Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-07, #643

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-07, #643. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-07, #643. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 89, 25 Jumadilakir Taun Je 1862, 7 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1393] ---

Ăngka 89, 25 Jumadilakir Je 1862, 7 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Piwulang Yasan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV

[Dhandhanggula]

Yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara ||

panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti pamriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||

watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||

angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sasamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||

--- 1394 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tiyang Pintêr

Garèng: Wah, Truk, wis rada lawas aku ora kêtêmu, nganti aku rumasa kangên bangêt nyang ... sêgamu wadhang. Ora Truk, timbangane saiki padha ngrasakake anggone bakal dicêngklong manèh blanjane nganti 10%, luwih bêcik padha omong-omongan, nèk-nèke bisa ngundhakake sêsurupan. Truk, Truk, ing sarèhne kowe kuwi wis rada anjajah, aku kêpengin kok kandhani. Andak iya ing tanah Jawa kene kiyi saiki wis akèh wong pintêr.

[Grafik]

Petruk: We, hla nèk wong pintêr saiki wis bal-balan têmênan. Apa kowe ora kulak wêrta adol prungon, yèn saiki wis ana pamulangan luhur warna têlu, kang anjalari wis pirang-pirang wong sing padha duwe sêsêbutan insinyur, dhoktêr lan mistêr.

Garèng: Lo, kuwi rak wong-wong sing olèh pangajaran sing mêncit, dudu jênêng wong pintêr. Nèk wong sing wis olèh pangajaran, sanadyan durung pati mêncit-mêncit bangêt, kuwi sanyatane mono awit cindhilku, iya wis akèh, nanging sing kêna diunèkake pintêr rak isih lăngka êmbah buyute lăngka. Mara, buktine apa yèn ing tanah Jawa kene wis akèh wong pintêr, nèk mung duwe titêl Mr. Dr. utawa Ir., lo kuwi mungguh panêmuku durung kêna yèn banjur dicap bae: iki wong pintêr.

Petruk: Apa karêpmu, supaya wong sing pintêr mau padha ambuktèkake kapintêrane sarana laku mangkene: sing dadi insinyur, anggêre kapêthuk sauwong-uwonge banjur nyuwara mêngkene: he, wêruh kowe, kiyi insinyur, wong pintêr, bisa gawe omah, gawe krêtêg, gawe kapal, bisa ngêdêgake gêdhong sing nèk waragade mung f 30.000- bisa tak garap kanthi waragad f 40.000-, awit iya sabab kudu cucul ambayar anggonku pintêr krana titêlku insinyur mau. Dene nèk dhoktêr anggone arêp ambuktèkake le pintêr, sabên kêtêmu uwong, banjur ngucap: arêp sumurup, iki lo dhoktêr, pintêr nambani sakabèhing lêlara, ing sarèhning dhoktêr kuwi pintêr, nèk nambani wong lara, mari ora mari, satêkanan, apês ambalêbês, kudu dibayar saripis ...

--- 1395 ---

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi rak pintêr golèk dhuwit. Ora, Truk, kok seje têmên karo nagari liya-liya, kaya ta ing Eropah, Amerikah, lan sapêpadhane. Lo, kuwi nèk jênêng wong pintêr iya ana buktine têmênan, kang kanthi bisa kasumurupan ing sajagad, kaya ta: ngarang-ngarang ana ing layang kabar, kalawarti utawa ing buku-buku ...

Petruk: Wah, Kang Garèng, tumrap wong Jawa ana rong prakara sing anjalari ora bisa nindakake sing mêngkono kuwi, kang kapisan, wong Jawa kuwi nèk mêncit-mêncit pangajarane, lumrahe blanjane iya gêdhe. Hla nèk wis gêdhe blanjane, sing akèh-akèh iya banjur ora kobêr babarpisan. Mara ta pikirên bae, priyayi sing mêngkono kuwi biasane jam 7 wis tindak nyang kantor, jam 2 lagi kondur bae, têkan dalêm, salêbare dhahar banjur sare, wungu sare, sauwise siram barang, banjur tindak main tènis utawa ngunjuk wedang karo garwane, kuwi sok nganti têkan jam 6, salêbare jam 6 banjur tindak pisitê utawa mriksani bioskup. Sakondure ing dalêm manèh, kira-kira jam 9 utawa jam 9.30, mung kèri sayahe bae, kang iku salêbare dhahar mulane iya banjur mapan sare. Ing măngka durung tak kandhakake anggone tindak kamar bolah, mriksani bangsawan, utawa tindak nyang ... tayuban. Hara, kobêre ngarang bae jam pira.

Garèng: Wayah, nèk kaya ngono kuwi, apa dalême mung prasasat kanggo pasanggrahan thok. Hla iya mêsthi bae yèn tanpa ana kobêre. Mêngko dupèh ora tau nang dalêm, sabab tungkul gilir nyang garwane sing ênom, iya ngêndika yèn ora kobêr babarpisan. Sabênêre nèk kobêr kuwi kudu dianak-anakake, nèk ora, iya mêsthi bae yèn ora tau duwe kobêr babarpisan. Saiki caritakna dhisik prakara kang ăngka loro, kang kok anggêp ngalang-alangi ambuktèkake kapintêrane sarana ngarang mau.

Petruk: Kang kapindho, wong Jawa kuwi wêwatêkane lumuhan, têgêse: wong Jawa kuwi lumuh bangêt, yèn dikon pamèr utawa anggêlarake kaluwihane kuwi. Awit dikuwatirake yèn banjur dadi kibir, kang wusanane banjur rumasa dadi Raja Pirngon.

Garèng: Wayah, kuwi rak siksa-siksa atine, manawa anggone ngatonake kaluwihane mau pancèn amigunani têmênan ing akèh, sanadyan sajroning pikire ana kibire sathithik, kaya-kaya ora dadi ngapa, jalaran, padhane rak wong driyah kae, sanadyan ing batin muni: hla, wong aku, iya bisa driyah samono. Nanging anggone driyah mau rak uwis olèh ganjaran, prakara anggone kibir muni: hla wong aku, mau, kuwi rak wis ana bageane dhewe. Karo manèh bok wêwatêkan sing lumuhan mau rada diilangi sathithik, wong jamane saiki kiyi wis beda bangêt karo biyèn-biyèn, nèk mung tungkul mênang mênêng iya bakal kapiran têmênan, awit ing jaman saiki kiyi, sing akèh-akèh sing bisa mumbul kuwi, iya sing sugih gêlar utawa sing dhêmên pamèr. Iya wong sing mêngkono [mêng...]

--- 1396 ---

[...kono] mau, sing sok bisa kêpilih dadi pangarêping pakumpulan, malah nèk rada gêdhe bêgjane bisa duwe pamêtu f 30 sadina, yaiku dadi ... lid polêkrad.

Petruk: Iya, nèk anggone gêlar mau nganggo waton, hla nèk gêlare mung sêsongaran bae, wusanane iya bisa kalakon diplêsirake nyang Dhigul.

Garèng: Iya mêsthi bae, yèn gêlare mau sabisa-bisa kudu akanthi gêmblengan, dene wusanane barêng dipilih bisane mung angop bae, lo, kuwi prêkara blakang. Sabênêre, Truk, aku kiyi rak ngarêp-arêp bangêt, bok bangsaku sing pangajarane padha dhuwur-dhuwur, kuwi padah ngarangi buku-buku, sing pancèn gêdhe pigunane tumrap bangsane dhewe kiyi. Ing măngka ing tanah Jawa kene, wong sing wis pangajaran dhuwur-dhuwur, kaya unimu mau rak wis têtumpukan, sing dadi propesor, wis ana, sing dadi dhoktêr wis rindhil, sing dadi mistêr iya wis pating brubul, sing dadi insinyur, iya wis ora nguyang. Cêkake ing tanah Jawa kene ing bab apa-apa, pancène mono iya wis kumpêlit bangêt, hla, ambok iya, para jamhur-jamhur padha krêsa andriyahake sêsurupane sing mêncit-mêncit têkan wit kalapa kuwi nyang wong-wong kaya aku kowe kiyi, ora prêlu kabèh, saprasatuse bae rak iya lumayan. Yaiku sarana ngarang-ngarang nyang buku, kalawarti utawa layang-layang kabar, ambok iya aja cara jaman biyèn kae, sing akèh-akèh anggêr duwe kapintêran padha diêmplêp dhewe bae, jarene kuwatir, nèk ditularake nyang wong liya nèk-nèke ora kuwat. Wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae.

