utawi galblaas sampun sakit (ontsteking) ngêdalakên nanah mêsthi kêdah dipun operatie. Tuwan adminisêtatir gèdhèg-gèdhèg botên pitados, pratela manawi nyonyah sampun kaping-kaping dipun priksa dening dhoktêr ing Surabaya tuwin dhoktêr ing Sêmarang, nanging botên wontên satunggal dhoktêr ingkang mastani nyonyah gadhah sêsakit makatên. Kula matur kenging ugi kula sagêd kêlintu, dhoktêr sanès ingkang lêrês,

--- 132 ---

nanging wêkdal punika saking pamanggih kula makatên, inggih punika nyonyah gadhah sêsakit ing galblaas.

Sapunika prayoginipun, tuwan mundhut konsul dhoktêr speciaal (chirurg) ingkang ahli operatie, tuwan adminisêtatir mupakat. Kalampahan, dhoktêr ahli saking Sêmarang Dr. v.D. ing wanci dalu dhatêng mriksa nyonyah wau, enjingipun kula dipun talepun kapurih dhatêng malih. Sadhatêng kula ing Bêsaran lan sabibaripun kula mriksa: ingkang sakit, pinanggih tuwan adminisêtatir ing pabrik (ing wêkdal samantên pabrik pinuju giling) tuwan adminisêtatir pratela manawi tuwan Dr. v.D. saking Sêmarang wau dalu sampun dhatêng mriksa nyonyah, Dr. v.D. nêrangakên lêrês sakitipun nyonyah galsteenziekte lêrês kadosdene pamanggih kula ing nginggil wau, lan sasagêd-sagêd, dintên punika ugi nyonyah kêdah kaboyong ing griya sakit Juliana badhe dipun operatie.

Enjingipun malih, saèstu nyonyah dipun operatie ngêdalakên nanah kintên-kintên mèh 1 L. dados sêsakitipun ing galblaas sampun dados wudun (abces) saupami botên kabujêng dipun operatie makatên, nyonyah têmtu sagêd tiwas.

Kawruh Sawatawis

Panèn

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Ing wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, saha Januari punika, ing tanah Dhèli kathah tiyang nanêm pantun. Ingkang kathah pantun patêgilan (ladang). Pantun patêgilan punika pananêmipun kados pantun gaga ing tanah Jawi ngriki, murih gampilipun kaparênga kula wastani pantun gaga kemawon. Wujuding pantun kenging kula perang dados tigang golongan, inggih punika pantun limrah (sêkul limrah) pantun kêtan (têtiyang ing Dhèli mastani pantun pulut) saha pantun têdha pêksi. Pantun têdha pêksi punika, wit saha gabahipun alit-alit, mathuk sangêt minôngka têdhanipun pêksi pêrkutut.

Tumrapipun patêgilan laladan tanah kabudidayan sata, anggènipun nanêmi sawindu (wolung taun) sapisan, inggih punika salêbaripun katanêman sata. Dados têgil punika, salêbaripun katanêman pantun, lajêng kabêrakakên ngantos pitung taun, mila kajêng ing satêngah-têngahipun pagagèn ngriku, ingkang lêtipun watawis tiga sakawan mètêr, dipun ingah kemawon, botên tumut kawatun, minôngka kajêng bibit ing wana bêbêran punika. Sarèhning antawisipun nanêmi punika dangu sangêt, dados prasasat tansah nanêmi siti enggal, mila botên anggumunakên manawi wêdalipun sagêd sae. Mênggah dhapuranipun pantun agêng-agêng, sadhapur ngantos kalih dasa utawi salawe uwit. Inggilipun radin-radin sadêdêgipun tiyang, malah wontên ugi ingkang nglangkungi. Manawi pantun sampun jêne katingal saking katêbihan kados babut kagêlar ing kamar ingkang pagêripun ijêm, [ijê...]

--- 133 ---

[...m,] dening têpis wiringing pagagèn awujud wana, kajêng ingkang kaingah ing pagagèn esthanipun kados sêsêkaraning babut, ing panggenan ingkang mêndhak mandhukul mèmpêr babut ngalunthung labêt kasurung ing suku. Wujudipun pantun mêntês-mêntês, manawi kenging sorotipun srêngenge katingal mancêrêt kados jêne ure.

[Grafik]

1-3 wujudipun pantun saking patêgilan, 1-7 wujudipun pantun saking sabin.

Ngajêngakên badhe dipun ênèni, dipun wilujêngi rumiyin nama: miwiti. Inggih miwiti ani-ani. Sarat masrutipun inggih botên prabeda lan wilujêngan ingh tanah Jawi ngriki. Wêkdalipun miwiti ugi milih dintên ingkang kaanggêp sae. Pantun anggènipun ani-ani wiwitan punika minôngka bakuning bibit. Wujudipun ani-ani sami kemawon kalihan ani-ani tanah Jawi. Sarèhning mangsanipun panèn ing satunggil-tunggiling panggenan asêsarêngan, dhasar bau inggih awis, mila awis-awis tiyang ingkang purun dêrêp, racakipun dipun tandangi piyambak. Môngka caranipun ing Dhèli, tiyang ingkang panèn punika pindhah, manggèn ing têgil (ladang) angêdêgakên gubug. Tumrapipun tiyang Jawi gubugipun dhepok, botên panggung. Ing salêbêtipun gubug dipun yasani anjap-anjapan minôngka papaning tilêm, ing sangandhapipun anjap-anjapan kangge wadhah pantunipun, ing sabagean malih panggenan ngrêratêngi saha pranji wadhah ayamipun. Sampun kenging kapasthèkakên sabên tiyang mêsthi sami ambêkta ayamipun, margi sami ngrêtos bilih botên sakêdhik indhaking lêmanipun. Anggènipun dêdunung ing têgil trêkadhang ngantos kalih têngah wulan, gumantung dhatêng wiyar ciyuting têgil. Pantun utawi gabahipun kabêkta mantuk manawi sampun garing saèstu. Wondene têbih cêlaking têgil saking ing griyanipun, botên mêsthi, wontên ingkang cêlak, wontên ingkang têbihipun ngantos sadasa kilo mètêr. Mênggah papan ingkang dipun tanêmi, tumrap satunggil-tunggiling tiyang ing sabên taunipun, sampun mêsthi botên ajêg, walak-walag bêgjanipun ingkang bêgja inggih cêlak kalihan griyanipun, ingkang kirang bêgja inggih têbih, margi pangêdumipun sarana kaundhi, dados kados sabin palayangan ing tanah Jawi ing jaman kina. wasana nyuwun pangaksamanipun para maos.

