Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-28, #641

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-28, #641. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-28, #641. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 86, 15 Jumadilakir Taun Je 1862, 28 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1345] ---

Ôngka 86, 15 Jumadilakir Je 1862, 28 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palapuran Bathik II

Kabudidayan Bathik ing Jawi Wetan

Anglajêngakên rêmbagipun ing bab palapuran bathik ingkang ôngka 3, ing ngriki kados prêlu anyariyosakên sawatawis mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ing Porong tuwin Bangil.

Ing palapuran wau anyariyosakên kanthi jalèntrèh ing bab risakipun panggaotan bathik ing laladan kalih panggenan kasbut nginggil ing salêbêtipun sawatawis taun kemawon. Ing môngka panggaotan bathik kêkalih punika, ing suwaunipun wontên ing tanah Jawi, punapadene wontên ing sajawining tanah Jawi, namanipun kasuwur sayêktos. Dene ingkang ngrisak panggaotan wau, ingkang baku mêdhaking rêrêgèn mori, nalikanipun bibar pêrang agêng punika. Ingkang nganèh-anèhi, dene mèh sadaya têtiyang ngriku sami ngalêmbana dhatêng patrapipun para juru potang bôngsa Arab, ingkang limrahipun sami numbasi bathikanipun têtiyang ingkang sami nyambut wau.

Kawontênanipun ing ngriku têtela, bilih kamunduranipun panggaotan bathik punika saklangkung mutawatosi, jalaran sadaya bêbêrah ingkang asli saking sanès panggenan, sami dipun kèndêli saking padamêlanipun, ing môngka cacahipun botên kirang saking 400 tiyang.

Ing ngriku para tukang ngêcap sami dipun papanakên wontên ing griya pondhokan ingkang katutup rapêt: kawontênanipun ing griya ngriku amila inggih awon sangêt, bêntèr, sumpêg, thik kirang padhang. Malah ing ngriku wontên papan pambathikan ingkang kenging dipun samèkakên kalihan kandhang maesa kemawon.

Sadèrèngipun nyariyosakên kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung utawi ing Panaraga, ing ngriki kados prêlu ngandharakên mênggah bedanipun panggaotan bathik ing kalih panggenan wau, inggih punika, bilih ing Panaraga, kadhangkala tiyang sagêd amrangguli panggaotan bathik gadhahanipun tiyang siti, ingkang katingal majêng, ngantos panggaotan gadhahanipun bôngsa Tionghwa botên sagêd babarpisan angêjori. Kosokwangsul kalihan ing Tulungagung, ing ngriku panggaotan bathik gadhahanipun tiyang siti, gêsangipun prasasat gumantung saking para juragan bathik bôngsa Tionghwa, Arab, sarta bôngsa Jêpang.

Samangke nyariyosakên sawatawis kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung.

Ing kala rumiyin, bathikan wêdalan Tulungagung punika, botên ngêmungakên wontên ing Jawi Wetan kemawon, sanadyan wontên ing Jawi

--- 1346 ---

Kilèn ugi pajêng sangêt, ing dhusun Kalangbrèt, ingkang ing suwau kathah panggaotanipun têtiyang siti, samangke kenging dipun anggêp kadosdene pêpanthaning papan pambathikan ingkang dipun bandhani dening têtiyang Mataram.

Jalaran tansah dipun êjori dening bathikan saking pundi-pundi, langkung-langkung saking Panaraga, kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung wau, sangêt munduripun.

Têtiyang kuli ingkang sami nyambut damêl wontên ing panggaotan bathik gadhahanipun têtiyang siti, punika kathah ingkang sami sangsara jalaran dening patraping panyêlêpipun ingkang taksih cara kina, inggih punika ingkang gampil sangêt lumêbêting wisanipun nila dhatêng tanganipun. Tanganipun lajêng katingal ambêdhudhug, tuwin ngapal ngantos kadosdene kuliting gajah. Kajawi punika ugi lajêng katingal bêrut-bêrut.

Manawi tiningalan, tanganipun tukang cêlêp ingkang makatên wau, kulitipun ingkang sampun dados sakit ngapal wau, kados pisah kalihan dagingipun, wujudipun kadosdene tiyang ngangge sarung tangan ingkang kagêngên sangêt, saha miturut cariyosipun, tanganipun wau sampun pêjah raosipun, driji kraos kakên, rêkaos sangêt kangge nindakakên padamêlanipun.

Tumrap pondhokanipun para bêrah, katingalipun botên patos kamanah. Saupami lajêng dipun dandosi, kados sampun mêsthinipun, langkung prêlu malih saupami papanipun ambathik mawi dipun singgêt utawi dipun guthêk saking papan patilêman.

Makatên mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung ing wêkdal samangke. Kosokwangsul kalihan kawontênanipun panggaotan bathik ing Panaraga.

Wiwit ing taun 1929, Panaraga katingal majêng sangêt, ingkang makatên punika andadosakên kauntunganipun panggaotan-panggaotan bathik gadhahanipun têtiyang siti. Sanadyan saindênging tanah Jawi sami rêngkêng-rêngkêng dening kataman ing jaman malèsèd punika, nanging têtiyang ing Panaraga anggènipun ngadani bathik kanthi dipun kiyati sayêktos, kadosdene botên wontên jaman rêkaos makatên, lan botên namung ambathik kemawon, nanging ugi sagêd nyade bathikanipun. Sinjang Panaraga punika kasuwur kirang sae, enggal sangêt malih, nanging rêginipun mirah sangêt. Ing sarèhning polanipun punika sagêd maneka warni, amila tiyang siti lajêng kathah ingkang sami rêmên.

Nanging jalaran sudaning pêpajênganipun bathikan umumipun, ugi andayani dhatêng kawontênanipun panggaotan bathik ing Panaraga. Para sudagar bôngsa Tionghwa kathah ingkang sami nyuda dêdaganganipun ngantos 35%, antawisipun tukang cap 400 saking Tulungagung, ingkang dipun kèndêli kirang langkung wontên 300.

Para sudagar Surakarta kathah ingkang sami kilak sinjang wontên ing Panaraga, saha pambêktanipun dipun êmot mawi oto bis. Sa-oto bis punika asring sok sagêd ngêmot sinjang 200 ngantos 250 kodhi. Ing dalêm sawulanipun, sinjang ingkang kakilak dening para sudagar Surakarta, punika botên kirang saking 6000 kodhi. Dados ing dalêm sataunipun, pêpajênganing sinjang Panaraga punika kirang langkung wontên 1 yuta rupiyah.

Botên beda kalihan ing sanès-sanès panggenan, ing ngriku ugi kathah para bêbêrah ingkang bayaranipun awis-awis, botên sabab saking pintêring panyambutdamêlipun, nanging ngêmungakên sabab sampun kulina kemawon.

Radin-radinipun para bêrah èstri punika bayaranipun sadintên f 0.40.-. Blanjan wulanan utawi taunan, punika pambayaripun botên dipun têmtokakên, limrahipun manawi wontên bêbêrah ingkang nêdha, sarta manawi dening juraganipun kaanggêp prêlu, bilih kuli wau kêdah angsal êmpingan saking padamêlanipun ingkang sampun dipun garap, ing ngriku lajêng sawêg dipun bayar.

