Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-17, #657

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-17, #657. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-17, #657. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 14, 9 Sawal Je 1862, 17 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [209] ---

Ăngka 14, 9 Sawal Je 1862, 17 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Pêkên Makalê

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun pêkên ing Makalê, laladan Sêlèbês têngah.

--- 210 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 10.

Ucap-ucapan ăngka 2

Kacarita sri bupati dahat kawêkèn ing galih, sinamur ngasta capuri, lajêng amucang, (ing ngriki lajêng sêndhon pananggalan).

Ucap-ucapan ăngka 3

Kasaru gêdêring jawi, ing pangurakan rame gumuruh, tambuh-tambuh solahing wadya, orêg kaya gabah dèn intêri. Bela-bela[1] panêrkaning para kawula:

*)[2] He, alon kănca, alon, prastawakna kang têtela, apa kang gawe gègèring pangurakan. Apa ana gajah ambêdhat saka wantilan, apa jaran ngêrap saka pandêngan, apa macan ucul saka krangkèng. Ilahdallah, apa gêgaman ngarêp iki, apa parangmuka tanpa cêcala, nganggo gêlar dumuk angun-angun. Hèh, kănca, padha prayitnaa, dudu parangmuka, kănca, ana raja duta mawa upacara sagêlar sapapan.

(Ing ngriki katungka wêdalipun Satyaki mariksa wahanane gègèring jawi) bocah ing Dwarawati, apa sing dadi gègèring jaba, dene kabina-bina têmên kongsi kauningan saka pasewakan.

Kula nuwun inggih radèn, ingkang dados gègèring jawi dede matêngga ambêdhat ing wantilan, kuda ngêrap ing pandêngan, tuwin dede sardula mêdal ing panjara, ananging wontên raja duta saking Garbaruci, badhe ngabyantara ing raka paduka kangjêng sinuhun.

E, yèn mêngkono andhêgên ing pakapalan, sugatanên kang prayoga, aku tak ngunjuki uninga.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki.

Ucap-ucapan, ăngka 4.

Mangkana ajuning caraka yaksa nata busanane, gupuh majêng ing pasewakan. (Mungêl gêndhing: gupuh-gupuh), rupèpèh-rupèpèh atrap susila.

Ucap-ucapan, ăngka 5.

Caraka, dikêpara ngarêp, aja ringa-rêringa, ingsun ngêgungake paramarta.

--- 211 ---

Kula nok noknon, dhatêng sandika.

Ucap-ucapan ăngka 6.

Kala Makundara kasok kasongan prabawa, racut bayuning angga, kaya tanpa jiwa sanalika. Sarêng mawas sêmuning Nata Krêsna, tansah anggêlar aksama palamarta, Kala Makundara prêbêng-prêbêng ngrasa têtêg ayêm kadi lêbda jiwa. Tandya aring napase, cêtha pamulune, têrang graitane. Mangkana wêwasoning manah: I, ya jagat dewa bathara, nyata gêdhe prabawane ratu ing Dwarawati, kongsi sapandurat sumrêpêt panonku, ora pramana sawiji-wiji.

[Grafik]

Ditya Kala Makundara.

Ucap-ucapan ăngka 7.

Sèbêt byar sanalika wau sang nata kondur angadhaton, ginarubyug ing badhaya srimpi kang endah-endah warnane, sapêkak madyane, karêngga ing busana. Mangkana sang prabu ngrasuk busana kaprabon, ngagêm makutha kiritha, acundha căndrakanta, sêkar taji rineka tètèsing tirta, jamang mas sungsun tiga tinarètès sotya mulya, akancing garudha mungkur, utah-utahaning garudha warna sagara muncar, sinăngga ing prabarêtna rêrawitan. Ngagêm sangsangan ulur-ulur naga karangrang, binggêl nagabănda, kroncong nagaraja. Ngagêm curiga tinatah tinaturêngga. Ngagêm kampuh limar katangi, calana cindhe puspita gêgubêgan. Sadaya pangagêmaning nata pinarenyok tarètès sotya karawistha, ana intên kastuba, indrakila, sangkêp sakathahing sotya. Ya ta tindaking nata lembehan mêrak kasimpir, kêcoh gajah angoling, tansah satindak mangu sapêcak kèdêg. Sanalika sirna kamanungsane, kadi jawata anganglang jagat, ginarêbêg widadari. Mangkana lampahing nata kèndêl wontên sangajênging wiwara srimanganti, mirsani rêrêngganing gapura kinarya namur mangunênging panggalih.

