Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-22, #633

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-22, #633. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-22, #633. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 67, 7 Rabingulakir Taun Je 1862, 22 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1029] ---

Ôngka 67, 7 Rabingulakir Je 1862, 22 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Surabaya

[Grafik]

Kantor gupêrnur enggal ing Jawi Wetan, Surabaya.

--- 1030 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lumêbêtipun dhatêng bêstir sêkul ing Batawi

II.

Garèng: Wèh, Truk, kowe kuwi pancèn iya wong ora urus têmênan, ana lagi satêngahe angrêmbug prakara anjalimêt bangêt, têka banjur mak pêt kêlapêt ora muncul-muncul manèh, nèk tak unèkna wong ambêlaur, kaya-kaya openan bangêt, tandhane: nèk lumaku bae, ora ana têgêsan srutu mênilah sing kliwatan ora ditutur. Nèk tak unèkna wong kang ora ngrêti nyang wajib, kaya-kaya iya ora, buktine: sabên dina ora tau lali anggone tansah nangguh mangan nyang tôngga tanggane, gênti-gênti nganti kêmput.

[Grafik]

Petruk: Hla kuwi nèk Kang Garèng, nèk wis sawiyah-wiyah nyang wong sok ora nganggo dianggit barang dhisik, mung anggêre mêtu bae: cêplas-cêplus, ptêhêt, cithit, tanpa nganggo dipikir, yèn unine mau agawe wirang Bisma. lumrah-lumrahe wong, yèn sadulure ginanjar lara nganti nyawane arêp nyuwun pamit, kuwi rak banjur tilik prêlu ngaruhake. Nèk Kang Garèng kuwi gêlême tilik iya mung arêp ambrêgadag panganan sadhiyane sing lara.

Garèng: Wayah, kok banjur ngundhat-undhat wong sing isih nang jaban kubur. Ora, Truk, ayo saiki padha dibanjurake rêmbugane lagi anu ing bab pranatane priyayi pangrèh praja yèn arêp lumêbu bêstir sêkul. Lo, kuwi ing jaman saiki jarene sêmang nganggo dièksamên barang. Gumunku kuwi apa iya ora mêsakake, ingatase anggone ora candhuk lawung karo bangsaku sêkolahan wis lawas, apa wulangane dhèk biyèn-biyèn wis ora lali kabèh. Wong tak têpakake nyang awakku dhewe, nalikane cilik anggonku sinau iya mêmpêng bangêt, ilmu bumi, ilmu alam, ilmu pamisah, wah kabèh anjajah cêkake, apa manèh nyang ilmu etung, wah, hla kuwi kapintêranaku mêmêt bangêt. Nanging barêng aku wis tuwa kiyi, kapintêranaku nyang etung kuwi mung yèn anglabasi, pira pambayarane mungsuhku nyang aku iya cak-cêk bisa nyandhak bae, nanging yèn dilabasi, pikiranaku banjur bingung sanalika.

Petruk: Yah, nèk kaya ngono kuwi rak kêna diarani kapintêran anggon-anggonane wong dêlap, têgêse: nèk kanggo kauntungane [kauntunga...]

--- 1031 ---

[...ne] dhewe, kapintêrane banjur: pral pril mêtu bae, nanging nèk bakal agawe karugiane awake, banjur rada aras-arasên, wèh, iya ngèlmune wong curang kuwi jênêngane. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane, anggone priyayi arêp lumêbu nyang bêstir sêkul nganggo dianani èksamên barang dhisik, kuwi mungguhing aku gêdhe bangêt gunane, yaiku: kajaba cikbèn bisa olèh murid sing kênthingan-kênthingan têmênan, uga agawe ngêjokake supaya para priyayi kuwi padha krêsaa anjêmbarake utawa ngundhakake kawruhe. Sabab tumrape jaman saiki kiyi, nèk ana priyayi sing kapintêrane cupêt, ibarate ora wêruh lor kidul, pancèn iya ngisin-isini bangêt. Kaya ta: aku kêrêp bae mrangguli priyayi sing ora ngrêti yèn kantor Bale Pustaka kuwi kagungane guprêmèn, malah ana sing angguyokake manèh, yaiku: saupama kantor Bale Pustaka mau dipadhakake karo toko pan dhorêp, lo kuwi iya ana èmpêre, sabab karo-karone padha adol buku, balik kantor Bale Pustaka kathik dipadhakake karo toko ... inuman utawa dhaharan, buktine wis tau kalakon ana priyayi bêstèl sapêthi ... susu cap nonah. Hara, apa iya ora kêbangêtên kuwi arane. Conto manèh, lo ingatase priyayi kok ana, sing barêng ngrungu wong padha rêmbugan bab prakara Gandhi, yaiku panuntun Indhu sing kasuwur ing jagad, banjur pitakon: Gogok apa ora. Hara, kok banjur diarani lagi padha ngrêmbug bab kêndhi.

Garèng: Wayah, nèk kaya unimu kuwi iya rada kêbangêtên. Nèk ana priyayi sok kurang bangêt kawruhe kuwi pancèn iya nyata, nanging kapriye manèh. Wong iya wis nyambut gawe, apa dikon kêtêkukan sinau rupa-rupa manèh, mêsthine iya wis ora kêconggah, kajaba wis ora kobêr babarpisan, têmtune iya ora kêconggah dhuwite sing kanggo tuku buku-buku warna-warna pirantine kanggo sinau mau.

Petruk: Bab ora kobêr. Lo, kiyi kok prasasat dadi kêmbang lambene sabên uwong. Lawas ora tilik-tilik nyang sanak sadulure, jarene: botên kobêr, ora tau nglayangi nyang wong tuwane, jarene: botên kobêr, dalasan pagaweane dhewe tledhor bae, jarene iya sabab botên kobêr. Nanging yèn mulih saka nyambut gawe banjur turu, tangi turu lêbar wedangan kalintong-kalintong turut Pacinan lan mênyang alun-alun, sabên sore nonton gambar idhup Sêtambul, wayang wong utawa nglurug pèi, iya kobêr bae. Sanyatane sabên irung iya ora tau ana kobêr-kobêre, nèk pancèn ora niyat dianakake. Tumrap panggawe kang prêlu, kuwi sanadyan pancèn têmênan ora ana kobêre, iya kudu dikobêr-kobêrake. Kayadene tumraping priyayi, anjêmbarake sarta ngundhakake kawruhe, kuwi rak kalêbu panggawe sing prêlu, mulane sanadyan wêktune cumpèn, iya kudu dikobêr-kobêrake, sanadyan sadinane mung sajam pisan, iya kudu ngudi nyang undhaking kawruhe. Mungguh unimu yèn [yè...]

--- 1032 ---

[...n] dhuwite mêsthi ora kêconggah kanggo nukoni buku-buku pirantine kanggo ngundhakake kawruh mau, lo, kuwi iya wis mêsthi bae yèn mangkono lakune. Saiki rak ana dalane liya sing murah tur gampang, lan manawa kowe tlatèn bae, undhaking kawruhmu mêsthi bisa sahohah têmênan, iya iku sarana lêngganan koran utawa kalawarti, awit iku sing akèh-akèh isine sok rênês têmênan, nèk anggone maca tlatèn bae, kawruh lan kapintêrane iya bisa mundhak têmênan. Aja kok langganan koran mung kanggo pêpaesan lan gagah-gagahan bae, buktine: aku kêrêp bae mêndhaki koran têtumpukan ana ing meja panulisane sawijining priyayi, kang padha durung ucul sakabane, nèk rupa klambi utawa jarit, disimpên bae iya ana gunane, iya iku bisa awèt, balik koran, apa ditumpuk-tumpuk mung kanggo nyadhiyani ... tukang botol, alias tukang prombengan.

Garèng: Wiyah, hla kuwi nèk Petruk, omongane le sok ora mèmpêr mêngkono, ana priyayi kathik didakwa sok mrombèngake koran. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene dhisik, ora wurung omongane mêngko iya ambalura bae. Liya dina bae padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun barisaning saradhadhu bôngsa Pêrancis nalikanipun wontên tèntunsêtèlêng ing Paris.