Ing sawênèhing panggaotan bathik ing ngriku para bêbêrahipun botên sadaya dipun bayar mawi arta, nanging sabagian mawi barang-barang kaprêluanipun têtiyang gêgriya. Awit ing ngriku bojoning juragan sok lajêng ngêdêgakên toko. Ingkang punika para bêbêrahipun inggih sok lajêng kapêksa kabayar mawi barang-barang kemawon. Ing palapuran ngriku mawi dipun saranani tuladan warni-warni.

Wontên ingkang nyariyosakên, bilih ing Panaraga kirang langkung wontên bangsaning planyahan 200, ingkang gêsangipun namung saking para tukang ngêcap dhatêngan saking Tulungagung wau. Awit para tukang ngêcap wau, ingkang kathah sami botên ambêkta semahipun, sarêng wontên ing Panaraga lajêng sami main royal.

Ingkang andêmênakakên lan pantês pinuji, punika mênggah sêsrawunganipun juragan kalihan para bêbêrahipun, salaminipun tansah sae, botên anguciwani.

Minôngka kangge amungkasi wawasan ing bab kawontênanipun panggaotan bathik ing Jawi Wetan, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing Pacitan.

Ing Pacitan umumipun panggaotan bathik punika sami dipun tindakakên wontên ing griya. Limrahipun têtiyang èstri padhusunan sami numbasi mori tuwin malamipun wontên ing kitha Pacitan kanthi bayar kropyok. Anggènipun ngèngrèng tuwin nêrusi, punika katindakakên wontên ing dhusunipun piyambak-piyambak. Dene manawi sampun rampung dados bathikan, lajêng kasade wontên ing kitha. Miturut petangan, angsal-angsalaning panyadenipun bathikan wau, sadintên-dintênipun botên langkung saking 5 sèn, ewasamantên kathah kemawon ingkang kêdah lumampah wongsal-wangsul langkung saking 24 pal. Dados angsal-angsalanipun punika botên ambêjaji sangêt manawi katimbang kalihan rêkaosing lampahipun.

Makatên ugi ing ngriki pêpajênganipun bathikan mundur sangêt, kala rumiyin panggaotan-panggaotan bathik sami anggadhahi pangobèng pintên-pintên dasa, nanging samangke namung narimah ngingah gangsal nêm kemawon. Mênggah pambayaranipun para pangobèng wau, sadintên-dintênipun botên langkung saking 10 sèn utawi 15 sèn.

--- 1347 ---

Komite Rônggawarsitan

Kados ingkang sampun nate kawrat wontên ing kalawarti Kajawèn ngriki, manawi ing Surakarta sampun madêg bêbadan adêgan (komite) ingkang sêdyanipun badhe ngèngêti sedanipun ingkang sampun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing karaton Surakarta Adiningrat.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-28, #641: Citra 1 dari 1
Saking kiwa manêngên: I. Ingkang linggih R Padmawidagda (panitra), R.Ng. Yasapuraya (artaka II), R. Ng. Ônggapradata (pangarsa), R. Yasawarsita (mudha pangarsa), Dr. R. Sutarna (artaka I). II. Ingkang ngadêg, sadaya dados panitya: K.M. Sasrasumarta, M.Ng. Wignya Wiryaga, M. Sôntasuparta, R. Dartawarsita, R. Sastrawaluya, R. Ng. Artadarsana.

Amargi saking ngèngêti aruming asmanipun ingkang sampun swargi, kaluhuranipun sarta lêlabêtanipun ing bab basa sarta kasusastran Jawi, adêging komite sagêd angsal pambiyantu saking sih kadarmanipun para gusti, para luhur saha para priyantun warni-warni.

Têmpuking damêl badhe dhawah ing pèngêtan wau dumugi wêkdal 60 taun saking sedanipun, inggih punika dhawah benjing ing dintên Ngahat Lêgi ping 5 Dulkangidah 1862 utawi ping 13 Marêt 1932. Lampah-lampahing pèngêtan ing sawatawis badhe mawi pahargyan, malêm dintên kasbut nginggil dipun wontênakên pêpanggihan wontên ing sus abipraya, enjingipun ngawontênakên darmawisata (excursie) dhatêng pasareanipun ingkang swargi, ing dhusun Palar kaondêran Pucuk Klathèn (dhusun Palar punika saking sêtatsiyun Cèpèr têbihipun watawis tigang pal).

Kajawi punika, komite ngadani damêl buku babadipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang dumugi samangke awis sangêt ingkang nguningani. Panggarapipun buku wau samangke sampun mèh rampung, ingkang botên watawis dangu malih tumuntên ambabar.

Sa-Ta.

--- 1348 ---

Kawruh Sawatawis

Mirah Awising Arta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 84.

Kajawi ingkang kasêbut ing Kajawèn nomêr 83 punika taksih wontên nagari sanès-sanèsipun malih ingkang nindakakên arta sanèsipun sèn kados ingkang tumindak ing sapunika, malah rumiyin ing Banjarmasin wontên arta ingkang dhuwitan, nanging kalangkung gopok, garapanipun kasar, tipis, mawi sêratan Arab, wontên ingkang mungêl jaman murah.

Mirid ungêl-ungêlan jaman murah ingkang dipun êtrapakên wontên ing arta wau, atêgês kala jaman pajêngipun arta wau, kawontênanipun pinanggih sarwa mirah.

Dados pinanggihing ucap-ucapan mirah awising arta punika, wontên ingkang pinanggih wontên ing panganggêp, lan pancèn pinanggih nyatanipun.

Mirid tatacara kina, sajak-sajakipun arta punika botên patos dipun wigatosakên, saya tumraping bôngsa priyantun minggahipun dhatêng bôngsa luhur, awis-awis ingkang gêgayutan prakawis arta, awit mênggahing arta, tumrap tiyang jalêr alitipun ngraosi, agêngipun anggembol, punika sampun kawical nistha, sadaya namung kawajibakên dhatêng tiyang ingkang pinitados.

Tata ngadat ingkang kados makatên punika manawi dipun wawas wontên ing jaman sapunika, pancèn inggih ragi anggumunakên, dene kapitayanipun tiyang ingkang gadhah panguwaos ngantos samantên. Saya tumraping babagan arta ingkang gêgayutan kalihan karajan Jawi, punika bêbasanipun ngantos botên kasumêrêpan sapintên cacahing arta, nanging gêlêngipun kenging dipun wastani sugih, sumrambah sadayanipun.

Sayêktosipun kawontênan ingkang kados makatên punika botên kenging dipun paibên, awit pinanggihipun kala jaman samantên, gampilanipun kala jaman kina, samukawis taksih sarwa mirah, ing ngrika-ngriki botên kêkirangan têdha. Wontênipun makatên, bokmanawi jalaran kabêtahaning tiyang dèrèng kados ing jaman sapunika, inggih jalaran saking kathahing kabêtahan wau, ingkang tiyang lajêng mastani awis arta.

