Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-11, #620

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-11, #620. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-11, #620. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 55, 24 Sapar Taun Je 1862, 11 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 849 ---

Ăngka 55, 24 Sapar Je 1862, 11 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan sêrat Wulangrèh, yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV ing Surakarta.

Wêwatêkan Nêm Prakawis.

[Pangkur]

1. aja loyo lèmèr genjah | angrong pasanakan nyumur gumuling | ambuntut arit puniku | watêkan tan raharja | pan wong lonyo nora kêna dipun êtut | monyar-manyir tan antêpan | dene lèmèrên puniki ||

2. para penginan têgêsnya | genjah iku cecegan barang kardi | angrong pasanak liripun | rêmên ulah miruda | mring rabine sadulur miwah ing batur | mring sanak myang pasanakan | sok sênênga dèn ramuhi ||

3. nyumur gumuling têgêsnya | ambêlawah datan duwe wêwadi | nora kêna rubung-rubung | wêwadine kang wutah | buntut arit puniku pracekanipun | abênêr ing pangarêpan /nanging garèthèl ing wuri ||

4. sabarang kang dipun ucap | nora wurung amrih olèh pribadi | iku labuhan tan patut | aja anêdya telad | mring watêkan nênêm prakara puniku | sayogyane ngupayaa | lêlabuhan kang utami ||

--- 850 ---

Palapuran Bathik

Kabudidayan Bathik ing Banyumas

II.

Anglajêngakên cariyosan babadipun kabudidayan bathik. Ing taun 1914 tuwuh pêrang agêng ing Eropah. Kala samantên băngsa Tionghwa, ingkang sami nyumêrêpi mênggah agênging bêbathènipun dêdagangan bathik, lajêng sami miwiti ada-ada angêdêgakên kabudidayan bathik. Bawanipun băngsa Tionghwa punika umumipun sami sugih arta, ngupadosipun pêngobèng ingkang pintêr-pintêr inggih sarana margi gampil. Malah saking wêgigipun băngsa Tionghwa, ingkang sami anggadhahi kabudidayan bathik wau, ngantos sagêd andarbèni pola-pola damêlanipun kabudidayan-kabudidayan băngsa Eropah.

Ing kala punika kathahing kabudidayan bathik ingkang sami dipun êdêgakên, prasasat tanpa wicalan, makatên ugi têtiyang pribumi, inggih sami botên purun kantun. Jalaran saking punika, pangobèng ingkang pintêr-pintêr lajêng tansah dados rêbatan, ingkang anjalari epahaning pêngobèng punika saya mindhak, ngantos kenging dipun wastani, bilih pamêdalipun tiyang èstri punika sok asring langkung kathah katimbang tiyang jalêr. Ingkang makatên punika, sok lajêng kalampahan, kanthi migunakakên têtêmbungan ing palapuran bathik wau, bilih: èstri kangge jalêr, jalêr kangge èstri. Mênggah pikajêngipun: tiyang èstri ingkang ngupados pangupaboga, tiyang jalêr ingkang wontên ing griya, kapasrahan: momong lare, rêrêsik, bokmanawi malah ngliwêt, anjangan barang.

Nanging kawontênan ingkang makatên punika botên sagêd lêstantun dangu, jalaran saking tuwuhipun jaman malèsèd ing kala punika, kawêwahan sumêbaripun abên-abênan bathik enggal, makatên ugi jalaran saking kawêgiganipun băngsa Tionghwa ing bab punika. Ingkang makatên wau, kawontênanipun kabudidayan bathik têtiyang pribumi saya dangu saya kaêsur ing kabudidayan băngsa Tionghwa ingkang wusananipun lajêng kathah kabudidayan pribumi ingkang kapêksa katutup.

Wiwit punika kenging dipun wastani, bilih padagangan bathik ing saindênging paresidhenan Banyumas, kacêpêng ing băngsa Tionghwa. Samangke ngrêmbag sawatawis mênggah ingkang kalêbêt ing:

Laladanipun kabudidayan bathik.

Mèh saindênging paresidhenan Banyumas ingkang sisih lèr, têtiyangipun sami nindakakên kabudidayan bathik. Dene ingkang dados têlênging kabudidayan-kabudidayan wau, ing kitha-kitha: Banyumas, Purwarêja (Tlampok) Sukaraja, Purbalingga tuwin Purwakêrta. Manawi kapandhing kalihan tanah-tanah sanèsipun ing Jawi Têngah, paresidhenan Banyumas punika pancèn inggih beda piyambak, jalaranipun botên sanès inggih sabab saking kiranging sambêtanipun kalihan sanès-sanès panggenan. Ing kala rumiyin, jalaran saking botên wontênipun margi-margi ingkang sae, têtiyang Pasundhan punapadene têtiyang karajan Jawi angèl sangêt sagêdipun dhatêng Banyumas.

[Grafik]

Pamondhokanipun para pangobèng.

Ing sarèhning margi-marginipun ing ngriku botên kenging kaambah ing grobag, mèh sadaya pamêdalipun siti, ingkang saperangan agêng lajêng botên sagêd mêdal saking wêwêngkon ngriku.

Nalikanipun ing paresidhenan Banyumas dèrèng wontên sêpur utawi trèm, pangusunging sadaya pawêdalipun siti punika mêdal toya, inggih punika anglangkungi lèpèn Sêrayu, utawi sarana dipun êmot ing kapal, maesa utawi lêmbu, dene kalêmpakipun barang-barang wau sadaya wontên ing kitha Banyumas.

Ananging sarêng dipun yasani margi sêpur utawi margi sanès-sanèsipun, kados ta: margi sêpur ingkang lumampah saking Bandhung dhatêng Ngayoja, utawi saking Cirêbon dhatêng Kroya, kitha Banyumas botên kaambah babarpisan, ingkang anjalari kitha wau saya dados sêpên sangêt. Jalaran saking punika ing salêbêtipun kitha inggih lajêng saya kirang wontênipun padamêlan galidhigan. Wêwah-wêwah sarêng wontên ewah-ewahan tataning pangrèh praja, ingkang anjalari wontên sawatawis amtênar băngsa Walandi pindhah saking ngriku, punika ugi andadosakên [andado...]

--- 851 ---

[...sakên] sabab kathahing jongos, babu tuwin tukang kêbon sami botên gadhah padamêlan.

Jalaran saking awoning tanêm tuwuh ing antawisipun taun 1929 lan 1930, nuwuhakên aliting manahipun têtiyang ing padhusunan. Sawênèh sami rêraosan, bilih karaharjaning nagari sabên taun tansah saya mundur kemawon. Dening têtiyang Banyumas, kamunduraning karaharjanipun nagari wau ngantos dipun timbangakên: sabên taun saya buncit.

Ing Banyumas tiyang glidhig ingkang sagêd ajêg angsal epahan f.3,- ing sawulanipun, kenging kawastanan bêgja sayêktos. Ing dhusun-dhusun malah kathah têtiyang ingkang babarpisan botên gadhah padamêlan. Dene manawi têtiyang wau dipun takèni, kadospundi mênggah gêsangipun ingkang kathah, wangsulanipun têmtu lajêng: sabab semahipun bêrahan bathik.

Wangsulan ingkang makatên wau sayêktos nganèh-anèhi, punapa malih manawi angèngêti, bilih epahanipun ambathik punika sayêktos sakêdhik sangêt, ewasamantên kathah têtiyang dhusun ingkang amastani, bilih bêrah ambathik punika sagêd nyambêt gêsangipun. Dene manawi tiyang sabatih sagêd angsal bêrahan bathik sadaya, punika botên badhe kuwatos bilih ing têmbe wingkingipun badhe kapintên.

Beda kalihan ing Purbalingga. Têtiyangipun ing kitha sami sagêd angsal bêrahan ingkang nyêkapi, kados ta: bêrah nglinting sês, nguli wontên ing gudhang sata, wontên ing toko-toko lan sasaminipun. Cêkakipun ing kitha Purbalingga kenging dipun wastani botên badhe kêkirangan padamêlan. Amila sanadyan ing Purbalingga piyambak ugi sami yakin, bilih ing kitha Banyumas upami kabudidayan bathik ngantos ical, têtiyangipun têmtu badhe kathah ingkang sami nandhang sangsara. Inggih lêrês, bilih ing ngriku ugi wontên kabudidayan alit-alit, kados ta: damêl banon tuwin gêndhèng, ngobong kapur, kêmasan, lan sasaminipun, nanging sadaya wau botên sagêd mitulungi panggêsanganipun têtiyang dhusun.

Ing sarèhning kawontênanipun kabudidayan bathik punika agêng sangêt dayanipun tumrap panggêsanganing têtiyang ing Banyumas, kados ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis mênggah:

Jêmbaring kabudidayan

Ing ngandhap punika dipun wontênakên dhaptar kawontênanipun kabudidayan-kabudidayan bathik ing salêbêtipun paresidhenan Banyumas sisih lèr.

