Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-13, #656

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-13, #656. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-13, #656. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 13, 5 Sawal Je 1862, 13 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [193] ---

Ăngka 13, 5 Sawal Je 1862, 13 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Pasar Ikan

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawangan ing pasar Ikan, Batawi. Ing sisih kiwa pêntasaning baita wisaya ulam, untabing têtiyang nuju sami numbas ulam.

--- 194 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering.

II

Garèng : Ambalèni rêmbuge lagi anu kae ing bab reklasering. Ora, Truk, lagi anu kowe nêrangake, yèn karêpe reklasering kuwi: mulihake kaprajane, lo, kiyi karêpe apa mangkene upamane: sawijining bêndara kolèktur, buk odhêr utawa kasir, sing pancèn kagungan wêwatêkan brêgas lan prawira, arêp paring prêsèn suwêng blong utawa pêniti rante nyang... mas ajêng mas ajêng kae, andilalah anggone ambayar panjupuke dhuwit rada salah wèsêl, ora ngrogoh ing kanthonge dhewe, sing dirogoh jêbul ing ngêkas dhuwiting nagara, kang kapêksa banjur kudu têtêpungan karo kangjêng tuwan pursitêr landrad, sing saka wêlas asihe marang priyayi mau, banjur andhawuhake supaya bisa diopèni dening nagara lawase têlung taun. Sarampunge, reklasering mau banjur ambudidaya mulihake priyayi mau nyang kaprajane manèh, têgêse priyayi mau ditêtêpake nyang pangkate mau-maune manèh. Apa iya mêngkono, Truk.

[Grafik]

Petruk : We, hla kok banjur ngarah enake bae dhewe mêngkono. Nèk kaya rêmbugmu kuwi, rak malah mung gawe tuman bae, iya nèk wong sing pancèn tulus bêcik ing atine, kirane iya banjur bisa bêcik manèh, hla nèk atine rada pating pringkil, mêngkone rak malah bisa dadi mrongkol. Kaya ta upamane: dadi kasir icip-icip f 1000.- banjur dihotèlake prodheo 6 sasi, barêng wis luwar ditulung manèh didadèkake kasir, nanging wis ngicipi enake wong duwe dhuwit, f 1000.-, bokmanawa ora lêt suwe banjur kêpengin ngêmplok dhuwit sing dadi tanggungane manèh f 5000.- nèk iki banjur diukum, lan luware ditulung manèh dadi kasir, kiraku banjur anggaglag f 10.000.- utawa luwih. Ora mangkono, Kang Garèng, mungguh karêpe pakaryan reklasering kuwi. Sing dikarêpake: mulihake kaprajane, kuwi ambalèkake nyang kaanane mau-maune. Kowe ngrêtia, Kang Garèng, wong laku cidra sing sok nganti gêgayutan karo pangadilan, [panga...]

--- 195 ---

[...dilan,] kuwi ora kêna ditêmtokake yèn mêsthi wong ala. Ana sing nindakake laku cidra mau, jalaran saka kêpèpèt, saka judhêging atine, utawa ora ditêmaha.

Garèng : Bab kiyi, sanadyan anakku sing kudu dilairake sesuk êmbèn, iya wis ngrêti. Malah sing kalakon wis diukum, iya ana bae sing ora anduwèni dosa saupit-upita. Kaya ta upamane: ing sawijining desa ana rajapati, lurahe ing kono diplêtêr dening dara wêdana kudu olèh katêrangan, yèn nganti ora olèh gawe, diancam bakal dilêpas. Saka wêdine si lurah banjur andadak gawe pasakitan sarana nganggo disêksèni wong-wong liya. Dene sing digawe pasakitan mau iya wong sacêg-cêge bae, lumrahe wong sing disêngiti dening mas lurah mau, ing wusana tumêkane pangadilan, ing sarèhne sêksine kumpêlit, kang sabênêre ora kawêruhan yèn kabèh mau sêksi palsu, dening pangadilan pasakitan mau, ujug-ujug banjur diputus: dikrakal sajêge urip...

Petruk : Wayah, wayah, kok banjur anglairake pandakwa sing ora mèmpêr mêngkono. Tumrap ing jaman saiki sakabèhe rak wis ditindakake kanthi sampurna, apa manèh tumrape ngurus lan mutus prakara, panitipriksane mêsthi kanthi sêtiti ngati-ati bangêt, ora kok mung main antêm wèlên bae. Sanadyan pancèn ana lurah sing duwe wêwatêkan amêthakil kaya caritamu mau, mêsthine tumêkane ing pandhuwurane iya bakal kawênangan. Nèk nganti bisa kalakon kaya kandhamu mau, apa sing dadi panggêdhene lurah mau, yaiku wadana utawa asistèn wadana, picêk, lan sing nyêkêl pangadilan main mêrêm bae, sanadyan iya kudu diakoni, yèn kadhangkala pangadilan utawa panggêdhening praja kuwi, sok bisa kaliru, nanging kowe iya kudu ngèlingi, yèn panggêdhening praja utawa pangadilan, kuwi mung jênêng titah balaka, dadi ora beda karo kowe aku, iya sok bisa salah lan kaliru. Nanging nèk kaliru utawa salahe têrusan lan urut kacang mêngkono, rak iya jênêng mokal.

Garèng : Iya pancèn bênêr, yèn panggêdhening praja utawa pangadilan kuwi mung manusa blaka, kang bisa salah lan kaliru. Nanging mungguh unimu, yèn mokal bisane kalakon, nèk salah lan kalirune mau banjur nganti têrus-têrusan lan urut-urutan, yak, aku kok rada mèsêm, nèh ora andalidir wong-wong sing dhèk biyèn padha di... dhigulake.

Petruk : Hara, kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono, wis, wis, saiki padha dibanjurake rêmbuge ing ngarêp. Dhèk mau aku rak wis ngomong, yèn wong kang laku cidra kuwi ora kêna yèn banjur ditêtêpake: wong ala, awit anggone anglakoni mêngkono mau bokmanawa jalaran saka kêpèpète, saka putêking atine, lan sapiturute. Kaya ta upamane mangkene: sayah saka anggone nyambut gawe mulih nêja arêp ngaso, têkan ngomah wêruh bojone lagi ngathang-athang lara, anak-anake pating griyêng padha nangis, pawone sêpi nyênyêt, jalaran ora duwe barang-barang. Yèn wong sing kaya mêngkono kuwi, saka [sa...]

--- 196 ---

[...ka] judhêg lan putêking pikirane, banjur ambêdhol sauwit telane tanggane, apa iya banjur ditêtêpake bae: wong ala, wong culika lan sapadhane...

Garèng : Hêk, hêk, hêk, wah, Truk, ngrungu kandhamu kiyi atiku banjur krasa anglês bangêt, jalaran kèlingan nalikane aku kêpengin bangêt mangan: cab cae godhog, kuwi nganti dak lakoni ngulu kêthipe bakyumu. Nanging nganti dak srantèkake têlung dina kêthipe jêbul ora kêcandhak-candhak, bisane kêcandhak barêng kêpenginku nyang cab cae wis ilang, yaiku wis lêt pirang-pirang dina, sauwise aku urus-urus.

Petruk : Wayah, hla kuwi nèk Kang Garèng, omonge sok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono. Wis, rêmbuge dilèrèni samene bae.

Konprènsi ing Pura Konêngsêplin

[Grafik]

Kala ing dintên Jumuwah tanggal kaping 29 Januari kapêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral tuwin para agêng, inggih para warga rad Indhia, dhirèktur-dhirèktur dhepartêmèn, tuwin sanès-sanèsipun, konprènsi kalihan paduka ministêr Mr. Dr. L.N. Deckers, badhe ngrêmbag ing bab wigatos, ingkang gêgayutan kalihan prakawis praja. Kados ingkang kacêtha ing gambar.

Saking kiwa manêngên: Upsir laut, Tuwan G.G. Bozuma, ajudanipun ministêr Deckers, Tuwan G.R. Erdbrink, P.A.A. Kusumayuda, ministêr Mr. Dr. L.N. Deckers, Paduka Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. B.C. de Jonge, P.J. Gerke, algêminê sekrêtaris Prof. Mr. A.H.M.J. van Kan, J.W. Meyer Ranneft, pangarsa rad kawula, Jhr. J.G.A. ten Siethoff, sekrêtaris rad pan Indhi, Dr. P.J.A. Idenburg, repêrêndharis ing algêminê sekrêtari, Schout-bij-nacht J.F. Osten, L.H.W. van Sandick, Litnan Gêneral H.A. Cramer, C.W.A. Bodenhausen, R.A.A.A Jayadiningrat, W.Ch. Hardeman, C. van den Bussche dhirèktur pinansiyên, lan B.J. de Leeuw, thesaurier generaal.

--- 197 ---

Panggulawênthah

Rasa Katrêsnananing[1] Biyung Marang Anak.

