Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-30, #605

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-30, #605. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-30, #605. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 43, 12 Sura Taun Je 1862, 30 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [657] ---

Ôngka 43, 12 Sura Je 1862, 30 Mèi 1931, Taun VI.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Paprentahaning Tanah Indhonesiah

Para maos, kaparênga sapisan punika kula badhe ngobrolakên pêpèngêtanipun sawênèhing para pujôngga bôngsa Tionghwa mênggahing kawontênanipun tanah Jawi kala kina-kinanipun.

Miturut pratelanipun bôngsa Tionghwa, ingkang kala rumiyin angêjawi saha sami ahli anyênyêrati, ing wiwitanipun abad ingkang kaping pitu, ngantos tigang atus taun laminipun, ing Jawi Têngah wontên satunggiling karajan ingkang dening bôngsa Tionghwa dipun wastani: karajan Kêling. Kintên-kintên dening bôngsa Jawi piyambak, botên dipun namèni makatên, tôndha yêktinipun: ing babad tanah Jawi karajan Kêling wau botên nate dipun cariyosakên. Nanging ing ngiki kula botên badhe nyariyosakên namanipun karajan wau ingkang salêrês-lêrêsipun, ngêmungakên badhe ngandharakên sawatawis mênggah pêpèngêtanipun bôngsa Tionghwa ing kalasa mantên, ingkang cocog kalihan sêratan sela ingkang pinanggih ing kala taun pitung atusan langkung sakêdhik, ing pêpèngêtan tuwin sêratan sela wau wontên ingkang nyariyosakên makatên:

... Anggènipun jumênêng nata angasrêpi sangêt, kadosdene asih ing bapa anggènipun anuntuni dhatêng anak wiwit lare, makatên ugi Sri Sanjaya, ingkang putus ing saliring kautaman, ugi niru lampahipun ingkang rama. Sang prabu angêlar jajahanipun, saha andamêl têntrêm sarta krêtaning nagarinipun ingkang sakalangkung loh, kawulanipun sami sagêd tilêm ing samargi-margi, botên mawi sumêlang dhatêng begal saha bêbaya sanès-sanèsipun, sabên tiyang gêsangipun sakeca, ayêm kalihan punapa darbèkipun.

Sampun samantên kemawon ingkang prêlu kula aturakên. Lo, manawi nitik sêratan ing nginggil punika, kala sèwu tigang atusan taun sapriki, sajakipun bôngsa Jawi têka sampun pintêr dhatêng cara-caranipun mrentah praja, buktinipun: ing salêbêtipun praja tata têntrêm, para kawula sagêd tilêm saênggèn-ênggèn, tanpa sumêlang dhatêng begal tuwin bêbaya sanès-sanèsipun. Sampun têmtu, wontênipun kados makatên punika, ingkang pantês pinuji sangêt, inggih sang nata, nanging manawi para punggawanipun botên ambantu kanthi sayêktos, têmtunipun rak inggih botên sagêd samantên saenipun. Dados ing ngriku têtela, bilih sanadyan ing abad ingkang kaping pitu pisan, têtiyang Jawi sampun sagêd nyêpêng paprentahaning praja.

Samangke cariyos Tionghwa, ingkang anggancarakên kawontênanipun tanah Jawi wiwit taun 960 dumugi 1279, tanpa nyêbut namaning raja-raja ingkang jumênêng. Punika wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

... Sang ratu dipun biyantu punggawa kathah sangêt kangge anindakakên prakawis warni-warni. Panyêpênging paprentahan ing tanah Jawi sae, amila nagarinipun inggih sakalangkung gêmah ripah ...

--- 658 ---

Lo, sajakipun punika têka kenging kangge bukti malih, bilih têtiyang Jawi punika kala rumiyin sagêd nyêpêng paprentahan praja. Saupami ingkang suka katrangan ingkang makatên wau têtiyang Jawi piyambak, têmtunipun lajêng dipun wastani: adol cao, aliyas ngunthuk, aliyas umuk, sarêng ingkang suka katrangan punika bôngsa sanès, inggih punika bôngsa Tionghwa, kintên-kintên rak inggih kathah yêktosipun.

Môngga, samangke sami ningali kawontênanipun ing tanah Jawi, nalikanipun jaman Majapait. Ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên kaluhuranipun Prabu Hayamwuruk, utawi kawêgiganipun Kyai Patih Gajahmada, kula namung badhe ngandharakên sakêdhik cacriyosanipun satunggiling juru pawartos bôngsa Tionghwa, ingkang ing kala punika (ing abad 14) dhatêng angêjawi, inggih punika makatên.

... ing kala punika ing tanah Jawi botên wontên pandung, malah barang ingkang dipun rêntahakên wontên ing margi, botên wontên ingkang mêndhêt, amila bôngsa Jawi inggih karan bôngsa: kalêrêm atine.

Lo, têka makatên cariyosipun tiyang bôngsa Tionghwa wau. Samangke para maos kula aturi sami amanggalih, manawi ing salêbêting praja sagêd tata têntrêm ingkang makatên punika, ngantos botên wontên durjana babarpisan - kintên-kintên Walandi mabuk ngantos botên bayar anggènipun minum, kala samantên inggih botên wontên - punika punapa botên anandhakakên, bilih para ingkang sami kajibah nyêpêng paprentahaning praja pêng-pêngan sayêktos. Dados ing ngriki ugi sampun cêtha sangêt, bilih ing abad 14 têtiyang Jawi sampun sami sagêd nata paprentahaning praja.

Salajêngipun kados ing ngriki botên prêlu kula ngudhal-udhal kawontênanipun ing tanah Jawi nalikanipun jaman Dêmak, jaman Mataram, Kartasura lan sapiturutipun, samangke kula namung badhe nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing tanah Jawi sarêng kabawah ing praja Nèdêrlan.

Mênggah sajatosipun mila inggih lêrês, bilih tanah Indhonesiah, dados inggih tanah Jawi, sampun kirang langkung tigang atus taun kabawah ing praja Nèdêrlan. Nanging saking waskitha saha waspadanipun para linangkung ing praja Nèdêrlan, wiwit purwanipun pisan, ingkang nindakakên paprentahaning praja sambêtipun kalihan para kawula, inggih prasasat têtiyang pribumi piyambak, ngêmungakên ingkang sami lênggah wontên ing paprentahan luhur, punika sami bôngsa Walandi. Ewasamantên samangke sanadyan têtiyang pribumi pisan, inggih wontên ingkang sami lênggah ing paprentahan luhur, kados ta: Kangjêng Pangeran Kusumayuda, tuwin Kangjêng Radèn Adipati Ahmad Jayadiningrat.

Ing nginggil kula amastani bilih para linangkung ing praja Nèdêrlan sami waskitha tuwin waspada, punika jalaran sêmunipun para linangkung wau sami anguningani, bilih satunggiling nagari punika sagêdipun tata têntrêm inggih namung manawi kabawah tuwin kaprentah dening bangsanipun piyambak, awit inggih namung bangsanipun piyambak, ingkang sagêd nyumêrêpi adat, tatacara tuwin lageanipun têtiyang ingkang kabawahakên wau. Amila dumuginipun samangke, kingkang[1] baku lêlawanan kalihan para kawula punika inggih para amtênaring nagari ingkang bôngsa pribumi, dene para amtênar Walandi wajibipun anitipriksa sarta angawat-awati. Kados ta: ing golongan pangrèh praja, punika ingkang tansah lêlawanan kalihan para kawula, inggih: lurah saprabotipun, asistèn wadana, wêdana minggahipun dhatêng bupati. Dene para tuwan-tuwan ingkang apangkat kontrolir, asistèn residhèn, residhèn, lan sapiturutipun, punika kuwajibanipun anitipriksa tuwin angawat-awati sae tuwin awoning panindakipun ingkang dados kuwajibanipun para amtênar têtiyang pribumi wau.

Kados sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula ngandharakên kawontênanipun paprentahan ing tanah Indhonesiah ngriki. Nitik kawontênanipun sêratan ing nginggil, dados cêtha wela-wela, bilih wontênipun paprentahan ing tanah Indhonesiah punika perangan ingkang agêng ingkang nindakakên inggih têtiyang pribumi. Ing sarèhning dumugining samangke ing tanah Indhonesiah, katingal tata têntrêm botên kirang satunggal punapa, wontênipun paprentahan inggih nama sae, dados inggih kenging kacariyosakên, panindakipun têtiyang pribumi anggèning tumut ngêrèh praja ugi sae. Pêpuntoning rêmbag, ing ngriki kenging kacariyosakên, bilih têtiyang pribumi punika botên ngêmungakên kenging dipun wastani manawi sampun sagêd nindakakên saperanganing padamêlan pangrèh praja, nanging salami-laminipun pancèn inggih sampun nindakakên saperangan agêng mênggahing padamêlan wau.