Manawi mirid dêdongengan, ing jaman kina dèrèng wontên arta, caranipun tiyang nindakakên kabêtahan namung sarana urup-urupan, dados taksih prasaja sangêt. Malah sanadyan ing jamana sapunika pisan, tumraping papan ingkang sêpên, punapadene nagari ingkang tiyangipun taksih sarwa prasaja, arta wau dipun anggêp botên sapintêna pigunanipun, awit kabêtahanipun cêkap dipun tindakakên kanthi sasêkecanipun. Nanging ingkang pinanggih wontên ing jaman arta, inggih punika ing jaman sapunika, arta punika ngantos dipun anggêp narendraning bumi, tiyang tanpa arta badhe tanpa aji gêsangipun, ngantos wontên uran-uran ingkang dipun apali ing ngakathah, mêndhêt saking Sêrat Darmalaksita,

--- 1349 ---

anggitam[1] dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, ungêlipun makatên:

[Dhandhanggula]

luwih lara-laraning kang ati / nora kaya wong tininggal arta / kang wus ilang piandêle / lipure mung yèn turu / lamun tangi sungkawa malih / yaiku ukumira / wong nglirwakkên tuduh / angilangkên budidaya / têmah papa asor dènira dumadi / tan amor lan sasama //

Suraosing uran-uran ing nginggil wau, atêgês tiyang dipun tilar ing arta punika sakalangkung sangsara, jalaran saking nglirwakakên pitêdah. Mênggahing gampilanipun kenging dipun pêndhêt, kajêngipun tiyang punika kêdah sumêrêp dhatêng tanjaning arta, awit tiyang ingkang sumêrêp dhatêng tanjaning arta, cêtha anggènipun nacahakên, bilih sarupiyah satus sèn, sèlèhing pangglindhingipun sagêd prênah.

Mênggahing bab mirahing arta kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr, punika dèrèng ngiribi kados ingkang kasêbut ing sêrat babad, ingkang pinanggih kala ing abad 16. Kacariyos kala ing jaman samantên ing tanah Jawi wontên arta, ingkang asli saking pambêktanipun bôngsa Tionghwa ingkang sêsrawungan among dagang wontên ing Bantên, artanipun wau timah bolong têngah, sabên sèwu namung pangaos kalih dasa sèn, arta wau dipun wastani picis. Mirahing arta ingkang kados makatên, anêrusi kalihas[2] mirahing têtumbasan. Arta ingkang mirah sangêt aosipun wau sumrambah satanah Jawi lan dipun sênêngi ing tiyang, punika nelakakên, bilih ing tanah Jawi mirah têdha, tuwin gêsanging bôngsa taksih prasaja sangêt. Malah kacariyosakên, tumrap rencang tumbasan, sadintên cêkap namung nêdha pangaos kawan sèn.

Kados makatên mênggahing pangintên bab raos awis mirahing arta.

Ha.

[Grafik]

Sawangan ing sapinggiripun sagantên ing Gorontalo. Sela-sela pating janggêlêg, tansah dipun têmpuh ing alun tanpa kêndhat. Swara lan sawangan ingkang pinanggih ing ngriku adamêl sêngsêming tiyang ingkang lêlangên.

--- 1350 ---

Kagunan

Sabakarti Sêmarang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Wiwit madêgipun pakêmpalan, para pangrèh sampun angrancang badhe adamêl gêdhong kangge ajang anggêlar kagunan, ananging sarèhning kabujêng ing prêlu sanès ingkang kêdah dipun wontênakên, satêmah ngantos sawatawis taun katalompèn. Katalompènipun wau jalaran wontên sabab saking sampun angsal papan panggenan ingkang ragi prayogi tumrap kangge ngawontênakên têtingalan tuwin sanès-sanèsipun ingkang minôngka pambabaring kagunan.

Ing salêbêtipun gangsal taunan dumugi titimongsa punika, para pangrèh anyantosani pangrancangipun mamrih Sabakarti tumuntên sagêda gadhah gêdhong piyambak. Rekadaya kadospundi sagêdipun kalêksanan. Ing ngriku para pangrèh ambudidaya, angaturakên sêrat panyuwunan dhatêng pamarentah, nyuwun bagean arta lotre agêng. Ing wasana kasêmbadan panyuwunipun, kaparingan bagian kathahipun 5.000 rupiyah. Kagunggung kalihan arta saking darma-darma saha saking sanès-sanèsipun, sampun wontên kirang langkung 30.000 rupiyah. Arta samantên wau kamanah sampun anyêkapi petanging cêngkorongan kangge iyasa gêdhong. Pramila sapintên gênging panuwun tuwin kabingahanipun para pangrèh sumarambah dhumatêng para warga, prasasat tanpa upami.

Ing samangke kantun miling-miling angupados papan panggenan, ing wasana sagêd pikantuk ancêr-ancêr siti maluwa ingkang wiyaripun kirang langkung wontên 4000 mètêr pêsagi, inggih punika, siti gêmintê ingkang dumunung wontên ing Karênwèh. Sanadyan ing wêkdalipun samangke papan panggenan wau dumunung ing salêbêtipun kitha ragi kapering mangetan, ananging saking pangintên ing têmbe botên ngantos sadasa taunan êngkas, sampun tamtu dados têngah-têngah. Amargi mêlaripun kitha Sêmarang wau ing sêmu lèrègipun mangetan. Ing ngriku Sabakarti lajêng ngawontênakên parêpatan agêng, anggêlarakên ancêr-ancêr wau. Karampunganing rêmbag sami sarujuk tumuntên angaturakên sêrat panyuwunan dhatêng gêmintê rad.

Anyarêngi dhumawahing kabêgjanipun pakêmpalan Sabakarti, sagêd kasêmbadan panyuwunipun, pikantuk idin kenging angênggèni siti maluwa wau dipun adêgi gêdhong kanthi kêkancingan 75 taun.

Ing tanggal kaping 15 wulan Marêt 1931, wiwit bikak siti sarwi amasang talêsaning saka guru kalayan ananêm wit waringin sakêmbaran, mawi kajumênêngan para pangagêng sawatawis tuwin utusan saking pangrèh praja Kasunanan saha saking Mangkunagaran ing Surakarta, sarta wêwakiling pakêmpalan-pakêmpalan. Sadaya wau sami amêmuji widadanipun. Wiwitan lan pungkasaning pakurmatan, wontên pratôndha suwara gumalêgêr kaping tiga. Badhe kasambêtan.

Wir.

--- 1351 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 82.

10. Gêndhing kangge adêgan danawa prêpat utawi danawa wanan, punapadene kewan ingkang badhe kangge prang sêkar.

Pamatrapipun.

Tumrap danawa prêpat gêndhing Jangkrik Genggong, lampah-lampahipun dipun wiwiti irama lancaran, lajêng kajantur dados gêndhing Êmbat-êmbat Panjalin. Têlasing janturan dados gêndhing Jangkrik Genggong malih. Suwukipun sêsêgan, kasambêt ada-ada sanga wantah.

Têndhing[3] Kagok Madura, lampah-lampahipun dipun wiwiti irama sêsêg, lajêng kajantur, têlasing janturan irama wangsul sêsêg malih. Suwukipun sêsêgan, kasambêt ada-ada sanga wantah.

Gêndhing Babat Kêncêng, lampah-lampahipun kados Kagok Madura.

Gêndhing Kagok Madura tuwin Babat Kêncêng wau panjanturipun sasampuning kênong satunggal.

Panganggenipun.

Gêndhing Jangkrik Genggong, Kagok Madura kangge danawa prêpat utawi danawa wanan.

Gêndhing: Babat Kêncêng, kangge kewan.

11. Gêndhing kangge adêgan sasampuning prang sêkar.

Pamatrapipun.

1. Gêndhing: Genjong Goling, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

2. Gêndhing: Rênyêp, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

3. Gêndhing: Kêncèng Barong, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

[Grafik]

Tuladha mripat kêdhondhongan.

