Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-28, #592

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-28, #592. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-28, #592. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 17, 9 Sawal Taun Jimawal 1861, 28 Pèbruari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [265] ---

Ôngka 17, 9 Sawal Taun Jimawal 1861, 28 Pèbruari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Kitha Brisbane

[Grafik]

Gambar nginggil punika sawanganipun kitha Brisbane, inggih punika kitha agêng ing nagari Queensland salah satunggiling republik ing Ostrali.

--- 266 ---

Cariyos Kina

Kêdhung Pêngantèn

Bênawi saurutipun laladan Wanagiri, mangalèr anglangkungi têpis-iringing kitha Surakarta, punika wontên satunggaling kêdhung, ingkang nama kêdhung Pêngantèn, kalêbêt kadhistrikan Sukaharja, sakiduling kitha Surakarta. Mulabukanipun kêdhung wau karan kêdhung Pêngantèn, kabêkta sabab wontênipun kadadosan ngriku ing jaman rumiyin, makatên mênggah dêdongenganipun:

Ing jaman kina bênawi ingkang cêlak kalihan tancêping kadhaton, punika pundi ingkang wontên kêdhungipun agêng utawi kawartosakên wingit, punapadene cêlak pasanggrahan dalêm nata asring kagêm cangkrama, pêpara, nênuba sasaminipun dening panjênêngan dalêm nata. Ing ngriku dipun wontêni juru silêm ingkang langkung kêsdik, mumpuni sêlulup sadhasaring toya, botên badhe kewran utawi ambatalakên sadaya dhawuh kaparêng dalêm nata, ingatasipun babagan salêbêting bênawi rêrêksanipun. Wondene gandhènging kuwajiban, juru silêm punika kagolongakên nunggil padamêlanipun abdi juru pambêlah baita. Makatên malih, jamanipun rumiyin, pamanggènipun para juru kalih golongan wau, sami angêbroki balabaging siti dhusun sawêwêngkon ingkang dados lêlanggênipun piyambak-piyambak, dumunung sacêlaking bênawi.

Mangsuli cariyos bab kêdhung, wontên pangantên enggal ingkang dèrèng salapan dintên, langkung nyabrang sanginggiling kêdhung ngriku, dening pancèn dados sabrangan kangge langkung tiyang kathah, samôngsa toyaning bênawi nuju alit. Wusana sarêng dumugi têngah, dumadakan ingkang èstri kentir têrus kalêlêp ing toya botên sagêd katingal malih. Kacêgat-cêgat sapangandhap dening têtiyang sacêlakipun ngriku, mêksa botên pinanggih, ingkang jalêr bingung namung tansah nangisi akontrang-kantring. Wontên salah satunggaling tiyang ngriku ingkang suka pamrayogi supados nyuwuna pitulung dhatêng kiyai juru silêm kemawon, bokbilih sagêd madhangakên manah. Kalampahan pangantèn jalêr lajêng manggihi kiyai juru silêm dhatêng griyanipun kalihan agita-gita. Sasampuning sajarwa punapa ingkang mêntas kalampahan, malah têmbungipun pangantèn wau sawarni anêmpahakên kiyai juru silêm, nêdha supados bojonipun ingkang sampun kalêlêp kalap ing bênawi sagêda pinanggih wangsul malih, punika namung nyumêrêpi dhatêng kiyai juru silêm.

Akalihan wangsulan sarèh, kiyai juru silêm botên awrat mituruti panêdhanipun pangantèn wau saha sagah manggihakên bojonipun, nanging kiyai suka piwêling dhatêng piyambakipun, mangke wontêna wujud punapa-punapa, sampun ngantos tumambuh lajêng kapurih ambêkta: inggih punika radinipun ingkang dipun padosi. Pangantèn ugi anyagahi, tiyang kalih nuntên sami pangkat dhatêng bênawi. Sadumugining pinggir bênawi pangantèn kapurih mêrêmakên maripatipun rapêt sarta gondhelan badanipun kiyai, saha dipun wêling sampun mêlèk rumiyin sadèrèngipun wontên pakèn. Tiyang kalih nuntên ambêlês [ambêlê...]

--- 267 ---

[...s] ing bênawi, ing pangraos namung sakêdhap netra. Wêkdal pangantèn dipun kèn ngêlèkakên maripatipun, sakala ngriku byar katingal awakipun manggèn wontên palataran sangajênging griya-griya agêng amêpêki.

Ing ngriku wontên maenda èstri satunggal tansah nyuwara êmbak-êmbèk, anggacar kadosdene ngrangkul-ngrangkula awakipun kalihan êmbak-êmbèk tanpa kèndêl. Pangantèn jalêr sangêt akipa-kipa sêmu gila kaworan ajrih. Kiyai juru ngaping kalihi ngèngêtakên wêling: supados nuntên kabêkta, awit inggih punika ingkang dipun padosi. Nanging mêksa sangêt lênggana, amargi rabinipun sipating manungsa walaka tur taksih ayu anèm, têka punika kapurih angrabi maenda gèmbèl, ungêlipun: ingkang kula padosi punika rabi kula, sapunika pundi. Kiyai juru sampun botên sambêt ginêm malih, namung lajêng nyandhak sukuning maenda ingkang ngajêng sisih têngên dipun kêthok ugêl-ugêlipun, tracak kêthokan kaulungakên dhatêng pangantèn jalêr supados kabêkta, mangke badhe sagêd nyumêrêpi piyambak yêktining rabinipun ingkang dipun sêdyakakên. Sasampuning nampèni kêthokan tracak lajêng kapurih mêrêmakên maripatipun malih nuntên kaajak wangsul.

Namung sapandurat ing pangraos, wêkdal ngêlèkakên maripat byar katingal awakipun sampun dumugi dharatan sapinggiring bênawi, kalihan aningali bêktanipun ingkang dipun cêpêngi, jêbul katingal cêtha awujud tanganipun ingkang èstri tabêt mêntas kakêthok watês ugêl-ugêl, tôndha yêkti nitik saking panganggenipun sêsupe kalih iji, ing dariji, panuduh tuwin jêjênthik sampun botên kêkilapan malih. Kados punapa tatangisipun, malah ngantos gulung ing siti. Kanthi ngrêrêpa dhatêng kiyai juru, nyuwun supados sagêdipun panggih kalihan rabinipun wau malih, sanadyana awarni maenda saha tanganipun sampun kakêthok inggih badhe katampi sarta sanggêm angêjak wangsul mantuk. Ananging kiyai juru botên sagêd mituruti, cariyos bilih sampun botên kenging kalihan mêlèhakên wêling sakawit, kenging punapa têka botên dipun èstokakên. Dumugi samantên pun pangantèn narimah sampun lajêng ngrumaosi kalèntuning pamanggihipun, wêkasan mupus dening sampun papêsthèning takdir, inggih wiwit jaman samantên kêdhung wau karan: kêdhung Pêngantên, pawartos ngantos tular-tumular dumugi sapriki namaning kêdhung taksih lêstantun dèrèng ewah. Cuthêl.

Lajêng sapunika kula nyariyosakên kaol saking para sêpuh (kaum kina), pangantèn jaka rara (têrasan), dèrèng kenging kesahan têbih, nyabrang lèpèn tuwin ngambah panggenan singup-singup sadèrèngipun dumugi sêlapan punapa kawandasa dintên. Sawênèh kaol malih nyariyosakên, tiyang kesahan anglangkungi sabrangan bênawi utawi ngambah panggenan wingit-wingit, wontên ingkang botên purun ngangge sandhangan bangsaning sinjang sêkaran, kados ta: anglungjiwa, gadhung, bangun-tulak sapanunggilanipun, mindhak kenging sêngkala. Mênggah kaol-kaol makatên, punapa inggih tumut sêsambêtan kalihan cariyos bab kêdhung kasêbut nginggil, kilap saking ila-ila sanèsipun, kula dèrèng nate mirêng dongèng sakawit-kawitipun.

P. K. 585.

--- 268 ---

Kawruh Sawatawis

Kamajênganipun Tiyang Wuta

Ing Kajawèn sampun kêrêp nyariyosakên ing bab kamajênganipun tiyang wuta, nanging kados inggih botên wontên awonipun nyariyosakên malih, awit mênggah kawontênanipun tiyang wuta, ing pundi-pundi mèh wontên. Dados saupami bab punika kasumêrêpan ing ngakathah, inggih wontên prayoginipun.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun tiyang wuta, gêsangipun kasangsaran sangêt, damêlipun ingkang migunani tumraping sanès botên wontên. Mila gêsangipun ngantos kêpisah botên sagêd têtunggilan kalihan tiyang sanès. Limrahipun ingkang kangge pambudidaya sarananing gêsangipun, botên wontên malih kajawi priman.

