Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-28, #598

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-28, #598. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-28, #598. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 25, 8 Dulkangidah Taun Jimawal 1861, 28 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [393] ---

Ăngka 25, 8 Dulkangidah Jimawal 1861, 28 Marêt 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Nias, Sumatrah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun griya-griya ing padhusunanipun băngsa tiyang Nias.

--- 394 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mănca

Praja Mêsir

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

Kawontênan ing jaman kina ngantos kabawahipun dhatêng karajan Pèrsi.

[Grafik]

Masjid kina ing Mêsir.

Wontênipun nagari Mêsir wiwit kina mila anggadhahi kamulyan punika botên sanès jalaran saking dayanipun bangawan Nil, ingkang sabên taunipun ing wêkasanipun wulan Juli tansah bêna angêlêbi siti ing sakiwa têngênipun. Sabên-sabên mêntas bêna makatên wau, saasating toya lajêng anilari êndhut ingkang sajatosipun dados lêmi, ingkang murakabi lan migunani agêng tumrap panggaotan têtanèn lan sapanunggilanipun, awit siti wau saking dayaning êndhut rabuk, lajêng dados loh jinawi ingkang tanpa timbangan, sadhengah ingkang dipun tanêm, tuwin sadhengah têtuwuhan sami angêdalakên asil kathah. Kajawi punika ugi awit saking kathahing ulam ing bênawi ngriku, punapa malih saking kathahing pitik iwèn ingkang sami gêsang wontên ing ngriku, kados ta: menthog, banyak, lan sasaminipun, adamêl gampiling lampahipun têtiyang mangupajiwa.

Jalaran saking ingkang makatên wau, mila botên anèh bilih nagari Mêsir dipun cariyosakên, nagari ingkang rumiyin piyambak sampun anggadhahi tatanan sae. Awit têtiyangipun sampun angrumaosi, manawi nagarinipun kêdah tata têntrêm, murih sagêda lêstantun panggarapipun sabin, anjagi supados sampun ngantos têtanêman kêkirangan toya, ngawontênakên kakiyatan kangge ananggulangi mêngsah ingkang sumêdya nêmpuh nagarinipun, lan sasaminipun. Mila inggih sampun layak kemawon, bilih têtiyangipun ing ngriku sampun sami anggadhahi pangrêtos lan miturut dipun tata dening salah satunggalipun tiyang. Sadaya kemawon, kados ta golongan prajurit, para ngulama,

--- 395 ---

kaum tani lan sapiturutipun, tanpa sawala sami ambangun turut dhatêng tiyang satunggal ingkang ngrajani wau, lan pangrêngkuhipun tuwin pangaji-ajinipun dhatêng rajanipun wau, kadosdene pangidhêpipun dhatêng Pangeran.

Kabêkta saking kawontênan ingkang makatên wau, têtiyangipun ing ngriku sami anggadhahi panganggêp, ing jagad punika ngêmungakên têtiyang ing ngriku ingkang nama manusa, dene têtiyang nagari sanès-sanèsipun kala samantên kaanggêp taksih bangsanipun tiyang wanan, amila ing jaman samantên, têtiyang ing Mêsir punika sami nyirik kêkêmpalan kalihan băngsa sanès.

[Grafik]

Pasareanipun para kalipah ing Mêsir.

Pintên-pintên atus taun atêtêrusan, têtiyang ing Mêsir sami angundhuh wohing asilipun nagari, ingkang langkung loh jinawi wau, amangun kitha-kitha, adamêl yêyasan warni-warni tuwin dêdamêlan sanès-sanèsipun, nanging sadaya wau kapêksa botên wontên patilasanipun, jalaran saking kathahipun băngsa-băngsa sanès ingkang sami nglurugi saha lajêng angrisaki sadaya wau.

Nama utawi kawujudaning tiyang, ingkang sami dêdunung ing nagari Mêsir ing kala samantên, punika botên wontên tiyang ingkang sagêd nêrangakên kanthi cêtha. Nanging wontên salah satunggaling juru ngarang, ingkang nyariyosakên, bilih têtiyangipun ing nagari Mêsir kala jaman samantên, pakulitanipun cêmêng lan dêdêgipun andhap-andhap. Dene kalangkunganipun ingkang misuwur dhatêng nagari sanès, mênggahing gêgambaranipun. Nanging botên dangu kacariyosakên, bilih băngsa wau lajêng katêlukakên ing băngsa sanès.

Băngsa kalih wau pintên-pintên taun sagêd gêsang asêsarêngan, inggih wiwit ing wêkdal punika, băngsa Ègiptê sagêd kasumêrêpan babadipun ingkang ragi cêtha. Kacariyos ingkang jumênêng nata ingkang kapisan ing nagari ngriku ajêjuluk: Prabu Menes, ingkang anilar nagari Thebe saha lajêng ngadhaton wontên ing Memphis, inggih punika ingkang dunungipun samangke wontên ing sacêlakipun Kairo.

Kacariyos, ing salêbêtipun sèwu taun sasampunipun Prabu Menes wau seda, ingkang jumênêng nata ing Mêsir ngantos wontên kalih wêlas turunan,

--- 396 ---

dene dêdongenganipun botên patos têrang. Malah jêjulukipun para nata wau ugi botên badhe kasumêrêpan, saupami tanpa anilari patilasan pasarean-pasareanipun, inggih punika ingkang dipun wastani piramidhê (pyramide).

Botên antawis têbih saking Memphis kasêbut nginggil, wontên rêdi sela inggilipun 30 mètêr, ingkang panjangipun nurut lampahing banawi Nil. Inggih ing sanginggiling rêdi sela panjang wau dununging piramidhê. Gunggunging piramidhê wau sadaya wontên pitung dasa, nanging ingkang kathah sampun sami risak. Dene ingkang ngrisak wau, kala rumiyinipun băngsa Arab, jalaran angintên, bilih ing nglêbêtipun isi rajabrana.

[Grafik]

Gambar ingkang katingal kados gumuk lancip, punika piramidhê.

Piramidhê-piramidhê samantên cacahipun wau, wontên tiga ingkang agêng saha inggilipun dumuginipun samangke têmtu taksih dipun gumuni para têtiyang ingkang sami sumêrêp.

Mênggah wontênipun piramidhê-piramidhê wau sampun kacariyosakên, bilih dados pasareanipun para nata. Nanging ing sangandhapipun wontên saistha margi-margi anjog ing kamaran, ingkang minăngka pakuburaning para kawulanipun. Ing ngriku punika kadosdene ing setragăndamayu, inggih punika panggenaning mayit ingkang tanpa wicalan kathahipun. Inggih lêrês, kathah kamar-kamaran ingkang sampun dipun risak dening băngsa Arab ingkang melikan wau, nanging ugi taksih kathah kubur-kuburan ingkang taksih wêtah.

Băngsa Mêsir ing jaman kina, punika botên rila sangêt manawi jisiming tiyang pêjah nganton[1] bosok, mila lajêng dipun ihtiyari, murih jisimipun wau lêstantun wêtah botên bosok, sami dipun balsêm. Dene barang gêgadhahanipun, kados ta: prabot bale griya, pangangge, dêdamêl, lan sasaminipun, sadaya sami kabêktakakên tumut kinubur. (Badhe kasambêtan)

