Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-17, #640

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-17, #640. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-17, #640. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 83, 4 Jumadilakir Taun Je 1862, 17 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1297] ---

Ôngka 83, 4 Jumadilakir Je 1862, 17 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan Anggitan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV

[Sinom]

ywa sira duwe pangira / lamun wong dadi prajurit / karyane abot priyôngga / wruhanta sagung pakarti / kabèh donya puniki / tan ana prabedanipun / kang dagang nèng lautan / miwah ingkang among tani / sumawana kang suwita ing narendra //

myang kang tapa jroning guwa / kang manusup ing asêpi / lakone padha kewala / awit iku dadi margi / mrih katêkaning kapti / sapangkate pandumipun / nanging sarananira / mantêp têmên lan tabêri / samaptane ingaranan laksitarja //

lawan sira sumurupa / kang kalêbu pangabêkti / nora sêmbahyang kewala / kang dadi parênging Widi / kabèh panggawe bêcik / kang mantêp suci ing kalbu / uga dadi panêmbah / yèn katrima iku sami / sinung rahmat samurwate badanira //

lamun tan mawa sarana / paran katêkaning kapti / lir bêdhag tanpa sanjata / ingatasira Sang Hyang Widi / tan karsa mituruti / marang wong kang tanpa laku / nir ngamal myang panêmbah / kumudu dipun turuti / ngêndi ana gusti rinèh ing kawula //

--- 1298 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lurik

I.

Petruk: Lênggah kursi goyang kalihan rêngêng-rêngêng Dhandhanggula.

piyarsakna ngong candrane mangkin / upamane lurah ing Klampisan / lunga jagong lan bojone / kang lanang rada bêsus / ikêt modang kêmadha sungging / pacake cêcathêman / carukane alus / bêbêd bathik kawung kêmplang / sabuk lurik gêrusan èpèk prêkêntin / timange ulan-ulan //

klambi bêskat lurik êndhog mimi / bênik gulon intên sêling mirah / ngapit canthèl tanpa klanthe / nyothe kêrise mungguh / nyangking wiron tangane kering / dhasar brêngose capang / mêlês dèn lus-êlus / lah apa iku kuciwa / pangrasèngsun dene wus pantês kapati / busanane wong Jawa //

bokmas lurah lumaku nèng wuri / tapih lurik ijo tumênggungan / lurik abang kulambine / kêkêmbên tuluhwatu / slendhang bledhak tur latar putih / wadhuh katone jêjak / sasat sri tumurun / sabên wong kapapag marga / kongsi mlêngak sawênèh ana ngrasani / iku panduganingwang //

nalikane dèn idhamkên nguni / wohing anggur rujakane baya / ala nganggur sajakane / yèn nyandhang sarwa patut / malah katon nyontok kapati / ingsun tan warêg nyawang / kudu ngulu idu / bêgjane kônca Klampisan / nora larang mas lurah ...

[Grafik]

Garèng: Sêtop, sêtop, ana awan-awan kathik galenggengan nganti kaya arêp ambêdhah-bêdhaha kêndhangane kupinging tôngga-tanggane. Wong ura-ura wayah mene kiyi, nèk ora mung arêp ngayêm-ayêmi awake sabab kêndhile mêngkurêb, iya ngatonake yèn wong umuk, têgêse: arêp nuduhake tôngga-tanggane, yèn lagi kuwarêgên, mulane iya ayêm, banjur bukak suwara.

Petruk: We, hla, Kang Garèng kiyi, andakwa rong prakara kathik ala kabèh. Kang kapisan, dumèh jaman malèsèd, didakwa yèn sok ora bisa mangan babarpisan, Kang Garèng, sanadyan saiki blanjaku dipotong, nanging kaananku iya durung yèn nganti sêmono kuwi. Kang kapindho andakwa nyang rakuse awakku, yèn wis mangan, mêsthi nganti kudu dikêruki enthong. Nèk aku ora mangkono, Kang Garèng, salawase tansah [ta...]

--- 1299 ---

[...nsah] migatèkake bangêt nyang lakune para wali, yaiku: yèn mangan lagi enak, ora tak banjurake, nanging tak lèrèni, cikbèn warêgku mau mung mônda-mônda bae, mulane anggonku mangan iya tak pranata bangêt, ya kuwi: sabên jam.

Garèng: Wah, iya prasasat celenganane. Ora Truk, sing kok anggo ura-ura, barêng tak rungok-rungokake kaya-kaya kok mêthik saka layang: Pêpeling lan Pamrayoga, anggitane Jagawinatan kae. Lo, kathik dingarèn, ura-ura bae mêthik sakal layang barang, sabêne nèk ura-ura kok anjupuk lagu: kroncong utawa cokèk.

[Grafik]

Wujude lurik ana ing kamarbolah Panti Arja Magêlang, nuju ana sêtèlêngan.

Petruk: Wiyah, nèk ngroncong utawa nyokèk, kuwi jênênge rak: mênyanyi utawa singên-singên. Ora, Kang Garèng, anggonku ura-ura mêthik saka layang mau, sanyatane saiki kiyi aku lagi kapranan marang pambudidayaning sawênèhe para panuntun anggone arêp ngajokake ing bab lurik. Lo, kuwi sajake kok dipêng têmênan, ing ngêndi-êndi ora mung dianakake propagandhah bae, nanging uga ngêdêgake sêtèlêngan barang, sing mung maligi arêp mitongtonake anane bakal lurik bae. Kaya ta durung suwe kiyi ing Magêlang iya mêntas nganakake sêtèlêngan sing kaya ngono kuwi. Lo, kuwi mungguhing aku, yèn lurik mau bisa maju têmênan, tumrap tanah Jawa lan wong-wonge, pancèn iya bakal gêdhe lan akèh bangêt gunane. Kaya ta: nguntungake tumraping panganggo, anggêdhèkake rasaning kajawène, nyuda kaborosane, ngundhakake kabudidayan, muwuhi pagaweane wong, lan liya-liyane.

Garèng: Wèh, sajake gunane yèn lurik kuwi bisa maju têmênan, têka tharik-tharik rete-rete bangêt, mara Truk, supaya utêkku bisa padhang trawangan, saiki coba andharna saka siji.

--- 1300 ---

kaya ta unimu: nguntungake tumraping panganggo.

Petruk: Hla, kuwi mêngkene, Kang Garèng. Anggonku ngarani: nguntungake, awit lurik kuwi kang kapisan: murah, kapindhone: awèt, kaping têlune: barès, nanging nang pandêlêngan katon luwês lan pantês.

Garèng: Wiyah, omonganamu kiyi aku ora mupakat babarpisan, kaya ora ana lurik sing rêgane f 10.- nganti f 15.- ing saklambine, apa kiyi ora mèh padha karo rêganing klambi gabardhin utawa palêmbeyak. Apa sing kok unèkake murah kuwi jalaran bisa ngirit panatone. Nèk kiyi iya pancèn bênêr, jalaran bangsane lurik kuwi sanadyan ora kambon banyu ganêp sêsasi, mêksa iya isih katon rêsik bae, nanging ambune, sèh, mêsthine iya a ... mlêkiki.

Petruk: Hla, kok anèh, nèk dipikir mêngkono, iya ana bae lurik sing rêgane nganti f 25 utawa luwih, iya iku sing panênune nganggo bênang êmas kae. Ewasamono aku iya mêksa ngarani murah. Jalaran iya sabab bisa awèt kuwi, seje karo bangsane lena kae, bênêr murah, nanging dikumbahana kaping lima utawa ênêm bae, iya wis ambêdhêl. Bab nganggo klambi, sing ora kambon banyu nganti sêsasi, yak, nèk kaya ngono kuwi rak padha karo klambèn srêbèt lampu, aliyas pak kêmproh.

Garèng: Saiki unimu, nganggo lurik kok arani barès, nanging luwês lan pantês. Yah, kiyi rak omong kosong bae. Wong aku wis tau mrangguli wong, badane gêring lambene biru, thik manganggo lurik-lurikan, wah, hla kuwi wujude iya kaya wong sing lagi lara murus têmênan.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja sok dhêmên anggarap wong. Kang Garèng, rêmbugane padha dicuthêl samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh, nanging kowe aku bêcike padha manganggo lurik-lurikan, padha disawang, apa iya pantês lan dhèmês, apa ora.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang main pêncak wêkdal wontên pasamuwan ing Sinabang, pulo Simalur, Acèh. Tumrapipun wontên ing tanah Sumatrah, pêncak punika kêlimrah sangêt, mèh sabên wontên pasamuwan, mawi têtingalan pêncak.