[Dhandhanggula]

Amèngèti tanduking rèh manis | mrih widada tataning paminta | mêmayu ayuning rare | duk wiwit kalanipun | nèng wêtêngan dèn eman yêkti | lair têkèng diwasa | malah saya wuwuh | katrêsnaning biyungira | marang sira kêna uga dèn wastani | sasat kancana wingka ||

nadyan ala pangrasaning wibi | kaya-kaya jagad tanpa timbang | kang katongton amung kowe | lamun wêruh sirèku | ambadhêdhêg rasaning ati | yèn ta kawahyèng sastra | nalikane ngandhut | dhuh roh ingsun kang kasandhang | nèng wêtêngku rina wêngi sun pêpuji | tulusa dadya rowang ||

sun siriki bukti miwah guling | lire pangan kang dadèkkên sabab | sumawana lamun sare | turuku ywa kaladuk | mung dak gawe atămba arip | nanging sangsaya sêbah | galêlês angêpluk | sun sirik dingucap ala | lire mêmoyoki lan sikarèng urip | ywa kongsi katularan ||

yèn ngong ngucap nyêbut jabang bayi | awit saking pangemanku marang | benjing yèn wus babar rare | aja kongsi aniru | patrap lawan rupa tan yogi | mangkya pangandhut ingwang | antuk nêm căndrèku | katon wiwit mrucul sira | asring krasa karoncalan amolahi | malah suka tyas ingwang ||

nadyan amung nèng pangrasèng ati | rumasèng sun kadya katurutan | darbe suta drongèh-drongèh | klakon angudi sunu | karya gantya suka sakalir | lan jampining kaardan | têntrêm nyawang sunu | pamudyèngsun saya nyêngka | mamrih sira manggiha arja basuki | kalis ing saniskara ||

marma ingsun labuhi sêsirih | marang tatèng laku mrih utama | nyênyêgêr angganta anggèr | aywa kongsi anêmu | sambekala kewuhing urip | mangkya anggung kulina | tumindak abêsus | risik ing sabarang karya | pakolèhe mawèh rahayuning dhiri | nênuntun kasarasan ||

sabên enjing tumrontong hyang rawi | pungun-pungun mangkat adus sigra | wusnya rampung sigra ngombe | jamu pait kalangkung | tarlèn saking pangudi mami | wuwuhing warasira | wit warasan ingsun | anumusi maring sira | marma sira kalamun waras sayêkti | dinohan sarap sawan ||

mangkya lamun jangkêp sangang sasi | wus mangsane sira arsa babar | ingsun asêsaji age | nyawisi ing praptamu | muncul saking gwagarba mami | lair mring alam donya | mitêg raosipun | adhuh laraning jiwèngwang | yayah pêtêng manaput mulêt linuting | lara sèwu atunggal ||

datan kurang wong anandhang sakit | sèsining rat datanpa atimbang | nimbangi lare ngong kiye | panon pêtêng kalangkung | tambahana pêtêng sabumi | tangèh lamun miriba | pindha pêtêng ingsun | saking wus pantoging lara | yayah murca jiwaningsun anêmahi | paranbaya wak ingwang ||

dupi èngêt sira cêngèr nangis | gilang-gilang gumlinting ing jogan | pindha anguwuh biyunge | yèn ta kuwata ingsun | ingsun êmban lan ingsun liling | nanggapi praptanira | pancèn wus ngong gayuh | nanging ingsun datan kangkat | labêt saking kêkadukên nandhang sakit | dadya mung kandhêg trêsna ||

mulat sira wêlasku kapati | yèn bangkita waras angganingwang | kumudu angajak kowe | nanging rasèng tyasipun |

--- 198 ---

pindha manggih rêtna sawukir | sakèhing pêpenginan | myang sênêng sadarum | sirna larut kerup sira | datan ana kasukan sèsining bumi | ingkang ngungkuli sira ||

ing sajrone sira maksih bayi | durung bangkit apa-apa |[2] ya ta kang dadya pangane | ngêmungkên banyu susu | kang cumawis ing jaja mami | marma yèn sira ngêlak | ngêlih nangis jaluk | nulya ngong sêsêpi sira | mulanira tan kêndhat gon ingsun budi | mamrih bancaring tirta ||

sabên ari tan kêndhat jêjampi | sumawana wuwung gêbyur tirta | ing dalu kalamun sare | sèndhèn amilang usuk | patang puluh dina mungkasi | angganira katara | mundhak agêngipun | karya sukaning tyas ingwang | parandene sira tan kêndhat ngong godhi | dadya lurus angganta ||

eman têmên yèn katrajang sakit | karya kontag ngênês angganingwang | siyang pantara ratrine | sun udi mamrihipun | aglis waras waluya jati | ngêtog saliring guna | dhoktêr miwah dhukun | tak labuhi tarak brata | nora ketang băndha êntèk tan praduli | ambujung nyawanira ||

aja manèh êntèking mas picis | ing samêndhang datan ingsun rasa | yèn kêna măngka lirune | aku bae kang rapuh | janji sira masih basuki | labêting trêsnaningwang | têrus pangrêksaku | ambudi ing warasira | sabên ari akuthah sêsukêr masthi | abote darbe suta ||

nanging nora rinasa saksirik | malah tansah nliti sukêrira | katon waras lan orane | yèn kurang warasipun | sun jamoni dimène aglis | lêmu enggal walagang | gêdhe klawun-lawun | ngong parsudi buktinira | aywa kongsi nangis akarasa ngêlih | wit saking kurang pangan ||

dak labuhi wirang miwah isin | nora ketang bêdhag buruh marang | tăngga têparo pamane | nambut kardi anutug | guwang dhapur bujung umuring | siwi mamrih bisaa | anyandhangi wutuh | mangan warêg sabên dina | nora ketang ingsun indhit ingsun cangking | labêt tan bêtah pisah ||

yèn dak tinggal tan tega sathithik | tarlèn saking dènnya was sumêlang | tan ketang dadi guyone | sun juju kaya manuk | ingsun kêmpit apindha jarit | tan wêdi arip sayah | siyang lingsir dalu | têkên janggut suku jaja | labêt aywa nganti tinangisan siwi | gêmpalaning jiwèngwang ||

saya gêdhe trêsnaku aluwih | nora kêndhat gonku gulawênthah | mamrih wuwuh ing artine | supayanira besuk | bisa dadi janma kang mursid | bangkit wruh ing kotaman | klakon bisa bêsus | mumpuni sabarang karya | ewadene pangrasèku maksih cilik | tangèh lamun tegaa ||

nadyan ta wus gêdhe tuwa dadi | urip amêngku butuh priyăngga | lagya suda swatarane | ananging jatinipun | maksih dadi gagasan yêkti | yèn anak kamlaratan | lan nêmu pakewuh | luwih ing panggagas ingwang | tansah dadi karasa rasaning ati | trêsnaku kadêdawa ||

sayêktine mungguh trêsnèng wibi | ing salama ajêg tanpa owah | mung wêlas asih anane | kosokbaline sunu | durung tamtu yèn trêsna yêkti | nimbangi trêsnèng biyang | marma dipun emut | malêsa mring ibunira | yèn utanga nora cukup kosauri | dhuwit sèwu rupiyah ||

mung tujunên karênaning ati | lambarana gunging bêktinira | dianda tansah yêktine | srahna bae nyawamu | akèh wani ywa wani wibi | gêdhe wêwalatira | sêdaning ibumu | yèn kasêrikakên putra | ngucap pisan kinabulakên Hyang Widhi | wêkasan katêmahan ||[3]

Darmacarita, dhalang ing Wanagiri.

--- 199 ---

Bab Tanêman

Kangkung

Ing sabên panggenan ingkang mirah toya, tarkadhang kathah tiyang nanêm kangkung. Kangkung punika bangsaning sayuran ingkang ngêlung, bangsanipun cênil sêmanggi lan sapanunggilanipun, inggih punika ingkang gêsangipun wontên ing papan ingkang mirah toya, ing panggenan ingkang kathah umbulipun, utawi ing papan ingkang êmbêl-êmbêl, ingkang padatanipun angèl dipun tanêmi ing sanèsipun. Kangkung punika nalolor, kadosdene êlunging katela rambat. Manawi wontên ing papan ingkang awis toya, botên sagêd gêsang.

Kangkung punika gampil sangêt pangupakara sarta gêsangipun, punapa malih kawical botên sugih ama. Manawi sampun nanêm sapisan sarta sagêd gêsang, dumugi ing salajêngipun sampun botên susah nanêmi malih. Amargi lungipun ingkang sampun ngoyod, inggih punika kêkantunanipun ingkang sampun dipun pêndhêt, sagêd trubus malih mêdal sêmènipun, makatên salajêngipun. Mênggah ingkang dipun tanêm punika saperanganing uwitipun ingkang ênèm, panjangipun watawis sacêngkang, punika dipun tancêpakên ing leleran, inggih punika pasitèn ingkang badhe dipun tanêmi. Dados pananêmipun kados rekanipun nanêm lung tela rambat.