--- 397 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

VII. Bramana kaping kalih, nyariyosakên lampahanipun.

[Kinanthi]

brahmana sawuse mundur | pangarsa adhawuh ririh | kula wus uning sanyata | eloking solah puniki | mangkya kularsa uninga | brahmana kang kaping kalih ||

majênga aywa pakewuh | wêwartaa kang sajati | punapa ta elokira | ing kintên sagêd ngungkuli | brahmana ingkang kapisan | lah sampun majênga cobi ||

brahmana kang antuk wuwus | ing sêmu katon ngèsêmi | kang dahat rasa tan rêna | mring brahmana kang sakawit | nulya majêng lênggah tata | tandya wiwit matur aris ||

kula kalilana matur | nèng ngarsèng priyantun sami | ingkang ngasta pangadilan | miwah para kang mriksani | parêng paringa aksama | manawi wontên kang sisip ||

rèhning kula tiyang dhusun | têbih maring tatakrami | botên kanggenan dêduga | mangkya cinakêt priyayi | wah angasta pangawasa | kawasanirèng nagari ||

kang wus samya kasub kombul | kongsi ngèbêki nagari | sumrambah mring desa-desa | nadyan napan[2] ingkang sêpi | datan wontên kalangkungan | kêsrambah samyantuk adil ||

pangarsa amênggak wuwus | sampun-sampun kyai amin | dene kados wong andonga | apanjang dèrèng dumugi | sampun nuntên wiwitana | cêkak kemawon kang isi ||

brahmana tumuli matur | mawi linut dhèhèm ririh | ehèm hèm kauningana | ing wau sadaya sami | ngraos gawok ing wardaya | mirêng dongengan kang uwis ||

kang mangkana yêktinipun | sadaya kang myarsa sami | nêtêpakên kang pangira | brahmana ăngka sawiji | ingkang tinuju ing urmat | saking prajurit taruni ||

nanging mangke tamtu gumun | manawi sampun miyarsi | dongengan kula sadaya | malah trêkadhangan malik | dhawahing pangalêmbana | kula ingkang dhawah ngarsi ||

makatên cariyosipun | mênggah ta kula puniki | wontênipun ing padesan | wus karam[3] brahmana luwih | lamun nuju pakêmpalan | kalangkung dipun urmati ||

lênggah pinrênah nèng ngayun | tan kawon sasami-sami | awit sing tinuwa-tuwa | myang saking punjuling budi | amarêngi duk samana | kula dipun undang janmi ||

têmbungipun kinèn ngêpung | ajat amêmule bumi | sarèhning kula rumasa | ingaosan ing sasami | winastan tiyang minulya | tuwin adhêdhasar suci ||

măngka yèn ngatên puniku | kêmpal tiyang pundi-pundi | inggih saking măncadesa | ngalêmpak samya naksèni | mila kula wajib uga | ngêtrapkên tata prayogi ||

kula nuntên badhe cukur | mung murih katingal rêsik | kula nuntên adhang-adhang | wontên sapinggiring margi | tan antara sampun angsal | lajêng kula ajak mulih ||

nuntên kula purih nyukur | datan prêlu kêdah bêcik | mung waton têsik kewala | trapipun dènnya nandangi | kalangkung angarah-arah | bokmanawi saking ajrih ||

ing salêbêtipun nyukur | mung tansah kula dongèngi | ing bab tindak kautaman | atanapi [atana...]

--- 398 ---

[...pi] tindak gêmi | sumêrêpa dhatêng tănja | sampun brah-brèh boros dhuwit ||

juru cukur duk angrungu | kalangkung dènira ajrih | ing sêmu sampun katara | mituhu pitutur bêcik | ing wusana paripurna | kula nuntên arêrêsik ||

kula sarwi cêluk-cêluk | inggih dhatêng kănca èstri | kula purih nyukanana | minăngka amituwasi | kula nuntên abusana | milih ingkang sarwa rêsik ||

ing sasampunipun rampung | kula pitakèn mring rabi | mau kouwèhi pira | rabi kula amangsuli | satangsul kados wus cêkap | epah nyukur tiyang siji ||

kula anjêgrêg kalangkung | kados pun dhodhog ing wêsi | gèdhèg-gèdhèg sarwi ngucap | rak cukup êmung rong kêthip | sira tan wêruh ing tănja | wong wadon tan bisa gêmi ||

dhuwit kang limang sèn iku | aran gêmpalaning ringgit | apa sira tan miyarsa | yèn opahe mung rong kêthip | sirèku pancèn sanyata | lumuh bangêt nênitèni ||

wis mêngko sun arsa nusul | arsa ingsun minta bali | kula nuntên engal-enggal | bidhal rikatan nututi | wusing kêtututan marga | kula sêrêng mitakèni ||

he he mandhêg juru cukur | kene limang êsèn bali | juru cukur alon ngucap | nuwun kula botên ngrêti | gangsal sèn arta punapa | kula botên anampèni ||

sakala manah kula: bul | lajêng sêrêng anudingi | sira wong ambêg dursila | tega têgêl anampani | apa sira arsa selak | datan rumasa nampani ||

dhuwit kang saka rabiku | dhuwit wutuhan satali | opahing panyukurira | sira aywa anyelaki | yèn sira kongsi selaka | mêsthi sun sêrêg prakawis ||

juru cukur mêksa kukuh | mangkana dènnya mangsuli | kiyai botên uninga | dhatêng ajining kang dhuwit | arta gangsal sèn punika | wontên petangipun ugi ||

apan wus kawêcèng tutur | janma wajib anggêmèni | tan kêni brah-brèh agampang | lan malih kula puniki | gèn kula tampi epahan | nama sampun sah sayêkti ||

kula nuntên tutur galur | hèh wruhanira panyakit | adat ingkang wus kalakyan | sun mung ambayar rong kêthip | lah kang limang sèn balèkna | ywa kongsi sira ngapusi ||

juru cukur mêksa kukuh | sêrêng dènira mangsuli | datan gampil bab punika | wajib yèn kula labuhi | arta gangsal sèn sanyata | ugi têtêp nama dhuwit ||

arta kang sampun kalêbu | anama sampun kêdaging | datan kêni pun wah-ewah | sanadyan ta kadospundi | kula andhèrèk kewala | botên nêdya nyulayani ||

kula sanès lare kuncung | gampil kenging pun rêmbagi | kula sampun doyan sata | botên kenging pun gêgampil | inggih badhea punapa | kula sandika ngladosi ||

awit kula botên luput | têka lajêng pun wastani | dados tiyang ngapus krama | punika datan prayogi | nadyan kula labuhana | abên bau sampun wajib ||

sampun mawi rikah-rikuh | jaragan kula nglabuhi | gangsal sèn punika arta | kang sampun kula darbèni | nadyan pêcat nyawa kula | urup gèn kula nglabuhi ||

ngriku kula saya murub | rumaos dipun kul yêkti | kula lajêng ngangsêg nyêlak | tukang cukur inggih wani | kula nuntên asêsumbar | tan pisan nêdya ngunduri ||

--- 399 ---

Bab Ringgit

Bambang Parasara

Bambang Parasara punika putranipun Bambang Sakri, miyos saking Dèwi Sati, putranipun Prabu Partawijaya, nata ing Gujulaha, tanah sabrang. Dados Bambang Parasara punika turuning nata ing tanah Jawi kalihan nata tanah sabrang.

Miyosipun Bambang Parasara dipun rawuhi ing para widadara-widadari, Sang Hyang Naradha tumêdhak maringi nama Bambang Parasara wau.

[Grafik]

Bambang Parasara.

Bambang Parasara wiwit alit sampun dipun tilar ing para sêpuh, sakawit ingkang ibu seda, botên lêt dangu saking anggènipun miyos Bambang Parasara. Ingkang rama ugi seda sasampunipun ingkang ibu seda, dados timuripun namung dipun tênggani ing eyang, Rêsi Sakutrêm, tuwin eyang buyut Rêsi Manumayasa.

Sasedaning ibu, Bambang Parasara taksih jabang, sangêt andadosakên susahing para sêpuh, awit botên wontên ingkang nêsêpi. Anyarêngi lêlampahan, kala sedanipun Dèwi Sati, inggih punika ingkang ibu Bambang Parasara, ing Saptarga kadhatêngan nata saking Kasi, tanah sabrang, nama Prabu Ambinasa, kanthi ingkang garwa nama Dèwi Wayasi, sawêg nêsêpi putra. Wontênipun sami dumugi ing Saptarga, ngestokakên wangsiting dewa, manawi prajanipun badhe lulus, supados puruhitaa Rêsi Manumayasa ing Saptarga, mila lajêng kalampahan dumugi ngriku. Rêsi Manumayasa, ingkang kala punika sampun nama Bathara Prawa, ugi marêngakên. Ing ngriku Prabu Ambinasa mirêng tangisipun Bambang Parasara, lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi supados nêsêpana, kalampahan Bambang Parasara dipun sêsêpi, lajêng kèndêl. Sasampunipun têntrêm, Prabu Ambinasa angupadosi icalipun Bambang Sakri, jalaran kasêkêlan galih mêntas kasedan garwa, ing ngriku Prabu Ambinasa seda ing prang ambelani anggèning Bambang Sakri prang kalihan Raja Murtija.