Gapura ing Dwarawati gêdhene prasasat Mahamèru, dhuwure ngungkuli pucang lan tirisan. Ing pucak sinungan sotya agênge sapuh jênggi, têmpur lan prabawaning diwangkara, muncar-muncar yayah daru pinanjêr, siraping gapura parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, têbêng têmbaga rinaja wrêdi, rineka kêkuwung anginum toya. Jarambah talundhag akik wungu jêjobinan. Inêbing gapura sinungan gambar rineka [ri...]

--- 212 ---

[...neka] putra lan putri. Yèn mênga pindha bedhang patêmbayan, yèn minêb kadi têmantèn pêpasihan. Salingganing gapura ingukir-ukir suwarna endah. Sangajênging gapura sinungan gupala yaksa rineka Cingkalabala Balaupata, Yama Akali Nandhiswara. Cinêpêngan gada angiwa tamèng, irung jinara têrusing kuping, kadunungan brêmana-brêmani. Tinon saking mandrawa kadi danuja anggêrêng gumrênggêng. Bêbauning gapura winarna alas-alasan, bisane kang akarya, tinon kadi sayêktining wana.

Mangkana tindaking nata, lajêng lumêbêt ing dhatulaya.

Bab Tanêman

Têtanèn Brambang

Sasumêrêp kula têtanèn kasêbut nginggil namung ênggèn-ênggenan. Upaminipun kemawon ing Brêbês, punika agêng, ananging Têgal, Pamalang tuwin sanès-sanèsipun malih, botên. Awit saking punika dados lajêng nama miyambaki, pramila angsal-angsalanipun inggih kathah. Ing măngka brambang punika golongan tanêman palawija, pramila botên adamêl pakèwêd, liripun botên ngalang-alangi dhatêng têtanèn baku (nanêm pantun), dados têrangipun, sasampunipun pantun mêngkêr lajêng kagarap kangge brambang, malah sagêd kaping 2 jalaran umuripun brambang namung 2 wulanan utawi langkung sakêdhik, punika tumrap ing tanah ngare, manawi parêdèn langkung dangu sawatawis.

Mênggah anggèn kula mêdhar bab punika: 1e. kabêkta saking ing liya panggenan kirang pamarsudinipun utawi botên babarpisan, 2e. namung nyathêti sawatawis ingkang sampun tumindak ing Brêbês, lan bokmanawi wontên ingkang prêlu-prêlu tumrap ing liya panggenan, botênipun inggih kenging kangge waosan, amargi dados wêwahing sêsêrêpan.

Ingkang dipun tanêm ing kănca tani Brêbês punika wontên 2 warni, inggih punika brambang Palembang, dene satunggilipun brambang Ostrali. Mênggah nami wau kintênipun mêndhêt saking tanah aslinipun piyambak-piyambak, punika sampun jamak, ewadene sagêd pilah-pilah amargi wontên bedanipun.

Brambang Palembang punika alit-alit, manakipun botên kathah, sêdhapuran namung wontên 15 utawi langkung, ananging kiyat dipun tandho tuwin malih purun dhatêng jawah, punika atêgês, nalikanipun taksih tanêman saupami kenging jawah, godhongipun botên dados lodhoh, dados uwoh (pun brambang) inggih botên punapa-punapa. Kajawi punika brambang Palembang suwuripun langkung eca, sampun têmtu cihnanipun pinanggih wontên ing olah-olahan, kados ta: trimah sakêdhik, ananging dhawahipun dhatêng raosing olah-olahan sampun sêdhêp lan sanès-sanèsipun. Emanipun, brambang ingkang wêdalan ngriki botên sae dipun pêncarakên malih, têmtu kirang pamêdal, dados [dado...]