--- 1301 ---

Kawruh Sawatawis

Mirah Awising Arta

Ucap-ucapan mirah utawi awising arta punika asring nuwuhakên têmbung srekalan, awit sajatosipun sami kemawon, têgêsipun tumrapipun arta sarupiyah, wontênipun ing Indhonesiah inggih namung rêgi satus sèn, botên nate langkung utawi botên nate kirang. Dene ingkang nyata, rêrêgèning tumbasan, punika ingkang beda-beda, upaminipun satunggiling nagari ingkang têtumbasanipun awis, tiyang jajan limrah sagêd nêlasakên satêngah rupiyah saêndhêgan. Kosokwangsulipun manawi wontên ing nagari ingkang sarwa mirah, tiyang jajan têlas sadasa sèn kemawon sampun tuwuk. Kajawi manawi bab arta ingkang gêgayutan kalihan nagari ngamônca, punika wontên pêpetanganipun piyambak. Nanging ing ngriki botên kacariyosakên.

Mirid andharan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, dados dayaning arta ingkang kangge têtumbas ingkang beda. Nanging manawi dipun manah malih, ingkang dipun wastani mirah awising arta punika, kados-kados manut kabêtahanipun, sabên tiyang saya ngagêngakên kabêtahan, ajining artanipun inggih lajêng karaos suda, sajak namung rêgi sakêdhik. Punika sagêd miridakên kalihan caraning panggêsangan ingkang pinanggih kala jaman rumiyin kalihan jaman sapunika. Kacariyos gêsangipun tiyang jaman rumiyin punika prasaja sangêt, manawi nyandhang ngangge sarwa lurik, bêdhahaning rasukan sarwa barès, manawi rêgêd cêkap dipun kumbah mawi lêrak, dipun pe, sampun rampung. Sadaya wau kapetang mangangge sarwa irit. Nanging sarêng jaman sapunika, rasukan kêdah ingkang badhenipun wêdalan saking ngamônca, kêdah dondomanipun grêji ingkang pêng-pêngan, awit ingkang ngangge sagêd ngraosakên dhatêng bêdhahan ingkang sakeca utawi botên. Dene manawi rêgêd, dipun sêtlika, tur inggih milih sêtlikan ingkang sae. Kadospundi anggènipun arta botên araos awis. Punika sawêg saêbab ing bab rasukan, malah salajêngipun bab rasukan wau lajêng dados matuh, tiyang botên rêmên ngangge rasukan lurik, manawi wontên tiyang ngangge rasukan lurik malah sajak dipun gêgujêng. Tujunipun taksih wontên ingkang purun ngangge lurik, ingkang sajak-sajakipun salaras kados badhe nyumêrêpi ajining arta. Punika pinuji dadosa têtuladaning ngakathah.

Sapunika ing bab têtêdhan, cara kapalipun inggih anjojog nyongklang kemawon, kajêngipun inggih mèh sami kalihan caraning nyandhang ngangge. Sadaya kêdah sarwa sae, eca sapanunggilanipun, awit manawi botên makatên, botên sagêd srêg dhatêng manah. Bab punika manawi dipun jèrèng, tamtu panjang angalawèr. Mila inggih lajêng ngringkês arta.

Saya bab kalimrahan, punika gênah manawi ngringkêsakên ajining arta, awit sawarnining kalimrahan, namung sarwa kanthi arta. Upaminipun tiyang

--- 1302 ---

gadhah damêl, punika sajatosipun ngringkês arta, awit tumindakipun ing ngriku namung kêdah sarwa ambêborosi, upami cêkap ringkêsan, isin manawi botên rowa, kêdah mawi jênggur-jênggur.

Tur sajatosipun ingkang gadhah sêdya kados makatên punika dèrèng tamtu manawi botên sarana ngaya-aya, trêkadhang mawi tindak nyambut nêkuk nikêli. Wusana dhawahing ngêndon sok amanggih pakèwêd ing wingking. Punika dèrèng tarimah makatên, sagêd ugi mawi èmbèl-èmbèl ngatutakên tiyang sanès tumut angraosakên manggih rêribêd, dening kabêtahanipun dipun long kangge ambiyantu adêging prêlu wau.

Mênggahing tiyang gadhah damêl, sajatosipun inggih sampun mangrêtos, manawi dipun tindakakên cara ngaya-aya, inggih adamêl rêkaos, namung ing batos adhakan kêdhêdhêran wiji pangajêng-ajêng wangsuling arta wau saking pasumbangipun sanak sadhèrèk, malah trêkadhang wontên ingkang methok sangêt pangarahipun. Nanging wantunipun tiyang punika saya mangrêtos dhatêng mirah awising arta, inggih sok kapèlèsèd ing tangguh, wontên ingkang nyumbang namung sakêdhik, malah tumrap ingkang rikuh nyumbang sakêdhik, aluwung botên dhatêng babarpisan. Wêkasan susah. Punika inggih dados jalaraning awis arta.

Manawi dipun manah salêrêsipun, awising arta ingkang tuwuh jalaran saking tiyang gadhah damêl, punika wontên warni kalih, sapisan jalaran angèngêti isin kabêkta saking kadrajatanipun, awit tiyang ingkang limrahipun gêsang katingal, sugih sêsrawungan, punika adhakan pakèwêd anindakakên gadhah damêl namung ringkêsan. Kaping kalihipun inggih jalaran saking gadhah pamrih wau. Sabab kalih warni wau dangu-dangu katingal saya suda, nanging bab ingkang kaping kalih, sarèhning mawi wiji kamelikan, mêksa taksih kathah ingkang nindakakên, sanadyan sampun sumêrêp, bilih tindakipun wau sampun botên kêlimrah, malah akêkudhung namung jalaran saking angèngêti isin. Nanging nyataning pangunthêting wêwados wau katingal samôngsa sampun bibar damêl, manawi angsal-angsalaning pasumbang langkung saking waragad gadhah damêl, mastani bathi, dene manawi kirang, lajêng sêru panjêlèhipun asêsambat tuna. Dados utamining utami tumraping tiyang gadhah damêl, namung manawi nyamuwakakên prêlu, botên kanthi ngawontênakên pasumbang. Nanging tindak kados makatên punika taksih jitus ingkang purun anglampahi.

Dene ingkang nama awrating awrat, punika botên kados awising arta ingkang kangge anjôngka utamèning donya, upaminipun rumêksa kasarasan, nanggêl dadosing sae kukuban, punika kasêmbadanipun namung kêdah nindakakên daya awising arta, awit saupami sagêd, môngka ajrih nindakakên makatên, ing têmbenipun badhe kapitunan. Dene tumrapipun ingkang dhumawah apês, pangajêng-ajêng dhumawahing kabêgjan ingkang lantaran saking dayaning arta, nama koncatan babarpisan. Ing ngriku ugi cêtha mênggahing daya awising arta. Badhe kasambêtan.

Ha.

--- 1303 ---

Panglipur Manah

Sêraping Srêngenge

Kaananing langit kang amêndhung tanggung, kamoran ing mega putih angêguwung, sunaring kang raditya kadi kinurung, sêmunira ing akasa kadi suwung.

[Grafik]

Kawasaning sunar kang nyêla sumunu, angrêngga jaladara kadi wêngku, angrarasi rasa ngadhêmi pandulu, ngantarani wus cakêt ing wanci dalu.

Gumêlaring kaanan ing antariksa, nadyan surêm satuhu datan kuciwa, tan pilih gon kang mega pating parênca, parandene anèng pandulu sakeca.

Angin aris kang ngambah têpi jaladri, tumêmpuh mring dharatan dadya ngadhêmi, taru-taru kang samya tuwuh ing têpi, sayun sarêng obah kadi bantu kardi.

Saya asru kawasaning angin tuhu, ngantarani dadya jajaraning laku, dyan sumêrang napak maring langit biru, anggêlari kaanan sawangan dalu.

Mega-mega malang katon angrêgancang, amalangi laku kang nêdya sumêrang, awit tuhu kawasaning mega malang, arsa nimpên dadya singidan pêpadhang.

Kawasaning padhang kang arsa kasêsêr, angêtrapkên daya ngalumpuk kinêkêr, têmah katon ujwalanira asingêr, ngantarani kadunungan rasa wantêr.

--- 1304 ---

Kadi nguwuh mring janma isining bumi, umèngêta kala dhumawahing wêngi, ywa atinggal kang tindak pangati-ati, angêsrahna kawasa maring Hyang Widhi.

Sumirating padhang kang nyakêti surup, dahat agung kawasanira anyakup, sanggyèng janma uning kang siyang mèh tutup, anguwisi ing karya arasa gugup.

Para tani dènira anambut kardi, kang sêsawah anggiringi kêbo sapi, sarwa sarèh angrêraras samargi-margi, lan nyênyawang sawangan kang dahat rêsmi.

Wênèh mulat adining kang dirgantara, umadêg nèng sunglon têpining sagara, sarwi ngucap kang linut ing rasa suka, kanthi sukur ngluhurkên asmaning Suksma.

Dhuh pêpadhang kang ngayomi mring jiwaku, kang ngenaki marang tindak kang kalaku, mawèh tuduh mring bênêr luputing laku, mangkya sira arsa ngoncati awakku.