A. Kartaatmaja, Kwalamêncirim.

--- 134 ---

Raos Jawi

Utamaning Lampah

[Gambuh]

Kasusu murwèng gambuh / anglêngkara yèn rarase jumbuh / tur pinêsu ngruruh wose malah dadi / ngômbra-ômbra angêlantur / datan tata têmah blero //

labête mudhapunggung / tan wrin angga paksa kumalungkung / lôngka lamun dadya panujuning galih / ring para nung dêstun amung / inganggêpa omong kosong //

tan was-was andêlarung / ngura gita jatine pan amung / mèt sarana berata ring tyas gung kingkin / datan pêgat anênuwun / aksamèng para kinaot //

nahên ta wahyèng kidung / kadêrênging driyanggung wulangun / de kakênan ing têmbung kang lumrah dadi / sêkar lathi yèku rukun / akarya santosaning don //

dèn angkah mrih pakantuk / kana-kene gêgolongan bikut / datan pêgat rineka daya ginusthi / pinathok kênthêling rêmbug / ingugêr môngka wêwaton //

wêkasan caking laku / kang sawênèh dadak mandhêg mangu / menga-mengo lêlagean karêm mampir / jare nyidham rujak sêntul / kêtungkul usrêg padudon //

kalamun ngrasa unggul / têgêl ngêgi agahan angêkul / kang angalah tan darana gya ngunduri / bari grênêngan moh wanuh / kaprêgoka amalengos //

èh piye ta nèh iku / dene têka pijêr gawe bingung / ring si pêngung kadya kang marna pribadi / cacak mring sanak sadulur / kalantur tan bangkit golong //

kadurus nora rukun / munggwing nalar yêkti tan pakantuk / apan layak kalamun tumrap si pingging / jaragan cingkranging kawruh / karuwan bae mung kasor //

balik kang rumôngsa wus / angakoni sarwa-sarwi putus / eman têmên kêtungkul datan ngêntasi / jangkahing jôngka mung kisruh / harak dadi sami mawon //

uwose tan kêcakup / kaya bênêr ujare si pikun / kaum kolot sung pemut wite nitèni / dening kang kêlumrah munggah / têpunging srawungan katon //

bangsaning asor lamun / kêkancuhan bangsaning ngaluhur / bôngsa mlarat kêkancuhan bôngsa sugih / kaanane nora mathuk / thuk-thukane boya cocog //

kang ambêk budine dur / kêkancuhan lan ambêk budyayu / ing sêdyane adhakan sok bèncèng pikir / kang wani lan wêdi lampus / tekade cêpak sok blero //

sarèhning kang tinêmu / kaanane sêdya tekadipun / tan anunggil gya tuwuh tyas sônggarunggi / tan tanggon sinrang pakewuh / wit kalingan melik-mêlok //

mung tumrap kang wus gambuh / wrining gati bangkit bengkas nambung / ngibarat lwir mas tatur têmbaga murni / linêbur dadya sawujud / pamore aran suwaos //

jangkane dyan ginilut / jumangkahe kalêksanan ngracut / bênêr luput ala bêcik dadi siji / dumadi kawasa mêngku / ing wasana môngsaborong //

sigêg kata pinugut / ri Rêspati môncawarna nuju / kaping kalih Ramêlan lèking sitèngsi / Jimawal sangkalèng taun / budi asih murtining wong //[1]

Pak Sandiyêm, ing dhusun Bayan (Bagêlèn).

--- 135 ---

Kagunan

Selat

Wontênipun selat utawi pêncak ing Indhonesiah punika warni-warni sangêt, mèh sabên nagari utawi kitha anggadhahi selat piyambak, ingkang beda-beda lampah-lampahipun. Ing kitha Bêtawi mèh sabên kampung gadhah cara piyambak-piyambak, wontên ingkang dipun wastani manut asalipun utawi lampahipun, kados ta: Sipêcut, Simajan, Sisambut, ing tanah Pasundhan ingkang sampun misuwur: nama Cimandhe lan Cikalong, manut asalipun. Ing Sumatra punika lampah-lampahing selatipun sanès sangêt tinimbang selat ingkang kasêbut ing nginggil. Nanging sadaya selat ingkang kula sumêrêpi, ingkang dipun tuju namung anangkis songkolan, anyongkol lan andhawahakên mêngsah. Mênggah pratikêlipun warni-warni, manut selatipun, wontên ingkang rênggang, inggih punika nêbihi mêngsah, wontên ingkang kêdah rapêt kalihan mêngsah.

Panyongkolipun ugi warni-warni, wontên ingkang tanganipun dipun panjangakên, wontên ingkang dipun cêlakakên. Malah selat Cikalong punika mèh botên wontên songkolanipun, nanging namung kêdah nèmpèl mêngsah badhe andhawahakên. Adêgipun ugi warni-warni, wontên ingkang andhap, ingkang dipun wastani kudha-kudha, wontên ingkang ngadêg limrah. Selat cara Sumatra, ingkang kathah pangantêm utawi panangkisipun mawi suku, selat Bêtawi suku awis-awis kangge angantêm (anêndhang), ingkang kathah-kathah migunakakên tangan kemawon.

[Grafik]

Jurus adêging selat.

Ing ngriki kula badhe nyariyosakên kadospundi panyinaunipun salah satunggiling selat Bêtawi ingkang kula sumêrêpi, nama-namaning lampah ingkang kêdah dipun sinau, sarta sawatawis katêrangan kadospundi cara selat anggènipun badhe andhawahakên mêngsah lan sanès-sanèsipun.

Sadèrèngipun sinau lampahipun, kêdah sinau jurus rumiyin, prêlunipun kangge ngulinakakên tangan, badan lan adêgipun. Selat ingkang kula cariyosakên punika anggadhahi jurus warni 7, adêg lan pasanging tangan, amriksanana gambar.

Sasampunipun sagêd jurus warni 7 punika, lajêng wiwit sinau lampahipun. Nanging murid-murid kêdah sidêkah rumiyin dhatêng gurunipun awarni mori sarta peso, saking cariyosipun guru supados manahipun rêsik lan enggal sagêd sinaunipun. Saking pitadosipun dhatêng gugon-tuhon wau, manawi wontên murid ingkang botên purun sidêkah, inggih lajêng botên dipun wulang. Dangu lan botênipun anggènipun sinau wau gumantung lantiping [la...]

--- 136 ---

[...ntiping] manahipun murid. Mênggah namaning lampah kados ing ngandhap punika:

1. jalan cina I., 2. jalan cina II: punika dados nama, botên nyapèlèkakên dhatêng namaning bôngsa Tionghwa).

3. jalan 3 pojok atas.
4. jalan 3 pojok bawah.
5. empat pancer atas.
6. empat pancer bawah.
7. jalan campur,
8. silat bumi,
9. merak ngigel,
10. kelabang menyeberang,
11. naga ngerem,
12. longok,
13. empat pancer berjalan.

Satunggal-tunggaling lampah punika radin-radin kêdah dipun sinau sawulan. Manawi lampah-lampah wau sampun pahan saèstu, sawêg dipun wulang gunanipun sadaya lampah, ebahing tangan, suku lan sanès-sanèsipun. Lajêng dipun wulang pratikêl-pratikêl ingkang winados, ingkang tiyang Bêtawi mastani resia. Manawi badhe wiwit sinau lampah ingkang nomêr 13 punika kêdah sidêkah malih, inggih punika mawi mragat menda. Amargi saking lamining sinau sarta pranatan-pranatan wau, tiyang sinau selat ingkang kula aturakên punika 90% botên sagêd têrus sinaunipun.

Sarèhning selat-selat wau gadhah wados piyambak tur sadaya sae, prayoginipun manawi niyat sinau saèstu kêdah sampun ngantos namung nyinau selat warni satunggal kemawon. Badhe kasambêtan.

Samsi.