Sarêng sampun wanci nyapih, Hyang Naradha rawuh ing Saptarga, andhawuhi dhatêng Rêsi Manumayasa, supados Bambang Parasara dipun ilani, sampun ngantos kêsêpuhên sêsêpan, mindhak botên lêpas budinipun. Sasampunipun kalampahan dipun ilani, Dèwi Yasi nyuwun pamit wangsul dhatêng Kasi, sampun kaparêngakên. Wusana botên dangu malih, Bambang Parasara dipun tilar muksa Rêsi Manumayasa tuwin Rêsi Sakutrêm, wontênipun ing Saptarga kantun dipun mong dening Dhahyang Smarasanta, wontênipun ing pawayangan, inggih punika Sêmar. Wiwit punika kawontênanipun [kawontêna...]

--- 400 ---

[...nipun] Bambang Parasara wontên ing Saptarga botên kocap wontên ing praja Wiratha, mèh kasilêb babarpisan.

Sarêng ingkang jumênêng nata ing Wiratha Prabu Wasupati inggih Basukêthi, Bambang Parasara sampun diwasa, ing ngriku wiwit dipun raosi dening sang prabu, malah lajêng tinimbalan sowan, nanging kalanipun wontên utusan nata animbali, Bambang Parasara namung kèndêl kemawon, sarwi tumungkul arawat waspa, ngantos wongsal-wangsul namung makatên kemawon, wêkasan nuwuhakên panggalihanipun Nata Wiratha, ginalih amêngku kajêng punapa-punapa. Ewadene saking rumêksanipun para utusan tuwin para sêpuh, inggih namung dipun aling-alingi kemawon.

Ciptaning galihipun Nata Wiratha tansah sănggarunggi, lajêng nyinau para wadya ulah pêpêrangan.

Ing nginggil sampun kacariyos, bilih Bambang Parasara punika ugi gêgayutan têdhak nata sabrang, inggih punika têdhak Nata Gujulaha. Kala punika ingkang jumênêng nata ingkang paman nama Prabu Partana. Sang prabu inggih sampun midhangêt warta ing bab pambalelanipun Bambang Parasara dhatêng ratu, ing batos malah angrencangi, mila lajêng têtuwi dhatêng Saptarga.

Makatên malih, Bambang Parasara ugi kagungan sadhèrèk tunggil sêsêpan, putranipun Prabu Ambinasa, nata ing Kasi. Ing kala punika sadhèrèk sêsêpan wau sampun jumênêng nata, anggêntosi kapraboning rama, jêjuluk Prabu Sadhamuka. Nalika Prabu Sadhamuka dipun paringi sumêrêp ingkang ibu, bilih kagungan kadang tunggil sêsêpan, lajêng badhe têtinjo, saha winêling ingkang ibu, Bambang Parasara kadhawuhan têtuwi dhatêng Kasi, amargi Dèwi Wayasi sampun sêpuh, sanadyan sedaa manawi sampun uninga Bambang Parasara.

Nata kêkalih wau dhatêngipun ing Saptarga sêsarêngan, saha lajêng sami sêrêp-sinêrêpakên dening Dhahyang Smarasanta, sadaya sami suka.

Saking atur rêmbagipun Prabu Partana, Bambang Parasara kaprayogèkakên têtuwi Dèwi Wayasi dhatêng Kasi, Bambang Parasara ngèstokakên.

Sarêng tindakipun Bambang Parasara dumugi laladan Kasi, kêpêthuk satunggiling brahmana agêng inggil, tinakenan ngakên nama Maharsi Wyasa, botên gadhah dunung, salaminipun namung lêlana prêlu ngupadosi badhe bapa, sintêna ingkang kuwawi nêmbadani karosanipun, inggih punika dipun akên dados bapa sajati. Sasampunipun makatên, Rêsi Wyasa nantang junjung-junjungan, sadaya sami ajrih, wusana ingkang kadugi namung Bambang Parasara, kalampahan Maharsi Wyasa kenging kajunjung, kados tanpa wawrat. Sasampunipun kaandhapakên, Maharsi Wyasa botên nêdya malês, malah lajêng ngabêkti dhatêng Bambang Parasara, wêkasan muksa, lajêng wontên cahya katingal umanjing dhatêng Bambang Parasara.

Sadumugining Kasi, Bambang Parasara lajêng sowan ingkang ibu, Dèwi Wayasi, saha salajêngipun Bambang Parasara kapuruhitakakên dhatêng para linangkung, ing bab guna kasantikan, jaya kawijayan, punapadene kasampurnan. Saking Kasi Bambang Parasara lajêng sowan ingkang paman dhatêng Gujulaha, wontên ing Gujulaha kapuruhitakakên malih, wusana Bambang Parasara uninga dhatêng sawarnining kasagêdan. Salajêngipun wangsul dhatêng Saptarga. (Badhe kasambêtan)

--- 401 ---

Kawruh Sawatawis

Caranipun Tiyang Majêngakên Sêsadean

Mênggah pêpangkataning tiyang majêngakên sêsadean, tumrapipun ing jaman sapunika sampun botên kawêkèn. Warni-warnining rekadaya ingkang sagêd nênarik dhatêng tiyang têtumbas, punika ingkang prasaja sangêt namung patrap atêtawi, limrahipun namung dipun tindakakên ing para tiyang idêr têtêdhan sapanunggilanipun. Anggènipun nawèkakên wau mawi mastani satunggal-satunggaling têtêdhan ingkang dipun idêrakên. Jalaran saking patrapipun ingkang makatên wau, sagêd nênarik dhatêng manahing tiyang ingkang mirêngakên, wêkasan sêsadeanipun sagêd pajêng. Wontên malih ing nagari Inggris, tiyang èstri ingkang nawèkakên padaganganipun, sarana nulupi jandhelaning griya mawi isi kapri. Patrap makatên punika ugi dados panarik, mriksanana gambar.

[Grafik]

Patrap makatên wau lêstantun tumindak ngantos sapriki. Dados mênggahing kajêngipun, tiyang sêsadean punika manawi tanpa tawi, inggih botên pajêng.

Sapunika mênggahipun dhatêng tiyang sêsadean ingkang dhasar, punika patraping damêl daya panarik dhatêng tiyang sanès, sarana mujudakên padagangan wontên ing padhasaran, manawi wujud têtêdhan, inggih ingkang menginakên, sabên tiyang sumêrêp lajêng kumêcêr. Yèn wowohan inggih andhasarakên ingkang sêpuh-sêpuh utawi agêng-agêng. Yèn băngsa sêmbêt inggih ambèbèr barang ingkang warninipun sagêd nênarik manah.

Reka makatên punika sampun kalêbêt golonganing tiyang sêsadean ingkang ragi murwat, tiyang ingkang têtumbas sami dhatêng piyambak.

Sapunika nyandhak ingkang nama padagangan agêng, ing ngriku rekadayanipun warni-warni, botên ngêmungakên wontên ing panggenanipun kemawon, ugi mawi sarana maradinakên sêrat sêbaran, nglêbêtakên wara-wara wontên ing sêrat kabar. Mênggah pêpajênganing sêsadean ingkang kados makatên punika, botên namung saking dhatêngipun tiyang ingkang têtumbas kemawon, nanging ingkang kathah malah lumantar saking wêlingan.

Manawi sampun nyandhak dhatêng caraning among dagang, ing ngriku patrapipun angajêngakên padagangan warni-warni, inggih sarana andhasarakên, ngintunakên cobèn-cobèn [cobè...]

--- 402 ---

[...n-cobèn] (saupami têtêdhana icip-icip). Wontên ingkang masang gambar-gambar wontên ing margi utawi ing papan-papan ingkang adhakan dipun ambah ing tiyang kathah. Sadaya wau mênggah antuk-antukanipun botên sakêdhik.

[Grafik]

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênan ing kalanipun manawi nuju wontên pasar malêm sasaminipun. Ing papan ngriku kathah padagangan ingkang kapitongtonakên, wontên ingkang ngiras kasade, wontên ingkang kapitongtonakên thok. Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu gawok dhatêng patrap andhasarakên ingkang kados makatên punika, awit waragadipun tamtu kathah, pikantukipun namung dipun sawang ing tiyang. Nanging katranganipun malah angosok-wangsul, awit inggih papan ingkang kados makatên punika ingkang sagêd misuwurakên dhatêng para among dagang, dening lajêng kasumêrêpan ing tiyang kathah, wah saking măncanagari, dados sanadyan ing kala punika tiyang dèrèng tumbas, nanging sanès dintên manawi ambêtahakên, sampun sumêrêp panggenanipun, lajêng sagêd mêling.