--- 1033 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Turun

Tumraping sato kewan, tiyang sagêd amastani, upami sawung sae, wontên ingkang turunipun inggih dados sae, punapa malih bab ulês, malah saya cêtha sangêt, ayam wido, adhakan anggadhahi turun wido.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, dados mênggahing tiyang kintên-kintên ugi makatên, upami tiyang pintêr, ugi badhe wontên turunipun ingkang pintêr, tiyang bagus, badhe gadhah turun bagus, têgêsipun botên mêsthi.

Ing ngriku têtela pinanggih ing turun ingkang ngiribi kalihan kawontênanipun ingkang nurunakên punika, cêthanipun pinanggih saking pamawasing liyan, tumraping liyan sagêd amastani kanthi cêtha têtela.

Mênggahing wujud, tumraping para ahli sagêd nyumêrêpi dhatêng satunggal-satunggalipun bôngsa, dene tumrapipun bôngsa Indhonesiah, sagêdipun ambedakakên wau namung saking pakulinan kalihan bôngsa ingkang sampun dipun sumêrêpi, awis ingkang mêndhêt saking pêpathokan kawruh, gampilanipun namung mêndhêt saking pakulitan. Dene ing bab beda-bedaning warni punika, manawi dipun andharakên badhe panjang sangêt, awit satunggal-satunggaling bôngsa punika mèh gadhah wônda piyambak-piyambak.

Ing sapunika prayogi ngrêmbag ing bab wujuding tiyang ingkang nunggil turun kemawon, inggih punika ingkang taksih gêgayutan warga, punika pinanggihipun inggih sok irib-iriban. Kados ta sadhèrèk, punika sanadyan dêdêg pangadêg tuwin pakulitanipun botên sami, nanging cangkoronganing warni sok mirib, tarkadhang malah plêg. Ingkang minôngka pasèksan, mriksanana gambar ing karangan punika, ing ngriku wontên gambaripun tiyang sawêlas sami sadhèrèk tuwin bapa. Mirid wujuding gambar wau sanadyan nyatanipun beda, nanging cangkoronganipun katingal sami. Sarèhning sadaya wau nama sadhèrèk, inggih mèmpêr kemawon.

Sayêktosipun warni ingkang mirib punika ugi sok pinanggih ing kulawarga ingkang sampun têbih, upaminipun misan mindhoan, tuwin salajêngipun, punika sanadyan aluranipun saking pancêr sampun têbih, sok taksih asring kêdunungan wangun sami. Malah tumraping warga ingkang kaprênah sêpuh, sok sagêd nyariyosakên, turun wau wontên ingkang katitipan wujud utawi lageyan ingkang ngiribi kalihan êmbah-êmbahipun, nandhakakên manawi turun punika tansah nabêti.

Malah tumraping ujar gugon tuhon, tiyang ingkang pinasthi dados jodho punika tiyang ingkang warninipun mirib. Sayêktosipun warni ingkang kados makatên punika inggih ragi anggumunakên, awit tiyang ingkang jêjodhoan wau nyatanipun sampun sanès akrap. Dados mênggahing raos kados anunggil warga.

Bab turun wau nalika taksih cêlak, tamtunipun bab wêwatêkanipun punapa inggih taksih irib-iriban, [irib-i...]

--- 1034 ---

[...riban,] nanging dangu-dangu sarêng sampun saya têbih, tamtunipun inggih lajêng saya botên mirib. Malah dangu-dangu lajêng sagêd nuwuhakên wêwatêkan ingkang kadayan kalihan nagari ingkang dipun ênggèni, wontên ingkang tuwuh brangasan, wontên ingkang lêmbah manah, wontên ingkang ngrèngkèl, tuwin sanès-sanèsipun. Dados wêwatêkanipun sadaya wau kabêkta saking nagari.

[Grafik]

Gambaripun Tuwan Clack ing Blackheath nagari Inggris dalah anakipun sawêlas.

Kawontênan ingkang kados makatên punika pancèn inggih sok anggumunakên, kados ta ing satunggaling nagari ingkang tiyangipun sampun misuwur brangasan, punika kêrêp sangêt tuwuh parapabên ingkang lajêng ngawontênakên rajatatu tur tuwuhipun namung gampil. Kados ta wontên satunggiling tiyang dhatêng pêkên, wontên ing ngriku sumêrêp tiyang sade dhuwung, lajêng nêmbung badhe dipun tumbas, dhuwung dipun unus. Ing ngriku kasarêngan wontên tiyang ingkang ngadêg sacêlakipun tiyang ingkang ngunus dhuwung. Tiyang ingkang ngunus dhuwung pitakèn: punanapa[1] dhuwung punika sae. Tiyang ingkang dipun pitakèni mangsuli: botên sae. Tiyang ingkang pitakèn wau sarêng dipun wangsuli kados makatên, dhuwung lajêng dipun sudukakên, wêkasan dados prakawis. Kados makatên pinanggihipun tiyang brangasan.

Sapunika tumrap ingkang watêkan lêmbah manah, sajakipun punapa-punapa sarwa alon, sanadyan nindakna prakawis kasêsa pisan, inggih dipun tindakakên kados rarasing tiyang nyêkar agêng, dados inggih ngulêrkambang.

Dene tumrap ingkang ngrèngkèl, adhakanipun inggih namung nuwuhakên pasulayan ginêm, gêla manawi botên nyulayani, upami wontên tiyang sanès mastani tèh Sêmar punika eca. Nanging mênggah pun ngrèngkèl, sanadyan nyatanipun tèh Sêmar wau dados pakarêmanipun piyambak, inggih mêksa mangsuli mawi nanging.

Tamtu kemawon pêcahing wêwatêkan ingkang pinanggih kados makatên punika, sanadyan namung kabêkta saking dayaning nagari ingkang dipun dunungi, raosipun lajêng kados sanèn[2] bôngsa, lajêng sami gadhah wêwatêkan piyambak-piyambak.

Nanging manawi ngèngêti têmbung turun, têgêsipun tunggil ingkang mancêri, raos ingkang sampun ngômbra-ômbra wau, kados inggih sagêd nunggil malih, têgêsipun lajêng manjing dados kabangsan.

Ha.

--- 1035 ---

Nagari dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak Manawi Lakirabi

Sadèrèngipun anyariyosakên bab lakirabi cara Dhayak, kula badhe mratelakakên sawatawis, ingkang ragi prêlu kasumêrêpan ing para maos ingkang dèrèng mangrêtos, kados ngandhap punika:

[Grafik]

Tiyang jalêr bôngsa Dhayak mangangge cara asli.

Kala rumiyin tiyang Dhayak punika wartosipun taksih cawêtan, ingkang kadamêl cawêt klikaning kajêng. Dene sapunikanipun sampun sami mangangge. Panganggènipun ingkang jalêr: jas clana tipis, dados kadosdene panganggènipun bôngsa Tionghwa utawi tiyang Malayu. Dene ingkang èstri sadaya racak sami ngangge sarung cêmêng (wulung) namung dumugi nginggil cêngklok. Dene wiyaripun namung srêg saagênging pupu, ngandhap lajêng dipun dondomi, dados inggih sampun nama barukut. Sarta ngangge sabuk pênjatos, sakilan wiyaripun, tiyang ngriku mastani: kumbo. Ngangge kalung salaka kasêling ing tosan, ngangge kêlat bau, sarta kuluk pênjatos.

Dene caranipun manawi rabi namung makatên kemawon: upami jêjaka Dhayak nama A anggadhahi sir dhatêng prawan Dhayak nama B, pun A wau lajêng ngadhang dhatêngipun B wontên ing margi, pêkên utawi sanès-sanèsipun.