Ingsun ngucap sèwu sukur marang sira, dene tansah angawruhi sabên dina, anggêgulang mring srêgêping nambut kardi, kang numusi ing tyas arasa kawasa.

Tinêmuning uripku ana ing bumi, wênang ngêrèh ngulah êlohing kang siti, angêgudi tulusing kang sarwa wiji, kang satuhu asung walês makolèhi.

Kabèh iku tan lyan mandom maring laku, kang tinêmu kalaning siyang lan dalu, datan pisah tinêmu nèng bumi tuhu, lamun siyang sira nêniti andulu.

Mangkya sira arsa umanjing pêpêtêng, ambuka kang sirat nèng lautan antêng, cahyanira anênangi maring èmêng, dening rasa pisahan tan arsa dhatêng.

Dhuh pêpadhang gyanira arsa ngoncati, jatinira amung kalingan ing wêngi, parandene têka rasa anênangi, kadi arsa sira tinggal ing salami.

Hèh pêpadhang lulusa sira gumiwang, sun antèni sira prapta benjang-enjang, umantêping tyan[1] ingsun tan rasa sêmang, mangkya pasthi sira pisahan lan ingwang.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3791 ing Surabaya. I. Kêmis Kliwon 18 Pèbruari 1904 dhawah 2 Bêsar Wawu 1833, Mrakèh, môngsa kapitu. II. Rêbo Pon 10 Sura 1837, lêrêsipun 10 Sura 1837 Sêtu Lêgi, Jimawal 23 Pèbruari 1907 Bala, môngsa kawolu. III. Kêmis Pon 30 April 1908 dhawah 28 Mulud, Je 1838 wayang, môngsa dhêstha. IV. Rêbo Wage 23 Nopèmbêr 1911, lêrêsipun Kêmis Kliwon 1 Dulkangidah, Be 1841 Kurantil, môngsa kanêm.

Tuwan S ing Blora. a. 12 Marêt 1899 dhawah 29 Sawal, Ehe 1823 kunthara, wuku Sinta, môngsa kasanga. b. 12 Rabingulawal 1829 dhawah 10 Juli 1900, Jimawal, Kunthara, Sungsang, kasa, c. 5 Juli 1904 dhawah 21 Rabingulakir Jimakir 1834, Adi, Tambir, kasa. d. 14 Oktobêr 1922 dhawah 21 Sapar Jimawal 1853, Sangara, Sinta, kasat. e. Sèptèmbêr 1923 Sêtu Pon dhawah tanggal 29, Jawi 17 Sapar, Je, Sêngara, Maktal, môngsa sakawan. f. April 1927 Jumuwah Kliwon, tanggal 8, Jawi 5 Siyam Wawu 1857, Sangara, Bala, môngsa kasadasa.

--- 1305 ---

Pawartos Sajawining Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Praja ingkang pasulayan sami praja, punika tamtu tansah dados ginêmipun tiyang sajagad, wiwit ingkang nama praja ngantos dumuginipun tiyang limrah pisan, inggih sami angraosi. Manawi tumraping praja, anggènipun angraosi botên cêkap namung kangge sêkar ginêm kemawon, nanging ugi ngrêmbag ingkang gêgayutan kalihan prajanipun, awit satunggiling pasulayan, punika gampil sangêt kêtuwuhan sabab ingkang lajêng gêgayutan kalihan praja sanès, saya manawi dados paprangan, inggih lajêng kêpêksa sumadhiya ing damêl, apêsipun rumêksa praja tuwin jajahanipun piyambak.

Tumraping praja sanès wau nadyan nyatanipun inggih botên tumut punapa-punapa, nanging ugi kêpêksa kasrambah ing sabab sanès-sanèsipun, kados ta bab gêgayutaning among dagang, ingkang lajêng nuwuhakên suda lumungsuring rêrêgèn arta, kandhêging padagangan, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih ingkang dados kawigatosaning praja.

Ing môngka ing sapunika wontên pasulayaning praja agêng, inggih punika praja Jêpan kalihan Tiongkok, punika tamtu kemawon lajêng nuwuhakên kawigatosaning praja sanès, tuwin nuwuhakên pamanahaning ngakathah. Tumraping among dagang, wiwit ingkang adêdagangan alit, sampun tumut ngraosakên, sanadyan dèrèng mangrêtos dhatêng larah-larahipun, inggih sampun kuwatos manawi padaganganipun badhe botên majêng, saya malih tumraping among dagang agêng punapadene bang-bang, punika ingkang sakalangkung amigatosakên, awit bêbasanipun, upami tiyang ngadêg, adêgipun ingkang cêlak piyambak kalihan urubing latu, mila tansah botên tilar kaprayitnan.

Manawi dipun manah kanthi mirid kawontênanipun pawartos ingkang lumintu tansah dhatêng sabên dintên, tangèh manawi pasulayan wau lajêng sagêd jugar samantên kemawon, caraning totohan, purun ngapit, kintên-kintên tamtu dadosipun pêrang. Inggih kadospundi anggènipun sagêd amastani lajêng sagêd cuthêl samantên, awit salêbêtipun taksih pasulayan rêbat lêrês, dados dèrèng nama paprangan, punika tansah wontên kemawon dhadhakan ingkang tuwuh saha lajêng dados sabab mêwahi ramening pasulayan. Kados ingkang sampun nate kacariyosakên ingkang andadosakên sababing pasulayan, gênah manawi Jêpan punika manggèn wontên ing bumining tôngga, têka lajêng ngajak pabên kalihan ingkang gadhah griya. Nanging tumraping praja botên kenging lajêng dipun tudingi ing kalêpatanipun, awit praja punika ugi gadhah pulitik ingkang wosipun badhe mikangsalakên prajanipun, inggih sanadyana tumindaka kadospundi, tamtu inggih gadhah wêwaton ingkang minôngka panduwa.

Ing sapunika sampun cêtha pasulayanipun praja kêkalih wau sampun pangawak paprangan, praja sanès [sa...]

--- 1306 ---

[...nès] sampun wontên ingkang angêmori, Polkênbon tansah ngrêmbag murih pinanggih rukun, nanging inggih taksih iyon kemawon. Dilalah lajêng wontên dhadhakan anglayoni, praja Mansuriah ingkang sampun sêpên ing ucap ingatasing karajanipun, dening sampun kawêngku pangawak Tiongkok, lajêng nêdya madêg pribadi, dipun angkati dening darah têdhaking praja ngriku. sarèhning ing Mansuriah punika nama laladan Tiongkok, têmtu kemawon adêging bêbadan ingkang kados makatên punika tumraping Tiongkok saksat manggih mêmala wontên ing baunipun piyambak, lan malih sarèhning ing wêkdal punika nama sawêg pasulayan kalihan Jêpan wontên ing laladan ngriku, lajêng kêncêng gadhah pandakwa manawi bab punika tuwuh saking pandamêlipun Jêpan. Nanging Jêpan sêru gèdhègipun.

[Grafik]

Ing laladan Tiongkok sisih lèr.

Bab punika Syang Sèh Li, inggih punika pangagêng ingkang kawogan, lajêng kintun tèlêgram dhatêng pusêring paprentahan Tiongkok, nglapurakên ing bab tindakipun Jêpan anggèning mardikakakên Mansuriah, parentah kaparênga nyêgah tindak punika. Ing ngriku pusêring parentah Tiongkok lajêng marak-marakakên piawonipun Jêpan ing bab Mansuriah dhatêng laladanipun, tuwin salajêngipun kawarak-warakna dhatêng môncapraja. Malah salajêngipun lajêng nyêrêg dhatêng parentah Jêpan ingkang langkung inggil, bilih salaminipun wadya Jêpan manggèn ing Mansuriah tansah damêl tindak botên sae, golongan Jêpan wajib nyanggi kalêpatanipun. Mênggah wangsulanipun Jêpan, bab tumindaking pulitik ingkang kados makatên [makatê...]

--- 1307 ---

[...n] punika, botên badhe munasika. Dene ing bab sêdya mardika ing Mansuriah, punika nandhakakên bilih parentah Tiongkok botên dipun wigatosakên dening Mansuriah.

Ing sapunika pandakwa wau saya cêtha, Jêpan angêmori bab kamardikanipun Mansuriah, pusêripun manggèn wontên ing Kirin, wêkasan paprentahan Tiongkok ing Kirin dipun pindhah dhatêng Arbin, prêlu kangge nanggulangi sêdya wau. Pangagêng Tiongkok dhawuh dhatêng ingkang sami kajibah ing damêl, saha nyukani wêwaton, manawi wontên wadya Jêpan nêmpuh laladan Tiongkok, supados dipun lawan. Kajawi punika wontên pasulayan nusuli malih, inggih punika bôngsa Rus ingkang dipun wastani Rus pêthak, nêmpuh wadya Rus ingkang wontên laladan Mansuriah, inggih punika wadya Rus golongan abrit. Wusana lajêng wontên katrangan, bilih wadya pêthak wau dipun biyantu dening Jêpan. Kados makatên pinanggihing gêlar pasulayan.