Gugon tuhon

Bab Waril, Kaulipun Tiyang Sêpuh Kina

Rumiyin kula sampun nate mirêngakên sawênèh bab waril, tiyang wau suka wêwarah dhatêng anak putunipun, sarèhning kula manah ragi wontên paedahipun dipun gatosakên, mila wêwarah wau prêlu kula èngêt-èngêt, wosipun kemawon kirang langkung makatên:

Anak putuku, ênggèr, padha tak pituturi, rungokna, salawasmu kowe kabèh isih dhêmên marang kalumrahan, aja sok padha nyêmbêlèh pitik kang ora nuju ana prêlune, sanadyan kotandangi dhewe utawa kongkon seje, aja pisan-pisan anglakoni, ora kêna, awit iku dadi waril sarta gêdhe wilalate, bisa munggêl utawa nyupêtake gêgayuhan bênêr bêcik kang kosêdyakake. Dene yèn ana prêlune kang kudu ngrupakake iwak pitik matêng utawa mêntah, tukua bae marang bakul iwak pitik.

Mêngkono manèh, lamun kowe kêdhayohan pawongmitra, kadang karuh sapanunggalane. Sanadyan adoh utawa pêrak padunungane, môngka mung mrêdhayoh lêlahanan ora nuju prêlu duwe gawe sapêpadhane kang mawa jagongan, iku [i...]

--- 137 ---

[...ku] uga aja pisan kosêmbêlèhke pitik. Dene yèn pancèn prêlu kosuguh kang kudu nganggo iwak pitik, luwih bêcik tukokna bae daging pitik kang wus kari ngolah utawa kari mangan, awit iku uga waril. Yèn kongsia narajang nyêmbêlèhake pitik: mêdhotake têtêpungan, sarta bisa uga dadi cuthêl babarpisan, malah dilalah ora bakal bali mring ngomahmu manèh salawase.

Dene mupakate nyêmbêlèh pitik kang ora ana warile, iku yèn kanggo sadhengah slamêtan, duwe gawe kang nêkakake dhayoh akèh, kang lumrahe diarani pista utawa mangan enak sapêpadhane, mêngkono mungguh tumrape wong cilik sakowe kabèh iki. Poma wêkasku aja pisan kolirwakke lan wani narajang…

Kaul kasêbut nginggil punika tumrap bab mragat ayam lêlahanan wau kula botên angyêktosi, kilap nyata lan botênipun. Nanging bab mragat ayam ingkang kadamêl nyêgah tamu lêlahanan, punika pancèn yakin makatên yêktos, awit kajawi anggèn kula nênitèni wongsal-wangsul, kula piyambak sampun rambah kaping 3 ngawaki maratamu dhatêng griyaning pawongmitra sae, têpangipun sami sae-sae sampun kados sadhèrèk dêlês, dumadakan kasêgah mawi dipun pragatakên ayam, nanging botên kajarag dening pancèn dèrèng sami mangrêtos bab waril kados kasêbut ngajêng. Dilalah lajêng cuthêl ngantos sapriki sampun dasanan taun laminipun, pêdhot babarpisan lajêng pêt kalampêt botên wangsul mrêtamu mriku malih, tigang panggenan wau makatên sadaya. Wiwit kala samantên ngandêl kula dhatêng bab waril tumrap tamu kapragatakên ayam wau. Mila sapriki tansah botên kasupèn, wêkdal katamuan utawi maratamu, kêdah dipun èngêt-èngêt sampun ngantos narajang.

Andharan kasêbut nginggil wau kula namung nyumanggakakên tumrap dhatêng ingkang kaparêngakên utawi namung badhe ngyêktosi. Sawangsuliwun[2] nyuwun gungging pangaksama tumrap dhatêng ingkang botên pitados utawi botên condhong babarpisan. Jêr namung nama kaul, mênggah kagêga botên kapitunan barang karang. Nanging upami botên kagêga inggih botên dados punapaa.[3]

P.K. 585.

--- 138 ---

Jagading Wanita

Pacitan Buka

Môngga, para maos kula aturi sami amênggalih, andak inggih botên siya-siya semah kula pun Petruk punika, ingatasipun kula sawêg mêmpêng siyamipun, têka dipun purih damêl cathêtan pangolahipun sêgêran kangge pacitan buka. Nanging inggih kadospundi malih, ing sarèhning kula punika taksih rumaos bodho, dèrèng sagêd mawas, bilih jalêr lan èstri punika sampun sami drajatipun, nanging pamawas kula dhatêng tiyang jalêr punika, taksih kados gurulaki sêjati, amila inggih badhe kula turuti punapa panêdhanipun semah kula wau. Sasagêd-sagêd sabên Kajawèn mêdal, kula inggih badhe urun cathêtan pangolahipun sêgêran sagadug-gadug kula, nanging têmtunipun inggih kêdah narimah sêgêran ingkang botên ambêjaji punika, kados ta:

Rucuh klapa kopyor

Mênggah pangolahipun rucuh klapa kopyor punika gampil wakipun gampil, inggih punika: mugi mundhuta klapa kopyor ingkang taksih sêgêr, lajêng kagêpuka dados kalih, klapanipun nuntên kakêrok mawi sendhok, angsal-angsalanipun wau mugi kawadhahana ing pinggan, sasampunipun lajêng kaparingana gêndhis pasir, ingkang ngantos lêgi, lajêng kacêmplungana ès, nanging sampun dipun soki toya rumiyin. Pinggan lajêng katutupa rumiyin. Dene pandhaharipun prayogi manawi sampun dhahar sêkul, mawi kaêjogan toya sacêkapipun. Lo, punika raosipun mak pyar sayêktos.

Sêtup nanas

Sêtup nanas punika kajawi raosipun sêgêr, ugi wontên pigunanipun tumrap tiyang siyam, jalaran sagêd anggancarakên lampahing rah. Mênggah pangolahipun makatên: mundhuta nanas ingkang sêpuh, kaoncèkana ingkang ngantos rêsik, nuntên kakumbaha mawi toya tuwin kausar-usarana mawi sarêm sakêdhik. Sasampunipun lajêngkairisana alit-alit, nuntên kagodhoga. Toyanipun kacêmplungana gêndhis ngantos salêginipun. Sarta kêdah dipun bumboni: manis jangan kalihan cêngkèh, ingkang sadèrèng-dèrèngipun kêdah kabakar rumiyin, toya wau lajêng kagodhoga ingkang ngantos umob, sasampunipun, nanas iris-irisan wau lajêng kacêmplung-cêmplungna, dene pandhaharipun, yèn sampun asrêp.

Sampun samantên rumiyin.

Mak Kamprèt.

--- 139 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyantun Pangrèh Praja ing Polêksrad

II.

Petruk: Kang Garèng, ayo padha ambanjurake rêmbuge bab priyayi pangrèh praja ana ing polêksrad kaya lagi anu kae. Mung bae panjalukku kudu diati-ati têmbungmu, aja sok dhêmên ngece lan nyamah nyang pangkat wadana, mêngko mundhak didakwa, yèn ing ngarêp kowe kêpengin dadi wadana, nanging ora tinurutan, mulane sakiki banjur cêmêri-cêri mênyang pangkat wadana.