Palabuhan

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganipun palabuhan ing Kaliangêt, Madura.

--- 1397 ---

Kawruh Sawatawis

Caplin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Pamrayogi makatên wau pancèn lêrês, saha wajib dipun lampahi. Nanging tiyang jalêr wau botên angèngêti bilih anjampèkakên sêsakit kados makatên punika waragadipun botên sakêdhik, mila lajêng kalair ing bab raos awrating manah, saha mratelakakên sabab-sababipun.

Tiyang jalêr wau sarêng mirêng têmbung makatên punika namung anggalègès gumujêng kemawon, awit sagêd ngêjibakên gampil anggènipun angsal arta, waton purun nêmbung dhatêng tiyang sugih ingkang asih dhatêng piyambakipun, tamtu angsal. Mila lajêng mangsuli sagah badhe nyêkapi kabêtahanipun wau.

Ing wanci dalu tiyang jalêr wau dhatêng panggenanipun tiyang sugih, kalêrêsan tiyangipun pinuju mêndêm, inggih lajêng grèwèl angsal arta kemawon. Nanging anyarêngi kalamangsanipun, ing dalu wau wontên pandung andhêdhêp badhe mandung dhatêng panggenanipun tiyang sugih wau, saha sarêng sumêrêp kalebating arta lajêng nêmpuh purun, nêdya mrajaya dhatêng tiyang ingkang sugih. Tiyang anèm lajêng tumandang nulungi dhatêng tiyang sugih, nanggulangi panêmpuhipun durjana, nanging lajêng katungka wontên pulisi dhatêng tandang, durjana oncat, kantun tiyang anèm piyambak, lajêng dipun cêpêng, dados udrêg-udrêgan rame, dene wêkasanipun tiyang anèm sagêd oncat kanthi ambêkta artanipun.

Enjingipun taksih umun-umun, tiyang jalêr wau sampun dumugi ing griyanipun wanita sade sêkar, nyukakakên arta kathah ingkang nyêkapi kangge jêjampi. Nanging wusananipun tiyang jalêr wau saèstu dipun cêpêng ing pulisi, saha sarêng kaajêngakên dhatêng pangadilan, lajêng katêtêpakên ukum kunjara, galundhêng.

Tiyang jalêr wau rumaos manggih papa sangsara sangêt, ngicipi raosipun tiyang manggèn wontên ing pakunjaran, supêking manahipun sampun botên kenging dipun êlar malih, sagêdipun namung nangis ing batos malah kalajêng dumugi nangis lair.

Nanging punapa inggih wontên paukuman botên mawi watês, kajawi tiyang dosa agêng. Wusana kalampahan, tiyang jalêr wau luwar saking pakunjaran, wah, lêganing manah kados punapa, sapunika ngraosakên sagêd ngulèt kobèt, sagêd sumêrêp papan bawera, sumêrêp pêpadhang sumêblak. Nanging gêsangipun lajêng kadospundi, tumungkul mrika sêpa, tumungkul mriki sêpi, wusana botên sande namung badhe angênggèni bêbasan, banyu mulih dadi banyu, inggih punika rumiyin ngêmis, sapunika inggih badhe ngêmis malih.

Sayêktos, tiyang anèm wau samêdalipun saking pakunjaran lajêng papariman. Satunggiling dintên lampahipun tiyang anèm wau dumugi griya padagangan sêkar sakalangkung agêng, wontên ing ngriku mingak-minguk ningali nglêbêt, wusana sumêrêp, bilih ingkang gadhah padagangan wau tiyang èstri ingkang sakit [saki...]

--- 1398 ---

[...t] mripat kala rumiyin, ing sapunika sampun saras, mripatipun bêlalak-bêlalak bêning. Kados punapa kagèting manahipun tiyang jalêr anèm, ngantos araos tumratab, saha lajêng ngèngêti dhatêng lêlampahanipun sadaya. Wusana sande anggènipun papariman, lajêng badhe kesah.

[Grafik]

Tuwan Caplin mindha tiyang mlarat.

Kacariyos tiyang èstri ingkang sade sêkar, ingkang pancèn kêdunungan ambêg wêlasan, jalaran angèngêti kala rumiyin sampun nate dipun pitulungi tiyang, sarêng sumêrêp tiyang priman wau badhe kesah, lajêng dipun purugi saha dipun candhak tanganipun badhe dipun sukani arta, nanging tiyang jalêr puguh botên purun, sarana nglairakên têmbung panampik.

Ing sanalika ngriku, tiyang èstri lajêng nguwalakên tangan kanthi nyawang dhatêng tiyang jalêr wau ngantos amalongo kanthi kamoran anjanggirat, makatên ugi tiyang jalêr inggih malongo, dene sababipun, tiyang èstri wau lajêng èngêt wêwentehan, nalika mripatipun dèrèng kenging kangge ningali, kêrêp sangêt kapranggul suwara ingkang kados makatên, saha lajêng botên pangling, inggih punika tiyangipun ingkang tansah suka pitulungan dhatêng piyambakipun. Nanging gumun, têka malèsèd saking pangintên, awit rumiyin kakintên, tiyang ingkang dêdana punika miliyunèr, nyatanipun jêbul tiyang kados makatên, makatên ugi tiyang jalêr anèm, ing sapunika ugi rumaos manawi kawêlèh, awit rumiyin mêngku kajêng, bilih anggènipun kêrêp nyukani arta ngantos dumugining pitulungan ingkang wêkasan, mêngku kajêng supados piyambakipun dipun wastanana miliyunèr, dados botên makèwêdi anggènipun anggadhahi melik, jêbul ing samangke pinanggihipun kados makatên. Wusana kalih-kalihipun lajêng namung andalongop.

Lêlampahan kados makatên punika manawi namung karaosakên sabrebetan, wujudipun wontên ing têtingalan namung adamêl gujêng, nanging manawi dipun raosakên lêbêt, kêtingal lêlampahanipun ingkang adamêl ngêrêsing manah ingkang pinanggih saênggèn-ênggèn, saya sarêng dumugi wêkasanipun.

Kados makatên andharan cariyos pambanyolipun Tuwan Caplin.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên ing bab kamulyanipun [kamulya...]

--- 1399 ---

[...nipun] Tuwan Caplin, sarêng sampun dados badhud ingkang misuwur, namanipun inggih lajêng misuwur, nanging misuwuripun wau lajêng araos beda, botên ing bab badhudipun, namung cinêkak kamisuwuranipun Tuwan Caplin.

[Grafik]

Charlie Chaplin.

[Grafik]

Mahatma Gandhi.

Sayêktosipun kawontênanipun Tuwan Caplin inggih pancèn anèh, têka lajêng gadhah wêwatêkan ingkang kautamènipun botên beda kalihan tiyang linangkung. Inggih punika nalika wontên ing Londhon ing wêkdal punika, sabên dintên malampah mrika-mriki katingal sêmu prihatos, jalaran saking ngraosakên jaman malèsèd ingkang anggêgirisi punika. Wontênipun ing Inggris, nate andhèrèk dhahar sarêng kalihan Sang Pangeran Wales pangeran pati Inggris. Nate wawan ginêm kalihan para ahli pulitik ingkang misuwur. Wusananipun kapanggih Sang Gandi, tiyang ingkang namanipun misuwur ing jagad.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, tumrap bedaning darajatipun tiyang kêkalih wau, tumrap ing băngsa Jawi tamtu lăngka sagêdipun kêpêthuk, nanging tumrapipun ing tanah kilenan, kamulyan punika inggih sagêd nginggahakên darajat, sanadyan badhuda pisan.

[Iklan]

--- 1400 ---

Ulah Raga

Kaprigêlan inggih Ulah Raga

Tumraping băngsa Jawi, ngantos asring kalepyan ingkang dipun wastani ulah raga, pancèn bokmanawi ing kinanipun ingkang dipun wastani ulah raga wau dèrèng wontên, nanging kaprigêlan, sampun wiwit kina mila wontên.

[Grafik]

Gambar nginggil punika pandadaran kaprigêlan nyunggi kranjang katumpuk-tumpuk, ing nagari Londhên.