[Grafik]

Nitik wontênipun sêtat ing nginggil, têtela sangêt bilih kabudidayan bathik ing Banyumas punika, mèh sadaya gadhahanipun băngsa Tionghwa, ngêmungakên satunggal kalih ingkang taksih kacêpêng ing tiyang siti.

Kabudidayan-kabudidayan băngsa Tionghwa, punika ingkang kathah langkung-langkung ing kitha Banyumas, panggarapipun bathik wau botên wontên ing griyanipun piyambak, nanging lajêng kapasrahakên dhatêng têtiyang Jawi ing dhusun-dhusun kanthi prajangjian mawarni-warni, kados ta: sadaya pirantosing ambathik kabudidayan ingkang nyukani, lan sasaminipun. Kadospundi panggarapipun, juraganing kabudidayan wau botên nyumêrêpi punapa-punapa, sumêrêpipun namung manawi sampun rampung kemawon. Dados padamêlanipun têtiyang dhusun wau kenging dipun anggêp amborong padamêlan bathik, amila têtiyang wau lajêng dipun wastani:

Anèmêr (tukang amborong)

Tumrapipun ingkang gadhah kabudidayan bathik, nyambut damêl lumantar anèmêr, punika langkung sakeca katimbang sadaya-sadaya dipun adani piyambak. Jalaran pun juragan lajêng botên kangelan punapa-punapa, têgêsipun: botên kangelan ngawontênakên tiyang, ingkang kêdah ngulat-ulatakên panyambutdamêlipun pangobèng, botên tansah kangelan ngrêmbag pêrsêkot, cêkakipun dhatêng ruwêt-rêntênging nyambut damêl bathik, pun juragan wau botên prêlu angrêmbag. Kajawi punika pambayaripun pajêg inggih botên badhe kêkathahên. Badhe kasambêtan.

--- 852 ---

Usulipun Amerikah

Prancis Inggih Angrujuki-Kenging Kaajêng-ajêng Kalêksananipun.

Usulipun Amerikah ing bab nginahi panicilanipun sambutan pêrang wêkdal samangke sawêg dados rêmbag rame.

Para maos kados botên kêkilapan kala pêrang donya, Jêrman kawon lajêng kapurih nglintoni kapitunanipun nagari-nagari ingkang mênang, kados ta: Prancis, Inggris, Itali, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun. Ewadene arta wau mèh sadaya purugipun dhatêng Amerikah, jalaran nagari-nagari wau ingkang kathah sami gadhah sambutan dhatêng Amerikah.

Murih gamblangipun mênggahing sambutanipun Jêrman tuwin sambutanipun nagari satunggal lan nagari satunggalipun mriksanana gambar ing sisih punika.

Miturut rancangan Young salêbêtipun taun 1931–1932 punika Jêrman kêdah ambayar 838 yuta marêk (1 marêk aosipun samangke 60 sèn) dhatêng Prancis, 362 yuta marêk dhatêng Inggris, 191 yuta marêk dhatêng Itali, 124 yuta marêk dhatêng Bèlgi, 66 yuta marêk dhatêng Amerikah, tuwin dhatêng nagari sanès-sanèsipun gunggung 1706 yuta marêk.

Prancis kêdah ambayar 255 yuta marêk dhatêng Inggris saha 168 yuta marêk dhatêng Amerikah. Inggris kêdah ambayar 671 yuta marêk dhatêng Amerikah.

Itali kêdah ambayar 82 yuta marêk dhatêng Inggris saha 61 yuta marêk dhatêng Amerikah.

Kawontênanipun arta ing nagari Jêrman wêkdal samangke kenging kawastanan awon sangêt. Arta ingkang malêbêt suda kathah, măngka sambutanipun sathekruk.

Mila usulipun Amerikah wau inggih lajêng katampi kalayan bingahing manah, awit manawi kalampahan angsal inah sataun ing bab paniciling sambutanipun pêrang, bokmanawi lajêg sagêd pulih karaharjanipun.

Dumuginipun sapunika nagari-nagari ingkang magêpokan kenging kawastanan sami angrujuki sadaya. Jêrman, Inggris, Jêpan, Amerikah kidul, Indhiya Inggris, Itali, Kanadhah, Niyuselan, Grikênlan, Bèlgi, Ceghoslowaki saha Polên sampun sami nelakakên mupakatipun.

Miturut tilgram saking Paris kala tanggal 6 Juli punika anggènipun rêmbagan wêwakil, Amerikah kalihan wêwakil Prancis sampun dados. Prancis angrujuki usulipun Amerikah wau.

Anggènipun Prancis suwau mandhêg mangu punika botên anggumunakên, jêr salêbêtipun taun 1931 punika Prancis gadhah sêsanggèn sambutan 423 yuta marêk, inggih punika 255 yuta marêk dhatêng Inggris, 168 yuta marêk dhatêng Amerikah, măngka miturut rancangan Young kêdah tampi 838 yuta marêk saking Jêrman. Kajawi punika bokmanawi kuwatos manawi kaungkulan Jêrman.

Dados usulipun Amerikah wau kenging kaajêng-ajêng kalêksananipun.

--- 853 ---

[Grafik]

--- 854 ---

Raos Jawi

Andhêdhêr Sae, Awoh Sae

Mirid dêdongenganipun para sêpuh, ambêging para luhur ing jaman kina punika sangêt prasaja, lêlambaran ambêg asih ing sasami, manawi kagungan karerehan, dipun anggêp kados kulawarga piyambak, lumuh adamêl risaking manahipun liyan.

Kala rumiyin wontên satunggiling prayagung luhur, misuwur anggènipun kagungan ambêg wêlasan. Jalaran saking anggènipun kagungan ambêg kados makatên wau, anuwuhakên ajrih asihing para karerehanipun.

Nanging sampun dados wataking tiyang, sok wontên ingkang lajêng gadhah manah nganèh-anèhi, dupèh pangagêngipun kagungan ambêg linangkung, malah lajêng sêmbrana.

Kacariyos pangagêng wau kagungan karerehan ingkang kêsèd ing damêl, sampun rambah-rambah dipun dukani, murih mantunana tindakipun ingkang kados makatên punika, awit mênggahing tiyang suwita, tindak kêsèd punika dados cacad agêng.

Karerehan ingkang dipun dukani wau inggih nyandikani, badhe ngèstokakên punapa dhawuhing pangagêng. Nanging wusananipun inggih taksih ajêg kados ingkang sampun.

Inggih sanadyan sabara kados punapa, pangagêng wau dangu-dangu inggih lajêng grêgêtên. Satunggiling dintên karerehan wau dipun timbali, sadumuginipun ngarsaning pangagêng, sumêrêp pasêmonipun anjêkutrut, sulaking duka sampun katingal, ngantos adamêl samaring manah.

Sarêng sampun tata lênggah, pangagêng andangu: wis kaping pira anggonku nuturi mênyang kowe, tak kon marèni anggonmu kêsèd, nanging pituturku kolêbokake kuping têngên, kowêtokake kuping kiwa.

Aturing karerehan: sapunika kula sampun tobat sayêktos, badhe tumêmên ing damêl.

Aturmu wis kasèp, kowe wis tak lapurake mênyang dhêdhuwuranku, tak suwunake pocot saka pagaweanmu, rasakna.

Kula nyuwun pangapuntên.

Wis, aja kakehan uni, kowe nuli mundura, ngêntènana têkaning kêkancingan pocotmu.

Karerehan wau lajêng mundur kanthi susahing manah, sadumugining griya botên doyan nêdha, saha lajêng cariyos dhatêng ingkang èstri, bilih piyambakipun dipun suwunakên pocot dening pangagêngipun.

Wataking èstri, mirêng pawartos makatên wau lajêng nangis anggalolo, saha nêtah dhatêng ingkang jalêr, botên ngèstokakên dhawuhing pangagêng, na, sapunika nêmahi kados makatên. Dangu-dangu mrèmèn ngundhat-undhat pangagêngipun ingkang jalêr wau, dipun anggêp pangagêng botên gadhah têpa, têgêlan, tega damêl pêjahing karerehan, ingkang panggêsanganipun botên sapintêna.

Nanging inggih badhe dipun punapakna, nama lêlampahan sampun kalajêng, botên kenging dipun wangsuli malih.

Wataking tiyang ngajêng-ajêng dhawahing lêlampahan ingkang [ing...]

--- 855 ---

[...kang] botên sakeca, jaming dintên kados sakalangkung rikat, enjing lajêng sontên, sontên lajêng enjing, wusana yêktos, wontên sêrat dhawuh timbalan saking nginggil. Clop, ulatipun tiyang ingkang tampi ngantos pucêt kados tiyang kaduk sakit wêtêng, kêdhèpipun andharindhil kados tiyang pados setan.

Tiyang wau lajêng rêmbagan kalihan ingkang èstri, prayogi dipun sowani punapa botên. Wangsulanipun ingkang èstri prayogèkakên[1] botên dipun sowani kemawon, prêlunipun punapa, botên sande inggih namung tampi dhawuh pocot. Nanging tumrapipun ingkang jalêr, ajrih manawi botên sowan, awit sagêd ugi manggih kalêpatan sanès. Wusana lajêng sowan.

