Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-16, #649

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-16, #649. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-16, #649. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 5, 7 Pasa Taun Je 1862, 16 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [65] ---

Ăngka 5, 7 Pasa Je 1862, 16 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palabuhan

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun palabuhan ing Jambi, ingkang nuju dipun kèndêli ing kapal-kapal api.

--- 66 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Kaum Swadhèsi Dikêpara Ngarêp.

III.

Petruk : Ambanjurake rêmbugane ing bab anggone pabrik Cita ing Twèntê arêp dipindhah nyang tanah Jawa kene, kuwi kajaba sabab saka kaya sing wis dirêmbug nalika ing dina Rêbo kang kapungkur, ana manèh, Kang Garèng, yaiku mangkene: Sajake punggawa-punggawane ing kana kuwi rada rèwèl bangêt, sabên-sabên padha bêbarêgan anjaluk mundhaking balanjane [...][1] mau ora dituruti, ba[...].

[Grafik]

Garèng : Pancèn, Truk, wong-wonge kana kuwi [...] karo ing kene, nèk wong kene [...] iya nurutan, lêmbah manah, dikapa[...] iya dipisuhi, diunèk-unèkake, diplothoti, diplèthè-[...], diplithiti, utawa dicukur pisan, bisane [...] nrima bae. Apa manèh bangsane ka-[...] duwe ada-ada arêp mogok barang, [...] duk arêp ajak-ajak kêndurèn bae, [...] ora kabênêran bisa uga: cuwit, dicêkêl sabab didakwa arêp ajak-ajak sing ora-ora kae.

Petruk : Kang Garèng, le ngomong kuwi bok aja nganggo diputar-putêr mêngkono, bok ngomong barès bae, mungguh karêpmu kuwi rak mêngkene, ta: ing kene kiyi pamogokan dialang-alangi kêras. Sabênêre pancèn iya mula mêngkono, [...] we aja kaliru tămpa, Kang Garèng, [...] dianani pranatan mangkono mau, [...] ya, Kang Garèng, para panuntun kuwi sing [...] ra bisa ambedakake antara [...] mi karo pulitik, akèh ba-[...] tik sing duwe pangarah supaya pêngaru-[...] wih gêdhe, banjur ngadani pakumpula[...] lan tunggal gawe, wusanane nganak[...] da pamogokan, kuwi ora du[...] rêp migatèkake nyang kabutuhane para ka[...] m buruh sing dadi tuntunane mau, nanging sajatine mung arêp gawe onaring praja bae, mulane iya...

--- 67 ---

Garèng : Ha, ha, hak, hi, hi, hik, hu, ha, hêm. Wah, Petruk kiyi nèk omong pancèn pintêr nyulap têmênan. Karêpe para panuntuning kaum buruh kuwi ora kêna mèlu-mèlu nyang babagan pulitik, dadi kudune mung anglangi ana ing samudraning kaum buruh bae, nèk-nèke karêpe supaya si kaum buruh aja tungkul rèwèl bêngak-bêngok bae, prêlune cikbèn si majikan ajêg malênthi wêtênge. Ora, Truk, sadurunge aku ambanjurake rêmbuge kiyi, aku tak takon dhisik nyang kowe, mungguhing tanah Eropah utawa Amerikah, yaiku tanah-tanah sing wis ana pranataning para kaum buruh kang kanthi rajin bangêt, lo, kuwi sing gawe utawa sing nata pranatane mau sapa.

Petruk : Nèk ing tanah-tanah sing kok kandhakake mau, sing gawe lan sing ngatur pranataning kaum buruh mau iya parlêmèn (parlement), mungguh sing diarani parlêmèn kuwi, upama ing kene mono iya polêksrad, mung bae wawênange luwih akèh lan luwih jêmbar.

Garèng : Iya, iya, wis ngrêti aku, wis layak bae, ta yèn polêksrad kuwi durung pati gêdhe wawênange, jalaran saupama tikusa mono, palêksrad kuwi isih jêjuluk: cindhil, têgêse anane polêksrad durung pati kawak bangêt, mulane iya durung sampurna kaya sing kok arani parlêmèn mau. Saiki aku arêp takon manèh, kowe mau kăndha, sing gawe lan sing mranata anggêring kaum buruh kuwi parlêmèn, hla, saikine, sing padha lênggah mêthongsot ana ing sajêroning parlêmèn, kuwi apa bangsane dara-dara amtênar, apa mênir-mênir sudagar, apa para panuntuning pakumpulan tunggal gawe.

Petruk : Sing lênggah ana ing parlêmèn, iya wis mêsthi bae băngsa sing gêmblengan-gêmblengan, yaiku para panganjuring kaum pulitik sing kêpilih.

Garèng : Lo, hla kok jêbul kaum pulitik, dudu para panuntuning kaum buruh. We, iya klêngêr têmênan sing dadi kaum buruh, yèn ora pêrlup-pêrlupan (gandhèng kunca) karo kaum pulitik mau. Sabab nèk dara-dara sing nang parlêmèn mau ora duwe sêsrawungan lan ora duwe: cinta dhi dhalêm hati: karo para kaum buruh mau, mêsthine anggone gawe lan nata anggêring kaum buruh, iya main antêm jakob bae, gawe cilaka utawa karugiane si kaum buruh, ing batin iya: prêduli sêpêt, kadar ora têpung ora kênal.

Petruk : Lo, nèk ing kana kuwi kabèh wis sampurna, wis mêsthi bae yèn sing lênggah ana ing parlêmèn akèh sing migatèkake bangêt nyang kabutuhane kaum buruh, jalaran sing lênggah ana ing parlêmèn kuwi akèh ba[...], uga dadi wakile kaum buruh...

Garèng : Hud, drodut, ing ngarêp kowe ngandhakake, yèn sing dipilih kanggo warganing parlêmèn kuwi para kaum pulitik gêmblengan-gêmblengan, wusanane kowe carita, yèn akèh sing uga dadi wakile para kaum buruh, dadi nèk mêngkono, ing kana kuwi pulitik lan ekonomi padha pêrlip-pêrlip [...] kene kudu prêngut-prêngutan, [...] bagi yèn [yè...]

--- 68 ---

[...n] sajêge elik ajêgan, wong iya kene kiyi nagara isih...

Petruk : Wis, wis, Kang Garèng, iya ora jangji aku yèn banjur ngrêmbug prakara sing muluk-muluk mêngkono. Saiki ambanjurake rêmbuge ing bab bakal pindhahe pabrik Cita ing Twèntê nyang tanah Jawa kene. Sabab kang ăngka têlu, yaiku: golèk murahe bayarane wong-wong sing padha nyambut gawe.

Garèng : We, hla iya pancèn waspada têmênan, mula iya mêngkono, apa manèh mungguhe jaman saiki, kaum buruh bangsane dhewe kuwi pancèn iya murah bangêt bayarane, sadinane wong mung narima sêtali, gêdhe-gêdhene iya mung patang kêthip. Sabab jarene, băngsa inyong kuwi mangan pohung utawa kêtela pêndhêm bae ya wis bisa warêg, mulane nganti banjur ana layang kabar sing ngarani: nèk wong Jawa duwe blănja f 150.- rak wis dadi kangjêng tuwan bêsar. Seje karo băngsa Walănda, nèk lagi balănja samono kuwi isih comprang-campring bangêt, awit dhaharane: esuk bae êndhoge sêtêngah matêng kudu 6, durung wedange kopi soklat nganggo mèlêg, roti martega nganggo kèju, ham, utawa lidhah asin, cêkake sarapane bae waragade ora kurang saka saripis. Apa manèh mangane awan, waragade iya saya sasayahe, awit ora bisa kalêbon apa-apa liyane: kêntang bêstik, sladhah, sup ...

Petruk : Hara, kok banjur lèngsêng ngêlantur-lantur mêngkono. Wis, wis, rêmbugane padha disêtop samene bae dhisik, ora wurung mêngko calathumu iya anggêdabrul.