Dene ingkang dipun wastani kaprigêlan wau warni-warni sangêt, tur sajatosipun kaprigêlan wau inggih kêgolong ulah raga, awit nyatanipun, tiyang ingkang ahli ulah raga punika limrahipun prigêl. Dados kaprigêlan punika sajatosipun inggih ulah raga.

Ingkang sampun pinanggih ing nyatanipun, kados ta para ulah bêksa, punika sanadyan badanipun katingal ringkih, nanging tamtu katitipan kakiyatan ingkang botên mèmpêr manawi dipun pirid kalihan wujudipun, kados ta ing bab anggèning bêtah ngadêg, bêtah lumampah tuwin sanès-sanèsipun. Punapadene ulahing badan, tangan, suku inggih cêkakipun ulahing badan sakojur, gadhah kajêng adamêl ebah ingkang mahanani dados kiyat, nanging sadaya wau nama tumandang alus, kajêngipun jogèd alus. Dene jogèd punika wiwit alus ngantos dumugi ingkang kasar, nanging botên tilar ulah raga, malah ingkang kasar saya katingal ulah raganipun, tur sakasar-kasaraning jogèd Jawi, inggih taksih nama alus. Namung wontên botên cocogipun sakêdhik, utawi botên mathuk kalihan jaman ing sapunika, ing bab anggèning tiyangipun kêra-kêra, dados tumraping ulah raga botên mitayani. Nanging bab makatên punika tumraping raos Jawi, botên kenging lajêng dipun sababakên kados makatên, awit băngsa Jawi punika sawarnining tindak damêlipun mawi alêlambaran tapa, inggih atêgês alêlambaran kaalusan batos. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1401 ---

Cariyos Kina

Gugon Tuhon

Mênggahing băngsa Jawi tindak tirakat punika nama sampun tumanêm manjing wontên ing balung sungsum, angèl sagêdipun nêbihakên dhatêng tindak kados makatên punika. Dene patirakatan wau warni-warni, nanging wosipun namung badhe dados tăndha dhatêng antêping sêdya utawi tekad, awit adhakanipun tiyang punika manawi sampun narajang dhatêng tekad, ingkang mawi jalaran patrap tirakat, ingkang lajêng tumêmên yêktos, dados ing pangintên kasêmbadaning sêdyanipun wau botên tuwuh sabab ingkang anèh-anèh. Nanging bab punika salugunipun inggih botên kenging lajêng dipun êbabi makatên, awit mênggahing raos sajak gêgayutan kalihan kabatosan, măngka mênggahing kabatosan punika botên gampil dipun gagapi kalihan pangintên.

Ingkang kêlimrah tiyang tirakat punika lesaning kajêngipun tamtu ngalap barkah dhatêng panggenan ingkang dipun tirakati, wontên ingkang jalaran papan patirakatan wau ing kina nate dipun ênggèni tiyang linangkung, wontên ingkang pancèn pasarean.

Ing ngriki nyambêti cariyos ing bab patirakatan badhud tuwin ringgit. Ing bawah Madiun wontên dhusun nama Bogangin. Kacariyos ing kinanipun, nalika ing ngriku dèrèng dados dhusun, kêrêp wontên tiyang manggih barang-barang êmas wontên ing ara-ara. Sampun watakipun tiyang rêmên dhatêng gugon tuhon, ing papan ngriku punika lajêng dipun wastani pêkên dhêmit.

Sampun tamtu kemawon piandêl ingkang kados makatên wau lajêng tumular saha lajêng dados kêlimrah, dangu-dangu lajêng dados tata ngadat, ing sabên taun sapisan, têtiyang ing dhusun ngriku sami ngawontênakên wilujêngan kaklêmpakan, manggèn wontên sangandhapipun wit soka agêng. Ujubipun mêmule dhatêng ingkang ambaurêksa ing ngriku. Jalaran saking kathahipun tiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, papan wau lajêng dados papan kabingahan, ing kalanipun kalêmpakan mawi nong-ning nong-ning, dipun jogèdi ing ringgit, kalanturipun lajêng dados nayuban alit-alitan, limrahipun dipun wastani janggrungan. Sarêng tumindak kados makatên, tiyang ingkang dhatêng saya kathah, malah ngantos dipun lurugi ing tiyang saking mănca dhusun. Tata ngadat ingkang kados makatên wau lajêng dipun wastani anuruti saking kajêngipun ingkang ambaurêksa ing ngriku.

Tiyang manawi badhe gadhah piandêl ingkang anèh-anèh punika inggih botên kirang jalaran. Sawênèh ing dintên kalanipun nuju kêmpalan, ing ngriku botên dipun wontênakên ramèn-ramèn kados padatan, namung wilujêngan kemawon. Dilalah ing ngriku lajêng wontên tiyang kêsurupan, ngadêg nyat agidro-gidro kalihan wicantên pathènthèngan, ungêlipun: aku ora trima, ta ayo, aku iki Dèn Bandhol, sing ambaurêksa kene, aku dhêmên bangêt janggrungan, genea thik saiki ora janggrungan, aku nêpsu bangêt. Kowe kabèh mêsthi tak têkaki.

Kados punapa gugupipun tiyang ingkang sami kêmpalan wontên ing ngriku, saking sami ajrihipun,

--- 1402 ---

lajêng wontên ingkang ngapurancang kalihan wicantên: sampun kalajêng-lajêng duka Dèn Bandhol, janggrungan gih janggrungan, nanging sampun lajêng badhe nêkaki tiyang makatên. Wangsulanipun Dèn Bandhol: yèn ngono aku ya sênêng, thik ayo. Ing salajêngipun, sabên nuju wilujêngan lêstantun ngangge cara kados makatên.

Dangu-dangu lajêng nuwuhakên piandêling tiyang, bilih ingkang ambaurêksa ing ngriku punika lêlêmbat nama Dèn Bandhol, karêm dhatêng janggrungan. Wusana têtiyang sami pitados, tamtu kenging dipun têdhani sawab tiyang badhe dados ringgit utawi badhud. Inggih kalampahan salajêngipun dados patirakatanipun tiyang ingkang nêdya badhe dados kados makatên, ugi sami kasêmbadan.

Tindak ingkang kados makatên punika cêtha sangêt manawi namung gugon tuhon, nanging ugi wontên saenipun, dene anggènipun gadhah panjăngka wau lajêng kanthi antêp.

Salajêngipun bab makatên punika indhaking wartosipun lajêng panjang, prêlunipun namung badhe ngantêpakên dayaning papan patirakatan. Kados ta wontên badhud, ingkang anggènipun dados badhud wau botên tirakat wontên ing papan ingkang kacariyosakên ing nginggil, nanging sajatosipun tiyang wau pancèn botên gadhah niyat badhe dados badhud, namung nyuwun supados sêmpulur anggènipun pados têdha, lan malih tiyang wau pancèn botên kêtitipan lucu, manawi wicantênan kalêmèk-kalêmèk, tur sêmu nganyêlakên, sampun malih damêl gujêng sagêda, sawêg ginêmipun kemawon sampun damêl anyêlipun tiyang, mila kêrêp kemawon manawi tiyang wau nuju ginêman lajêng dipun kesahi ing sanès.

Nanging tiyang wau sarêng sampun tinarimah saking anggènipun nênêpi, saking cariyosipun, nalika enjing mantuk, wontên ing margi kêpapag tiyang, tiyang ingkang sumêrêp wau lajêng gumujêng kêkêl, ngantos adamêl botên sênêngipun ingkang dipun gêgujêng saha lajêng mungêl: kula mang gêgujêng niku, napa kula badhud. Wicantênipun kados makatên punika botên anjalari kêndhakipun ingkang anggêgujêng, malah saya sangêt. Saking bingungipun ingkang gêgujêng, ngantos ngêndhêgi tiyang sanès saha wicantên: awidhi, punapa mèmpêr, tiyang punika têka anggêgujêng kula, gèk ingkang dipun gêgujêng punapa kula. Nanging tiyang ingkang dipun pitakèni wau malah inggih tumut gumujêng kêkêl. Wusana wontên tiyang sêpuh langkung inggih lajêng nyêlaki kalihan wicantên sampun katutan gujêng: botên, niku anggêguyu napa ta, kula dèrèng wêruh kênthang kimpule kok ênggih êmpun milu angguyu.