Mêmêlasing wujudipun tiyang wuta sampun katingal, sintên ingkang sumêrêp tamtu katarik wêlas ing manah. Mèh limrah tiyang dipun primani tiyang wuta, lajêng nyukani.

[Grafik]

Barend Streefkerk, murid sêkolah wuta ing Amsêtêrdham, ngêtrapakên rodha pit ing pabrik.

Mênggahing tiyang wuta, punika asring katitipan raos pangraos ingkang landhêpipun ngungkuli tiyang limrah. Wontên ingkang landhêping pamirêngipun kenging kangge mirêngakên suwara têbih ingkang langkung saking kalimrahan, landhêping panggandanipun sagêd ngambêt gêgandan ingkang botên kambêt ing tiyang limrah, raosing grayangipun sagêd ngraosakên anggêpok barang ingkang lêmbat sangêt. Kalangkunganipun wau ugi asring tumônja ing damêl, kados ta wontên tiyang wuta sagêd nitik ênèm sêpuhing klapa namung sarana dipun plèk plèk, tuwin sanès-sanèsipun.

Kajawi ingkang priman, limrahipun kala jaman rumiyin, tiyang wuta punika ingkang kathah sagêdipun angsal panggêsangan namung sarana sade swara tuwin bêbanyolan, mila kêlimrahipun sami suwita ing para agêng, ingkang kathah pinanggih wontên ing Surakarta, suwita wontên ing Mangkunagaran utawi karaton.

Mênggahing gathekanipun ing bab sinau ura-ura, punapadene sagêdipun bêbanyolan anggêgarap, angèl dipun telad ing tiyang sanès. Manawi ura-ura, suwaranipun sae, sanadyan botêna sae inggih gadhah nyês utawi grêgêl. Dene manawi bêbanyolan, anggènipun [anggèni...]

--- 269 ---

[...pun] ulah ginêm tanpa pêdhot tansah candhak-candhakan.

Kawontênan ingkang kados makatên wau, tumrapipun kala jaman samantên, asor sangêt mênggahing drajadipun tiyang wuta, gêsangipun namung dipun anggêp kalenangan kemawon, botên wontên ingkang angsal pangaji-aji.

Dangu-dangu lajêng tuwuh pamulangan tiyang wuta ing Bandhung, ugi lajêng wontên malih ing Ngayogya. Pamulangan wau maligi mulangakên ing bab padamêlan kriya. Mênggahing wohipun, tiyang sanès lajêng sagêd amastani, bilih barang dêdamêlanipun tiyang wuta punika langkung sae tinimbang dêdamêlanipun tiyang ingkang botên wuta, kados ta dêdamêlan barang sêpêt, anam-anaman tuwin sanès-sanèsipun. Tuwuhing kagunan punika, nama wiwit anjunjung drajatipun tiyang wuta sawatawis.

Manawi tumrapipun tanah Eropah, tiyang wuta punika wontên ingkang sagêd nyambut damêl wontên ing pabrik, nindakakên padamêlan ingkang kenging katindakakên dening tiyang wuta, kados ta dados juru ngêtrap-êtrapakên, ingkang ajining padamêlanipun inggih botên beda kalihan padamêlanipun tiyang ingkang botên wuta. Kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih drajating tiyang wuta punika mênggahing sababagipun inggih sami kemawon.

Saya tumraping tiyang wuta ing Eropah ingkang mangrêtos dhatêng têtabuhan, punika limrah angsal pangaji-ajinipun tiyang kathah, sapisan ngajèni dhatêng kagunanipun, kaping kalihipun pancèn nyata mênggah saening panuthuk langkung sae tinimbang tiyang limrah.

Amangsuli mênggahing kagunanipun tiyang wuta ing ngriki, sayêktosipun manawi dipun sinau inggih sami kemawon, tumindaking padamêlan kriya inggih sarwa titi, bab gêndhing ugi makatên. Tôndha yêktinipun para têtiyang wuta ing Surakarta, ing sapunika kathah ingkang sagêd nênabuh, gôngsa Jawi utawi musik. Tumrap para ahli gêndhing, sagêd amastani dhatêng saening thuthukanipun. Saya malih bab lantiping sinau, langkung enggal tiyang wuta, bêbasan sabên mirêngakên lajêng sagêd.

Sarèhning sampun cêtha mênggahing bab krawitan punika tumraping tiyang wuta sagêd nindakakên, bokmanawi ing têmbe inggih wontên ingkang pinunjul. Nanging eman sangêt, dene drajating tiyang wuta punika tumrapipun bôngsa Jawi sampun kalajêng nganggêp asor, namung kabêkta saking kawutananipun.

Ing pamuji mugi kabudidayanipun tiyang wuta bôngsa Jawi, sagêda manggih pangaji-aji ingkang sababag kalihan darajatipun.

Malah manawi dipun manah panjang, ing Surakarta kenging dipun wastani dados padununganipun tiyang wuta ingkang ahli dhatêng krawitan. Manawi kala jaman rumiyin namung sami ulah suwara, wulangan saking Mangkunagaran, dangu-dangu lajêng mindhak, kathah ingkang sagêd nabuh.

--- 270 ---

Bab Ringgit

Bambang Sakri

Bambang Sakri punika putranipun Rêsi Sakutrêm, miyos saking garwa widadari Dèwi Nilawati, ingkang lajêng dipun pindhah nama Dèwi Pujawati. Ing nalika miyosipun Bambang Sakri, tinêdhakan ing para widadara-widadari, sami arêrencang saha maringi pangangge dhatêng jabang bayi sarwa amêpêki. Mila sanadyan taksih bêbayi, sampun wontên titikipun, bilih Bambang Sakri kêkasihing dewa.

Bambang Sakri wiwit timur nunggil kalihan eyang, Rêsi Manumayasa wontên ing Saptarga, nalika taksih lare, Bambang Sakri pinundhut sraya ing dewa, kadhawuhan nyirnakakên mêngsah ditya nama Raja Kujana Krêsna ing Man-Imantaka, ingkang ngêpang Suralaya, jalaran nyuwun jodho widadari botên kaparêngakên.

[Grafik]

Bambang Sakri.

Rêsi Manumayasa nalika dipun dhawuhi inggih namung nyumanggakakên, nanging ragi rumaos kawratan, amargi ingkang wayah wau taksih kalitên. Rêsi Narada ingkang kautus andhawuhakên, mangrêtos dhatêng sêmunipun Rêsi Manumayasa, lajêng ngandika: sira aywa sandeya dupèh putunira isih cilik, Hyang Jagadnata wis langkung waskitha, kaya sira duk isih cilik ugi pinundhut saraya ing dewa kadhawuhan nyirnakake ditya Raja Kuramba ing Pringgadani. Rêsi Manumayasa sarêng tampi dhawuh makatên wau lajêng lêjar ing galih.

Bambang Sakri lajêng kabêkta minggah dhatêng Suralaya, lajêng winisik sagunging guna kasantikan tuwin jaya kawijayan dening Hyang Jagadnata. Sasampunipun lajêng kadhawuhan mapagakên mêngsah, dipun iringakên ing para dewa, nuntên campuh pêrang, para ditya ingkang ngêpang Suralaya sami kawon, kathah ingkang pêjah, kakantunanipun sami lumajêng.

Raja Kujana Krêsna sarêng sumêrêp wadyanipun kasoran lajêng mangsah prang, wêkasan dipun jêmparing dening Bambang Sakri, pêjah kacundhuk ing sanjata Brahma Kadhali. Wusana ditya kakantunanipun lajêng sami nungkul.

Saungguling pêrang, Bambang Sakri lajêng jinunjung jêjuluk Bathara Sakri, saha lajêng kaparingakên wangsul dhatêng Saptarga, dipun irid Hyang Narada piyambak.

Rêsi Bathara Sakri sampun diwasa, dipun dhawuhi ingkang rama, Rêsi Sakutrêm, anyênyuwuna jodho widadari dhatêng dewa. Ing bab punika, Bathara Sakri botên purun, awit ingkang kaèsthi sagêda jodho kalihan manungsa putraning nata. Awit [A...]