Inggih tiyang badhe dipun pocot, ulatipun katingal biyas sangêt, lampahipun alon, manah tansah tab-taban. Sarêng dumugi kantoraning pangagêng ingkang nimbali, lajêng dipun timbali malêbêt, pangagêng wau katingal gumujêng, adamêl kumêlaping manahipun ingkang sowan, rumaos manawi gujêng wau atêgês mêmirang.

Sasampunipun ngadhêp, pangagêng andhawuhakên: aku tămpa palapurane panggêdhemu…

Nalika pangandikaning pangagêng dumugi samantên, manahipun ingkang dipun dhawuhi araos sênut-sênut. Lajênging dhawuh: kowe disuwunake munggah pangkat, katrima saka anggonmu wêkêl ing gawe, nanging disuwunake ngalih seje bawah. Panyuwun mau tak parêngake, saiki kowe munggah pangkat.

Kados punapa kagèting manahipun ingkang tampi dhawuh wau, kagèting bingah, ulatipun lajêng padhang. Sasampunipun tampi sêrat pikêkah lajêng mantuk, sadumugining griya lajêng cariyos dhatêng ingkang èstri. Ingkang èstri lajêng gumujêng rèkèk.

Sanès dintên priyantun enggal wau sowan dhatêng pangagêngipun lami, dèrèng ngantos matur sampun dipun dangu: kapriye.

Aturipun: kula botên ngintên manawi kadadosanipun kados makatên.

Saiki aku mung awèh pitutur, kowe aja sêmbrana, yèn kowe ora tumêmên ing gawe, mêsthi dipocot têmênan.

Sanès dintên priyantun enggal wau pindhah dhatêng panggenanipun enggal, salajêngipun tumêmên ing wajib.

Kados makatên wataking prayantun kina manawi misesa dhatêng karerehanipun, dados sanadyan ing têmbe anêmahana tiwas, sampun uwal saking têtanggêlanipun, tur mawi dipun lambari sae. Nyatanipun: andhêdhêr sae, awoh sae.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 310 ing Cawas. Kalintu manawi wontên tiyang ingkang gadhah pangintên makatên. Saugi botên nunggak bayaran, Kêjawèn mêsthi dipun kintun. Panêdhanipun lêngganan nomêr 3188 sampun kula kintuni, nanging K. no. 43 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 5066 ing Padhang. Inggih lêrês.

Lêngganan nomêr 2217 ing Rêjasari. Sapunika kenging, benjing 1 Ogustus inggih kenging. Lêngganan wiwit 1/5.

Lêngganan nomêr 3065 ing Sêmarang. Arjuna Sasrabau Jilid II dèrèng dados.

Lêngganan nomêr 698 ing Cilongok. Sampun katampi.

--- 856 ---

Bab Têtanêman

Mrica

Sok tiyanga inggih sampun sumêrêp dhatêng wujuding mrica, nanging limrahipun namung pinanggih wontên salêbêting bothekan, inggih punika mrica ingkang sampun kaupakara badhe kadamêl bumbu olah-olahan utawi jampi. Botên kirang tiyang ingkang dèrèng sumêrêp gêsanging wit mrica lan witipun kados punapa.

Pitakèn ingkang kados makatên wau botên anèh, amargi tumrapipun ing jaman sapunika, sanajan ing padhusunan kapetang lăngka sangêt wontênipun tanêman mrica, trêkadhang inggih wontên thukulan satunggal kalih, nanging sampun botên awoh, sabab botên dipun opèni, măngka nitik saking rêrêgèn ing toko, mrica wau taksih kalêbêt awis pangaosipun, inggih punika f 0.80 ing dalêm sakatosipun tumrap mrica pêthak, suda lumungsuripun inggih botên têbih saking rêrêgèn samantên wau, dados sadhacin rêgi f 80,-

Bab paedahipun mrica, botên prêlu kaaturakên malih, jêr para maos sampun botên kêkilapan. Namung tumraping nagari-nagari ingkang hawanipun asrêp, kados ing Eropah tuwin sanèsipun, mênggahing pamanggih langkung kathah tiyang ingkang migunakakên, awit mrica punika yèn katêdha, angsaripun dhatêng badan karaos angêt, dados botên lăngka manawi dipun têngênakên.

Mirid saking cacriyosan, mrica punika pancèn asli thêthukulan tanah Jawi, panunggilanipun: cabe, kêmukus tuwin sêdhah. Miturut Sêrat Babad Tanah Jawi rumiyin dados luruganipun băngsa mănca, prêlu ngupados padagangan, inggih punika sami kilak mrica tuwin sapanunggilanipun wau. Dados têtela sangêt bilih ing wêkdal samantên, têtiyang Jawi taksih marsudi sangêt dhatêng tanêman mrica. Nanging kosokwangsulipun ing wêkdal samangke, wit mrica wontênipun ing padhusunan kapetang mèh curês babarpisan. Măngka sampun gênah bilih bab wau dados satunggaling padagangan ingkang agêng, saprika-sapriki taksih panggah kemawon, awit têtiyang taksih têtêp anggènipun [ang...]

--- 857 ---

[...gènipun] sami karêm migunakakên mrica. Amila andharanipun bab nanêm mrica ugi badhe kaaturakên ing ngriki, supados andadosakên ing kauningan.

Ing salêbêtipun taun 1908–1909 kula nate ngambah sukuning rêdi Sêmèru ingkang sisih kidul wetan, bawah Lumajang, ing ngriku pinanggih wontên salah satunggaling kabudidayan gadhahanipun băngsa ngamănca, ingkang baku tanêmanipun: kahwa, karèt tuwin wit kênini, ewadene botên kêsupèn ing saantawising tanêman tigang warni wau mawi kaslundhingan tanêman mrica, inggih punika rinambatakên ing wit-witan sanès, ingkang salugunipun minăngka yom-yoming têtanêman tigang warni kasêbut nginggil wau, kados ta wit dhadhap, randhu, kelor tuwin sanès-sanèsipun.

Kados makatên punika, mênggahing pamanggih: prayogi sangêt dipun telad, tumrap sabên pakawisan utawi patêgilan, ingkang wontên wit-witanipun, sayogi dipun cèblêkana bibit mrica, dados sagêd ngalap asil kalih tigang warni, kajawi têtanêmanipun ingkang baku. Wondene andharaning pananêm kados ing ngandhap punika:

Mênggah wit mrica punika gêsangipun marambat, nemplok ing wit-witan sanès, botên beda kados wit cabe, sêdhah lan sapanunggilanipun. Mila yèn badhe nanêm, angêthoka êlungipun ingkang rumambat, miliha ingkang sumêdhêng ênèm sêpuhipun, panjangipun kintên-kintên kalih kilan, nanging sampun kirang saking 5 ros, pananêmipun anglêrêsi ing măngsa tracap. Bibit katancêbna wontên ing sandhing sapu lêbuning wit-witan ingkang pancèn kasadhiyakakên minăngka rambatan, inggih punika kajêng dhadhap, randhu tuwin sapanunggilanipun wau, awit klikanipun êmpuk sarta anggadhahi daya asrêp, dados anggampilakên tumemploking oyod mrica dhatêng klika. Nanging sasagêd-sagêd amiliha rambatan ingkang agêng, prêlunipun ing têmbe kiyat dipun pènèki, samăngsa sampun mangsaning ngundhuh mrica, minăngka pasendhenaning ăndha. (Badhe kasambêtan)

Nirrasa, Kêpanjèn-Malang.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Wanita Nyambutdamêl.

Garèng: Ayo Truk, timbangane cara Sundhane padha ngalamun, ya iku anggagas sing ora-ora, kaya ta: saupamane aku kiyi ginanjar dadi tuwan tanah, dhasar lêmahe jêmbar kathik gêdhe panguwasaku, ing jaman malèsèd iki, aku wis mêsthi bakal nindakake panguwasaku têmênan. Ora ngêmungake wong-wongku bakal tak loroti blanjane, nanging aku iya bakal ngudi kang bisa agawe [aga...]

--- 858 ---

[...we] kamayarane wong-wongku, kaya ta: omah-omahku sewan, kabèh tak êdhunake sewane, lan wong-wongku sing padha duwe omah sewan, iya tak prentahi dhêngan kêras, supaya padha ngêdhunake sewane. Lo, Truk, katimbang anggagas-gagas sing kaya mêngkono, wong lugune pancèn iya ora kècrèt apa-apa kajaba kadhas kudhis, rak iya luwih bêcik omong-omongan prakara sing dakik-dakik, nèk-nèke ana pigunane tumrap awakmu lan awakku.

[Grafik]

Petruk: Sabênêre ngono, kang Garèng, sapisan kiyi aku kok rada sugih aras-arasên, nèk diajak rêmbug-rêmbugan kuwi, jalaran pikiranaku saiki kiyi wis mêgêlangên bae. Awit sumurupa, kang Garèng, yèn ora ana alangan sawiji apa, besuk tanggal 15 utawa 16 ing wulan kiyi, aku lan rayimu; dèn ayu mas ngantèn makne Kamprèt arêp nêdya têtirah nyang Magêlang.