[Grafik]

Garèng: Hak hak hak, ora Truk, gênahe mono, apa ana sing dadi panggalihane. Hla kiyi andadèkake bungahing atiku têmênan, Truk, awit sajake banjur ana sing: rasa risi. Satêmêne mono mungguhing kayakinanaku, pangkat wadana kuwi pangkat kang luhur, kang angèl, dadi kudu tansah ngati-ati. awit sabênêre mono, arang pangkat sing tumraping panindake gampang klirune, gampang salahe, kang bisa anjalari kapitunan gêdhe marang wong-wong bawahe, kayadene pangkat wadana, mulane aku sok mêlèhake mênyang tindake wadana sing kurang suci, kuwi mung murih rahayune, ora kok mung ngala-ala lugu. Takarani ing jaman saiki kiyi iya wis ora ana wadana kang nindakake kaya pawêlèhku kuwi, ewadene ing sarèhning isih ana sing sajake rasa risi, dadi nèk ngono, saiki apa isih ana. Bêcike saiki anggonku gawe pawêlèh mau, ora arêp dakmarèni, nanging malah arêp dak sêngkakake pisan. Tumrape priyayi sing prawira lan suci têmênan panggalihane, kuwi nèk banjur ana sing ngaturake kalirune, wis mêsthi bungah. Ora kok yèn banjur bêgita-bêgitu.

Petruk: Hêm, Kang Garèng, nèk sabên manusa kuwi wis padha anduwèni rasa rumasa kabèh, padha ngrêti nyang kalirune, lan nyang kasalahane, kiraku swarga karo donya kuwi iya banjur prasasat ora ana bedane, jalaran ing donya kene banjur ora ana wong nakal, kang amigunakake kabodhoane utawa kasusahane kancaning urip, sarana akal-akalan salingkuh, upamane bae: wong sing sabab saka kapintêrane, utawa sabab saka karosane,

--- 140 ---

bisa ngrêbut barang darbèking liyan. Saupamane wong kuwi wis padha anduwèni rasa rumasa kabèh, têgêse: wis ngrêti nyang kaliruning lakune mau, yèn barang-barang sing diakoni duwèke dhewe mau, ing wusana banjur dijaluk bali marang sing duwe wênang, mêsthine rak iya banjur mak lung diwènèhake bae. Nanging ing sarèhning watak nakal kuwi ana ing donya kene durung ilang, barang-barang sing dudu hake mau iya mêksa dikukuhi, kêpèpèt-pèpète iya banjur mangsuli: anggone barang darbèkmu takopèni kiyi, rak sabab saka wêlasku nyang kowe, nèk nganti dadi ora karu-karuwan, rak eman-eman. Dene ing têmbe yèn kowe wis bisa ngupakara dhewe, wis mêsthi bakal takbalèkake nyang kowe manèh. Mulane, Kang Garèng, kowe aja mêsthèkake, yèn priyayi kuwi, sanadyanna saka golongan pangrèh praja pisan, kang salugune rak iya mung manusa bae, mêsthi anduwèni rasa rumasa, dadi ngrêti nyang kalirune, lan ngrêti nyang kasalahane. Nanging rêmbugane kok banjur nylèwèng, luwih bêcik saiki padha dibanjurake rêmbugane ing bab anane priyayi pangrèh praja ana ing polêksrad. Apamanèh kang dadi alangane, Kang Garèng.

Garèng: Sing andadèkake alangane priyayi pangrèh praja jumênêng dadi lit polêksrad kuwi, nèk rumasaku iya isih akèh. Kajaba priyayi pangrèh praja sok arêp ngukuhi tatacara kuna, kaya sing wis takkandhakake kala dina Sabtu, kang banjur kok wancahi kanthi pêthênthêngan, priyayi pangrèh praja kuwi kadhangkala iya sok kagungan tekad anggêre slamêt. Buktine: nèk nang konpêrènsi kae. Yèn saupama ana panggêdhe andhawuhake mangkene: ing sarèhning tuwan dhoktêr kewan dina anu arêp priksa kewan ing dhistrik anu, supaya kabèh kewan dikumpulake nyang desa anu. Lo, prentah kiyi rak bisa gawe karugiane wong cilik, jalaran, kapêksa ninggal pagaweane dhewe, kapêksa nuntun kewane nyang desa anu mau, kang adohe bokmanawa pirang-pirang pal saka desane dhewe, mangkono sapiturute, lan kabèh mau kathik ora olèh karugian apa-apa. Kang kaya ngono mau priyayi kang ambawahake kono iya ngrêtos, ewadene iya mêksa matur: sê ... ndi ... ka, jalaran, yèn nganti wani mancahi, kuwatir nèk-nèke mêngko banjur diarani: on-gêsêkik. Mulane iya banjur, luwèh-luwèh wong desa rugi, anggêre kenene slamêt. Hara, Truk, nèk tekad sing kaya ngono kuwi mêngkone digawa nyang polêksrad, apa iya ora kojur. Awit yèn ing têmbe ana usul apa-apa ing polêksrad, sing bisa agawe karugiane bangsane dhewe sing kêpengin maju, kaya ta upamane: yèn ing têmbe banjur ana usul ing polêksrad, supaya sawijining pakumpulan pulitik dibubarake, mêngko gèk lid-lid polêksrad priyayi pangrèh praja mau, sabab mung amanggalih: anggêre slamêt, tanpa nganggo dipanggalih dawa manèh, ujug-ujug banjur nyêtèm: mupakat, ngono bae, apa kiyi ora ngalang-alangi kamajuane bôngsa arane.

--- 141 ---

Petruk: Kang Garèng, Kang Garèng, bok aja sok dhêmên ngorèk-orèk têlèk sing wis ana ing bathok. Kayadene caraning prentah ngumpulake kewan, kang arêp dipriksa ing dhoktêr kewan kaya kandhamu ing ngarêp, kuwi rak cara ing jaman sing ora enak kae, nèk ing jaman saiki cara sing kaya mangkono kuwi rak wis ora kaprah manèh. Sanadadyana[4] isih ditindakake pisan, mungguhing aku kok iya ora dadi alangan kang gêdhe, dhing. Awit uwan dhoktêr kewan anggone priksa kewan-kewan mau, rak ora kanggo kasêngane dhewe, nanging kanggo kaprêluane wong-wong sing padha duwe kewan mau, bokmanawa ana sing lara, utawa supaya kewane bisa mundhak bêcik, lan sapiturute, dadi cêkake rawuhe dhoktêr kewan mau, rak kanggo kauntungane wong-wong sing padha duwe kewan, dadi yèn banjur padha karugian sawatara, rak iya ora dadi apa, ta. Kang mangkono mau priyayi sing ambawahake rak padha anguningani, mulane iya ora mancahi, nanging malah ngrujuki, jalaran panggalihane: saya bêcik anane kewan-kewan ing bawahku, mêsthi iya saya gawe sênênging wong-wong kono kabèh. Dadi kaliru, Kang Garèng, yèn kowe andakwa yèn priyayi pangrèh praja banjur kadunungan tekad: anggêre slamêt.
Mungguh unimu, yèn tekad mau digawa nyang polêksrad, bisa gawe rugining kamajuaning bôngsa, dumèh yèn ana usul ambubarake sawijining pakumpulan pulitik, banjur padha mupakat bae, nèk rumasaku, Kang Garèng, ora mung pakumpulan pulitik bae, sanadyan pakumpulan sing ora gêgayutan karo pulitik pisan, yèn kira-kirane bakal ngrusak tata têntrêming praja, sabên lid polêksrad, ora prêduli sing wong partikulir, utawa priyayi pangrèh praja, wajibe iya kudu rujuk nyang bubare pakumpulan mau. Nanging bab kiyi padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Nalika ing San Francisco (Amerikah) dipun wontênakên arak-arakan Pagode, ingkang kangge ambiyantu griya sakit Tionghwa ing ngriku, dalunipun dipun wontênakên arak-arakan. Ing sasisih punika gambaripun tukang tambur wanita bôngsa Tionghwa.