--- 271 ---

[...wit] manawi jodho kalihan widadari mindhak namung wontên ing pratapan kemawon. Ing ngriku nuwuhakên dukanipun ingkang rama, Bathara Sakri lajêng dipun tundhung saking Saptarga.

Kacariyos lampahipun Bathara Sakri kalunta-lunta ngantos dumugi tanah sabrang nagari Gujulaha inggih Tabêlasukêt. Sadumugining nagari Tabêlasukêt, sakalangkung adamêl gita, jalaran saking bagusing warni.

Anyarêngi lêlampahanipun, kala samantên ratunipun nagari Tabêlasukêt, jêjuluk Prabu Partawijaya, ginubêl ing putranipun putri nama Dèwi Sati, supêna dhaup kalihan sinatriya bagus nama Bambang Sakri. Sang prabu dipun aturi ngupadosi. Sarêng lampahanipun, ing kala punika Bathara Sakri dumugi ing Tabêlasukêt. Kalêrêsan Prabu Partawijaya nuju lênggah siniwaka, Bathara Sakri lajêng dipun irid dhatêng ngarsa nata. Bathara Sakri sajarwa ing bab lêlampahanipun sadaya, makatên ugi Prabu Partawijaya ugi lajêng mangandikakakên ing bab supênaning putra, wusana sami kacondhongan, Bathara Sakri dhaup kalihan Dèwi Sati. Saha salajêngipun, Bathara Sakri inggih lajêng wangsul dhatêng Saptarga malih kalihan ingkang garwa.

Sarêng sampun têntrêm wontên ing Saptarga, Dèwi Sati ambabar miyos kakung, pinaringan nama ing dewa Bambang Palasara. Nanging botên watawis dangu, Dèwi Sati seda, anjalari ura-uruning pratapan. Bathara Sakri saking sangêting sungkawa lajêng kesah saking pratapan.

Lampahipun Bathara Sakri wontên ing margi kapapag ratuning brakasakan nama Raja Murtija, ingkang nêdya numpês têdhak Wisnu. Bathara Sakri ngakên manawi têdhak Wisnu, lajêng dados pêrang, wusana Bathara Sakri kasoran, tiwas wontên ing paprangan, layon muksa.

Ingkang kalimrah ing padhalangan, lampahan Bathara Sakri, kalêbêt ing lampahan Kanumayasa, jêjêring cariyos nyariyosakên ing bab Rêsi Dupara badhe nyidra Rêsi Kanumayasa, amargi bêntèring manah dupèh kasoran kalangkunganipun. Ing lampahan ngriku ugi nyariyosakên ing bab Bambang Sakri dhaup kalihan Dèwi Sati, putranipun Prabu Partawijaya ing Tabêlasukêt, nanging wontên gèsèhipun sakêdhik, inggih punika ing bab kesahipun Bathara Sakri saking praja, botên jalaran lumuh kadhawuhan krama widadari, kados ingkang kasêbut ing nginggil, malah nyuwun krama widadari. Lan malih ing nginggil nyariyosakên anggènipun kagungan putra Dèwi Sati, kacariyosakên ing Saptarga, nanging ing padhalangan kacariyosakên, sasampunipun Bathara Sakri krama kalihan Dèwi Sati wontên ing Tabêlasukêt, Bathara Sakri lajêng dipun jumênêngakên prabu anom, Prabu Partawijaya lajêng puruita dhatêng Saptarga.

Sarêng Dèwi Sati sampun ambobot sêpuh, Bathara Sakri wangsul dhatêng Saptarga anilib lampah, Dèwi Sati katilar, amargi nuju ambobot sêpuh.

Sapêngkêripun Bathara Sakri, Dèwi Sati lolos tilar pura, madosi ingkang raka, wusana ambabar wontên satêngahing wana. Wêkasanipun sagêd kalêmpakan pêpanggihan wontên ing Saptarga.

--- 272 ---

Panglipur Manah

Kawontênan ing Môngsa Kawolu

[Mêgatruh]

Sumirating raditya duk lagya mungup / mêgat kawasaning ratri / kawawa lan wênang mêngku / kadi angratoni bumi / misesa saênggon-ênggon //

datan wangwang ngangsêg marang siluk-siluk / nganglang angidêri bumi / bawana arsa winêngku / kawasèng pratônggapati / ambêg unggul lumuh asor //

anyunari pasabinan gunung-gunung / sagon-ênggon katon asri / wukir rumasa dèn ugung / dupèh kacakêt ing rawi / pucak nèng akasa adoh //

kang aldaka ing kalaning môngsa esuk / lir raryalit antuk ati / sinihan ing bapa biyung / wênang ambêg ngadi-adi / mring wong tuwa kang amomong //

pan sanyata kaananing gunung-gunung / duk ing wanci maksih enjing / nadyan wus katon ngrênggunuk / nanging maksih dèn kêmuli / araras dèn ênjong-ênjong //

wusing tumus rasaning panas tumêmpuh / lagya ngalela kaèksi / lir sinungging tumaruntun / sinambung rêsmining bumi / kang sarwa asri katongton //

warna-warna têbaning sabin kadulu / katon kang tandur wus titi / wênèh wus maratah lêdhung / muyêk maya-maya wilis / winawas wèh karahayon //

sadaya mung anut kawasaning banyu / dènira wênang ngadhêmi / sumiram mring tanêm tuwuh / kang mawa dugi prayogi / têmah kiyat kaduk oyod //

kang mangkana ngrêngga bumi rêsminipun / lamun pinangguh lêstari / têtêp dènira umandum / tirta kang nyata nyukupi / makolèhi sagon-ênggon //

mung sarèhning nyarêngi môngsa kawolu / anggung kêladukan riris / mêndhung anggung angêndhanu / lir ngrêbat kawasèng rawi / kang araras pindha katong //

[Grafik]

... katon kang tandur wus titi, wênèh wus maratah lêdhung ...

ing salami kalaning môngsa kawolu / surya mêndhung apradongdi / anggung gulêd aprang kiwul / singa kasoran kajodhi / nanging samya ambêg kukoh //

kalanira surya mimba abra murub / dening maksih anêrasi / nyêrang kawasaning mêndhung / yèn ringkih tan andayani / kang mêndhung sumisih adoh //

nanging lamun mêndhung wus barisan kukup / tan pisan nêdya ngunduri / nandyan arangkêpa sèwu / mêksa kukuh angayoni / mêndhung ngêmuli wêwêngkon //

ing satêmah wanci enjing wus tumurun / sagon-ênggon dèn êlêbi / nanging surya mêksa [mê...]

--- 273 ---

[...ksa] ngêsuk / wusing warsa katon tipis / dèn angsêg satêmah botol //

surak umyung pra janma sarêngan muwus / mangkya umimba Hyang Rawi / unggul dènnya aprang kiwul / punang pratôndha kaèksi / manjêr dludak kluwung elok //

kang kasoran nulya ngunduri sêmuluh / katon talêthiking riris / kang rumamyang rasa wujud / pindha tandhaning kang tangis / tètèsing luh kotos-kotos //

watak wantu labêt ambêgirèng mungsuh / sanadyan arasa tangis / wusing sirna tabêtipun / tan wêgah ngambali malih / mupung darbe panguwaos //

tan adangu mêndhung alit-alit kumpul / wusing kandêl mapag wani / kang surya kinêpung wakul / tandhaning jurit miwiti / gludhug gumlêdhêg tan pêdhot //

surya mirut gumiwang kasoran kêsuk / datan kêndhat dèn gunturi / têmah abêr bêntèripun / tan kawawa anandhingi / nulya mundur alon-alon //

undurira nulya ampingan lan gunung / kanthi ngungak mungsuh sakti / mangkana wêdharing wuwus / iya sun kasoran mangkin / dening kalah balung otot //

antènana enjang yèn ingsun jumêdhul / sun aotot daya gêni / ingsun yêkti bakuh kukuh / sanajan ngêjokna aji / yêkti ingsun jêjêg jêbol //

nulya angslup kang surya koncatan wujud / malah saya anêbihi / mêndhung nulya madêg ratu / mandhirèng kalaning ratri / tan ana kang saron sikon //

kang bawana rinêgêm anggung winêngku / dèn soki adrêsing riris / kalamun limut kaladuk / tan pisan adaya bêcik / malah sinrêtu sanggyèng wong //

wus mangkana wataking kang nuju unggul / tan pisan mawa ngèlingi / lamun kaladuk ing mêndhung / kala dhumawuh ing ratri / wutahing tirta lir dèn sok //

wusing katog pêpêr duk ing bangun esuk / kang panjêrina nangisi / sunarira surêm têdhuh / kêsamaring êluh tipis / binelanan lintang ewon //

paksi-paksi angocèh tan mawèh sêmu / mung katitik rasa atis / dene kang canthuka kang-kung / saya anyabawa ririh / kadi nyuwuk ing palugon //

pan mangkana ananing môngsa kawolu / anggung pinangguh ing bumi / ing siyang pantara dalu / tan kêndhat turuning riris / mung kala kasêlan kalong //

kang sawastu mawèh panggrêsahing kalbu / nanging kang mangkana yêkti / wus têtêp watêking idhup / angèle anglêliwati / tan ana lêlakon condhong //