--- 213 ---

[...s] têgêsipun botên kenging kangge bibit. Ananging bab punika juragan agêng botên badhe kêkilapan, ing gudhangipun kêbak, badhe bêtah pintên dhacin, sampun botên kacuwan.

La punika mêdharakên babaring kawruh tumrap brambang Ostrali, nitik ingkang sampun kasêbut ing nginggil, brambang Ostrali punika pinanggih langkung agêng, anjêmbluk, anakipun gêmriyêk, ngantos 30, awit saking punika pamanjanipun kêdah awis-awis, ingkang sampun kêlampahan 30 c.m. punika kala-kala taksih dhawah kêkêrêpên, jalaran dhapuranipun ngantos sapiring dhahar ingkang tanggêl. Dados wiji (bibitipun)nipun babar, manawi bibit Palembang kêdah langkung kathah, sabab kêdah kêrêp pamanjanipun, inggih punika êlêt 10 c.m.

Ing sapunika prayogi ngaturakên rêmbag pangruktinipun ingkang sagêd laras kalihan pangupajiwa. Titikan kawontênan ing nginggil lampahipun kenging dipun ijrah, têgêsipun bibar rêbah pantun lajêng kaolah kangge brambang Ostrali, prêlunipun ambujêng têrangan, amargi brambang punika ajrih jawah. Dene ingkang kaping kalihipun lajêng manah dhatêng brambang Palembang, amargi kiyat jawah.

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên, brambang punika rosa sangêt dhatêng pangisêping lêmèn, pramila manawi dipun lirwakakên lajêng botên kasil. Tumrap ing Brêbês, sadhiyanipun lêmèn tumrap pasitèn 1 bau wontên 8 dhacin kunstmest, dados rabuk kemawon pangaos 72 rupiyah (a f 9.-) ananging ingkang baku sagêd nyantosani inggih tansah wangsul artanipun, ingkang petangipun sampun bathi.

[Grafik]

Brambang.

Andadosna ing kauningan, sirikanipun tanêman brambang warni-warni, saking cariyosipun ingkang suka katrangan dhatêng kula, ingkang prêlu sangêt dipun wigatosakên wontên 2 bab:

Ha. Pasitènipun kêdah têrasan, pikajêngipun punika, pasitèn ingkang nêmbe kabrambang botên prayogi dipun olah kangge brambang malih. [ma...]

--- 214 ---

[...lih.] Gotèkipun, sanadyan dipun rabukana kathah mêksa tuna, malah kêlampah botên wangsul bibit. Bab punika raos-raosipun kados tanêman sata, pramila dhatêng kanalaranipun namung sagêd ngaturakên manawi brambang punika rosa dhatêng pangisêping lêmèn, tandhanipun ing ngajêng ugi sampun kacariyos, manawi ajrih ngêdalakên arta ingkang dumunung dhatêng lêmèn, sagêd botên kamêdalan. Pramila wongsal-wangsul kula matur manawi tatanan-tatanan jaman kina, inggih punika nanêm sapisan nuntên kabêrakakên, punika baku sampun samêsthinipun, jalaran katrangan cêkak, ing salêbêtipun bêra maknanipun siti mulihakên lêmènipun, dados inggih nyata manawi nanêm wongsal-wangsul kados tatanan ing samangke malah botên (kirang) kasil. Inggih jalaran saking punika wontênipun ucap-ucapan bumi ilang brêkahe. Rèhning ing samangke nama kabêtah, dados lampahipun kêdah kaewahan, upaminipun kasêlang-sêling, makatên punika tumrap têtanêman ingkang baku rosa pangisêping lêmèn wau. Bêgja dene pantun botên kagolong rosa dhatêng lêmèn, dados manawi purun kangelan sawatawis, inggih punika manah saening panggarap, pangrimat lan rabuk ambokmanawi inggih botên damêl anggrantêsing manah, emanipun para golongan tani tiyang siti dèrèng paja-paja gadhah pamanahan punika, pramila wontêning têtanènipun dèrèng sagêd nyêkapi. Cêkak aosipun têksih kirang kawruhipun, pramila inggih kagolong mlarat, ingkang tundonipun nênarik asoring drajat.