Garèng: Wiyah, kok agawe nrataping lambe, ngèwèling ati, nganggo arêp tirah barang kuwi sing lara bae sapa, apa kowe, apa bojomu. Wong têtirah ki rak akèh wragade, ing măngka lagi jaman malèsèd mêngkene, ibarate: ing jaman saiki kiyi arêp nanjakake dhuwit saêndhil rong êndhil kudu diwolak-walik nganti ganêp kaping salosin.

Petruk: Iya sabab saka jaman malèsèd kiyi, anggone aku kloron banjur kapêksa kudu têtirah, kudu ganti hawa, awit nèk kêbanjur-banjur mêngkene, mêngko panggêdheku rak ora prêcaya, yèn potongan balănja limang prêsèn kuwi rada ngithik-ithik kêbukku. Hla, apa mèmpêr, rayimu kuwi awake saya suwe jêbul saya saputrane gunung Tidhar, lan aku dhewe, larane wis ana kapat sasur sasi saprene, nanging kêmaruke têka durung ngaso-ngaso, nganti apa-apa iya blang-blêng mlêbu. Anggêre aja gorengan ril utawa pindhang watu bae, mulane banjur tak niyati arêp têtirah nyang hawa adhêm, nèk-nèke panyakite rayimu lan aku mau bisa banjur suda.

Garèng: We, hla, nèk kaya ngono kuwi rak panêmune wong kênclung. Nèk kowe kloron têtirah nyang hawa adhêm kuwi, bojomu masa bakala suda lêmune, bokmanawa malah bisa sabibèkne gunung Tidhar, lan kowe dhewe, saka gandrunge nyang pangan, kiraku bisa kalakon nyang ngêndi-êndi kalung cêthing têmênan. Wis, wis, kok banjur guyon sing ora ana paedahe mêngkono. Ora, Truk, aku tak takon, apa iya nyata, jarene ana kabar, yèn polêksrad [po...]

--- 859 ---

[...lêksrad] ngaturi pamrayoga nyang pamarentah supaya nganakake pranatan: manawa sawijining batih wargane wis ana sing nyambut gawe nyang guprêmèn, warga liya ora diparêngake. Wah, Truk, nèk dipikir têmênan, iki pranatan sajake duwe sêdya nglarangi nyambut gawe para wanita sing wis padha omah-omah. Anggonku ngarani mêngkono mau, jalaran umume sing dadi lajêre golèk pangan kuwi: wong lanang, dene sing wadon sok uga banjur nyambut gawe, kuwi lumrahe rak mung kanggo muwuh-muwuhi sing kanggo tuku janganan utawa sing kanggo plêsir-plêsir, utawa manèh timbang nyang ngomah nganggur. Mulane mungguhing aku kok iya mupakat bangêt nyang pranatan sing kaya mêngkono kuwi, dhing. Jalarane pirang-pirang, 1e bisa nyuda cacahe wong-wong sing saiki lagi tanpa pakaryan, 2e wong iya wis kagungan raka, iya ora pantês yèn andina-dina ngantor, wajibe iya kudu ngurus bale omah. Lagi bakyumu bae, sing bojone wong kere mêngkene, pamit karo aku arêp buruh mijêti Mas Naya, mèh bae tak kontan tak talak pitu.

Petruk: Yah, nèk nyambut gawe mijêti kuwi iya ora kêna nèk dipadhak-padhakake karo nyambut gawe nyang kantor. Nèk aku ora kaliru, gajêg-gajêge larangan sing kaya ngono kuwi dudu larangan anyar, dhèk biyèn kaya-kaya iya wis ana, mung bae ora dipacak ana ing pranatan, nanging mung kapacak ing layange sêbaran pamarentah. Malah nèk ora luput, sing dilarangi nyambut gawe kuwi ora ngêmungake wong-wong wadon sing wis omah-omah bae, nanging uga wong-wong pènsiyunan.

Garèng: Aku iya kèlingan, Truk, nanging sajake kala samono, aku malah luwih ngopèni têgêsan ana ing dalan, apa manèh yèn têgêsan srutu mênilah, katimbang sing akèh-akèh ngopèni nyang anane layang sêbaran mau. Mulane kala samono kêrêp bae aku mrangguli: bêndara kakung ngasta: upkumis, bêndara putri: komise, utawa: êmase ngasta: gripir, dhiajênge: ajunge. Kajaba iku kala samono akèh bae bangsaning pènsiyunan-pènsiyunan sing pènsiyune ing dalêm sasasine ora kurang saka f 300.- utawa f 400.-, sabab duwe sobat sing dadi panggêdhe, banjur rêkètèk, ditulung pagawean sing blanjane saupama dibayarake nyang wong-wong kaya kowe aku kiyi, kiraku iya bisa olèh wong apês ambalêbês 10 tumêkane 15. Hla, kuwi sing akèh nyang anane layang sêbaran mau, iya padha ... pring dhèmpèt. Dadi sing akèh-akèh isih padha ngukuhi, yèn sêtatsêblat sok kalah karo sobat.

Petruk: Kang Garèng, kowe aja maido nyang unèn-unèn kiyi, awit wis lumrah, wong kuwi sabisa-bisa iya pancèn arêp mitulungi nyang sobatane utawa nyang wong sing disênêngi, sanadyan saiki uga, wong golèk pagawean kuwi olèhe mêsthi luwih gampang yèn sugih sobatan katimbang yèn ora duwe sobat babarpisan. (Badhe kasambêtan)

--- 860 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Palapuran Bathik

Sintên tiyangipun ingkang botên anggadhahi watak kados Dasamuka anggènipun têgêlan, ing atasipun kalihan sadhèrèk piyambak, inggih punika Radèn Kumbakarna, mêksa têgêl angundhat-undhat kalanipun mêntas dipun bojana dhahar, utawi botên anggadhahi watak kados kirun wana kirun, ingkang tega sangêt anggadani manusa kadosdene kula ambêbêk kacang kangge bumbu pêcêl kemawon, sampun têmtu badhe anggrantês manahipun, manawi maos palapuran bathik, ingkang kawêdalakên dening kantor pakaryan (Kantoor van Arbeid). Ingatasipun paprentahan ngriki punika ing sajawining praja kacêluk adil palamarta, sagêd nata tata têntrêmipum[2] nagari, punapadene ingkang katêngênakên pancèn anggènipun tansah anjagi kawilujênganing para kawulanipun têtiyang pribumi, têka wontên lêlampahan-lêlampahan tindak siya, sawênang-wênang kadosdene ing kabudidayan-kabudidayan bathik ing tanah wawêngkon ngriki, langkung malih ing kabudidayan bathik ing Lasêm.

Ewasamantên pamarentah ing bab punika mêksa botên kenging dipun paibên sangêt-sangêt, jalaran ingkang nindakakên paprentahan punika dede tiyang satunggal, nanging sarana kabantu dening punggawa pintên-pintên èwu. Lan ing donya punika sampun limrah, bilih têtiyangipun wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang awon, wontên ingkang suci manahipun, nanging ugi wontên ingkang jail-mêthakil. Makatên ugi para punggawa nagari, saking kathahing cacahipun ingkang têmtu inggih wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang botên sae, wontên ingkang luhur panggalihipun, nanging ugi wontên ingkang… botên makatên. Kadosdene banjiring lèpèn, punika murih sampun ngantos ambêbayani, kenging dipun tambak mawi bêndungan, makatên ugi pandamêl awon, murih botên ambêbayani tumrap ingkang anglampahi, kadhangkala ugi sok kenging dipun tambak mawi… kêrtas awarni-warni. Sanadyan makatên ewasamantên inggih mêksa eman sangêt, dene ing ngriki sagêd kalampahan tindak ingkang makatên punika, tur tumindakipun wau sagêd kalampahan ngantos pintên-pintên dasa taun laminipun, tanpa kauningan ing pamarentah.

[Grafik]

Gambar ing têngah, punika pangobèng angsal pêparab "Bathang" sanadyan badanipun nandhang karisakan kados makatên, mêksa taksih sok dipun pisakit.

Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis tindak ambêg siya ing kabudidayan ing Lasêm. Dene ingkang kula cariyosakên punika lugu namung mêthik saking kawontênan ingkang kaêwrat ing palapuran bathik kasbut nginggil.

Mênggah wontênipun pranatan dhêndhan utawi potongan ingkang katindakakên ing sawênèhipun kabudidayan bathik, punika botên angêmungakên kenging kawastanan culika, nanging ugi kenging kawastanan tindak dosa dene kalêbêt ewoning siya tur amêrês dhatêng kringêtipun tiyang sanès.