Atur Priksa

Nuwun, mugi wontêna karsa panjênêngan paring pitulung sêsêrêpan, kadosdene kasêbut ing ngandhap punika.

Kula sampun asring tumbas barang-barang utawi lot, ingkang kasêbut kadosdene ingkang wontên ing adpêrtènsi sêrat kabar, sarana arta rêgi waragadipun kula kintunakên rumiyin. Nalika tanggal 4/11-'31, kula tumbas lot ingkang badhe kagêbag ing wulan ngajêngipun, dhatêng agèn Oeij Siok Hie ing Têmanggung, ananging ngantos dumugi titimangsaning sêrat punika, Oeij Siok Hie wau botên a[...] napa ingkang dados panêdha kula, sarta sampun kula takèkakên sarana kartu pos rambah kaping tiga botên mangsuli, saupami lot têlas arta kêdah kawangsulakên, punika botên. Kasêbut ing sêrat kabar Aksi, ing ngriku taksih ngêwrat piyambakipun nyadèni lot.

Ingkang punika kula nyuwun katrangan, ingkang sarèhning Oeij Siok Hie botên anyêkapi saking panêdha kula, utawi botên mangsulakên artanipun, kadospundi pangurusipun, sagêda arta wau kula tampi wangsul.

Wusana matur sèwu nuwun.

Lêngganan No. 3134[2]

--- [69-70] ---

[Naskah hilang]

--- 71 ---

Pawartos Wigatos

Măngsa Bêna

Dumugining dintên punika, măngsa kapitu tumindak angsal 22 dintên, jangkêping petang têlasipun măngsa kapitu wontên 43 dintên, dados taksih kirang 21 dintên malih.

Mirid petang wêwatêkaning măngsa, ing măngsa kapitu punika măngsa jawah, lèpèn-lèpèn sami lubèr toyanipun, anjalari dados bêna, dhatênging jawah mawi dipun iring ing angin agêng. Dene mênggahing nyatanipun, watêking măngsa anyèplêsi, ing pundi-pundi wontên pawartos bab bêna. Kados ta ing Bali wontên bêna agêng linut ing prahara, ngantos adamêl karisakaning nagari, malah ngawontênakên pêpêjah punapa. Tumrapipun ing tanah Jawi inggih mèh waradin, ing pundi-pundi wontên pawartos bêna. Ing Karanganyar Surakarta wontên bêna. Ing Krawang wontên bêna ingkang sinarêngan dhadhaling bêndungan, ngantos angêlêbi pasabinan pintên-pintên bau, rahayu dene ing pasabinan wau sawêg isi tanêman kemawon, saupami sampun isi pantun, tamtu anuwuhakên kêkirangan têdha. Ing Batawi ugi katrajang bêna, kathah sabin-sabin ingkang kêlêban. Makatên ugi ing Bantên, lubèring lèpèn agêng-agêng nganton[3] adamêl kapitunan.

Măngsa punika manawi sawêg anyarêngi, bêna kemawon ugi kados ajak-ajakan, kados ta ing Sumatra malah sampun ngrumiyini, tamtunipun tumrapipun tanah sabrang sanèsipun, ingkang kalêbêt laladan tanah ngriki, kawontênanipun ingkang kathah ugi kados makatên.

Malah kawontênan bab bêna punika botên namung pinanggih wontên ing laladan tanah ngriki kemawon. Sampun sawatawis wulan, ing nagari Tiongkok punika têmpuhing bêbaya bêna, ngantos adamêl kapitunan agêng sangêt, tuwin pêpêjah ugi kathah. Kalanipun wontên pawartos bab bêna ing Tiongkok wau, gêdêring pawartos ngantos amradini jagad, ingkang pikantukipun lajêng nuwuhakên pitulungan warni-warni saking pundi-pundi, dene ingkang langkung migatosakên sangêt tumrap pitulungan saking băngsa Tionghwa saking sajawining jajahan, awit tumrap têtiyang ingkang wontên ing purug, utawi ingkang ngèngêti dhatêng kabangsan, sanadyan têbih, raosipun kados taksih nunggil kemawon.

Ing sapunika wontên pawartos malih ing bab bêna ing nagari Walandi, dhatêngipun ugi nyarêngi kalihan măngsa bêna ing ngriki. Pawartosipun: ing Groningen tuwin Friesland, inggahing toya lèpèn enggal sangêt, jalaran saking salju tuwin jawah. Angin agêng gumrubug, anjalari agênging ombak, wêkasan nêmpuh bêndungan, adamêl risaking bêndungan ing Veentjes Polder, ing sanalika lajêng wontên tindak pangrekadaya mampêt bêndungan wau mawi balok tuwin karung-karung isi pasir. Kajawi punika ugi taksih wontên bêndungan sanès panggenan ingkang ambrol.

--- 72 ---

Bab punika pancèn inggih ragi anggumunakên, awit ingatasipun ngrika tuwin ngriki, ingkang têbihipun tanpa antawis, têka dhumawahing lêlampahan kados ajak-ajak sêsarêngan.

[Grafik]

Kabênan ing sajawining kitha Batawi.

Amangsuli kawontênanipun măngsa ing tanah ngriki, sabên dintên ing langit sulakipun namung katingal pêtêng, jumêdhuling srêngenge namung pinanggih wontên ing kalamăngsa kemawon, sakêdhap-sakêdhap prêpêt lajêng jawah, tur manawi sampun andhawah, bêtah ngantos jam-jaman. Măngka manawi mirid măngsa, măngsa kapitu punika mangsanipun tiyang tani sami tanêm, tamtu kemawon tumrap ingkang papaning pasabinanipun cêlak lèpèn, tansah nyanggi kuwatos jêg-jêgan. Bab punika botên lidok, pancèn kathah pasabinan ingkang nêmahi kados makatên. Măngka mangsanipun kapitu taksih dangu, dumugining dintên lêbaran, kintên-kintên taksih ajêg. Nanging ugi wontên pamarêm sawatawis, dene tumrap ingkang wilujêng, dumugining măngsa lêbaran, tanêmanipun sampun katingal inggil, malah wontên ingkang sampun sami anjêbrol. Wusana lajêng kacandhak ing măngsa kawolu, ing ngriku taksih wontên bêna, dipun wastani ambucal sarah. Nanging ingkang baku kasamaran, namung tumrap tiyang ingkang dêdunung wontên sacêlaking lèpèn, ing kalaning măngsa kados makatên punika tansah ngungak dhatêng toya lèpèn.

Tumrapipun ing kitha-kitha, bab bêna punika sampun ragi angsal panulak sakêdhik, amargi ing pundi papan ingkang angêmbêng toya, sami dipun damêlakên bucalan, lèpèn-lèpèn ingkang narajang kitha, sami dipun damêlakên sudhetan, ingkang dipun wastani kanal. Tumrap ing Batawi, pinanggih wontên ing sidhatan lèpèn Ciliwung, tumrap ing Sêmarang pinanggih wontên ing Banjirkanal.

Dene ingkang langkung santosa malih punika ingkang pipanggih[4] wontên ing Surakarta, kados ta kitha Surakarta, [Sura...]

--- 73 ---

[...karta,] ingkang kala rumiyin bêna sabên taun, lajêng botên kêbênan malih, amargi sakubênging kitha, ingkang papanipun andhap, dipun tanggul, gathuk kalihan papan ingkang inggil, têngah kitha ingkang katrajang lèpèn Pepe mawi dipun dèkèki tetegan, prêlu kangge anduwa badhe lêbêting toya saking jawi, manggèn prênah satêngahing kitha, dene lèpèn Pepe wau ing nginggil dipun sidhat kawêdalakên saêlèr kitha. Mila sanadyan ing măngsa rêndhêng, salêbêting kitha botên nate kêbênan.

[Grafik]

Lèpèn Pepe ing saêlèripun kitha Surakarta.