Ing nginggil sampun nyariyosakên bilih praja punika gêgayutan kalihan among dagang, awit lampah dagang punika dados otot balunging praja. Môngka ing bab punika sarêng barang Jêpan dipun amohi dening Tiongkok, Jêpan ngraosakên yêktos, wusana lajêng muring-muring, saha lajêng gadhah panêdha dhatêng Tiongkok kanthi anggêgiri, supados nyuwak tindak ambekot. Bilih botên katindakakên, Jêpan badhe nindakakên kawigatosan ing bab panguwaosipun ing Tiongkok. Makatên ugi tumrap dhepartêmèn dharatan lan lautan, usul badhe ambidhalakên wadya tuwin kapal pêrang kathah, prêlu badhe nyirêp bekotan ing Tiongkok.

Kadospundi, bab sulayan punika punapa botên tansah ngêlawèr. Tur punika sawêg mirid saking kawontênan ingkang sumêla.

[Grafik]

Sasisih punika gambaripun oto panyadean buku Bale Pustaka ingkang ngêmungakên kangge lumampah dhatêng tanah Sumatra, anuju dhatêng alun-alun amanggihi mêsin mabur K.N.I.L. M. wontên ing Pakanbaru, Sumatra Wetan.

--- 1308 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wontênipun sêmbah lan dhodok.

Wiwit kina makina, sêmbah dhodhok punika sampun dados tata-caranipun tiyang Jawi. Nanging mênggahing kula ingkang baku suwau-waunipun namung sêmbah, dene wontênipun dhodhok punika namung dados èmbèl-èmbèlipun sêmbah wau, inggih punika amrih sampun ngantos ngungkuli dhatêng ingkang wajib dipun sêmbah.

Kintên kula tuwuhipun tata cara sêmbah, punika namung saking anggènipun badhe anglairakên utawi ngatingalakên gênging panarimahipun. Amila caranipun tiyang nyêmbah punika tanganipun kalih pisan kadadosakên satunggal kadosdene wontên barang ingkang dipun raup lajêng katèmpèlakên wontên ing sapucuking grana, ingkang atêgês sadaya dhawuh tuwin pangandikanipun katampi kanthi suka lan rênaning manah saha kapundhi-pundhi. Nanging punika inggih namung saking pangothak-athik kula piyambak, lêrês botênipun nyumanggakakên.

Jalaran saking punika kula lajêng anggadhahi gagasan, bilih ingkang pantês dipun sêmbah wau, kajawi Ingkang Maha Kuwasa, bakunipun inggih namung wontên sêkawan golongan. Inggih punika:

1e. Golonganing ratu. 2e. Tiyang sêpuh. 3e. Guru lan 4e. Marasêpuh.

Golongan ratu, inggih punika ingkang dados lantaran maringi sandhang têdha, dados inggih pangagêng lan sasaminipun, kula anggêp wajib dipun sêmbah, botên sabab anggènipun dados lantaran maringi sandhang têdha wau, jalaran ngrikinipun rak sampun dipun pêndhêt damêlipun, nanging ingkang dipun sêmbah wau: panganggêpipun ingkang sae, sih parimarmanipun, adilipun lan sanès-sanèsipun ingkang murakabi dhatêng gêsangipun. Inggih sêmbahipun punika ingkang minangka anggènipun badhe anglairakên gênging panarimahipun dhatêng pangagêng wau.

Tiyang sêpuh wajib dipun sêmbah, jalaran kajawi dados têturutaning gêsangipun ingalam donya, inggih ingkang anggulawênthah, mulasara, nyandhang tuwin nêdhani sarta sanès-sanèsipun malih, ingkang wosipun tansah amrihatosakên murih saening kadadosanipun. Amila mênggahing kula piyambak inggih tiyang sêpuh wau ingkang wajib nomêr wahid dipun sêmbah ngungkuli sanèsipun.

Guru, punika ingkang nyukani piwulang murih lare angsal kasagêdan ingkang anyêkapi kangge sangunipun gêsang ing têmbe wingking. Amila inggih pantês sangêt, bilih guru punika wajib kêdah dipun sêmbah.

Marasêpuh dene sampun angrilakakên dhatêng bandhanipun ingkang agêng piyambak, inggih punika anakipun, dados têtimbanganing gêsangipun, ingkang nyanggi sakit lan sakecanipun tiyang kêkalih. Dados inggih sampun têmtu, bilih marasêpuh inggih kêdah tampi sêmbah wau.

Nanging mênggahing jaman samangke, inggih jaman apus-apusan punika, kajênging sêmbah wau jêbul cawang dados sêkawan, inggih punika ingkang kula wastani: sêmbah suci, sêmbah pasrèn, sêmbah panutup tuwin sêmbah pados pêndhok.

Mênggah pikajêngipun sêmbah suci, punika ingkang tuwuhipun kalihan lêgawaning manah sayêktos, dados tuwuh saking manah suci.

Sêmbah pasrèn, punika manawi gangsaa makatên inggih gongipun. Sabên sapada mawi dipun padalungsèni sêmbah. Malah ingkang bêsus, panyêmbahipun wau mawi dipun sêrot ngantos mungêl: sêntlup.

Sêmbah panutup, punika sêmbah ingkang kaduk kêrêp prêlu kangge nutupi kalêpatanipun supados ingkang dipun sêmbah wau kasupèn dhatêng kaprêluwan, ngêmungakên tungkul ngraosakên nikmatipun tampi sêmbah ingkang rindhil wau.

Dene sêmbah pados pêndhok, punika ingkang sêmbahipun maligi namung badhe kangge gêgaran anggènipun angsal kapitadosan tuwin katrêsnan.

Ingajêng sampun kula pratelakakên, bilih ing jaman samangke punika jaman apus-apusan, punika sababipun dene ingkang kula wastani nomêr wahid ingkang kêdah dipun sêmbah, inggih punika tiyang sêpuh, prasasat botên wontên ingkang dipun sêmbah malih. Makatên ugi guru lan marasêpuh. Dados sêmbah wau samangke kantun tumrap dhatêng para pangagêng kemawon. Sajakipun kiranging sêmbah dhatêng tiyang golongan wau, ing samangke malah sampun kaborongakên dipun gamblokakên pisan dhatêng para pangagêng. Amila mênggahing kula wontênipun ada-ada samangke angudi murih icaling sêmbah, punika kados wontên èmpêripun, bokmanawi jalaran wontênipun sêmbah ingkang taksih kalampah samangke punika prasasat mèh palson sadaya, ingkang kathah-kathah sêmbahipun wau namung kantun sêmbah panutup lan sêmbah pados pêndhok, ingkang kadadosanipun sok namung mahanani dhatêng lêlampahan pêtêng kemawon, têgêsipun ingkang ngandhap anggènipun nyêmbah namung pados pêndhok lan nutupi kalêpatanipun, ingkang nginggil manawi botên dipun sêmbah muring-muring.

Nitik wontênipun sêratan inginggil, ngriku cêtha, bilih sêmbah punika ingkang kathah-kathah nama palsu. Ing sarèhning dipun wastani palsu, punapa inggih taksih badhe dipun lêstantunakên kagêm? Para maos kados sampun anguningani, bilih barang punapa kemawon manawi palsu botên prayogi sangêt dipun agêm. Malah kadhang kala barang

--- 1309 ---

ingkang palsu punika sok ambêbayani. Kados jampi-jampi wêdalan apotheek, punika manawi ngantos dipun palsu, inggih sagêd andrawasi sayêktos. Makatên ugi sêmbah, manawi tumandukipun palsu inggih badhe ambêbayani tumrap ingkang anampèni sêmbah. Amila kula inggih anayogyani sangêt dhatêng icaling sêmbah wau.

Nanging kadospundi pambudidayanipun amrih sêmbah punika sagêd ical, jalaran dipun sêmbah punika pancèn: sèwu eca dados satunggal. Raos: gurih, lêgi, manis, nyamlêng, gandêm, nikmat, punika sadaya dipun borong. Amila wontên raos inggih anglêr sangêt. Ing mangka miturut piwulangipun para sêpuh, adamêl nikmat lan lêganing liyan punika satunggaling ganjaran ingkang agêng sangêt. Ingkang punika sakathahing tiyang lajêng sami nglumuhi anêtêpi piwulang inginggil, punapa malih kadar sêmbah punika botên kanthi kecalan arta, dados mila inggih gampil sangêt tumindakipun.