Raos Jawi

Ambujêng Wilujêng

Saupami wujuda, tiyang punika anggènipun ambujêng wilujêng kados tiyang jèlungan. Anggènipun madosi kawilujêngan ingkang dipun anggêp ngumpêt wau ngantos gêmêt, tur rumaos botên kêcêpêng-kêcêpêng. Dene ingkang minôngka tôndha saksi, sagêd miribakên dhatêng tataning gêsang limrah, inggih punika tata gêsanging tiyang ing sabên dintênipun, botên sanès namung mêngku kajêng pados kawilujêngan.

Tiyang nyambut damêl, bakunipun pados têdha, sèlèhipun inggih dhatêng kawilujêngan. Tiyang pados kapintêran, wosipun inggih pados kawilujêngan [ka...]

--- 274 ---

[...wilujêngan] tuwin sanès-sanèsipun. Saupami cêthaa, sadaya punika namung dados margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan. Saupami dipun turuta, margi wau sampun dados ancêr andumugèkakên purug.

Nanging kaprahipun tiyang, tindakipun wau asring dipun sulayani piyambak, lajêng nyimpang saking margi ingkang sampun lêrês dipun ambah, wêkasan pinanggihipun lajêng ngosokwangsul, panyambutdamêlipun botên têntrêm, sinau botên tumêmên. Kados bab makatên punika botên prêlu kapratelakakên malih, sintêna kemawon inggih sampun mangrêtos tuwin manawi dipun titi, inggih sagêd manggihakên sabab-sababipun.

Agêngipun malih tumrap tiyang gadhah damêl, punika manawi dipun manah, cêtha manawi wosipun badhe pados kawilujêngan, ing sadèrèngipun kalampahan, sênêngipun sampun dipun gambar, upami tiyang badhe mantu, sampun sagêd anggêrba: benjing sabibar damêl, badhe sagêd nyipati rukuning anakipun anggèning jêjodhoan, dhasar sêdyanipun wau sampun dipun niyati, têgêsipun sampun ngawontênakên waragad nyêkapi. Ingkang dipun wastani nyêkapi, têgêsipun cocog kalihan ukuranipun. Watakipun tiyang gadhah damêl punika mèh limrah, sakawit ngangge kêkêncênganing manahipun piyambak, amargi sadaya-sadaya inggih badhe mêdal saking bôndha beyanipun piyambak, nanging limrahipun botên cêkap namung dipun awaki piyambak, kêdah mawi têtimbanganing sanak sadhèrèk, dene panimbanging sanak sadhèrèk wau warni-warni, wontên ingkang nimbang supados nindakakên saprêlunipun kemawon, botên usah ngaya-aya, mindhak damêl rêkaos ing wingking. Panimbang makatên punika cêtha manawi panimbang ingkang lèrègipun angajak wilujêng, ancêr-ancêripun manggih kasênêngan sampun cêtha, tumrap ingkang badhe nglampahi, rêmbag wau dipun tampi kanthi bingahing manah.

Sapunika gêntos panimbanging tiyang sanèsipun, sarêng mirêng rêmbag ringkêsan kados makatên punika lajêng anjêngèk: o, tiyang gadhah damêl punika rak ngangkah samuwanipun, sampun niyat ngangkati[1] ngêntas anak, inggih babarpisan, punapa panjênêngan botên wêlas dhatêng kêng putra, dosanipun punapa têka lajêng dipun ringkês, kalihan malih ingkang badhe kajuwara sintên. Mênggah pamrayogi kula, mawi ngaturi para luhur, panjênêngan rak inggih kagungan kuwanuhan ingkang gêgayutan utawi kulina kalihan prayagung luhur, iba ta agênging panggalih panjênêngan manawi karawuhan bandara mênggung, sanadyan putra panjênêngan pangantèn inggih kasawaban. Tur indhakipun botên sapintêna, inuman kantun mêwahi ingkang alus-alus, dhaharan cêkap santun larihan cara Walandi, sapunika sampun botên kirang tiyang sagêd olah-olah, gôngsa sagêd nyambut dhatêng saudara Babah Uluwi, namung ringgitipun kêdah saking Salakêrta. Adhuh, iba agênging panggalih panjênêngan. Sampun, cêkakipun rêrigên wontên kula.

Watakipun tiyang badhe gadhah damêl, onggronganipun sok gampil, rêmbag kados makatên wau dipun kênyam eca. Cêkakipun inggih kalampahan yêktos, dhawahing damêl jênggur-jênggur, kathah tamunipun para agêng, pasugatan botên nguciwani, lêlangênipun sarwi mirênani. Nanging sabibaring damêl,

--- 275 ---

adhakan siram waspa.

Kawontênan kados makatên punika pinanggihipun inggih mawi mawang undha-usuking drajat, nanging raosipun sami kemawon, sapunika lajêng pundi ingkang nama wilujêng, saupami kasèlèhna dhatêng raos pados sênêng, nama sampun manggih sênêng, taksih ambujêng kasênêngan ingkang dèrèng kacêpêng.

Sapunika gêntos angraosi ing bab tatacara limrah ingkang sairib ugi kados makatên, inggih punika ing bab tatacaranipun tiyang ing môngsa lêbaran, punika ugi kêlimrah sami nindakakên guru alêman, anggènipun badhe nyêkapakên kabêtahan sarwa nyêngka, ing sadèrèngipun kalampahan, tansah ngunggar kêkajêngan kapengin samukawis ingkang langkung saking ukuran, sanadyan mawi anêmpuh pakèwêd ingkang damêl ribêd ing wingking, inggih dipun lampahi, nêmpuh têtumbas kabêtahan ingkang rêginipun nyêngkrèk. Wusana sabibaring prêlu, lajêng kraos, bilih anggènipun nyêngka punika, pinanggihipun têka inggih sami kemawon, namung grêgêsipun badhe dipun raosakên ngantos wêwulanan. Tamtunipun para maos botên kêkilapan, bilih lêlampahan sadaya wau tumrap lêlampahanipun tiyang botên kasêmbadan.

Nanging sadaya wau sarèhning kajêngipun ambujêng wilujêng, inggih namung kêdah dipun tampi wilujêng.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pahargyan ing Dintên Riyadi

Garèng: Wah, Truk, bakda sapisan kiyi pancèn iya rame bangêt, hla wong mèh barêngan karo taun baru Tionghwa, mula ramene unining mrêcon, wah, cêkake iya ora kalah nèk dipandhing karo ramene mrêconmu yèn kowe mêntas anggadho bakaran kêdhawung sasênik kae. Mêngkono uga akèhe wong sing padha royal lan ropyan-ropyan sarana nganggo klambi: garbadhin, santung, palêmbuwit, utawa klambi jumputan, sutra paris, iya bal-balan, malah iya ora kurang wong-wong sing padha macak gajah, kanthi ... nyangking sêpatu utawa kasut.

Petruk: Wiyah, wong mono hambok aja sok dhêmên mêmoyok, ana wong nyangking sêpatu utawa kasut bae, kathik mèlu digawa-gawa, lo, kiyi rak jênêng lumrah, ta. Sanadyana sikil rak bisa sumuk, anggone sêpatu utawa kasute mau dicangking, kuwi rak cik bèn sikile rada silir-silir. Kang kaya mangkono kuwi rak ora beda karo wong gundhulan kae, topine rak kêrêp bae ora dianggo, nanging dicangking, mara, genea têka ora ana sing ngaruh-aruhi.