Manawi sampun rampung pananêmipun, panjagi sanès-sanèsipun prasasat sampun botên wontên, kajawi namung dipun angkah supados toyanipun dados ilèn-ilèn, dados botên dipun kêmbong kados tanêman pantun. Umuripun kangkung punika sawulan, dados sabên wulan sampun sagêd ngundhuh. Ingkang dipun alap êlungipun ingkang ênèm-ênèm, dipun pêthiki sarana mawi ani-ani, sabên sampun angsal satêkêm dipun tangsuli mawi tutus. Sabên mêntas dipun pêthiki makatên punika, êlung kêkantunanipun katingal pating crongot, punika sampun dados wiji tumrap tanêman enggal, ingkang ing têmbenipun turut ing ros-rosan sami tuwuh sêmènipun enggal.

Tunggaking êlung mêntas nen-nenan enggal, punika dipun sarugi mawi sorog, ingkang wujudipun kados garu tanpa unton-unton. Sorog punika alit kemawon, panyorogipun cêkap namung sarana tangan. Mila dipun sorog, pamrihipun êndhut ingkang wontên peranganing leleran ingkang nginggil sagêd ical, sarta makatên punika prasasat minăngka pamatunipun. Gunanipun malih dipun sorogi, supados kangkungipun sagêd mêmês, manawi dipun kulup botên kakên. Pangupakara makatên punika têrus ing salajêngipun, inggih punika sabên mêntas dipun ênèni.

Ing nginggil sampun dipun pratelakakên, bilih kangkung punika mèh kalis ing ama. Anggènipun dipun têmbungakên makatên wau, jalaran ingkang dados amanipun punika sanès bangsaning kewan, ulêr, urèt utawi gêgrêmêtan sanèsipun, [sanèsipu...]

--- 200 ---

[...n,] dene ingkang dados amanipun wanci (măngsa), inggih punika ing mangsanipun kathah pêdhut ing wanci enjing, dados nuju ing wanci rêndhêngan. Manawi enjing măngka wontên pêdhut, ing kangkungan lajêng kathah sawangipun ingkang sami têlês dening êbun. Manawi makatên, êlungipun sami purêt, godhongipun katingal pating klunthung, ingkang wusananipun sagêd anjalari lan pêjahipun. Malah manawi pêdhut punika asring wontên, tanêman kangkung sagêd pêjah saoyod-oyodipun. Mila manawi măngsa makatên, tanêman kangkung ingkang ing măngsa katiga lêdhung-lêdhung angrêmbuyung, lajêng katingal pating klunthung, kêdhokanipun sami buthak-buthak, dening tanêmanipun sampun sami pêjah. Ama saking pêdhut punika sarana kangge ngusadani sampun botên wontên malih akalipun.

[Grafik]

Kangkung.

Kangkung punika dados sayuran ingkang luwêsan, têgêsipun kenging dipun olah warni-warni, upami: dipun pêcêl, dipun gudhang, dipun tomis, dipun kêla lan sapanunggilanipun.

Tanêman kangkung punika dêrês sangêt asilipun, sabên wulan sagêd ngundhuh. Malah manawi kêdhokanipun wiyar, sabên dintên botên kêndhat anggènipun ngênèni. Amargi satêlasing kangkung ingkang pungkasan, nen-nenan ingkang kawitan sampun kenging dipun ênèni malih. Emanipun dene botên kenging katanêm ing sadhengah papan, namung kêdah ing papan ingkang mirah toya. Dene manawi kalihan pamêdalipun pantun, kasilipun kangkung bokmanawi sagêd tikêl.

Sa-ta.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 392 ing Purwadadi. Ngaturi priksa, ing Kajawèn nomêr 8, kaca 149 nyandhak kaca 150 punika lêpat panatanipun. Mriksanana tigang larik ngandhap, lêrêsipun wontên ing nginggil piyambak.

Lêngganan nomêr 2481 ing Blabak. a. Kajawèn sampun dipun kintuni, wontên tanggal 5-2 '32. b. Bab Babad Rănggawarsitan pitakèna dhatêng Radèn Ngabèi Ănggapradata, ing Klathèn. c. Bab pakabaran sampun katampi, nanging botên kapacak, sampun kasèp.

--- 201 ---

Kawruh Sawatawis

Katrangan Bab Jamur Dipa

Ing Kajawèn ăngka 101-VI kaca 1595 ingkang sampun katêrangakên dhatêng sadhèrèk Nawardi M.S.

Cêkakipun, katrangan wau sampun lêrês, yèn aslinipun saking Dhitslan, namung kirang têrang naminipun, mila lajêng kadêrêng manah kula badhe kula têrangakên ingkang sagêd cêtha sangêt.

Ing nalika kula nyambut damêl ing laboran, pabrik sêpiritus, Comal, kula sumêrêp jampi ingkang pinangkanipun saking lis gêsèlsêkhap, ambêrêh Dhitslan, kawastanan Floraylin (Phloraelin) dene dayanipun, phloraelin punika sami kalihan ragi ing tanah Jawi, ingkang asring kadamêl tape. Pandamêlipun sêpiritus, utawi alkohol, punika cara-caranipun makatên: ingkang sakawit tètès (Melase) kacampuran toya ingkang ngantos ukuran Be. (nyome) 9 utawi 10, lajêng kadekekan phloraelin, yèn phloraelin wau sampun kacampurakên sarta sampun campur lêrês, tètès wau lajêng katingal umob, kados umobipun limun, yèn sampun sipêng sadalu gandanipun tètès wau lajêng mambêt gandaning tape, kêcut, ing ngriku lajêng kalêbêtakên ing tong agêng kacampuran malih tètès ingkang Be. 9-10, ngantos sak kêbakipun tong wau, yèn sampun sipêng sadalu, ugi lajêng tètès ing tong agêng wau umob, sarta gandanipun inggih mambêt tape, ing têmbungipun Walandi kawastanan mudhêrgis (Moedergeest) utawi Jawinipun bibitan.

Ing jaman kina para băngsa Tionghwa pandamêlipun arak utawi alkohol, punika ugi tètès dipun tape mawi ragi tanah Jawi, utawi kêtan dipun tape, dene raginipun punika kadadosanipun saking cabe lan bawang, punika lajêng ngawontênakên jamur pêthak.

Ploraelin, kajawi kenging kangge jantuning tètès ingkang kadamêl arak, punika inggih kenging kangge jantunipun roti, prêlunipun sagêd mêlar. Dados sayêktosipun ingkang kawastanan jamur dipa punika salugu namung tape toya tèh, yèn kalajêngakên dados cokak tèh, utawi lêgèn tèh. Kados para sadhèrèk sampun nate mariksani cokak arèn, yèn lêgènipun arèn punika sagêd dados cokak, pandamêlipun, cokak wau saking lêgèn, kalêbêtakên ing gêndul, sasagêd-sagêd lajêng kaêpe, yèn sampun dados lajêng kasimpên dangu sangêt, ing nginggilipun cokak wau wontên yiyidipun, kithêr-kithêr ngoyor, kithêr-kithêr wau kawastanan ari-ari cokak, dayanipun sami kalihan kithêr-kithêring jamur dipa. Cokak punika têmbungipun kilenan kawastanan Azijn-zuur. Dados, cokak punika sanèsipun saking klapa utawi arèn, punika ugi sagêd andamêl[4] saking gêndhis pasir kacampuran toya lajêng kasukanan ploraelin

--- 202 ---

utawi ragi, wastanipun tape gêndhis, dangu-dangu dados cokak, yèn katêrusakên sagêd dados bibitipun cokak, sarana kamasak malih. Dene yèn para sadhèrèk badhe damêl jamur dipa ingkang saking ragi ugi sagêd, jalaran salaminipun ing Kêjawèn, ngêwrat pawartos jamur dipa, kula lajêng mrêlokakên, ningali wujudipun, sarta kula raosakên toyanipun, ing ngriku kula sagêd anggagas, sarêng sampun dumugi ing griya, kula cobi, damêl toya tèh kasukanan gêndhis, lajêng sarêng sampun asrêp, kula sukani ragi bumbu damêl tape, sasampunipun 3 dintên toyanipun kêcut, ing nginggil ragi nglamat-lamat pêthak kados yiyid, dumuginipun 5 dintên lajêng miwiti cêtha yiyid wau katingal pêthak, toya tèh kula santuni, sarta kula sukani gêndhis ingkang raosipun namung mănda-mănda kemawon, lajêng kula sukani yiyid ingkang sampun dados, ngantos sapriki lajêng dados agêng kandêl katingal kados lapis-lapis. Dados yèn makatên, jamur dipa punika satunggiling jamuring tape.