4. Gêndhing: Songgèng, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 5.

5. Gêndhing: Sêmiring, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 5.

6. Gêndhing: Sêmèru, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 6.

7. Gêndhing: Senapati, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

--- 1352 ---

Sadaya gêndhing ing nginggil punika lampah-lampahipun kados gêndhing Gambirsawit (utawi kados gêndhing Lana ing adêg sabrangan dede danawa).

8. Gêndhing: Gègèrsore, kê: 4 krêp, kênong 4 gong, andhawah saking gong panunggul.

9. Gêndhing: Mênyan Kobar, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

10. Gêndhing: Madu Kocak, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

11. Gêndhing: Galagothang, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

Panganggenipun:

Gêndhing: Galagethang,[4] kangge danawa raton.

Gêndhing: Gègèr sore, kangge Sri Baladewa.

Gêndhing: Kêncèng Barong, Senapati, Genjong Goling, kangge ringgit bapangan utawi gusèn.

Sanès-sanèsipun wau kangge ringgit gabahan utawi putrèn.

Kasêbut ing gêndhing bibar prang sêkar wau, manawi wancinipun sampun botên longgar, prayoginipun ngangge gêndhing ladrangan kemawon, inggih punika gêndhing: Uluk-uluk, Kêmbang Tanjung, Gonjang Galing, Giyak-giyak, Lompong Kèli, Gadhung Mlathi, Eling-eling, Pangkur, Surung Dhayung (= Côndraupa), Gôndasuli, Clunthang.

Sadaya wau lampah-lampahipun kados gêndhing Gôndakusuma, nêsêgakên utawi anjantur wontên sampuning gong. Gêndhing-gêndhing ladrangan punika ugi kangge babak unjal ing pathêt sanga, lampah-lampahipun kados kasêbut ing ngajêng.

12. Gêndhing salêbêtipun pathêt manyura.

Pamatrapipun.

1. Gêndhing: Prakutut Manggung.

2. Gêndhing: Pujôngganom, andhawah saking gong têngah.

3. Gêndhing Irim-irim.

4. Gêndhing Runtik, andhawah saking gong gulu.

5. Gêndhing Pocung.

6. Gêndhing Capang, andhawah saking gong 5 alit.

7 Gêndhing Banthèng Warèng.

8. Gêndhing Bangbang Wetan.

9. Gêndhing Kuwung-kuwung, andhawah saking gong têngah.

10. Gêndhing Montro.

11. Gêndhing Dhalang Karainan, andhawah sagong laras 6.

12. Gêndhing Ramyang. 13 gênès. 14 gêndrèh.

Punika sadaya gêndhing kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

15. Gêndhing Mrak Kasimpir, kê: 2 krêp, kênong 2 gong.

16. Gêndhing Talimurda, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

Lampah-lampahipun ing kê: 2 krêp, kê: 4 krêp, lan sapanunggilanipun wau, kados ing gêndhing pathêt sanga.

Wondene manawi wanci sampun botên longgar, prayogi ngangge gêndhing ladrangan kemawon, kados ta: 1. Kôndhamanyura, 2. Ladrang Manis, 3. Ladrang Randhat, 4. Sawunggaling, 5. Lipursari, 6. Talakbodin, 7. Kêmbangpepe, 8. Sobah, 9. Moncèr, 10. Srikaton, 11. Wilujêng, 12. Gonjangcèrèt, 13. Ladrangmangu, 14. Wani-wani, 15. Ricik-ricik, 16. Pêksi Kuwung. (Badhe kasambêtan)

Suharda.

--- 1353 ---

Jagading Wanita

Parêpatan SJARIKAT ISTERI JAKATERA.

Pakêmpalan wanita ingkang namanipun kasêbut ing nginggil, mêntas parêpatan manggèn wontên ing gêdhong Pêrmupakatan Gang Kênari, Batawwi, kathah ingkang sami ngrawuhi.

Nyonyah S.Z. Gunawan (kêkudhung) sêsêpuh, murwani ambikak parêpatan, Nonah Nurjanah maos ayat-ayat Kuran. Wusana lajêng ngrêmbag ing bab griya lare lola Islam tuwin arta kas masjid. Salajêngipun mratelakakên ing bab adêging griya lare lola, angsal wawênang saking notaris Mr. Ophuysen kanthi lêlahanan. Adêging griya wau namung apawitan arta f 425.- saking kadarmaning ngakathah. Mila salajêngipun ngajêng-ajêng pitulungan saking kadarmanipun para golongan Islam.

[Grafik]

Wusana lajêng mratelakakên ing bab arta kas masjid, mirid katrangan, pigunaning arta wau prêlu kangge lare-lare lola, ngubur mayit ingkang tanpa waris, tuwin sanès-sanèsipun, nanging pinanggihipun ragi sulaya. Sêsêpuhing griya lola wau inggih sampun ngaturi sêrat dhatêng para ingkang wajib ing bab arta kas masjid satanah Jawi tuwin Madura, kajawi Surakarta lan Ngayogyakarta, prêlu nyuwun pitulungan, sadaya wontên 75 panggenan. Nanging ingkang sagah nguruni namung Bojanagara, sabên wulan f 5.-

Lajêng dipun sambêti Nyonyah Mangun Puspita, sêsorahing bab wajibing ngagêsang. Gêntos Nyonyah N. Badjenet Effendi (ing ngandhap) bôngsa Arab, mratelakakên bab pangangge wanita Islam. Lajêng kapratelakakên, nyonyah wau nyukani pasitèn kangge Sjarekat Isteri Jakatera kanthi sewan f 5.-, dene arta sewan wau kadarmakakên dhatêng griya lare lola. Kajawi punika taksih tampi darma saking sanès-sanèsipun malih. Wusana bibaran wilujêng.

--- 1354 ---

Sêrat Mardi Kawi I, II.

Para maos kados sampun sami pirsa bilih pangêcapan: De Bliksem ing Surakarta ngêdalakên Sêrat: Mardi Kawi. Ing pangangkah kadamêl tigang jilid, ingkang sampun wêdal kalih jilid. Wondene miturut ngalamat, isinipun jilid I: Wyakarana Kawi, jilid II: Waosan Jawi, jilid III: Kawi-Jarwa.

Mênggah kajêngipun Tuwan W.J.S. Purwadarminta ngêdalakên sêrat: Mardi Kawi wau miturut ingkang kawrat wontên ing: purwaka, rèhning nitik gêdêring swara, basa Jawi punika niyat badhe dipun ajêngakên, awit kamanah basa punika sarana ingkang prêmati kangge anggayuh dhatêng luhuring bôngsa, môngka saking rumaosipun Tuwan W.J.S. Purwadarminta: kasusastran Jawi punika pangudinipun kêdah mawi anyumêrêpi basa Jawi ingkang sampun sêpuh-sêpuh, inggih punika basa Kawi, jêr ing jaman samangke basa Kawi wau taksih kathah ingkang kêrêp kasrambah wontên ing sêrat-sêrat waosan. Dados ancasing sêdya sêrat Mardi Kawi wau kapanjurungakên dhatêng tiyang kathah, lowung kadamêl ular-ular, kangge sarana anggayuh kasusastran ingkang dhêdhasar sêsêrêpan.

Kula tumut mangayubagya. Mêmuji sagêdipun kalampahan punapa ingkang dipun kajêngakên.