Manawi sampun pinanggih, jaka A wau lajêng pitakèn, manawi kalugokakên cara Dhayak makatên: Sandho ngimuk surut gikik. Jawinipun: gêndhuk apa gêlêm dak trêsnani salawase. Manawi purun lajêng mangsuli: Ngituh. Têgêsipun purun. Manawi sampun tampi wangsulan makatên jêjaka wau lajêng nyukani sata sasusuran. Sanalika ngriku manawi pun B mantuk, pun A ngêtut wingking, ngantos dumugi ing griyanipun pun B, sarta lajêng manggihi tiyang sêpuhipun B, wicantênipun cara Jawinipun makatên: Kula nuwun bapak sakalihan, mênggah wigatosing pisowan kula mriki: ingkang sapisan ngaturakên kalêpatan, ingkang kaping kalih saking takdiring dewa putra sampeyan pun B pinasthi dados jodho kula, ingkang punika mugi andadosna kauningan.

Manawi tiyang sêpuhipun B jalêr èstri sami rujuk sadaya, lajêng mangsuli: Saka kamurahaning dewa, jodhone anahku[3] pinindha golèk kancana kang bisa ngucap dhewe. Iya kulup, aja dadi walangati [walang...]

--- 1036 ---

[...ati] padha nutugna sih-sinihan ing salawase.

Tiyang sêpuhipun wau lajêng undang-undang tangganipun, 2-5 utawi sasênêngipun kemawon (manut kacêkapaning tiyang ingkang ngundang), lajêng kaajak nêdha sêsarêngan, kalihan angêpyakakên, bilih pun B sapunika sampun dados jodhonipun A, namung makatên kemawon sampun cêkap.

[Grafik]

Têtiyang Dhayak sakulawarganipun jalêr èstri ingkang sampun sêsrawungan kalihan bôngsa mônca, sami mangangge kados panganggènipun bôngsa mônca, nanging ingkang èstri taksih kamoran pangangge cara Dhayak.

Dene manawi tiyang sêpuhipun kêkalih botên condhong dhatêng calon mantu, sasampunipun mirêngakên atur kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, punika sakêcap botên mangsuli, nanging lajêng mênyat sêsarêngan, prêlu mêndhêt mangkok kalih iji, sami dipun isèni latu, kapandêng wontên sangajênging jêjaka. Manawi kalampahan kados makatên, jêjaka wau lajêng rumaos bilih katampik, wusana klepat kesah tanpa pamitan.

Kocapa larenipun èstri manawi sumêrêp pacanganipun botên katampèn, lajêng ngundhamana dhatêng tiyang sêpuhipun kêkalih, pamitan kalihan lumajêng, nututi jêjaka ingkang sampun kesah, kalihan anguwuh-uwuh: Kakang aku êntènana. Jêjaka lajêng kèndêl, sasampunipun pêpanggihan lajêng tangis-tangisan, kalihan ginêman kangge pracihna tôndha trêsna.

Kêkalihipun lajêng kudhung slendhang kesah dhatêng griyanipun jêjaka wau. Sadumuginipun ing griyanipun jêjaka, tiyang sêpuhipun kêkalih lajêng gurawalan mêdal angrangkul kêkalihipun ingkang sawêg dhatêng, sasampunipun satata linggih, saha ginêman sawatawis, lajêng ngundang mitra karuhipun, kaajak nêdha sanalika ngriku kemawon.

Namung samantên punika andharan kula bab tatacaranipun tiyang Dhayak manawi gêgriya. Manawi wontên sêling-sêrêpipun bab andharan punika mugi para nupiksa ngêgungna samodra pangaksama.

Tiyang wanan, A.b.h. Indramayu.

--- 1037 ---

Raos Jawi

Pêthikan saking Sêrat Anggitanipun Radèn Mas Tumênggung Sumanagara, Bupati Pangrèh Praja Sragèn.

Nyariyosakên kawontênan wiwit jam satêngah nêm sontên dumugi jam satêngah nêm enjing.

[Sinom]

Taru-taru tumaruna / rumêmbe ngrêmbaka wilis / tinon samya lêbda jiwa / kapraban ing bagaspati / wanci mèh tunggang ardi / ijoning ron riyu-riyu / lir cahyèng kasucian / kang araras milangoni / maya-maya wèh daya asrêping netra //

kawarnaa kang mangripta / lagyeca ngisis nèng jawi / rêna miyat ing ngawiyat / kèh layangan warni-warni / panjêran atanapi / sêsangkutan samya ngadu / landhêping kang gêlasan / ingulur maputêr oling / lêng-ulêngan pindha kupu têtarungan //

pêdhoting bênang sinurak / wurahan swarèng raryalit / layanganira kang mênang / mêre nganan mingêr ngering / lir paksi manambêri / esthanya sumbar ngênguwuh / payo sapa kang nglawan / ngêdu jaya wijayanti / singa kurang landhêp yakti tatas kentas //

kepyan sinapih hyang surya / arsa sumilêm ing tasik / surêm soroting raditya / mabang nora balêrêngi / winulat kadyangganing / netra nêdhêng nandhang rapuh / puwara tan katingal / silêm pêtêng anglimputi / tan pantara padhang dening kasunaran //

sêsênêning kang sasôngka / sru kumênyar anartani / saênganing pramudita / menak kang sarwa dumadi / antuk hawaning ratri / lir êntyarsèng tyas winantu / wuryaning wintang-wintang / narawung sumirat kadi / rêbut praba wèh rêngganing antariksa //

ana sawijining lintang / cilik tansah kêlap-kêlip / kadi kêkêjèping netra / kang karênan anon maring / raras rêsmining langit / sawênèh ana kadulu / lintang linggar alihan / mung sapangu datan têbih / lir anabêt têtapakira katara //

sêmuning kaananira / kumênyut tumanêm ati / lir mêmengin lêlampahan / kang salami anabêti / ala kalawan bêcik / anggung cumithak ing kalbu / mêmèngêt môngsakala / dene lintang bimasakti / katon cêtha ngragancang anggamêng pindha //

gambaring Sang Arya Sena / sampeyanira sasisih / kadya sinarap ing naga / galak gêng kagiri-giri / suprandene tan wingwrin / sirahing sarpa jinêngku / asta kering anyandhak / kang kanan kêkiwul mamrih / amarjaya kinuwêk ing pôncanaka //

saplak lawan kang jinarwa / jroning Sêrat Dewaruci / duk ing nguni Arya Sena / mituhu ujaring wangsit / saking guru Sang Rêsi / Sokalima kinèn ngruruh / doning tirta prawita / nèng têlênging jalanidhi / sruning sêdya katêkan sakarsanira //

kapanggih Hyang Rucidewa / nulya winêjang jatining / sangkan paraning ngagêsang / tekading Sang Bayusiwi / dènnya mantêp sawiji / pantês tinulad satuhu / saniskarèng parasdya / kudu mantêp tan gumingsir / bêbasane sapa têmên tinêmênan //

têmên marang kautaman / yèn mantêp tinêmu yêkti / kadya Arya Bratasena / sinêbut satriya luwih / jamaning purwa nguni / mung Bima ingkang pinunjul / kawruhe kasampurnan / nyata sampurna sayêkti / yèku bisa jumênêng pribadinira //

nahan gantya kawuwusa / wusnya tabuh astha wanci / kang ngripta tumamèng wisma / duk samana amarêngi / praptaning yaga ringgit / pagongan ingkang jinujug / nulya wiwit pathêtan / laras lima pelog [pelo...]