Jalaran saking punika, amila kula saklangkung ngungun manah kula, dene nalika ing Batawi dipun wontênakên parêpatanipun pakêmpalan V.C. wontên salah satunggiling warga pangrèh saking Bandhung adamêl sêsorah, ingkang ugi wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

Manawi wontên tiyang amastani, bilih têtiyang pribumi samangke sampun sagêd nindakakên saperanganing padamêlan paprentahan, punika botên lêrês, ingkang makatên punika antawisipun taksih têbih ...

Sanadyan pamanggihipun bêndara tuwan ingkang makatên wau, sayêktosipun anyêrik-nyêrikakên tumrap têtiyang pribumi umumipun, ewasamantên ing ngriki kula botên badhe mancahi, utawi nyênthulani mindhak nuwuhakên sêling-sêrêp kemawon. Ing ngriki kula namung badhe andongèng kawontênan kula, nalikanipun kula taksih alit. Mênggah cêkakipun makatên:

Nalika alit kula, ing griyanipun tiyang sêpuh kula punika wontên larenipun kalih ingkang mondhok, bokmanawi saupami jaman samangke makatên, lare kalih wau dipun wastani indhêkos (in de kost). Dene panganggêpipun tiyang sêpuh kula dhatêng kula sasêdhèrèk [sasêdhèrè...]

--- 659 ---

[...k] tuwin dhatêng lare kalih ingkang sami mondhok wau, botên pisan-pisan ambedakakên, inggih ing bab têdha, pangrêngkuh tuwin pamulangipun. Ingkang makatên wau asring sok adamêl botên sênênging manah kula. Ingatasipun kula punika anakipun piyambak, têka dipun samèkakên kemawon kalihan lare mondhok. Ewasamantên kula mêksa botên wani ngawon-awon utawi nyênyênggring dhatêng lare kalih wau, jalaran kuwatos, bilih kula lajêng ngawon-awon dhatêng tiyang sêpuh kula piyambak. Ingatasipun tiyang sêpuh kula ingkang mulang, ingkang mulasara, manawi lare wau ngantos awon, rak sagêd ugi kadakwa ing sanès, bilih tiyang sêpuh kula namung purun nampèni arta pituwasipun anggèning dipun pondhoki, botên purun mulasara ingkang sae-sae tuwin suka piwulang ingkang utami.

Ing môngka sintên ingkang purun ngawon-awon tiyang sêpuhipun, punika ambuktèkakên kabodhoanipun piyambak, jalaran sintên ingkang purun ngawon-awon tiyang sêpuhipun, inggih prasasat ngawon-awon badanipun piyambak. Ingkang makatên punika, para maos, mugi kajagia. Makatên mênggah aturipun pun Pênthul.

Bab Têtanêman

Klèngkèng

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Ing ngriku inggih lajêng kula sukani katrangan miturut pangrimatan kula piyambak makatên:

Rèhning klèngkèng punika mangsanipun sêkar wontên ing têngah-têngahaning môngsa katiga, nuju ambadhidhing, mila wiwit ing wêkdal makatên ngantos dumugi abyoring sêkar, malah dumugi dados pêntil pisan, pêndhak enjing sontên, wit wau kêdah kasêmprot mawi toya tawa ingkang asrêp, cêkap ngangge pirantos sêmprot dêling, pamrihipun supados tanêman wau tansah kapandukan ing hawa asrêp, dados cundhuk kalihan watak-wataking wit-witan, aslinipun manggèn ing hawa asrêp. Mênggahing patrap makatên punika sampun ngantos bosên, dupèh wit-witanipun agêng inggil mila inggih kêdah talatos, kaangkaha godhong, sêkar dalah pang-pangipun katingal kêlêpoh kadosdene mêntas kajawahan. Dene tumrap kêmbang wali (sêkar kaping kalih) botên prêlu dipun sêmproti kados ing nginggil, awit ing wêkdal punika sampun wontên jawah.

Sasampuning dados pêntil, enggal kaupadosna krênêng alit-alit, kangge ambrongsong, awis kêrêping nam-naman krênêng sami kalihan irig. Sabên krênêng satunggal, agêngipun kakintêna cêkap kangge ambrongsong woh klèngkèng 100-150 iji, dados watawis wontên 2 utawi 4 dhompol sagêd kalêbêt ing krênêng satunggal. Mila inggih kêdah migunakakên krênêng sawatawis kathah, samantên yèn pancèn wohipun gêmbêl. Mênggah rekanipun pambrongsong makatên:

Ing sacêlaking pêntil, klèngkèng ngriku tamtu wontên godhongipun sawatawis. Godhong-godhong wau kaprithilana, supados rêsik lan mujudakên gaganging dhompolan, punika lajêng kalêbêtna ing krênêng, wontêna kalih utawi sakawan dhompol, karangkus dados satêkêm, kalêbêtna ing krênêng satunggal. Nuntên ing prênah êpoking krênêng dipun tangsuli kêkah mawi tutus, kaangkaha singsêt, botên gampil udhar, makatên salajêngipun, [sala...]

--- 660 ---

[...jêngipun,] ngantos botên wontên pêntil ingkang kècèr sabab botên katut kabrongsong. Dene yèn woh wau gêmbêl, sasampuning dipun brongsongi sadaya makatên, punika yèn dipun tingali saking katêbihan, candranipun kadosdene tiyang manjêr wuwu têlik kathah sangêt wontên ing sapucuking wit, amargi woh klèngkèng punika limrahipun sami dumunung ing êpang ingkang alit-alit (ing pucuking êlung). Pramila yèn witipun agêng inggil, prêlu kêdah migunakakên ôndha pêngantèn, inggih punika ôndha ingkang asuku sakawan, supados botên nyamarakên yèn dhawah. Botênipun makatên, inggih kenging ngangge ôndha limrah ingkang panjang, nanging sadèrèngipun dipun pènèk, ôndha wau kêdah katangsulan rumiyin pucukipun, kaangsalakên êpang, dados samôngsa dipun inggahi, sanajan kadamêla ngranggèh sarta niyung-niyungakên êpang ingkang têbih-têbih botên mutawatosi, lan botên gampil rêbah sabab malèsèd. Klèngkèng makatên witipun manawi sampun agêng angrêmbuyung sangêt, pang-pangipun alit kathah, dados kêtêl sangêt, prasasat tanpa sêla, mila samôngsa katumpangan ôndha, ôndha wau namung tansah kumambang, botên gampil pikantuk palendhehan ing pang ingkang kêkah. Môngka yèn dipun pènèk nurut uwit kemawon, sampun têmtu botên sagêd ngêcakakên ing prêlu, amargi wohipun sami dumunung ing pucuking pang ingkang alit-alit. Pramila inggih namung prakawis ambrongsong wau ingkang sok mêgah-mêgahakên, kathah tiyang ingkang kirang talatos, satêmah woh wau namung dados bêgjaning para pêksi lan codhot.

Bilih woh wau sampun sêpuh kaundhuh, pangundhuhipun: gaganging dhompolan, prênah sangandhaping tangsul krênêng wau kaguntinga, mila prêlu migunakakên gunting (gunting sêkar), pamrihipun supados botên angrisakakên pang, awit labêting gunting makatên papak, botên anabêti wujud tigas pancing punapadene pating srungut labêt dipun coklèk, dados pang-pang wau botên gampil kenging sêsakit. Lan malih ing têmbe trubusipun sagêd sae.

Krênêng ingkang sampun kaandhapakên, lan sasampuning kapêndhêtan isinipun, punika ingkang taksih kiyat kasimpêna, benjing kenging dipun pigunakakên malih, inggih punika kangge ambrongsongsi woh ingkang kantun.

Sapunika sawêg wiwit angrêmbag bab ingkang magêpokan kalihan pandangon saking Kudus, kados pêthikaning sêrat kasêbut nginggil, inggih punika: punapa sababipun dene klèngkèng ingkang sampun agêng têka botên mêdal uwohipun.

Punika mênggahing pamanggih kados botên prabeda kados kawontênaning bôngsa wowohan sanès-sanèsipun, jêr mirid saking ungêling sêrat, ing ngriku sampun cêtha bilih wit wau gêsangipun katingal lêma sangêt, godhong ngrêmbaka (kêtêl), dados gênahipun têtela yèn kêlêman, inggih punika kêkathahên jhad ingkang dados têdhaning wit lan godhong, satêmah botên sagêd mujudakên uwoh. Nanging limrahipun inggih sagêd sêkar, namung tansah gègrèg. Badhe kasambêtan.