Pasinaon basa Jawi Kina punika ingkang amiwiti utawi damêl kapenginipun tiyang kathah Sang Minulya Prof. Kern, ramening pamarsudi, ingkang sakawit inggih namung muthêk dhatêng para sarjana bôngsa Walandi, pabên-pabênan, sarasehan utawi katêrangan-katêrangan panyêratipun ingkang kathah inggih mawi basa Walandi. Tumrap bôngsa Jawi ingkang botên sagêd basa Walandi, rêmbag-rêmbagipun para sarjana Walandi ing bab kasusastran Jawi Kina, botên angêrtosakên, mila wontênipun sêrat Mardi Kawi wau pancèn inggih prayogi. Punapa ingkang dados pamanggihipun para sarjana ingkang sami kawrat wontên ing:

1. Kawi-Studien (Dr. H. Kern).

2. Verspreide Geschriften VIII. IX (Dr. H. Kern)

3. Pustakawarti Kawi (R.Ng. Dr. Purbacaraka)

4. Kawi-Balineesch-Nederlandsch Woordenboek (Dr. H.N. van der Tuuk).

5. Oudjavaansch-Nederlandsch Woordenlijst (Dr. H.H. Juynboll).

Kapêndhêt saprêlunipun katata sae, mikantuki kangge ular-ular marsudi basa Jawi Kina.

Jilid I ngrêmbag bab paramasastra Jawi Kina, kaperang dados 29 perangan. Jilid II isi waosan cacah 18, pêthikan saking sêrat-sêrat Jawi Kina, mawi dipun sisihi jarwanipun. Dados kenging kangge nocogakên lêrês lêpating panyuraos.

Rèhning jilid III punika tumrapipun jilid I sarta II prêlu sangêt, prêlunipun kaangge madosi têgêsipun satunggal-satunggaling têmbung, mila ing pamuji mugi-mugi enggala kawêdalakên.

K.

[Iklan]

--- 1355 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lurik

IV.

Garèng: Andharanamu lagi dina Sabtu kang kapungkur kae, aku iya wis akur. Hla, saiki kapriye, dene kowe ngarani, yèn wong Jawa wis rata padha ngênggoni lurik-lurikan, jarene banjur bisa ngundhakake kabudidayan.

[Grafik]

Petruk: Lo, kuwi mêngkene, Kang Garèng, lagi anu aku rak ngandhakake, yèn suwe-suwene nênun kuwi dadi pagawean sambèn, têgêse saomah-omahe, anggêre kabênêr nganggur, wong-wonge wadon sing ênom-ênom banjur padha nênun, nanging têmtune sing mangkono kuwi iya ora kabèh, mêsthine iya ana bae sing ora kobêr babarpisan, jalaran saka pakulinane sabên dina. Kaya ta: garwa utawa para putrine priyayi-priyayi jaman saiki kiyi. Lo, kuwi pakulinane sabên dina wis beda bangêt karo wong-wong lumrah, dadi iya wis ora kobêr babarpisan saupama dikon nênan-nênun kuwi. Mara ta pikirên bae, bisane kobêr nênun wayah apa, nèk garwaning priyayi kuwi. Esuk jênggèlèk wungu, banjur siram, salêbare siram, banjur busana, tasikan. Môngka wiwit siram tumêkane rampung busana lan tasikad[5] barang mau, rikat-rikate iya ana karotêngah jam dhewe. Sauwise banjur ngladosi pangunjukane kopi lan dhahare sarapan kang raka, lo, kiyi iya ora kurang saka sajam dhewe. Nèk rakane wis pangkat nyang kantor, banjur amanggalih anggone rêrêsik kamar. Hla, kiyi anggone andhawuhi babu karo anggone andukani, maido barang, kurang luwih iya ana satêngah jam, sauwise banjur dhawuh koki supaya balônja nyang pasar. Lo, kiyi sanadyan le dhawuh balônja mung satêngah, gêdhe-gêdhene sarupiyah, ewadene anggone andhawuhi nyang koki mau iya ana satêngah jam dhewe, jalaran sêmang nganggo nêrang barang dhisik: Apa isih duwe lombok, uyahe apa isih cukup, trasine apa ora kurang, lan sapiturute. Sauwise koki bolak-balik balik-bolak niliki paga,

--- 1356 ---

lagi didhawuhi apa sing kudu dituku. Kang sapisan kêkurangane uyah, lombok, trasi, banjur andhawuhi apa sing dibutuhake, kaya ta: gori têlung sèn, daging satêngah kati, brambang, bawang, kêncur, bêngle, tumbar, jintên ...

Garèng: Wiyah, ana sakèhing majakan kok dhawuh nuku, apa arêp nyêkoki kang raka.

Petruk: Lo, aku mung arêp ngandhakake pêpaking blanjane. Sauwise rampung anggone dhawuh-dhawuh mau, banjur sônja utawa disanjani. Lo, kiyi iya sok nganti jam-jaman, jalaran sok akèh lan rupa-rupa bangêt sing dirêmbug, kaya ta: mundhak mudhune rêrêgan pasar, rêkasane pagaweane ingkang raka, nisthane tôngga têparone ...

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi rak banjur jênêng ngrasani tôngga, nèk tumrape para putri jaman saiki, sing akèh-akèh wis padha pangajaran, wis mêsthi ora krêsa yèn ngêngrasani alaning tôngga kuwi, awit kiyi rak panggawe sing ora bêcik bangêt. Ngrêtia Truk, nèk para putri jaman saiki kiyi ora bakal kurang rêmbug, wong pancèn iya padha sugih kawruh lan sugih kapintêran, seje, sèh, nèk dipadhakake karo para putri jaman biyèn kuwi, umume rak bodho-bodho, mulane iya padha nurut-nurut. Hla nèk jaman saiki para putri wis padha pintêr-pintêr, aja manèh si kakung nganti pêtingkah karo putrine, lagi ngandika jangane rada anyêp bae, rak sida kalakon diprênguti pêndhak dina têmênan.

Petruk: Wiyah, wiyah, kok banjur dipukul gambang sama rata mêngkono, bab wani utawa lantape wong wadon nyang wong lanang, kuwi ora saka bodho utawa pangajaran, nanging pancèn iya wis dadi dhasar. Awit akèh bae wong wadon sing pancèn bodho, nanging nyang laki kaya tungkul arêp anglêthak-ngalêthaka, kosokbaline akèh bae wanita sing dhuwur pangajarane, nanging nyang laki bêkti bangêt. Nanging ora bab kiyi sing lagi dirêmbug, mulane saiki padha ambalèni rêmbuge ngarêp. Kowe saikine rak iya ngrêti, ta, yèn priyayi putri sing tak kandhakake ing ngarêp, gênah ora kobêr babarpisan, ing môngka isih akèh manèh pagaweane sing durung tak kandhakake, kaya ta: main tènis, maca roman ...

Garèng: Iya, iya, wis ngandêl aku, yèn para putri kiyi padha akèh bangêt pagaweane, nganti ora kobêr apa-apa.

Petruk: Dadi iya ora kobêr nênun. Tumrap para priyayi putri kiyi, sing cacahe mêsthine iya ora sathithik, têmtune banjur dianakake pabrik lurik sing gêdhêm kae, sing bisa yasa lurik sing apik-apik, sing brêgis-brêgis, cêkake sing bisa gawe lurik sing warna-warna kae, aja nganti nulak pamundhute para priyayi-priyayi mau.