--- 142 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indonesiah.

Siti kanggge têtiyang ingkang sami kecalan sitinipun awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi.

Tuwan Mr. C.C.J. Maassen, wêwakil insêpèktur ing departêmèn pangrèh praja babagan agrarische zaken saha verplichte diensten, kalihan Tuwan Dr. E. J. Burger, sekrêtarisipun Centraal Kolonisatie-Comite, sampun tindak dhatêng Sumatra nitipriksa sagêd botênipun têtiyang ingkang sami kecalan sitinipun awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi kaboyongan dhatêng ngriku. Têtela ing kolonisasi gêdhong tatakan taksih wontên siti kangge 500 brayat. Kolonisasi Kotaagung ugi taksih wontên pasadhiyan sabin, nanging kawontênaning kasarasan ing ngriku botên patos sae kados ing kolonisasi sanèsipun. Kajawi punika ing kolonisasi Pêrbo, sacêlakipun Bêngkulên inggih taksih wontên sabin kangge 175 brayat.

Bathinipun adêdunung ing Sumatra punika, siti botên usah tumbas, tur sitinipun inggih sae, waragadipun amboyongi têtiyang wau kados botên kathah. Kangge sawatawis mangsa têtiyang wau sabên sabrayat badhe angsal arta pitulungan 15 rupiyah sabên wulan.

Tandhon ampas kêbêsmi.

Miturut pawartos Aneta saking Ngayogya kala tanggal 25 Januari ingkang kapêngkêr tandhon ampas ing pabrik gêndhis Gêsikan ing Ngayogya Kidul kêbêsmi, têlas sagudhang, isi nêmbêlas èwu bal, wawrat kirang langkung sayuta kilo.

Prakawisipun P.N.I.

Miturut A.I.D. sêrat-sêrat ingkang gêgayutan kalihan papriksan prakawisaipun P.N.I. kala minggu ingkang kapêngkêr sampun kakintunakên dening landrad ing Bandhung dhatêng rad pan justisi ing Bêtawi. Pamriksanipun sêrat-sêrat wau kadugi apêsipun kalih wulanan.

Persatoean Rakjat Madoera.

Kados ingkang sampun kawartosakên, dèrèng dangu pakêmpalanipun bôngsa Madura ingkang nama Sarekat Madoera sampun dipun bibarakên, saha warganipun kathah ingkang lajêng malêbat dhatêng P.B.I. Miturut K.P. kala tanggal 16 wulan punika ing Surabaya kanthi tuntunanipun Tuwan Mohamad Amin, tilas pangarsa Sarekat Madoera ing Surabaya sampun dipun adêgakên pakêmpalan enggal, mawi dhêdhasar non kopêrasi. Pakêmpalan wau dipun namakakên Persatoean Rakjat Madoera, warganipun sampun wontên sèkêtan. Ingkang minôngka pangrèhipun inggih punika: pangarsa, Tuwan Muhamad Amin, mudha pangarsa, Tuwan Citrawijaya, panitra, Abduljamin, artaka, Tuwan Nitiasmara, panitya, Tuwan Reksa Mijaya, Tuwan Jasmadi saha Tuwan Sura Adimaja.

Paboyongan dhatêng tanah sabrang.

Salêbêtipun taun 1930 cacahipun kuli kontrak ingkang kakintunakên dhatêng tanah sabrang mêdal palabuhan Tanjungpriuk wontên 6142, jalêr 4225, èstri 1917. Inggih punika dhatêng Sumatra pasisir wetan 2520, dhatêng Sumatra pasisir kilèn 1641, dhatêng Palembang 800, dhatêng Tapanuli 463, dhatêng Bêngkulên 379 saha dhatêng acèh 169.

Salêbêtipun taun wau cacahipun kuli ingkang kakintunakên wangsul sadaya wontên 27.000, dados tikêl têkuk kalihan cacahipun kuli ingkang kakintunakên mriku.

Saking laladan sanèsipun sajawinipun tanah Indhonesiah, kalêbêt ugi Surinamê, cacahipun kuli ingkang kakintunakên wangsul sadaya wontên 2100.

Tuwan Mr. Creutzberg.

Saking Amsêtêrdham Aneta martosakên: miturut telegraaf Tuwan Prof. Moresco, botên dangu malih badhe wangsul saking Genève. Kadugi ingkang badhe anggêntosi padamêlanipun wontên ing Polkênbon inggih punika Tuwan Mr. Creutzberg, tilas pisê presidhèn rad Indhia.

Môngsa malèsèt saha punggawa nagari.

Miturut katranganipun parentah dhatêng rad kawula, gêgayutan kalihan malèsètipun kawontênan ing môngsa punika, sagêd ugi balanjanipun para punggawa nagari badhe dipun kirangi. Ananging ing bab punika parentah dèrèng sagêd anêtêpakên, jalaran badhe amawas rumiyin badhe kawontênanipun ing taun 1932 salajêngipun, bab balônja salêbêtipun pêrlop sagêd ugi kangge sawatawis môngsa badhe dipun kirangi 5 pêrsèn. Botên dangu malih tulah padamêlan saha tulah sêtanplat ugi badhe dipun kirangi. Pranatan pènsiun badhe dipun kêncêngi. Para punggawa èstri ingkang gadhah semah badhe kathah ingkang dipun kèndêli.

Amtênar saking Eropah.

Miturut katranganipun parentah dhatêng rad kawula, sasagêd-sagêd Amtênar pêndhêtan saking Eropah badhe dipun kirangi cacahipun.

Pandadaran Indisch Arts.

Lulus pandadaranipun Indisch Arts ing Nias Surabaya, Nyonyah Sumini Murcani, asli saking Sidaharja.

--- 143 ---

Pisê presidhèn rad Indhia.

[Grafik]

Saking Dhènhah Aneta martosakên: miturut kêkancingan nata, paduka Tuwan C.W. Bodenhausen wiwit tanggal 4 Marêt kawisudha dados pisê presidhèn rad Indhia.

Paduka Tuwan Bodenhausen wau sasampunipun sawatawis lami dados amtênar paos, lajêng dados pangagênging pakaryan paos gêmintê ing Amsêtêrdham. Dening Gupêrnur Jendral Mr. Fock tanggal 5 Agustus 1921 panjênênganipun kawisudha dados dhirèktur pinansiên dumugi tanggal 11 Sèptèmbêr 1926, lajêng kondur dhatêng nagari Walandi. Ing taun 1929 wangsul malih dhatêng tanah Indhia, tanggal 10 Oktobêr kawisudha dados warga rad Indhia.

Indhonesiah - Tiongkok.

Miturut sêrat-sêrat kabar Malayu Tionghwa sudagar-sudagar Tionghwa ing Bêtawi ada-ada badhe damêl turne dhatêng Tiongkok, laminipun tigang wulan. Ancasipun inggih punika badhe angajêngakên tumindaking padagangan antawisipun pabrik-pabrik ing Tiongkok kalihan sudagar-sudagar ing tanah Indhonesiah ngriki. Ngiras badhe sumêrêp tanah wutah rahipun. Ingkang badhe tumut turne wau sampun wontên tiyang kalih dasa. Katêtêpakên ingkang tumut badhe dipun perang dados kalih golongan, ingkang sagolongan pangkatipun tanggal 20 Marêt punika, dene golongan sanèsipun pangkatipun ing wulan Sèptèmbêr taun punika.