Nirrasa, Tumpang-Malang.

--- 661 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mônca

Praja Mêsir

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Jalaran saking panglurugipun Prabu Napoleon dhatêng Ègiptê, kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn nomêr 41, praja Ègiptê lajêng sagêd gêgayutan malih kalihan Eropah, lan para pujôngga bôngsa Prasman, ingkang sami andhèrèk panglurugipun Prabu Napoleon, sami sagêd nyinau dhatêng kawontênanipun nagari tuwin bôngsa Ègiptê. Amila ing taun 1798 punika tumraping praja Ègiptê dipun wastani môngsa enggal, awit wiwit ing kala punika, praja Ègiptê saya kenging dayaning Eropah.

[Grafik]

Salah satunggiling mêsjid ing Kairo ingkang sampun ngumur 523 taun. Mêsjid wau kawastanan Muhamad Ali, kabêkta ing salêbêting mêsjid wau wontên pasareanipun Sang Muhamad Ali.

Dene ingkang miwiti dados pangagêng enggal kala punika Muhamad Ali, miyosipun wontên ing nagari Turki ing taun 1769. Dhatêngipun Sang Muhamad Ali ing Ègiptê wau nyenapatèni prajurit Albani. Tumindaking damêlipun Sang Muhamad Ali botên nguciwani, inggih jalaran saking anggènipun mumpuni wau, Sang Muhamad Ali dipun têtêpakên dening praja Turki dados pangagêng wontên ing Ègiptê. Inggih punika kala ing taun 1805. Tuwin jalaran saking pambiyantunipun praja Parangakik, Sang Muhamad Ali sagêd anjagi nagarinipun, saha nanggulangi mêngsah Inggris, salajêngipun sagêd numpês bôngsa Mamluk, tuwin sagêd ngêmpalakên bôngsa Ègiptê agêng sangêt.

Kajawi punika Sang Muhamad Ali sagêd ngajêngakên raharja ing nagari, sarana angajêngakên ulah têtanèn tuwin kabudayan, ing wusana Sang Muhamad Ali panguwaosipun agêng sangêt, ngantos [nga...]

--- 662 ---

[...ntos] purun amêmêngsahan kalihan sri sultan ing Turki. Salajêngipun malah botên namung samantên kemawon, ugi sagêd nêlukakên tanah Seriah tuwin sagêd anglurug dhatêng tanah Asiah. Lampahipun saya ngangsêg. Dene ingkang sagêd mênggak krodhanipun Sang Muhamad Ali wau, ngêmungakên karajan-karajan ing tanah Eropah. Ing salajêngipun ingkang dados pangagêngipun praja Ègiptê tumurun sami têdhakipun Sang Muhamad Ali, kanthi angsal sêsêbutan Khediwe, têgêsipun raja mudha. Jumênêngipun Sang Muhamad Ali wau wontên ing taun 1841, sedanipun ing taun 1849.

Sasedanipun Sang Muhamad Ali, ingkang sumilih Sang Abas, jumênêngipun ing taun 1849 dumugi 1854, lajêng dipun gêntosi Said, wontên ing taun 1854 dumugi 1863. Said dipun gêntosi Ismail. Salêbêtipun Sang Ismail ngasta kaprabon, amurwani ambikak susukan Suès, inggih punika satunggiling susukan ingkang anggampilakên lampahing kapal saking Eropah dhatêng Indhonesiah, nanging kalanipun Sang Ismail wau jumênêng nata, arta nagari têlas kocar-kacir, jumênêngipun nata dumugi ing taun 1879, dipun gêntosi dening Sang Tebjik dumugi taun 1892. Sang Tebjik dipun gêntosi Sang Abas II, dumugi taun 1914, lajêng dipun gêntosi Sang Husèn Kamil, dumugi taun 1918. Wêkasanipun dipun gêntosi Prabu Achmad Foead ingkang jumênêng ngantos sapunika.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih kawontênanipun arta nagari kocar-kacir, ingkang anjalari praja Inggris kalihan Parangakik tumut-tumut ngarubiru dhatêng kawontênanipun praja Ègiptê, nanging botên lami, jalaran kala Ègiptê dipun ratoni Sang Tebjik wontên ura-uru, Parangakik lajêng mundur, namung Inggris piyambak ingkang nyirêp ura-uru wau.

[Grafik]

Tiyang pêpriman ingkang adhakan katingal ing Kairo.

Jalaran saking pinanggihing lêlampahan ingkang kados makatên punika, Ègiptê lajêng dados praja ingkang taksih dipun awat-awati Inggris. Praja Ègiptê kêdah nglilani prajurit Inggris manggèn wontên ing Ègiptê, tuwin praja Inggris lajêng nêtêpakên pangagêng saha prajurit bôngsa Inggris wontên ing Ègiptê ngriku.

Ingkang punika, praja Ègiptê inggih prasasat kabawah Inggris, tumraping praja pancèn sae sangêt, awit punapa-punapanipun lajêng majêng, inggih punika

--- 663 ---

rakyatipun mindhak kathah, padaganganipun majêng sadaya. Wasananipun ing Ègiptê lajêng tuwuh pakêmpalan kabangsan, ingkang sêmunipun botên rila sangêt dhatêng anggèning bôngsa Inggris nguwaosi praja wau.

Dumuginipun sapunika, tindak pangudi murih praja Ègiptê sagêd têtêp mardika, taksih dipun tindakakên, sêdyanipun badhe botên kêndho manawi dèrèng kalampahan. Tamat.

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 42)

Kitha Mêkah punika kacêpêng lan katindakakên dening baladiyah, mênggaha ing tanah Indhonesiah nama gêmintê. Dunungipun kitha wontên lêlowah sêla-sêlaning rêdi, inggih punika rêdi sela itêm pating jlugur kados minôngka capurining kitha, yèn kula pramanakakên, kadosdene mega cêmêng ing awang-awang.

[Grafik]

Sakèthèng "Bab Safa" ing Mêkah.

Margi-margi salêbêting kitha awon lan rupêk sangêt, kangge lampahing motor nguwatosakên. Pêkênipun dèrèng dipun yasani kados ing Indhonesiah, kawontênanipun ing sapunika taksih wujud wande-wande wontên sapinggiring margi kiwa têngên, nanging rame sangêt. Ingkang sêsadean tuwin ingkang têtumbas ing pêkên, namung tiyang jalêr sadaya, satunggal kalih ugi wontên tiyang èstri ingkang têtumbas dhatêng pêkên, inggih punika èstri tamu khaji saking Indhonesiah. Para èstri ing nagari Mêkah sapunika taksih panggah kasimpên mugên ing salêbêting griya, yèn wontên prêlu ingkang wigatos nêmbe mêdal saking salêbêting griyanipun, badanipun sakojur

--- 664 ---

mawi dipun krudhungi sêmbagi cêmêng kadamêl kados rukuh, namung kalêrês ing mripat ingkang dipun bolongi minôngka ancêr-ancêring paningal.

Kitha Mêkah punika kajawi pikantuk toya jamjam, ugi pikantuk toya ilèn saking kitha Taip, kasusuk kaestha lèdhêng mawi urung-urung kasrasrah[2] ing pêcahan sela itêm, ingkang sakalangkung panjang, kala yasa urung-urung punika waragadipun tamtu ngantos atusan ewon rupiyah. Mênggah cêcariyosanipun mêkatên.

Jaman rumiyin ingkang kagungan wakap arta wragadipun andamêl urung-urung toya punika, ingkang minulya Siti Jubaidah, garwanipun Prabu Harun Arrasid, ingkang misuwur nata ing nagari Bahdad. Kacariyos, sumur-sumur ing nagari Mêkah punika sadaya toyanipun asin, mila sang putri kapranan ing galih mêmpêng ngarsakakên wakap. Ing sadèrèngipun yêyasan kagarap, sang putri sampun mangrêtos, bilih sagêdipun kasêmbadan ngrêkaos sangêt, awit kêdah andhudhuk rêdi-rêdi, lan èrèng-èrèng rêdi ingkang pakèwêd sangêt. Sang putri lajêng paring dhawuh dhumatêng juru gêdhongipun, andikakakên anjèjèr-jèjèr arta mas tumpang-tumpangan sauruting rêdi-rêdi sela ingkang badhe kangge dhudhukan, wiwit saking tukipun ngantos dumugi ing kitha Mêkah. Arta punika minôngka epahipun têtiyang ingkang andhudhuk ngantos sarampungipun, saha nocogi ukuranipun. Sapintên panjangipun dhudhukan, kaparingan epahan arta mas ingkang panjanging ukuranipun sami lan arta ingkang kajèjèr têtumpangan. Wêkasan karsanipun sang putri enggal sagêd kasêmbadan, toya saking Jabalkara (Taip) sagêd mili dumugi kitha Mêkah ngantos sapunika, manpangat dhatêng tiyang pintên-pintên atus èwu. Ngantos sapriki susukan urung-urung dalah toyanipun ngantos karan: Jubaedah.