Ing bab kawontênanipun bêna ing nagari Surakarta, ing kalanipun dèrèng wontên tanggul, ajêg ing măngsa bin[5] rêndhêng tamtu wontên, manawi agêng ngantos dumugi sacêlaking kadhaton, inggih punika ing alun-alun êlèr tuwin kidul, punapadene pakampungan sanès-sanèsipun. Inggih jalaran saking wontênipun bêna ajêg sabên taun wau, titi[6] ing pakampungan ingkang papanipun andhap, ngantos sami apal dhatêng lampahing bêna, manut măngsa, sabên nuju măngsa ingkang andhatêngakên bêna, inggih punika kapitu, kawolu, têtiyangipun sampun sami tata-tata, nginggah-inggahakên barang-barangipun dhatêng ranggon. Makatên ugi ing bab têdha, ing kalanipun nuju bêna ugi sampun sami tandho, dene tumrap ingkang botên gadhah, manawi nuju măngsa bêna, angsal cadhongan sêkul saking nagari.

Namung pinuji, mugi bêna ing măngsa punika sa[mpun ngan] tos adamêl kapitunan agêng.

--- 74 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sabar

Ing Kajawèn sampun sawatawis wêdalan anyariyosakên ing bab panulaking kala warni-warni, ing sapunika dipun pêndhêt ing pungkasan kemawon, inggih punika sabar. Têmbung sabar punika caranipun ngaos, eja-ejananipun gampil, inggih punika: sa nglêgêna, ba dipun layar, ungêlipun sabar, nanging bab kajênging sabar, sajak-sajakipun angèl dipun lampahi, awit ingkang nama sabar saèstu, saking cariyosipun ingkang mangrêtos, botên cêkap dipun antêngi, têgêsipun tiyang antêng puniga[7] dèrèng tamtu sabar.

Sabar ingkang saèstu, mênggahing gambaranipun pinanggih wontên sinuhun ing Ngamarta, ing ngriku katingal wohing kasabaranipun, ngantos sagêd nyirêp dhatêng panêmpuhing căndhabirawanipun Prabu Salya. Saking matêng kasabaranipun Sinuhun Ngamarta wau, pinanggihipun wontên ing pamawas, kintên-kintên kasabaranipun ugi mawi rangkêpan, nanging manawi dipun gampilakên ing rêmbag, prayogi dipun grêba kemawon, cêkakipun sabar punika botên gampil.

Manawi mirid saking cêcariyosan neneman, kajêngipun botên mêndhêt cariyos ing jaman purwa utawi kanabean, namung mêndhêt cariyos akiripun praja Mataram tuwin nyandhak awalipun nagari Kartasura, punika pinanggih wontên panjênênganipun Pangeran Pugêr, inggih Sinuhun Pakubuwana I, ing ngriku katingal sangêt kasabaraning panggalih, tuwin inggih lajêng katingal wohing kasabaranipun. Kados ing ngriki botên wontên awonipun saupami ambabadakên cariyos wau sawatawis, lowung kangge têtuladanipun para mudha, botênipun inggih prayogi kangge waosan lare.

Ingkang kacariyos ing sêrat babad, sabêdhahipun nagari Mataram dening Trunajaya, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, jêngkar saking kadhaton sagarwa putra tuwin namung kadhèrèkakên wadya sawatawis. Sarêng dumugi ing Ajibarang, sang prabu dhawuh dhatêng putra pangeran adipati, supados ngrêbat nagari Mataram, nanging pangeran adipati mopo. Ing ngriku Ingkang Sinuhun lajêng dhawuh: Yèn mangkono adhinira Si Pugêr sun tarine. Thole Pugêr, sira balia ngrêbut nagaranira Mataram, kakangira kang duwe wajib wis ora gêlêm anglakoni, dene sariraningsun wis aja sira pikir, sabab ingsun wis ora kalilan dening Allah yèn jumênênga nata manèh, kapindhone ingsun wis tuwa, lah kapriye aturira.

Pangeran Pugêr ingkang sajatosipun adhêdhasar panggalih sabar, ing salaminipun namung sarwa mituhu punapa sadhawuhing rama nata, lajêng munjuk sandika, saha namung nyuwun pangèstu, sagêda ngrêbat karaton Mataram. Dados anggènipun Pangeran Pugêr nyandikani dhawuh nata wau, namung salugu anglampahi [anglampah...]

--- 75 ---

[...i] dhawuh, ing pangintên botên kagungan panggalih kamelikan punapa-punapa. Sang nata lajêng dhawuh malih: Sira sun srahakên ing Allah, muga sira rinêksaa dening Allah, sarta sira sun paringi wasiyat kêris Kyai Maesa Panular lan tumbak Kyai Palèrèd, iku padha wasiyat kraton. Dhawuh pangandika nata ingkang makatên punika, nama anêrusi kados dhêdhasaripun Pangeran Pugêr, awit nyata bilih sang pangeran punika kasabaraning panggalih adhêdhasar pasrah dhatêng Pangeran Ingkang Maha Agung.

Kacariyos Pangeran Pugêr lajêng wangsul badhe dhatêng Mataram, sarêng dumugi ing Jênar lajêng akêklêmpak bala, têtiyang ing Pagêlèn sampun têluk sadaya.

Wontên ing ngriku Pangeran Pugêr supêna pinanggih ingkang rama, kadhawuhan bidhal ngrêbat Mataram, tuwin kadhawuhan jumênêng nata wontên ing Jênar. Sang Pangeran lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi-rayi utawi para santana tuwin para tapa, mundhut panimbang badhe jumênêng nata. Sadaya sami nayogyani, kalampahan Pangeran Pugêr lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, Akêkitha ing Jênar, dipun lih ing Purwagănda. Wusana salajêngipun kalampahan, Sunan Ngalaga sagêd ngrêbad Mataram malih. Dados cêtha panggalihanipun Ingkang Sinuhun wau, sanadyan sampun kalampahan sagêd jumênêng nata, nanging sajak dèrèng katingal kagungan panggalih agêng, malah namung ngrumaosi sadêrmi kemawon. Wusana têtêp anggènipun jumênêng nata, amêngku nagari Mataram.

Cobining Pangeran lajêng andhatêngi, nagari Mataram lajêng kenging wêwêlak, bawanipun nagari risak, hawanipun dèrèng sae, kathah tiyang ingkang sami sakit, awis têdha, botên wontên jawah, bêntèripun anglangkungi, tiyang pêjah saênggèn-ênggèn, jalaran sakit tuwin botên nêdha, kere-kere pinanggih ing samargi-margi.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, wosipun namung badhe anênangi panggalihanipun Ingkang Sinuhun. Pancèn inggih yêktos, awit Ingkang Sinuhun sarêng nguningani prajanipun kados makatên, malah tinampi, bilih ingkang kadhawahan bêbêndu punika panjênêngan nata, awit rahayu tuwin kasangsaraning kawula punika namung anut tuwin kasawaban saking ratu ingkang jumênêng.

Sang prabu sakalangkung anggènipun sêkêl ing panggalih, ngantos kasupèn dhahar tuwin sare, ing batos namung nênuwun dhatêng Pangeran, supados mulya prajanipun. Dene wusananipun, praja inggih lajêng tata arja, kawulanipun sami têntrêm. Samantên barkahing nata ingkang ambêg sabar. Badhe kasambêtan.

Pawartos Redhaksi

Lêngganan nomêr 3526 ing Blimbing. Stu, Wa, Nopèmbêr 1899, dhawah 4 utawi 29 Jumadilakir Jimawal 1829. Sn Kli, Pèbruari 1903, dhawah 23 utawi 25 Dulkangidah Be 1832.

Lêngganan nomêr 4529 ing Kraksaan, 1 Dulkangidah 1920 dhawah Sla, Kli, Măndhasiya, Wawu 1849.

Lêngganan nomêr 2349 ing Surabaya. Agustus 1885 botên wontên dintênipun Rêbo Pon.