Rêdi Mêrapi.

Saking Magêlang Aneta martosakên bilih tutupipun rêdi Mêrapi tansah mindhak agêng, saha sabên-sabên taksih ngêdalakên lahar. Kawahipun rintên dalu dipun priksa mawi kèkêr saking srumbung saha saking gunung Gana.

Clèrèt taun.

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr wanci jam 4 siyang ing bumi Jawa katrajang clèrèt taun. Griya ingkang rêbah wontên 24, ingkang risak 29, ing dhusun-dhusun sacêlakipun ngriku griya ingkang rêbah wontên 3, ingkang risak sangêt 9, ing tuwêl ugi kathah griya ingkang rêbah utawi risak. Kasangsaran tiyang botên wontên.

Asiah.

Gandi tuwin para panuntun sanèsipun linuwaran.

Niudhèli, 25 Januari (Aneta-Reuter). Lord Irwin sampun andhawuhakên supados Gandi saha para warga konggrès sanèsipun sami linuwaran.

Ponah, 26 Januari (Aneta-Reuter). Gandi dintên punika linuwaran.

Alahabad, 26 Januari (Aneta-Reuter) Yawarhal Nèhru, presidhèning konggrès dipun wêdalakên saking pakunjaran.

Sinswad, 26 Januari (Nauen-Radio). Nalika ngêntosi sêpur badhe dhatêng Bombai, Gandi dipun intêrpiu dening wêwakil Reuter. Pangandikanipun Gandi, panjênênganipun anggatosakên kawontênanipun pulitik ing samangke, nanging ing bab wau panjênênganipun botên karsa paring katrangan sadèrèngipun rêmbagan kalihan para wêwakil ingkang anjênêngi konpêrènsi meja bundêr, langkung-langkung kalihan Tèjbahadhur, manawi sampun wangsul saking Londhon. Gandi ngajêngakên supados para tiyang ukuman pulitik ingkang kacêpêng saha kaukum kabêkta saking nindakakên ebah-ebahan mogok ambêguguk sami linuwaran.

Bombai, 27 Januari (Aneta-Reuter). Gandi kalihan Nyonyah Naidhu sampun rawuh ing kitha wau, kinurmatan ing surak: sugênga Gandi, lajêng dipun arak dhatêng griyanipun sudagar bôngsa Indhu ingkang badhe dipun sipêngi.

Bombai, 27 Januari (Nauen-Radio). Pangandikanipun Gandi kala ing dintên Salasa: wontênipun ebah-ebahan mogok ambêguguk kêdah saha badhe dipun lajêngakên dening Indhia Inggris.

Prakawis kraman ing Mènèmèn (Turki).

Anggorah, 26 Januari (Nauen-Radio). Wêkdal samangke rad pêrang ing Sêmirnah, sawêg amriksa prakawis agêng. Wontên tiyang 120 ingkang sêsangkutan kalihan prakawis wau, kadakwa tumut ngraman ing Mènèmèn dèrèng dangu punika. Ingkang 55 sampun dipun suwunakên paukuman kisas dening opênbar ministèri.

--- 144 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

23.

[Pocung]

Kèndêl dangu dahat dènira kaduwung / Sang Prabu Asoka / èngêt tindake tan yukti / panuntuning budi candhala murkarda //

gya pinupus tobat nalôngsa jro kalbu / ya ta angandika / linud ing basa malatsih / lah samêngko Bulugurda putraningwang //

lamun sarju sira lêstaria kumpul / manggon nèng kadhatyan / wit ingsun bangêt kapengin / antuk wulang kawruhing agama Buda //

dadya ingsun maguru mring sira kulup / nut pituduhira / marma aywa walangati / Bulugurda tur sêmbah nurut ing karsa //

sukèng kalbu biksu mudha tur wêwuruk / kawruh gama Buda / sang nata têrus ing galih / anampèni wulang kacakup sadaya //

wus kagayuh sakèh surasaning kawruh / sèstu yèn utama / marma mangke sri bupati / anêtêpkên kalamun agama Buda //

langkung luhur bangkit ambengkas cipta dur / miwah sri narendra / samangkya angrumaosi / lamun gama Buda kang dadya jalaran //

luwaripun saking ing baya pakewuh / nyirêp kasangsaran / myang susahing kawula lit / lah ing ngriku budidayane sang nata //

saya grêgut mrih agami Buda wau / rumasuk ing kathah / dadya agamaning nagri / nyuluhana têkèng wêwêngkon samuha //

sang aprabu tandya marentahkên gupuh / mring para kawula / datan kenging amêjahi / sato kewan myang anêdha dagingira //

mragad lêmbu lan kewan pêpadhanipun / kinarya slamêtan / ugi sangêt dèn awisi / pra kawula samya ngèstokkên sadaya //

wusing dhawuh bab awisan sang aprabu / gya paring parentah / nêtêpkên têdhaning abdi / amung sêkul kang dadya bakuning têdha //

duk puniku sang nata gya dhawuh ngêdum / maringkên bagean / dhumatêng sawiji-wiji / wiji pantun darapon dipun tanêma //

akumrubut kawula sapraja bikut / samya asêsawah / nyêbar wiji nandur pari / dumarundung sadayane kamêdalan //

tuk pitulung tan dangu wus pulih ayu / murah sandhang pangan / ayêm têntrêm sanagari / de sang nata sajumênênge narendra //

tan lyan amung karya sukaning wadya gung / ywana kêkirangan / awit dhasaring panggalih / adil palamarta ambêg sadu dibya //

marma sagung kawula langkung sihipun / mituhu saprentah / manut miturut sakalir / samubarang mung sumarah lumaksana //

pêncaripun agami Buda ngrêmbuyung / glis tumangkar-tangkar / warata wong sanagari / samya angrungkêbi marang gama Buda //

drênging kayun wiwit punika sang prabu / nulya aparentah / darapon sami angrukti / nglêmpakakên awuning Sang Rêsi Buda //

kang kinubur jro kisma nalikanipun / rampung pinancaka / dene sang nata pribadi / wus kagungan sawatawis kathahira //

duk rumuhun tilaraning pra lêluhur / awune Sang Buda / wasana riwusing panggih / angalêmpak awu gya kinèn bagea //

dipun êdum warata sapraja kêmput / tanna kaliwatan / sarta sami dèn dhawuhi / anyimpêna anèng sajroning sêtupa //

tuwin dhawuh karya pura lawan tugu / pura tugu sela / pating janggêlêg inganksi / rinarêngga ing sastra ngêwrat bab darma //

wulangipun Sang Buda ingkang linuhung / lan malih sang nata / dhêdhawuh kinèn angrukti / nguparêngga wit budi kang luwih gawat //

ugi kasbut wit aswat kang mawa wahyu / wit nalikanira / antuk wêwênganing gaib / Sang Minulya Budha nèng ngandhap wit aswat //

tan ginalur caritanira sang prabu / Nrêpati Asoka / ratu Buda kang miwiti / ing satanah Indhu kang luhur piyambak //

yêktinipun inggih sang prabu puniku / ingkang dadya sraya / myang mitrane sri bupati / ing nagari Langka Sang Aprabu Tisa //

gih Sang Prabu Asoka kang babar kawruh / mêncarkên agama / agama Buda sakawit / maring pulo-pulo lan liyan nagara//