Toyanipun jamur tape (jamur dipa) raosipun kêcut, sadaya ingkang kêcut-kêcut punika anggadhahi daya nglêbur têtêdhan ing salêbêting wadhuk, mila najis-najisipun sarêng kêkathahên kêcut, lajêng lêmês, yèn kêkathahên panêdhanipun kêcut, punika sagêd kalampahan murus, toya tèh punika raosipun sêpêt, ingkang kraos sêpêt punika têmbungipun kilenan kawastanan luisir (Luizur). Luisir punika anggadhahi daya kangge jampi sakit mêjên, têtoya umbêl. Limrahipun tiyang Jawi yèn sakit mêjên punika lajêng dipun jampèni sêpêt-sêpêt, prêlunipun mumpêt. Ing salêbêtipun toya jamur wau wontên gêndhisipun, ingkang ngadat, nitik cariyosipun para ahli jampi, gêndhis punika gadhah daya ngiyatakên jantung.

Nitik kawontênan daya-daya ing nginggil, dados toya jamur dipa punika gadhah daya no.1, najis lêmês, 2 ngicalakên watuk, 3 ngicalakên ngêrês linu, 4 ampêt-ampêt tiyang mêjên, 5 jantung sagêd kiyat, saya tumrap tiyang ingkang gadhha sakit ambèi, tiyang ingkang sakit makatên wau, prayogi sangêt najisipun kêdah cuwèr. Bab punika namung kula sumanggakakên dhatêng para ahli. Dados upami kula ngombe toya jamur dipa punika, botên wontên rubedanipun, bilih anggènipun ngombe punika kacampur ing toya ingkang bêntèr, kados upami toya jamur tape 1/2 cangkir, lajêng kacampur malih 1/2 cangkir toya tèh ingkang bêntèr lajêng kaunjuk. Prêlunipun bilih ing mriku wontên baksilipun sagêd pêjah, anamung bilih jamur dipanipun, kados botên sagêd thukul ing salêbêting wêtêng, jalaran ing salêbêtipun padharan punika kathah cêcampuranipun ingkang botên sagêd anggêsangakên jamur wau, kauningana.

Suleman.

Kuwijan, Pêkalongan

--- 203 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Jaman malèsèt lan kawontênan.

[Grafik]

Sêsawangan gêdhong-gêdhong ing New York (Amerika)

Tumrap ing jaman samangke ingkang tansah dados sêkar lathining tiyang botên sanès ngêmungakên ing bab pangamukipun gêndruwo malèsèt. Inggih ing panggenanipun tiyang gadhah damêl, ing papan kêndhurèn, cêkakipun sabên wontên tiyang rubung-rubung, ingkang tansah dados ajanging rêmbag, inggih ing bab: malèsèt. Manawi miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, punapadene ing sakathahing kalawarti, kados inggih pancèn nyata, bilih pangamukipun malèsèt wau botên lajêng mêndha, nanging malah saya anggêgirisi. Kadospundi mênggahing nyatanipun? Manawi ningali ombyaking tiyang wontên ing dintên lêbaran tuwin ing dhawahing dintên taun enggal bangsa Tionghoa, punika kados botên mantra-mantra bilih tanahipun piyambak samangke sawêg katrajang ing bêbaya kêmlaratan ingkang sakalangkung adamêl kêkêsing tiyang. Sapintên kathahing arta ingkang kabucal tanpa tanja minangka kangge mahargyakakên wontênipun dintên agêng warni kalih wau? Pintên kathahing arta, ingkang dipun pigunakakên kangge numbas mrêcon, sandhang pangangge enggal, dhêdhaharan lan sasaminipun, kintên-kintên tanpa wontên wicalanipun. Kula botên badhe maibên dhatêng tiyang ingkang badhe angluhurakên dhatêng adat tatacaraning para lêluhuripun, utawi badhe mahargya dintên agêng miturut prentahing agaminipun piyambak-piyambak. Nanging sadaya punika punapa kenging dipun tindakakên ingkang kanthi prasaja, têgêsipun ingkang botên sarana ambucal arta kathah, ingkang kêrêp kenging dipun wastani tanpa tanja wau. Èngêt para sadhèrèk, bilih jaman rêkaos punika botên tumuntên badhe kèndêl, nanging miturut petangan, saya dangu saya badhe ngrêbda, lan èngêt bilih ing jaman samangke dhatêngipun kasusahan tuwin kacilakan punika tanpa mawi taha-taha langkung rumiyin, nanging asring sangêt kanthi blêjogan kemawon. Kados botên langka wontênipun tiyang ingkang ing samangke ngrumaosi: mukti, ingaji-aji ingakathah jalaran saking luhuring pangkat tuwin agêng blanjanipun, nanging botên watawis dintên malih ical kawibawanipun dening lajêng kataman ing mêmala bezuiniging. Amila sintên ingkang taksih kaparingan kabêgjan ginadhuhan padamêlan tuwin pangkat, mugi ingkang ngatos-atos panggadhenipun wau, sampun gumampil utawi kirang wêweka, awit padamêlan tuwin pangkatipun wau namung nama dipun gadhuhakên, têgêsipun: wontên mangsanipun padamêlan tuwin pangkatipun wau lajêng dipun jabêl dening ingkang kuwaos.

--- 204 ---

Makatên ugi mênggahing arta, tumraping jaman rêkaos makatên punika, sampun gumampil pambucalipun, têgêsipun: sampun dipun pigunakakên punapa-punapa ingkang tanpa dunung.

Ngèngêtana, bilih kawontênan ing donya punika botên wontên ingkang langgêng. Ingkang suwaunipun katingal mêncorong tuwin mompyor-mompyor, sok dhawah mangsanipun ingkang lajêng katingal kucêm saha ambalêrêt. Kosokwangsulipun ingkang suwaunipun katingal ina lan nistha, ing wusana sok lajêng gumêbyar prasasat kadosdene sagêd amadhangi jagad raya.

Amrih têrangipun, bilih ing donya punika botên wontên kawontênan ingkang sagêd langgêng, ingriki kados prêlu mêndhêt tuladan sawatawis, ingkang ugi suka wawasan sakêdhik mênggah tuwuhing jaman rêkaos punika.

Ing kala taun 1930 karajan Amerika punika kenging dipun wastani praja abandha-bandhu, gêmah ripah loh jinawi. Saking sugih saha bandha-bandhunipun wau, ngantos punapa ingkang dipun anggêp anèh lan punapa ingkang adamêl gumuning jagad, wontênipun inggih prasasat kadosdene namung ing Amerika. Kados ta: sintên ingkang sampun andarmakakên arta kathahipun ngantos 4 1/2 yuta rupiyah minangka kangge yasa gêdhong dami (vredespaleis) ing Den Haag (nagari Walandi)? Inggih tiyang bangsa Amerika, inggih punika Tuwan Carnegie. Sintên ingkang kacariyosakên sugih-sugihing tiyang ing alam donya punika, botên sanès inggih tiyang Amerika, Tuwan Rockefeller. Sintên ingkang kacêluk raja lisah, raja sêpur, raja motor lan sasaminipun, inggih ngêmungakên têtiyang bangsa Amerika. Ing pundi wontên nagari ingkang gêdhong-gêdhongipun saklangkung agêng lan inggil, ngantos kenging dipun wastani inggilipun sundhul langit, inggih botên wontên malih kajawi wontên ing Amerika, inggih punika wontên ing New York, Chicago, lan taksih wontên malih sanès-sanèsipun. Cêkakipun ing Amerika punika, saking kathahipun punapa-punapa ingkang anèh saha ngeram-eramakên, ngantos nagari Amerika lajêng dipun sêbut ing tiyang: nagari kamokalan.

Mênggah sabab-sababipun dene nagari Amerika sagêd samantên kaluhuran tuwin kawibawanipun among dagang, palayaran, kabudidayan, kagunan lan sasaminipun, saklangkung majêng sangêt, ngantos anjalari Amerika dados langganan agêng tumrap barang-barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès nagari ing saindênging jagad.

Nanging ing taun 1931, rêja lan gêmahing tanah Amerika wau, ujug-ujug kenging dipun ibaratakên kadosdene sêgêring têtanêman ingkang lajêng alum godhongipun, saha dangunging dangu dados jêne warninipun. Gêmah lan rêjaning nagari ing wusana lajêng dipun gantos dening kamunduraning ekonomie.

Wontênipun among dagang, palayaran, kabudidayan, kagunan lan sasaminipun, kathah ingkang kèndêl, kathah ingkang katutup utawi kathah ingkang dipun alitakên. Ing wusana lajêng nuwuhakên mowat-mawutipun ekonomie. Ing têngah-têngahanipun taun 1931 wontênipun bank-bank inggih lajêng kathah ingkang katutup, ingkang anjalari mowat-mawutipun lampahing arta.

Jalaran udrêg-udrêgan kados kasêbut nginggil, sampun têmtu bilih kathahing kabudidayan tuwin sasaminipun ingkang sami katutup lan kakèndêlan wau, sami ngèndêli para punggawanipun, ingkang anyababakên saya kathah wontênipun tiyang angguran, ingkang dangunging dangu ngantos yutan cacahipun. Ingkang makatên wau saya adamêl rêribêding praja.