--- 1038 ---

[...g] muni / gêndhing Kombangmara swara rum wilêtan //

êngêsing kang Kombangmara / rasane lir narapati / lagya lênggah sinewaka / tidhêm madya kang anangkil / muka konjêm ing siti / sadaya amarikêlu / suwuking Kombangmara / tan pantara munya malih / maksih laras lima gêndhing Côndranata //

êngêsing kang Côndranata / rasane upama janmi / gung aluhur dêdêgira / gagah sarigak netrandik / suwuk pathêt nêm muni / laras slendro gêndhingipun / Karawitan upama / janma budine ngarawit / kalorehan yèn ta cinôndra sadaya //

[Grafik]

sawusnya pathêt nêm gantya / pathêt sanga ingkang muni / wusana pathêt manyura / jangkêp sakawan prakawis / lêngkêp ganêping gêndhing / kadi peranganing napsu / uga patang prakara / nora dupara rasaning / gêndhing gôngsa mulêg têtêlênging nala //

madya ratri wancinira / bubaran kang yaga ringgit / kang ngripta tandya tumama / mring pasuptan arsa guling / kalisikan tan bangkit / kêgagas rasaning dêmung / êngêsing swara karya / mèngêt lintang bimasakti / anglês lèlèh lilih berawaning driya //

apan laju ngekapada / mangsah amêsu sêmadi / nyirêp tumangkaring karsa / nuhoni ênêng lan êning / kang ngèlingi kalingling / wênganing rasa tumlawung / lir layaping supêna / tan krasa lês nuli guling / gagat bangun pungun-pungun wungu nendra //

tandya mendra saking wisma / mangu kapirangu dening / pêtênging pêpêdhut enjang / karasèng angga matistis / baya mangkene iki / wong kênèng ampuhan gunung / ujare ampak-ampak / pêtênge dhêdhêt nglimputi / kang mangripta laju wau lampahira //

turut marga gung kewala / umyang swaraning kang paksi / srigunting mencok anèng pang / angocèh èsthanya kadi / mungu wong maksih guling / kang lembon aywa kapatuh / sikatan ngêcêk munya / cingcinggoling lir mandholin / êmprit gantil muni prit-prit kapiyarsa //

kadi sambating wanudya / pêgat-pêgat mèsmu tangis / katuwone raganingwang / nglakoni kinèwèr nglaki / dangu datan nuwèni / ywan pinaran nulya rêngu / lamun pinintan layang / mung minggu tanpa mangsuli / kêsêling tyas luwung mungkurkên katrêsnan // (Badhe kasambêtan)

S.W.

--- 1039 ---

Ngrêmbag Bab Buku

Bausastra Jawi - Purwadarmintan

Atur kula kala Sêtu kapêngkêr, bilih diapit (ing sêrat Bausastra: ngapit) ingkang têgêsipun kula aturakên nyambut saking têmbung diapit-apit, punika têmbung diapit, ingkang atêgês ditandhingi tikêl, kados ingkang kapratelakakên wontên ing sêrat Bausastra wau, dados botên têmbung diapit, utawi ngapit, ingkang têgês sawantahipun.

Atur kula ingkang sampun sampun, punika namung amratelakakên cacadipun, wondene kajêng kula, sapisan supados dipun uningani ing akathah, dipun èngêti manawi ambikak sêrat Bausastra wau. Kaping kalih manawi dipun condhongi, supados dipun pèngêti dhatêng ingkang angimpun benjing manawi sampun dumugi wancinipun angêcap malih. Tumrap dhatêng paedah utawi pigunanipun sêrat Bausastra wau, cacadan-cacadan wau botên anjalari kirang utawi suda, pangalêmbana kula dhatêng pigunanipun, botên kula cêlêt, kenginga makatên malah badhe kula ping kalihi. Awit sanajan dèrèng nama sampurna, pancèn inggih sampun kenging sayêktos kaangge madosi têgêsipun têmbung-têmbung, kenging kaangge ancêr-ancêr anyuraos kajêngipun ukara ingkang wontên têmbungipun ingkang angèl-angèl ingkang kawrat ing sêrat-sêrat ingkang ragi kina utawi ingkang kina, dados sanajan dèrèng ngêplêki sayêktos, Bausastra Purwadarmintan wau, kenging kaanggêp dados sasulihipun sêrat Bausastra Jawi ingkang tumran[4] bôngsa Walandi, inggih punika Bausastra Roorda sarta Juynboll. Mila inggih agêng kapitajêngan kula, bilih manawi sami kaudi, sêrat Bausastra wau saya dangu saya mindhak paedahipun, botên namung kenging kaangge ancêr-ancêr nyumêrêpi têgêsipun têmbung utawi tatêmbungan kemawon, nanging inggih kenging kaangge wêwaton amatitisakên suraos utawi trapipun.

Manawi sêrat Bausastra wau kalampahan sagêd sumêbar, sagêd dados papan pitakènipun tiyang ingkang rêmên maos, têmbung-têmbung ingkang sapunikanipun namung awujud suwara galondhangan, badhe kasumêrêpan isi tuwin kanggenipun, satêmah botên namung badhe amêwahi sasêrêpan kemawon, nanging ugi badhe anjalari indhaking srana ingkang sami kaangge lung tinampèn gagasan. Dados tumrap kamajêngan, sêrat Bausastra wau inggih agêng paedahipun.

Namung wontên emanipun saprakawis, inggih punika pun rêgi, sanajan botên kenging kawastanan awis, nanging rarêgèn f 4, (manawi wontên ing toko buku malah f 5,) punika tumrap bôngsa kula Jawi ingkang kathah-kathah bokmanawi taksih nama kêkathahên. Ingkang makatên wau gêgayutan kalihan pangajêng-ajêng kula murih sumêbaripun, kula piyambak rumaos eman.

--- 1040 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Gunanipun wontên pakêmpalan jurnalis.

Ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika sami rame anyariyosakên adêgipun pakêmpalaning para jurnalis pribumi, ingkang dipun namakakên: "Perserikatan Kaum Journalist". Tumrap umum, adêgipun pakêmpalan wau pantês sangêt ingaosan, murih sêrat kabar punika saèstu mathuk angsal sêsêbutan: "De Koningin der Aarde", ingkang atêgês: "Ratuning Dunya".

Sêrat kabar asring sok dipun wastani "Ratuning Dunya", punika pancèn inggih wontên èmpêripun. Jalaran manawi: têmên, botên ilon-ilonên, adil, botên doyan dhatêng rêruba lan sasaminipun, ngantos suwaranipun pantês dipun gêga ing tiyang kathah, nama kasbut nginggil inggih pancèn mathuk sayêktos. Amila kadhangkala sêrat kabar punika inggih sok sagêd agêng panguwasanipun prasasat mèh nyamèni kalihan panguwasaning ratu.

Nanging tumrap sawênèhing sêrat kabar, botên ngêmungakên sêrat kabar ngriki kemawon, sanadyan sêrat-sêrat kabar ing Europa tuwin ing Amerika, malah ing saindênging jagad pisan ugi makatên, sêsêbutan "Ratuning Dunya" wau botên mèmpêr babar pisan, nanging pancènipun malah kêdah angsal sêsêbutan sanès malih. Amrih têrangipun kados ingriki prêlu dipun sukani andharan sawatawis. Inggih punika makatên:

Para maos têmtunipun sampun sami anguningani sadaya, bilih gêsanging sêrat kabar punika 1e gumantung saking sêtyaning para lênggananipun, têgêsipun: para lêngganan kêdah sêtya anggènipun nêtêpi kuwajibanipun, inggih punika pêmbayaranipun arta lêngganan. Sampun kok: maos "dengan senang hati" nanging sarêng dipun kintuni wissel tagihan, namung dipun pringakên kemawon. 2e gumantung dhatêng kathahing pariwara (advertentie). Saya kathah pariwaranipun, saya lêma sêrat kabaripun, lan 3e sampun têmtu ugi gumantung saking kawêgiganipun para jurnalis, ingkang sami ngêmudhèni sêrat kabar.

Jalaran wontênipun wêwaton tigang prakawis wau, amila tumrap sêrat kabar sok angèl sangêt anggènipun badhe nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" punika. Sabab saking ingkang makatên, sêrat-sêrat kabar sok lajêng kapêksa ngawontênakên pranatan warni-warni, kados ta: tumraping para lêngganan. Ingriku sok dipun wontêni pranatan, upaminipun: lêngganan ingkang wontên ing tanggal 15 wulan kapisanan ing wiwitanipun kwartaal enggal dèrèng ambayar arta lênggananipun, punika dipun wêdalakên saking anggènipun dados lêngganan. Pranatan ingkang makatên wau, botên jalaran saking anggènipun kirang pitados dhatêng para lêngganan, nanging badhe angrêksa sampun ngantos ngrisakakên lampahing administratie utawi anjagi supados pakaryan wau sagêda widada adêgipun.