Tiyang tiga lajêng pratela sami botên sumêrêp sababipun. Tiyang sêpuh lajêng pitakèn: si anak niku mêntas saking pundi, ta.

Tiyang ingkang mêntas tirakat mangsuli: kula mêntas tirakat saking panggenanipun Dèn Bandhol.

Tiyang sêpuh: o, la, layak, têgêse si anak niku êmpun kêtrima, angsal pulung badhud.

Tiyang ingkang mêntas tirakat wau lajêng mantuk kanthi nalangsa ing manah, wusana dangu-dangu lajêng nglampahi dados badhud, sanadyan ginêman sêsakecanipun, inggih adamêl gujêng.

Kados makatên antêping gugon tuhon.

--- 1403 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab Kumidhi Bangsawan

Ing suwau sajatosipun kula botên sobat dhatêng bangsanipun bangsawan utawi sêtambul punika. Jalaran pamainipun mêsthi botên nate gantos-gantos, kados ta: sabên wontên ingkang mêdal têmtu lajêng nyuwara makatên upaminipun: "Adapun kami ini sêorang raja di bênua Bahdad." Salajêngipun nuntên wicantên makatên: "Marilah kami sêkarang bêrsênang-sênang." Sasampunipun musik lajêng kaungêlakên: ngok-ngik-ngok, ngok-ngik-ngok, thiyèt-thiyèt, lan pun tiyang wau lajêng jêrat-jêrit mênyanyi. Ingkang makatên punika sampun dados adat, sabên wontên ingkang mêdal, cara-caranipun inggih makatên. Mangga punapa punika botên ambosêni tuwin angênêg-ênêgi. Nanging ing jaman samangke punika sampun nama jaman kamajêngan, sadaya-sadaya têmtunipun inggih lajêng sami ngudi dhatêng kamajêngan wau, tur inggih kamajêngan cara kilenan, ingkang samangke sawêg dipun anggêp ing tiyang ingkang sae tuwin murni piyambak. Pangudinipun dhatêng kilenan wau, botên ngêmungakên ing bab kawruh kemawon, nanging cêkakipun ing bab sadaya-sadayanipun, inggih ing bab: kabudayan, kagunan, dalasan kabêsusan kemawon inggih sampun cara kilenan, buktinipun: samangke kathah tiyang siti ingkang pêpulasan abrit, ngantos: pipinipun mingir-mingir, lambenipun mèngèr-mèngèr, irungipun mungur-mungur ... e, nas, punika rak irungipun tiyang ingkang nyobat sangêt dhatêng A.O. Makatên ugi mênggahing bangsawan, samangke inggih lajêng tumut ambyuk dhatêng kamajêngan, tur nyara kilenan. Amila sipatipun sêtambul inggih lajêng kenging dipun wastani ical babar pisan. Ingkang limrahipun sêtambul jaman rumiyin mêndhêt dêdongengan saking: sèwu satunggal dalu, samangke ingkang dipun pitongtonakên namung ingkang modèrn-modèrn kemawon. Nyanyinipun samangke inggih sampun botên wontên, wontênipun namung wontên ing tontonan sêsêlan, inggih punika ingkang dipun wastani: extra. Cêkak aos têtingalan bangsawan punika samangke sampun saèmpêr têtingalan kilenan blêjêt.

Sapunika ing Bêtawi wontên têtingalan ingkang makatên wau cacahipun tiga, inggih punika: Miss Ribut, Darnanella tuwin Palestina Opera. Mangga samangke kula badhe damêl wawasan sawatawis mênggahing pamainipun têtingalan têtiga wau, nanging punika inggih namung nama obrolan, dados têmtunipun inggih botên maton. Dene ingkang badhe kula rêmbag rumiyin pêmainipun:

Miss Ribut sakancanipun.

Padatanipun kula manawi ningali Miss Ribut, punika wontên ing manah sok ngraos: rêmên, gumun nanging inggih sok wontên gêlanipun. Anggèn kula rêmên, jalaran saking sae saha pintêring pamainipun. Gumun: ingatasipun prasasat botên gadhah pangajaran, têka samantên kasagêdanipun, mênyanyi lan dansah cara punapa kemawon têka sagêd. Dene gêlanipun: saking anggènipun badhe nêdahakên kasagêdanipun, kadhangkala wontên ing mripat sok adamêl sêpêt. Mangga, ta, para maos kula aturi mênggalih piyambak: tiyang èstri ingkang mangangge cara Sala cêkèk, kêmbênan, sêtagenan, wironan ingkang anjalirit, lo, tandang tandukipun rak inggih kêdah alus kathik lêntrêng-lêntrêng, sawêg jêntrak-jêntrik lan cêprat-cêprit kemawon, rak inggih sampun botên mathuk kalihan panganggenipun. Punapa malih manawi makatên, thik lajêng main konto, dansah charleston ingkang mawi pêncolotan lan pêthanthangan, mangga, punapa punika botên murugakên sêpêt dhatêng mripat? Ingkang makatên punika rak botên beda kalihan patrapipun tiyang jalêr, ingkang agêng inggil, gagah prakosa, agodhèg simbardhadha, thik panganggenipun cara Walandi, ingkang lajêng anjogèd alus mètèr, gêndhingipun Gambirsawit. Mangga, ingkang makatên punika punapa wontên raos botên adamêl klêngêr? Inggih makatên punika ingkang sok damêl gêla kula dhatêng Miss Ribut.

[Grafik]

Nalika Pangeranpati nundhung Gagak Sala.

Nanging kalanipun kula ningali mainipun Miss Ribut nalika mêndhêt lampahan: Gagak Sala, wah wontên ing manah namung ngraos rêmên lan gumun, raosing gêla kala samantên sawêg ... pêrlop. Sabab kala punika Miss Ribut pancèn katitik kasagêdanipun sayêktos.

Murih têrangipun, ingriki nyariyosakên sakêdhik wontênipun lampahan: Gagak Sala wau.

--- 1404 ---

Gagak Sala, ingkang dipun mainakên dening Miss Ribut piyambak, punika parabanipun satunggiling waranggana kraton ingkang dipun pundhut ampil dening calon pangeran pati, saha sampun apatutan satunggal. Nanging sarèhne sang pangeran wau badhe dipun angkat dados pangeran pati, kapêksa kêdah nyingkirakên ampilanipun, saha ugi lajêng kalampahan. Wusana ingkang raka sang pangeran nêdya badhe mrêjaya dhatêng ingkang rayi sarana unjukan ingkang mawa racun, nanging sagêd katulungan dening Gagak Sala. Akiripun ingkang lajêng dipun pêjahi inggih Gagak Sala wau.

Sampun samantên kemawon kados sampun cêkap. Namung kula wêwahi sakêdhik ingriki, bilih kala jumênêngipun sang pangeran dados pangeran pati mawi dipun wontênakên têtingalan: bêdhayan, sêrimpèn tuwin perangan bugis.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih ingkang main dados Gagak Sala Miss Ribut piyambak. Mainipun kala punika pancèn inggih sae lan ngêplêki sayêktos. Kalanipun angladosi gustinipun wontên ing dalêm pangeranan, botên mèmpêr-mèmpêra bilih punika namung têtingalan kemawon. Kalanipun Gagak Sala dipun usir saking kadipatèn, anggèning pamitan dhatêng anakipun, inggih adamêl trênyuhing manahipun sadaya para ningali. Anggènipun ngatingalakên kawontênanipun kala Gagak Sala nandhang kamlaratan, inggih mêmêlas sangêt. Makatên ugi nalika Gagak Sala dipun lêbêtakên dhatêng kadhaton saha lajêng kadhawuhan anjogèd, punika sanajan anggènipun anjogèd tuwin amangangge sampun kados tlèdhèk saèstu - ning inggih talèdhèk parêdèn - ewasamantên inggih sampun kenging tiningalan. Cêkak aos ingriki kenging dipun cariyosakên, bilih pamainipun Miss Ribut ing kala punika saèstu andêmênakakên.

Mênggah pêmain-pêmain sanèsipun, ingriki namung satunggal kalih ingkang prêlu kacariyosakên, kados ta: ingkang dados badhut, punika saking lucunipun, gujêngipun ingkang sami ningali ngantos ambata rêbah, sawênèh wontên ingkang ngantos mèwèk-mèwèk utawi kapêntut-pêntut. Dene sanès-sanèsipun inggih namung limrah kemawon.