Kawontênan-kawontênan ing kalanipun wontên pasar malêm, wontên tukang dhêdhaharan ingkang mitongtonakên dêdamêlanipun dhêdhaharan, ngantos manjung-manjung botên dipun sade. Saya tumrapipun ing tanah Eropah, kados ing gambar punika, wontên dhêdhaharan ingkang dipun pitongtonakên ing padhasaran, ingkang agêng inggilipun ngantos samantên. Punika wosipun inggih namung dados panarik.

Para maos kados sampun kêrêp nguningani kawontênanipun toko-toko agêng ingkang andhasarakên padagangan wontên ing ngajêngan mawi kinurung kaca. Punika sintêna ingkang sumêrêp, tamtu karênan ningali dhatêng kawontênaning barang-barang ing ngriku. Wah ing ngriku pancèn dipun jarag tansah dipun sontan-santuni, dangu-dangu botên sande sagêd nênarik dhatêng manahipun tiyang ingkang ningali, awit kadhang-kadhang wontên barang ingkang dados panujuning manah.

Dados mênggahing tiyang among dagang punika caraning anggènipun badhe majêngakên padagangan, botên kêkirangan rekadaya.

--- 403 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyose, Kang Garèng, wis têlung dina iki aku ana ing Karanggayam, sawijining ondêr dhistrik ing bawah Karanganyar, paresidhenan Cilacap. Mungguh apa sing tak sumurupi utawa tak rungoni ing sajêroning têlung dina kiyi, wah, Kang Garèng, pantêse wis ora beda gadho-gadho utawa sênenjong godhog kae. Amrih komplite, anggonku crita kiyi tak wiwitane saka Batawi pisan.

Mungguh panganggoku apadene panganggone Makne Kamprèt- wêruha Kang Garèng, aku kapêksa ngajak adhimu, awit jarene, yèn ora diajak, arêp ngêndhat sadina kaping sanga likur- iya rada dikayang têmênan. Kanggone aku: jas bukak dhasi ngilat baya, ikêt balangkon cara Sala, jarit parangklithik babaran Banyumas, kathik sêlope kiyèt-kiyèt sajak durung dibabar, cêkake Kang Garèng, panganggoku kala samono ora kalah saupama dipadhakake karo bêndara sèkrêtaris kalane nontoni pacangane kae, dene panganggone Makne Kamprèt, cêkake barang-barang duwèke dhewe, utawa duwèke tanggane, padha diênggoni kabèh, nganti cahyane manthêr kaya ... Ni Blorong. Lo, mangkono mungguh panganggoku lan adhimu. Dadi saupama aku lan adhimu mau diarani: priyayi sakalihan lagi anjajah desa milangi kori, ya pancèn wis mathis bangêt.

Kaanane ana ing sêpur ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, mung rong prakara kaya-kaya iya pantês yèn kowe wajib mêruhi, yaiku mangkene: 1e. sadalan-dalan karêpku kiyi pancène mono iya nyara priyayi tus têmênan, têgêse: tindak-tandukku kudu sing prawira, sanadyane kang nyang ngomah udute narima rokok kawung bakone sêmprul upamane, nanging nèk nang paran cêkêlane iya mêsthi srutu sigago, mung bae pangudute yèn kabênêr ana wong andêlêngake, nèk ora, srutune mau iya mung kanggo cêkêlan bae. Kajaba prawira iya kudu garang, karêpe: ora prêduli ana ing ngomah kêndhile kêrêp mêngkurêb, nanging ana ing paran pambêkane kulinane mung mangan kênthang bêstik, mulane barêng mangsane mêsin wêtêng anjaluk bèngsin, aku andadak bêstèl nyang resturan dhaharan Walănda sing dakik-dakik kae, kaya ta: kênthang bêstik, omêlèt, krokèt, lan sapanunggalane, nanging bawane wêtêng Jawa, sanadyan wis ngantêm krama kênthang bêstik rong piring, ewasamono wêtênge iya isih ngêngkrik bae, têgêse: wêtênge mau durung pati jênjêm, mulane barêng têkan ing Purwakêrta banjur tak têmpilake sêga pêcêl pincukan kae. Lo, anèhe, wêtênge banjur têrus antêng bae, turne aku mung ngêntèkake ... sêpuluh pincuk. 2e. Kala samono pambêkanaku: ora ana wong anjajah kaya aku, hla wong lêlungan bakale têrus têrusan bae: Bêtawi, Cikampèk, Crêbon, Purwakêrta, Kroya, Ngayoja, Sala, Mêdiun, [Mêdi...]

--- 404 ---

[...un,] Kêrtasana ... wèyèh, sasat mandhor kondhèkturane. Wah, Kang Garèng, pambêkanaku sing pêthunthungan mêngkono mau, sanalika banjur kawêlèh bae, awit barênganaku nyêpur kuwi ana sawijining Walănda, sing wis tau midêr jagad têmênan: nang Amerikah jarene wis tau dadi muride Tom Mik (Tom Mix) nang Jêpang wis tau milu ngidêrake dodol: jintan, nang Tiongkok, wis tau sêkolah gawe bakmi karo cap jae, cêkake Walănda mau, anggone anjajah ing măncapraja mau ora mung sanyukan bae, nanging nganti wêruh kaanane ing kono kabèh. Kang mangkono mau atiku banjur mak kêndhêlong kayadene wong nang tayuban, kalane tiba gong anggone pacak gulu rada dikayang, jêbulane gonge kêlepyan, mêrga tukange gong lagi ngantuk. Mulane Kang Garèng, sanyatane ing donya kene kiyi ora ana wong anjajah, mêsthi ana sing luwih jajah, ora ana wong pintêr, mêsthi ana sing luwih pintêr, ora ana wong sugih, mêsthi ana sing luwih sugih, mêngkono sapiturute. Bêcike wong urip kuwi yèn ngăngka slamêt, rumasaa yèn awake dudu barang-barang.

Ambanjurake anggonku carita, Kang Garèng, kira-kira jam satêngah papat sêpur sing tak tunggangi mau wis têkan ing sêtatsiun Karanganyar. Ing kono aku lan Makne Kamprèt padha mêdhun. Wah, Kang Garèng, kalane aku wêruh yèn dipêthuk sang ipe, astèndana Karanggayam, nganggo motor, bungahku ora beda karo wong sing cêki iyo labas raja kae. Awit wêruha, Kang Garèng, iya bênêr Karanggayam kuwi dohe saka Karanganyar mung ana patang pal, nanging dalane munggah, thik menggak-menggok turut jurang, dadi saupama aku lan Makne Kamprèt ora olèh pêthukan, nanging kapêksa kudu ngodhok, iya satêngah dhud têmênan.

Kang Garèng, kaya-kaya ora prêlu tak critakake, yèn satêkaku ing Karanggayam aku sakloron olèh suguhan: wedang kopi susu gulane batu, pacitane: bakaran budin, criping budin lan lêmèt budin, mundhak agawe crocosan padha miyos ilêrmu bae. Sing prêlu tak caritakake saiki, kaanane ing desa-desa bawah Karanggayam.