Ingajêng sampun kacariyosakên, bilih tanah Amerika punika langganan agêng tumrap barang saha pamêdalipun praja sanès-sanès ing saindênging jagad. Jalaran saking morat-mariting arta tuwin ekonomie ing salabêtipun[5] praja, sampun têmtu bilih sêsrawungan saha gêgayutanipun dêdagangan kalihan sanès-sanès nagari inggih lajêng kapêksa dipun kèndêli lan dipun suda. Ingkang makatên punika atêgês: barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès praja botên sagêd kasade dhatêng Amerika, inggih punika nagari ingkang agêng piyambak panumbasipun barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès praja wau. Ing wusana ing sarèhning praja-praja wau barang tuwin pamêdalipun sami kathah ingkang botên sagêd kasade, saha lajêng ngêmungakên katumpuk-tumpuk kemawon, inggih lajêng kathah kabudidayan, palayaran lan sasaminipun, ingkang lajêng katutup, ingkang anjalari kathahing kaum buruh sami dipun kèndêli saking padamêlanipun, dados cacahing tiyang angguran saya mindhak-mindhak kathah, lan ugi anjalari munduring ekonomie, ingkang danguning dangu nuwuhakên mowat-mawuting ekonomie tuwin arta.

Kados sampun cêkap samantên kemawon mênggahing sêsrawunganipun tanah Amerika kalihan praja sanès-sanèsipun ing saindênging jagad. Samangke ngandharakên sawatawis mênggah sêsrawunganipun tanah Amerika lan sanèsipun praja kalihan tanah Indonesia ngriki.

Mênggah sajatosipun tanah ngriki punika pancèn inggih nyata satunggiling tanah gêmah ripah loh jinawi. Sadaya têtuwuhan ingkang katanêm wontên ingriki, mêsthi sagêd subur tuwin kathah pamêdalipun.

Amila inggih botên anèh, bilih kathah bangsa manca ingkang sami lajêng ambikak kabudidayan wontên ingriki, kados ta: sata, tèh, karèt, sêre lan sasaminipun, ingkang angsal-angsalanipun kasade wontên ing sanès praja. Makatên ugi nagari, inggih kagungan kabudidayan piyambak, inggih punika kabudidayan: karèt, kênini lan sanès-sanèsipun, ingkang angsal-angsalanipun ugi kasade wontên ing sajawining praja. Malah nagari ugi kagungan pamêlikan,

--- 205 ---

inggih punika pamêlikan timah. Pêpajênganing angsal-angsalanipun kabudidayan tuwin pamêlikan nagari wau, ingkang kasade wontên sanès-sanès praja, pancèn inggih botên sakêdhik, sarta kenging dipun wastani pitulungan agêng tumrap nagari minangka kangge wragadipun panyêpênging praja ing tanah Indonesia ngriki. Makatên ugi kathahing kabudidayan-kabudidayan partikêlir, ingkang sataun-taunipun sagêd ngundhuh kauntungan pintên-pintên yuta rupiyah, punika ugi satunggiling tuking pamêdal tumrap nagari, jalaran pajêgipun kabudidayan-kabudidayan partikêlir wau pancèn inggih nama botên sakêdhik.

Nanging kadosdene ingkang sampun kacariyosakên inginggil, kawontênanipun praja-praja sanès ing saindênging jagad punika samangke sagêd amanggih jaman rêkaos sangêt, jalaran saking mowat-mawuting ekonomie tuwin artanipun, ingkang anjalari lajêng botên sagêd anumbasi barang tuwin pamêdalipun kabudidayan-kabudidayan saha pamêlikan ing tanah Indonesia ngriki. Ing sarèhning botên pêpajêngan, kathahing kabudidayan tuwin pamêlikan wau inggih lajêng kathah ingkang kapêksa kêdah dipun tutup saha angèndêli para punggawanipun. Jalaran saking punika ing tanah ngriki inggih lajêng tuwuh mowat-mawuting ekonomie lan mowat-mawutipun ing bab babagan arta. Kawêwahan cacahing tiyang angguran, ingkang jalaran saking dipun kèndêli saking padamêlanipun wau, saya dangu saya mindhak kathah, punika saya damêl ribêding nagari.

Miturut andharan inginggil dados sampun cêtha, bilih aslinipun nagari punika kathah sudanipun, inggih punika jalaran saking panampinipun sudaning arta pajêg kabudidayan-kabudidayan partikêlir dening kathah ingkang sami katutup, lan botên pêpajênganing angsal-angsalanipun kabudidayan tuwin pamêlikanipun piyambak.

Kawêwahan malih sudaning pangasilanipun nagari, ingkang jalaran saking kêndhoning lampah: padagangan, palayaran lan sasaminipun wau, inggih punika kiranging pamêdalipun sadaya pakaryan nagari, kados ta: pakaryan pabeyan, sêpur, post lan taksih kathah malih tunggilipun.

Ing mangka ingkang dados wragadipun nagari punika tansah ajêg kemawon. Ingkang punika manawi kawontênan ingkang kados makatên wau tansah kalajêng-lajêng, tanpa wontên mêndhanipun, botên wande nagari mêsthi dados karang abang. Tumrap ngalang-alangi sampun ngantos prajanipun kalajêng-lajêng kacêmplung ing jurang kasangsaran, amila nagari lajêng kêrsa ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang sabrebetan katingal: tega, têgêl, siya lan sasaminipun, inggih punika: ngèndêli sadaya yêyasan, ingkang sanadyan prêlu tumrap umum nanging kathah wragadipun: ngindhakakên pajêg ingkang adamêl mèyèk-mèyèking sintêna ingkang sami kataman; ngirangi blanjaning para punggawanipun; nyuda cacahing punggawa ingkang ugi anjalari wêwahing cacahipun kaum angguran; lan taksih kathah malih pranatan sanès-sanèsipun, ingkang kakintên sagêd nyuda wêdaling arta nagari. Kados sampun cêkap samantên kemawon.

[Grafik]

Papan pamêlikan timah ing Billiton.

Sanadyan sampun samantên têbihing rekadayanipun nagari anggèning badhe nyuda wêdaling arta, ewasamantên miturut glagatipun kados-kados botên rampung utawi kandhêg samantên kemawon.

Jalaran saking punika, ingriki kapêksa wontên ature minangka pêpèngêt dhatêng panjênênganipun sadaya, tumrap para priyantun ingkang taksih sami ngasta damêl kêdah angagêngna wêweka, bêbasan: pupur sadurunge bênjut (langkung utami). Dados cêkakipun ingkang ngatos-atos, sampun ngantos gêsangipun kasampe bêbayaning jaman. Makatên ugi tumrap para sadhèrèk mardika ingkang sampun sae panggêsanganipun, kêdah langkung ngatos-atos, awit saupami lena sakêdhik kemawon tamtu badhe kecalan panggêsangan, alitipun suda panggêsanganipun, dening pangridhuning kawontênan ingkang lêrêsipun badhe rêbatan wau.

Minangka panutuping pangobrolan punika, kula sadaya kêdah tansah ajagi-jagi murih wilujênga sampun ngantos kambah ing bêbaya rêkaos punika. Amila mangga sami donga-dinonga kemawon.

PÊNTHUL.

--- 206 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Kèndêl saking anggènipun jumênêng bupati. R.T.A. Sumodiputro, bupati ing Sidoarjo, kèndêl anggènipun jumênêng bupati saking panyuwunipun piyambak, jalaran sampun lami anggènipun ngasta padamêlan.

Mangga para patih tuwin wêdana samia nglampahi: "pati gêni pitung dina pitung bêngi". Bokmanawi kemawon sagêd nampi wahyu cakraningrat.

[Grafik]

Pilihan bestuur P.G.H.B. Congres P.G.H.B. ingkang kawontênakên ing Cirêbon ngawontênakên pilihan bestuur enggal, mênggah pikantukipun kados ingkang kacêtha ing gambar. Ingkang lênggah saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Muhamad Yogasara, artaka; Ilyar Sutan Pamenan, panitra I, R.P. Prawiradinata, pangarsa; Tjik Nang, muda pangarsa; Muhamad Ansar, juru nupiksa. Ingkang ngadêg saking têngên mangiwa; Tuwan-tuwan Kaswanda Sasmitadiharja, juru nupiksa; Royan Sutan Salim, juru nupiksa; Surawijaya, redacteur Persatuan Guru, Sumaharja, juru nupiksa.

Dr. Amir mêdal saking politiek. Wontên pawartos, Dr. Amir satunggiling sawung Partai Rakyat Indonesia mêdal saking pakêmpalan, jalaran saking botên gadhah wêkdal kangge nindakakên babagan politiek.

Doktor Amir punika bangsa Malayu (Sumatra) asli wêdalan Stovia, lajêng nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi ing bab babagan sêsakit saraf. Jalaran saking ing Bêtawi botên kathah doktêr ahli sêsakit kados makatên, mila padamêlanipun kathah sangêt.