XII. Prabu Tisa.

[Pangkur]

ginantyan yudakanaka / amangsuli caritane ing ngarsi / tatkala jumênêngipun / Prabu Tisa ing Langka / jroning praja kathah rajabrana muncul / kang samya kapêndhêm kisma / kadêngangan ing sujanmi //

riwusing êmas sêsotya / dhinudhukan nulya katur sang aji / nanging ing sasampunipun / sang nata anggarjita / datan mungguh lamun rajabrana agung / kinarsakna ing sang nata / sawab dahat ngrumaosi //

kirang timbang lan kaanan / marma mangke karsane sri bupati / punang rajabrana wau / prayogi dèn aturna / mring mitrane ratu ingkang luwih luhur / yèku Sang Prabu Asoka / minôngka tôndha trêsna sih //

sang nata tandya utusan / mantri cacah sakawan kang piniji / angirit rajabrana gung / katur Prabu Asoka / tan kocapa utusan ing lampahipun / nèng marga tan manggih baya / lêstari prantèng ngarsa ji //

Sri Asoka langkung rêna / anampèni pisungsung sêsotya di / nulya paring angsul-angsul / kawrat jroning pustaka / kinanthenan barang ingkang adiluhung / pinaringkên Prabu Tisa / dene surasaning tulis //

sasampune Sri Asoka / ngaturakên sukanirèng panggalih / saha matur langkung nuwun / mring pisungsung Sang Tisa / tur prayoga mugi karsaa sang prabu / angrasuk agami Buda / tumêngkara sanagari //

kadi kang sampun kalampah / Sri Asoka nindakakên pribadi / tumêngkar sapraja sampun / ngrasuk agama Buda / wit agama Buda sanyata linuhung / lamun sagêd kasêmbadan / yêkti kalangkung utami // (Badhe kasambêtan)

--- 73 ---

Nomêr 18, taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn Kawêdalakên sabên Sabtu.

Piwêling Sathithik

[Grafik]

He, bocah-bocah, aku rumasa wis kangên bangêt mênyang kowe kabèh, mula iya wus lawas anggonku ora tau kêtêmu utawa candhuk-lawung karo kowe. Iya kêpriye manèh, wong aku akèh bangêt pagaweanku, nganti ora kobêr apa-apa. Apamanèh sajêrone sasi Pasa kiyi, wah, aku saya ora kobêr babarpisan. Yèn awan awakku tungkul lêsu, wêtêngku tungkul kalikak-kalikik bae, dadi banjur ora kobêr barang-barang kajaba ngêkêpi guling. Nèk bêngi, iya ora kobêr manèh, jalaran kudu nyambut gawe nyauri rugiku awane, yaiku nyambutgawe: ngobahake uwang ngisor, alias ... mêmangan, nèk wis kêsêl anggonku mangan, iya ora kobêr manèh, awit aku kapêksa kudu ngênêng-ngênêngi ... panangise sang mripat, dadi cara Kumbakarnane aku kudu ... nendra. Nah, kowe saiki rak iya ngrêti dhewe, ta, sababe aku ora tau nêmoni kowe kuwi, iya sabab saka anggone ora kobêr kaya sing wis tak caritakake ing dhuwur mau.

Kajaba saka iku, aku duwe wêling nyang kowe kabèh: poma, padha tutura nyang mitra-mitramu, sing wong tuwane durung padha dadi langganan kalawarti Kajawèn kiyi, supaya tumuli enggal-enggal padha anjaluk nyang kantor Bale Pustaka ing Batawi Sèntrêm, dadi langganan Kajawèn. Awit ing dina bakda riyadi ngarêp kiyi Kajawèn arêp mêtu macak kêras têmênan. Isine bakal èksêtrah, têgêse ora mung 16 tumêkane 20 kaca bae, nanging mêtune nomêr lêbaran kuwi bisa uga nganti 48 kaca. Tur isine rupa-rupa, apik-apik, kèwês-kèwês, lan nèk kabênêran kowe bisa kapingkêl-pingkêl. [ka...]

--- 74 ---

[...pingkêl-pingkêl.] Jalaran ing kono kowe bakal bisa wêruh potrète Bokne Kamprèt, bojone Si Petruk kae, manganggo cara Sala sêngklik-sêngklik bangêt. Bojone Si Garèng macak manganggo klambi bayak potongan Bandhung. Cêkake: aja manèh nganti maca, lagi andêlêng gambare bae, mêsthi wis mulês wêtêngmu. Lan carita liya-liyane padha gurih-gurih kênyamane, tur iya akèh sing bisa agawe angglêgêse kowe kabèh.

Mulane takpindhoni omongku mau, ajanana mitra-mitramu, supaya wong tuwa-tuwane padha tumuli langganan Kajawèn, eman-eman yèn nganti ora uman nomêr, sing diwêtokake ing dina bakda Riyadi kiyi.

Pakmu Sêbul.

Bodhone Bocah Cilik Malah Dadi Lucu

Aku durung bisa ngarang crita utawa pitutur kang apik-apik, bisaku mung kôndha apa sing wis takwêruhi lan takrungu dhewe, dadi dudu jênêng karangan, mung kôndha barès, ora takwuwuhi, malah manawa akèh kurange, mêrga saka ora bisaku crita.

Adhiku lanang sing lagi umur têlung taun satêngah, jênênge Har, wadanane Sidhasil, marga rupane cilik mêthisil tur kulitane irêng thunthêng, wah nakale ora jamak, akale mêthakil, sok bisa anggorohi bocah barang, nanging nèk digorohi dhewe ora ngrêti.

Sore-sore wayahe mapan turu, Har kôndha mênyang ibu: Bu, aku dongèngna, bèn dang turu. Ibu mangsuli: Turua dhisik ta, mêngko nèk wis turu takdongèngake. Har têrus mapan turu karo kôndha iya takturu, mêngko dongèngna tênan. Têrus turu tênan.

Sorene manèh, har iya anjaluk didongèngake kaya sing uwis, ibu mangsuli sajake ya tênan: Lho, dongènge ibu andadak kèri ana omahe Wak Kaji Nur, dhèk ibu dolan mrana esuk-esuk kae, kari ana bayang pawon. Har kôndha karo nangis, jupukên ta, bu. Ibu mangsuli: Êmoh pêtêng-pêtêng aku wêdi, sesuk wae nèk wis padhang dijupuk. Har anjaluk nyang bapak, bapak wae nèk ngono sing wani, jupukên, pak. Bapak mangsuli: Êmoh, le, dinggo apa dongèng wis amoh ngana. Besuk bae nèk kowe wis sêkolah taktukokake dongèng sing anyar. Har: Iya pak, banjur mênêng le nangis.

Dhong aku padha tilik paman sing dadi priyayi ing nagara liya, wayahe mangan awan, aku lan adhiku kabèh padha mangan barêng karo putrane paman, barêng lagi wiwit mangan êmbah wedok mara karo alok: Lo, kêna ngapa, Har, kowe wiwit mangan ora nyêbut bismillah, apa lali nèk ana ngomahe dhewe. Har andêngèngèk sêmu kagèt: O, iya, bah, bismilahku andadèk kèri anèng ngomahku dhewe. Wis nèk ngono tak nyilih bismillahe Dhik Ni wae. [wa...]