Lêngganan nomêr 3031 ing Kêdhiri. 10 April 1907 dhawah Rê, Pa, 26 Mulud, Jimawal 1837, Landêp, măngsa sadasa 16 dintên.

Lêngganan nomêr 2198 ing Playên. Stu, Pn, Siyam taun Walandi 1893 dumugi 1896, punika: 1893 dhawah 21 Je 1822, 8 April 1894 dhawah 17 Dal 1823, 24 Marêt 1895 dhawah 12 Be 1824, 9 Marêt 1896 dhawah 8 Wawu 1825, 22 Pèbruari.

--- 76 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kapitadosan kula.

Sapisan kula kêpengin ngobrolakên ingkang dados kapitadosan kula. Sampun têmtu inggih kathah tur warni-warni sangêt. Emanipun têmtu inggih kathah ingkang dados kapitadosan kula wau, ingkang kathah-kathah têka botên rumasuk ing manah sadaya, sabên-sabên têmtu wontên nangingipun. Cobi kula anggambar sawatawis punapa ingkang dados kapitadosan kula punika. Kados ta:

1. Kula pitados sangêt kanthi lair batos, bilih nagari punika tansah ngudi dhatêng kawilujêngan, tata têntrêm tuwin karaharjaning nagari miwah têtiyangpun. Amila tanpa kêndhat Nagari anggènipun tansah ambudidaya dhatêng karigênan warni-warni ingkang kagalih murakabi tuwin mumpangati tumrap umum. Dados manawi nagari kagungan ada-ada, ingkang sabrebedan sajak katingal badhe adamêl kapitunanipun para kawula, punika sampun guru-guru andhawahakên panacat utawi panyeda ingkang botên-botên, nanging kêdah kamanah langkung panjang rumiyin, awit krêsanipun nagari punika botên sanès kajawi dhatêng kasaenaning praja tuwin kawulanipun. Upamanipun kemawon: ada-ada nyuda blanja. Punika manawi dipun tingali sabrebedan, pancèn inggih botên nyênêngakên, langkung malih tumrap ingkang sami kêtaman. Ewasamantên anggènipun nagari kagungan tidak makatên wau, sajatosipun kajawi saking kapèpèt inggih saking anggènipun badhe anjagi kawilujênganing praja. Makatên ugi wontênipun nagari ngêdêgakên bêbadan warni-warni, punika inggih saking anggènipun badhe ngajêngakên murih saening pranatan tumrap umum. Dados krêsaning nagari punika pancèn inggih badhe adamêl sae ajêgan. Naning... ingkang sami tinanggênah nindakakên krêsaning nagari ingkang gênah sae wau, inggih titah bêlaka, têgêsipun taksih sami kadunungan sipat supe lan murka. Krênsaing nagari ingkang sae wau kadhang kala inggih sok slib. Upamanipun: Salêbêting mangsa pacêklik wontên pandangon saking nginggil dhatêng ambtenaar ingkang gadhah wêwêngkon, kados pundi kawontênaning wêwêngkonipun wau. Dene anggènipun nagari kagungan pandangon makatên punika, bilih wêwêngkonipun ambtênaar wau têmên wontên bêbaya pacêklik, têmtunipun nagari badhe ambudidaya paring pitêdah utawi rêrigên murih icaling pacêklik wau. Dados [...][8] wontên pandangon wau, nagari [...] karsa sae sangêt. Nanging sarèhning [...] inggih sipat manusa bêlaka, dados [...] kasamaranipun, sanadyan wontêning wêwêngkonipun kirang sae, saking ajrih utawi sumêlang lajêng angsal nama awon saupami ngaturana ing salêrêsipun, satêmah pandangon wau sok lajêng dipun jawab: baik tidak kurang suatu apa.

2. Kula pitados kanthi sangêt, bilih wontênipun para gêdhêle (gedelegeerden) ing Volksraad punika agêng sangêt pigunanipun. Jalaran golongan gêdhêle wau kenging dipun anggêp pangrèh padintênanipun Volksraad. Nitik padamêlanipun sabên dintên, nitik kawruh lan kasagêdanipun ingkang sami jumênêng gêdhêle wau, mila inggih sampun salêrês-lêrêsipun sami dipun paringi pêpancèn blanja sabên wulan-wulanipun botên kirang saking f 1000.-. Nanging... Volksraad punika satunggiling bêbadan ingkang namung anêmtokakên anggêr-anggêr. Dene Provinciale saha Regentschapsraad punika inggih satunggiling bêbadan saha ingkang botên ngêmungakên namtokakên angêr-anggêr kemawon, nanging ugi nindakakên putusan.[9] Anèhipun, dene Raad kêkalih kasêbut nginggil wau, sanadyan warganipun ngantos dasanan lan kuwajibanipun malah rangkêp, inggih punika anêmtokaên anggêr-anggêr tuwin nindakakên putusan, ewasamantên pangrèhipun padintênan inggih punika ingkang dipun wastani: college van gedepurteeden tuwin gecommiteerden, têka namung wontên sakawan utawi gangsal tiyang. Punapa, Volksraad punika kuwajibanipun tiyang namung sawarni inggih punika anêmtokakên anggêr-anggêr, têka pangrèhipun padintênan, inggih para gêdhêle wau, [...] pun ngantos kalih dasa tiyang, inggih punika [...] tiganing cacahipun warga Volksraad sadaya. Ing sarèhning kuwajibanipun Volksraad punika namung sawarni, lan nitik kawontênan kêkiranganipun arta nagari, punapa botên prayogi manawi lajêng tumuntên dipun wontênakên ewah-ewahan ingkang sakintên sagêd angènthèngakên kêkiranganing arta nagari wau? Kadospundi cara-caranipun ewah [...] punapa dipun sakêdhikakên cacahing gêdhêle [...] utawi dipun icali babar pisan, punika [...] dipun sumanggakakên dhatêng ingkang wa[...]

3. Kula pitados sangêt, bilih wontênipun [...] punika agêng sangêt tumrap katêntrêman [...]. Awit inggih kumpêni wau ingkang [...] kên sadhengah bêbaya ingkang tuwuhipun [...] sumêdya badhe adamêl risaking praja. Kajawi punika inggih namung kumpêni ingkang sagêd anyant [...]

--- 77 ---

utawi anjagi samangsa-mangsa wontên parang-muka andhatêngi. Dados têrang sangêt, bilih kumpêni punika dados awat-awat utawi dados saka guruning praja. Nanging... saupami lajêng wontên usul murih kumpêni wau dipun wajibaken anggêntosi padamêlan Veldpolitie, kados-kados inggih mêksa kirang mathuk. Jalaran le. Veldpolitie ingkang sampun wontên samangke punika, sarta sumêbar dipun dunungakên ing saindênging tanah Jawi, padamêlanipun sampun sarwa anyêkapi, ingkang tumrap pambantunipun dhatêng pangrèh-praja, punapadene panindakipun dhatêng kapulisèn. Cêkakipun wontênipun veldpolitie samangke punika kenging kawastanan sampun manggèn, tur waragadipun inggih langkung sakêdhik. Punapadene saking saening pangajaranipun, trajanging para Veldpolitie wau anggèning nindakakên padamêlan ingkang dados kuwajibanipun botên nate anguciwani, sadaya kadhangkala sok gadhah tindak ingkang kalintu [...] minipun si[...] dipun anggêp trêbang kemawon. 2e. Padamêlan kapulisèn, punika sanadyan ingkang magêpokan kalihan bab kadurjanan utawi kalihan bab pangrèh-praja, botên kenging pisan-pisan manawi kapasrahakên dhatèng militèr. Saya malih tumrapipun ing tanah Hindia. Awit ngladosi utawi sêsrawungan kalihan tiyang kathah, punika ingkang wajib [...] golongan pangrèh-praja, dene pulisi ingkang [...] bêbaunipun. Tumrap ing tanah [...] ingkang makatên wau sampun dipun tindak-[...] panggenan sanès-sanèsipun ingkang [...] makatên, manawi nitik sae sarta lu[...] , kados-kados inggih prêlu dipun [...]. Wondene tumrap panggenan [...] dèrèng dipun wontêni tatanan [...] kados inggih prayogi, bilih dipun [...]. Dados militèr wau cêkakipun [...] kangge anjagani tata-têntrêming praja saumu-[...], inggih punika manawi wontên rêrêsahan sawanci-wanci, tumuntên sagêda anyirêp saha tansah angrêksa samangsa-mangsa wontên mêngsah saking sajawining praja. Naning mênggahing prakawis kadurjanan, inggih wontên ing tanah Jawi tuwin ing sanès panggenan, punika kêdah dados sêsangkulanipun golongan pangrèh-praja, ingkang katindakakên dening pulisi, lan sasagêd-sagêd katindakakên dening pulisi ingkang sampun angsal tuntunan sae, inggih punika botên sanès kajawi Veldpolitie.