Garèng: Lo, hla, kiyi rak seje, Truk, wong gundhulan sing topine ora dianggo, nanging dicangking, kuwi rak kanggo kabêsusan lan kabrêgasan, karêpe rak arêp anjaga supaya aja nganti bubrah rambute sing dijungkati andhandhing nyara Èdhi Polo (Eddie Polo) utawa nyara [nya...]

--- 276 ---

[...ra] Tom Mik (Tom Mix) kae.

Petruk: Wiyah, iya ora mangkono, pancèn bangsaku Jawa kuwi bakune dhêmên opèn lan dahwèn, mulane bangsane iya ora bisa maju-maju. Awit anggêre arêp reka-reka apa-apa sathithik bae, iya banjur ana bae sing nyaruwe lan sing mada.

Garèng: Hla, iya wis mêngkono kuwi wong ki nèk kurang kawruh lan sêsurupane. Panyaruwening wong banjur bae diarani opèn lan dahwèn. Ing môngka nèk mungguhing panêmuku, panyaruwe kuwi kêna dak arani sawijining panaliti murih bisaa dadi bêcike, awit kamajuaning bôngsa Jawa kuwi lakune rikate prasasat sêpur èmbrès, dadi nèk ora ana sing naliti utawa sing nyaruwe, mêngko lakune bangsaku kiyi anggone arêp ngudi nyang kamajuan mau, rak ora mung bakal arêp kêsandhung-sandhung bae, nanging rak malah bisa kêrungkêb-rungkêb utawa kêlumah-lumah, mulane panyaruwe kuwi prêlu. Mara, pikirên bae, bangsaku kuwi akèh bangêt sing sok dhêmên nguja hawa, ora mikir nyang tôngga têparone, anggêre awake dhewe sênêng, prêduli setan wong liya. Kaya ta: malêm lêbaran, wajibe wong sakowe aku kiyi, sabisa-bisa kudu mêlèk, sarta mêmuji marang kaluhuraning Pangeran. Wajib supaya mêlèk mau tumêkane saiki pancèn isih akèh sing padha nglakoni, mung bae carane nyêgah êlèk lan prêlune mêlèk mau, hla, kuwi sok rada beda-beda. Ana sing isih nêtêpi kayadene wong Islam sajati, dadi iya mêlèk têmênan, saranane nganggo takbir lan prêlune iya pancèn mêmuji marang kaluhurane Ingkang Kuwasa. Nanging iya ana uga sing mêlèk malah sawêngi muput, thik nganggo dilanjari sêtugêl dina manèh, saranane nganggo jingklak-jingklak lan jêngkrik-jêngkrik, tur ora lali A P H-ne. Dene ing wêngi kuwi sing dipuji-puji jêbul, anggone gêlunge mèphèt, pupurane klimis, suwarane turut usuk, nlindire ...

[Grafik]

Petruk: Wis, wis aja kok banjur-banjurake omongmu, aku wis ngrêti apa karêpmu. Kowe kuwi rak arêp nacad wong-wong sing padha tayuban ana ing malêm lêbaran. Sanyatane mono iya ora bêcik, sabab ing kono katone banjur sajak kaya ora mrêduli mênyang agamane dhewe. Ewasamono wong sakowe utawa aku ora wajib yèn ta banjur arêp nyanthulani tindak sing mêngkono mau. Awit kowe aku kudu ngèlingi, yèn pakarêmane wong kuwi dhewe-dhewe, ana sing dhêmên bangêt nyang gêndhing, nganti yèn ora ngrungu Gambirsawit sadina [sa...]

--- 277 ---

[...dina] bae, rasane awake bisa pating krêjot, ing môngka sajêroning sasi Ramlan kuwi, ora ngêmungake kapêksa kudu pasa ora mangan thok bae, nanging uga kapêksa ora bisa ngrungokake kêcimik-kêcimiking gêndhing Gunungsari. Mulane barêng pasane bubar, iya banjur kaulan anggone gêndhingan. Ing sakawit iya mung uyu-uyu nganggo disindhèni bae, suwe-suwe rumasa ora mantêp, yèn talèdhèke ora dikon ngadêk pisan, nanging barêng tlèdhèke anjogèd, awake banjur kêpengin anjogèd dhewe. Dadi anggone tayuban mau rak ora disêngaja, mung saka daya ...

Garèng: Kiraku Petruk dhewe mèlu-mèlu tayuban, mulane banjur sajak ora rila kene nacad wong tayuban sing ora ngèlingi môngsa mau. Wis, bab kiyi ora prêlu tak banjurake, mundhak mêngko nuwuhake pêpadon bae. Saiki kêpriye mungguh panêmumu, wong êlèk ing malêm bakda sing migunakake cara Lônda tus, kaya ta upamane mangkene: ing sarèhning duwe jaka lan prawan pirang-pirang, sing padha sêkolah jêmpul-jêmpul, sarta saking kêpengine gawe sênêng anak-anake mau, ing malêm lêbaran kono banjur ngulêmi jaka-jaka lan prawan-prawan kônca-kancane anak-anakke padha kon têka ing omahe, prêlu ... dhangsih-dhangsih, wèh hla wong jaka-jaka dikumpulake karo prawan-prawan tanpa ditunggoni wong tuwane, wèh iya ... gandêm. Apamanèh jarene salêbare dhangsih-dhangsih, banjur barêng-barêng padha motor-motoran, wa ... dhuh ... ya ... ya ... ne.

Petruk: Hêm, ing jaman saiki kiyi, pancèn akèh wong tuwa sing gêdhe bangêt kaprêcayane marang anak-anake, sanadyan anak-anake mau wis wancine birai. Nanging iya ora kêna dipaido, awit bocah saiki kiyi kaprahe pangajarane padha dhuwur-dhuwur, dadi wis padha ngrêti têmênan marang bêcik lan ala, têmtune iya ora bakal yèn ta arêp ngrusak kaprêcayane wong tuwane mau. Sanadyan mêngkonoa, sing dadi wong tuwa wajibe kudu ngèlingi, sadhuwur-dhuwure pangajarane, sasuci-sucine budi wêwatêkane, yèn isih jênêng manungsa kuwi sok ana kalane bisa lali utawa lena, mulane bab kiyi sing dadi wong tuwa iya kudu tansah ngati-ati lan prayitna. Kang Garèng, kowe ngarani yèn kaya mangkono kuwi cara Lônda, bok manawa ya bênêr, ning iya carane Lônda gombal-gombal kae. Nanging yèn pancèn Walônda sing pangajaran, sing trahing kusuma, têmtune lêlagon sing mêngkono kuwi iya disingkiri, awit sabên wong rak ya wêruh, ta, yèn dhangsah kuwi bisa nuwuhake angkara. Hla, sajêrone lagi kadhayohan simbah angkara, kok banjur plêsir-plêsir barêng-barêng thik motoran, mêngko rak bisa ... ngrusak agama têmênan. Wis, wis, padha dicuthêl samene rêmbugane.

--- 278 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Utusan dhatêng Lahor.

Kala malêm setu ingkang kapêngkêr ing gêdhong pêrmupakatan ing Gang kênari, Bêtawi, dipun wontênakên rêsèpsi lêbaran, ngiras mirêngakên palapuranipun Nonah Sunaryati anggènipun kautus dhatêng konggrès wanita Asiah ing Lahor. Miturut katranganipun Nonah Sunaryati, konggrès wau ingkang ada-ada wanita bôngsa Inggris, dipun pandhegani Miss Coussins. Para utusan saking Indhonesiah sami botên anjênêngi konggrès wau, jalaran botên anocogi kalihan ingkang dados pangintênipun sakawit. Ing konggrès wau ingkang karêmbag baku namung prakawis sosial saha pangajaran. Lajêng Nyonyah Mangun Sarkara anêrangakên sababipun up komite ada-ada ngintunakên utusan dhatêng konggrès wau. Sanadyan para utusan wau botên angsal damêl, ananging sêsêrêpanipun mindhak kathah ingkang saèstunipun ugi badhe mikantuki dhatêng ebah-ebahan ing tanah ngriki.

Pangasilan Nagari.

Salêbêtipun taun 1930 pangasilanipun nagari gunggung wontên 628.312.914 rupiyah, salêbêtipun taun 1929, 708.716.052 rupiyah, dados salêbêtipun taun 1930 kirang langkung suda 80 yuta rupiyah.

Sultan ing Sumbawa Seda.