Kang Garèng, mungguh kaanane wong-wong ing bawah Karanggayam, saka pandêlênganaku ing sajêroning têlung dina kiyi, sing jênêng sugih kaya-kaya iya pancèn lăngka, nanging sing mlarat bangêt nganti ora bisa mangan babarpisan, kaya-kaya iya ora ana. Iya bênêr sing dadi bakuning pangane wong-wong kono kuwi budin, dudu sêga, nanging rak iya ana sing dipangan ta. Jalaran saka sing mangkono mau, aku banjur duwe panêmu, yèn wong-wong ing bawah Karanggayam kuwi ora padha kakurangan pangan, nanging kakurangan ... dhuwit. Mara, pikirên bae, budin sapikul kuwi ana ing pasar onjo-onjone mung bisa payu 15 sèn. Mulane priyayi kuwi, yèn manggon ana ing desa banjur gêlêm urip kaya wong desa têmênan, têgêse: sabên dina kudu mangan sêga budin, jangane godhong budin, karo sambêl bawang thok bae, kiraku iya bisa mrênthêl têmênan. Bokmanawa iya anjupuk waton sing kaya ngono kuwi, durung suwe kiyi ana layang kabar Walănda ing

--- 405 ---

Batawi macak karangan, sing cêk aose uga andakwa, yèn balanjane asistèn wadana kuwi jarene kakehan bangêt. Nanging si tukang ngarang mau ora pisan-pisan ngèlingi, yèn pangkat asistèn wadana sapiturute kuwi salawase kudu anjaga kaluhurane sarta pangkate. Hla, nèk dadi dara sistèn, andina-dina mung narima mangan karo kluban bae, mêngko rak kalakon diparabi dening wong cilik: dara sitèn, kluban têmênan. Lo, kuwi sawijining bab sing sêpele, nanging sing sawijining asistèn wadana kudu tansah anjaga, aja nganti katon bangêt-bangêt anylêkuthise. Kajaba iku isih pirang-pirang manèh, Kang Garèng, sing asistèn wadana kapêksa kudu ambuwang dhuwit, kaya ta: yèn ana rawuhan, ingkang bupati utawa tuwan asistèn residhèn, apa iya narima disuguh: wedang godhong kopi gula Jawa karo bakaran budin, mêngko kondhitêne rak sida dadi karangabang têmênan.

Kang Garèng, nalikane aku ana ing Karanggayam, kabênêran ing asistenan karawuhan ingkang bupati karo ingkang garwa. Wadhuh, Kang Garèng, ribute asistèn karawuhan ingkang bupati kuwi, iya wis ora beda karo yèn kowe karawuhan dhirwardhêr arêp dibêslah barang-barang jalaran saka anggonmu nglowongi panicile utangmu ganêp kapat sasur sasi kae. Turna sing rawuh mau mung ingkang bupati ing Karanganyar, karêpe: sawijining bupati sing ora ngêgung-êgungake le jumênêng dadi bupati, nanging nyang para priyayine alus bangêt tangkêbe, dalasan aku bae, ingatase mung jurnalis cecrekan ngene, iya mêksa ditimbali didhawuhi ngadhêp. Rumasaku kala samono kayadene satriya saka pratapan arêp ngadhêp Prabu Yudhisthira, lakune iya nganggo ayak-ayakan barang. Ing kono aku kaparingan dhawuh pirang-pirang dening ingkang bupati sakalihan. Liya dina bae tak caritani manèh, sesuk aku nêdya ambanjurake laku nyang Surabaya.

Karanggayam 19 Marêt 1931.

Adhimu, Petruk.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, administrasi Kajawèn sampun ngintuni pos wisêl kothongan kados adat, kangge pambayaran kuwartal kaping kalih 1931.

Ingkang punika tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar, satampinipun pos wisêl wau, lajêng kaparênga ngintunakên arta sakêdhik-sakêdhikipun f 1,50. Tumrap lêngganan ing tanah Jawi kasarantosakên dumugi tanggal 15 April, dene tumrap sajawinipun tanah Jawi dumugi tanggal 30 April. Langkungipun saking titimăngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên arta, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Administrasi.

--- 406 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Kumisi mariksa usul ing bab Bale Agung.

Sêdyatama martosakên, awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, mupakat kalihan Tuwan Gupêrnur, nêtêpakên, 1. Bandara Pangeran Arya Jayakusuma, 2. Radèn Tumênggung Nitinagara, sami dados kumisi, ingkang kapatah niti samăngsa wontên musi saking pakêmpalan-pakêmpalan, usul kawratan warni-warni, utawi usul ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar, ing bab bale agung.

Pasulayanipun băngsa Jawi kalihan băngsa Tionghwa sami ing Pakalongan.

Sampun sawatawis dangu băngsa Jawi ing Pakalongan pasulayan kalihan băngsa Tionghwa, ingkang tuwuh namung saking prakawis botên sapintêna, ngantos sapriki taksih kemawon, pinanggih mèh sabên dalu wontên pasulayan, nanging namung alit-alitan. Jalaran kawontênanipun tansah kados makatên, pajagèn pulisi ngantos dipun santosani, malah residhèn ing Pakalongan nyuwun biyantu saradhadhu, kalampahan sampun angsal bêbantu saradhahu saking Mistêr Kornèlês, cacah 55 têtindhih kapitan.

Gupêrnur Jawi Têngah sampun rawuh ing Pakalongan, pikantuking wawasan pasulayan wau botên tuwuh saking pulitik utawi among dagang, kagalih botên nguwatosakên.

Siti longsor ing Sumêdhang.

Wontên pawartos saking Bandhung, kala malêm Jumuwah kapêngkêr wanci jam satêngah sawêlas, ing kabudidayan Cinangserang, dhistrik Sumêdhang, wontên siti longsor, wontên tiyang èstri 2 kurugan, nandhang tatu rêkaos, lan wontên griya 7 katut longsoring siti. Mayit ingkang dèrèng pinanggih satunggal.

Papan pambucalan enggal.

Kawartosakên, komisi ingkang dipun patah mariksa papan pambucalan ingkang minăngka lêlintuning papan pambucalan ing Dhigul, sampun mariksa satunggiling pulo ing Maloko, kaprênah sakidulipun pulo Seram.

Konggrès B.O.

Benjing tanggal 3 dumugi 5 wulan April ngajêng punika, pakêmpalan B.O. badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing gêdhong pêrmupakatan Indhonesiah ing Gang Kanari, Batawi Sèntrêm.

Bab kasarasan ing Jawi Wetan.

Miturut pawratos saking insêpèktur pakaryan kasarasan, parentah paring waragad f 35.000.- kangge nyaèkakên bab warni-warni ingkang gêgayutan kasarasan ing Jawi Wetan, griya sakit ing Sumênêp badhe kathah ingkang dipun saèkakên, griya sakit barisan dipun tindakakên dening pakaryan kasarasan.

Papriksan sewan griya (Huurcommissie).

Rumiyin dhepartêmèn yustisi sampun tampi dhawuh, supados manah, punapa tatanan Huurcommissie prêlu dipun tindakakên malih. Bab punika dhepartêmèn ugi sampun maradinakên pandangon dhatêng para pangagêng nagari. Gêgayutan kalihan pawartos ing bab badhe sudaning balănja, tumrap punggawa golongan andhap sami nguwatosakên, botên jalaran pados sudaning sewan, nanging kuwatos manawi ing têmbe wingking sewan griya dipun indhakakên tanpa wêwaton. Bab panimbang wau dipun sarantosakên dumugi salêbêtipun wulan April ing ngriku tiyang badhe sagêd namtokakên wontên lan botênipun Huurcommissie wau.

Kawontênan ingkang nyamari.

Wontên tiyang ingkang nyumêrêpi saha nyamarakên dhatêng jugruging rêdi lambunging dhusun Rancahpanggung, dhistrik Cililin, Priyangan. Wontên pasitèn wolung bau sitinipun katingal malêkah, wiyaring plêkahan 5 sèntimètêr, ing ngriku wontên griyanipun 80 isi tiyang 100. Saking rêrigênipun priyantun pangrèh praja, têtiyangipun sampun sami kadhawuhan sumingkir.

Rêdi Marapi tumandang malih.

Wontên pawartos saking Magêlang lumantar Aneta-Nipa rêdi Marapi katingal tumandang malih, ing dintên Ngahad kapêngkêr, wiwit jam 6 enjing dumugi jam 10 siyang, kathah siti ingkang jugrug, ukus[4] abrit katingal tumuju dhatêng jurang Blongkèng, ing dhusun Batang jawah awu. Ing Munthilan dipun wontênakên parêpatan dening gupêrnur Jawi Têngah, residhèn, ingkang bupati tuwin para ahli rêdi. Dr. Hartmann mratelakakên ing bab kawontênaning rêdi ingkang kakintên adamêl bêbaya. Ngèstokakên dhawuhipun pangrèh praja, têtiyang ing dhusun Baturdhuwur, Balong tuwin Kêlampean, ingkang sampun sami wangsul saha anggarap sabin malih, lajêng sami kesah. Ing sapunika wontên tiyang 2000 malih ingkang dipun papanakên ing griya pamondhokan ing Munthilan, ngêntosi kawusananipun, kenging lan botênipun wangsul dhatêng papanipun lami. Lahar mili dhatêng lèpèn Saat, êpanging lèpèn Blongkèng, lampahipun anggrêmêt, sadintên 30 mètêr. Malêmipun Sênèn, sumpêling rêdi katingal mangangah, cêtha dipun tingali saking Magêlang tuwin Munthilan, ilining lahar katingal pating jlarèh abrit.