[Grafik]

Veldpolitie ing Bandung

4. Kula pitados sangêt, bilih Ir. Soekarno punika satunggiling panuntun ra'yat ingkang gêgêdhug sayêktos. Manawi ningali jênggêrêng saha sawang-sawanganipun, pancèn inggih sawung patohan. Manawi nitik kêdaling lesanipun, mila inggih micara tuwin sagêd nêngahi saha ngagêngakên manahipun ra'yat dening sami kapranan. Manawi ngèngêti kasagêdan tuwin kawruhipun, punapa malih wawasanipun, pancèn inggih dawêg. Langkung malih manawi angèngêti dhatêng antêping trajang-trajang ingkang sampun dipun lampahi, sanadyan tansah kêtaman ing pêmalang ingkang ambêbayani tumrap saliranipun, ewasamantên botên gigrig wulunipun salêmbar botên mundur sapêcak, mantêp, madhêp, sêtya dhatêng sêdyanipun. Amila inggih botên anèh, bilih lajêng kathah ingkang nayogyani dhatêng ancas-ancas ingkang sampun dipun tekadakên wau. Dene angsal-angsalanipun inggih andêmênakakên sangêt. Ingkang cêtha utawi ingkang gampil kemawon, kados anggènipun manunggilakên raos kabangsan. Kados-kados para maos taksih sami amêningi, kados punapa kula rumiyin pangrêngkuh lan panganggêpipun bangsa-bangsa ingriki tumrap satunggal-satunggalipun. Kados ta: panganggêpipun tiyang Sunda dhatêng tiyang Jawi, saking anggènipun anyêpèlèkakên, tiyang Sunda wau amastani tiyang Jawi: "Jawi Bèrèt". Kosokwangsulipun tiyang Jawi amastani tiyang Sunda: "Sunda Kadiyuk". Makatên ugi tiyang Ambon mastani tiyang Jawi: "Jawa Pênthol", dupèh tiyang Jawi [...] udhêng-udhêngan mawi cêkokan [...] mastani tiyang Ambon: "Ambon

--- 78 ---

têdhanipun jênang pathi sagu. Ing wusana saking daya tuwin trajangipun Ir. Soekarno, ingkang dipun sayogyani ingakathah, sagêd tumanêm dhatêng manahing sakathahing bangsa. Ingriku lajêng tuwuh raos, bilih sakathahing bangsa wau sami ngrumaosi pêpisahanipun saha lajêng sumêdya manunggilakên raosing kabangsanipun. Satêmah lampahing pojok-pinojok sirna saking kajêngipun piyambak. Saya dangu saya katingal rumakêt utawi supêkêtipun anggèning sami nindakakên padamêlan anggayuh kamardikaning tanah wutah rahipun. Kajawi punika pancènipun taksih kathah malih ingkang prêlu pinèngêtan, ingkang nêdahakên agênging lêlabêtanipun Ir. Soekarno dhatêng siti wutah rah saha isinipun. Sanadyan makatêna ingriki, lo, kok mêksa taksih wontên têmbungipun: NANGING.

[Grafik]

Ir. Soekarno nalika badhe mêdhar sabda wontên ing Congres I.R.

Kados punapa gêdêr utawi ramening ra'yat anggènipun sami badhe angurmati dhatêng Ir. Soekarno, kala badhe mêdal saking pratapanipun ing Sukamiskin. Sanadyan Ir. Soekarno piyambak sampun ibêr-ibêr sampun ngantos ra'yat adamêl pakurmatan utawi karamean, ingkang tumuju dhatêng pahargyan ngurmati sarinipun, ewadene mêksa botên mêndha. Sanadyan botên wontên ingkang sami adamêl karamean saking pakurmatan ingkang cumêtha, nanging untabing têtiyang ingkang sami ambagèkakên kawilujênganipun Ir. Soekarno ing samargi-margi tanpa wilangan kathahipun, ngantos dipun wontênakên panjagèn pulisi.

Para maos têmtunipun sami anggalih, bilih pangaji-aji utawi pakurmatan ingkang langkung saking ngêkat punika ugi dados wisanipun tiyang ingkang kataman, awit sami ngèngêtana, bilih Ir. Soekarno wau inggih taksih asipat titah limrah, taksih kenging ewah gingsir, manawi kirang-kirang wêwekanipun, mindhak adamêl salah kadadean, damêl karugianing akathah, damêl kêndhoning ancas ingkang langkung mulya wau.

Murih wilujênga sadayanipun tur sagêda tumuntên kasêmbadaning sêdya tanpa sambekala, kados-kados ra'yat langkung utami amawas dhatêng kiwa têngên, ambanguna tatanan ingkang santosa, angêni cêngna dhatêng budidaya manunggiling ancas, manunggiling grêngsêng, tutupipun manunggiling raos kabangsan kados wêlingipun Ir. Soekarno dhatêng sadaya pakêmpalan ingkang kalairakên nalika anjênêng congres Indonesia Raya wontên ing Surabaya.

Tutuping obrolan kula punika, ingriki kula kapêksa ngaping kalihi atur kula bab kêdah wêweka. Bêbasan: Sing sapa sugih wêweka, nyata luput ing bêbaya.

Sing sapa waspada, mêsthi bakal jaya. Makatên cariyosipun para sêpuh-sêpuh ingkang sampun kathah katatalanipun.

Wusana sumangga.

PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PETHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Sêsakit malaria ing Kuningan sampun sirêp. Sêsakit malaria ing Kuningan sapunika sampun sirêp, kenging dipun wastani sampun ical babar pisan, wontêna ingkang sakit inggih namung satunggal kalih.

Dipun têmpuh ing bruwang. Satunggaling tiyang Batak ing akbudidayan[10] Silam Dinen, Medan, nuju wontên ing pondhok kabudidayan Silam Dinen, Medan, nuju wontên ing pondhok[11]

Ir. Sukarno wangsul dhatêng Bandung. Dintên Saptu tanggal 9 wulan punika bidhal saking Ngayogya wangsul dhatêng Bandung. Wontên ing sêtatsiun Tugu dipun êtêrakên Ki Ajar Dewantara sakalihan Nyi Ajar, punapadene putri-putri Taman Siswa tuwin warga-warga pakêmpalan wanita. Tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Pangeranpati Belgie. Wontên pawartos, Pangeranpati Belgie sakalihan garwa ing tanggal 15 wulan punika bidhal saking Genua badhe dhatêng Madagascar, Siam tuwin Indo China, sagêd ugi badhe mampir Bêtawi. Têtêping wartos mampir dhatêng Bêtawi. Benjing sasampunipun dumugi Indo-China.

Banthèng Ra'yat. Golongan kabangsan ing Mataram gadhah sêdya badhe ngêdalakên kalawarti nama Banthèng Ra'yat, ancasing sêdya badhe nyêbar dayaning bandera abrit pethak aciri sirah banthèng, wêdalipun badhe kaangkah sabên 10 dintên sapisan, kawiwitan wontên ing tanggal 8 Februari, nyarêngi dintên pèngêtan kabangsan Pangeran Diponêgoro. Rêginipun 3 wulan f 1.25.