Sampun nate kalampahan, saupami wontên ayam kêcêgur ing sumur utawi ing kakus, ingkang lajêng ngantos dados pêjahipun, punika sadaya pêngobèng kajibah nglintoni. Jalaran para pangobèng wau pancènipun rak sagêd ngalang-alangi murih ayamipun sampun ngantos manggih kacilakan. Malah ingkang gadhah kabudidayan bathik sok lajêng andakwa dhatêng pêngobèng-pêngobèngipun anyêmplungakên ayam wau wontên ing sumur. Makatên ugi sampun kalampahan: pêngobèng-pêngobèng sami dipun suda epahanipun, jalaran ing patarangan botên wontên ayamipun ingkang nigan.

Ing ngriku sang majikan botên angèngêti dhatêng kalamangsanipun ayam nigan, ing pamanahipun langkung gampil andakwa pêngobèng-pêngobèngipun sami nyolong tigan.

Manawi tembok wontên ingkang gêmpal jalaran katanggor ing gawangan, ingkang nggêmpalakên punika lajêng dipun dhêndha, lan dhêndhanipun wau botên murwat kalihan pangaosing risak.

Manawi wontên bathikan kacipratan mawa anglo ingkang kangge ngêntêpakên wajan, pêngobèngipun inggih lajêng dipun dêndha, dene manawi bathikan wau lajêng bolong, punapa malih manawi bolongipun ragi wiyar, pun pêngobèng lajêng kapurih ambayar bathikanipun.

Manawi wontên pangobèng anggênènipun wajan mawi kajêng jatos, ingkang pancènipun kangge nglorod sinjang, pêngobèng wau inggih lajêng dipun dhêndha, makatên ugi pêngobèng ingkang purun mêndhêt kajêng bucalan wontên ing prakawisan ngriku kangge ngliwêt upaminipun, punika inggih lajêng dipun suda epahanipun.

--- 861 ---

Ing satunggiling dintên wontên majikan kadhawahan ukuman dhêndha dening pangadilan, jalaran botên sadhiya wadhah uwuh wontên ing ngajêng pakawisan, ingkang anjalari uwuhipun dening pêngobèng-pêngobèngipun kapêksa lajêng dipun undhung-undhung wontên ing pakawisan. Para pêngobèng wau ingih sami dipun dhêndhani sadaya, awit anggènipun sang majikan kadhêndha ing pangadilan punika, rak jalaran saking taledhoripun pun pêngobèng-pêngobèng wau. Ing ngriku botên kacariyosakên pintên kathahing arta dhêndhan, nanging sabên pêngobèng kêdah ambayar dhêndhan. Satunggaling dintên majikan wau kadhawahan ukuman dhêndha f 5,- dening Landrechter, jalaran kalêpatan misakit tiyang. Wontên ing ngriku ugi sang majikan nêdha buku cathêtaning sambutanipun pêngobèng kalih ingkang ngrepotakên wau, prêlu ngisi buku ngriku, bilih satunggal-tunggaling tiyang sami wêwah sambutanipun nyaringgit, kanthi dipun sukani irah-irahan: minăngka bayar dhêndha Landgerecht.

Manawi wontên tukang ngêthèl ngicalakên barang, sanadyan para pêngobèng punika botên gêgayutan kalihan padamêlan ngêthèl, ewasamantên inggih sami dipun dhêndha sadaya.

Manawi wontên lilin ical sakatos, sanadyan rêginipun namung f 0,50,- pandhêndhanipun ngantos f1,-.

Manawi wontên bathikan kêcanthol ing gawangan, sanadyan bathikanipun botên risak babarpisan, nanging pun pêngobèng inggih katrapan dhêndha f1,-.

Satunggiling dintên wontên sinjang pangaos f 7,- ical, sadaya pêngobèng cacahipun wontên 20, sami kadhêndha ambayar nyarupiyah. Manawi ingkang ical wau bathikan kasar, pandhêndhanipun nyatêngah rupiyah.

Tindak ingkang makatên punika ugi kaêtrapakên dhatêng satunggiling koki, ingkang suwaunipun ugi dados pêngobèng, nanging jalaran saking kathahing sambutanipun lajêng kadadosakên kuli taunan, sarta dipun pasrahi padamêlan wontên ing dhapur. Koki wau manawi anggorèng kopi ngantos gosong, dipun dhêndha 50 cent; manawi kirang pangatos-atos panyêpêngipun lisah klêntik, dipun dhêndha 30 cent; manawi wontên kêndhurèn, panganggenipun gêndhis ragi kêladuk, pandhêndhanipun 30 cent, wontên daging katêdha ing kucing, 25 cent, wajan kêpancal ing ayam, 25 cent, amêcahakên lodhong f 1,-, gêlas pangombèn 50 cent, piring utawi cangkir f1,- makatên sapiturutipun. Manawi padamêlanipun wontên ing dhapur sampun rampung, koki wau lajêng kêdah ambantu ambathik tanpa mawi bayaran. Nalika bathikanipun piyambak, cacahipun sakawan, ical wontên ing papan pambathikan ngriku, sambutanipun lajêng dipun indhaki f 14,-. Mênggah rêmbagipun ngajêng, koki wau ing dalêm sataunipun nampi epahan f 30,- mawi angsal têdha. Kanthi sapurun-purunipun piyambak pun majikan nyuda blanjane koki wau ngantos dados f 12,-. Nanging arta ingkang f 12,- punika pun koki ugi botên nampi babarpisan, jalaran tansah kapotong ing sambutanipun. Ewasamantên sambutanipun botên suda nanging malah saya wêwah kathah. Kados sampun cêkap samantên kemawon pêthikan kula saking sêrat palapuran wau. Sajatosipun taksih kathah malih lampahan-lampahan ingkang langkung mêmêlas, ingkang tuwuhipun saking tindak siya tuwin sawênang-wênang, nanging samantên kados sampun cêkap. Tujunipun botên sadaya kawontênanipun makatên wau, wontên ugi ingkang pantês ingalêmbana. Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis kabudidayan bathik ing tanah krajan Jawi. Ing ngriki kula inggih namung mêthik punapa ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau, inggih punika makatên:

Tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah. Mênggah tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah, punika kenging dipun wastani sae. Sayêktos andadosakên bingahing manah, dene kawontênanipun tiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik băngsa pribumi, langkung-langkung ing tanah karajan Jawi, sae, langkung sae katimbang pangintênipun tiyang dumuginipun sapriki. Ing bab punapa kemawon ing tanah karajan Jawi punika tumraping gambar tanah Jawi sajak kadosdene papan ingkang pêtêng, lan kaum bêrah Jawi ingkang nyambut damêl tumut bangsanipun piyambak punika dipun anggêp kirang sênêngipun. Ananging karampunganing panitipriksa punika têka sanès sangêt kawontênanipun.

[Grafik]

Para babu bathik ing tanah Karajan Jawi, pating pêtèngtèng, katingal sami sênêng.

Sanadyan epahanipun namung sakêdhik, makatên ugi sanadyan anggènipun nyambut damêl kirang têtêpipun, ewasamantên sajakipun para kaum bêrah wau sami katingal sênêng. Buktinipun: têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan pribumi ing Ngayoja utawi ing Sala, punika saking katêbihan sampun kapirêng têmbanganipun ingkang galik-galik. Wontên ing ngriku têtiyang wau sami sênêng, botên anggadhahi manah èwêd-pakèwêd, tangkêpipun kalihan majikan sami kemawon kalihan kanca-kancanipun piyambak, cêkakipun wontên ing ngriku têtiyang wau sami ngrumaosi kadosdene wontên ing griyanipun piyambak.

Ing kabudidayan-kabudidayan wau asring sok wontên majikanipun ingkang ngawisi têtiyangipun sami nyêrèt utawi main. Majikan sanès malih, ingkang pancèn nêtêpi agaminipun, kados ta siyam ing salêbêtipun wulan Ramêlan, punika sok purun nyukani wêwahan epahan sakêthip ing sadintênipun dhatêng punggawanipun ingkang ugi tumut siyam. Manawi wontên punggawanipun gadhah kaprêluan: upaminipun gadhah damêl, kasripahan lan sapiturutipun, majikan wau purun nyumbang f 2,50,- ngantos f 5,-.

Tiyang ingkang sakit sok dipun sukani jampi kanthi lêlahanan. Dene manawi badhe bakda Sawal, têtiyangipun sok dipun plèlèr sinjang lan sasaminipun. Manawi kadhangkala kathah padamêlan ingkang kêdah rampung, ingkang anjalari têtiyangipun kapêksa

--- 862 ---

kêdah sami nglêmbur, sadaya wau lajêng sami angsal bêbingah (angsal pêrsèn).

Kados kêkathahên saupami kula andharakên sadaya mênggah saening tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah ing tanah karajan Jawi kados ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau. Amila cêkap samantên kemawon.