Pamulangan dhoktêr.

Tuwan Wahab asli saking Padhangpanjang, lulus iksamên Ind. Arts bagian kapisan ing Stovia.

--- 407 ---

Parêpatan rantaman praja kapisan.

Kawartosakên, parêpatan kapisan ing bab rantaman taun 1932 badhe katêtêpakên dhawah wontên ing tanggal 14 April ngajêng punika, ingkang lênggah parêpatan, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, rad Indhiya, para pangagêng dhepartêmèn. Kala ing tanggal kaping 14 wulan punika, sawarnining pèngêtan tuwin palapuran saking kantor-kantor paprentahan, sampun kapasrahakên dhatêng dhepartêmèn babagan arta. Mirid saking pèngêtan wau, dhepartêmèn babagan arta lajêng wiwit nindakakên pangetanging rantaman.

Pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan Iskandar Suryaatmaja lulus dhoktoral iksamên bagian kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi.

Bikakan enggal.

Kala tanggal 22 wulan punika ing Gang Kanari, Batawi Sèntrêm sampun kalampahan angêdêgakên Studieclub Nasional Indonesia.

Sumur bur.

Sarèhning manawi ing măngsa katiga ing bawah Mistêr Kornèlês kathah tiyang ingkang botên angsal toya, dhirèktur pakaryan praja sampun amaringi palilah dhatêng ingkang bupati damêl sumur bur ing dhusun-dhusun ingkang sagêd murakabi dhatêng kiwa têngênipun.

Kawigatosan saking praja liyan.

Dhirèktur têtanèn Philippijnen badhe nyatakakên kabudidayan mêrês ingkang agêng piyambak ing tanah Jawi, inggih punika kabudidayan mêrês General de Wet, gadhahanipun Tuwan Hirschland lan van Zijl ing Cisaruah, Priyangan.

Pawartos ngayawara.

B.N. martosakên, ingkang bupati ing Banyuwangi ngaturi pawartos dhatêng Residhèn Jêmbêr, wontên wadana têtiga ing bawah Banyuwangi tampi pawartos, bilih lare-lare ingkang dipun tilar tiyang sêpuhipun jalaran saking kasangsaran rêdi Marapi, badhe sami dipun sade sarana lelang. Kalampahan kathah têtiyang sami sowan ingkang bupati utawi pangrèh praja mitêrangakên bab wau, saha wontên pawartos malih, wontên lare-lare tigang grêbong sêpur kaangkatakên saking Jêmbêr, badhe dipun lelangakên wontên ing Gêntèng, cêkakipun wartos wau warni-warni. Bab punika para pangrèh praja sampun marak-marakakên ing bab doraning pawartos wau.

Asiah.

Panduwanipun Sang Gandi dhatêng para sudagar.

Navsari. Baroda 15 Marêt (Aneta-Nipa). Sang Gandi ingkang nuju tindak dhatêng Gujerat nuwuhakên usrêganing ngakathah, amargi Sang Gandi anduwa botên karsa wawan-sabda utawi nampèni arta. Pangandikanipun Sang Gandi, ugi kaparêng nglaksani[5] ing bab punika, samăngsa para sudagar sampun angèndêli gêgayutan among dagang barang sêmbêtan kalihan băngsa ngamănca. Nanging sarèhning Sang Gandi lumuh manggih panyeda ingkang jalaran saking anggènipun botên ngajêngi pawèwèh, kagungan usul botên migunakakên arta wau ing sadèrèngipun sudagar-dudagar[6] ngèndêli anggènipun dêdagangan barang sêmbêt ngamănca.

Lindhu ing Hongkong. Hongkong 19 Marêt (Aneta-Nipa). Ing salaladan Hongkong, têtiyang sami ngraosakên wontên lindhu, wanci jam 2.30 siyang, nanging botên wontên karisakan. Miturut pèngêtan, têbihing pusêr lindhu wau 300 mil kaprênah lèr kilèn.

Eropah.

Pamêdal praja nyênêngakên.

Parijs 20 Marêt (Aneta-Nipa). Pamêdal praja Prancis ing wulan Pèbruari gunggungipun wontên 2.890.000.000 prang, manawi dipun timbang kalihan wontêning rantaman, langkunganipun pinanggih 60.000.000 prang.

Pangeran Wales nitih mêsin mabur.

Buenos Aires 22 Marêt (Aneta-Nipa). Pangeran Wales tuwin Pangeran George ing dintên wau bidhal dhatêng Montevideo nitih mêsin mabur, dipun iring ing mêsin-mêsin mabur Argentinie. Wanci jam kalih, pangeran kêkalih wau sampun tumêdhak ing dharatan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3458 (R. Ng. Arjasutarya, ing Bramantakan), rèhning kwartal kalih ing ngajêng punika sampun kalajêng panjênêngan bayar, dados Kajawèn badhe kakintun têrus, dumugi 30 Juni 1931.

Lêngganan nomêr 2354 ing Pijiharja. Bausastra: Mêlayu - Jawi rêgi f 2.-, Practische Indische tolk botên sade.

Lêngganan nomêr 3134 ing Kroyah. Kajawèn Marêt, kakintun lêlahanan.

Lêngganan nomêr 5509 ing Blitar. Sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 5293 ing Purbanêgaran, R. Atmasukarta sampun kalêbêt lêngganan nomêr 34, Kajawèn sampun wiwit kakintun.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 10 ing Banyuwangi. Kêmis Lêgi tanggal 19 Siyam Je 1822, dhawah tanggal 6 April 1893. Sabtu Kliwon tanggal kaping 19 Sura Je 1846 dhawah tanggal 27 Nopèmbêr 1915.

Tuwan S.W. ing Têlukwetan. Taun 1833 botên dhawah Be, dhawah Wawu, dene ingkang nocogi tanggal 12 Mulud dhawah dintên Kêmis Lêgi, ing wulan Mulud taun Be 1832, Walandi tanggal 18 Juni 1902.

--- 408 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

36.

[Sinom]

kang pêksa dupi uninga | pangadilaning narpati | ing tyas wus ngrasa narima | nadyan maksih tabêt tangis | nulya tumurun sing wit | araras trap marikêlu | ngaturkên sêmbahira | myang panuwun maring gusti | dene antuk piwalês marêmi driya ||

ri sampuning sawatara | pêksi anèng ngarsa aji | nulya mabur angambara | tilar don tabêting sêdhih | nata anggung anggalih | mring rasa duhkitèng manuk | wusana sri narendra | ing batos anggung mêmuji | lêstarining nênggih pangadilanira ||

ing mangkya saya warata | ambêg adiling narpati | datan pilih sato janma | wênang umarêk ing gusti | nyatanira katitik | tumibaning ngadil tuhu | tan kêni winancenan | trapira kalawan titi | tumibaning pidana wèh panarima ||

pinangguhira nèng praja | tumus warata nêntrêmi | nadyan sanggyaning piala | antuk piwalês marêmi | nanging sotaning janmi | tan pisan mangajab antuk | adiling naranata | awit sanadyana bêcik | tuwuh ingkang ngadil tan mêgat duhkita ||