[Grafik]

Salah satunggiling margi ing kitha Mêkah.

Saking kadarmanipun sang putri ingkang samantên mulyanipun, nagari Mêkah botên sagêd kêkirangan toya, pantês sangêt kula sadaya kaum muslimin umum, langkung-langkung sadaya para khaji samia amulyakakên asmanipun sang putri, lan samia andongakna nênuwun ing Pangeran Ingkang Maha Kuwasa, mugi-mugi paringa wêwahing karohmatan lan kamulyan tumrap suwargi sang putri dalah raka dalêm Sang Prabu Harun Arrasid. Lêrês lêpatipun sumôngga para maos. Badhe kasambêtan.

R.H.M. Muhtar. Sukaraja, Banyumas.

--- 665 ---

Bab Kasarasan

Sêsadean Gandhèngipun kalihan Kasarasan

Sêsadean ingkang kacariyosakên ing ngriki, ing bab sêsadean bangsaning têtêdhan, awit punika sampun kêlimrah ing pundi-pundi wontên.

Sayêktosipun mênggahing sêsadean têtêdhan, manawi dipun gathukakên kalihan bab kasarasan, tumrapipun ingkang mangrêtos, lajêng nuwuhakên raos botên sakeca dhatêng manah, kados ta têtêdhan gumêlar karubung ing lalêr, kenging balêdug utawi sanès-sanèsipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika limrahipun pinanggih wontên ing pêkên-pêkên, inggih punika têtêdhan ingkang dipun dhasarakên, lan malih têtêdhan ingkang dipun idêrakên.

Ing bab gathukipun dhatêng kasarasan, sayêktosipun têtiyang taksih kathah ingkang dèrèng sumêrêp, mila ing bab wau, pakaryan kasarasan tansah tumindak sêsorah wontên ing ngajênganing tiyang kathah, wontên ingkang katindakakên sarana mitongtonakên gambar idhup, wontên malih ingkang katindakakên dadakan kanthi kasêsa, inggih punika kalanipun nuju wontên sêsakit ingkang sagêd nular. Dene sawarnining rêrigên sadaya wau, ingkang wajib kasumêrêpan utawi katindakakên ing salaminipun, ing bab têtêdhan, awit mênggahing têtêdhan, punika ingkang sabên dintên nyarambahi dhatêng tiyang, lan sumarambahipun kathah ingkang lumantar saking têtêdhan ingkang asli saking tiyang sêsadean.

[Grafik]

Tukang sate tiyang Madura.

Kados para maos kêrêp nguningani têtêdhan ingkang kadhasarakên dipun rubung lalêr, saya manawi ingkang dipun dhasarakên wau bangsanipun lêgi-lêgi, dhatênging lalêr inggih ngantos byung-byungan. Tumrapipun ingkang sampun mangrêtos, tamtu lajêng gigu utawi samar, awit mangrêtos, bilih lalêr wau badanipun katutan wiji sêsakit, jalaran saking lunta-lumuntaning pamencokipun. Makatên ugi ing bab balêdug, kathah kemawon têtêdhan araos ngêrês, punika jalaranipun botên sanès, kalanipun wontên ing padhasaran, kêrêp kablêdugan.

Kala pasar Gambir ing taun 1930, pakaryan kasarasan amitongtonakên ing bab tumangkaring sêsakit [sêsa...]

--- 666 ---

[...kit] ingkang tuwuh saking lalêr, sarana dipun wujudakên pêpêthan golèk warni-warni, wontên tiyang sade ès, pêcêl (gadho-gadho), ingkang sêsadeanipun dipun rubung ing lalêr wilis. Ing sadèrènging cêtha pamawasipun, têtiyang ingkang ningali dèrèng patos mangrêtos dhatêng kajêngipun, nanging sarêng sumêrêp, ing sacêlakipun ngriku wontên pêpêthan tiyang kowak linggih mêthongkrong, tatunipun dipun rubung ing lalêr, lajêng mangrêtos, bilih para lalêr ingkang katingal punika sami tunggil pasaban, têgêsipun inggih mêntas ngrubung kowak, lajêng nêdha gadho-gadho utawi ngombe ès. Ih.

[Grafik]

Caraning sêsadean bôngsa Eropah.

Mênggahing bab sêsadean gêgayutanipun kalihan kasarasan kados sampun cêtha kapratelakakên kados makatên. Sapunika gêntos mratelakakên ing bab tiyangipun ingkang sadean têtêdhan, punika yêktosipun taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos gathukipun kalihan bab kasarasan, wontênipun makatên, awit mênggah caranipun tiyang sêsadean punika bakunipun namung ngudi murih têtêdhan ingkang dipun sade sagêda katingal, kados ta tiyang sade roti, wontênipun dipun dhasarakên wontên ing jawi, supados rotinipun katingal pating plênuk amenginakên, botên mangrêtos bilih anggènipun miluta wagu[3] sagêd nuwuhakên sabab kirang prayogi.

Dados mênggah bakunipun tiyang sêsadean, ngêtingalakên saening padagangan, punika dipun gatosakên sangêt, awit saupami padaganganipun botên katingal, kirang anggèning nênarik manahipun tiyang sanès, punika pancèn wontên èmpêripun. Tôndha yêktinipun kalaning nagari wontên sêsakit ingkang sagêd nular, punika wontên pamardi murih sawarnining sêsadean ingkang dipun dhasarakên, sami dipun tutupi, mênggah pikantukipun inggih ngrêsêpakên, nanging tumraping sawangan, botên adamêl panarik, wusananipun inggih wangsul kados suwaunipun malih.

Mênggah tatacaranipun tiyang sêsadean, punika satunggal-satunggalipun nagari beda-beda, nanging mênggahing wosipun, sadaya sami gêgayutan damêl panarik manah nanging ugi wontên ingkang gêgayutan bab kasarasan, kados ta bôngsa Madura, punika ingkang pinanggih sêsadean sate ayam utawi saoto, prabotipun rêsik nêngsêmakên, [nêngsêma...]

--- 667 ---

[...kên,] sadeanipun primpên, botên tilar srêbèt rêsik, kajawi kangge nyrêbèti, inggih kangge nutupi sadeanipun. Manawi cara saening panatanipun sadean, pinanggih ing tiyang Batawi.

Ing tanah pasisir lèr Têgal Pakalongan, sampun dangu caranipun tiyang sêsadean ingkang limrahipun dipun pikul, kados ta ès, tahu, mi, sami dipun dèkèk ing grobag surungan. Tindak makatên wau pinanggihipun mêngku paedah warni kalih, inggih nênarik manah, inggih parimpên sadeanipun. Cara ingkang kados makatên punika ing sapunika sampun kêlimrah ing pundi-pundi.

Sayêktosipun cara ingkang kados makatên punika mêndhêt gagrag cara Eropah, sawarninipun tiyang sêsadean limrahipun sami dipun dèkèk ing grobag alit, malah grobagipun mawi sêsêratan ingkang suraos mratelakakên sêsadeanipun, lan grobagipun dipun wangun warni ingkang damêl sêngsêming manah.

Sapunika mangsuli bab kasarasan, manawi tiyang purun angèngêti, kados lajêng sagêd mangrêtos, bilih tuwuhing sêsakit, punika kathah ingkang jalaran saking lumantar têtêdhan, kados ta: tiyang sakit wêtêng, jalaranipun saking nêdha rujak, murus, jalaran nêdha têtêdhan ingkang kaladuk gurih tuwin sanès-sanèsipun, punika ingkang taksih nama kasar-kasaran. Sapunika sarêng nyandhak bab wijining sêsakit ingkang botên kasat mata, kados ta tipês, kolerah. Môngka tumularipun sagêd lumantar saking têtêdhan, punika saèstu amutawatosi sangêt. Dene ingkang minôngka pananggulangipun sadaya wau, ingkang gampil dipun tindakakên, namung sarana kikrik tuwin apiking têtêdhan, tur punika sawêg nama saperanganing rekadaya, taksih wontên patrap sanès-sanèsipun malih. Ewadene inggih sampun nama lumayan.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Indianiseering

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Garèng: Ambanjurake rêmbuge ing bab Indhianisèrêng kala ing dina Rêbo kang kapungkur. Truk, Truk, nèk nitik omonganamu, bôngsa Indhonesiah, yèn pancèn anyukupi kapintêrane, bisa olèh pangkat ing sêkal B, dadi ing golongane para anak turune bôngsa mônca, malah nèk pancèn pintêr têmênan, bisa kalêbu ing sêkal C, ing golongane para bôngsa mônca babarpisan, hla, nèk mêngkono tumrape tanah Indhonesiah kene, nagara saikine wis nindakake: Lônda èrêng.