Jalaran saking punika trajangipun para kaum majikan ing tanah karajan Jawi dhatêng bêrah-bêrahipun wau pantês ingalêmbana saha prayogi sangêt dados tuladan; sabab angèngêti ebah-ebahaning jaman, sadaya-sadaya sami kapengin dhatêng,, Selfhelp", inggih punika rumagang ing damêl piyambak tanpa ngêjibakên pitulunganing liyan, punika sakawitipun kêdah botên anêngênakên balănja utawi pamêdal agêng, watonipun sampun anyêkapi kabêtahanipun kêdah dipun lampahi kalayan sênêng lan santosaning manah, prêlunipun sagêda tumuntên kasêmbadan sêdyanipun. Bilih băngsa kula sampun kathah ingkang sami migatosakên bab lampahing pitulungan makatên wau, têmtu badhe enggal ngundhuh wohipun, miraos katêdha tur anyêgêri badan.

Pun Pênthul.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Candu.

Pêpajênganipun candu suda kathah sangêt. Taun punika rantamaning pêpajênganipun 37 yuta rupiyah, taun ngajêng 24 yuta rupiyah.

Dene pêpajênganipun taun punika ing tanah Jawi saha Madura katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr sawulan-wulanipun suda 200.000 rupiyah, ing tanah sabrang 500.000 rupiyah.

Dhirèktur Pinansiên.

Kawartos, Tuwan C. Van den Bussche, dhirèktur pinansiên, taun ngajêng punika badhe nyuwun pènsiun.

Tuwan Mr. Singgih.

Wiwit tanggal 1 Juli ingkang kapêngkêr Tuwan Mr. Singgih dipun têtêpakên dados Propagandhis, Persatoean Bangsa Indonesia, tumrap Jawi Têngah.

Dhatêng Eropah.

Radèn Adipati Arya Suwănda, bupati ing Pathi, kalihan garwa tuwin putra pambajêng dèrèng dangu punika pangkat dhatêng Eropah, badhe nuwèni putranipun kêkalih ingkang sinau wontên ing ngrika.

Pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan G. Boswinkel, adpisur anlèdhêng pangajaran, katêtêpakên dados guru basa Jawi wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi.

Kumêndhan lesiun Mangkunagaran.

Radèn Mas Arya Bratatanaya, kumêndhan lesiun Mangkunagaran dèrèng dangu punika lèrèh saking kalênggahanipun. Ingkang anggêntosi kangge sawatawis măngsa Tuwan Mayor Jagaprêwita. Tuntunan bataliyun ăngka satunggal kapasrahakên dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Suryasumarna.

Wadhuk Sugihan.

Wadhuk ing Sugihan, Wanagiri, sampun rampung anggènipun anggarap. Dèrèng dangu wadhuk wau kabikak. Ingkang ambikak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara - dipun èstrèni paduka tuwan gupêrnur, utusan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta - tuwin priyantun saha tuwan-tuwan sanès-sanèsipun. Waragad têlas 60.000 rupiyah. Ingkang anggarap Ir. Sarsita. Wadhuk wau kenging kangge ngoncori sabin 600 bau.

Kursus nyêpêng balegriya.

Wiwit tanggal 1 Juli ingkang kapêngkêr ing Surabaya dipun wontêni kursus nyêpêng balegriya tumrap lare èstri wêdalan Mulo utawi H.B.S. Ingkang nglêbêti kathah. Laminipun sinau 1 taun. Ing ngriku dipun wulang ocal-ocal, ngrêksa lare, dondom-dondom, nyulam sapanunggilanipun. Bikakipun sabên dintên Salasa, Kêmis saha Sêtu, wiwit jam 8.15 enjing dumugi jam 12 siyang.

Mulo H.I.K. Mohamadiyah.

Kala tanggal 5 Juli ingkang kapêngkêr Mulo H.I.K. Mohamadiyah ing Surakarta dipun bikak mawi rame-rame sawatawis. Ingkang nglêbêti kathah, wontên ingkang saking Sêlèbês, Borneo, Acèh, Minangkabo, Jawi Têngah, Jawi Kilèn, saha Madura.

Standplaats-toelage badhe dipun suda.

Kawartos Standplaats-toelage-nipun para punggawa nagari badhe dipun suda. Ing Bandhung saha Malang, samangke 5% badhe dipun dadosakên 3%, kathah-kathahipun 15 rupiyah. Ing Bêtawi saha Mèstêr Kornèlis, samangke 8% badhe dipun dadosakên 5%, kathah-kathahipun 25 rupiyah. Ing Suraya[3] têtêp 10%, kathah-kathahipun 50 rupiyah. Dene ing panggenan sanèsipun ing tanah Jawi saha Madura bokmanawi botên dipun suda. Ing Medhan dipun dadosakên 8%, kathah-kathahipun 40 rupiyah. Ing Padhang dipun dadosakên 5%, ing Pordhêkok, Bêngkulên saha Tanjungkarang dipun dadosakên 3%, ing Mênadho dipun dadosakên 8%, ing Ambon, Makasar, Balikpapan, Banjarmasin, Pontianak, Pangkalpinang, Jambi, Palembang saha Lahat têtêp 10%.

--- 863 ---

S.S. ngandhapakên prabeya ngintunakên barang.

Wiwit tanggal 15 Juli ngajêng punika S.S. badhe ngandhapakên prabeya ngintunakên barang, inggih punika saking Cirêbon dhatêng Gombong-Kêbumèn-Kuthaarja-Purwarêja, saha saking Cilacap tuwin palabuhan Cilacap dhatêng Prêmbun-Kuthaarja, Purwarêja.

Dene ingkang angsal sudan prabeya wau: tèh nagari mănca (saking Cirêbon dhatêng Purwakarta, samangke sabên 1000 kilo gram f 24.20, badhe kadadosakên f 11.50), glêpung nagari mănca, ombèn-ombèn sapanunggilanipun (saking Cirêbon dhatêng Purwarêja, samangke sabên 1000 kilo gram f 23.40, badhe kadadosakên f 11.50), barang-barang dagangan sapiturutipun.

Prabeya ngintunakên sêmèn, goni, sèng sapanunggilanipun inggih badhe dipun suda.

Prabeya ngintunakên gêndhis saking Cirêbon dhatêng Krawang (samangke sabên 100 kilogram f 0.95) saha saking Cirêbon dhatêng Cianjur (samangke sabên 100 kilo gram f 1.25) ugi badhe kasuda kathah.

Lotre agêng.

Kawartos, lot-lot lotre agêng (500.000 rupiyah) tandhonipun kantor Escompto ing kitha ingkang agêng-agêng sampun pajêng sadaya. Samangke kantun ngêntosi pawartos saking tanah sabrang saha kitha ingkang alit-alit. Anggènipun anggêbag bokmanawi salêbêtipun wulan punika.

Palabuhan Tanjungpriuk.

Taun punika wiwit wulan Januari dumugi pungkasanipun wulan Juni cacahipun baita ingkang malêbêt ing palabuhan Tanjungpriuk wontên 1270, taun ingkang kapêngkêr wiwit wulan Januari dumugi pungkasanipun wulan Juni 1490, dados sudanipun 220 utawi 14-17 pêrsèn.

Cacahipun punggawa nagari.

Punggawa sipil băngsa Eropah ... 18.000
Punggawa sipil băngsa pribumi ... 100.000
Opsir ... 1400
Undêrlitnan ... 200
Militèr băngsa Eropah ... 7000
Militèr băngsa pribumi ... 31.000
Dene ingkang pènsiunan:
Punggawa sipil băngsa Eropah ... 5000
Punggawa sipil băngsa pribumi ... 4700
Opsir ... 1450
Ondêrlitnan ... 400
Militèr băngsa Eropah ... 18.000
Militèr băngsa pribumi ... 21.000

Kadhigulakên.

Tiyang nama Mohamad Hasaniyah, tilas guru saha mandhor pêkên, jalaran kagalih mutawatosi tumrap tata têntrêmipun ngakathah, kabucal dhatêng Dhigul nginggil.

Dhirèktur Mosvia Magêlang.

Tuwan Mr. J. Visser dhirèktur Mosvia Magêlang, wiwit benjing tanggal 2 Januari 1932 badhe lèrèh saking kalênggahanipun.

Badhe dhatêng nagari Walandi.

Radèn Sugêng, putranipun ingkang bupati ing Jêmbêr, benjing wulan Agustus ngajêng punika badhe dhatêng nagari Walandi, prêlu nglajêngakên sinaunipun. Radèn Sugêng wau wêdalan A.M.S. ing Surakarta.

Sultan Sambas.

Mohamad Ibrahim Saphiudin katêtêpakên dados pangagênging Sambas, ondêr apdhèling Sambas, Singkawang, saha Bêngkayan, apdhèling Singkawang, paresidhenan Borneo sisih kilèn.

H.I.S. enggal ing Sêmarang.

Perserikatan Goeroe-goeroe Hindia Belanda ngadêgakên H.I.S. wontên ing Sêmarang, kala tanggal 5 Juli ingkang kapêngkêr pamulangan wau dipun bikak, mawi rame-rame sawatawis. Tamu kathah.

Asiah.

Sambutanipun praja Jêpan.