Jalaran ingkang makatên wau, ada-ada badhe angicali sêmbah punika inggih lajêng angèl sangêt. Sagêdipun kalêksanan botên namung saking golongan ngandhap, sanadyan golongan nginggil ugi kêdah ambantu kanthi yêktosan. Langkung-langkung golongan ngandhap tuwin golongan nginggil, punika sami gadhah kayakinan piyambak-piyambak ingkang ugi anjalari angèling icalipun sêmbah wau. Kados ta: tumraping ngandhap, punika tumanduking sêmbahipun, mêngku kajêng kalih warni. Sapisan saking anggènipun ngrumaosi golongan alit utawi ênèm, dados anggadhahi wajib anyêmbah dhatêng ingkang langkung luhur utawi ingkang langkung sêpuh, murih sampun ngantos dipun anggêp tiyang ingkang botên mangrêtos dhatêng tatakrama. Kaping kalih jalaran rêmên, sêbab badhe anglênggahi dhatêng kajawènipun.

Bab ingkang kapisan, punika inggih pancèn nama utami, dene nêtêpi tatakrama. Nanging tatakrama wau sampun ngantos kêladuk, saangsal-angsal ingkang sagêd salaras kalihan jamanipun. Dene ingkang kaping kalih, badhe anglênggahi kêjawènipun, punika satunggiling raos kêbangsan ingkang luhur sangêt. Nanging inggih kêdah angèngêti dhatêng gêgayuhaning jaman. Tatacara utawi padatan ingkang pancèn sae lan mathuk kalihan jamanipun, punika inggih pancèn pantês sangêt dipun gondhèli, nanging tatacara tuwin padatan ingkang sampun botên anjamani, punapa malih ingkang kintên-kintên badhe ngasorakên drajating bangsa, punika sagêd-sagêd inggih kêdah dipun bucal.

Mênggah tumraping nginggil lêstantunipun sêmbah wau ngriki botên prêlu kaandharakên panjang-panjang, awit dipun sêmbah punika, kados ingkang sampun kacariyosakên inginggil, pancèn inggih: sèwu eca dados satunggal.

Ewasamantên kula pitados bilih sêmbah, makatên ugi inthilanipun, inggih punika: andhodhok, danguning dangu saking sakêdhik têmtu badhe ical. Jalaran kula pitados sangêt dhatêng ombaking jaman, sanadyan jaman punika gêsangipun saking ebah-ebahan utawi saking budidaya miwah pakartining manusa, nanging bilih jaman wau sampun wiwit mubêng, punika lampahipun lajêng mbalik amêngku dhatêng têtiyangipun, mila lajêng wontên ungêl-ungêlan: "Janma iku kawasesa ing jaman."

Dados saupami lampahing jaman sampun tumindak, kula sadaya botên wontên ingkang sagêd angêndhakakên lampahipun; dipun gondhèlana inggih mêksa ambêrung, malah manawi dipun rosani anggènipun anggondhèli, lampahipun saya badhe rikat sangêt.

Paribasanipun para sêpuh ingkang mungêl: "Sapa wêruh ing panuju, sasat sugih pagêre wêsi," punika pancènipun dados pusaka ingkang kêdah dipun pêpêtri.

Ingriki botên prêlu anyêrati kathah-kathah ingkang wosipun namung atêgês pangalêmbana, sumangga para maos sami kula aturi nolèh nyawanga sakêdhap dhatêng wontênipun karajan kadipatèn Mangkunêgaran, punapa sababipun dene saya wêwah-wêwah kaluhuran tuwin saya dipun suyudi dhatêng para kawulanipun? Punika botên sanès inggih jalaran sagêd nuju dhatêng pikajênging jaman. Sampun wiwit kala alamipun suwargi K.G.P.A.A. Mangkunêgoro VI, ing praja Mangkunêgaran anggènipun angirang-irangi bab lampahing sêmbah dhodhok. Para kawula sami dipun parêngakên namung nyêmbah kaping kalih, inggih punika nalika marak kalihan nalika unduripun kemawon, dene nalika matur utawi tampi dhawuh namung saanggatosakên (tanpa sêmbah). Sêmbah cara makatên punika lajêng kenging dipun samèkakên kalihan patrapipun saradhahdu suka urmat dhatêng pangagêngipun, inggih punika ingkang dipun wastani: saluweer. Dipun sawang katingalipun inggih: brêgas, srigak, tur inggih amantêsi.

Ing sarèhing tatacara saha bab lampahing sêmbah dhodhok ingkang sampun tumindak wontên ing praja Mangkunêgaran, punika têtela anjamani sangêt ingatasipun jagading kabangsan Jawi, tumrap laraping kalamangsanipun andadosi kawontênan, saha ingkang pantês pinuji ing jagad, lah punapa para priyagung Gupêrmènan ingkang sami ngasta pangawasa saha kawajiban nata tatatêntrêming têtiyang bawahanipun, botên prêlu sami kaparêng nelad lêkas ingkang langkung utami utawi ingkang sampun nyata sae lan miraos wohipun punika? Kados prêlu sangêt.

Tutuping obrolan kula punika kula sumanggakakên dhatêng panggalihipun para pangajêng ingkang sami ambudidaya murih supêkêting golongan ngandhap kalihan nginggil, saha ingkang tansah amêmulih murih rahayuning jagad.

PÊNTHUL.

--- 1310 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

INDONESIA.

Malaria ing Dhigul. Ing salêbêtipun satêngah taun parentah ngudi icaling sêsakit malaria ing Dhigul. Miturut palapuranipun Dr. W. Mooy, ingkang kapiji nindakakên damêl, mratelakakên ing sapunika ing Dhigul sampun botên wontên sêsakit malaria malih, ing pangajêng-ajêng salajêngipun sagêda lêstantun makatên.

Icaling sêsakit malaria wau nyarêngi kalamangsa kalihan wangsuling têtiyang ingkang sami kaparêngakên wangsul dening parentah. Punika kawilujêngan ingkang saèstu.

Sêdya utami. Wontên pawartos, bilih Tuwan R.M. Notokusumo klerk kantor dagang ing Cilacap, wiwit wulan November ngajêng punika badhe nyèlèhakên padamêlanipun, jalaran badhe ngadani pakêmpalan cooperatie gadhahaning bangsanipun piyambak.

Sajakipun samangke raos kabangsan saya rumasuk ing balung sungsum. Ingatasipun sampun gadhah padamêlan ingkang maton, têka dipun glèthakakên kanthi wani kemawon, prèlu ngadani pakaryan ingkang dèrèng têmtu mênggahing pangajêngipun. Mugi-mugi pangurbanipun R.M. Notokusumo wau sampun ngantos damêl kaduwung ing têmbe wingkingipun, nanging malah sagêda adamêl lêganing manahipun.

Patih Rêmbang. Kawartosakên, bilih wiwit tg. 30 November 1931 punika, panjênênganipun Radèn Harun Citrasoma Patih ing Rêmbang, badhe nyèlèhakên kalênggahanipun.

Wah, mêsthi kathah para wadana ingkang sami dhêg-dhêgan. Sintên kintên-kintên ingkang badhe nguthut?

Pambikakipun Volksschouwburg ing Sêmarang. Kala malêm minggu kapêngkêr, Volksschouwburg gadhahanipun Volkskunstvereeniging "Subokarti" ing Sêmarang, sampun kabikak mawi paargyan, kathah ingkang sami rawuh, tuwan gouverneur tuwin resident ugi rawuh.

Punika satunggiling kamajêngan ing Sêmarang, Kêjawèn ngaturakên pamuji arja.

Nationale Bank ing Fort de Kock. Kabaripun pakêmpalan H.S.I. (Himpunan Saudagar Indonesia) inggih punika pakêmpalanipun para sudagaring Fort de Kock (Sumatra) samangke sampun ngadêgkaên satunggiling bank ingkang dipun wastani: "Abuan Saudagar". Mênggah Bank wau anggadhahi pawitan f 25000.-

Ing Surabaya sampun wontên Bank Nationaal, ing Fort de Kock "Abuan Saudagar". Pundi malih?

Taman-pustaka Islam. Miturut sêrat kabar "Waktu", inggih punika sêrat kabar ingkang kakintên badhe kawêdalakên benjing tanggal 1 Januari 1932, ing Bêtawi badhe dipun wontênakên taman-pustaka Islam, ingkang badhe dipun wastani: Wakaf Annadil Islam. Mênggah rancanganipun ingkang kangge wragad f 200.000.- inggih punika arta angsal-angsalanipun saking drêma.

Wah, manawi taman-pustaka punika sayêktos sagêd ngadêg, inggih pancèn kenging dipun sêbut: kampi dalah jêmpol pisan. Jalaran taman-pustaka punika pancèn agêng gunanipun tumrap umum. Nanging ing sarèhning jamanipun sawêg rêkaos makatên, manawi saèstu sagêd angêmpalakên arta f 200.000.- punapa botên langkung sae arta wau dipun pigunakakên dhatêng kabudidayan sanès-sanèsipun rumiyin? Kados ta ngêdêgakên bank Islam, ngiyati ada-adanipun: Mohamadiyah anggènipun badhe ngadani ing bab baita kaji piyambak, lan sanès-sanèsipun.