Dene bab anggènipun ngatingalakên jogèd bêdhayan, sanajan ingkang sami angawaki wau botên kulina anjogèd, nanging sampun kenging tiningalan. Wondene bab jogèd sêrimpèn, sajakipun ingkang main kasêsêlan tiyang èstri nanging sagêd kluruk. Kawontênanipun ... malêmpêm. Jogedan bugis tingalipun gadhah sêmadosan, mila lajêng sajak kasêsa.

Kala punika ing pêmainan ngriku dipun wêwahi têtingalan dhangsah lan mênyanyinipun têtiyang bangsa Manilla. Dene pêmainipun ngrêsêpakên.

Kados samantên sampun cêkap wawasan punika. Samangke gantos:

Darnadella.

Kala mainipun ingkang kapisanan wontên ing Bêtawi mêndhêt lampahan: Dr. Samsi, mênggah cariyosipun cêkakan makatên:

[Grafik]

Sukaesi badhe mbêkta anakipun dhatêng griya sakit.

Dr. Samsi nalika dados student gêsang atêtunggilan kalihan lare èstri nama Sukaesi, nanging lajêng pisahan, botên mangrêtos bilih Sukaesi punika sampun ngandhêg. Sarêng sampun watawis 30 taun, Dr. Samsi sampun semah malih nanging botên gadhah anak, ngêmungakên mupu lare jalêr, ingkang sayêktosipun lare wau anakipun Sukaesi, dados inggih anakipun Dr. Samsi, lan ing kala punika lare wau sampun dados adpokat. Dene pun Sukaesi laki malih kalihan Walandi Kemayoran, wusana Walandi wau dipun pêjahi dening Dr. Samsi, nanging ingkang kadakwa pun Sukaesi. Sarêng dipun priksa ing pangadilan, ingkang ngêmbani prakawisipun Sukaesi wau, adpokat anakipun Dr. Samsi, inggih anakipun Sukaesi piyambak. Ing wusana Sukaesi sagêd luwar saking sêrêgan, lan

--- 1405 ---

pungkasanipun lajêng sami sumêrêp, bilih adpokat wau anakipun Sukaesi patutan kalihan Dr. Samsi kala taksih dados student kasêbut inginggil. Makatên cêkakaning cariyos.

Mênggah kawontênanipun ingkang sami main, kenging dipun wastani racak sae. Langkung malih ingkang main dados Sukaesi, inggih punika ingkang misuwur nama Miss Ja, sanadyan samangke taksih ênèm, ewasamantên sampun nama ngungkul-ungkuli. Anggènipun mitongtonakên kawontênaning gêsang nalangsa, inggih punika nalika Sukaesi sagêd pêpanggihan malih kalihan anakipun malih wau, pancèn langkung sayêktos, ngantos ingkang sami ningali kathah ingkang arawat luh.

[Grafik]

Dr. Samsi (kiwa) kalihan Walandi Kamayoran.

[Grafik]

Sukaesi sampun sêpuh.

Dene ingkang main dados Walandi Kemayoran, pancèn inggih ngêplêki Walandi cèmpèng alias sinyo rêbo sayêktos. Namung ingkang dados Dr. Samsi tingalipun wontên ingriku taksih sok kêclèthut. Kados kêkathahên saupami kacariyosakên sadaya. Ewasamantên kados prêlu ugi kacariyosakên, bilih têtingalanipun sêsêlan katingal angrêsêpakên.

Mênggahing pamanggih kula têtingalan warni kalih kasêbut nginggil wau upami katandhinga makatên, ringkêsan utawi gunggung kêmpalipun sae sadaya.

Samangke kantun satunggal malih ingkang ugi kêdah kacariyosakên, inggih punika:

Palestina Opera.

[Grafik]

Dalêming wadana ing tanah Pasundhan.

Miturut kawontênan opera punika ingkang anggadhahi tuwin ingkang sami main ingriku sadaya têtiyang bumi. Amila kawontênanipun lajêng sajak dipun rèmèhakên, langkung malih sabab pancèn kirang bandhanipun. Ing mangka mênggah nyatanipun, punggawaning opera wau kathah ingkang sami pilihan. Kados ta: Miss Jacoba. Sintên ingkang sampun nate mirêng suwaranipun, têmtu lajêng kêpengin mirêngakên malih. Jalaran suwaranipun Mis Jacoba wau, sae tuwin bêningipun botên siwah kadosdene suwaranipun juru mênyanyi bioscope ingkang sampun misuwur ing jagad, inggih punika: Janet Mac Donald. Makatên ugi dhangsahipun Miss Enok, saking lêmês prigêlipun, ngantos mèh botên beda kalihan juru dhangsah bangsa Europa sayêktos. Kajawi punika taksih kathah malih pêmainipun ingkang pancèn jênggul-jênggul. Nanging ing sarèhning jaman samangke punika nama reclame, têgêsipun jaman gêlar, dados sintên ingkang kawon gêlaripun, inggih lajêng sok asor kawontênanipun, jalaran ingkang kathah-kathah lajêng sami angrèmèhakên. Cobi kula kemawon, saupami purun sabên-sabên angreklamèkakên badan kula, kintên kula misuwuripun inggih sagêd ngantos saindênging jagad, malah bokmanawi saakeratipun pisan, nanging ing sarèhning kula punika botên kècrèt punapa-punapa, inggih lajêng kapêksa namung narimah kemawon nama: pun PÊNTHUL.

--- 1406 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Karisakanipun kuli kontrak ing mangsa punika. Miturut pawartos, salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr, gunggungipun kuli kontrak ingkang kawangsulakên saking tanah sabrang dhatêng tanah Jawi wontên 45.000, lan ing salajêngipun ngèndêli pados tiyang. Ing wulan punika ugi badhe wontên wangsulan kuli-kuli saking Nieuw Calidonie, jajahan Perancis. Ing salajêngipun, kintên-kintên kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi sabên wulan wontên tiyang 5000.

Hêm, sangsaranipun têtiyang ingkang dados kuli kontrak punika têka samantên, gêsangipun lajêng badhe kadospundi?

Patih Kuningan. Parentah nêtêpakên kêkancingan resident Cirêbon, ing bab ngèndêli M. Suparjo, patih ing Kuningan. Miturut pawartos, anggènipun dipun kèndêli wau bab babagan arta.

Têtela arta punika inggih dados kanca, inggih dados mêngsah.

Parêpatan golongan mardika. Kala dintên Ngahad kapêngkêr ing gêdhong kabangsan Gang Kênari, Bêtawi, wontên parêpatanipun golongan mardika. Ingkang dipun rêmbag ing bab ebah-ebahan rakyat kalihan non-cooperatie, pangajaran tuwin sanès-sanèsipun. Punapa ingkang karêmbag sarwa wigatos, kaladuking ginêm dipun cêgah ing pulisi kaping kalih. Wusana ngantos dumugining bibaran wilujêng.

Ing jaman sapunika, sawarnining parêpatan ingkang raos anênangi manah, upami caranipun tiyang sêsadean tamtu laris, têgêsipun kathah ingkang dhatêng.

P.K.J. tumindak ing damêl. Kala malêm Sênèn kapêngkêr, P.K.J. kring Bêtawi saèstu ngawontênakên sêsorah wontên ing clubgebouw Indonesia ing Kramat. Ingkang mêdhar sabda: 1. Tuwan Wignyadisastra, mratelakakên ing bab Pers tuwin Persbureau ing tanah ngriki; cêkakipun nêrangakên prêlunipun nggiyarakên pawartos ingkang kenging dipun pitados tumraping pers tiyang siti. 2. Tuwan Kusumaningrat, mratelakakên ing bab pers ingriki tuwin politiek sajawining praja, punika pikantukipun botên ngêmungakên ngindhakakên sêsêrêpan kemawon, nanging ugi dados wulangan ebah-ebahan kabangsan ngriki. Ing salajêngipun dipun sambêt ing ginêm sanès-sanès ingkang wosipun mikantuki dhatêng kamajênganing P.K.J. tuwin umuming ngakathah.

Ada-ada enggal punika grêngsêngipun wiwit katingal.