Pangiritan wadya. Wontên pawartos, parentah badhe ngangkat commissje ingkang madêg saking golongan militèr tuwin sanès militèr, kawajibakên tumindak ing damêl ngrekadaya murih wontên saperanganing militèr kenginga kadadosakên pulisi militèr,

--- 79 ---

kenginga kadadosakên pulisi militèr,[12] miturut kadosdene Wapen der Marschausse ing nagari Walandi. Ewah-ewahan makatên punika dipun sayogyani dening tilas legercommandat Gerth van Wijk, kaanggêp dados pangiritan.

Pasulayan rêmbag karajan Jawi ing Ngayogya. Kawartosakên ing Ngayogya sampun dangu wontên pasulayaning rêmbag Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kalihan Gouverneur, ingkang dumuginipun sapunika dèrèng rampung. Dene ingkang dados jalaranipun, parentah badhe ngêmori rêmbag ing bab arta kasultanan. Ing bab punika botên kalêbêt dhatêng pangiritan, nanging parentah awêwaton prajanjian nalika jumênêngan Sultan ing taun 1921.

[Grafik]

Pandhapa gêdhong Kabangsan ing Surabaya. Para maos kados sampun kêrêp mirêng ing bab pandhapa gêdhong kabangsan ing Surabaya. Mênggah wujudipun kados ing nginggil punika.

Pasamuan ing Surakarta saya kadamêl ringkês. Pasamuan paargyan jumênêngan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta kadamêl saya ringkês botên kados rancangan ingkang sampun. Tanggal 20 ungêling gangsa sêkati ing sitinggil. Tanggal 21 Januari rêsèpsi enjing bêdhayan kêtawang. Ingkang Sinuhun kirap ngubêngi kitha. Tanggal 22 sowanipun para wêwakil pakêmpalan, mawi arak-arakan. Tanggal 23 dalu gamgar idup ing alun-alun. Enjingipun karamean warni-warni. Kajawi punika kawontênakên parade agêng prajurit dalêm tuwin prajurit Mangkunagaran. Têtamu ingkang badhe dhatêng, wêwakil G.G. tuwin para agêng saking Bêtawi, para agêng saking Ngayogya tuwin para bupati mancanagari.

Bêna tuwin lesus ing Bali. Ing Bali mêntas wontên lesus tuwin bêna agêng. Ingkang katênggêl ing Jêmbrana. Wontên krêtêg margi saking Jêmbrana dhatêng Tabanan cacah kawan panggenan sami kentir. Kawat saking Bali dhatêng tanah Jawi pêdhot, kapitunan f 200.000.-. Kapitunanipun tiyang siti dèrèng kasumêrêpan. Ing Tabanan wontên mayit ingkang pinanggih 12.

Ngapusi kacêpêng ing pulisi. Ing taun kapêngkar,[13] ing Têmanggung wontên tiyang angsal loterij ingkang asli tumbasan saking dagang loterij ing Têmanggung. Sasampunipun punika lajêng wontên bangsa Tionghoa nama Oei Siok Hie ing Têmanggung pasang advertentie sade loterij wontên ing sêrat kabar Mêlayu tuwin Jawi, ingkang artanipun panumbas kêdah kakintunakên rumiyin. Ing ngriku lajêng kathah têtiyang ingkang sami tumbas sarana ngintunakên postwissel. Nanging pulisi lajêng tampi wêwadul saking tiyang ing Pêkalongan, bilih tumbas lot dhatêng ingkang kasêbut nginggil, nanging botên dipun kintuni. Pulisi nindakakên papriksan saprêlunipun, mirid papriksan ing kantorpost, Oik Siok Hi sampun nampèni arta f 344.- Wusana bangsa Tionghoa wau lajêng dipun cêpêng.

Luar saking pandakwa. Ing Bêtawi wontên Walandi nama Tuwan Elsinga pêjah nyalawados, pulisi lajêng gadhah pandakwa dhatêng nyai tuwin babu sami dipun tahan. Sapunika wontên katrangan saking C.B.Z miturut papriksan, ngajalipun tuwan wau jalaran saking utêkipun kalêbêtan êrah.

Ganjaran bintang Broeder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw. Ing dintên Kêmis tanggal 14 wulan punika, paduka Directeur Departement Pangajaran, pangagênging kantor babagan prakawisipun tiyang siti tuwin sanès-sanèsipun, rawuh ing kantor Bale Pustaka, prêlu anampèkakên ganjaran bintang Broeder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw dhatêng Tengku Moh. Nurdin, corrector Bale Pustaka. Anggènipun tampi ganjaran wau kajawi saking anggèning nyêpêng damêl sampun 40 taun, ugi katarimah anggènipun ambiyantu parentah dhatêng tumindaking tata têntrêm ing Acèh.

Bêna ing Palembang. Ing Palembang wotên bêna agêng. Kapetung sampun 15 taun punika sawêg wontên bêna ingkang agêngipun samantên. Kapitunan tuwin kasangsaran dèrèng têrang.

Kuli-kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Gunggungipun kuli-kuli ingkang kawangsulakên saking Dèli dhatêng tanah Jawi dening Veda tuwin Avros wontên 60.327.

Dipun cakar ing sima tutul. Sima tutul ing kêbon binatang ing Surabaya, mêntas nyakar rainipun nonah Walandi, ngantos nandhang tatu rêkaos.

Bêna ing Kutharaja. Ing Kutharaja, Acèh, wontên bêna agêng. Wontên krêtêg agêng ambrêg dening katrajang santêring toya. Margi saking Kutharaja dhatêng Sigli risak, kintên-kintên sawulan malih sawêg kenging kangge langkung. Margi sêpur wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kapulisèn tiyang siti. R. Ating Natadikusuma, wd. commissaris kl. I, ingkang rumiyin kabantokakên dhatêng stadpolitie ing Sêmarang, sapunika kadadosakên technischleider velpolitie Paresidenan Pêkalongan, manggèn ing Pêkalongan.

Murid H.B.S. ing Surabaya ingkang ngajal. Ing Surabaya mêntas wontên satunggiling murid ingkang pêjah ngayut tuwuh angagètakên tuwin adamêl trênyuh. Lare ingkang ngajal wau mêntas mantuk saking Borneo tuwi tiyang sêpuhipun, ingkang nyambut damêl ing sumbêr lisah. Wusana sarêng wangsul, sumêrêp rapotipun wontên ingkang awon tuwin wontên sêrat ingkang mratelakakên botên tumêmên tuwin botên nyêkapi anggènipun nindakakên wajib. Bab punika lare wau lajêng kintun sêrat dhatêng tiyang sêpuhipun, cariyos manawi botên sagêd sinau malih, tuwin botên purun adamêl kawrataning biyung. Wusana pinanggih tiwas.

ASIA.

Nyonyah Gandhi ugi dipun cêpêng. Miturut pawartos saking Ahmedabad tanggal 11 wulan punika, Nyonyah Gandhi ugi sampun kacêpêng.