Pakêmpalan Muhammadiyah ing Ngayogya badhe damêl gêdhong enggal. Pakêmpalan Muhammadiyah ing Ngayogya gadhah sêdya badhe ngêdêgakên gêdhong agêng wontên ing papan ingkang rame, prêlu badhe kangge gêdhong pêpanggihan utawi taman pustaka, dipun jangkêpi dalah prabotipun. Kajawi punika ugi kangge amal nyadhiyani sawarnining pakêmpalan ingkang tunggil nagari tanpa pilah bangsa, bilih wontên panêdhanipun.

Sêdya punika utami sangêt, nanging manawi ngèngêti jamanipun sawêg kados makatên, yèn kasêmbadan, artanipun punapa botên prayogi katanjakakên kangge kabêtahan sanès?

Jaksa nampèni bêsêl. Radèn Karhiwikarta, jaksa Landraad ing Tasikmalaya katahan wontên ing pakunjaran, jalaran nampèni arta bêsêl.

Bêbasan piduwung pinanggih wingking, punika anocogi lêlampahan kados makatên punika; sapintên mênggah gênging kapitunan, manawi dipun timbang kalihan gênging kamelikan wau kintên-kintên badhe botên nyamèni kalihan wêdaling balanja ingkang lumintu, punapadene pènsiun ing têmbe wingking.

Cooperatie P.K.N. Jalaran saking kathahing uwos ingkang dipun dhatêngakên dening cooperatie P.K.N. ing Ngayogya, lajêng damêl gudhang piyambak. Uwos wau asli wêlingan saking Banyuwangi, sadhacin rêgi f 4.- tuwin saking Bumiayu sadhacin rêgi f 5.50 wragad dipun sanggi dening pakêmpalan.

Dayaning cooperatie ingkang kados makatên punika sagêd anulungi dhatêng para golongan tani, awit rêkaosing panyadening uwos ing mangsa punika lajêng sagêd manggih margi sakeca. Makatên ugi tumrap bêbadaning cooperatie ugi nama manggih lampah ingkang mikantuki sangêt.

Pangiritan pulisi. Miturut rantaman, gungguning pangiritan ing golongan pulisi wiwit taun 1931 dumugi taun 1933 badhe wontên f 1.198.000.-

Miturut glagating jaman, ingkang saya dangu saya wêwah kathahing tiyang nganggur, punapa malih ugi badhe langkung kathah cacahipun tiyang kamlaratan, saha ingkang anumusi kothonging padharan, nagari angirangi cacahing pulisi punika kados ragi anyumêlangi, sabab sampun dados anggêr-anggêring jagat, sintên kêpèpèt gêsangipun tur sampun kothong wêtêngipun, dening kêkirangan têdha, botên kenging botên têmtu lajêng anggampilakên dhatêng lampahing rêrêsah, awit tiyang ingkang sami kêluwèn [kêlu...]

--- 207 ---

[...wèn] wau lajêng saya nekad, jalaran panjagèn pulisi kirang, satêmah kathah lampah colong-jupuk, minggahipun malih anjarah rayah (kathah durjana). Nanging sarèhning dhapur kapêksa kêdah anyêkapi bab lampahing arta, mila ingriki namung amêmuji, mugi-mugi sampun ngantos wontên lêlampahan makatên, dipun suwun-suwun lêstantuna tata têntrêm sampun kirang satunggal punapa.

Rêrêgèn wulu pamêdal ing Pandegelag.[6] Ing Pandeglang klapa 100 namung rêgi f 1.- rumiyin sagêd pajêng f 5.- f 6.- uwos sapikul f 4.-. Rêrêgèn samantên punika taksih rêkaos panyadenipun.

Botên ngêmungakên klapa kemawon, ingkang samangke saklangkung mêdhak rêrêgènipun. Sanadyan wos, palawija tuwin sanès-sanèsipun makatên ugi. Amila ing jaman samangke punika kenging dipun wastani: mirah sandhang mirah têdha, nanging awis arta.

Para onderofficier nyuwun kawêlasan dhatêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Kawartosakên, Hoofdcomite ing Cimahi atas namaning para rabinipun onderofficier bangsa Eropah cacah 1037 ngunjukakên sêrat panuwunan konjuk Sri Bagindha Maharaja Putri, nyuwun kamirahan ing bab sudah[7] blanja 10%.

Panuwunan inginggil punika mila inggih botên kenging dipun paibên, awit dipun cêngklong blanjanipun ngantos 10% punika pancèn inggih rêmpiyêk-rêmpiyêk saèstu raosipun. Nanging punapa panuwunan wau sagêd dipun kabulakên, punika taksih wontên ing salêbêting pitakenan. Awit ingriki kenging dipun têmtokakên, manawi golongan inginggil sadaya dipun kabulakên panuwunipun, mêsthi badhe nuwuhakên kamèrèn tumrap golongan sanès-sanèsipun.

Kêkirangan uwos. Ingajêng sampun wontên pawartos, bilih ing Banyumas kêkirangan uwos. Ing mangke wontên pawartos malih, ing laladan Kudus inggih kêkirangan uwos. Dene sababipun rêgining pantun mirah sangêt, têtiyangipun bêtah arta kathah, lajêng kapêksa nyadèni pantunipun. Wusana pinanggihipun lajêng kêtêlasan pantun. Ing sapunika têtiyangipun sami nêdha tela, jagug,[8] pohung tuwin sanès-sanèsipun.

Lêlampahan ingkang pananggih kados makatên punika kenging kangge wulang, murih golongan tani sampun sangêt anggènipun ngêbrèh, dupèh lajêng angsal arta. Ngèngêtana bilih taksih panjang gêsangipun ing wingking. Têmtunipun sintên kemawon inggih mangrêtos, bilih jalaran saking anggènipun marnèkakên arta wau ingkang anjalari kasangsaran.

Nyêpêng candu pêtêng. Pulisi ing Tanjungpinang mêntas nyêpêng candu pêtêng wontên satunggiling pulo suwung saking pitêdahipun bangsa Jêpan, sadaya wontên wawrat 12.000 tail rêrêgèn f 300.000. Candu wau lajêng kakintunakên dhatêng Tanjungpriok, kabêkta ing kapal Canopus.

Lowung tumrap ingkang nyêpêng tamtu angsal ganjaran kathah, nanging kosokwangsulipun, tumrap ingkang kecalan têmtu ambrêbês mili.

Kuli-kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Jalaran ing Dèli botên wontên padamêlan malih, wontên kuli cacah 2038 kawangsulakên dhatêng tanah Jawi, tuwin salajêngipun ugi badhe ngintunakên wangsul malih.

Ing taun 1931 lan 1932 punika, ing tanah Jawi sajakipun tansah têrus-têrusan panèn, nanging inggih panèn... tiyang angguran. Ingkang makatên punika sampun têmtu badhe saya mêwahi rêkaosipun ngupados upaboga.

ASIA.

Kapal pêrang Amerika sampun dumugi Syanghai. Kapal pêrang Amerika nama Houston kanthi admiraal Taylor sampon[9] dumugi ing Syanhai[10] saking Manilla, ambêkta saradadu 300. Labuhing kapal wontên sacêlakipun Woo Sung, saking Syanghai têbihipun 13 mil, prêlu nyingkiri mimis saking kapal Jêpan.

Kêkêncênganipun Jêpan. Wêwakiling Departement prakara sajawining praja Jêpan anglairakên pamanggihipun, bilih usul-usul Inggris tuwin Amerika supados Jêpan rukun rêmbag babagan Syanghai, mbokmanawi Jêpan ugi mituruti, naning[11] bab murih tumuntên ngrêmbag prakawis pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, botên dipun tampèni babar pisan.

Kapal Kent. Kapal pêrang Inggris Kent, ingkang mêntas kawartosakên bidhal saking Tênjungpriok botên kasumêrêpan, ing sapunika sampun wontên ing Syanghai, baris kalihan kapal torpedo Amerika cacah 8.

[Grafik]

Krêtêg agêng ing Sydney Australia. Krêtêg ing palabuhan Sydney ingkang misuwur agêngipun sampun mèh dados, ing salêbêtipun wulan Maart sampun kenging kongge[12] lumampah.

--- 208 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna.