--- 75 ---

[...e.] Dhik Ni iku putrane paman sing gêdhene padha karo Dhik Har. Dhik Ni mangsuli karo mêcucu, wah mêthênthêng bangêt, kandhane: Hêlo Mas Har, wong aku ora duwe bismillah jare disilihi. Êmbah banjur gumujêng karo kôndha: Ya wis, le, bismillahe êmbah wae pèkên, ora usah nyilih. Har bungah, karo muni: Ya bênêran aku diparingi bismillah êmbah, bèn akèh bismilahku. Dhik Ni nadhahake tangane karo muni: Aku ya nyuwun bismilihe ta, bah. Êmbah saya gumujêng karo kôndha: Iya uwis padha mangana dhisik, mêngko kabèh padha tak paringi bismillah, bismillahe êmbah akèh bangêt.

Sêmono bodhone bocah cilik, andèkna sauni-unine, sak polah-polahe kok nyênêngake bocah gêdhe.

Kaya nèk eling dhèk cilikku, pangrasaku wong sing ana jênênge utawa undang-undangane iku ora kêna diarani uwong, barêng aku wis ngêrti kok isin nèk kèlingan. Nanging nèk tak pikir ora aku dhewe sing ngono, dadi aku wani walèh. Dadi bocah cilik ngono nitèni bangêt, apa sing diwêruhi lan dirungu banjur ditiru wae, ora nganggo mikir bênêr luput ora gêlêm ngowahi. Tandhane aku tau anjajal adhiku Si Har. Ngene: bapak kuwi rak uwong ya dhik. Har mangsuli: Dudu uwong. Aku: lah, apa. Har: Ya bapak. Aku: Sing liwat kae rak uwong ya dhik. Har: dudu, kae bapak Suma. Aku: Lah, êndi sing uwong, apa sing kathoke dawa kae. Har: dudu, kae Cina. Aku: Sing cina rak sing tuwa kae, Har: Dudu, kae Bah Dae. Sênajan wis tak gênah-gênahake, nèk bapak iku iya uwong, Pak Suma iya uwong, Cina iku iya uwong, Bah Dae iku iya Cina iya uwong, andèkna ya ora ngandêl, mêrga wis tuman wêruhe biyèn ngono. Aku dhewe biyèn ana Majakêrta, nèk ditakoni apa bedane bocah karo arèk, wangsulanku, nèk bocah iku anak priyayi, arèk iku bocah desa. Mêrga aku kêrêp krungu anake priyayi nang kancane: Kôndha bocah-bocah, nèk bocah kampung ngundang kancane arèk-arèk. Malah aku tau takon mênyang kancaku dolanan, bocah sêkolah desa pangkat loro. Ba ditaling tarung, ca diwignyan, unine priye. Jare unine arèk. Tak kandhani nèk unine: bocah, ora ngandêl. Dhèwèke mêthênthêng, Jare kandhane gurune ngono, turne ya wis ora wae, nèk gurune marahi ngono.

Kaya kandhane Dhik Su, ing Taman Bocah nomêr 7. Ya ora gumun nèk le wêdi mênyang dhoktêr mêrga diwêdèni ibune. Barêng le duwe pangira nèk dhoktêr ngono ora kaya wong lumrah, apa ora angguyokake bocah gêdhe. Gajêge aku krungu, Dhik Su dhewe sok dikudang ibune besuk dadi dhoktêr, rak iya, ta, Dhik Su. Guyon wae lo, dhik ora ngisin-isin.

Tuti.

--- 76 ---

Lêlucon

Desa Bodhean

(Candhake Kajawèn nomêr 7)

Pundi, anak kula Si Gathot, ah, mêmêlas têmên têka nganti kalah karo buta.

Ki dhalang bangêt ing wêdine, nuli brabat anjupuk Si Gathot kaulungake Pakne Tengong.

Pakne tengong calathu: Wah mêmêlas têmên, anakku, ênggèr. (Mêngkono iku karo nampani wayang iku karo diêlus-êlus), eman mau, ênggèr, sapa sing nakal ...

Anggone crita Samsu mêngkono iku karo ngêlus-êlus Si Yusnan. Bocah-bocah padha angguyu, gêr.

Wis ... tak têrusna. Barêng wis iku ki dhalang nuli dikon anjupuk butane rambut gêni, kang ngalahake Gathutkaca mau. Barêng wus dijupuk nuli diiling-ilingi karo Pakne Tengong sarta calathu mêngkene: We, dene mung kaya mêngkene bae, si. La kok nganti ngalahake anakku. Saiki sapa manèh sing malêsake liyane bapakne môngsa anaa.

Barêng mêngkono, pakne Si Tengong enggal angrogoh pèmèse, lan ... buta mau nuli dièkrèk-èkrèk dadi sawalang-walang. Mêsthi bae ki dhalang bangêt susahe, nanging salahe dhewe. Ing batin amung mupus: Samono katrêsnaning manusa ...

Gathutkaca nuli digawa bali.

Hèh, lèrèn ngombe wedang dhisik, kancane wis padha srupat-sruput jare, aku dhewe sing dikon mênirên.

Dadiyana. Magêrsari.

--- [0] ---

[Iklan]


Sengkalan: budi asih murtining wong (Kamis, 2 Ramêlan 1861 A.D., Kamis, 22 Januari 1931 A.J.). (kembali)
Sengkalan: budi asih murtining wong (Kamis, 2 Ramêlan 1861 A.D., Kamis, 22 Januari 1931 A.J.).
Sawangsulipun. (kembali)
Sawangsulipun.
§ Bab nyêgah dhahar tamu mawi ulam ayam, ingkang kathah lêrês botên nyarêngi gadhah damêl, dipun warilakên punika kula kok inggih ragi mupakat, dhing. Awit lajêng nama ngawontên-wontênakên (cêgah ing agami, inggih cêgah ing akal budi pangrêksaning kamlaratan) nanging kula kapêksa kirang pitados dhatêng: dilalah lajêng cuthêl babarpisan botên wangsul-wangsul mrêtamu malih wau, (mêdhotakên pawongmitran) jalaran anggènipun lajêng botên dhatêng-dhatêng wau, kintên-kintên tamtu wontên sababipun, katatalanipun kathah. Tiyang mrêtamu sapisan kasêgah dhahar mawi ulam ayam tur mragat piyambak, punika tamunipun jêbul malah cumbu. Lo, kula sampun ngawaki piyambak, dados dede omong kosong. Red. (kembali)
§ Bab nyêgah dhahar tamu mawi ulam ayam, ingkang kathah lêrês botên nyarêngi gadhah damêl, dipun warilakên punika kula kok inggih ragi mupakat, dhing. Awit lajêng nama ngawontên-wontênakên (cêgah ing agami, inggih cêgah ing akal budi pangrêksaning kamlaratan) nanging kula kapêksa kirang pitados dhatêng: dilalah lajêng cuthêl babarpisan botên wangsul-wangsul mrêtamu malih wau, (mêdhotakên pawongmitran) jalaran anggènipun lajêng botên dhatêng-dhatêng wau, kintên-kintên tamtu wontên sababipun, katatalanipun kathah. Tiyang mrêtamu sapisan kasêgah dhahar mawi ulam ayam tur mragat piyambak, punika tamunipun jêbul malah cumbu. Lo, kula sampun ngawaki piyambak, dados dede omong kosong. Red.
sanadyana. (kembali)
sanadyana.