XVIII. Prabu Elala ngadili nini-nini.

[Mêgatruh]

gantya wuwus wontên janma èstri sêpuh | ingaran wus nini-nini | parandene bakuh kukuh | sanggyèng karya mitayani | sangkêp maksih balung otot ||

titikipun sanadyan mangkya wus pikun | maksih panggah ulah siti | tan prêlu mawi binantu | marma gawok kang ningali | nênangi tyasing para nom ||

lawan tuhu ambêgira nyai sêpuh | sarwa narima ing ati | tan pisan darbe tyas kisruh | gêsangira angênggèni | nrimah panduming Hyang Manon ||

sanadyan ta bakuning pêpancènipun | mung antuk siti sakêdhik | tarima ginarap wungkul | datan pisan amèrèni | maring têtăngga kang pyah-pyoh ||

dening wêruh tindak adiling pêpandum | yèn uriping janma siji | nadyan sakêdhik wus cukup | tan prêlu murka ing ati | anjăngka mrih omah gêdhong ||

marma anggung salami têntrêm kalangkung | prênah sumèlèh ing ati | anggarap siti lumintu | praptaning măngsa ngênèni | maksih darbe pari tandhon ||

duk samana amarêngi kalanipun | mangsa[7] na ananêm pari | nini-nini tumandang wus | kanthi tindak ngati-ati | kadi tata kang kalakon ||

lamun nuju kala kang mangkana wau | tan kêndhat anggung naliti | maring têtanêmanipun | tan metung siyang myang ratri | sinambangan tanpa pêdhot ||

parandene apês yèn lagya tinêmu | prapta datan pilih margi | dupi wus andungkap sêpuh | kang pari katon katitik | sêmu kamomoran kopong ||

duk andulu ni tuwa ing tyas kumênyut | ngrasa lamun antuk cobi | sinuda rijêkinipun | mung wusing dangu pinikir | ing tyas mung pasrah kemawon ||

awit sagung lêlakon ingkang tinêmu | kawula kari nglakoni | tan kêni kalamun mutung | tanapi nênutuh wani | mring tan adiling Hyang Manon ||

malah asru dènira angucap sukur | dene maksih dèn paringi | sanadyan sakêdhik wujud | maksih kêni dèn ênèni | pantun sadaya tan kopong ||

praptanipun ing măngsa panèn kumrubut | janma sarêngan ngênèni | mring sabin rame kalangkung | wangsul winot ing padhati | anggung nywara gêrot-gêrot ||

mung nyi sêpuh dènira ngênèni pantun | antukira mung sakêdhik | cêkap tan mawi binantu | malah duk kalaning mulih | kang pantun cêkap ginendhong ||

sapraptaning wisma sinèlèhakên wus | kanthi ngarah-arah ririh | ywa kongsi rusak myang mawut | eman dene mung sakêdhik | kêdah sarwa ngatos-atos ||

enjingipun wancining sawung kaluruk | nyai sêpuh uwus tangi | rêrêsik latar kang ciyut | kinarya angêpe pari | mrih tumuli antuk sorot ||

wusing katon sunaring surya tumanduk | mring sarira anggatêli | kang pantun dèn êpèni wus | wusing rampung anênggani | ing sêmu kawuryan angglong ||

awit wêruh pantun kang pinepe wau | datan pisan angiribi | kadi panenan kapungkur | nanging sawusing pinikir | nulya angucap wêwangson ||

mangkya ingsun wajib anyukupkên butuh | anane pariku iki | kudu nyukupi sataun | nadyan sadina sajimpit | sun tarima trusing batos ||

datan ana laku kang linakon luput | yèn ngandêl adiling Widhi | marma ingsun amung sukur | dene maksih dèn paringi | kamurahan kang samono ||

surêm-surêm sunaring baskara mirut | sinrang mêndhung angêmuli | linut kang angin gumrubug | angêlêm padhanging langit | nulya jawah kadi dèn sok ||

nyai sêpuh kagyating tyas sakalangkung | kongsi datan kobêr mikir | kang pantun kodanan têrus | samya têlês anêrusi | kang tan kuwat samya gogrok ||

sarwa sarèh nyi sêpuh ngukupi pantun | jroning tyas arasa tangis | dene mangkya pantunipun | samya têlês wênèh kentir | kathah kang nèng kisma moprok ||

dhumawahing kang warsa anggung lumintu | mung kala-kala mêndhani | kongsi tigang ari têrus | têmah pari kang tan garing | pinangguh bosok akoklok ||

duk ing wau nyai sêpuh dupi wêruh | kalangkung dènnya prihatin | wêkasan nangis angguguk | kanthi sêsambat drêwili | o dene pariku losoh ||

baya ingsun iki tan pinarêng idhup | dene mung trima sathithik | mêksa tinêmu marucut | mangkya sapa kang nulungi | kang nyambungi urip ingong ||

nyai sêpuh nulya nyut kang cipta tuwuh | pantun bosok dèn kukupi | winadhahan kêba brukut | nulya sowan sri bupati | dyan anggoyang gêntha nong nong || (Badhe kasambêtan)

--- 97 ---

Nomêr 25 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Katur Rama Sêbul

Wiyosipun rama, kula punika kêng putra ingkang nêmbe nywara (ambêngok), ing sarèhning bapa kula punika tumut dados lêngganan Kajawèn, dados sabên bapak tampi Kajawèn lan pamaosipun sampun katam, Kajawèn wau mêsthi lajêng kalorodakên dhatêng kula (botên ngantos gothang). Dados kula inggih tumut ngraosakên lêgi lan gurihipun. Mila kula inggih mangrêtos dhatêng wêwatêkanipun Rama Sêbul, inggih punika rama manahipun sabar, asih sangêt dhatêng para lare-lare. Sagêd ngladosi dhatêng kêkajênganipun lare-lare (putra sadaya), waton botên nganèh-anèhi.

Mila ing sarèhning bapa kula piyambak punika tiyang ingkang kêkirangan (I kirang sêsêrêpan, II. Kirang = tangamil miskin), dados kula kêparênga nênêdha dhatêng Rama Sêbul utawi inggih dhatêng rama-rama ... sintên ingkang gêgadhahan. Inggih punika ing sarèhning griya kula punika awon (kathah peranganipun ingkang dêling), amargi inggih tangamil miskin wau. Griya kula punika enggal risak, sabagean agêng ingkang enggal ngrisakakên dipun kroyok ing kewan alit-alit, inggih punika: rayap. Ingkang kula gumuni punika rayap wau anggènipun enggal ngrêbda. Sontên kula saponi, enjing sampun mrambat ing gêdhèg. Enjing kula rêsiki, sontênipun kula tingali inggih sampun mrambat malih. Măngka rencangipun namung kula piyambak, dados kula rumaos repot. Kadhang-kadhang anggèn kula nyapu kirang rêsik, awit kasêlak kasèp anggèn kula mlêbêt sêkolah.

Kewan punika wau: bapak, utawi tăngga-tăngga kula botên wontên ingkang sagêd ngihtiyari murih sirnanipun. Dados kula kapêksa nyuwun sêsêrêpan dhatêng Rama Sêbul utawi dhatêng rama-rama ... sintên ingkang ngrêtos dhatêng patrap panulakipun ama rayap wau. Rama ingkang sagêd, karsaa ngandharakên wontên ing kalawarti Kajawèn utawi ing taman lare ngriki. Iba bingahing manah kula upama lajêng mak.. brol, wontên ingkang ngandharakên.

Wasana nyuwun pangaksama.

Sopyan. Anak lêngganan: Bangunsari - Pacitan.

19-3-'31.

--- 98 ---

Jothakan

Candhakipun Kajawèn nomêr 21.

Anggone jothakan Bêja karo Jirih saya bangêt, kana kene wis padha duwe golongan. Golongane Bêja mung sathithik, nanging bocahe gêdhe-gêdhe. Golongane Jirih akèh, nanging bocah cilik-cilik.

Kabênêran ing desane nuju ana wong wayangan, mêsthine bocah-bocah iya padha nonton.

Wayah sore, bocah-bocah wis padha nglumpuk, dene bocah-bocah sing lagi jothakan, wis padha grombolan.

Kocap grombolane Si Bêja, ing wayah sore mau wis padha rêmbugan, Bêja calathu mênyang Jênthot: Mêsthine mêngko bêngi aku kêrêngan karo mungsuh, ulat-ulatna, lo.

Jênthot: Aja samar, Ja, aku sing bakal anggêdhèni.

Wayah jam sanga bêngi wayange wis talu, gamêlane rame, bocah-bocah wis padha têka. Si Jirih kuwi pancèn bocah jirih, jam pitu sore wis andhisiki têka, awit wêdi yèn kêpêtêngan, nanging kandhane Mung saka nglumuhi, prêlu golèk panggonan dhisik. Kêbênêran bisa olèh panggonan cêdhak êgong, wiwit sore wis mapan linggih mlêpês, sing ora wêruh mêsthi diarani kănca niyaga.

Barêng bêngi mungsuhe Jirih, ya kuwi Si Bêja, lagi wêruh yèn Jirih ana ing kono. Bêja banjur anjawil kancane karo nudingi Jirih lan muni mangkene: Galo Si Kêndêl ana kana.