2e. Gêsanging sêrat kabar gumantung saking kathahing pariwara, punika pancèn inggih lêrês. Jalaran pamacaking pariwara punika waragadipun pancèn inggih kathah sangêt. Amila sok kêrêp kemawon kalampahan, bilih pariwara punika sok sagêd andayani dhatêng isining sêrat kabar, ingkang anjalari sêrat kabaripun sok lajêng botên sagêd nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" wau. Upaminipun kados ingkang mêntas kalampahan dèrèng dangu punika.

[Grafik]

Tuan Saerun hoofdredacteur "Siang Po" ing Bêtawi ingkang katêtêpakên dados pangarsa "Perserikatan Kaum Journalist."

Kados sampun limrah bilih ing sêrat kabar punika sok amacak pariwaranipun gambar idhup. Makatên ugi salah satunggiling sêrat kabar ing nagari Walandi. Ing sêrat kabar wau sabên dintênipun asring sok nyadhiyani papan kangge adamêl wawasan kawontênanipun gambar-gambar ingkang kapitontonakên ing griya gambar idhup. Dene anggènipun adamêl wawasan kêrêp sangêt sok botên anocogi kalihan para ingkang sami anggadhahi gambar idhup. Jalaran saking punika para ingkang sami gadhah gambar idhup lajêng sami angancam, bilih badhe nyopot anggènipun nglêbêtakên pariwara wontên ing sêrat kabaripun, manawi [ma...]

--- 1041 ---

[...nawi] botên dipun kèndêli anggènipun damêl wawasan ingkang badhe adamêl karugianipun. Ancaman ingkang makatên wau saupami dipun lajêngakên, kadadosanipun namung wontên warni kalih, inggih punika: manawi sêrat kabar wau badhe nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" têmtunipun inggih botên amrêduli dhatêng ancaman ingkang makatên punika, saha anglajêngakên anggènipun adamêl wawasan kawontênipun film-film gambar idhup. Nanging wusananipun sêrat kabar wau têmtu badhe nandhang kapitunan pintên-pintên èwu rupiyah, jalaran mêdaling pariwara gambar idhup wau. Kosokwangsulipun manawi sêrat kabar wau sungkan rugi, têgêsipun: sêrat kabar wau "cinta" sangêt dhatêng "fulus", têmtunipun dhatêng para eigenaar gambar idup ingkang ngancam wau inggih lajêng mêndhêg-mêndhêg saha umatur makatên: "Sêndika Kangmas". Manawi samantên watakipun sêrat kabar, mênggah pamanggih kula inggih botên pantês manawi sêrat kabar wau lajêng dipun sukani sêsêbutan "Ratuning Dunya", nanging sêsêbutan ingkang mathuk sangêt, inggih punika: "Planyahaning Dunya". Awit ingriku lajêng têtêp namung anyawang dhatêng arta kemawon, dados sêrat kabar ingkang makatên punika mathukipun inggih manawi dipun trapi paribasan Bêtawi ingkang ungêlipun makatên: "Ada uwang abang saya, tidak ada uwang abang payah".

[Grafik]

Para jurnalis bangsa Indonesia saha Jurnalis Tiong Hwa nalika sami kêmpal kêmbul bujana.

Ingriki botên prêlu kula lajêngakên mênggah karampunganing pasulayanipun para ingkang gadhah gambar idhup kalihan sêrat kabar kasbut nginggil, kados sampun cêkap katêrangakên, bilih sêrat kabar punika, manawi botên kalêrêsan, sok ugi lajêng sagêd angsal sêsêbutan: "Planyahaning Dunya".

Tuladan malih. Satunggiling bangsawan utawi kumidi sêtambul, gampilipun tukang kumidi A upaminipun, amanggihi salah satunggilipun redacteur sêrat kabar (pêpanggihanipun têmtu "cuma dengan mata ampat dan tau sama tau"). Ing wusana ing sêrat kabar wau lajêng ngêwrat pangalêmbana dhatêng kumidi A ngantos pintên-pintên kolom panjangipun, thik pangalêmbananipun punika ragi kêladukên sangêt. Lo, ingkang makatên punika sagêd ugi bilih sêrat kabar wau sampun anggadhahi watak: ada uwang abang saya, ... Mangga, ing sarèhning sampun têtela amangeran sangêt dhatêng arta, ngantos supe dhatêng: kaprawiran, katêmênan, lan kaadilanipun, punapa botên mathuk saupami sêrat kabar wau lajêng dipun sukani sêsêbutan "Planyahaning Dunya"?

3e. Gêsanging sêrat kabar gumantung saking kawêgiganipun para redacteur. Bab punika botên prêlu kacariyosakên kanthi panjang, para maos têmtunipun sampun sami mangrêtos sadaya.

Jalaran wontênipun sadaya ingkang kasêrat inginggil punika, sok lajêng wontên tuwuh pitakenan makatên: "Sêrat kabar punika punapa kenging dipun pitados?" Lo, anèhipun, kathah-kathahing tiyang têka sami amangsuli: "botên".

Para jurnalis ingkang maos obrolan kula punika, sampun guru-guru duka sarta lajêng ngacungi kêpêl dhatêng kula, dumèh ingriki nyariyosakên bilih sêrat kabar punika botên kenging dipun pitados, kadar punika namung pamanggihipun redacteur cecrekan, milanipun kala wontên congrès jurnalis inggih botên angsal ulêman, dados inggih botên prêlu kagalih panjang.

Mênggahing kula sêrat kabar punika, wajibipun namung kêdah dipun waos, awit sagêd anjalari jêmbaring kawruhipun, nanging botên kenging lan botên prêlu kêdah dipun pitados. Jalaran ingkang anggarap sêrat kabar punika ngêmungakên manusa blaka. Dados ing sarèhning nama manusa inggih sagêd

--- 1042 ---

kalèntu lan lêpat. Ing mangka sêrat-sêrat kabar ingkang mawi tatanan enggal, punika anggèning ngêwrat kabaran warni-warni sangêt, sarta panyambutdamêlipun sarwa kasêsa lan enggal-enggal, langkung malih punggawanipun asring sok kirang. Jalaran saking punika sampun têmtu kemawon, bilih panyambutdamêlipun sok lajêng kirang pangatos-atosipun. Kula pitados, bilih kajêngipun sêrat-sêrat kabar punika inggih badhe nyambutdamêl kanthi satêmên-têmênipun lan saadil-adilipun, ananging ing sarèhning kathah prakawis-prakawis ingkang sami nganèh-anèhi, amila lajêng kapêksa sêrat-sêrat kabar sami botên kenging dipun pitados. Kados ta: pakabaran ingkang katampi sabên dintên, punika ingkang kathah para punggawanipun sêrat kabar sami botên nêksèni piyambak. Ing sarèhning botên anêksèni piyambak, lêpat lêrêsing pakabaran rak inggih botên sagêd nêmtokakên, dados inggih lajêng namung kêdah pitados dhatêng ingkang suka kabaran alias pun correspondent.

Manawi adamêl wawasan utawi andharan sok kirang jangkêpipun. Kados ta upaminipun makatên:

Redacteur adamêl wawasan kawontênanipun ing pasar-gambir, ingkang tiyangipun maèwu-èwu cacahipun saha ingkang saklangkung rame dening kathahing têtumpakan mawarni-wani, ingkang sami nuju dhatêng pasar-gambir wau. Ing wusana dumadakan lajêng wontên tiyang kalih utawi tiga ingkang sami nandhang kasangsaran jalaran kêtubruk ing motor. Salajêngipun pun redacteur ingkang dipun sêrat namung bab awoning panjagèn pulisi, dene ngantos wontên bêbaya makatên, sarta lajêng nguman-uman dhatêng tledhoring pulisi wau.