--- 80 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

19

[Sinom]

tan dangu wus samya mapan | nèng padunungannya sami | tan pêgat prayitnanira | umulat myang jagi-jagi | giliran rina wêngi | nanging tan kawruhan mungsuh | dadya lamun sinawang | amung kadi biting sêpi | anjarag mrih tinêmpuh wadya nagara ||

kongsi sawatara dina | rasa têntrêm kang prajurit | tan kadi anèng paprangan | marma rasanirèng ati | para prajurit aji | pulih kapurunanipun | dening rasa mardika | tan rinèh ing sabên ari | amung pinrih nrapkên kaprayitnanira ||

dadya tatanirèng karya | sabên ari mung anggusthi | tumanduking kasantosan | kalamun tinêmpuh jurit | miwah nênangi ati | kasêtyanira mring ratu | myang trêsna maring praja | tinrapna sasami-sami | ywa bineda bêkti miwah antêpira ||

suka sanggyanirèng wadya | prasêtyanira ing ati | tan pisan nêdya mundura | lamun tinêmpuhkên jurit | kang tinohkên mung pati | trêsna praja bêkti ratu | kongsi datan rumasa | mring rasèng angga pribadi | nyawanira kang darbe nata myang praja ||

antêping tyas kang mangkana | tuhu utama linuwih | kalamun lulus sambada | sayêkti apilih tandhing | awit santosèng ati | jatinira ambêg luhur | kalamun tinandhinga | ngasorkên prajurit sakti | kang mangkana sinêbut wadya utama ||

ing galih jêng pramèswara | tan kêndhat anggung ngêngudi | marang kasambadanira | ing karsa sri narapati | lan nyata langkung gati | dènnya amrih unggulipun | marma dènnya ngrêreka | mrih tan kongsi ngatarani | sakalangkung winadi tumindakira ||

ing mangkya bètèng rineka | sabên bètèng dèn anani | pasinewakaning nata | rinêngga kalangkung asri | sadaya sarwa pèni | bandera rontèk bul-umbul | patra kinarawistha | sêkar binuntal sinuji | dahat raras dinulu saking mandrawa ||

singa kang mulat angira | nata siniwaka mangkin | pinarêk ing para wadya | ananging sri narapati | jatinira umiji | papan kang langkung pakantuk | nèng bètèng kang santosa | kinira tan nguwatiri | myang rinêksa kasantosan kene kana ||

tindak kang kadi mangkana | yêkti mikantuka wuri | ingkang mangkana kanyatan | dupi para wadya Tamil | uning gêlar narpati | batin dahat anggêguyu | kinira tanpa daya | marma dyan tinêmpuh wani | iyêgira wadya nêmpuh kawistara ||

ing sêdya sawusing bêdhah | cinêpêng sri narapati | kang kinira kawisesa | laju ingêbrokan sami | ananging wadya aji | băngsa Singga nalika wruh | [...] ing ripu dibya | wadya samya angunduri | angoncati maring biting liyanira ||

ngangsêg wadya ing nagara | ngrusak bètèng kang saka[...] | tembok-tembok ingunggahan | tumuli rinusak wani | gêdhong dèn obrak-abrik | ananging pinanggih suwung | ingubrês kene kana | mêksa datan amrangguli | dunungira narendra kang ingupaya ||

têmah saya langkung krodha | riwut kang para prajurit | têtembok biting rinusak | mangkya wus rata pinanggih | sirna kang bètèng siji | ananging ta jatinipun | tan pisan antuk karya | amung wèh sayahing kardi | nanging tindak kang mangkana tan rinasa ||

ing sawusing rampung sirna | pra wadya gambira malih | anon bètèng liyanira | têtunggulira kumitir | kadi ngawe mrih prapti | wani tinêmpuh ing mungsuh | myang rinungu sabawa | jroning biting lir nyuraki | têmah gita mungsuh sru panêmpuhira ||

bètèng kang cakêt tinêmpah | tembokira dèn unggahi | kanthi surak mawurahan | kang katon dèn obrak-abrik | daludag dèn jêboli | bandera sinuwèk purun | nanging sajatinira | jroning bètèng amung sêpi | datan ana janma kang umapag yuda ||

wadya praja têmah krodha | saya sru angobrak-abrik | awit ing pangiranira | Sri Dyumêna mung andhêlik | anèng papan kang sêpi | dadya sru pangudinipun | ananging mêksa cabar | sanggyèng karya tanpa kardi | awit wadya oncat mring don liyanira ||

riwusing tita tan ana | asru krodhaning prajurit | bètèng ginêmpur warata | nulya non bètèng kaping tri | mungguling panji-panji | ngrasa lir nênangi mungsuh | mungsuh singa kang mulat | gambirèng tyas katêtangi | rumasa lir tinantang tumêmpuh yuda ||

têtindhihing wadyabala | krodhanira anênani | tandya ngêtap wadyanira | kanthi gambiraning ati | tan srănta nêmpuh wani | nanging jatinira suwung | mêngsah wus samya oncat | mung mangkana wola-wali | kongsi antuk bètèng tridasa satunggal ||

wadya biting mung rumambat | anggung lèngsèr angoncati | mangkya wus praptèng wêkasan | bètèng ingkang dèn dunungi | sri nata miwah sori | mêngsah ngangsêg ngêsuk purun | măngka ing jatinira | wadyanya Jumêna aji | kang rumêksa sri nata wadya pilihan ||

têtandhinganing ayuda | pilih-pilih kang kuwawi | lumawan kadibyanira | ing măngka mungsuh kang prapti | dayanira wus ênting | awit kaduk ing panêmpuh | bètèng kang wus kalakyan | dadya wus tan mitayani | ing panêmpuh wus ampang datanpa [...] || (Badhe kasambêtan)

--- 9 ---

Nomêr 3, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Asmaradana

Kula urun ambatangi | cangkrimane mitra kula | Mas Sucitra kêkasihe | ing Kuwiran Banyudana | ingkang sampun kapacak | ing Kajawèn wêdalipun | sangalikur wulan Ruwah ||

nomêr tiga kang lumaris | lampiran ing Taman Bocah | wontên tiga cangkrimane | ananging urun kawula | namung badhe ambatang | kalih iji kathahipun | măngga sami dèn pyarsakna ||

pambatang kula ing mangkin | kasbut ing nomêr satunggal | gunung Lawu ing namine | yèn kabucal sukunira | dados mungêle lawa | dene kaping kalihipun (kalong) | kalong ing pambatang kula ||

yèn kasêrat mawa Latin | aksaranya nêm pratela | lajêng kabucal kalihe | kalih aksara ing wuntat | dados kalo (kalo) ungêlnya | wusana sumangga sampun | samantên pambatang kula ||

Marsiyam. Sêgaralangu: p/a K.No.2370, Cipari.

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi priksa ing Rama Sêbul, kula andhèrèk ambatang cangkrimanipun sadhèrèk Sucitra ing Kuwiran (Banyudana) ingkang kaêwrat ing lampiran Kajawèn nomêr 2 taun III, bagian Taman Bocah, pambatang kula:

I. Gunung Lawu, yèn kabucal sandhanganipun... dados namung bangsaning pêksi, inggih punika: lawa.

II. Kalong yèn kabucal 2 wanda ing wingking (ng), dados pirantos ing pawon kalo.

III. Anakipun ingkang satunggal kapurih numpak kalêrês ing bagian ngajêng, Pak Suta piyambak numpak ing lapak sawingkinging anakipun wau, kanthi anggendhong anakipun ingkang satunggalipun malih sarana sinjang ing gêgêripun Pak Suta, Pak Suta ugi nyêpêngi lisipun.

Namung makatên ing pambatang kula, sukur manawi sagêd lêrês.

Kula pun, Rara Sutitah. Murid Kartini Sêkul, ing Bèitênsorêh.

Batangan loro ing dhuwur iki kaya wis nyukupi.

Pak Sêbul.

--- 10 ---

Ing Kono, Rasakna

Gimin kuwi pancèn bocah andhugal, tur kêndêl, bandêl. Mula sanadyan sabên dina digêbugi wong tuwane, saka anggone andhugal, nanging ora ana kapok-kapoke.

Sawiji dina Gimin lagi dolan-dolan, wêruh ana wit sawo ngrêmbuyung, batine: aku iki pancène mono bocah sing dhêmên penekan. Aku anggêr wêruh uwit sing kaya ngono kuwi, banjur kumêcêr. Ah tak mènèk, bapak măngsa wêruha. Sawise mènèk nganti mêncit, banjur ura-ura: Anoman malumpat sampun, praptèng witing nagasari... Gagasane Si Gimin dhèk samana, rumasa kaya Anoman têmênan, tur satêmêne anggone penekan mau ora ana pamrihe apa-apa.