Garèng: Iya, kiyi prêlu bangêt, awit ladènane para priyayi putri kuwi umume sok angèl, apamanèh priyayi putri jaman saiki, ngagêm apa-apa jarene cara Walandane kudu nganggo sêmak, upama dicara Jawakake kiraku: kudu bisa mêmantês. Klambine lurik mêngkene, tapihe iya kudu mêngkene. Mulane [Mula...]

--- 1357 ---

[...ne] iya prêlu bangêt, mêngkone pabrik lurik mau kudu bisa gawe modhèl-modhèl sing nganti ora karu-karuan kae.

Petruk: Iya mula mêngkono, Kang Garèng, mulane wusanane pabrik lurik iya banjur akèh. Yèn wis akèh pabrik lurik, mêsthine banjur akèh wong tani sing mrêlokake nandur kapas, kang bakal digawe lawe bakal tênunan, ing môngka wit kapa kuwi ora milih lêmah, ana ing salêmah-lêmahe bisa trubus, hara, apa kiyi ora untung bêsar tumrape wong tani, awit lêmah sing maune diêmprahake, sabab bêra, saikine banjur kêna dijukuk kasile, jalaran banjur ditanduri kapas mau.

Garèng: Tumraping nagara iya bêgja bangêt, jalaran bakal mundhak karaharjaning praja, kang atêgês mundhak ... pajêge.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja anggêdabrul mêngkono. Nèk wis samono playune, têgêse: wong Jawa wis warata padha sênêng nganggo lurik-lurikan, kang anjalari akèh pabrik lurik, akèh wong nênun minôngka kanggo pagawean sambèn, akèh wong tani padha nênandur kapas, saikine mêsthi banjur butuh wong-wong sing padha agawe kapas mau dadine lawe, yaiku sing diarani tukang ngantih. Hara, tuwuhing golongan tukang ngantih ana ing donya Jawa kiyi, apa ora nyuda cacahe wong-wong nganggur. Jalaran saka apa sing wis dak andharake kabèh kiyi, yèn wong Jawa wis umum padha dhêmên nyang lurik-lurikan, rak cêtha bangêt gêdhening pigunane tumrap nagara wutah gêtihe lan wong-wonge. Nanging rêmbuge bab kiyi padha dicuthêl samene bae, liya dina rêmbugan bab liya manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sawangan palabuhan ing Gorontalo, dipun tingali saking nginggil rêdi.

--- 1358 ---

PETHIKAN SAKING SERAT-SERAT KABAR SANES

INDONESIA

Kawêdalakên saking Indonesia. Kapal J.C.J. Linjn ingkang mêntas bidhal saking Tanjungpriok ambêkta bangsa Tiong Hoa 10, 3 asli saking Sumatra Kilèn, 3 saking Borneo, 4 saking Bêtawi, sami kawêdalakên saking Indonesia, jalaran botên gadhah sêrat immigratie.

Tindakipun tiyang ambalithuk, wosipun kintên-kintên inggih namung jalaran badhe pados kêmayaran.

Pangiridan ing D.S.M. Dèli Spoorweg Maatschappij inggih botên kantun nindakakên pangiridan tur kêncêng. Ingkang badhe dipun irid arta kilo mètêr, standplaatstoelage, wragad pindhah tuwin premie panganggening arêng, sadaya kasuda 50%. Nanging blanja têtêp. Tuwin manawi wontên punggawa pènsiun, botên dipun têtêpi malih.

Panyudanipun wau, cêthanipun namung nyuda balêdug. Nanging kadosa pundi kemawon, ingkang nama nyuda, têmtu araos damêl sakit.

Pangiridan alit. directeur Pangajaran mêntas maradinakên sêrat dhatêng para pangagêng nagari tuwin gemeente, ingkang suraosipun ngrêmbag bab sudaning balanjanipun jongos sêkolahan angka kalih. Panyuda wau badhe tumindak wiwit wulan Januari 1932. Pangiridan wau tumrap satunggil-satunggiling tiyang botên sapintêna, nanging kêlêmpakipun ing dalêm sabên sêtaun wontên f 36.000.-

Lo, gunggungipun têka inggih lumayan.

Pangiridan sêpur. Wontên pawartos, jalaran kabêkta saking mangsa kados makatên, wiwit benjing tanggal 1 Mèi 1932 sêpur-sêpur têruthuk ing bagean kilèn, wontên ingkang kasuda lampahipun.

Ingkang pakaryan sêpur sagêd katrajang pakèwêd kados makatên; tumraping gêsang limrah punapa inggih botên badhe ngrancang sudaning kabêtahan?

Pakêmpalan wanita ngrêmbag babagan siti. Ing Padang Panjang mêntas wontên parêpataning para wanita saking golongan pakêmpalan warni-warni, saha lajêng madêg komite. Ingkang dhatêng ing parêpatan kirang langkung wontên wanita 1500. wosipun ngrêmbag kawrataning manah ing bab panyuwunipun I.E.V. dhatêng parentah ing bab siti ing Indonesia. Rêmbag ingriku anglairakên wêwaton ingkang salaras kalihan raos kawrataning manah. Gêlênging rêmbag damêl motie dhatêng komite Raad kawula Tuwan M.H. Thamrin ing Bêtawi.

Wèh, kawantêraning wanita, taksih mambêt raosing kêbatosan: sadumuk bathuk, sanyari bumi.

Pakêmpalan para doktêr. Kala malêm Ngahad kapêngkêr, pakêmpalan Indische Geneeskundige afd. Sêmarang ngawontênakên pêpanggihan wontên ing gêdhong Sobokarti, Sêmarang, kanthi paargyan, prêlu mèngêti adêging pakêmpalan sampun 26 taun. Kathah tamu ingkang sami rawuh. Doktêr Munandar sêsorah ing bab kawontênanipun pakêmpalan doktêr bangsa Indonesia. Pakêmpalan wau kala taun 1909 dipun êdêgakên dening Dr. Tehepeory wontên ing Bêtawi, inggih panjênênganipun wau ingkang anduwa kaparêngipun parentah badhe nglorot drajating Stovia. Wusana parentah botên anglajêngakên kaparêngipun, malah lajêng manggih pamulangan luhur doktêr (M.H.S.).

Lêlabêtan utami kanthi kasantosaning ngakathah, nêtêpi kados bêbasan ngamanca: "rukun agawe santosa". Benjing punapa sayukipun sami ngêdhakakên tarip?

Ngamuk. Kala dintên Jumuwah kapêngkêr, wanci enjing ing Prinsenlaan, Bêtawi, jongosipun Tuwan Lauw soroh-amuk mawi dêdamêl sanjata, sagêd nyanjata hoofdagent politie, Tuwan Louw, nyonyahipun tuwin Nyonyah Tiong Hoa sanèsipun kêkalih, wusana ingkang ngamuk nyênjata badanipun piyambak lajêng ambruk. Tuwan Lauw kalajêng tiwas, sanès-sanèsipun taksih dipun upakara wontên griya sakit, sami rêkaos. Jalaraning ngamuk, jongos wau mirêng badhe dipun kèndêli anggènipun nyambut damêl.

Samantên pêtênging manahipun tiyang badhe kapêjahan têdha.

Pamulangan luhur pangadilan. R.P. Notosutarso, lulus doctoraal examen perangan kapisan ing pamulangan luhur ing Bêtawi.

Kantun sapisan êngkas. Kasêmbadana.