Mangga, andharan ingkang makatên punika rak nama botên jangkêp, jalaran ingkang dipun sêbut-sêbut namung wontênipun kasangsaran kemawon, nanging kathahing tiyang ingkang sami wilujêng ngantos pintên-pintên èwu sabab saking pangrêsaning pulisi botên dipun èmbèt babar pisan, lan taksih kathah malih tuladan-tuladan ingkang ambuktèkakên kiranging jangkêpipun andharan ing sêrat-sêrat kabar wau.

Minangka mungkasi obrolan kula punika, ingajêng kula matur, bilih wontênipun pakêmpalaning para jurnalis pancèn ingaosan, awit têmtunipun para jurnalis wau lajêng badhe ambudidaya sagêda saya angatos-atos dhatêng tindak ingkang badhe ngasorakên drajadipun, ingkang wusananipun sagêd dados jalaran sayêktos sêrat kabaripun wau têtêp angsal sêsêbutan "Ratuning Dunya".

Makatên mênggah pangajêng-ajêngipun pun PÊNTHUL.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab têtiyang ingkang badhe dhatêng Mêsir.

Kangge panyêgah murih sampun adamêl piduwung ing wingking dhatêng para mudha ingkang nglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir, parentah adamêl sêbaran kaparingakên dhatêng para pangagêng nagari, ingkang suraosipun:

Miturut pranatan enggal, konsul jendral Inggris botên kenging maringi sêrat palilah tiyang dhatêng Mêsir, ing sadèrèngipun angsal palilah dening ministêr jajahan ing Mêsir.

Sêrat palilah wau dèrèng kaparingakên, ing sadèrèngipun wontên sêrat katrangan:

1. Sêrat katrangan absah, bilih tiyangipun dèrèng nate nglampahi ukum kunjara.

2. Katrangan ing bab saening kalakuan.

3. Ing salêbêtipun wontên Mêsir gadhah arta nyêkapi, ingkang kakintunakên lumantar wêwakil karajan Walandi ing Mêsir.

4. Katrangan saking tiyang ingkang gadhah têtanggêlan, têtêping manggènipun ing Mêsir tumut sintên, lan punapa sababipun milih sinau dhatêng Mêsir.

Sêrat-sêrat wau pangintunipun dhatêng Mêsir lumantar parampara babagan prakawis tiyang siti. Kajawi punika, tumrap ingkang gêgayutan kalihan pamulangan luhur sanèsipun, kêdah tampi katrangan saking dhirèktur pamulangan, ing bab katampèn anggènipun sêkolah.

Pakêmpalan panyêgah tiyang sês (nyêrèt).

Dumuginipun sapunika kawontênanipun tiyang sês ingkang dipun udi pêdhotipun, ingkang katindakakên ing griya sakit Cikini, Batawi 230, ing griya sakit Yang Sèng I Batawi 74, C.B.Z. Batawi 48, griya sakit sèndhêng Bayuasih, Purwakêrta 23, sami tiyang asli saking Batawi, tuwin ing griya sakit sèndhêng ing Bandhung 46, ugi tiyang asli saking Batawi, gunggung sadaya 421. Tiyang samantên wau ingkang 138 botên kadugi nglajêngakên mêdhot. Pakêmpalan panyêgah tiyang sês, sampun mitulungi tiyang 200 ingkang mêntas dipun upakara wontên ing griya sakit, salêbêtipun kalih wulan. Tiyang samantên wau

--- 1043 ---

ingkang nglajêngakên mêdhot wontên 75%. Pakêmpalan panyêgah wau, benjing wulan Oktobêr badhe pakêmpalan ing pintên-pintên panggenan, prêlu badhe sêsorah.

Sadhiyan kajêng obong.

Awit saking kaparêngipun parentah, ing sapunika nyadhiyani pasitèn wiyar kadadosakên wana malih, prêlu badhe kangge nyadhiyani kajêng obong têtiyang ing Batawi. Pasitèn wau tilas siti partikêlir antawisipun margi saking Batawi dhatêng Bogor.

Kantor pangêcapan gupêrmèn.

Mirid palapuran saking kantor pangêcapan gupêrmèn ing taun 1930, kawontênaning padamêlan langkung majêng, ngantos kathah padamêlan ingkang kapasrahakên dhatêng pangêcapan partikêlir. Tumrap padamêlan ingkang gêgayutan kalihan polêksêtèlêng, migunakakên sêtrum èlèktris 177.401 kilowat, gas 56.490 mètêr kubuk, golongan cap-capan gamabar nêlansakên[5] kajêng 25 ton. Gunggunging punggawa ing taun 1930 wontên tiyang 667, ngêdalakên cap-capan 11.459 gagrag warni-warni, buku 306. Wontêning golongan padagangan wontên f 1.962.329.50, ing taun 1929 wontên f 1.860.711.50. Bêbathèn Javasche Courant f 41.899.24, rêsikipun pinanggih f 310.251.98.

Kabudidayan Jêpan ing tanah wetan.

Kabudidayan Jêpan ing tanah wetan nama Tosan Cultuur Mij, ing tanah wetan, sanadyan ing môngsa mandêking, mêksa nglajêngakên ambikak siti jêmbaripun 6000 hektarê, kaperang dados kalih, Ajamu lèr tuwin Ajamu kidul, badhe dipun tanêmi klapa Aprikah. Ing sapunika migunakakên kuli 100 kangge anggarap siti.

Lotre enggal malih.

Kawrat kêkancingan saking dhirèktur pangrèh praja tanggal 7 Agustus, marêngakên ngawontênakên lotre malih f 500.000.-, nama Bataviaasch-Internaat.

Sudan residhèn.

Gêgayutan kalihan ewah-ewahan priyantun bôngsa Eropah, ingkang badhe tumindak benjing wulan Oktobêr 1931 punika, gunggunging residhèn ingkang sapunika 35 badhe kakantunakên 19. Nanging usulipun komisaris parentah, ingkang 6 apdhèling badhe kalêstantunakên, dados namung badhe suda 10.

Kasusahaning rakyat.

Miturut buku-buku pèngêtanipun para lanbao konsulèn sawatawis, mratelakakên: rêgining tèh ing Cikajang, Garut, mandhap malih, amargi kabudidayan tèh botên numbasi. Ing bab rêkaosing pados arta pinanggihing laladan Tasikmalayah sisih kidul, tumindaking kabêtahan ngantos urup-urupan. Tiyang nyambut rêkaos sagêdipun nyaur, punapa malih paos. Ing bawah Cirêbon kathah sabin ingkang katrajang tikus.

Gledhahan arta palsu ing Surakarta.

Pulisi ing Surakarta tampi tilpun saking Magêlang, martosakên bilih mêntas nyêpêng têtiyang damêl arta palsu, têtiyang ingkang kacêpêng wau bôngsa Walandi, Tionghwa tuwin tiyang siti, wontên ingkang ngakên gadhah kônca malih ing Surakarta. Bab punika pulisi ing Surakarta lajêng tumindak galedhah, nanging dèrèng angsal damêl.

Bupati Bandhung enggal.

Ing kabupatèn Bandhung mêntas wontên parêpatan Tuwan Kuneman, residhèn Priyangan têngah, paring sumêrêp, bilih Radèn Hasan Sumadipraja, patih ingkang ngrangkêp padamêlan Bupati Bandhung, katêtêpakên dados bupati ing Bandhung.

Tuwan Gathot Mangkupraja angsal sudan ukuman.

Tuwan Gathot Mangkupraja, ingkang nglampahi paukuman kalih taun wontên ing pakunjaran Sukamiskin, jalaran prakawis P.N.I. sarèhning salêbêtipun wontên ing paukuman sae kalakuanipun, sapunika pinaringan sudan dening ingkang wajib 1½ wulan. Kintên-kintên salêbêtipun wulan Nopèmbêr sampun luwar.

Asiah.

Kintunan sutra saking Tiongkok.