Miturut katranganipun dhepartêmèn pinansiên, sambutanipun praja Jêpan ing pungkasanipun wulan Mèi punika wontên 5.971.057.000 Yèn (1 Yèn samangke aosipun kirang langkung f 1.20). Sarêmanipun taunan 291.745.000 Yèn).

Pêrang kadang ing Tiongkok.

Jendral Cang Kai Sèk dèrèng dangu punika sampun kalampahan nêmpuh kaum kuminis ing propinsi Kwangsi, ambêkta prajurit kalih dasa èwu. Para kaum kuminis wau ingkang kathah sami sêsingidan wontên ing parêdèn, panjangipun 100 mil. Mila tumrap prajurit parentah inggih botên gampil anggènipun badhe anggêpuk (dipun dugi kaum kuminis wau cacahipun wontên 250,000,) sami asikêp dêdamêl pêpak.

Bêna agêng ing Tiongkok.

Awit saking kathah jawah, ing sawatawis panggenan ing Tiongkok lèpèn-lèpèn sami ambludak. Mansuri sisih kidul kilèn, kitha Suwipènho (ing kikisipun Tiongkok saha Ruslan), Kiyangsu lèr saha Syantung kidul sami kêbênan. Kathah tiyang ingkang pêjah kablabak utawi kecalan bale griya.

--- 864 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

26.

Unjukira iku bênêr Abdullah, awit saupama ingsun duka marang sira, iku mung atêgês anglairake angkaraning panggalih ingsun. Gêdhene saupama ingsun nganti agawe tiwasira, ingsun iya bakal ora ngukup apa-apa. Awit sihe sang putri kang wis tumiba ing sira, ora bisa owah saka pakartine sapa bae. Dadi saupama ingsun nindakake kawasaning angkaraningsun, bakal saya dinohan ing katêntrêman. Tumraping liyan bokmanawa isih ana pangira maido marang unjukira, nanging tumrape ingsun, ngandêl lan pitaya marang unjukira. Nanging Abdullah, ingsun darbe pamundhut marang sira, ing sarèhne sira wus nêmu kabêgjan sadhuwuring ratu, saiki sira lungaa saka kene. Anggon ingsun darbe pamundhut mangkono mau, murih bisa nyirnakake ucap kang ora bêcik tumraping panjênêngan ingsun. Ingsun mêmuji muga sira kasambadanana kang dadi sêdyanira.

Kawula nuwun inggih sandika, mugi wontên kamirahaning panggalih dalêm, kawula kaparêngakên ngusap pada dalêm, punika ingkang badhe damêl wiyana kawula.

Abdullah lajêng kaparêngakên majêng ngabêkti sampeyan nata, ajêngipun alampah dhodhok alon. Nalika Abdullah ngabêkti, sang prabu tansah mandêng kanthi rênaning panggalih, saha ngandika alon: slamêt.

Abdullah lajêng mundur saking ngarsa nata, mripatipun kaca-kaca, dening bêbêg rumaos karoban sihipun nata ing Bagêdad.

Saunduripun, Abdullah senapati nata kêpêksa mitêrang kaparêng nata, unjukipun: kawula nuwun, kaparêng nata kadospundi, dene Abdullah lajêng kaparêngakên luwar makatên.

Sang prabu: Mara sira munjuka ing sabênêre, apa kang andadèkake kurang panarimanira.

Senapati: Kawula nuwun, kawula botên pisan-pisan amaoni kaparêng dalêm nata angluwari pun Abdullah, punika sampun nama wajibing nata ngapuntên dhatêng tiyang dosa, nanging tumraping kawula kathah, ingkang nyumêrêpi dosanipun, Abdullah ngambah kaputrèn, punapadene lajêng sagêd nyêpêng, punika sami ngrumaosi isin saha nalăngsa sangêt.

Yèn prakara lêganing ati, iku yèn diênut mêsthi ora ana uwis-uwise, awit anggone arêp golèk pamarêm, ora bakal katêkan, salawase mung tansah ngămbra-ămbra ora ana uwis-uwise, dening tumindake tansah kêmoran angkaraning ati. Kayadene lêlakon ingsun dhewe, manawa ingsun turuti, kaya-kaya marêm samăngsa ingsun wis gawe tiwase Si Abdullah. Nanging apa iya têmênan mangkono, pangiraningsun ora, awit saupama Si Abdullah wis ora ana, mêsthi ana sabab-sabab kang nusuli, kang saya agawe urube panggalih ingsun. Beda yèn wus ingsun punggêl samene, ilanging kamelikan, atêgês katêntrêmaning panggalih ingsun. Iku padha pikirên kang dawa, lan sira ngèlingana, Abdullah iku ora ana alane mungguhing panjênêngan ingsun, wah kêdunungan ati tatag, kêndêl, tanggon ing paprangan. Ajaa anglakoni panggawe kang kaya mangkono, mêsthi ingsun ngapura. Dadi anggone ingsun tundhung, atêgês tămpa paukuman kang luwih abot. Malah saka kaparêng ingsun, ingsun arsa budhalan kondur tumuli. Sira dhawuha tata-tata.

Dhawuh pangandika nata sadaya wau, sagêd angèndêlakên sawarnining rêraosan, wusana lajêng bibaran.

XII Kabranang ing manah

Senapati Bagêdad misuwur dados senapati linangkung, kenging dipun wastani kaluhuraning praja Bagêdad jalaran saking sang senapati. Sang senapati sampun rambah-rambah anggêbag praja, sagêd nêlukakên para nata ingkang nêdya ambalela ing ratunipun, sadaya sami rampung dening sang senapati piyambak. Saking misuwuripun sang senapati, ngantos karan senapati alap-alap. Wontênipun ngantos dipun jêjuluki senapati alap-alap, dening tandangipun sang senapati wontên ing paprangan cikat tarampil, manawi ngulahakên dêdamêl kados thathit, sakêdhepan sampun adamêl pêpêjah.

Wêwatêkanipun sang senapati punika brangasan sangêt, botên kenging mambêt tantang, manawi sampun gadhah kêkêncêngan, botên kenging dipun êlukakên. Dhasar sêmbada, botên ajrih dhabêng[4] baya pakèwêd, awrating mêngsah dipun bobot ènthèng.

Jalaran saking ambêgipun ingkang kados makatên wau, andadosakên ajrihing para punggawa. Samăngsa sang senapati duka, malah sawêg dhèhèm kemawon, sampun adamêl andharêdhêgipun ingkang mirêngakên. Nanging sagêdhagan punika, sang senapati ngrumaosi apês, manah tansah kacuwan dening pamênggaking ratunipun. Ingkang makatên wau tumrapipun sang senapati ngrumaosi manggih cobi awrat, mila tansah gêrêng-gêrêng kemawon.

Saunduripun saking ngarsa nata, sang senapati katingal pêtêng polatanipun, adamêl mirisipun para punggawa, saha sami mangrêtos, bilih sang senapati Wina nawung panggalihan wigatos. (Badhe kasambêtan)

--- 175 ---

Nomêr 30 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Bingung Momong Anak

[Mijil]

Wayah esuk ana swara muni | sapi kang ambêngoh | nganti bablas adoh suwarane | kaya dadi tăndha angundangi | yèn ing wayah kuwi | sapi dingon mêtu ||

ora suwe wong angon anggilir | mlaku alon-alon | ngumbar kewan ana pangonane | rajakaya awor dadi siji | ayêm anggayêmi | sukêt lêdhung-lêdhung ||

sapi-sapi kang isih nusoni | manggone ngarompol | ora pisah lan pêdhèt-pêdhète | yèn caraa uwong ngatarani | bangêt gone asih | nyang anake mau ||

ana sapi anak-anak cilik | anake kêmroyok | mêtu papat palăngka ulêse | yèn disawang padha mêrak ati | sok ajondhil-jondhil | malayu barubut ||

sauwise ketog anggayêmi | nyêdhak bokne nyrondhol | lèrèn nusu ing sakapenake | banjur ana sing nyarondhol gênti | pêdhèt solan-salin | kaya gênti ngrêbut ||

dhèk samana sênêng biyung sapi | ngrasa gone momong | anak papat padha aring kabèh | tansah nyawang karo anggayêmi | yèn adoh sathithik | dicêluki sêru ||

wis watake duwe anak cilik | galake sok ketok | yèn kêsliring sabab apa bae | banjur pasang sungu mrayitnani | yèn nyêdhaka mêsthi | kalakon disrudug ||

saupama uwong yakne muni | mulang ora pêdhot | he anakku kowe kuwi kabèh | aja nakal pijêr jondhil-jondhil [jo...]