Aneta angsal pawartos saking Bima, bilih kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr wanci jam gangsal sontên Paduka Muhamad Jelaludin, Sultan ing Sumbawa seda, yuswa 72 taun.

Papan Pamulasara Lare Budhêg Bisu ing Bandhung.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta kaparêng paring darma arta 1000 rupiah dhatêng papan pamulasara lare budhêg bisu ing Bandhung.

Kawartos, ing Surakarta ugi badhe ngawontênakên papan pamulasara lare budhêg bisu, wondene ingkang kawisudha dados dhirèkturipun inggih punika Tuwan Timmer, guru ing papan pamulasara lare budhêg bisu ing Voorburg (nagari Walandi).

Iridan ing N.I.S.

Miturut Mat. Tuwan Ir. Wouter Cool, pangarsaning komite pangrèh N.I.S. amara-warakakên dhatêng para punggawa N.I.S.bilih saking malèsèting jaman, bokmanawi ing maskape wau badhe dipun wontênakên iridan. Kawartos, punggawa ingkang dhinêsipun sampun lami saha agêng balanjanipun badhe sami dipun wêdalakên.

Sêsakit Pès.

Wiwit tanggal 28 Dhesèmbêr 1930 dumugi tanggal 24 Januari 1931 ing tanah Indhonesiah ngriki sadaya wontên tiyang 557 pêjah jalaran kenging sêsakit pès.

Wiwahan Agung.

Têngku Putri Amalbanun putra putrinipun Têngku Sultan Dhèli, sawatawis dintên malih badhe krama angsal Têngku Salam Asimahsyah, putranipun Sultan ing Perak. Miturut Sum. Post ing pura Dhèli badhe dipun wontênakên pahargyan laminipun saminggu, wiwit tanggal 1 Marêt ngajêng punika.

Pêkên Dalu ing Sêmarang.

Wiwit tanggal 25 Juli dumugi tanggal 10 Agustus ngajêng punika, ing Sêmarang badhe dipun wontênakên pêkên dalu. Ing pêkên dalu wau badhe dipun wontênakên propagandhah bab kagunan pribumi. Kajawi punika ugi badhe dipun wontênakên sêtèling ing bab panulakipun sêsakit tubêrkulosê.

Gêdhong Kabangsan Indhonesiah.

Pambantu B.N. ing Surabaya martosakên bilih ing ngrika tuwuh pasulayan ing gêdhong kabangsan Indhonesiah ingkang anggadhahi tiyang kathah punapa para ingkang angadêgakên. Pamanggihipun Tuwan Dr. Sutama saha redhaksi Swara Umum, gêdhong wau gadhahanipun tiyang kathah, pamanggihipun Radèn Ayat saha redhaksi Jênggala, gêdhong wau ingkang anggadhahi para ingkang anggadêgakên. Awit saking pratikêlipun Tuwan Suparnadi, warga rad propinsi, lajêng dipun wontênakên kumisi. Kumisi sêdyanipun badhe anyapih pasulayan wau nanging sande, jalaran Tuwan Dr. Sutama tuwin sanès-sanèsipun sami mopo botên purun dipun jak rêmbagan ing bab wau. Kumisi wau samangke badhe angrêmbag bab wau wontên ing parêpatan umum.

Kantor S.J.S. Kalêbêtan Pandung.

Aneta martosakên saking Sêmarang bilih kantor Semarang Joana-Stoomtram-Mij. Ing Jornatan kalêbêtan pandung. Malêbêtipun pandung sarana ambabah. Ingkang kacolong wujud arta gunggung 11.000 rupiyah. Tiyang ingkang kadakwa dados pandungipun minggat, nanging lajêngng kacêpêng, saha ngakêni kalêpatanipun. Tiyang wau juru sêrat ing kantor ngriku, bôngsa Tionghwa.

Iksamên Indisch Arts.

Tuwan Gindho Sirêgar (asli saking Siporok) kaangkat dados Indisch Arts.

--- 279 ---

Sêsakit Tipês.

Dèrèng dangu ing Pamêkasan Madura wontên tiyang sawatawis kenging sêsakit tipês. Têtiyang ing ngriku lajêng sami dipun suntiki. Samangke sêsakit wau sampun sirêp.

Barisan Madura.

B.N. tampi pawartos saking Pamêkasan bilih kala tanggal 25 Pèbruari ingkang kapêngkêr ing ngrika dipun wontênakên pahargyan kangge mèngêti adêgipun barisan Madura jangkêp satus taun. Pahargyan wau dipun jênêngi kumêndhaning wadyabala, gupêrnur Jawi Wetan, residhèn Madura Kilèn, wêwakilipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saha bupati sawatawis.

Sentral Mêrapi Komite.

Dumugi tanggal 23 Pèbruari ingkang kapêngkêr darma arta ingkang katampi dening sentral mêrapi komite gunggung wontên 307.958.37 rupiyah.

Alihan dhatêng Tanah Sabrang.

Salêbêtipun taun 1929 cacahipun kuli ingkang pangkat dhatêng tanah sabrang wontên 77.600, ingkang wangsul 37.800, salêbêtipun taun 1930 ingkang pangkat wontên 58.000, ingkang wangsul 38.000. Tuli-kuli[2] wau ingkang kathah asli saking Jawi Têngah saha Jawi Wetan, saking tanah Pasundhan namung sakêdhik. Salêbêtipun wulan Januari taun punika cacahipun kuli ingkang pangkat dhatêng tanah sabrang wontên 636, ingkang wangsul 5258.

Pasuruan-Tosari.

Aneta martosakên saking Surabaya bilih Pasoeroeansche Stoomstram-Mij. angsal idin anglampahakên otobês antawisipun Pasuruan saha Tosari.

Konsul Inggris ing Medhan.

Saking Dhènhah kawartosakên bilih Tuwan W.W. Coultas kaakên saha kaparêngakên jumênêng konsul Inggris saha Irlan wontên ing Medhan.

Kêbêsmèn ing Galang.

Miturut pawartos Aneta saking Medhan, ing Galang wontên griya pitu kêbêsmi. Pamulangan Tionghwa ugi katut kêbêsmi. Kapitunan tapsir wontên 10.000 rupiyah. Saperangan agêng botên dipun tanggêlakên.

Asiah.

Konprensi Meja Bundêr.

Niu Dhèli, 24 Pèbruari (Aneta-Reuter). Lord Irwin (rajamudha Indhia Inggris) aparing katrangan dhatêng Gandi prakawis bab ingkang karêmbag saha kaputus wontên ing konprènsi meja bundêr. Kajawi punika panjênênganipun ugi wawan rêmbag kalihan para wêwakil ingkang sami anjênêngi konprènsi wau. Para utusan wau sami anyondhongi usulipun Lord Irwin inggih punika supados konprènsi meja bundêr dipun lajêngakên wontên ing Indhia Inggris (konprènsi ingkang sampun wontên ing Londhon).

Salêbêtipun rêmbagan kalihan para wêwakil ingkang sami anjênêngi konprensi meja bundêr Lord Irwin anêrangakên, manawi Gandi condhong, konprènsi wau badhe dipun lajêngakên wontên ing Indhia Inggris saha konggrès badhe dipun parêngakên kintun wêwakil gangsal wêlas.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4332 ing Sêmanu saha Tuwan M.W. Soedarmo ing Klathèn. Lêngganan panjênêngan sami kapetang wiwit 1 Pèbruari 1931.

Lêngganan nomêr 1534 ing Boton. Manawi panjênêngan mundhut kèndêl dados lêngganan, sampun ngintuni yatra lêngganan. Sapunika rèhning yatra sampun kula tampi, dados panjênêngan kêdah nampi Kajawèn têrus. Benjing 1-7-'31 panjênêngan sawêg kula wêdalakên saking buku.

Lêngganan nomêr 4572 ing Sabang. Yatra f 3.- punika tumrap wulan Pèbruari dumugi Juli 1931.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3251 ing Banjaragung. Ngahad Paing wuku Gumbrêg, taun Be, taun Walandi 1902, dhawah tanggal 24 Jumadilakir 1832, môngsa IV, windu Sangara, Walandi tanggal 28 Sèptèmbêr. Pandangu panjenêngan bab asal-usul, prayogi pados katrangan dhatêng priyantun ingkang gêgayutan.