Na. Tanêman brambang punika gampil kacandhak ama lodhoh, ingkang jalaran namung saking prakawis sapele, têrangipun ingkang panèn kantun kêrêp kapitunan, namung jalaran saking sacêlakipun kangge wira-wiri ambêkta brambang untingan ingkang badhe kasimpên ing griya, utawi kenging sumuking hawa saking brambang ingkang dipun pepe, sagêd nuwuhakên lodhoh, pramila kawontênan ingkang kados makatên wau lajêng limrah dipun wastani: kenging sawan.

Sampun, namung dumugi samantên aturipun.

Sumadi (Pangarasan).

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 5630 (t. Sosman) Kajawèn ajêg dipun kintun. Dene lampahipun randhat, utawi ajêgan dipun thèthèli ing tiyang punika, dede têtanggêlanipun ingkang ngintun, prayogi dipun intip.

Tuwan Sa-ta. Ukuranipun sanadyan kirang, manawi gambaripun pancèn cêtha (scherp), kenging kacobi, awit gambar alit punika manawi botên cêtha yêktos, rêkaos panglisenipun.

Tuwan Slamêt, ing Sangasanga. Buku ingkang panjênêngan dangokakên, prayogi mundhut: Spraakkunst en Taaleigen I, II, III J. Kats ingkang sae J.B. Wolters Gang Scott 5 Bat. Centrum.

Tuwan M.Dj. Martana, ing Surakarta. Panjurung sampun katampèn, nanging botên kapacak, amargi ing sunan nomêr sampun ngêwrat bab warni-warni.

Tuwan A.S. Atmaja ing Kêjajar. Karangan panjênêngan sampun dumugi, nanging botên kapacak, amargi cariyos kados makatên punika sampun kêlimrah sangêt.

Lêngganan nomêr 3836 ing Ungaran. Ju Lê, 1911 Sura, dhawah taun Wawu 1842 windu Adi, wuku Mrakèh, Uwas, măngsa kapitu tumindak 23 dintên, tanggal 12 Januari, utawi 13 Cap Ji Gwik 2464.

Lêngganan nomêr 417 ing Ngayogya. A Kli, 21 Jumadilawal, Je, taun Walandi 1892, dhawah wulan Dhesèmbêr, taun Jawi 1822, windu Kunthara, măngsa kanêm, wuku Tolu, Uwas.

--- 215 ---

Kawruh Sawatawis

Blilu tau Wong Pintêr Durung Nglakoni

Bêbasan ing nginggil punika atêgês tiyang ingkang sampun kulina nindakakên padamêlan wajibipun, sanadyan bodhoa, pinanggihipun sok ngungkuli tiyang sagêd, ingkang dèrèng ngêcakakên padamêlan. Bab kados makatên punika pinanggih wontên ing lêlampahan warni-warni, kados ta:

Ingkang pinanggih wontên ing priyantun ingkang mêngku bawah, punika ing kalanipun manggèn ing papanipun enggal, ing pangraos taksih cêthunthungan sangêt, dening dèrèng wanuh dhatêng têtiyang ingkang dipun wêngku, utawi dèrèng kawong kalihan kancanipun sêsarêngan angangkati damêl. Manawi priyantun enggal wau botên ngrumaosi kawon kalihan kancanipun lami, têgêsipun sagêd ngêmong, inggih lajêng ngawontênakên raos botên sakeca. Kosokwangsulipun manawi purun ngêmong, pinanggihipun lajêng sagêd nyumêrêpi kawontênan warni-warni, awit ing ngriku sagêd nyumêrêpi tindak balilu taunipun ingkang sampun sami ngêcakakên damêl, ngantos marojol saking pangintên, upaminipun wontên tiyang ingkang wajibipun namung dados juru kengkenan, jêbul wontênipun ing ngriku sagêd nindakakên padamêlan sêsêratan, utawi nindakakên pikiran wigatos. Dados saupami wontên tiyang têtunggilan damêl kalihan tiyang lami, kêdah angênggèni caraning balilu tau.