--- 176 ---

[...ndhil-jondhil] | mundhak dipanasi | tăngga-tăngga iku ||

narimaa cêcêdhakan bêcik | aku tansah momong | padha bae sukêt kana-kene | aja nyahak têba adoh kuwi | awit sok marahi | dadi kliru surup ||

karo manèh kowe isih cilik | yèn nganti kalakon | disawiyah ing liyan mêsthine | aku iki kêpêksa mrinani | pakolèhe dadi | padu adu sungu ||

wis ta ayo angadoh sathithik | aja grombol-grombol | galo akèh bocah nakal kae | anak sapi wis umur rong sasi | yèn kowe nyêdhaki | mundhak digêguyu ||

ora suwe sapi nuli nisih | nyingkir rada adoh | anglumuhi nyang tangga-tanggane | rumêksa nyang slamête cah cilik | kabèh padha aring | padha playon nutug ||

kala-kala biyung ora lali | andilati alon | nyang pêdhète nganti rata kabèh | yèn uwonga padhane ngrêsiki | murih bisa kalis | rêgêd blêthok blêdug ||

samangsane wis wayah anggiring | ana swara thor-thor | dadi tăndha ngundangi kabèhe | iya iku wong kang angon sapi | nuli anggiringi | barêngan gumrudug ||

sapi-sapi kang padha digiring | padha ngrêti pakon | yèn wis wayah kaya mulih dhewe | nuli mlêbu kandhang dipacêli | nutug ing sawêngi | manggon kandhang brukut ||

tumrap sapi kang nak-anak cilik | ora beda kêlon | sêdhèt-pêdhèt[5] disandhing cêdhake | ora kêndhat pijêr didilati | kaya ngisik-isik | nglela-lela ledhung ||

kaya ngono tinêmuning sapi | anggone angêmong | bangêt ngeman mênyang ing anake | saya manèh tumrape wong mêsthi | saya angluwihi | gone ngênul-ênul ||

kang mangkono padhaa ngèlingi | bocah-bocah anom | wong tuwamu bangêt pangemane | salawase mung agawe bêcik | yèn kosumurupi | bêcik kang tinêmu ||

Ambêg Wêlas Asih

Bocah ambêk wêlasan kuwi, kajaba saka dhasar, bisa uga jalaran saka kulina nindakake. Kosokbaline bocah ambêk siya, jalarane uga mangkono.

Ana bocah ambêk wêlasan, jênênge Diman. Kagawa saka wêwatêkane sing kaya ngono mau, yèn ana apa bae sing sipat nyawa, sabên ketok kasangsaran, iya banjur ditulungi, kaya ta wêruh kinjêng kêcêmplung banyu, banjur diêntasake.

Sawiji dina, Diman nuju dolan, wêruh ana bocah rubung karo padha rame alok-alok, sing diêlokake mau manuk gêlathik gumandhul ana ngêpanging uwit, isih katutan bolah ing gulune. Diman ngrêti yèn manuk mau ucul saka pangundhan sabolahe, banjur têmangsang ana ngêpang.

Diman pitakon: manuk kuwi padha arêp kokapakake: ta. Aja kosawati, yèn kêna rak mati.

Ana bocah sing mangsuli, kowe prêduli apa: ta, wong sing duwe wis olèh.

--- 177 ---

Diman: Apa kowe ora wêlas, manuk gulune wis kêjirêt ngono, isih kosawati. Apa kiramu manuk kuwi ora ngrasakake lara, saya yèn kêna kosawat, bisa dadi patine.

Bocah: Wong manuk bae kowêlasi, mati bok ya bèn.

Diman: Ora, sing duwe sapa: ta, aku arêp takon.

Ana bocah nyauri: aku, ana apa ta. Wong niyat wis tak wèhke sapa sing bisa anjupuk. Manuk mau wiwite tak undha, banjur mrucut katut sabolahe, têmangsang ana kono. Sukur gumandhul sisan.

Diman: Yèn pancèn dimelikake, bok dipènèk, aja disawati ngono. Wis, tak pèke bae: ya.

Sing duwe: iya sakarêpmu, yèn kowe bisa anjupuk, aku gêlêm nêbus sakêthip.

Diman: Yèn wis padha lila, mêngko tak pènèke.

Diman banjur mènèk wit gêdhe, pamènèke rêkasa, nanging suwe-suwe iya bisa têkan ing dhuwur. Panggonane pancèn rêkasa, bolahe anggubêt pang cilik. Wis dadi watake Diman, yèn gêlêm têtulung, lali mênyang kasamaran, pamènèke nganti têkan ing pang yèn diênciki nganti mêntiyung, akèh sing padha ngêlokake. Suwe-suwe bisa ngranggèh bolah kanthi niyungake pang cilik, glathik banjur kêna diuculi saka jirêtan, digawa mudhun.

Satêkaning ngisor dirubung bocah akèh, ana sing gêlêm arêp anggêntèni, malah sing duwe dhewe banjur ngulungi dhuwit sakêthip, karo anjaluk manuke.

Diman mênêng bae, suwe-suwe calathu: tinimbang aku nampani dhuwit sing bakal anjalari dadi sangsara. Wis ênya padha sawangên.

Sawise muni mangkono, Diman banjur ngêculake glathik: bur. Glathik mabur anggêblas, barêng wis adoh muni thik, thik, thik, kaya awèh panarima mênyang sing nulungi.

Bocah liyane padha andomblong. Nanging padha ngrêti mênyang ambêge wêlasan Si Diman.

Gêmi Dadi

Pak Suta duwe anak lanang, umur pitung taun, jênênge Sutiya, wis disêkolahake, kêgolong bocah pintêr, isih cilik wis bisa ngetung têkan atusan.

Sanadyan wong desa, Pak Suta kuwi bisa mulang bocah, dene pamulange, anake diajari gêmi. Sabên esuk, Sutiya sadurunge mangkat, dikon sarapan dhisik. Sawiji dina bapakne kăndha mangkene: yèn esuk sarapana dhisik: ta, wêtênge dadi ora pêrih, lan ora anggrangsang, mundhak kapengin apa-apa. Karo manèh jajanan kuwi sok anglarani wêtêng. Kowe [Ko...]

--- 178 ---

[...we] aja sok jajan: lo.

Sutiya: kula botên jajan kok, Pak.

Bapakne: Na iya, yèn duwe dhuwit dicèlèngi. Ênya, sabên esuk kowe tak balănja rong sèn, nanging cèlèngana.

Sutiya: Inggih Pak.

Sutiya sawise nampani dhuwit rong sèn saka bapakne, banjur mangkat, nanging mampir ngomah dhisik, kêtêmu êmbokne, sawise katêmu êmbokne, sutiya ngacungake dhuwit rong sèn karo muni: bok, kula titip arta kalih sèn, sampeyan simpêni.

Êmbokne: Iya, iya, kene tak simpênane.

Sutiya sawise mangkat, bok Suta kêtêmu sing lanang takon mangkene: pakne, kathik anakmu kosangoni dhuwit barang.

Sing lanang: Bèn, ta, tak kon nyèlèngi kok.

Êmbokne: Ênya ta, dhuwite cèlèngana, mau diwèhake aku. Pak suta banjur nampani dhuwit rong sèn, dikanthongi.

Esuke nalika Sutiya arêp mangkat sêkolah kêtêmu bapakne, anjaluk balănja, diulungi dhuwit rong sèn, iya dhuwit dhèk wingi kae. Sutiya sawise nampani dhuwit, iya banjur dititipake êmbokne, êmbokne masrahake mênyang sing lanang, esuke disangokake Sutiya manèh. Salawase mung ubêngan mangkono bae.

Sawiji dina, Sutiya kêtêmu êmbokne, kăndha mangkene: êmbok, arta kula yèn êmpun ngalêmpak, ajêng kula tumbasake jas, kangge benjing inggah-inggahan, saniki petang kula êmpun angsal kalih rupiyah, yèn kalih dintên niki, dados ontên kalih rupiyah kalih sèn. Êngga niki sing kalih sèn.

Saungkure Sutiya, bok Suta kêtêmu sing lanang ngulungake dhuwit rong sèn karo takon: dhuwite anakmu wis ana pira pakne.

Sing lanang: Dhuwit apa.

Sing wedok: Ya dhuwit sing tak titipake sabên dina kae.

Sing lanang: Wa, aku ora eling, salawase ya mung tak liyêrake bae, sing tak sangokake lan sing tak tampani saka kowe, dhuwite iya dhuwit iki bae.

Sing wedok: Aja sêmbrana kowe, anakmu kăndha, dhuwite jare wis rong rupiyah, arêp ditukokake jas. Wujudna: lo. Aja gawe gêlaning bocah.

Pak Suta bangêt bungahe, anake bisa dadi gêmi têmênan. Barêng wis cêdhak unggah-unggahan, Pak Suta mujudake dhuwit sèn, miturut cacah pangetunge Sutiya, barêng dietung ana saringgit luwih. Sutiya dituduhi bungah bangêt, kalakon bisa tuku jas kaya sing dikapengini. Barêng unggah-unggahan diênggo, akèh kancane sing padha ngruruhi. Sutiya kăndha yèn dhuwit sing dianggo tuku asli saka anggone nyèlèngi.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


mrayogèkakên. (kembali)
têntrêmipun. (kembali)
Surabaya. (kembali)
dhatêng. (kembali)
pêdhèt-pêdhèt. (kembali)