Petruk: Anggone wong kenene bisa ditêtêpake ing pangkat-pangkat sing pancène

--- 668 ---

kanggo golongane para anak turune bôngsa mônca lan para bôngsa mônca pisan, kuwi jalaran nagara mung arêp anglênggahi adile. Nanging iya aja dumèh ana têmbung: Indhianisèrêng, kowe banjur nganakake têmbung anyar mêngkono. Mungguh karêpmu: Lônda èrêng, kuwi kêpriye.

[Grafik]

Garèng: Yaiku wong-wong Indhonesiah sing wis dipadhakake babarpisan karo bôngsa Walônda mau. Têgêse: jalaran saka kapintêrane, tatacarane apadene pakulinane, wis olèh pangkat Walônda, nganti sajak dianggêp kayadene Lôndra grès, nanging ing sarèhning bôngsa Indhonesiah, dadi iya isih irêng bae. Mulane aku banjur migunakake têmbung: Lônda èrêng, karêpe: saiki wis akèh wong kenene sing dipadhakake babarpisan karo bôngsa Walônda blêgêjêt. Ing môngka miturut omonganamu ing ngarêp, anggone bôngsa mônca blanjane dibeda karo wong-wong kenene, jalaran, wong-wong mônca mau padha wong-wong nênêka saka nagara, sing beda bangêt kaanane, hawane, pakulinane karo nagara kene. Dadi kabutuhan lan kaprêluane, iya mêsthi beda karo wong kene. Mulane aku iya rujuk, yèn bôngsa mônca mau rada diluwihi blanjane katimbang wong-wong kenene. Nanging saikine barêng kapintêrane padha, banjur dipukul rata bae, bôngsaa Lônda, Tionghwa, Indhonesiah pisan, blanjane iya kudu padha.

Petruk: Tak balèni manèh, Kang Garèng, jawabanaku ing ngarêp, anggone dipadha bae blanjane, anggêre kapintêrane padha, kuwi sababe jalaran nagara arêp anglênggahi adile. Nèk kapintêrane, pagaweane, mêngkono uga olèh-olèhane panyambutgawene, gênah padha, kok banjur blanjane dibeda, dumèh bôngsa Walônda, mêngko nagara rak kalakon didakwa: pilih sih. Tumraping nagara sing adil paramarta, kuwi kudu tansah anjaga aja nganti kêna pandakwa sing mêngkono mau. Dumadakan saiki nagara lagi kakurangan dhuwit, kang anjalari kapêksa kudu ngurang-urangi wêtuning dhuwit. Nèk balanjaning para punggawane têrus-têrusan dipotong 5 tumêkaning 10% bae, mêsthine suwe-suwe iya rada mêsakake. Mulane saiki banjur golèk pambudidaya liyane, murih bisa nyuda wêtune dhuwit nagara mau. Dene pambudidaya sing saiki lagi rame dadi rêmbug, yaiku: Ngindhianisèrêng tanah Indhonesiah kene, têgêse: para punggawa bôngsa mônca disalini dening punggawa wêton kene.

--- 669 ---

Garèng: Ing sarèhning ing tanah Indhonesiah saiki kiyi wis pêpak, têgêse: sêkolahan kanggo apa bae wis ana, sêkolahan kanggo: insinyur, dhoktêr, adpokat, dalasan sêkolahan kanggo ngibing cara Lônda bae iya wis ana, kabutuhaning nagara iya wis kêcakup kabèh, dadi nagara iya wis ora prêlu nêkakake wong saka mônca, cukup migunakake wong-wong saka kene bae. Iki iya wis jênêng nagara bisa ngurangi wêtuning dhuwit. Jalaran, nêkakake wong saka mônca kuwi wragade gênah ora sathithik, lakune mêtu ing kapal, panganggone ana ing tanah panas kiyi, kuwi kabèh nagara kudu ambayari. Durung anggone nêm taun sapisan, yèn arêp tilik akrabe, utawa sobatane lawas Si Mincê utawa Si Mikê, kuwi nagara iya kudu mragadi manèh. Seje karo yèn nagara migunakake wong-wong kenene, tumrap kabèh mau nagara rak ora prêlu kudu ambuwang dhuwit. Mulane mungguhing panêmuku, saupama Indhianisèrêng sida ditindakake, kang anjalari nagara bisa nyuda wêtuning dhuwit, kuwi pancèn iya apik, nanging durung jênêng sampurna, awit panyudane wêtuning dhuwit mau durung sapiraa.

Petruk: Lo, durung sampurna kêpriye. Ati-ati, Kang Garèng, wêtuning pakêcapanamu, mêngko rak sida kalakon disêmbêlèh ing uwong têmênan.

Garèng: Lo, aku mung arêp nêrusake rêmbugmu ing ngarêp. Dhèk anu kowe rak ngomong, tuwuhing sêkal C kuwi kanggo ambedakake anane wong mônca, sing dibutuhake dening nagara sarta gêdhe kabutuhane mau, karo wong kene, sing awit cilik mula ana ing kene sarta kabutuhane ora pati akèh. Dadi balônja sing kalêbu ing sêkal C kuwi balanjane bôngsa Walônda, sing kudu nyambutgawe ana ing kene, mulane iya kudu dikacèki. Saiki anèhe, Truk, sing sakawit kanggo blanjane bôngsa mônca, kang ditêkakake mrene, sabab nagara butuh mau, ing wusana têka kanggo pathokan balanjane sabên uwong, sing kapintêrane kira-kira madhani karo bôngsa mônca mau. Cêkake: blanjane para sing kalêbu ing sêkal C, kuwi anjupuk pathokane blanjaning bôngsa mônca kang kudu urip ana ing kene, dudu anjupuk pathokane blanjaning wong ing kene. Hla, iya mêsthi bae, yèn mêtune dhuwit nagara sur-suran.

Petruk: Kang Garèng, calathumu kang mangkono kuwi rak prasasat arêp gawe cilaka nyang bangsamu dhewe. Apa karêpmu, supaya bangsane dhewe sing apangkat jêmpul-jêmpul kudu disuda blanjane kabèh miturut pathokan ing kene.

Garèng: Hla, iya mêngkono, mung bae anggone nyuda blanjane mau iya kudu nganggo pranatan, têgêse: sing saikine wis mêthèngkrèng, iya dilêstarèkake mêthongkrong. Sing blanjane kudu diowahi nganggo sudan, kuwi sing bakal ditêtêpake anyar. Padhane kae, lo, pangkat guru Walônda, dhèk biyèn lagi pênthêlus mêtu saka sêkolahan, iya banjur: glêthêk, dibalônja f 180.- nanging sing wêton anyar-anyaran [anyar-anyara...]

--- 670 ---

[...n] kiyi, anggêr glênês mêtu saka pamulangan, iya tlètèk mung diblônja f 170.-

Petruk: Wah, Kang Garèng, saupama usulmu kiyi bisa tinurutan dening ingkang kuwasa, têmtune bisa agawe gunjinging para mudha sing saiki lagi padha sinau ana ing pamulangan luhur. Mêngko rak kalakon, kowe ditakbrani têmênan.

Garèng: Kanggone sabrebetan, sajake pancèn iya gawe rugi para mudha bangsane dhewe, nanging manawa nagara kanthi kêncêng anggone nindakake Indhianisèrêng, kiraku malah agawe kauntungane para mudha-mudha mau. Jalaran yèn nagara pancèn nêtêpi kakêncêngane nindakake Indhianisèrêng, têmtune sanadyan bôngsa mônca pisan, anggêre dudu krêsaning nagara, dadi mung sakarêpe dhewe nyuwun pagawean ing kene, iya kudu diblônja miturut pathokane kene. Yèn nganti mangkono, têmtune bôngsa mônca iya akèh aras-arasêne nglamar pagawean ing kene, amarga blanjane têmtune banjur ora pati nyukupi kaya mau-maune. Ing wusana para mudha - para mudha ing kene sing padha wêton pamulangan luhur, suda sing dadi kongkurène, yaiku suda sing arêp mèlu nglamar pagaweane. Hara, apa iki ora sawijining kauntungan bêsar tumrap para mudha-mudha mau. Dene yèn nagara pancèn butuh nyang wong mônca, upamane bae bangsaning dhoktor basa wetanan- ing kene durung ana pamulangane, Truk- hla, kiyi blanjane iya rada dikacèki, yaiku: diblônja miturut pathokan kene, banjur diwuwuhi sawatara sabab anggone dêdunung ana ing tanah kang hawane panas kiyi, cara Landane wuwuhan balônja iki jarene diarani: tropentoelage. Hla, nèk ditindakake mêngkono, Truk, cêkake: jagung bakarane, mêtune dhuwit nagara mêsthi bisa suda têmênan. Wis, wis, rêmbugane bab kiyi padha ditutup samene bae.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Prakawis kêrêngan wontên ing pêkên Johar.