Saya malih tumraping padamêlan patukangan tuwin sanès-sanèsipun ingkang nama bangsaning kriya, punika malah saya cêtha ing bab ajining balilu tau, kathah kemawon tiyang ingkang adhêdhasar kasagêdan kawon kalihan tiyang ingkang sampun kulina ngêcakakên, kados ta grêji upaminipun, tumrap ingkang sampun kulina, sagêd angukur plêk dhatêng badhening rasukan, botên mawi tirah punapa, tur ngukuripun inggih namung plak-plêk sajak botên karaos. Beda kalihan ingkang dèrèng kulina, pangukuripun katingal ngatos-atos, pathokanipun dipun gêgêgi, ewadene sarêng dipun cakakên asring pinanggih cidra. Malah wontên sawênèhipun grêji, ingkang panggêsanganipun namung bêbêrah, nanging anggènipun bêbêrah wau sadintên bêrahanipun nêm rupiyah. Mênggah katranganipun grêji wau nyambut damêl wontên ing toko pangagêman gadhahanipun băngsa Walandi ingkang misuwur agêng. Măngka sadaya wau tumindakipun botên sanès namung saking balilu tau.

Makatên ugi tumrap padamêlan mêsin, punika mênggahing băngsa Jawi, nama sanès padamêlanipun, ewadene botên kirang tiyang Jawi ingkang sagêd nindakakên namung saking balilu tau, malah asring dados pitakenaning tiyang ingkang sampun dhêdhasar kawruh nanging dèrèng ngêcakakên.

Mirid andharanipun tiyang ingkang sampun ngêcakakên damêl, kala enggal-enggalan wontên sêpedhah, tumrap băngsa Jawi rumaos manggih pangina, tamtu botên sagêd andandosi karisakanipun,

--- 216 ---

nanging wusananipun pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, botên kirang băngsa Jawi ingkang dados juru andandosi sêpedhah, minggah-minggahipun dumugi sarêng wontên oto, ugi wontên ingkang sagêd andandosi. Malah salajêngipun botên kêkirangan ingkang sagêd bawa piyambak abikak toko, dalah andandosi.

[Grafik]

Băngsa Eropah nuju sinau numpak kapal

Tumraping para wanita, punika mênggahing bab tumindaking damêl kabêtahan griya, limrahipun kawon kalihan ingkang sampun balilu tau, awit tumrap ingkang balilu tau, anggènipun ngêcakakên damêl nama sabên dintên. Saya mênggahing bab olah-olah, tumrap ingkang sampun kulina, anggèning ambumboni namung katindakakên sarana pangintên-intên kemawon, malah wontên ingkang anggènipun ngicipi namung sarana dipun gănda, pinanggihipun botên kuciwa.

Wontên malih padamêlan ingkang sagêdipun namung sarana saking balilu tau, inggih punika bangsaning nênumpak utawi nglampahakên, upaminipun kusir, punika sagêdipun nindakakên namung saking kulina, manawi numpak kapal, dipun wiwiti saking sangkaning lare, kala-kala angguyang kapal, makatên ugi tumraping kusir, sakawit namung dados kênèk, dangu-dangu sagêd kulina.

Ingkang langkung elok malih punika tumraping băngsa Jawi ing bab têtabuhan, ing ngriku cêtha sangêt bilih anggènipun sagêd nabuh wau namung saking kulina, ingkang lajêng kenging dipun wastani balilu tau.

Nanging manawi dipun manah, sadaya wau pinanggih wontên ing jaman nalika dèrèng majêng, manawi tumrapipun wontên ing jaman sapunika, sawarnining kawruh wontên pamulanganipun, tamtunipun inggih pinanggih saya langkung sampurna. Dados pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, pancènipun têmbung balilu tau wau linintu ing têmbung: sampun kulina. Nanging sarèhning bêbasan wau sampun gêsang, dados sanadyan ingkang kulina ngêcakakên wau tiyang sagêd, ugi taksih dipun wastani balilu tau.

Mênggah lêrês lêpatipun sumăngga.

Ha.

--- 217 ---

Jagading Wanita

Pigunanipun Tiyang Sagêd Damêl Dhêdhaharan.