Jaarmarkt Surabaya. Kawartosakên bilih angsal-angsalanipun Jaarmarkt ing Surabaya manawi kapandhing kalihan angsal-angsalanipun ing taun kêpêngkêr, sayêktos kirang sangêt, sanajan angsal-angsalanipun arta karcis langkung kathah katimbang tapsiranipun. Mênggah angsal-angsalanipun Jaarmarkt wau ing taun punika gunggungipun kêmpal wontên f 106.500.- manawi kapandhing kalihan kala ing taun ingkang kapêngkêr, angsal-angsalanipun suda f 20.000,-

Yak, pancènipun rak kêdah ngucap: bole bilang untungnya, ingatasipun jaman sawêg rêkaos makatên, têka sagêd angsal arta samantên kathahipun. Dene botên kapêksa anggulung gêlaran, lo punika rak sampun: alkhamdulillah rindhil sayêktos.

Mohammat Hatta. Wontên pawartos, bilih Tuwan Muhammat Hatta botên dangu malih dumugi ing Bêtawi, saha lajêng tumuntên badhe nyambutdamêl wontên ing panggaotan gadhahaning bangsanipun piyambak.

Pawartos punika adamêl bingahing akathah. Jalaran Tuwan Muhammat Hatta punika pasinaonipun wontên ing pamulangan luhur babagan among dagang. Dados tuwan wau anggêbyur wontên ing jagad panggaotan, punika pancèn inggih nama mathuk sangêt. Kajawi punika tanah Indonesia punika samangke taksih bêtah sangêt kalihan panuntun ing bab ilmu dagang tuwin panggaotan. Amila manawi Tuwan Moh. Hatta purun nyèlèhakên kapulitikanipun, lajêng ngêmungakên suka tuntunan ing babagan panggaotan, badhe agêng sangêt gunanipun tumrap tanah Indonesia.

Bidhal dhatêng Surabaya. Awit badhe ngrêmbag wontênipun congres Indonesia Raya, tuwan-tuwan Thamrin tuwin Mr. Sartono badhe bidhal dhatêng Surabaya ing dintên Minggu ngajêng punika.

Mugi-mugi wontênipun congres Indonesia sagêda anjalari rukun saha saiyêging pakêmpalan ing tanah Indonesia sadaya. Sampun tungkul namung cakar-cakaran kemawon, mindhak sami kêplok bokong, kêndhang dhêngkul para ingkang sami botên nayogyani dhatêng pêrgêrakan kita punika.

Kabudayan nênun. Kawartosakên, ing Tasikmalaya wontên tiyang siti badhe ngêdêgakên satunggiling N.V. kanthi pawitan f 50.000.- kangge panggaotan nênun. Sanadyan bab punika sawêg ada-ada, sampun kathah rêmbag ingkang mrayogèkakên sakecaning lampah, murih botên damêl kapitunan ing wingking.

Wohing kamajêngan jaman sapunika, ing bab punapa kemawon, prêlu ngramèkakên rêmbag ingajêng, dening saking sampun kulina ngraosakên eca ingajêng, anggarêndhèl ing wingking.

Tindak pamrayogi. Kawartosakên, Mr. C.W. Wormser, pangarsaning Ned. Ind. Plantersbond, ngaturakên sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, nyuwun badhe sowan audentie. Ing sêrat paturan wau mratelakakên ing bab kasamaraning golongan punggawa kabudidayan. Manawi panyuwunipun sowan punika kaparêngakên, badhe mratelakakên ing bab pitulungan ingkang sakintên sagêd katindakakên dening parentah, murih botên kêlampahan angèndêli punggawa kabudidayan kathah utawi nindakakên pitulungan dhatêng kulawarganing punggawa ingkang sampun dipun kèndêli. Sapunika wontên pawartos panyuwunipun audentie wau kaparêngakên.

Sadaya tindak ingkang nocogi kalihan kalamangsanipun, sanajan wohipun dèrèng têmtu, nanging sagêd damêl sênêngipun tingkang ambêtahakên.

--- 1311 ---

Suduk-sudukan jalaran rêbatan waranggana. Ing Bêkasi mêntas wontên tiyang kêkalih suduk-sudukan wontên ing papan pasamuan, jalaran rêbatan ringgit.

Yak, punika kalêbêt pakabaran ngisin-isini, sampun sanès jamanipun. Ewadene, lêlampahan kados makatên wau sok têksih thukul. Tindak makatên punika prayogi: stop.

Cooperatie P.K.N. Ing dalêmipun B.P.H. Hadiwinoto, Ngayogya, mêntas dipun wontênakên parêpatan umum, ngrêmbag bab adêging cooperatie P.K.N. pintên-pintên panggenan ingkang kagolongakên dados satunggal, kanamakakên "Condhong Campur". Ingkang ngrawuhi ing parêpatan gangsal utusan ugi kathah para bandara pangeran ingkang rawuh.

Ing jaman sapunika para luhur ugi kaparêng ngêmori damêl ingkang kados makatên, nyata dados satunggiling kamajêngan.

Pangiridan ing K.W.S. Wontên pawartos, wiwit tanggal 1 wulan punika, para murid K.W.S. ingkang sampun lami angsal arta pitulungan kangge sinau, sapunika dipun sowak. Kajawi punika taksih wontên tatanan malih, inggih punika angka rapport 5 ingkang rumiyin kapetang nyêkapi, sapunika namung kapetang mèh nyêkapi, tuwin lamining sinau kawêwahan sataun, sapunika dados 5 taun.

Jalaran saking wontênipun tatanan ingkang kados makatên punika, tumrap murid anakipun tiyang kacingkrangan, ingkang rumiyin angsal urunan waragad saking parentah, kapêksa lajêng mêdal saking pamulangan.

Hem, lajêng kadospundi.

Malèsèd ing siti Karajan Jawi (Vorstenlanden). Miturut pawartos saking Sur. Hbld. indhaking sewan siti kabudidayan-kabudidayan ing karajan Jawi ingkang sampun tumindak 10 taun sasampunipun kawontênakên pranatan enggal ing bab siti, ing sapunika dados rêmbagipun gouverneur-gouverneur kalihan tuwan-tuwan kabudidayan, lan miturut wêwaton pangrêmbag manawi kawontênan kabudidayan prêlu angsal sudan sewan siti, sagêd kausulakên murih mandhaping sewan siti wau.

Inggih sawêg pinanggih wontên ing jaman malèsèd punika, kabudidayan ngraosakên kawratan nyanggi pasewan siti ing karajan Jawi.

Gunggungipun têtiyang ingkang tiwas jalaran sakit pèst. Kawartosakên saking Bogor, wiwit tanggal 9 Augustus dumugi tanggal 5 Sèptèmbêr 1931, gunggungipun têtiyang ingkang tiwas jalaran sakit pèst wontên 240, lan miturut petangan kados makatên ing taun 1930 wontên 201. Gunggungipun têtiyang ingkang tiwas sadaya ing wiwit tanggal 1 Januari 1931 dumugi 5 Sèptèmbêr 1931 wontên 2579, dene pêpetangan kados makatên ing taun 1930 wontên 2129.

Pinuji, sêsakit punika tumuntên sirêp.

Paboyongan bangsa Jawi. Benjing salêbêtipun wulan November ngajêng punika Comite paboyongan badhe ngaturakên palapuran ing bab kawontênanipun paboyongan bangsa Jawi ing tanah sabrang. Palapuran wau ngêwrat pratelan cara-caranipun ngajêngakên paboyongan. Sapisan mawi ngawontênakên sêsorah ingkang sae, tuwin kaping kalihipun kalayan ngawontênakên tatanan murih wragad-wragad paboyongan ing papan enggal sagêd irid.

Sukur manawi tindak ingkang adamêl prayogi botên kandhêg dening awoning jaman.

Irrigatie ing Lampung. Ing sapunika irrigatie ing Way Tebu, Telok Betong sampun kabikak. Padamêlan wau katindakakên sampun 4 taun, waragadipun têlas 1.2 yuta rupiyah. Ing sapunika pamboyongan Jawi ing Gêdhong Tataan badhe sagêd nggarap siti botên kêkirangan toya.

Punika satunggaling kabêgjan tumrap tiyang paboyongan, têmtu botên tilar piwalês sae ing têmbe wingking.

Sêgawon ajag. Golongan pangrèh praja ing Malang tampi palapuran saking têtiyang dhusun, bilih ing wana tutupan ing rêdi Arjuna kathah grombolan sêgawon ajag. Grombolan sêgawon wau asring nêmpuh maesa tuwin kidang. Satunggiling kapal kabudidayan ingkang kablasuk dhatêng wana ngriku, dipun têmpuh saha lajêng dipun mangsa dening grombolaning sêgawon ajag wau.