[Grafik]

Kocapa, nalika Gimin lagi plembaran, panyêkêle pang mrucut, banjur tiba kêrosak, nanging ora banjur muni gêdêbug, mung nyuwara wèg, gèncêng.

Gimin nyuwara dhewekan: We la cilaka, klambiku kêsunduk êpang, aku dhewe ora bisa nguculi. Iki mung sarwa ngewuhake, upama tak bêthot, amohe saya ămba, ora wurung mung anggêdhèkake gêbuge si êmbok.

Wong yèn lagi kojur, dilalah, Gimin wêruh bapakne liwat ana ngisore. Wah, atine dhêg-dhêgan bangêt, arêp cêluk-cêluk, jênêng wong anjarag arêp golèk lara awake. Nanging suwe-suwe banjur duwe panêmu, aluwung andhisiki tinimbang didhisiki, mung têmbunge bae basa, awit Gimin kuwi salawase nyang bapakne ora basa, unine: Bapak, bapak, kula wontên ing ngriki.

Bapakne kagèt anjênggirat, barêng wêruh anake cêmanthèl ana ngêpang, banjur namatake, sarta barêng wis cêtha ora nyamari, banjur muni: Lo, kaya Gathutkaca Min.

Gimin mangsuli karo andharêdhêg: Kula sanès Radèn Gathutkaca bapak, kula pun Gimin putra sampeyan ingkang sawêg nandhang apês. Punika lo gêgêr kula, kula aturi mriksani tuwin kaparênga nguculi.

Bapakne Gimin sing rumasa ora tau dibasani anak, barêng dibasani, ing batin anggalêgês, banjur muni: Apa kowe ora bisa mudhun dhewe.

Gimin: Sagêda mandhap, kula măngsa basaa ta: pak.

Bapakne Gimin banjur ngudhunake anake, sawise têkan ngisor banjur kon ngadêg jêjêg, bokonge banjur digitik karo bapakne: cêplès, cêplès, bapakne karo muni: Ayo rikat mulih, kăndhaa êmbokmu.

Gimin mulih karo nangis, êmbokne takon, barêng wêruh sababe, milu anggitiki sisan.

Kono, rasakna.

--- 11 ---

Dongèng Wong Cêthil

III. Lali mikir anak

Kinanthi

ora kurang uwong cukup | sing pikire luwih miskin | dongènge Pak Karya Dăngsa | kuwi kêna dielingi | cêthane ana carita | pancèn iya ora bêcik ||

kaya Karya Dăngsa mau | uwong wis kêwilang sugih | duwe anak têlu lanang | rupane ya bêcik-bêcik | ning padha ora sêkolah | mung padha kon tindak gêmi ||

yèn ana wong duwe rêmbug | supaya anake kuwi | padha disêkolahêna | bèn padha pintêr ing buri | Karya banjur kliru tămpa | mangsuli karo ambêkis ||

jênêng ambêbècèr laku | wong ora ngajèni dhuwit | upamane tak etunga | pira ragade cah siji | banjur bocah têlu pira | apês saringgit sasasi ||

gunggunge pira sataun | harak ana rolas ringgit | ya têlung puluh rupiyah | adhuh aku harak mati | têlung puluh ditukokna | rak wis entuk sapi siji ||

saya yèn wis limang taun | dhuwite rak wis sasênik | anakku ora tak kudang | besuk dadi juru tulis | tarima dadi wong desa | watone dadi wong sugih ||

yèn wong bisa maca iku | sok banjur angangkrik-angkrik | apêse dhêmên prakaran | besuk yèn wis mundhak ngrêti | dadi panuntun prakara | pokrul bambu diarani ||

wangsulane wong sing tutur | kuwi jênêng slira-sliri | yèn wong nyêkolahke bocah | ora kok ing têmbe buri | diajab bèn dadi ala | mêsthine dikudang bêcik ||

apa ora luwih mathuk | upama anakmu kuwi | dhasar sugih bisa maca | mara ta pikirên dhisik | jênêng angênggoni jaman | rak kowe sing jênêng bathi ||

Karya muni lan mêcucu | hêh wong kăndha ora mulih | apa aku bisa maca | apa aku bisa nulis | dene malah sok kêtêkan | carik-carik nyilih dhuwit ||

wong yèn uwis ambrêgêdut | sanadyana dituturi | măngsa bakal mangrêtia | tiwas nyêrikake ati | mula ya kalakon tênan | padha bodho kabèh kuwi ||

watêkane padha turun | bocah têlu cêthil-cêthil | nanging ya dhapur cilaka | bocah têlu mung lêstari | digêgêm ing uwong tuwa | ora tau nyêkêl dhuwit ||

malah wise padha ngumur | têlu pisan dikon rabi | padha diwènèhi sawah | digawèkke omah bêcik | nanging ya tanpa kuwasa | pangane mung dicadhongi ||

kabèh ing wulu pamêtu | Pak Karya sing anduwèni | wong têlu dipanci pangan | dene sing arupa dhuwit | ora olèh babarpisan | mula dadi ora bêcik ||

awit uwong têlu mau | banjur kaya diwuruki | dhêmên duwe tindak cidra | nyang wong tuwa anggorohi | nadyan gêmine digawa | nanging gêmi ora bêcik ||

uwong têlu ora rukun | sabên dina mung pradondi | jalaran saka sujana | kana mulat kene nglirik | dadi mung pijêr sulaya | êmoh nyang pitutur bêcik ||

watak sing mangkono mau | upama diothak-athik | nalar-nalare ya ana | jalaran ora dipikir | diwêruhke pangajaran | karo diwêruhke tulis ||

[...]

--- 12 ---

Rumpakan

Jaman biyèn ana asu dadi koki, sing diolah sêga iwak kuwih roti, yèn anggorèng parigêl kaya kumidhi, mung emane kala-kala sok ngilêri.

[Grafik]

Wong ya asu sanadyan bisa sinau, pangukuring uyah trasi bumbu-bumbu, arang bênêr malah kêrêp bae kliru. Ngulêg kunir jêbule kêliru têmu.

Nanging rèhning crita iki asu mănca [...]

[...] sêga pulên têrik sambêl gorèng èbi, banjur kêmba kumambang yèn mangan roti, ngrasa marêm yèn kambon gandaning trasi.

Bisa nimbang rasa enak gawe mangsêg, mula banjur sabên dina mangan ajêg, apa bae wis ora ngrasakke ênêg, yèn sarapan esuk dhêmên sêga gudhêg.

Nanging rèhning dhèwèke koki jêmpolan, ora lali gawe kuwih ana ngêpan, pangolahe ora lali nganggo puhan, ngalênyêring gănda ngêndi-êndi têkan.

Kang mangkono kêna dianggo sanepa. Wong mêmangan aja sok dhêmên mêmada, nakokake panganan sing ora ana, yèn kêcuwan pamangane banjur suda.

Upamane mangan lawuhe sathekruk, isih duwe ulat pêtêng amêlêruk, awit isih ana manèh sing dijaluk, barêng muni: iki durung nganggo krupuk.

Saikine kowe tak kandhani thole, aja dhêmên nganggo nganak-anakake, yèn mêmangan narimaa saanane, insaalah bakal bêcik tinêmune.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Naskah rusak (dan di tempat lain). (kembali)
§ Katranganipun mariksanana pakabaran ing dintên punika. Red. (kembali)
ngantos. (kembali)
pinanggih. (kembali)
sabên. (kembali)
têtiyang. (kembali)
punika. (kembali)
Tanda [...] naskah rusak. (kembali)
§ Awas Thul, aja slip hlo! Red. (kembali)
10 kabudidayan. (kembali)
11 Berita dalam alenia ini tidak lengkap. (kembali)
12 Kalimat: 'kenginga kadadosakên pulisi militèr' ada dua, dibaca salah satu saja. (kembali)
13 kapêngkêr. (kembali)