Kumisi militèr ingkang kapasrahan nitipriksa prakawis kêrêngan wontên ing pêkên Johar sampun rampung anggènipun amriksa. Palapuranipun lajêng dipun ladosakên dhatêng krijgsraad ing Magêlang.

Iksamên kangge Bestuursschool.

Suwau ingkang kenging nglêbêti Bestuursschool ing Bêtawi inggih puika amtênar pangrèh praja ingkang wêdalan Osvia saha sampun pangkat asistèn wadana, punapadene mawi dipun pilih dening residhèn utawi gupêrnur. Bab punika sampun têmtu kemawon sagêd nuwuhakên raos kirang sênêng. Awit saking punika P.P.B.B. lajêng gadhah panyuwun supados ingkang badhe mlêbêt dhatêng Bestuursschool sami dipun iksamên. Kalampahan, wiwit taun punika tumrap Jawi Kilèn, Jawi Têngah saha Jawi Wetan dipun wontênakên iksamên.

Konggrès P.V.P.N. ing Surakarta.

Benjing dintên Ngahad saha malêm Sênèn ngajêng punika Persatoean Vakbonden Pegawai Negeri badhe ngawontênakên konggrès, manggèn ing abipraya, Surakarta. Rancanganipun, ing dintên Ngahad parêpatan tutupan: 1. maos palapuran taunan, 2. anêtêpakên rantaman taun 1931/1932 saha anêtêpakên kontribisi tumrap warga pakbon, 3. angabsahakên pilihan rêdhaksi Persatoean Sekerdja kala tanggal 1 Marêt 1931, 4. pilihan pangrèh enggal, 5. anêtêpakên tandukipun P.V.P.N. ing bab sudan balônja saha ewah-ewahan B.B.L.,

--- 671 ---

6. angrêmbag bab punggawa-punggawa S.S. sapanunggilanipun ingkang sami dipun kèndêli, jalaran dipun bêsènêh, 7. anêtêpakên dintên saha panggenan benjing konggrès taun 1932, 8. pitakenan-pitakenan. Malêmipun Sênèn dipun wontênakên parêpatan umum. Para utusanipun N.V.V. inggih badhe anjênêngi. Rancanganipun: 1. pambikakan parêpatan, 2. anêrangakên karampungan-karampunganipun parêpatan ing dintên Ngahad, 3. Tuwan Surasa anêrangakên tandukipun P.V.P.N. ing bab sudan balônja saha ewah-ewahan B.B.L., 4. Tuwan Suryapranata anêrangakên tandukipun P.V.P.N. ing bab ebah-ebahan pak intêrnasional, punapa malih tandukipun dhatêng N.V.V. (pakêmpalan pak ing nêgari Walandi), 5. sêsorah bab ebah-ebahan pak tuwin bab rechtspositie, 6. panutup.

Pamulangan tani têngahan ing Bogor.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah babagan lanbo: Muhamad Ambyah Adiwinata, Radèn Atèng, Murteja Natawardaya, Radèn Partalaharja Darsana, Mas Sariyadi, Muhamad Syapèidha Emam Bani, Sudira Wiryasuma, Radèn Sunarja Atmadipurwa, Mas Supandi Prawiradirja, Suparta Mangunprawira, Radèn Surata Sasrasudirja saha Radèn Agus Sutarya Sasraatmaja.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah babagan bosbo: Radèn Sujana, Radèn Sunyata Wiraatmaja saha Mas Sastrasuwigya.

Odhiènsi.

Benjing tanggal 3 Juni ngajêng punika wanci jam 9 enjing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing pura ing Bêtawi. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk sadèrèngipun tanggal 30 Mèi sasampuna ngaturakên sêrat panuwun dhatêng ajudan, mawi katrangan nama sapiturutipun miwah wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Pambêsmèn mayit ing Bali.

Benjing tanggal 18 Juli ing Kêsiman 3 kilomètêr saking Dhènpasar, wontên pambêsmèn mayit, inggih punika mayitipun warandhanipun raja ing Kêsiman ingkang kantun piyambak.

Pamulangan dhoktêr kewan ing Bogor.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah Indisch veearts: Abu Asar, Asun Kahar, Nasarudin Fr. Sihombing, M.T. Sihombing, Sudibya, Sujai saha Sukarna.

Partai Indonesia.

Kala tanggal 18 Mèi ingkang kapêngkêr ing Bêtawi dipun adêgakên pang Partai Indonesia. Ingkang dados pangrèhipun inggih punika: pangarsa, Tuwan Suwirya, panitra Tuwan Ahmad Sumadi, artaka Tuwan Suraji, pambantu Tuwan Yusup Yahya, Tuwan Suparna, Tuwan Sabran saha Tuwan Sutan Bêsar.

Wondene parte enggal wau samangke dhêdhapukanipun pangrèh agêng: pangarsa, Tuwan Sartana, sêsulih pangarsa, Tuwan Manadi, panitra, Tuwan Nyanaprawata, artaka Tuwan Suwirya, pambantu Tuwan Sudarma Atmaja, Tuwan Sukèmi saha Tuwan Yusup Yahya.

Pasanggrahan ing Tawangmangu.

Kawartos, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan mêntas mundhut pasanggrahan ing Tawangmangu, pasanggrahan wau kaparingan nama: pasanggrahan Asripurna. Samangke dipun mulyakakên, dipun wangun gagrag enggal.

Radèn Jumhana Wiraatmaja.

Radèn Jumhana Wiraatmaja, putra mantunipun patih ing Bandhung, asal anggènipun iksamên dhoktoral babagan ngèlmi ukum ing Lèdhên, nagari Walandi.

Intêrnat sumur Bandhung.

Kawartos, Radèn Ayu Wiranata Kusuma badhe ngadêgakên intêrnat sumur Bandhung wontên ing Sukabumi, kangge murid-murid Cultuurschool ing ngrika. Para maos kados botên kêkilapan, Radèn Ayu Wiranata Kusuma wau ingkang ada-ada ngadêgakên intêrnat sumur Bandhung.

Pantês dipun tulad.

Wontên pawartos, ing kalurahan Ngagêl (Gunungkidul) wontên ada-ada badhe ngawontênakên kopêrasi. Lurah saprabotipun ambantu sadaya. Mila tiyang sakalurahan inggih langkung saking sapalih ingkang badhe tumut. Tiyang satunggal katarik urunan sapisan f 0.50, dene para prabot wontên ingkang katarik f 2.-, wontên ingkang katarik f 5.- utawi f 10.-. Arta wau sadaya badhe kangge tumbas cangkir piring sarta ngadêgakên toko piyambak.

Utusan N.V.V.

Kala malêm Ngahad ingkang kapêngkêr para utusanipun N.V.V. ngawontênakên pêpanggihan wontên ing rêsèpsi papilyun hotèl Des Indes ing Bêtawi. Kathah tamu ingkang sami rawuh. Tuwan Kupers anêrangakên bilih anggènipun dhatêng ing tanah Indhonesiah ngriki punika botên magêpokan kalihan pulitik, nanging namung mligi badhe nyinau kawontênanipun kaum bêrah saha sasagêd-sagêd badhe pados sêsangkutan kalihan pakêmpalan-pakêmpalan pak pribumi saha Eropah.

Papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Laosimama.

Benjing tanggal 6 Agustus ngajêng punika papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Laosimama (Sumatra pasisir wetan) umuripun jangkêp salawe taun. Gêgayutan kalihan bab punika samangke dipun wontênakên komite, ingayoman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Komite wau badhe kêklêmpak arta 25.000 rupiyah, dhawahipun tanggal 6 Agustus badhe kadarmakakên dhatêng papan pangupakara tiyang sakit leprah wau, kangge damêl gêdhong enggal.

--- 672 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

14.

Pangandika sampeyan ingkang samantên punika, nêrusi dhatêng raosing manah kula, salaminipun anak namung badhe gadhah pangadi-adi dhatêng tiyang sêpuh. Mênggah kajêng kula, kula badhe botên kasupèn dhatêng sampeyan.