Lêngganan nomêr 242 ing Sèwugalur. 1. tanggal 3 Sèptèmbêr 1887, dhawah dintên Sabtu Wage, tanggal kaping 14 Bêsar Be 1816, wuku Dhukut, 2. ingkang sade Depot van Leermiddelen ing Batawi Sèntrêm, rêgi f 6.-

Lêngganan nomêr 5140, Inl. Regl. Rêgi f. 1.80, Str.Wtb. rêgi f.2.50. Sapar Dal 1823 dhawah dintên Ngahad Wage môngsa katiga tumindak, wuku Galungan, windu Sangara, utawi kaping 27 Agustus 1893.

Lêngganan nomêr 5131 ing Pakis. Tanggal 5 Ruwah 1837, dhawah tanggal 2 Sèptèmbêr 1908 wuku Julungpujut.

Lêngganan nomêr 1560 ing Surakarta. Taun 1825 tuwin 1849 sami dhawah taun wawu, botên Jimakir. Dintên Salasa Lêgi 16 Sawal Wawu 1857 dhawah wuku Wayang.

Lêngganan nomêr 1007 ing Panaraga. Dintên Jumuwah Paing wulan Sawal, wuku Maktal, taun Walandi 1903, dhawah tanggal 16 môngsa kapitu, tumindak 26 dintên, taun Be 1832, Januari tanggal 16.

--- 280 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

28.

[Dhandhanggula]

Cinakêtan para biksu luwih / kang kêrèh ing Pangeran Maindha / papan ngêpung sacakête / katon singêr kalangkung / nyata têlêng don pangastuti / singa janma kang mulat / sumingêb atundhuk / dening kasoran prabawa / prabawaning janma samya ngulah budi / tataning kautaman //

ing antara datan têbih malih / dèn yasani bangsal langkung pelag / anglangkungi sasamine / yèku suyasanipun / sang linuwih Amita Dèwi / kinêpung liyanira / wisma lit alajur / yèku padununganira / sanggyanira kang para pandhita èstri / kang karèh Sang Amita //

datan têbih ingêdêgan ugi / suyasa lit-alit amarênca / yèku wisma kang ginawe / dadya pasucèn luhung / nadyan alit nanging apèni / ananira sadaya / tan kuciwèng sêmu / dadya tôndha kaluwihan / tumitising Buda nèng Langka ing nguni / tumêrah wurinira //

pan katêlah têtêp lumastari / praptèng mangkya patilasanira / warna candhi sapadhane / kadi kang wus winuwus / maksih katon angrêspatèni / ananira sadaya / wèh wawasan luhung / bangkit nuwuhkên pangrasa / kang nênangi umèngêt jaman ing nguni / duk jaman Prabu Tisa //

pan sanyata kang samya nêkani / uning maring sruning rungkêbira / sri nata mring agamane / katon dènira nêru / rarasing kang Budha sajati / malah praptèng samangkya / singa arsa wêruh / marang Anuradapura / maksih nyata anon kang yêyasan luwih / sarwa maneka warna //

dening nyata mung anggung tiniti / yèn pinangguh rêngat dinandosan / mrih nyirnakkên têtabête / kadi ta ananipun / kang sêtupa rama ing budi / wus purna dinandosan / lir duk kina tuhu / tabêtira tan katara / sapa kang wruh tan darbe pangira yêkti / yèn wus winangun anyar //

dene wana agung kang nutupi / nyamari mring papan patilasan / candhi kang kalangkung sae / kang kêlumrah sinêbut / Isuru muni ya linuwih / sanggyaning rondhonira / binabadan kêmput / satêmah sumilak padhang / mawèh cêtha candhi ingkang musthikani / candhi na liyanira //

tanpa sêla têtemboking candhi / tinrapan ing gambar môncawarna / sela itêm dhêdhasare / tinatah langkung bagus / amêmêtha pêpêthan luwih / wujudira katara / yêyasan linuhung / têtapaking para wignya / kang amulat mung ngrasa ebat ing batin / datan bisa mêmadha //

gurda agung kang kocap ing nguni / kang kinubêng pêpagêr santosa / pinindhi ing salamine / katêlah turun-turun / wong kang prapta anggung anggili / sadaya amêmuja / pinundhi ingêmbun / tumêrah praptèng samangkya / para janma Indhu prapta tan sarênti / nulad caraning kuna //

sapraptane soring gurda nuli / ngalap sêkar kang anjrah ing kisma / dahat gati pangalape / pinêtri-pêtri langkung / datan pae jimat paripih / datan kêndhat pinuja / inganggêp satuhu / kadi sêkar kautaman / kang araras sasmita pituduh luwih / praptaning kasunyatan //

wartanira gurda kang pinuji / kang dumunung Anuradapura / apan wontên gêgotèke / dene panganggêpipun / para janma kang samya mundhi / wit-witan ing sadonya / tan ana sumundhul / maring sêpuhing kang wrêksa / kang kinira kalih èwu warsa luwih / kawan atusan warsa //

agunging kang wrêksa wus katitik / yèn umirib mring kaananira / anon ngrêmbakaning rone / aub kadi anutup / mring têbaning kawasèng langit / angayomi warata / ing satêbanipun / rarasing pasêmonira / mêngkoni mring bawana riningkês manjing / têbaning pangawasa //

marma kongsi katêlah ing nguni / praja Anuradapura nyata / dadya têlêng dumununge / kasucian linangkung / mèh warata satanah Indhi / tan beda ananira / praja Selon iku / patraping pamundhinira / mring agama Budha kang inganggêp suci / tumanêm tanpa owah //

kacarita kalanira nguni / Prabu Tisa jumênêng narendra / langkung kontap ing sungkême / tan ana kang kadulu / tan lyan amung maring agami / ananging nyatanira / mung warta kalantur / jatinira sri narendra / nyarambahi tataning mêngku nagari / nyata tanpa kuciwa //

tumindaking samubarang kardi / sri narendra sadaya uninga / kang kanthi kasampurnane / kadi ta tatanipun / narapraja marang ing wajib / pinardi ywa kuciwa / wruh ing bênêr luput / tumrap tataning pradata / tumibaning karampungan langkung titis / tan ana kang tan trima //

para janma kang alaku sisip / nulya tuwuh darbe rasa wirang / ngakêni kaluputane / nulya kêlair têrus / nêdya sêtya salami-lami / cipta ingkang mangkana / ing sajatinipun / tuwuh saking kaelokan / môngka tôndha tuwuhing osik kang suci / tan kêni pinardia //

têmah samya umèngêt agami / dadya nyata ing kaananira / sri nata ing salamine / uning ing siluk-siluk / malah nyata anênuntuni / amung kawêntarira / sri nata satuhu / kèrêm mring agamanira / kinira yèn kongsi tan pisan anggalih / tataning ulah praja //

nadyan maring prêluning atani / sri narendra kalangkung uninga / anggalih saprayogane / kadi ta ananipun / wadhuk agêng kang isi warih / kang aran Tisawewa / sakalangkung agung / iyèku iyasanira / Prabu Tisa duk maksih jumênêng aji / mêngkoni prajanira //

singa mulat alêgêk kapati / ngalêmbana maring sri pamasa / dene agung kawasane / mangun yêyasan luhung / kang nêrahi kawula tani / sumarambah ing tirta / ngêlêb sabin agung / kongsi datanpa wicalan / têmah tuwuh ing praja mirah rijêki / nêntrêmi mring kawula // (Badhe kasambêtan)

--- 85 ---

Nomêr 22 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Kodhok Gêmblung

Ana kodhok linggihe methok andhodhok.

Ambêngkêrok mêlok-mêlok ora andêlok.

[Grafik]

Dhasar gêmblung tansah mêlung muni kang kung, sanadyan mung anyuwara theyot thèblung.

Trap lungguhe dhedhe sacêdhaking trate, ngrasa dhewe yèn kaya priyayi gêdhe.

Ngambang banyu ora pisan ngrasa lunyu, malah prabu kaya uwong nunggang tandhu.

Gone dhedhe nunggu wêtuning srêngenge, gagasane yèn angêt iba penake.

Barêng padhang matane ketok ambranang, padha abang ambrêbês kaya dibrambang.

Mripat pat pêt kêrêp kaya mêrêm dhipêt, ketok rapêt rada mèmpêr gêni upêt.

Nuli nywara gandhang kaya sundhul mega, kana-kana kabèh padha krungu cêtha.