Kancane Bêja jênênge Bêra mangsuli karo ngawasake: Si Kêndêl sapa ta, aku kok durung tau wêruh.

Bêja: Kae nèh, sing linggih sandhing êgong.

Bêra: Kae rak Si Jirih.

Bêja: Hus, aja koarani jênênge, kuwi rak jothakanmu. Ayo padha dicêdhaki. Bocah loro banjur mara, mapan ana ing burine Jirih, nanging Jirih ora wêruh, Bêja banjur mapan linggih karo nyuwara: Linggih kene bae, thim, cêtha.

Jirih krungu suwara mau banjur nolèh, nanging barêng wêruh sing nyuwara Si Bêja, iya mênêng bae.

Bêja kuwi pancèn bocah anjarag ngajak kêrêngan, mung golèk dhadhakan bae, banjur calathu mangkene: Ra, iki ana niyaga anyar, linggihe kaya piyayi, patut-patute isih santanane kyai dhalang. Nanging yèn mirid anggone tansah nglirik panganan, patute iya mung bocah ... e, klèru, ... iya priyayi mriksani.

Dhisike Jirih mênêng bae, nanging sarèhne pijêr disêmoni, dadi iya mangsuli, unine disamar: Hêm, cangkêm kok gatêl bae.

Bêja barêng krungu uni ngono mau banjur ngangsêg karo muni: Ayo yèn wani mêtua nyang jaba, antêm-antêman apa bantingan.

Iya sanadyan Si Jirih sabara pisan, suwe-suwe iya grêgêtên, banjur dadi padu. Mas niyaga sing ngêgong anyêl atine, wis sat-sêt ngelikake ora dipaèlu, lan wêruh sing gawe jalaran Si Bêja . Saka grêgêtan, mas niyaga anggone [anggo...]

--- 99 ---

[...ne] ngêgong diklerokake olèh sirahe Si Bêja, nganti mak dhug.

Bêja mundur karo pringisan, nanging atine malah saya gêtêm-gêtêm, tibaning nêpsu mêsthi bae mênyang Si Jirih.

Kocapa, barêng wis jam siji bêngi, Jirih wiwit ngantuk thêklak-thêkluk. Bêja wêruh anggone ngantuk Si Jirih banjur nyêdhaki. Suwe-suwe Jirih malah mapan turu. Ing kono Bêja banjur nalèni sikile Jirih karo suwiran gêdêbog. Dilalah sing cêdhak kono tabuh gong sing lagi sumèlèh, banjur ditalèni sisihaning tali sing ditalèkake sikile Si Jirih. Sawise nalèni, Bêja banjur ngadoh.

Ora suwe gamêlan muni, wah nuju pêrangan, mas niyaga cêg nyandhak tabuh gong: gèndhêl, Jirih sikile krasa digèrèt banjur tangi, dadi udrêg-udrêgan wong loro. Wusana lagi padha wêruh yèn dipaeka ing bocah. Ki dhalang nganti nolèh dening gonge ora ditabuh.

Jirih ora sida disrêngêni dening mas niyaga, awit wêruh yèn dipaeka ing bocah. Mung Jirih ngrêti sing mangkonokake. Batine: Iki mêsthi Si Bêja.

Litnan Lobak

Padha-padha dongèng, dongèng wêton Taman Bocah iki sok ana sing anèh-anèh. Nanging sarèhning jênêng dongèng, iya ora dadi ngapa. Prêlune bèn gawe sênênging bocah.

Iki ana dongèng, jênênge dongèng Litnan Lobak, karêpe ora kok saka litnan karêm mangan lobak, nyatane lobak dadi litnan.

Dongèng iki asli saka dongènge Nyai Umuk, ing desa Manahan, Sala. Kandhane Nyai Umuk, jare dhèk biyèn ing Manahan kuwi akèh wong nandur lobak, lan ing desa kono kuwi kêrêp diambah prajurit Mangkunagaran sing baris. Yèn nuju lèrèn, prajurit mau ana sing tuku lobak, banjur dipangan karo ampyang, ampyang kuwi kacang digăngsa gula. Mungguh rasane lobak dipangan karo ampyang iku enak, bisa ngilangake ngêlak.

Kacarita ana sawijining lobak, dikanthongi prajurit mêntas baris, awit durung nganti dipangan, banjur ana aba bali mulih. Sarèhning lobak mau mung siji, satêkaning ngomah ora kanggo gawe, malah mung dibuwang bae: sêbut, gêmlethak ana pawuhan.

Si lobak dibuwang mangkono mau, atine nalăngsa bangêt, grunênge: E, awak yèn lagi kojur, dadi lobak bae ora kuwat munggah meja, malah banjur gêmlethak ana pawuhan, ora wêruh rasaning mukti. Beda têmên karo manungsa, uripe sênêng, yèn dadi prajurit cakrak-cakrak, saya yèn dadi litnan, adhuh, sapa bae sing nyawang mêsthi dhêmên, dhasar bulu-bulune rembyak-rembyak, nglarak pêdhang dawa, panganggone pating glêbyar nganti gawe sulaping mripat. Hêm, aku kok kapengin têmên dadi upsir, upama kalakona, [kalako...]

--- 100 ---

[...na,] tanggung, aku mêsthi brêgas.

Lobak bangêt anggone anggagas, nganti lali mangan, lali turu, sing diimpi-impi mung bisaa dadi prajurit, sing pangkat litnan. Anggone prihatin si lobak bangêt, ora ngrasakake kodanan kapanasan, malah awake nganti kurugan lêmah, iya ora dirasakake.

Yèn mungguha uwong, lobak mau ayake tapa, nanging sarèhning bangsane thêthukulan, satêmêne anggone ngono mau saka arêp thukul, awit barêng wis kurugan lêmah lan kodanan, awake sing dhisike wis alum, saiki banjur dadi sêgêr, perangane awak sing ngisor, mêtu oyode, sing dhuwur mêtu godhonge ijo, anggarêmbêl.

[Grafik]

Wiwit mau lobak rumasa urip. Ya, wong dongèng mono, oyode lajêr banjur ana sing cawang loro, dadi ngrupakake sikil, mung lajêre sing têmênan isih ambanjur, anjênthir kaya buntut. Ing dhuwur ana oyod sing subur banjur nyrêkèkèh kaya tangan, athik ya banjur nyêkêl pêdhang têmênan.

Barêng lobak wis dadi kaya ngono banjur muni dhewekan: Êlo, aku iki rak wis dadi litnan, iki pêdhangku, dhasar godhongku ya wis nyêpruk kaya bulu-bulu. Tangi, ah.

Lobak banjur gregah tangi. Dhèk samana isih wayah bêngi, lintange ing langit pating klêncar. Sanadyan ing wayah bêngi, iya ana soroting padhang sathithik, iya kuwi soroting lintang.

Sajêrone ana ing papan pêtêngan mau, lobak malaku pêtentang-pêtèntèng gêmaib, pêdhange tansah dicangking, nanging sarèhning durung kulina, iya kudu arêp ambruk bae, awit satêmêne kêgêdhèn sirah lan bulu-bulu. Ewadene ora suda gêmaibe, tansah mlaku wira-wiri karo nyuwara: in twe, in twe. Ya kuwi nyabawa ngetungi kang dibarêngake tumapaking sikil, kaya prajurit yèn nuju mlaku.

Nanging sarèhning tanpa kănca, lobak bangêt prihatine, unine: Ya, dadia litnan kae, yèn tanpa kănca ngene iki, jênêng litnan apa, mêsthi bakal ora ngrasakake diurmati ing kalerehan, utawa ora wêruh rasaning pêrang. Măngka mungguhing litnan kuwi wajibe kudu ngrêti mênyang aba lan wêruh ingar-ingêring tatanan pêrang, bisa ngrasakake boboting mungsuh. Balik yèn kaya ngene iki, anggonku dadi litnan bakal anggalembosi.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu dibacutake, nyritakake anggone Litnan Lobak nindhihi prajurit lan anglurug pêrang. (Bakal kasambung)

--- [0] ---

[Iklan]

 


ngantos. (kembali)
papan. (kembali)
karan. (kembali)
kukus. (kembali)
nglaksanani. (kembali)
sudagar-sudagar. (kembali)
măngsa. (kembali)