Syanghai 14 Agustus (Indo-Pacific). Kintunan sutra saking Syanghai ing salêbêtipun minggu kapêngkêr wontên 403 bal. Peranganipun kakintunakên dhatêng Eropah 96 bal, dhatêng Asiah tuwin Aprikah 226 bal, dhatêng Amekah[6] 81 bal.

Bêna ing Hanko nuwuhakên sabab warni-warni.

Syanghai 14 Agustus (Indo-Pacific). Kitha Hanko kêlêban toya sadaya, cèthèk-cèthèking toya wontên gangsal kaki. Kathah tiyang ingkang tiwas, mayitipun sami kèli, amor prabot griya ingkang sami larut, têtiyang ing ngriku sami kêkirangan têdha, sêsakit kolerah tuwuh ing gangsal wêlas dhistrik, kathah tiyang ingkang tiwas. Sasampunipun makatên tuwuh kadurjanan, para pulisi tuwin militèr tumandang ing damêl.

Eropah

Pambikakipun papilyun Walandi ing Paris.

Parijs 18 Agustus (Aneta-Nipa). Nalika pambikakipun papilyun Walandi ing Paris, sanadyan nuju jawah, kathah ingkang sami anjênêngi. Ingkang mêdhar sabda paduka Tuwan Fock lajêng paduka ministêr Beelaerts van Blokland.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3152 ing Cisêru. Karangan panjênêngan sampun katampèn, eman dene lucon ing karangan wau sampun kêlimrah sangêt, mila botên kapacak.

--- 1044 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

37.

Mungguhing wawasan ingsun, sira iku kadunungan titik kang kaya mangkono. Manawa têmên-têmên sira bisa nindakake karahayonira bakal tinêmu ing sabacute. Abdullah, sira ngèlingana marang pangandikaningsun kabèh, kang karêpe darbe pangeman marang sira, lan atêgês ingsun bangêt rêna nguningani gawenira. Wis, Abdullah, sira mundura, tilika wong tuwanira.

Abdullah lajêng mundur saking ngarsa nata kanthi nyangking pêdhang kasenapatèn.

XV. Pinanggih tiyang sêpuh ingkang wêkasan.

Unduripun senapati Abdullah saking ngarsa nata sampun têngah dalu, ngambah ing môngsa pêtêngan lêbêt, padhangipun ing dalu namung lamat-lamat dening kasorotan lintang ingkang abyor ing langit. Lampahipun senapati enggal tuna dungkap, dening mêntas ngambah ing papan padhang, nanging dangu-dangu inggih lajêng katingal cêtha, botên adamêl kasamaraning lampah.

Salêbêtipun lumampah, senapati Abdullah tansah nolah-nolèh nyawang pakuwoning ratunipun, ing ngriku taksih katingal padhang pating glêbyar, nandhakakên bilih ing sapêngkêripun, ing pakuwon taksih kathah tiyang ingkang dèrèng tilêm. Kumênyuting manahipun sang senapati tansah tumanêm, saking ngèngêti bilih papan padhang ingkang taksih katingal punika papan ingkang andhatêngakên kamulyan, rinaos botên beda kados papan kalairanipun. Tuwuhing cipta ingkang kados makatên punika adamêl mandhêg-manguning lampah, araos kados ngambah papan kasamaran, nanging punapa ingkang andadosakên kasamaranipun, sang senapati piyambak botên mangrêtos, namung kala-kala anarik napas landhung, atêgês ngêlar sêsêging dhadha.

Sabawanipun ing dalu botên wontên malih kajawi namung pangêcêking walang tuwin jangkrik, kala-kala kamirêngan sabawaning pêksi mabur ingkang saba dalu, swaranipun dumêling kados sêsambatipun tiyang susah. Ing ngriku sang senapati saya karaos ing manah, anganggêp sabawa ingkang kados makatên punika sasmita awon.

Sanadyan lampahipun senapati Abdullah punika wontên salêbêting kitha, nanging araos kados ngambah nagari suwung, tuwin rumaos anggènipun lumampah angalangut tanpa wasana. Pancèn nyata raosing manah susah punika ing salaminipun namung damêl pêpêtêng.

Ngantos dangu lampahipun senapati Abdullah botên dumugi-dumugi ing purug, ngantos kalair mungêl: Athik anèh têmên, lakuku iki kaya wong bingung, êndi dalan sing tak ambah arasa ngêlangut ora ana jêdhug-jêdhuge. Parmaning Pangeran, pêpêtêng ing dalu wau piniyak dening jumêdhuling rêmbulan ing tanggal sêpuh, padhangipun araos kados cahyaning tiyang kalêson, saha ing ngriku sinambêtan kaluruking ayam têmbean, kados ambagèkakên pangungaking rêmbulan anggagat bangun. Senapati Abdullah nyarêngi wicantên piyambak: Êlo, wis jago kluruk.

Ing sapunika senapati Abdullah sampun botên kasamaran malih, lajêng lumampah nuju dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, sakêdhap-sakêdhap tansah ngusapi rai ingkang kêtêlêsan êbun.

Sadumugining panggenanipun ki sudagar, katingal nyênyêt. Senapati Abdullah lajêng malêbêt ing palataran kemawon, wusana dipun papagakên sabawanipun tiyang nyapa: Sintên niku.

Senapati Abdullah mirêng têmbung panyapa wau botên kagèt, malah lajêng murugi saha ngiling-ilingi, wusana cêtha, tiyang ingkang nyapa wau rencangipun kyai sudagar ingkang sampun dipun kulinani, saha tiyang wau inggih botên pandung, lajêng wicantên: O, lurah, kula botên ngintên manawi panjênêngan rawuh. Panjênêngan tansah dipun ajêng-ajêng kalihan kyai, malah kala wau dalu ngantos kawêdal pangandikanipun: Apa aku bakal ora wêruh Abdullah manèh.

Sanalika manahipun senapati Abdullah tumratab, saha lajêng pitakèn: Genea kyai têka bangêt-bangêt anggone ngarêp-arêp aku.

Rencang: O, lurah, kyai sudagar gêrah, sampun sawatawis dintên punika katingal rêkaos.

Senapati Abdullah botên mangsuli malih, lajêng lumampah kalihan ngawe dhatêng rencang wau, atêgês kapurih ngatêrakên.

Dhêg-dhêganing manahipun senapati Abdullah kala punika atêgês kasamaran, awit mangrêtos bilih dhatêngipun punika badhe adamêl kagèting manahipun tiyang sêpuh. Nanging raosing manah ingkang kados makatên punika botên kalèntu, awit sarêng senapati Abdullah sadumugining papan patilêmanipun kyai sudagar, ing ngriku katingal nyênyêt, namung kêmirêngan sênggruk-sênggrukipun tiyang nangis. Inggih punika tangisipun tiyang ingkang sami nênggani kyai sudagar. Senapati Abdullah botên sarônta lajêng mara nungkêmi sukunipun kyai sudagar, ingkang kala punika kyai sudagar sawêg anglênggêr tanpa ngucap. (Badhe kasambêtan)

--- 181 ---

Nomêr 46 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Katrêsnaning Bapa Biyung

Nuwun, kula ngaturakên dongengan kados ing ngandhap punika:

Griyanipun bapa kula punika wontên ing dhusun, sadaya gêdhèg dêling, ingkang kaprênah singgêtan ugi dêling (patangaring) tur sampun wontên ingkang risak. Pinggiraning patangaring ingkang nginggil wontên dêlingipun galêndhêngan, ingkang ngandhap namung dipun bolongi kangge nlusupakên jênêng (adêg-adêg). Sampun sawatawis dintên ing salêbêting dêling galêndhêngan ingkang nginggil kamirêngan suwantêning cindhil tikus pating criyit, saha êmbokipun katingal wira-wiri pados têdha.