24

[Dhandhanggula]

ing sawusing kalêksanan sami | sri narendra dhawuh kinèn yasa | candhi-candhi kang agêdhe | kongsi mangkya tinêmu | tabêtira nata linuwih | dadya pangeram-eram | singa kang andulu | yêkti umèngêt sri nata | kang ing nguni iyasa candhi linuwih | datan kêni kinira ||

mangkya murwèng carita mangsuli | tatanira duk ngadani karya | candhi ingkang gêdhe-gêdhe | kang nèng Langka misuwur | kadi ingkang aran linuwih | Miriswèti kaloka | endah warnanipun | kalamun angupayaa | ing sajagad datan ana kang nyamèni | agung myang adinira ||

duk akarya candhi Miriswèti | rarasira kadi kaelokan | apan mangkana purwane | amarêngi Sang Prabu | Drêsthadyumna ngêngimur galih | ingiring para wadya | lir pahargyan agung | lêlumban anèng talaga | sacakêting candhi Tisa suka ngênting | kang lêlangên nèng tirta ||

warna-warna lêlangêning warih | kongsi kasok dènnya suka-suka | agung alit datan pae | ngêtog sukaning kalbu | wus araras sasami-sami | kang mangkana sanyata | sing barkahing ratu | kang mahambêg sama-sama | tan ambeda rasaning agung myang alit | dening sami kawula ||

tindak nata nyata makolèhi | anumusi tumanêm warata | têmah wuri awoh sae | pra kawula mung saguh | nadyan kinèn nêmpuh ing jurit | mangsah mungsuh kawasa | datan nêdya mirut | suka palastrèng payudan | kang mangkana nyata dadya tăndha yêkti | suyuding wadyabala ||

marma lamun nuju amarêngi | sri narendra mangun suka-suka | raosing galih tan pae | momong miwah amêngku | maring prênah akulit daging | tan ana sinulayan | inguja sakayun | miwah boja andrawina | alumintu kadi tindak amêmulih | rasaning kasayahan ||

duk samana sarampunging kardi | yèku dènnya samya suka-suka | sri narendra dhawuh age | pra wadya mrih ngalumpuk | Sri Jumêna nulya murwani | ngasta têkên karajan | dèn tancêpkên kukuh | nèng bantala datan ebah | dene punang têtêkên ingkang winarni | pusakaning narendra ||

salêbêting kang têkên umèsi | awunirèng budha kang sinêmbah | pinundhi praptèng samangke | dene pangagêmipun | ing sadèrèng sri nata jurit | lawan Prabu Elala | anênggih duk wau | têkên wus tumancêb kisma | kupêngira kinèn samya anancêbi | tumbaking para wadya ||

wusing têpung pra wadya pinurih | sêsarêngan samya ulah raga | kawuryan kalangkung rame | cikating tandangipun | datan ana kang nguciwani | miwah karosanira | mawèh eram tuhu | tanapi bêtah tumandang | kadi datan darbe rasa angêndhoni | mring traping ulah raga ||

kang mangkana minăngka mungkasi | para wadya dènnya suka-suka | myang ngatonkên marang gawe | kalamun wadya prabu | asantosa tan nguciwani | riwusing sawatara | tinangaran sampun | pra wadya kinèn bubaran | myang samêkta wangsul mring Nurada puri | sakala sumadhiya ||

miwah dhawuh ambêdholi sami | tumbak-tumbak myang têkên karajan | lamun wus binêdhol age | binêkta ngarsèng prabu | ingarak kang pra wadya sami | samana para wadya | pan tumindak sampun | ambêdholi tumbak-tumbak | cinêpêngan para wadya ingkang wajib | tan antara wus purna ||

wadya liyan nulya angayati | ambêdhol kang têtêkên karajan | nanging datan antuk gawe | datan obah dinudut | langkung kêncêng tumancêb siti | nadyan janma kang rosa | asabar ing laku | kongsi kumyus kang swanita | abêbasan kongsia karingêt gêtih | datan mungkasi karya ||

waringutên kang tumandang sami | datan pae kadi păncakara | angadu ing karosane | nanging mêksa tan rampung | ing pangrasa kang têkên kadi | tumuwuh saking kisma | kang aoyod kukuh | têmah sadaya kang mulat | sakalangkung ngungun myang eram kapati | maring kaananira ||

mangkya têmah katur sri bupati | wus pratela kang wadya sadaya | kalamun cabar ing gawe | samana sang aprabu | langkung ngungun dangu tan angling | wusana anggarjita | lamun kang tinêmu | tuhu mung măngka sasmita | yèn ing papan tancêbing têkên narpati | dadya pèngêtan wuntat ||

myang rinasa lamun papan suci | dadya mangkya panampi narendra | arsa ngiyasani age | candhi ingkang linuhung | ingkang wajib ingaji-aji | sawusira narendra | anggalih kadyèku | nulya adhêdhawuh sigra | wèh têtêngêr sêsêkaran sarwa adi | cakêt têkên karajan ||

sawusira kalampahan dadi | dyan umiji wadya kang anjaga | tan kêni sambranèng gawe | sri nata nulya kondur | tuwin datan dangu tumuli | sri nata dhawuh yasa | ingkang candhi agung | nèng prênah kang tinêngêran | para wadya kang samya adarbe wajib | nulya tumandang karya ||

sumêbaring warta maratani | para janma kang samya miyarsa | prapta ambiyantu gawe | kongsi maèwu-èwu | tanpa kêndhat tumêkèng dadi | wusana paripurna | katon langkung agung | miwah sakalangkung raras | yèn sinawang tan mirib yêyasan janmi | kadi kang candhi tiban ||

awit lamun kinira ing pikir | lăngka lamun yêyasan manungsa | saking agung myang adine | mangkya kaparêng prabu | amaringi araning candhi | cocog lan ananira | lakon kang tinêmu | candhi Miriswèti karan | amèt jarwa dening rêkasa ing nguni | pambêdholing lantaran ||

myang mêmèngêt mring sanggyaning janmi | murih samya ajrih myang mirisa | lamun mulat kaanane | lan umèngêta tau | aywa anggung asipat lali | kaladuk mangan nendra | suka-suka nutug | mangkya wajib umèngêta | mring pandhita miwah panuntun agami | mrih mangguh karaharjan || (Badhe kasambêtan)

--- 21 ---

Nomêr 6, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Baya

Ana êndhog gêdhe gumaluntung ana sapinggiring kali, gêdhening êndhog mau nganti ngungkuli êndhog banyak, upama didadara, ayake cukup kanggo lawuh sapuluh dina. Nanging êndhog mau slamêt ora dijupuk ing uwong sing watake sok opèn, amarga pamanggone ana ing papan sêpi.

Êndhog mau ora diêngrêmi dening biyunge kaya kêlumrahaning bangsaning pitik iwèn utawa manuk sapanunggalane, mung gumlethak bae. Nanging suwe-suwe jalaran saka kapanasan srêngenge, êndhog mau bisa nêtês, plêthuk, mêtu rêrupan kaya kadhal, malah isih luwih gêdhe.

Kewan sing lagi mêtu saka ngêndhog mau mripate manthêlêng ora kêdhèp-kêdhèp, kaya ngrasak-rasakake anggone manggon ana ing papan kobèt, ora kaya panggonane lawas, sing mung cukup kanggo ngringkêl. Suwe-suwe kewan sing mêntas nêtês mau barêng kanginan, awake banjur tungtum mêtu karosane, sarta banjur anggaronjal mêtu saka cangkanging êndhog, ngulat-ngulèt kaya anduduti awake.

Barêng wis sawatara dina, gêdhening awake wis mundhak akèh, banjur saba mrana-mrana, lan bisa nêmu mêmangsan kang marêgi lan munpangati, mula gêdhening awake kaya diububi, mundhak karosanane.

[Grafik]

Suwe-suwe kewan mau dadi gêdhe têmênan, lan banjur rumasa yèn rosa, sarta barêng wêruh banyu kali banjur nyêmplung, nglangi ya bisa, kaya ta yèn wayah esuk mêntas ana pinggir kali.

Nalika kewan mau nuju dhewe ana pinggir kali, liyêr-liyêr ngêmatake panasing srêngenge, kagèt krungu ana wong nyuwara: baya, baya.

--- 22 ---

Suwe-suwe ngrêti yèn diwêdèni uwong. Mula banjur duwe ambêg wani, manggan lan sapanunggalane, awit mung tansah ngrumasani dieringi ing uwong. Nanging suwe-suwe rèhning tansah gawe piala, baya mau kêna diakali wong, wusana dipatèni.

Dadi têtela, dhêdhasar ala iku yèn ora kêtumpangan piwulang bêcik, gampang dadi ngrêbdane, lan wusanane, nêmoni apês.

Wong Dhuwur

Mungguhing dêdongengan, akèh sing ngandhakake anèh-anèh, kaya ta wong drêmba, mangan êlo bisa ngêntèkake êlo pirang-pirang uwit, ngombe bisa ngêntèkake banyu sabangawan, iya kuwi sing tinêmu ana ing dongèng uthak-uthak ugêl. Yèn dongèng Walănda tinêmu ing dongèng lêlakone Tuwan Gulipêr, wah, gêdhening tuwan mau nalika angambah nagarane wong cilik, nganti dipadhakake buta, ngêntèk-êntèkake rijêkining nagara, nanging barêng ngambah ing nagarane wong gêdhe, Tuwan Gulipêr ngrumasani dadi uwong cilik bangêt. Kabèh mau mung tinêmu ana ing dongèng, kêna diencokake dadi piwulang.