Punapa sêgawon ajag wau ugi panunggilaning katrajang jaman malèsèd; ugi mèmpêr, nanging atêgês kêkirangan têdha ing wana.

Angsal-angsalan N.I.S. Angsal-angsalanipun N.I.S. ing wulan Sèptèmbêr wontên f 1.274.000.- Sèptèmbêr 1930 wontên f 1.671.000.- Wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr 1931 wontên 10.156.000.- Januari dumugi Sèptèmbêr 1930 wontên 11.739.00.-

Tumrap N.I.S. sudaning angsal-angsalan wau, sagêd ugi ingkang saperangan agêng saking munduring gêndhis, awit N.I.S. punika lampahipun ngambah pagêndhisan. Makatên ugi saking kathahing autobus, ingkang nunggil lampah kalihan spoor N.I.S.

Pakêmpalan kakisruhan arta. Pakêmpalan Arta Nimpuna, inggih punika satunggiling pakêmpalan para guru ing Juwana anglêmpakakên arta, salêbêtipun 4 taun sampun gadhah arta f 6000.- ancasipun kangge mitulungi para warganipun ingkang prêlu. Wusana sarêng dipun priksa, kasipun kothong, arta ingkang f 3200.- pinanggih aluring tanjanipun, dene sanès-sanèsipun botên kantênan.

Lo, kok ngono.

ASIA

Ingkang mêjahi kapitan Nakamura. Sêrat kabar Tiong Hoa martosakên, Jendral Kuan Yu Hang, ingkang kadakwa amêjahi Kapitan Nakamura, ocat saking Mukden dhatêng Peiping. Wadya Jêpan mêjahi tiyang ingkang warninipun mirib jendral wau.

Dhêdhêran wiji awon punika adhakan nuwuhakên tindak sêling sêrêp.

Utusan Parentah dhatêng Bangkok. Dipun têtêpakên dados utusaning parentah Walandi dhatêng Internationale Opium-conferentie ing Bangkok benjing 9 November 1931 tuwan W.G. van Wettum lan malih Mr. C.Ph.C.E. Stenmetz, Mr. H. Holtkamp, secretarisipun tuwan P.G.G.J. Lubbers.

Kawigatosakên ingkang ngantos dados rêmbag kalihan liyan praja, mugi maedahana agêng tumrap Indonesia.

Sêrat panantang. Ing sapunika saya kasamarakên sangêt, amargi Tiongkok kintun sêrat panantang dhatêng Jêpang, awêwaton supados Jêpan tumuntên nyingkirakên wadyanipun saking Mantsyuriye. Saya damêl kasamaran malih sarêng wontên katrangan bilih sêrat saking Jêpan mratelakakên botên purun wawan rêmbag kalihan Volkenbond, amargi Volkenbond botên nampi katrangan jangkêp.

Sawung ingkang nêdya sulaya, punika inggih tansah wontên kemawon ingkang kangge jalaran.

AMERIKA

Amerika nyamarakên. Departement sajawining praja ing Amerika Sarikat, nyamarakên sangêt dhatêng panantangipun Tiongkok dhatêng Jêpan anggèning badhe ngajak pêrang. Bab punika manawi Volkenbond weya, tamtu badhe kadadosan. Pakabaran punika tumrapipun Amerika kaanggêp ingkang wigatos piyambak. Minister Stimson lajêng nindakakên rekadaya badhe nyirêp bab punika.

Kadospundi dayanipun Amerika ing bab punika, kintên-kintên lajêng katingal.

--- 1312 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

7.

[Dhandhanggula]

Tindakira alon angalêntrih / linut dening pudya lamat-lamat / kang umiring nèng wurine / nulya umanjing sampun / maring palwa kancana luwih / mung ijèn tanpa rowang / tuhu mamlasayun / punang baita kancana / kang rinêngga-rêngga ugi sarwa rukmi / kadi angarsa-arsa //

tandya lênggah ing palwa sang putri / nèng plênggahan rinênggèng sêsotya / sumorot pindha srêngenge / nyurêmkên sanggyanipun / lan ing palwa tinrapan tulis / lamun putri punika / putranirèng ratu / kang jumênêng praja Kelan / kang jêjuluk Sri Tisa narendra luwih / dadya tawuring praja //

dene dènnya sang putri ngayati / tuwuh saking panggalih priyôngga / dening umèngêt prajane / tinêmpuh ing bêbêndu / mangkya asrah jiwa sang putri / sumarah mring pra dewa / dewataning ranu / mrih dadya bantêning praja / anêbusi dosanira sri bupati / dènnya mangguh pidosa //

wusing manjing ing palwa sang putri / dyan lumembak kang palwa nèng tirta / alon mung sasêkecane / lumembak ingkang alun / raras kadi angangkat ririh / tan pisan paja-paja / sinrang ing pakewuh / sanggyèng bêbayèng samodra / sanalika sirêp kadayan sang putri / ing kautamanira //

alon-alon palwa nêngah kentir / kang tan pisan wèh rasa sangsaya / satêmah sang putri sare / nèng sajêroning prau / ingkang amung alit aprêkis / êsrêg sariranira / parandene tuhu / tan katon wèh kasamaran / ing saparan kadi ana kang ngêmongi / dinohan ing bêbaya //

kêkuwunging wadana kaèksi / mawa teja sundhul ing akasa / liwêran nut saparane / sênênira ing ranu / sagon-ênggon angêlam-lami / mina-mina sagara / samya prapta ngrubung / anggarubyug marang palwa / ing saparan tut wuri kadi anggusti / maring sang kasangsaya //

sirêpira ombaking jaladri / tuhu saking kaparênging dewa / kang jumênêng madyaning we / awit dupi andulu / lamun mangkya Natèng Kelani / angurbanakên putra / nèng samodra agung / sêru rasaning dêduka / dadya sirêp sakala punang jaladri / antêng tanpa sabawa //

marma katon ombaking jaladri / mring sang putri tan nêdya nangsaya / malah kadi ngrêksa mangke / saparaning parau / antêng kadi tan rasa kentir / jatinya kang mangkana / tan lyan dening tuhu / antêpira sang kusuma / anêrusi ing galih tan ngrasa gingsir / mring sanggyaning bêbaya //

awit nyata sang putri wus uning / marang gunging dosanirèng rama / kang wajib tinambak mangke / tan kêni jrih pakewuh / lamun kongsi sang putri gingsir / satêmah andêdawa / saya mangguh luput / sangsayanira têmahan / angênani para janma sanagari / ingkang tan darbe dosa //

jawataning samodra tumuli / anandukkên gêngirèng kawasa / nyirêp samodra krodhane / tirta wus pulih mirut / larut wangsul mring jalanidhi / papan kang tan katêkan / atêtêp rahayu / mung papan kang wus kalêban / kawistara sangsayanira ngluwihi / wisma-wisma rinata //

sanadyan ta tuwuhan ing bumi / kang katrajang ombak sirna kentas / rêsik tan ana tabête / mung katon êndhut-êndhut / sagon-ênggon nutup mratani / dene kang tan kacakan / nadyan têtêp lulus / labêt dènnya kasangsaya / maksih katon ngrasa susah ing salami / kadi tan bisa owah //

kang mangkana mung kadayan saking / tumanduking laku kaluputan / kang dèn tindakkên ratune / sangsayanira tuhu / angênani praja myang janmi / sanadyan wus tinambak / tawur putri punjul / parandene tabêtira / maksih katon nèng praja angêrês-rêsi / têmah nyirèni praja //

cinarita sri nata ing mangkin / putêking tyas anggung saya krasa / ing salami datan supe / sanggyaning laku luput / krasa kadi maksih sumandhing / linali datan kêna / nèng tyas anggung tuwuh / de mèngêt lêlakonira / ing satêmah sri nata anggung anggalih / raosing kasangsaya //

wus rumaos dènnya madêg aji / lir sinrêtu dinohan ing suka / wêkasan sri nata mangke / kadadak katon sêpuh / nèng kadhaton datanpa kanthi / garwa myang putra sirna / pura rasa suwung / dadya sri nata sanyata / mangguh siksa kang lumintu ing salami / tan ana mêndhanira //

amarêngi sawijining ari / sri narendra miyos saking pura / arsa nênamur galihe / para wadya anggrubyug / mawurahan samargi-margi / katon tandhaning suka / kawula sadarum / dening uning ratunira / mangkya miyos arsa ngenggar-enggar galih / maring jawining praja //

mung ing sêmu sri nata katitik / ngêlayunging wadana tan owah / tôndha nandhang duka gêdhe / tindakira sang prabu / nitih èsthi langkung gêng inggil / narendra katon cêtha / nèng gigir aluhur / yèn ta tan ngrasa duhkita / têdhak nata sayêkti ngayêmi bumi / dening nata kawasa //

mung wantuning nata nandhang kingkin / tan katitik andayani suka / malah nyênyêt ing samangke / surak ingkang gumuruh / nulya sirêp datan nabêti / dene parêng narendra / tindak kang tinuju / mring candhi kang cakêt pura / arsa mêdhar pudya anglêlipur galih / srah duka mring jawata //

duk samana lakuning kang èsthi / nadyan antêng kadi tanpa solah / nanging nyarêngi apêse / nata dhawah sumiyut / lir binuncang sing nginggil èsthi / sinarêngan samana / kaelokan agung / duk nata tumibèng kisma / siti mlêkah nata manjing dèn ingkêmi / sirna padha sakala //

para wadya sami sarêng anjrit / ngrasa gawok mangguh kaelokan / nanging nulya tidhêm age / myang samya nrimèng kalbu / awit tuhu sri nata mangkin / antuk walêsing siksa / dènnya dosa agung / ngisas mring pandhita tama / kang sanyata pandhita suci linuwih / mangkya aran wus purna //

wus palêstha caritèng Kelani / kang arasa wêwarah utama / mruhi marang tindak dede / sanadyan ratu agung / lamun tuhu anandhang sisip / tan pae antuk siksa / kang katimbang jumbuh / awit jatining walêsan / lir timbanging taraju kang datan silir / têtêp salaminira //