Anuju satunggiling dintên kula wawêg[7] dhatêng, mantuk saking padamêlan sumêrêp adhi-adhi kula sami pating gadêbug ningali sawêr kayu ingkang sawêg tarung kalihan tikus ingkang gadhah anak punika. Awit punika sawêr badhe môngsa cindhilipun, utawi manawi kenging inggih êmbokipun pisan, nanging pun tikus tansah prayitna, manawi badhe dipun têlorong, lajêng mlajêng, mundur, têrus wangsul kalihan jalalatan, wongsal-wangsul wau ngantos dangu. Kirang sakêdhik pun tikus mèh dados mangsan, jalaran congoripun sampun dipun caplok sawêr, nanging lajêng dipun sêndhal sarosanipun, wusana pun sawêr ucul panyakotipun. Pun sawêr tansah tlolar-tlolor pados margi dhatêng panggenan cindhil, dangu-dangu sumêrêp marginipun lajêng sirahipun katalusupakên dhatêng panggenan cindhil badhe dipun môngsa. Bapakipun ingkang sampun nêpsu sangêt lajêng murugi panggenan sawêr. Sawêr dèrèng sagêd nyaplok cindhil sampun dipun cakot githokipun, sarêng kraos sakit sangêt lajêng anggronjal badhe nyaut pun tikus ingkang nyakot, nanging tikusipun endha, sawêr kasêron anggènipun anggronjal, wusana dhawah dhatêng siti, badhe minggah malih sampun rêkaos, tikusipun lajêng mlêbêt, anak-anakipun dipun boyongi ngalih sanès panggenan, pambêktanipun satunggal-satunggal dipun cakoti githokipun.

Wasana tutuping atur kula dadosa pêpèngêt dhatêng kula lare sadaya, samantên mênggahing trêsnanipun tiyang sêpuh dhumatêng anakipun, botên giris dhatêng bêbaya ingkang badhe dhumawah, inggih dipun têmpuh. Dados manawi makatên sampun dados wajibipun kula lare sadaya sami ajrih dhatêng tiyang sêpuh, minôngka dados pamalêsing katrêsnan.

Kula pun Sadi - Sumbêrlawang.

--- 182 ---

Pangemane Wong Tuwa Mênyang Anak

Jamane saiki tumrape wong tuwa kang duwe ati samaran, pancèn iya kurang kapenak, kaya ta yèn mêruhi carane bocah saiki anggone dhêmên nunggang sêpedhah, wah, nyang ati mung gawe kêtir thok.

Nanging kosokbaline bocahe, pikiran samar mau wis ora duwe babarpisan.

[Grafik]

Ana bocah nêmbung anjaluk sêpedhah mênyang êmbokne, têmbung: Bok, aku kapengin sêpedhah, tukokna ta, bok.

Êmbokne: Kowe kuwi isih cilik, yèn nunggang sêpedhah durung duwe duga-duga. Aja-aja.

Anake: Gene bocah sing cilike ngungkuli aku ya wis nunggang sêpedhah.

Êmbokne: Apa kowe wis wani nunggang sêpedhah têmênan, ta.

Anake: Gene aku yèn nunggangi sêpedhane kancaku wis têkan ngêndi-êndi.

Êmbokne krungu wangsulan ngono mau kagèt bangêt, banjur sêdhakêp karo gèdhèg-gèdhèg lan muni: Lailah, dadi kowe wis têkan ngêndi-êndi.

Sarèhning anake mau bangêt ing panjaluke lan uga prêlu kanggo sêkolah, iya banjur ditukokake.

Wis watake bocah, pancèn iya kurang duga-duga, barêng duwe sêpedhah, paribasane saksat kaya omah ana sadhuwuring sêpedhah. Suwe-suwe saka bangêting sayah, nganti andadèkake lara.

Barêng wis kalakon kaya ngono, êmbokne banjur mituturi: Aku ora nglarang anggonmu nunggang sêpedhah, nanging ya sing nganggo duga-duga, aja mung ngêthingkring ana sêpedhah bae, lan yèn malaku ana dalan sing ngati-ati, aja dhêmên lancang-lancangan, pakolèhe ora ana. Yèn saiki sêpedhane mung prêlu koanggo dolan bae, arêp tak jabêl.

Wangsulane anake: Iya bok, saiki aku arêp nunggang mung saprêlune bae.

Pangemane wong tuwa kuwi satêmêne mung gawe bêcik, barêng digugu iya tinêmu slamêt.

Tumrap kasamaraning wong tuwa, pancèn iya ora luput, hara coba yèn wêruh kèhing wong nunggang sêpedhah kaya ing gambar dhuwur iki, apa ora gawe samar.

--- 183 ---

Mantêp ing Ati, Bisa Dadi

V.

Sutarsa: Apa kowe iya arêp jagong.

Suhardi: Ah, ora, wong lêlakone lagi kaya ngene kok arêp jagong.

Sutarsa: Iya wis, yèn ora. Lah saiki êmbokmu mênyang ngêndi.

Suhardi: Si êmbok wis mangkat ambathik mênyang Ngapêman. Adhiku uga diajak.

Sutarsa: Dadi sing ana ngomah mung kowe dhewe.

Suhardi: Iya.

Sutarsa: Lah yèn kowe pinuju sêkolah sing tunggu omah sapa.

Suhardi: Disuwungake bae.

Sutarsa: Êmbokmu mulihe jam pira, ta.

Suhardi: Mêngko jam rolas mulih, jam loro bali nyambut gawe manèh, banjur jam nêm wis bubaran.

Sutarsa: Ora ngono, saiki seje sing dak rêmbug, saiki rak uwis sasi Ruwah, ta, dadi wis mèh unggah-unggahan, aku lan kowe bakal padha tamat saka sêkolahan, lah, yèn wis tamat kowe arêp nyambut gawe apa.

Suhardi: Yèn karêpku mono, aku arêp ngèngèr sudagar, supaya bisa ngrêti marang laku-lakuning pagawean. Lah kowe arêp nyambut gawe apa.

Sutarsa: Yèn aku, aku arêp mèlu nyambut gawe ana ing sêpur, bapak wis kôndha yèn aku arêp diilokake pak cilik ana ing Sêmarang. Lah sing arêp koiloni sudagar apa, apa sudagar bathik apa sudagar bêbakulan.

Suhardi: Iya sakêcêkêle, sudagar bathik iya arêp, sudagar bêbakulan iya arêp.

Kacarita, Sutarsa anggone dolan ana ing omahe Suhardi nganti suwe. Barêng wis mèh jam rolas, Sutarsa pamitan: Wis ya, Di, iki wis mèh jam rolas, aku arêp mulih, liya dina bae dak dolan mrene manèh.

Suhardi: Êlo, mêngko dhisik, ngêntèni têkane si êmbok dhisik. Iki si êmbok wis mèh têka, mêngko karêbèn wêruh kowe.

Sutarsa: Iya, ta.

Durung suwe karo antarane anggone pamitan Suhardi, êmbok Wirasukarta wis mulih, takon marang Suhardi: Apa kuwi kancamu sêkolah, le.

Suhardi: Iya êmbok, iya iki Si Sutarsa, kang mitulungi sambèn pagawean marang aku.

Êmbokne Suhardi: O, dadi kowe, le, sing jênênge Sutarsa.

Sutarsa: Inggih, êmbok.

Êmbokne Suhardi: Bangêt panarimaku iya le, dene kowe gêlêm mitulungi marang anakku.

Sutarsa: Inggih, êmbok, sami-sami.

Êmbokne Suhardi: Lah têkamu apa wis suwe, le.

Sutarsa: Sampun, wiwit kala wau jam wolu.

Êmbokne Suhardi: Ah, ana dhayoh wiwit esuk kok ora disuguh apa-apa, aja dadi timu iya le.

Arêp disambung.

Sumadi, Sala.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. punapa. (kembali)
punapa.
2. sanès. (kembali)
sanès.
3. anakku. (kembali)
anakku.
4. tumrap. (kembali)
tumrap.
5. nêlasakên. (kembali)
nêlasakên.
6. Amerikah. (kembali)
Amerikah.
7. sawêg. (kembali)
sawêg.