Milih kadigulakên. Kawartosakên, têtiyang bucalan ing Digul ingkang sampun sami kaparingan pangapura wangsul dhatêng tanah Jawi, sami gadhah panuwunan dhatêng nagari, supados kaparêngakên wangsul dhatêng Digul malih, amargi wontênipun ing tanah Jawi sami rêkaos pados têdha, beda kalihan wontên ing Digul, wontên ing ngrika sagêd nênanêm, sagêd dados pambantu panyêgah pênyakit malaria tuwin sanès-sanèsipun. Malah manawi dados tiyanging parentah dipun paringi têdha.

Cobi, wolak-waliking jaman sagêd malik lêlampahan kados makatên.

Bank kabangsan Indonesia. Awit saking ada-adanipun pakêmpalan para sudagar Indonesia ing Bukit Tinggi, Minangkabau, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1932 ambikak bank National Indonesia.

Bagus.

Kêkirangan arta ing Indonesia. Kawartosakên, sasampunipun kaetangn malih, Tuwan van der Bussche, Directeur babagan arta praja, mratelakakên bilih kêkirangan arta ing Indonesia lêrêsipun namung f 182.400.000.-

Manawi makatên kirang saking pangetang rumiyin, ewadene mêksa sahohah.

Panggêsangan ing Jawi Kilèn. Ing Bantên kathah kabudidayan karèt katutup. Têtanèn ing Bêtawi kêkirangan toya, anjalari kiranging panenan; rêgining rajakaya mlorot sangêt; pakaryan damêl kopi mèh tanpa rêgi, barang ingkang rumiyin rêgi 25 sèn sapunika namung rêgi 6 sèn, malah wontên ingkang rêrêgèn 35 sèn namung rêgi 4 sèn. Papan pambathikan ing Kêbayoran rumiyin 60 kantun 48. Ing Krawang botên kêmêdalan, botên narik landrente f 162.598. Rêrêgèn tèh mlorot sangêt, ngantos botên urup dipun sade, malah kabudidayan tèh kathah ingkang tutup.

Namung pinuji sagêda enggal pulih malih.

Balanja kuli. Miturut pawartos, Avros nêtêpakên balanja kuli kabudidayan, tumrap kuli jalêr sadintên 37 sèn, kuli èstri sadintên 32 sèn, lan nêtêpakên rêgining wos sabên sakilogram 7 sèn. Kajawi punika, ing sapunika botên kawontênakên padamêlan mirunggan, dados botên badhe wontên êrês-êrês sanèsipun.

Pêpetanganing arta ingkang namung samantên wau, kalêbêt namung dados pêpancèn ukur-ukur gêsang. Inggih namung amêmêlas.

Mèh kêtiwasan. Ing gang Pêseban, Bêtawi, wontên tiyang jalêr neneman badhe ngrabi satunggiling lare èstri wêdalan pamulangan Mulo, sarana nêmbung dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun katampèn. [katam...]

--- 1359 ---

[...pèn.] Nanging têtiyang anèm wau botên wanuh dhatêng wanita ingkang badhe nglampahi, wanita wau lajêng badhe nganyut tuwuh, rahayu sagêd katututan. Dene salajêngipun tiyang sêpuhing lare èstri nyandèkakên rêmbag.

Sapunika kêdah ngèngêti paribasan enggal, kêbo ngênut gudèl.

Begal julid. Aksi martosakên, kala malêm Kêmis kapêngkêr, wanci jam 10 dalu, wontên bakul nama Bok Wiryosudarmo, numpak andhong wangsul saking nagari badhe mantuk dhatêng Kuthagêdhe, wontên margi dipun goncèngi ing tiyang lajêng ngrêbat bêbêktanipun, Bok Wiryosudarmo ngantos dhawah, botên wontên tiyang nulungi, amargi têbih padhusunan. Botên dangu wontên auto, nanging jêbul malah tumpakanipun durjana. Wusana durjana wilujêng oncat numpak auto. Barang ingkang kabêkta durjana rêrêgèn f 4812.

Kamajênganing durjana sasat gambar idhup.

Durjana kacêpêng. Kados sampun ingkang kapratelakakên ing K. No. 85 ing bab pulisi kêkalih ing Brêbês ingkang dipun tatoni ing durjana. Ing sapunika mantri pulisi ing Banjaraja kanthi pulisi sanèsipun sampun sagêd nyêpêng tiyang nama Wangsabêrata tuwin Nalim sami ing dhusun Cikakak, saha sampun sami ngakêni, piyambakipun ingkang natoni pulisi kêkalih, awit saking sakit ing manah, mêntas nyolong kajêng ing wana dipun cêpêng dening pulisi kêkalih wau. Sapunika tiyang kêkalih ingkang kacêpêng, sampun sami dipun kunjara ing Brêbês.

Sami-sami durjana, kêrêp adamêl kasusahaning pulisi. Saya tumrapipun wontên ing mangsa kados makatên.

Ngusum têtingalan jêmpol. Ing Bêtawi ing wêkdal punika wontên têtingalan jêmpol, 1 Opera Dardanella, wiwitipun main wontên tanggal 30 wulan punika, 2 Miss Ribut, wiwitipun main ugi tanggal 30, jèjèr kalihan Opera Palestina, ingkang sampun main sawatawis dintên. Têtingalan tigang warni wau sajakipun sami jor-joran anggèning badhe ngêtog kagunan.

Bêbathèn tuwin kauntunganipun kintên-kintên badhe botên malèsèd, dene kapintunanipun[6] cêkap dipun sanggi ing para sadhèrèk kampung.

Bubati[7] ngêmori rêmbag bab Jumungahan. Tuwan Suwita mêntas dipun timbali ingkang bupati ing Batang, prêlu kadangu prakawis adêging Jumungah ing kantor P.S.I.

Bab punika prayogi dipun êntosi, kadospundi kawusananipun.

Balanja Resident. Kawrat kêkancingan Gouvernement tanggal 15 October 1931 No. 21, ngêmohi B.B.L. miturut ewah-ewahan padamêlan tumrap priyantun bangsa Europah tuwin tiyang siti tanah guprêmèn ing pulo Jawi tuwin Madura. Ewah-ewahan wau ingkang wigatos ing bab balanja tumrap para resident. Dumuginipun sapunika, wiwiting balanja resident tumrap pangagêng afdeeling sawulan f 1350.- tumrap resident ing kitha ingkang agêng f 1500. Ing sapunika dipun ewahi, resident pangagêng afdeeling wiwit balanja f 1500.

Dados kiyak-kiyakipun malah mindhak.

Kina Hindia kakintunakên dhatêng Tiongkok. Doktêr Tiong Hoa têtiga ingkang kakintunakên dening parentah Hindia kangge mitulungi Tiongkok sampun dumugi Hankow. Dr. Sie Boen Liang têrus tumindak ing damêl, mariksa pagêblug sêsakit malaria. Salajêngipun kakintun telegram dhatêng D.V.G ing Hindia, supados ngintunakên kenine 2 ton. Dene kawontênanipun tiyang ingkang tiwas pinanggih atusan.

Sintên ingkang botên ngalêmbana dhatêng asiling siti ing Hindia, sawêg keninenipun kemawon sampun murakabi pundi-pundi. Têtêp nama bumi êmas.

Tuwuh ama tikus. Ing bawah district Tanjung tuwin Banjaruja, Brêbês, ing wêkdal punika tuwuh ama tikus. Tikus wau sami nêmpuh ing sabin utawi patêgalan, ngantos adamêl risaking têtanêman.