Pangadi-adining anak mênyang bapa, iku salawase mung gawe sênêng, bungah bangêt yèn wong tuwa bisa nêmbadani. Nanging samono mau tumrap pangadi-adining anak kang ngambah bênêr bêcik. Nanging sanadyan luputa pisan, ingatasing wong tuwa mung kudu ngarêpi, awit wong tuwa mung wajib ngrasakake, luput yèn wong tuwa mung ngarêpi mênyang bêcike.

Sasampunipun makatên, ki sudagar lajêng wangsul, dene Abdullah sarêng ing wanci dalu lajêng tumindak nyalamur, anjajah dhatêng papan pabarisaning para nata. Sadumugining jawi kitha, sumêrêp tataning palêrêbaning para punggawa atharik-tharik ngêpung palêrêbaning ratunipun, para wadya manggèn ing pinggir dados watêsing wêwêngkon, rintên dalu dipun jagi santosa. Abdullah nglajêngakên lampah dhatêng wêwêngkon sanèsipun, tatanipun botên beda. Kawontênan sadaya wau dados tôndha botên têntrêmipun nagari Ngêsam. Dene mênggah nyatanipun, para nata wau tansah pasulayan, sami rêbatan panguwasa, tuwin nêdya ngatingalakên kaluhuranipun, wosipun namung pados jalaran murih tinampènana panglamaripun.

Nalika Abdullah nyumêrêpi kawontênan ingkang kados makatên wau, ing batos ngrumaosi gumun, têka kawontênaning praja Ngêsam ngantos kados makatên, dados mênggahing nalar, nama lôngka sangêt, yèn ta Abdullah sagêda ngêmori bab punika.

Nanging mênggah nyatanipun, Abdullah malah sampun kapanggih ing sang putri piyambak, sagêd ginêman anglairakên saraosing manah. Manawi Abdullah ngèngêti dhatêng lêlampahan kados ingkang sampun dipun lampahi, ing manah lajêng kêncêng, tuwin gadhah kapitadosan, antêping tekadipun ingkang badhe andumugèkakên sêdya. Nanging kadospundi anggènipun pados jalaran, punika taksih kasimpên wontên ing batosipun Abdullah piyambak.

VII. Manggih pancadan

Saya dangu saya katingal botên têntrêmipun nagari Ngêsam, saênggèn-ênggèn tuwuh rêrêsah, ingkang wijinipun tuwuh saking kawontênanipun sang putri, upaminipun tiyang pasulayan kalihan tiyang sanès nagari, punika bakunipun saking murinaning dhatêng ratu gustinipun, môngka ing sapunika praja Ngêsam nama dipun kêpang ing para nata môncapraja, adhakan nuwuhakên pasulayaning kawula alit. Dene tumraping ratunipun, inggih tansah sujana-sinujanan, wêkasan lajêng nuwuhakên pêpêrangan.

Bab kados makatên punika angèl sagêdipun dados têntrêm, dangu-dangu malah saya andadra. Pêpêrangan botên wontên kèndêlipun, gêntos unggul gêntos asor.

Ing wanci srêngenge gumiwang ngilèn, kamirêngan kêtêging paprangan dipun tabuh andharêndhêng, dados pratandhaning ambibarakên pêpêrangan. Sakala lajêng botên wontên sabawaning tiyang, ingkang kamirêngan namung sabawaning dêdamêl ligan dipun warangkakakên.

Para prajurit ingkang kabibarakên anggènipun pêrang, rumaos sami gêla ing manah, awit rumaos bilih ing dintên wau badhe ngrampungi damêl. Nanging sayêktosipun sadaya wau namung pinanggih wontên ing pangintên, namung nêtêpi watêking tiyang punika ing salaminipun namung ngrumaosi unggul.

Kacariyos nata ing Bahgêdad, Prabu Harun, kala punika ugi rawuh wontên ing praja Ngêsam, sami-sami nata môncapraja, kalêbêt ingkang agêng piyambak, nanging ingatasipun ing bab punika, sang prabu inggih botên katingal mêmunjuli, têgêsipun anggèning pêrang inggih botên sagêd unggul, dene ingatasipun sang putri, botên anganggêp punapa-punapa dhatêng sang prabu, inganggêp nata limrah kemawon.

Sabibaring pêrang, sang prabu lênggah wontên ing palêrêban dipun adhêp ing abdi kêkasih, sang prabu katingal sêkêl ing panggalih, dene botên sagêd angrampungi ing bab pêpêrangan punika, môngka tumrap ingkang sampun, sampun malih mêngsah ingkang namung kados makatên, sanadyan tikêla sadasa pisan, botên dangu tamtu sirna.

Sang prabu salêbêtipun lêlênggahan angandika: He senapati, ingsun nganti rumasa wêgah angadoni pêrang, rumasaningsun kaya ora ana uwis-uwise.

Senapati: Sampun tamtu kemawon kangjêng sinuhun, awit mêngsah punika botên namung satunggal kalih kemawon, dhatêngipun bêbasan andalidir tanpa kêndhat, sami ratu ambêkta wadyabala.

Iya sanadyan mangkonoa, rasaning bobote angluwihi, ingsun uga tau tandhing lan mungsuh kang luwih saka iki, nanging bobote ora samene. (Badhe kasambêtan)

--- 133 ---

Nomêr 34 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Cobi-cobi, bokmanawi katampi

Bug, bug, bug ... slênthêm. Nuwun-nuwun, Rama Sêbul, saha mitra kula sadaya. Umun-umun sarêng kula mirêng swaraning bêndhe angungkung. Ingkang ambribèni sarènipun Kangmas Surata, kula inggih katut kabribenan. Mila tangi gregah lajêng lumajêng dhatêng jawi. Sarêng sumêrêp para mitra gumrudug, tanpa pamitan kula tumut ambandhang nututi para mitra ingkang lêlumban dhatêng blumbang (Taman Bocah). Salêbêtipun lêlumban kula dipun purugi bapak saha dipun srêngêni. Jalaran sinaosa ing wêkdal punika dintên Minggu, nanging lajêng nyuda pasinaon kula. Dados kuwatos manawi inggah-inggahan pangkat ing wulan Juli punika bijinipun rêpot kula kirang. Nanging dangu-dangu inggih marêngakên.

Mênggahing palumbanan ngriku (ing Taman Bocah, ingkang kaêmot ing Kajawèn, nomêr 35), Kangmas Surata kagungan cangkriman suraosipun makatên: anjupuka lèpèk siji, banjur sèlèhana dhuwit sèn, patrape mlumah sumisih ana ing pinggire lèpèk kang mlumah, lèpèk mau banjur isènana banyu kira-kira bisane ngêlêbi dhuwit mau, hla, sak iki dhuwite sèn mau jupukên nanging drijine sing anjupuk aja nganti têlês (kambah banyu mau) kapriye mungguh pratikêlmu, nanging panjaluke ora kêna nganggo bangsane cuthik, sapit, sapadhane, utawa lèpèk lan banyu mau ora kêna owah saka ngênggon.

Sasampuning rampung pamaos kula, kula inggih gumun. Gampilipun punika lajêng kula anggêp sulapan. Ananging mokal sulapan têka kangge cangkriman. Sajatosipun nalar kula punika satunggiling nalar ingkang taksih pêtêng abunêl. Bêbasan kodhok brontok katutupan bathok, botên sumêrêp lèr utawi kidul. Kula lajêng mêndhêt lèpèk, kula pasang kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Lèpèk ingkang isi toya ngêlêbi arta sèn ing sapinggiring lèpèk wau lajêng kula damu ing pênêring arta. Wusana toya lajêng sumilak anisih, yatra kula tarik ing driji kanthi pangatos-atos, ngantos kenging. Driji kula inggih taksih garing.

Wusana lêpat lan lêrêsipun ing pambatang kula, sampun kirang ing pangaksami.

K.H. Timbul.

Suk Sêtu ngarêp, bêcik ambabarake batangane cangkriman, miturut panêmune Nak Surata.

Pak Sêbul.

--- 134 ---

Narima Nêmu Bêgja

Candhake Kajawèn nomêr 41.

Sapi diijolake wêdhus.

Atine Pak Klênthêng dhèk samana gêdhe bangêt, saka bêbêge, sajrone nuntun sapi mau nganti jogedan karo gamêlan cangkêm, nanging banjur lèrèn karo caturan dhewe: Nganti kaya wong gêndhêng aku iki, turut dalan jare jogedan. Nanging ya sapa wonge nêmu kabêgjan ora bungah. Coba tak andharne cilakane wong ngingu jaran dhisik.