Suwarane dilaras kaya mangkene, wah enake dhedhe ing wayah mangkene.

Yèn patukku[3] kudu karo udud srutu, luput iku ya mung tarima mêcucu.

Karo jegang nyawang kana kene padhang, nanging sêmang yèn aku dikira dêmang.

Gonku antêng aku pantês duwe jênêng, mêsthi ngêngrêng upama disêbut kangjêng.

E ladalah kae jêbul ana simbah, sajak sayah nanging ayah mêsthi ngarah.

Yèn marono awakku sida dikendho, coba mêngko dakundange simbah bango.

E, kiyai sampeyan ampun mariki, kula niki têng sampeyan rada wêdi.

Bango clathu sajak antêng lan angguyu, o, yèn aku kalêbu bango sing cumbu.

Ing têgêse aku êmoh ganggu gawe, salawase mung mangani kijing ece.

Awit kodhok aku uwis gêrang dhaplok, ora ilok yèn nyênyaplok kandhêg tênggok.

--- 86 ---

Tak dongèngke rungokna sing cêtha thole, bokya rene linggihan sing cêdhak bae.

Aku iki satêmêne turun pyayi, mung nglakoni tindak bêcik lan kang suci.

Nganti tuwa watakku tansah takgawa, aku gêla yèn duwea tindak ala.

Kodhok domblong mripat ketok kêlong-kêlong, ning durung plong pikirane mandhêg mayong.

Arêp nyêdhak samar yèn kalêbu têlak, tan andhangak mripat nyawang ambêlalak.

Ngundhuh (Ngundha) Layangan

Cêmpe, cêmpe, undangna barat gêdhe, tak opahi duduh tape. Yèn kurang jupuka dhewe.

Unèn-unèn ing dhuwur iki, tumrap bocah lanang yèn pinuju usum layangan, supaya ana angin. Sing muni mangkono iku bocah lanang jênêng Kusèn. Kancane sing jênêng Mèru lan Dawud barêng krungu swarane Si Kusèn enggal têka, banjur takon.

Mèru: Wah, kok mêmpêng Sèn, lèhmu ngundang angin.

Kusèn: Dhasar iya, ewangana ta, angine bèn têka.

Mèru: Layanganmu êndi.

Kusèn: Isih ana ngomah, aku tas bae digawèkake kakang, ayo ta dijupuk.

Bocah têlu banjur padha mênyang omahe Kusèn, arêp anjupuk layangan.

Dawud: Wah, kampi tênan Sèn, layanganmu. Iki jênênge layangan apa, dene nganggo sisik, kèpèt barang.

Kusèn: Jênênge iwak-iwakan.

[Grafik]

Mèru: Nèk ngono ora kêna disangkutake,

--- 87 ---

Sên.

Kusèn: Ora kêna, mung kanggo panjêran bae, mêngko dikèki sêndarèn, bèn kaya manuk dara kalangan.

Mèru: Aku ngundha layangan yèn ora sangkutan, gêla Sèn. Kurang sênêng.

Kusèn: Pancène ya ngono, ning kakang ora entuk, kandhane nênuman watêk boros. Amarga anggêr pêdhot jur tuku manèh.

Dawud: Bênêr kakangmu, Sèn. Aku rujuk. Sênêng ya sênêng, ning aja boros bangêt. Jamane wis ora gêlêm dijak boros.

Kusèn: Ayo mangkat nyang alun-alun, gone jêmbar, tur ora ana wit-witane.

Bocah têlu banjur mangkat mênyang alun-alun, satêkane ing alun-alun, pinuju ora ana angin.

Kusèn: Wo, ora ana angin. Ayo Wud, ngundanga angin.

Dawud: Ya, ning aku nèk ngundang angin ora kaya kowe, ana bedane.

Kusèn: Ya, sak bisa-bisamu.

Dawud: Mangkene, Truk anginmu, mati, Truk anginmu mati. Ta, rak jur gumrubug bae, la wong Petruk ki sing ngrêksa angin, amarga kandhane dhalang Petruk ki anak gêndruwo.

Kusèn: Wis, Wud, lagi ngundhuh layangan kok sarasilah wayang. Pèthèkên, Ru.

Mèru: Ya, Mêngko yèn wis muluk aku jaluk panjêran.

Layangane banjur dipèthèk Si Mèru, barêng muluk, bocah têlu muni barêng, hore, hore, hore, wis muluk. Bocah têlu banjur lungguh ana panggonan sing eyub, manjêr layangane gênti-gênti.

Tani.

Lêlucon

Candhake Kajawèn nomêr 13.

Pak Lèthèng

Kacarita Pak Lèthèng sakiki wis tuwa, untune wis ompong kabèh, rambute wis ora ana alias gundhul plinthis, mêlêng-mêlêng kaya gêndul.

Ing wayah bêngi Pak Lèthèng kapengin arêp maling manèh. Isih sore dhèwèke wis mangkat saka ngomah. Barêng têkan ing omahe wong sing rada cukup, dhèwèke nuli ngrungokake ana ing pagêr jaban omah.

Kacarita sing duwe omah kono lagi angêloni [angê...]

--- 88 ---

[...loni] anake, ing sarèhne ora turu-turu, mulane diwêdèni mangkene: Wis, turu, galo kae ing jaba ana kramaleya.

Pak Lèthèng krungu mangkono iku bangêt ing wêdine, jalaran durung mangrêti apa sing diarani kramaleya mau, dikira mung setan bae, mulane banjur bêluk-bêluk sing duwe omah anjaluk êtêr: Mas, mas, mêdal mriki, kula nêdha tulung ditêrakên wangsul, mêngke kula sukani wêdhus satunggal.

Kang duwe omah nuli mêtu sarta takon: Ontên napa ta, têka sampeyan wêdi.

Pak Lèthèng: Ontên kra ... êm êm ... ma ... le ... ya.

Kang duwe omah krungu mangkono iku rada gêli. Wusana banjur diêtêrake. Têkan ing omahe Pak Lèthèng, olèh prêsèn wêdhus siji, cu ... apa ... cu ... cuthêl.

Samsu: Têruske, èh.

Marta: Iya, mêngko ... apa dikon trus lèngsêng bae. Lagi wong lèngsêng bae ana lèrène.

Samsu: Saiki aku bae sing andongèng, Lik Marta karbèn lèrèn dhisik.

Yusnan: Wiyah, Samsu iki pancèn karêm tênan karo dongèng-dongengan. Tinimbangane sêpi ngene, êmbokya ana sing nêmbang-nêmbang. Coba aku tak nêmbang Mijil kanggo panutup.

atur priksa mring pra lare sami / kang sama amaos / ing Kajawèn ing bab Taman Lare / mugi-mugi karsa amaringi / lumèbèring êsih / dhatêng kula têrus //

dene kawula sadaya sami / lare ingkang goblog / ingkang botên ngrêtos ika ike / mung lumayan wagêd dhèrèk ngisi / ngisi kalawarti / katur Rama Sêbul //

ing wusana sagêda lêstari / gampil sagêd pados / dêdongengan kangge Taman Lare / ingkang sae sarta mikantuki / dhatêng lare sami / ingkang sami mundhut //

Samsu: Tuku apa, Yus.

Darus: Êmbok wis, Su, mênêng bae karbèn ditêruske. Lagi apik-apik jare disêlani.

Wis, Yus ditêruske.

Yusnan: Wah, banjur lali.

Darus: Mêngko daktêrusne. Rèhning bakda sampun pun langkungi / kli ...

Jasman: Sêtop, aku têka banjur sênik-sênik.

Darus: Ana apa, ta.

Jasman: Aku banjur kèlingan sing ora-ora.

Gêr, bocah-bocah padha angguyu, wusana banjur bubaran.[4]

Dadiana, Jatèn, Magêrsari, Magêlang.

--- [0] ---

[Iklan]


ngangkat. (kembali)
ngangkat.
Kuli-kuli. (kembali)
Kuli-kuli.
patutku. (kembali)
patutku.
§ aku iya milu nêmbang mijil / karo kêplok-kêplok / dhuwalolo, lowing sênggakane / tak pêpuji mugaa lêstari / kêrêp andongèngi / ramakmu Pak Sêbul //. (kembali)
§ aku iya milu nêmbang mijil / karo kêplok-kêplok / dhuwalolo, lowing sênggakane / tak pêpuji mugaa lêstari / kêrêp andongèngi / ramakmu Pak Sêbul //.