Para among dagang botên nayogyani dhatêng palilah malih. Pakêmpalaning para among dagang bangsa Europah ing Sêmarang adrêng panyuwunipu[1] dhatêng resident, supados nyuwak anggènipun maringi palilah main dhatêng papan-papan pamainanipun bangsa Tionghoa, awit nyulayani kasusilan umum tuwin makèwêti bab among dagang. Lan malih kawontênan wau katingal sampun nuwuhakên kirang prayoginipun têtiyang kathah.

Inggih sintêna kemawon, kados-kados kawontênan ing bab main punika, inggih mastani botên prayogi, kajawi tiyang ingkang pancèn rêmên main piyambak. Lan malih, Kajawèn ugi sampun nate nglairakên pamanggih, mrayogèkakên suwaking palilah wau, kasêbut ing Ngobrol Dintên Sabtu, Kajawèn tanggal 3 October 1931 No. 79.

[Grafik]

Adêging pamulangan luhur pangadilan sampun 7 taun. Kala tanggal 28 wulan October kapêngkêr, adêging pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi sampun jangkêp 7 taun. Dhawahing dintên wau dipun wontênakên paargyan saha dipun rawuhi K.T. Ingkang Wicaksana Jhr. Mr. de Jonge. Inginggil punika gambar dalam K.T. Ingkang Wicaksana sakalihan nalika rawuh ing gêdhong pamulangan luhur, dipun papag dening prof. Van Kan tuwin prof. Van Asbeck.

Kawontênan punika têmtu dados pèngêtan babadipun tanah ngriki.

Jalaran ngêlak ndadosakên sabab. Wontên lare nama Sarmin murid pamulangan patukangan golongan tukang bêsi ing Medan, nuju nyambutdamêl cêlakan latu, ngraosakên ngêlak sangêt, ngantos botên sagêd ngampêt, wusana lajêng ngombe dhatêng ngêkran, sarêng toyanipun mancur lajêng dipun tadhahi ing cangkêm, pangombenipun tanpa dugi-dugi. Ingriku lare lajêng botên èngêt, salajêngipun lajêng kaupakara dening dokter wontên ing griya sakit. Miturut pêpriksan dokter, kêbukipun risak.

Punika kenging kangge pêpèngêt, tiyang sampun sêmbrana ngombe kalanipun ngêlak sangêt. Saya prêlu malih kangge ngèngêtakên para lare, awit limrahipun dèrèng gadhah dugi-dugi.

Pangiridan ing H.V.A. Kawartosakên, H.V.A. ing Medan wiwit benjing tumapakipun wulan Januari 1932, manawi wontên punggawanipun bangsa Europa ingkang verlof, ingkang kakengingakên numpak kapal ing klas 1 namung ingkang pangkat procuratiehouder. Tumrap punggawa ing kêbon, manawi numpak kapal ing klas 2, botên angsal bayaran jangkêp.

Pangiridan ingkang kados makatên punika tumrap ingkang kataman, kintên-kintên botên adamêl sakit.

Santun bangsa piyambak. Kasêbut ing Aksi, Tuwan Kesteren, boekhouder kantor Karajan Jawi ing Surakarta, jalaran sampun sêpuh badhe kapènsiun. Dene gêntosipun badhe kapêndhêtakên bangsa Jawi.

Punika satunggiling kamajêngan, awit tumrapipun wontên ing Surakarta, tindak kados makatên punika taksih langka.

--- 1407 ---

Congres Pakempalan Punggawa Dhusun Mangkunagaran. Ing Wanagiri mêntas wontên congresing P.P.D.M.N. kathah wakil-wakiling pakêmpalan sanès sami dhatêng, wêwakil sêrat kabar Mustika, Sêdyatama, Pêpadhang Muhamadiyah, Darmakandha tuwin Swaratama. Ingkang karêmbag punggawa dhusun rumaos tidha-tidha anggèning ngêcakakên kawajiban, amargi botên wontên pathokan tuwin watês-watêsing panguwaosipun. Golonging rêmbag badhe gadhah atur dhatêng parentah praja Mangkunagaran, kaparênga ngawontênakên wêwaton panindak.

Samantên dayanipun pakêmpalan manunggil, nama dados kamajênganing para kêpala dhusun praja Mangkunagara.

Arta kas kabupatèn dipun ulari. Wontên pawartos, arta kas Kabupatèn Majalêngka mêntas kapriksa, kasumêrêpan artanipun kirang f 3000.- arta wau dipun cêpêng dening R. Sudiro, Secretaris. Ingkang gadhah wajib wau lajêng dipun kèndêli saha kalelang griyanipun.

E, têka lajêng kados ajak-ajakan.

Andarmakakên pasitèn. Sawênèhipun priyantun ing Majalêngka, nama R. Argokusumo, andarmakakên pasitènipun dhatêng pakêmpalan P.O. cacah 7 bau.

Punika satunggiling kadarman utami, badhe gêsang saha tansah dipun èngêti ing salami-laminipun.

Pangiridan pangajaran dipun wigatosakên ingakathah. P.G.H.B. pang Surabaya mêntas ngawontênakên pêpanggihan kalihan wêwakiling pakêmpalan 12 ingkang wontên ing kitha, ngrêmbag ing bab badhe pangiridan ingkang ngèngingi pangajaran tumrap H.I.S. Gêlênging rêmbag sadaya inggih sami mastani bilih pangiridan wau badhe adamêl kapitunaning rakyat.

Ing jaman sapunika tiyang ing tanah ngriki sampun sami drêmba dhatêng pangajaran, sabên bab punika badhe dipun uthik-uthik, tamtu adamêl kêraosing manahipun tiyang kathah, ingkang tundonipun ngawontênakên panduwa.

Badhe ngicali arta pitulungan pangajaran. Awit saking kaparêngipun parentah, sapunika badhe ngicali pitulungan pangajaran tumrap para sinau ingkang angsal arta pitulungan saking parentah. Mênggah lampahipun, badhe ngawontênakên paniti, tiyang ingkang sinau wau punapa ing têmbe badhe migunani tumrap dhatêng praja, kanthi awêwaton mirid panggenan ingkang badhe dipun pigunakakên. Manawi kamanah botên prêlu, prajanjianipun kalihan nagari badhe dipun batalakên.

Suwaking pitulungan ingkang kados makatên punika saèstu angalitakên manah yêktos, awit saupami ingkang dipun suwak wau ngèngingi dhatêng tiyang ingkang sampun ngambah pangajaran têngahan utawi inggil, têmtu rêkaos anggènipun ndumugèkakên, amargi tiyang sinaunipun kanthi angsal pitulungan, sajatosipun saking kêcingkrangan.

Angsal-angsalan pakaryan candu. Tumrap ing Medan, angsal-angsalanipun panyadean candu ing wulan Januari dumugi Sèptèmbêr 1931, wontên f 4.490.215.- Ing taun 1930 pêpetangan ingkang kados makatên pêpajênganipun wontên f 6.800.757.- Dados pinanggih suda.

Sudaning angsal-angsalan panyadean candu ing tanah sabrang balapan kalihan tanah Jawi, nanging inggih wontên prayoginipun.

Nyuwun punggawa. Miturut sêrat dhawuh saking Secretaris Guprêmèn têrang dhawuhipun parentah dhatêng para ingkang wajib, mratelakakên, wiwit benjing 31 December 1931, supados ngèndêli para punggawa ingkang asli pènsiun, tuwin punggawa èstri ingkang sampun gadhah laki, nanging ingkang botên dados kêpala baku panggêsangan. Bab punika botên pilih tiyang ingkang sampun têtêp utawi dèrèng, kajawi bilih gêgayutan kalihan kawigatosan padamêlan tuwin sampun dipun parêngakên dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana saking panudingipun pangagêng departement. Tumarp[2] lowongan padamêlan, kêdah namung dipun têtêpi punggawa ingkang kakèndêlakên saking padamêlan jalaran pangiridan.

Pangiridan punika saèstu adamêl sudaning kaberaganipun golongan punggawa wanita.

Nginggatakên arta f 4000.- Pangagênging kantor kawadanan Kasatriyan, Mangkunagaran, Surakarta, mêntas utusan abdi apangkat jajar nglintokakên mandaat f 4000.- nanging wusananipun lajêng kesah.

Lêrêsipun kapitadosan punika kêdah mawi watês, ingatasipun abdi apangkat jajar, punika pangkat ingkang andhap piyambak, lan malih manawi mirid saking pamêdalipun, nama botên sapintêna, dados saupami lajêng katuwuhan kamelikan ingkang kados makatên wau, botên nama anèh, tuwin andadosakên kainanipun ingkang mitados.