[Grafik]

Saiki gênti ngrasani bab wong dhuwur, nanging dudu dongèng, lan ayake bocah-bocah ya wis ana sing tau wêruh wong dhuwur mingklik-mingklik. Nanging mungguhing dhuwur, tumrap dhuwuring wong tanah kene, durung madhani dhuwuring wong ing tanah Eropah, racake wong kene yèn gunêman karo băngsa Eropah nganti andhangak. Dadi mungguhing racake, wong tanah kene ngarani băngsa Eropah iku dhuwur-dhuwur.

Saiki tumrape băngsa Eropah, panganggêpe dhuwuring bangsane mau iya padha bae. Nanging satêmêne iya isih ana wong sing mrojol dhuwure. Kaya sing kacêtha ing gambar, iku wujude băngsa Inggris jênêng Tuwan Jack Erleigh, kacarita ing sajagad kalêbu wong sing dhuwur dhewe, dêdêge 2 1/2 mètêr. Wah ana dêdêg têka samono, yèn wong Jawa ngarani othak-othak mega. Tuwan mau digambar nalika nuju tabikan karo masinis sêpur.

--- 23 ---

Dongèng Wong Cêthil

VII. Bingung ora têgêl ninggal băndha.

Magatruh.[13]

nganti saru biyung lan anake têlu | mung padha anggiyêng nangis | nganti ana wong sing nyaru: | dene kaya bocah cilik | padha nangis pating glêmbor ||

ngono iku ora mathuk mungguh aku | jênênge uwong wis mati | rak iya dang mikir kubur | lan tumuli diêdusi | aja mung pijêr mangkono ||

sambat sêru Bok Karya adhuh bojoku | dene kowe sida mati | gèk bakal priye awakku | luwung pisan milu mati | dadi pikirku banjur plong ||

nuli krungu ana tăngga muni nyaru: | bok wis aja nangis nyai | apa ya mung ngono rampung | bok anak sing tuwa kuwi | urun-urun rêmbug kono ||

anak têlu babarpisan êmoh ngrungu | mung tumungkul karo nglirik | mênyang băndha sing ngrênggunuk | malah bokne dipleroki | yèn dipikir nganti ewoh ||

dene mungguh karêpe wong têlu mau | mung saka anyujanani | nyang sadulur karo biyung | samar bokmanawa nganti | băndha ing longan dicolong ||

anak têlu karo kapapate biyung | atine mung padha watir | yèn kêlimpe ora wurung | salah siji mêsthi melik | dadi pikire mung ngongsrong ||

barêng anu tindak sing mangkono mau | wong-wong akèh padha ngrêti | nuli ana wong sing nyaru | ah kuwi ngisin-isini | rak saru didêlok uwong ||

aku wêruh pikiranmu kabèh kisruh | mung saka bangêt ngèlingi | băndha têtinggalan iku | nanging ora nganggo mikir | apa sing mati bèn bosok ||

nanging kukuh kabèh niyat êmoh wêruh | suwe-suwe dituwani | dening tăngga sing têtulung | cekat-cèkêt dirampungi | wong papat padha malênggong ||

gumarudug budhale mênyang ing kubur | mung waris êmoh mêruhi | pijêr amêkêngkêng kukuh | timbang ninggal băndha kuwi | aluwung matia ngênggon ||

kabèh mau nganti padha kuru-kuru | saka ngêlèh karo arip | dadi uwong kabèh mau | kabanjur-banjur le lali | luput bangêt kang mangkono ||

nuli thukul kapalane desa usul | mangkene anggone muni: | yèn wong papat kabèh iku | ora niyat padha eling | rak padha mati kalakon ||

kabèh iku bok iya padha anggugu | kowe padha tak tuturi | bok uwis dibage rukun | mêngko aku sing nêksèni | aja nganggo ewah-ewoh ||

barêng krungu Bok Karya mangsuli sêru: | botên niyat ajêng bêcik | wong anak kula têtêlu | niyate mung ngajak mati | diêduma rukun lumoh ||

banjur usul anak sing tuwa jumêdhul | sintên sing purun nuruti | biyung kula lan sadulur | mung padha gêgêdhèn melik | panggulune nyêndhu songol ||

la wong kowe kang ora bêcik karêpmu | pèh kowe sing lair dhisik | kabèhe arêp kowêngku | mung arêp ngêpyur-êpyuri | mêsthine aku ya êmoh ||

banjur maju wuragile muni sêru: | cêkake prakaran uwis | sanadyana ora ngukup | jênênge padha nglakoni | luwung dipangana uwong ||

wong yèn kojur pikire kabanjur-banjur | cêkake bab băndha kuwi | banjur wuwuh dadi padu | lumuh yèn rukuna bêcik | digantung parentah geyong ||

--- 24 ---

Pitakèn

Katur rama Sêbul

Rama, kula punika lare dhusun balêjêt, lajêng malêbêt ing sêkolahan ăngka 2, rèhning kula punika lare dhusun makatên, dados kula gadhah kuwatos manawi anggèn kula bêbasan dhatêng guru kula kalintu, pramila kula kapêksa takèn dhatêng guru kula rumiyin, ingkang kula suwuni priksa bêndara mantri guru, lajêng dhatêng guru bantu sanèsipun. Nalika kula sowan dhatêng mantri guru, kula lajêng sila ing iringanipun kursi, lênggahanipun dara mantri, sarta matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli kowe nèk nyêbut nyang aku, bêndara mantri guru. Kula mangsuli: Inggih.

Sasampunipun punika kula lajêng sowan dhatêng kamaripun guru bantu, awit anggèn kula takèn makatên wontên sêkolahan. Kula lajêng matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru bantu mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku bêndara guru bantu Mas Bèi Prawira Adisastra ngono. Lare-lare punika kok namung nyêbut guru Kimun makatên. Iya Kimun iku jênêngku bocah, jênêngku tuwa ngalih Mas Bèi Prawira Adisastra, kowe nèk nyêbut aku aja klèru ya. Kula mangsuli: Inggih.

Kula lajêng sowan dhatêng guru bantu sanès malih, kula matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku Lurah Darma, ngono.

Kula lajêng sowan guru bantu sanès malih, awit ing sêkolahan ngriku guru bantunipun wontên sakawan. Kula lajêng matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku Mas Guru Wirya, kula mangsuli inggih.

Kula lajêng sowan dhatêng guru bantu sanèsipun malih, kula matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi, guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku guru Sastra, ngono.

Lo, kadospundi rama Sêbul, wangsulanipun guru gangsal, têka beda-beda, pramila kula nyuwun priksa, kadospundi anggèn kula nyêbut guru punika ingkang samêsthinipun.

Kula lare dhusun Dhuwit.

Kimpul.

Pitakonmu iki tak lêbokake golongan rêrêmbugan dhewekan, dadi wangsulanku ora kêna koanggo pathokan, mung kêna kanggo duga prayoga.

1. Bab nyêbut bandara mantri guru utawa bandara guru bantu, iku ya wis mungguh, lan ya wis rada kêlumrah, awit ucap bêndara, iku dadi sawijining pangaji-aji, kowe rak wajib ta ngajèni mênyang gurumu. Nanging ucap mau satêmêne yèn rinungu ing liyan, ya sok rada nuwuhake ora srêg, lan yèn mungguhing bêbênêran, kajaba kang pancèn bêndara têmênan, bandara iku atêgês wong sing dingèngèri. Dadi ucap bandara mau ora mathuk.

2. Nyêbut lurah, sanadyan bisa tumindak, nanging durung srêg, awit lurah iku atêgês lurahe wong nyambut gawe, lan sing nyêbut lurah iku kalerehane, dadi yèn murid, nglurah mênyang guru, rada kurang mathuk.

3. Nyêbut mas anu, kuwi kurang rumakêt, amarga ing kono rasane dudu mas kang atêgês sadulur tuwa, karêpe mas sêsêbutan.

4. Muni guru anu, kuwi rasane kumliya.

Nanging kabèh mau yèn wis kêlumrah ana ing panggonanmu, arêp diowahi kapriye manèh, awit siji-sijine sing duwe panjaluk disêbut mangkono, mêsthi wis padha duwe wêwaton kang anocogi karo rasaning atine.

Dene saupama aku sing dadi guru, murid-muridku tak kon nyêbut pak (bapak) kaya-kaya guru anganggêp anak mênyang muride, kosokbaline murid anganggêp wong tuwa mênyang gurune, jênêng wis mathuk.

Pak Sêbul.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Katrêsnaning. (kembali)
Kurang dua suku kata: durung bangkit bisa apa-apa. (kembali)
§ Karangan punika sae, mèmpêr karangan ing V.A. 1921. Red. (kembali)
kadamêl. (kembali)
salêbêtipun. (kembali)
Pandeglang. (kembali)
sudan. (kembali)
jagung. (kembali)
sampun. (kembali)
10 Syanghai. (kembali)
11 nanging. (kembali)
12 kangge. (kembali)
13 Mêgatruh. (kembali)