Ama ingkang tuwuh wontên ing mangsa kados makatên punika nama nyuru[8] wuwus.

Congres P.P.I. Wontên pawartos, bilih "Perserikatan Perkumpulan isteri" angèngêtakên rêmbag, ngundurakên anggènipun badhe ngawontênakên congres, saèstunipun benjing salêbêtipun wulan April 1932, manggèn ing Surakarta.

Unduring congres punika nyêkapi kangge tata-tata badhe adêging para wanita, mila benjing têmpuking damêl pinuji sampun ngantos nguciwani.

AMERIKA

Bangsa Tiong Hoa ing Canada. Bangsa Tiong Hoa ing Canada, ingkang gadhah sêdya badhe ngintunakên golongan wadya dhatêng Tiongkok, dipun pambêng dening parentah tuwin pulisi, awit tindak makatên punika botên dipun kengingakên dening undhang-undhang Canada. Tumrap sabên lampah militèr ingkang bidhal saking Canada, atêgês nêrak undhang-undhang Canada, kajawi manawi lampah militèr wau saking tatananipun parentah Canada.

Sawarnining tindak ingriki raos winêngku, inggih kêdah mawi ngèngêti tatanan praja.

EUROPA.

[Grafik]

Gambaripun ingkang bupati ing Pathi nalika badhe malêbêt ing Ridderzaal.

--- 1360 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi.

3.

[Sinom]

sapraptanira ing praja / wus dhêdhêt janma anganti / samya arsa amahargya / marang rawuhirèng gusti / awit warta wus wradin / kalamun mangkya sang prabu / prapta amboyong garwa / pêparinging dewa luwih / marma samya dahat wigati ing karya //

tan lyan sêdyaning kawula / arsa ngluhurkên sang putri / riwusing kalakon prapta / para janma kang umèksi / mring warnèng pramèswari / sakala mawèh kayungyun / dening nyata kadayan / têrusing panggalih suci / kang umulat nulya kataman sih trêsna //

sawusira angadhatyan / têtêp rumêngga ing puri / sakala pura Ruhuna / lir katêkan bagya luwih / tan antara katawis / titiking putri linangkung / dening para kawula / sadaya samya jrih asih / anganggêp mring sori yayah dewanira //

dene sang sori sanyata / tulusing budya nêrusi / trêsnanira mring sasama / adhasar sucining galih / satêmah anênarik / sêtyaning sadayanipun / riwusing kasêmbadan / pra kawula sayuk sami / suka-suka mêmuji raharjanira //

ing mangkya kaparêng nata / papan têpining jaladri / kala sri sori tumêdhak / pinèngêtan dèn yasani / candhi kalangkung luwih / agêng myang kalangkung luhur / miwah sinungan nama / ran Wihara Mahadèwi / nut asmaning sori kang angraras driya //

II. Pramèswari ing Ruhuna

[Mijil]

dahat katon araras ing mangkin / sajroning kadhaton / lir pindhaning taru koncatan we / mangkya antuk riris angadhêmi / satêmah sanggyaning / taru-taru tuwuh //

kang mangkana katitik sayêkti / cocog nèng lêlakon / para janma ayêm sadayane / pra kawula sayuk rukun sami / angangkati kardi / abot ènthèng saguh //

lakuning kang among dagang mangkin / rame sagon-ênggon / turah-turah nênggih bêbathène / para tani wêkêl ulah siti / pawêtuning bumi / kongsi tumpuk-tumpuk //

dinohan ing laku ala juti / kabêkta rahayon / tan ana wong laranên awake / lumrah janma samya waras-wiris / otot awak mêsi / lumrah kuli punuk //

kang mangkana dadya pratandhaning / kaluhuran katong / Sang Aprabu Kawantis samangke / wit kadayan kautamèng sori / kang satuhu nunggil / kautamanipun //

marma mangkya sri nata ngugêmi / sabda kang kawiyos / lamun arsa ngrêksa salamine / mring sori Wihara Mahadèwi / tanapi ngayomi / kasugênganipun //

tandukira sri nata katitik / mring garwa angêmong / rasa kadi ngênut sakarsane / winoran ing trêsna miwah asih / marma sang suputri / arêna ing kalbu //

nanging datan pisan gêng ing galih / gyanira dèn êmong / sang supadmi malah ngrasa mangke / lamun antuk dana budi luwih / kang rasa nêrusi / tumanêm akukuh //

wantunira tyas ambêg linuwih / datan mangguh awon / pra kawula samya asih kabèh / winor ajrih maring jêng supadmi / ing salami-lami / mung anggung anggunggung //

lawan malih sori Mahadèwi / dahat ing wigatos / nêngênakên marang agamane / datan ana tindak kang kasilib / atanapi lali / maring bêktinipun //

myang sri sori darbe ambêg asih / mring sasamaning wong / datan pisan yèn ambedakake / nadyan agêng atanapi alit / mung tinampi sami / dinuman sihipun //

langkung asih maring pêkir miskin / tumanêm tyas kasok / anggung ngarah mring karaharjane / datan kêndhat sang sori pêparing / mring pêkir pinanci / têdha kongsi tuwuk //

atanapi sabên wanci enjing / ajêg tanpa towong / paring bukti mring janma sanggyane / kang dêdunung sawênèhing candhi / tan kêndhat anggili / antuk bukti cukup //

kala-kala kaparêng ngrawuhi / maring ênggon-ênggon / kang kalangkung siluk panggonane / onggyanira para pêkir miskin / rahab anindaki / kanthi rênèng kalbu //

ambêbêkta kang barang pêparing / kang puspita kaot / anggônda rum mratani têbane / myang usada tuwin sandhang bukti / dinumkên waradin / mawèh suka nutug //

tuhu lamun datan nguciwani / sanggyaning lêlakon / ananging ta sang sori jatine / anggung ngrasa kacuwan ing galih / dene wus alami / datan asêsunu //

kang mangkana anggung anungtumi / mring raosing batos / marma dahat kapengin ing mangke / sambadaa pêputra sang putri / saya saupami / apêputra jalu //

amarêngi samana sri sori / nalika umiyos / angrawuhi mring pakêmpalane / para wiku kang samya anggusthi / ing bab darma luwih / pahêman gumrunggung //

sanalika lu-uluning rêsi / duk uning kang rawoh / anggung mandêng tan ana kêdhèpe / ing wusana nyakêt matur ririh / araras bêbisik / linut taklimipun //

ulun matur mring sori sayêkti / katon ing pasêmon / padukyarsa antuk suka gêdhe / datan wontên nugraha kang mirib / kadi kang katitik / nèng pasêmon langkung //

praptanira kang kabagyan yêkti / têtêp sampun manggon / tuwuh saking tindak kotamane / dene nyata paduka nyêtyani / mring agama luwih / anêrusi kalbu //

duk miyarsa pramèswari aji / angandika alon / sarwa ririh linut ing gujênge / mugi paman wêwartaa nuli / paran kang pinanggih / sasmita linuhung // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]


anggitan. (kembali)
anggitan.
kalihan. (kembali)
kalihan.
Gêndhing. (kembali)
Gêndhing.
Galagothang. (kembali)
Galagothang.
tasikan. (kembali)
tasikan.
kapitunanipun. (kembali)
kapitunanipun.
Bupati. (kembali)
Bupati.
nyaru. (kembali)
nyaru.