Nyalingkuhakên sêrat. Wontên pawartos, adjunct jaksa ing Tasikmalaya kadakwa nyalingkuhakên sêrat prabot prakawis, ing bab prakawis crimineel utawi civiel, tumindaking pamriksanipun jaksa tuwin adjunct jaksa kaprênahakên wontên sanès panggenan. Ing sapunika sampun wontên kêkiyatan, adjunct jaksa ingkang kenging pandakwa; icaling sêrat wau mawi gêgayutan arta bêsêl.

Uthak-uthêk, dhongipun inggih gêgayutan kalihan arta.

TANAH NGAMANCA (ASIA).

Pambucalan. Wontên pawartos saking Kupang, lampah nyingkirakên tiyang golongan ambalela ing Lissabon ingkang kapisan sampun dumugi ing Dilly. Têtiyang ingkang dipun singkirakên wau kapapanakên wontên satunggiling pulo sacêlakipun Dilly.

Tumrapipun ngriki, têtiyang wau saminipun kadigulakên, nanging langkung têbih kalihan papanipun sakawit.

Kaprayitnan. Ing Hongkong pinanggih wontên tiyang èstri tuwin lare-lare bangsa Jêpan saking Canton ingkang badhe kabêkta wangsul dhatêng Jêpan kalihan kapal Chicabu Maru. Toko-toko Jêpan ing pakampungan Tionghoa ing Canton sami dipun tutup, bangsa Jêpan dipun kalêmpakakên nunggil sapanggenan.

Punapa punika sanès satunggiling kaprayitnan?

NÊGÊRI WALANDI.

Kangjêng Ratu Ibu gêrah. Wontên pawartos, Kangjêng Ratu Ibu gêrah, nanging botên nguwatosi, ewadene kaaturan têtêp manggèn ing kamar. Tuwin jalaran sampun yuswa, sarira dalêm kapriksa dening doktêr achli.

Mugi-mugi tumuntêna sênggang.

Sambutanipun tanah ngriki. Miturut notanipun Minister de Geer, nêrangakên bilih sambutanipun tanah ngriki ingkang dipun tata wontên ing nagari Walandi, dumugining pungkasanipun taun 1932 badhe langkung saking 300 yuta rupiyah, punika sampun kalêbêt sambutan ing sapunika kathahipun 114 yuta rupiyah. Samantên wau manawi tanah ngriki botên kadugi nindakakên sudaning sambutan wontên ing taun 1932, utawi ngawontênakên sambutan tumuntên. Pangintên sudaning sambutan praja kantun 250 yuta ripiyah, kintên-kintên botên kêlampahan.

Kadospundi?

--- 1408 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi

6.

[Kinanthi]

Kang pêdhang ingunus sampun | pinasang umalang margi | kang kinira tinarajang | dening wadya kang nututi | kalamun kalakon nrajang | yêkti tan mindho gawèni ||

ing antara datan dangu | cakêt swara kang nututi | abantêr tan pae kilat | narajang pasangan sandi | kapisanan jăngga tatas | sirah gumalundhung siti ||

lêga ing tyas duta prabu | ing mangkya nulya nyakêti | mring wangke kang kasangsaya | miwah anyandhak kêndhali | kapal nutut tanpa daya | anut marang kang nyêkêli ||

mangkya ing salajêngipun | sadaya winorkên nuli | pêdhang myang sirahing wadya | sêkar tunjung datan kari | kuda kêkalih binêkta | wusana budhalan nuli ||

praptaning praja wus katur | pratela tan ana cicir | ing purwa madya wasana | ing wasana sri bupati | kalangkung ing rênanira | dene angrampungi kardi ||

lêlakon ingkang tinêmu | rinasa durarda sihi | dadya sanggyaning pamêca | yêkti pinangguh nètèsi | marma mangkya parêng nata | angganjar mring duta aji ||

winisudha pangkat luhur | myang busana amênuhi | yèku tandhaning nugraha | kawula wêkêl nglakoni | dhawuh pakaryaning praja | yèn kabênêr antuk bêcik ||

ing mangkya pan wus tinêmu | wêca ingkang kaping kalih | dadya wus tinêmu nyata | tan ana kang anyidrani | myang rasaning kasamaran | wus lalu tan anabêti ||

wusana salajêngipun | amung kari nganti-anti | mring wahyèng wêca prayoga | kadi kang ingucap nguni | yèku sori apêputra | miyos jalu langkung pêkik ||

saking kadêrênging kalbu | raos kamoran prihatin | sang supadni datan kêndhat | mêminta sajroning batin | mugi tulusa sêmbada | ing têmbe umomong siwi ||

tan kêndhat anggung mèt laku | adêdana pêkir miskin | nrahkên galih kamurahan | maring ing sasami-sami | kongsi tan pisan rumasa | darbe tindak mrih pakolih ||

labêting tindak rahayu | kang tumêrah maring janmi | têmahing piwalêsira | amung nuwuhkên pamuji | mugi jêng sri pramèswara | sugêng lulusa salami ||

aywa kacuwan ing kalbu | mrih lêstari angayomi | mring para kawulanira | kang arasa angadhêmi | tuhu musthikaning pura | kêkasihing dewa luwih ||

ucap kang mangkana tuhu | têtêp nyata lir pêpuji | riwusing antara wulan | sri supadni anggarbini | satêmah nuwuhkên suka | kang warta wus maratani ||

sukuring janma sadarum | saênggon-ênggon katitik | samya gumrumung mêmudya | lulusa praptaning janji | sambada amiyos priya | kadi kang kacipta lami ||

mangkana ugi sang prabu | kalangkung sukaning galih | tan pêgat dènnya mêminta | sambadanira ing benjing | lamun nyata kasambadan | tuhu tinarimèng Widhi ||

samana enggaling laku | lulus dènnya anggarbini | riwusing prapta ing măngsa | miyos kakung langkung pêkik | sêmuning praja sakala | lir katiban wahyu jati ||

pudyaning para linangkung | gumarênggêng angèbêki | anèng sajroning kadhatyan | kang tuhu wèh sêmu luwih | rarasing suka katara | kongsi sumrambah janma lit ||

putra kang miyos sinambut | tinampenan gênti-gênti | sakawit pra ahli tapa | dyan lumintir mring pra putri | ing wusana paripurna | katon kêkuwunging bayi ||

datan dangu adhêdhawuh | mrih para kawula sami | ambuka kang lawang suka | mawa beyaning nagari | dana maring kamlaratan | kang wrata ywa pilih-pilih ||

mangkya pramèswari prabu | ngraos kalêgan ing galih | tan kêndhat anyawang putra | mangkana osiking galih | muga-muga putraningwang | lulusa ingsun êmongi ||

kadi pangajapan ingsun | kang kacêtha wêca bêcik | benjang praptaning diwasa | kawawaa amêngkoni | kaprawiranira nyata | ing jagad datanpa tandhing ||

kawasa ambirat ripu | băngsa Tamil kang ngêbroki | lan mêngkoni praja Langka | kongsi ngêndhihkên kang wajib | ing mangkya wus janjinira | kentas dening putra mami.

lan ing têmbe puntraningsun | kang kawasa amêngkoni | saindênging praja Langka | têtêp ing wuri lêstari | tan ana kang ngongkihêna | kawasane kang ngluwihi.

nanging ta sajatinipun | ciptanira sri supadni | maksih adarbe rangkêpan | kang kalangkung awigati | dene ta ing nyatanira | kang dadya pêlênging èsthi ||

mugi rajaputra besuk | ngrasuka Budha sajati | mrih tan pisan tidha-tidha | lan lulusa lumastari | tan ana agama liyan | kang sumêla makewuhi ||

cipta kang mangkana iku | anggung cinathêt ing batin | mung mangkya kang wus kanyatan | Sang Supadni wus sêsiwi | dadya jatining paminta | wus kasambadan samangkin ||

palêstha kang dongèng sampun | rasa minăngka pêpeling | lamun sêdyanirèng janma | ingkang tuwuh dèn kanthèni | antêping manah sanyata | diwasanira pinanggih. Tamat.