Jaran kuwi pancèn ya bêcik bangêt, yèn digawe têgar, sabên uwong bae ngêlokake, saya yèn aku sing têgar, lagi jêdhul bae wis ana wong muni: wah, kaya Radèn Sukra. Nanging kuwi rak tumrape wong kasêmbadan, apêse bae wong sing duwe sandhangan bêcik, balik lagi jarit bae ora ana sing mèmpêr, hêh, kalane aku têgar, adhakan dikira wong ambradhat jaran. Dadi bab têgar, tumrape aku lôngka.

Yèn digawe jaran momotan, olèh-olèhane lumintu, nanging wong duwe jaran digawe momotan, kuwi têtêp wong ora duwe wêlas mênyang sato kewan, sabên dina mêrês kringêting kewan, asih manèh duwea, wêlas bae ora. Mulane aku ora nindakake pagawean mangkono, jaranku ajêg tak muktèkake.

Kaya jênate jaranku sing wis tak ijolake, sabên dina mung tak muktèkake, tak êritake sukêt sing lêdhung-lêdhung, gêdhogan lan kiwa têngêne ajêg dirêsiki anak bojoku, aku tarima nampani talethonge bae, kêna kanggo rabuk tanduran kang anjalari akèhing pamêtu. Ya lagia didol talethong bae, dhuwite wis akèh. Nanging jênêng wong apa, sasat urip ana sangisoring tlethong. Mula aku ora gêtun jaranku tak ijolake sapi.

Pak Klênthêng banjur mandhêg nyawang sapine karo muni: Adhuh, ana sapi kok kaya Banowati, sajak gandhang. Ya sapa wonge ora dhêmên nyang sapi, digawe anggaru mluku: tumindak. Digawe anggrobag: mungguh, ya lagia nadhahi tlethonge bae, akèh tlethong sapi. Tur pakane gampang, rambanan doyan. Apamanèh sapine thik wedok, sawise manak, aku wis bathi pêdhèt. Aku, êmbokne lan gêndhuk, bakal kêbrebelan milu ngombe puhane. Aku wani totohan, pipine wong saomah mêsthi padha pating plênthu, saka lêmu-lêmu. Mêngko yèn wis bosên ngombe puhan, didol bae rak uwis. We la, sida sugih têmênan saiki.

Gênti anggagas apêse, sapiku kêjêngklok, banjur ora bisa ngadêg. Wa, cilaka. Nanging ya ora. Dijagalake bae rak uwis, dhuwite banjur krupyuk putih-putih. Mêsthine yèn aku gêlêm anjaluk iwake, iya diwèhi, lagi digawea mangan sajrone sapasar bae, ya sêdhêng. Adhuh, iba êmbokne Klênthêng anggone ngothot-othot iwak. Cêkake wong ngingu sapi kuwi ora ana tunane.

Nalika panggagase Pak Klênthêng lagi têkan kono, [ko...]

--- 135 ---

[...no,] krungu suwaraning wêdhus muni: êmbèk. Pak Klênthêng nganti kagèt sarta banjur ngingêtake. Ing kono wêruh ana wong nuntun wêdhus gèmbèl. Sawise nyawang sawatara suwe, Pak Klênthêng banjur nututi karo cêluk-cêluk: E, kang nuntun wêdhus, mandhêg riyin.

Wong nuntun wêdhus angêndhêgi karo sumaur: Ontên napa, dhi.

Mandhêg riyin, ta. Wêdhus dika kula ijolane sapi kula, gih.

Dika niku wong sêmbrana, napa kula niki wong gêblêg bangêt, botên ngrêti yèn dika gawe gêguyon.

Si kakang niku kula aranana bodho, nyatane pintêr, nanging yèn kula aranana pintêr, jêbule bodho.

Pripun ta, dhi.

La ênggih, dika êmpun ngrêti, yèn kôndha kula blondrongan, niku tandhane pintêr, awit saka dika mokalake. Nanging nyatane dika niku bodho, tandhane kula niki niyat ajêng ngajak ijolan têmênan, kok mang tômpa guyon. Êngga sapi kula dika tuntun, pundi wêdhus dika kula tuntune. Sawise mangkono, Pak Klênthêng banjur nuntun wêdhus anggênjrit.

Wong sing duwe wêdhus: E, apa iki têbusane anggonku ngimpi kêcêmplung kalèn sing banyune mung nyêmêk-nyêmêk mau bêngi kae, ya.

Uran-uran

[Kinanthi]

kanthi ngucap bangêt sukur / dene ing wêktu saiki / ing Kajawèn linampiran / Taman Bocah luwih adi / mula ayo para mitra / kangmas-kangmas adhi-adhi //

padha sowan Rama Sêbul / ning ra susah nyang Bêtawi / cukup amung kala-kala / aku padha angaturi / dhêdhaharan kang mirasa / nanging dudu bêstik komplit //

wêton Jiran kang misuwur / apa manèh tarcis-tarcis / iku rama ora karsa / mula aja klèru tampi / dene wujuding dhaharan / karangan maneka warni //

aja isin digêguyu / gêdhene dipapoyoki / niyat jarag coba-coba / ngulir lan angasah budi / sapa kang kêpengin bisa / kudu wani wirang isin //

bisa pintêr saka cubluk / bisa akèh saka sithik / bisa wasis ngarang ngarang / kudu ora ambil posing / ginuyu lan pinoyokan / ugêr ora disrêngêni //

minôngka tutuping atur / Bayalali tanggal kaping / têlu nuju sasi Sura / taunnya sawidak kalih / ora liwat para mitra / mung padha andum basuki //

Kula pun Suparman, Murid H.I.S. Bayalali.

yèn dhasaring Jawa iku / nadyan isih bocak cilik / ing batin wis kêdunungan / carane wong nganggit-anggit / tur nganggo digawe têmbang / sanadyan prasaja bêcik //

yèn pancèn gêlêm nyinau / aja banjur dakik-dakik / prasaja bae kang cêtha / aja nganggo kowa-kawi / besuk bae yèn kulina / bakal wêruh lan mangrêti //

Pak Sêbul.

--- 136 ---

Tabêri ing Gawe

[Dhandhanggula]

ana klinci isih ênom manis / nanging klêbu klinci jaman kuna / parigêl lan doyan gawe / carane golèk butuh / ora kêndhat dipikir-pikir / ya pagawean apa / dilakoni mungkul / labête mantêp têmênan / bisa ajêg sabên dina olèh dhuwit / ditômpa kanthi lêga //

karo manèh klinci pancèn ngrêti / bisa wêruh nyang lakuning jaman / tansah ngudi salawase / êndi sing bisa mathuk / iya kuwi sing dilakoni / nèk jamane samana / si kêlinci wêruh / ombyaking para nonoman / padha dhêmên sapatonan thiyit-thiyit / prêlu go adol brêgas //

[Grafik]

sanalika klinci banjur ngrêti / lan rumasa olèh dalan gampang / kêna kanggo saranane / wong arêp golèk butuh / klinci nuli nata piranti / dhingklik sêmir lan sikat / banjur thênguk-thênguk / ana sapinggiring dalan / kanthi tlatèn sêdyane êmung ngêntèni / wong sêpaton sing liwat //

dene mungguh karêpe si klinci / niyat arêp adol bau nyikat / yèn ana sing marêngake / ora suwe kêrungu / ana jago kêluruk bêning / ngadêg ana kadohan / rupane abagus / sajake jago bandara / yèn malaku ketok anggone tarincing / glelang-glèlèng barêgas //

isih adoh klinci andhèhèmi / karo muni diwori pangumpak / kados upsir sajakane / êcakipun sêpatu / sampun cêtha angatawisi / manawi bôngsa litnan / dhasaripun bêsus / mila sangêt eman-eman / yèn ngantosa ambalêrêt botên kincling / sêpatu agêm tuwan //

jago mau barêng krungu uni / lan pangalêm banjur nyêdhak mara / karo pitakon mangkene / apa ya kowe iku / dadi tukang ngrêsiki sikil / yèn ngono kabênêran / iki sêpatuku / loro pisan rêsikana / lan sêmirên kang nganti agilap bêcik / wis ênya tandangana //

[Grafik]

klinci nuli cêg anyandhak sikil / cikat trampil lakuning panyikat / wis gilap sadhela bae / ing batine angguyu / dene sikil cilik amêrit / ora gawe rêkasa / sadhela wis rampung / jago atine ya lêga / ing sawise awèh panrima tumuli / ngulungake pituwas //

--- [0] ---

[Iklan]


ingkang. (kembali)
ingkang.
kasasrah. (kembali)
kasasrah.
wau. (kembali)
wau.