--- 213 ---

Nomêr 54, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Aku gumun, wêruh tukang sulap bisa nglêbokake dhuwit sèn saka mripat mak blas ilang ora karuhan, ora antara suwe banjur ditokake manèh saka mripat, mak cring tiba ana ing piring. Wah sêmono pintêre tukang sulap iku, nanging katrangane jêbul mangkene:

Tukang sulap nyêkêli piring siji ing tangan kiwa, dene patrape olèhe nyêkêli piring mau ora kêna sumèlèh ing èpèk-èpèk, kudu disôngga driji lima, diarah lambening piring pênêr têngah-têngahing èpèk-èpèk. Dhuwit sèn sing arêp dilêbokake mripat mau disèlèhake ana piring, sawise mangkono banjur dijupuk katarik minggir ditibakake ing èpèk-èpèk, nanging kudu rikat aja nganti kêtara. Tangan sing ethok-ethok anjupuk dhuwit mau banjur ethok-ethok anglêbokake dhuwit mênyang mripat, tangane nuli diculake mak byur, sajake dhuwite wis ilang tênan.

Piring sing disôngga driji mau banjur disèlèhake ing èpèk-èpèk, dadi dhuwit sing ana èpèk-èpèk mau kêtutupan piring, mula piringe dituduhake wong-wong sing padha nonton wis ora ana barange. Tukang sulap tumuli nyèlèhake piring mau ana ing meja dhuwur, nanging dhuwite ora disèlèhake, sarta tangan kiwa sing nyêkêli dhuwit mau anjupuk têkên pênjalin cilik dawane kurang luwih samètêr, sing wis disêdhiyakake ana ing dhuwur meja, dadi ketoke mung kaya nyêkêli têkên pênjalin mau.

Sawise sawatara suwe dhuwite arêp ditokake manèh, têkên pênjalin sarta dhuwit sing dicêkêli tangan kiwa, diêlih tangan têngên. Piring sing ana meja dijupuk sarta dituduhake wong-wong sing padha nonton manèh kothong ora ana dhuwite. Têkên disèlèhake ing meja, nanging dhuwite isih kèri dicêkêli, banjur ethok-ethok anjupuk dhuwit saka mripat, piringe ditadhahake ngisore dohe watara sakaki, dhuwite diculake mak cring tiba ing piring.

Patrape tukang sulap kaya ngono mau, wong-wong sing padha nonton mêsthi iya ngandêl bangêt, amarga durung wêruh wêwadine.

Sucitra, Kuwiran (Banyudana).

--- 214 ---

Lêlakone Bocah Cilik

Candhake Kajawèn nomêr 81.

Dene kang diwulangake warna-warna. Pêcak sapisan kabèh dikon anggambar sakarêpe dhewe, ana sing anggambar manuk, kêmbang, pitik sapiturute, kabèh mau mung dièmpêr-èmpêr bae, sanyatane manawa didêlok bocah gêdhe mêsthi diarani orek-orekan bae. Aku uga anggambar, nanging durung kulina nyêkêl grip, panulisku mung tak gêgêm bae, lan sing tak gambar, rekane anggambar kar tanah Borneo, jêbul-jêbul dadi gambar susur. Barêng kabèh dibijèni, aku olèh biji rupane kaya kursi.

Ing batin aku banjur anggagas: E, Si Kasrija iki barêng sêkolah kok bisa têmên. Aku anggambar susur, kok banjur bisa muwuhi kursine. Jalaran biyungku iya manawa lagi nginang, susure iya nuli ditumpangake ing kursi.

Ora suwe nuli diwulangi singên (ura-ura), kabèh mèlu muni kaya Si Kasrija mau, aku uga mèlu, nanging mung, mi, dho, midhun. Mi, ring ... sol ... wah, aku nuli rumasa kaya sinyo cilik. Manawa ing saiki, aku mêsthi ngêthoprak bae.

Barêng wis watara kêsêl nuli padha ngaso. Aku nuli mulih, têkan ing ngomah aku matur bapak: Pak ... aku êmbok disêkolahake têmênan, pak ... aku kêpengin bisa kaya Si Kasrija. Bapak mangsuli: Yèn kowe wis wani, iya tak lêbokake. Arêp disambung.

Dadiyana.

[Grafik]

Bocah-bocah kang padha dhêmên ingon-ingon, mêsthine sênêng nonton gambar ing dhuwur iki. Iki gambare bôngsa landhak cilik, padha didokok ing èpèk-èpèk.

--- 215 ---

Wohing Kêsèd lan Wohing Doyan Gawe

Ana wong tani sugih, lumbunge nganti sapirang-pirang, padha kêbak isi pari, malah isih lubèr, parine didokok ana pandhapa, gandhok, lan liya-liya panggonan manèh. Wah cêkake parine mau cukup dipangan lan kanggo butuh pirang-pirang taun. Batine pak tani: Pariku iki akèh bangêt, upama tak dol, kêna tak ênggo tuku oto sing gêdhe bangêt. Yèn mung tak pangan bae, bisa nganti tutug nganti têkan anak putu.

Satêmêne unine pak tani mau rada kêwêlèh, awit parine sing sathekruk mau sabên dina tansah dicolongi tikus, saka kèhe sing kalong lan mowat-mawut, pak tani nganti ngrasakake sêdhih. Suwe-suwe duwe panêmu arêp ngingu kucing, awit kucing iku gênah dadi wêdènaning tikus, anggêr ana ngeyong bae, tikuse mêsthi padha mlayu.

Kêbênêran, pak tani bisa olèh kucing lanang, ulêse kêmbang asêm, rupane nganti kaya barongan, pantês-pantêse yèn mangan tikus, saêndhêgan bisa êntèk sapuluh.

Kucing mau banjur dipakani, dilêlithing nganti kaya bocah, dijênêngake Si Jlamprang, malah saka sênênge, pak tani yèn ngundang kucinge mau kaya ngundang bocah, nganggo didokoki têmbung thole barang.

Ing wayah sore pak tani ngundang kucinge: Thole Jlamprang, thole Jlamprang. Barêng têka banjur diêlus-êlus karo dikandhani kaya bocah: Kowe sing ngrêti, yèn ana tikus kêmah-kêmahên sing nganti mêmêt. Wis, kana lunga. Pak tani anggone muni mangkono mau karo anjorogake kucinge.

Jlamprang kuwi satêmêne kucing kêsèd, mung jênênge bae kucing, nanging ora mrêduli mênyang tikus, malah tau nuju turu wêtênge disrondhol tikus iya mênêng bae. Wah manèh Jlamprang kuwi anane ing kono kopèn bangêt, yèn mangan wêtênge nganti minthi-minthi. Yèn wis mangan banjur turu. Dadi anggone mangan warêg mau mung kanggo sangu turu, mula tinêmune ana ing awak iya banjur ketok.

Dhisike pak tani ora tau anggatèkake mênyang kaanane Si Jlamprang, dikira kaya kucing lumrah bae. Nanging barêng wêruh tikus ora suda, banjur dititi, tinêmune jêbul Si Jlamprang kuwi mung dadi kucing tukang turu. Wah, pak tani nêpsu bangêt, Jlamprang banjur dijêjêgi, karo diunèn-unèni: Kowe kucing kêsèd bangêt, diingoni sabên dina, awake nganti thipluk-thipluk ngono, gawene mung turu bae. Apa kowe arêp mamèrake lêmune awakmu, bèn aku kapengin ambêlèh kowe. Aku môngsa doyana, ayo lunga.

Jlamprang banjur disawatake mêtu, arêp bali diagag-agagi pênthung. Suwe-suwe kêpêksa wêdi, ora wani mulih.

Kuwi tambane kucing kêsèd. Arêp disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. tyas. (kembali)
tyas.