--- 425 ---

Nomêr 57, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Maos Sarana Landhêping Driji

Ing satunggaling dintên kula nate sumêrêp tiyang nyulap sagêd maos sêratan ing dlancang gulungan namung sarana dipun grayangi, sakawit kula gumun sangêt, dene kok sêkti măndraguna têmên, darijinipun kok landhêp sangêt. Ananging wêkasan kêcandhak wadosipun, awit wongsal-wangsul pratingkahipun kok sami, makatên wadosipun. Nalika tukang sulap ngêdumakên dalancang tuwin potlot dhatêng tiyang ingkang ningali, tiyang-tiyang wau tumuntên kapurih nyêrat sakajêngipun, sasampunipun tumuntên dipun gulunga ingkang kêncêng sangêt. Ananging tukang sulap wau nglirik dhatêng salah satunggaling tiyang ingkang cêlak sarta maspaosakên ungêling sêratan, manawi botên makatên tukang sulap wau ethok-ethok mlampah-mlampah, nanging sajatosipun namung badhe sumêrêp ungêling sêratan salah satunggal, tuwin nitèni dhatêng wujuding gulungan. Gulungan sêrat lajêng kaklêmpakakên dipun wadhahi ing caping (topi). Ingkang dipun tampèni rumiyin gulungan dalancang ingkang sampun dipun titèni wau, lajêng dipun sisihakên, awit sêlak konangan, sarêng sampun jangkêp panarikipun gulungan, lajêng ethok-thok mêndhêt gulungan salah satunggal, rekanipun mawi mungêl-mungêl: ah, gulungan kok ora apik, ah, dluwange ala, salajêngipun. Lajêng reka-reka dipun urut-urut, dipun tawangakên dimar, tumuntên mungêl makatên: O, kêsinggihan para sadhèrèk, sintên ingkang rumaos nyêrat, mungêl: saiki jaman malèsèt ... Ananging, sajatosipun sêratan wau botên makatên saèstu ungêlipun, ingkang mungêl makatên wau sêratan ing gulungan ingkang dipun sisihakên wau. Dene gulungan ingkang sampun dipun ulêt-ulêt wau, nuntên kabikak, kalihan mungêl: Lo, rak tênan ta. Nanging sajatosipun namung ngungêlakên sêratan wau mawi dipun batos. Lajêng kagulung malih dipun lêbêtakên ing topi dipun sisihakên. Sarêng mêndhêt gulungan kaping kalih pratingkahipun inggih kados ing ngajêng wau, kalihan mungêl: Gêdhang gorèng iku nyamlêng. Nanging sajatosipun, ingkang mungêl makatên wau sêratan ing gulungan ingkang sampun dipun sisihakên wau amor kalihan gulungan sanèsipun wontên ing nglêbêt topi. Makatên salajêngipun ... wah, lucu, lucu, adamêl malênggonging tiyang pintên-pintên.

Sungkêm kula: Sutiyana, Sragèn.

--- 226 ---

Nunggang Egrang

Nah, saiki aku tak miwiti obrol: Ing desaku, yaiku desa Jatèn, uga karan desa Magêrsari, ing wêktu saiki lagi ungsum egrang, têgêse, anggêr bocah mêsthi padha duwe egrang.

Adhi-adhiku kabèh rak uwis padha ngêrti, ta, sing diarani egrang.

Dolanan egrang iku uga aran kasênêngan lan ulah raga. Nanging kanggone wong tuwa, dolanan egrang iku diarani kurang ajaran, awit ngungkuli sirah.

Kacarita ana bocah siji jênênge Punjul, iku ênggone gawe egrang dhuwure nganti sadêdêg uwong tuwa, iku sabên dina mêsthi ditunggangi. Dalasan manawa lagi dikongkon bae uga dianggo.

Ing sawijining dina Si Punjul lagi kabênêr dolan-dolan nunggang egrange, ana ing dalan kêpêthukan bapakne, arêp mudhun kewuhan, jalaran ing kono ora ana pagêr (bêthèk) utawa wit kang dianggo pitulungan midhune saka egrang mau. Mulane kapêksa, bapakne dilangkahi bae, marga dalane pancèn ciyut. Barêng lagi ngungkuli bapakne Punjul nuli muni: Amit sèwu, pak. (Arêp disambung)

Kakangamu lawas, Dadiyana. Jatèn, Magêrsari, Magêlang.

Trêsna Mênyang Sato Kewan

[Grafik]

Bocah-bocah, mêsthine kowe wis padha ngrêti, utawa ya wis tau krungu, uwong iku wajib trêsna ing sapadha-padha, sanadyan mênyanga kewan pisan, uga wajib trêsna. Anane mangkono, awit sapa bae sing ditrêsnani, mêsthi iya malês trêsna, yèn tumraping kewan kang ditrêsnani ing uwong, iku pamalêse bisa agawe bungah, iya iku saka anggone lulut, ambangun turut, yèn diundang mara, ngetokake tandhaning bungah.

Mara coba nontona gambar kêthèk iki, sanadyan ing kene ora mratelakake sabab-sababe anggone kêthèk dolanan tambur lan êbal, iya wis ketok karêpe, yèn kêthèk mau kulina mênyang uwong sing ngingu. Apa patrape anggone dolanan mau ora dadi pratandhaning wêwalês kang agawe kasênêngan mênyang sing ngingu.

--- 227 ---

Wohing Kêsèd lan Wohing Doyan Gawe

Candhake Kajawèn nomêr 87.

Kucing banjur kinthil luwak, lakune sêmpoyongan, sadhela-sadhela kudu arêp tiba, sok nganti disapa si luwak. Ora suwe lakune luwak têkan ing omahe, awujun[3] wit kêndhal growong, ing jêro pêtêng lan sêpi, ajaa luwak, mêsthi ora krasan manggon ana ing panggonan sing kaya ngono. Satêkane ngarêp lawang, luwak kăndha: Êntenana ana kene dhisik, aku tak kăndha bojoku.

Kucing mangsuli kaya rêbab digosok lirih: I ... ya.

Sadhela bae luwak wis ora ketok, lan ora suwe luwak mau jumêdhul barêngan karo bojone lan anake isih cilik. Patute nyai luwak kuwi lantap, katitik saka lanciping cangkême. Nanging pancèn iya nyata, unine bae lagi jêdhul wis nyênyêngit, têmbunge: Kucing gêring kaya ngono kuwi arêp kok êpèk batur, gèk arêp kon nyambut gawe apa, diêkona nyapu iya ora rêsik, kon tunggu omah mêsthine iya mung turu, lan manèh sajake kok wis nyêdhaki kluwat ngono. Wis ta êndang kon lunga bae.

Kucing krungu têmbung kaya ngono kuwi karasa sêrik atine, diarani kêsèd, gawene mung turu, mula banjur ngetokake tandhaning doyan gawe, nyat banjur ngadêg, gêgêre dipandhukulake, awake banjur diulur.

Nyai luwak nyawang karo muni: La kuwi rak ngulèt, apa patrapmu sing kaya ngono kuwi kok pamèrake. O, rupamu, kucing gêring athik ngulèt, wis plêk kaya senggot bubrah.

Ing kono luwak cilik muni: Biyung, aku anjaluk kucing gêring ngulèt.

Nyai luwak: Arêp koanggo apa.

Luwak cilik: Aku dhêmên, yung. Bèn, kon ana kene bae.

Sarèhning luwak cilik mau anak nyawa, iya dituruti, wangsulane: Iya ta uwis, kucing, wis, kowe anaa kene. Ngêmonga anakku.

Kucing mangsuli: Hi ... ya: nèk wis ora kêtunan.

Nyai luwak: Wiwit saiki kowe ngêmonga anakku, sing ngati-ati, aja entuk dolan-dolan adoh.

Sawise mangkono, luwak lanang wadon banjur mlêbu mênyang growongan, luwak cilik têrus dolan, diêmong kucing. Ora suwe ing jêron growongan krungu ana tangis, hi ..., hi ...

Kucing takon: Sing nangis kae sapa.

Luwak cilik: Sing nangis kae bapak karo biyung, anggêr wêtênge warêg iya nangis. Ngêlèh iya nangis. Saiki wêtêngku warêg, tak nasis:[4] hi ... (Arêp disambung)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


panyuwunipun. (kembali)
Tumrap. (kembali)
awujud. (kembali)
nangis:. (kembali)