Sampun dados tata kalimrahan, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, têtiyang mara tamu dhatêng panggènaning sanak pawong mitra, mawi dipun sugata wedang dhêdhaharan, malah tumrap ingkang kuwaos, pasugatanipun wau sanadyan namung sakêdhik, nanging miraos, adhakanipun băngsa kuwih garing-garingan.

[Grafik]

Para wanita ingkang sami damêl dhêdhaharan kuwih.

Sintên tiyang ingkang mara tamu kêpêthuk sêsêgahan ingkang miraos, sawangsulipun saking griyanipun tiyang ingkang dipun para tamoni, adhakan angalêmbana. Mirid kalimrahan ingkang kados makatên punika, dados ingatasipun wanita, adamêl kuwih punika kalêbêt kawruh pêthingan, wajib dipun sinau.

Makatên ugi tumrapipun tiyang abale griya, sadhiya kuwih ingkang sae saha miraos, ugi kalêbêt kautamèn, utaminipun malih manawi kuwih wau damêlanipun piyambak.

Sayêktosipun tatacara rimat dhêdhaharan, punika sampun kalêbêt padatan kina, nanging dumuginipun ing jaman sapunika, ingkang taksih nindakakên rimat wau limrahipun pinanggih wontên para sadhèrèk dhusun ingkang tanah alusan utawi têtiyang ingkang panggenanipun têbih saking papan rame. kajawi ingkang pancèn wontên.

Nanging tiyang damêl kuwih ingkang sae tuwin miraos, punika waragadipun botên sakêdhik, mila limrahipun [li...]

--- 218 ---

[...mrahipun] inggih namung dipun tindakakên dhatêng para ingkang kacêkapan, tumrap ingkang kacingkrangan awis-awis ingkang purun nindakakên, satêmah kalajêng-lajêng botên sagêd damêl kuwih alusan.

Mirid wêwatêkan lumuhan ingkang jalaranipun kados makatên, punika sayêktosipun adamêl kapitunan agêng, awit lajêng botên sagêd sumrambah angêmori dhatêng kamajênganing jaman. Mila ingkang prayogi, tumrapipun ingkang kacingkrangan, inggih kaparênga sinau, awit wontên kalamangsanipun, adamêl kuwih punika dados kagunan adi, kêrêp dados sêsambataning sanak sadhèrèk, utawi tiyang ingkang sagêd damêl kuwih sae, punika adhakan misuwur namanipun.

Nanging ingkang pinanggih ing jaman sapunika, kados para wanita sampun botên kêkirangan pangudinipun dhatêng kawruh, kajawi wontên ing pamulangan (limrahipun wontên ing pamulangan wanita), dipun wulang ing bab olah-olah, ugi botên kêkirangan pakêmpalan wanita ingkang sami nindakakên ing bab wulangan olah-olah, tumindakipun sagêd mayar, amargi waragading olah-olah ingkang sajatosipun botên sakêdhik, sagêd dipun tindakakên mayar saking urunaning ngakathah.

Tindak kados makatên punika sayêktosipun langkung mikantuki, awit satunggal-satunggaling wanita sagêd anglairakên kawruhipun piyambak-piyambak, upaminipun wontên ingkang sagêd olah-olahan cara Eropah, nanging botên sagêd olah-olahan Jawi, kosokwangsulipun sagêd olah-olahan cara Jawi, botên sagêd olah-olahan cara Eropah, pinanggihipun lajêng sagêd lêlintonan kawruh. Kajawi wulangan olah-olah ingkang kamaligèkakên.

Ing ngandhap punika wontên olah-olahan kalih warni, ingkang katindakakên dening satunggiling pakêmpalan wanita.

Kasêtèngêl

Glêpung gandum 4 cangkir, kèju dipun parud 6 cangkir, martega 1 cangkir, tigan ayam 2 iji.

Abên-abênan sadaya wau lajêng dipun ulêd dados satunggal ngantos amor. Lajêng dipun ulig-ulig, agêngipun sadriji-driji, dipun kêthok-kêthok sapantêsipun, saha dipun osèr-osèri kuninging tigan. Wusana lajêng dipun pan.

Brusêl

Gêndhis bubukan 1 onês, martega 2 pun, tigan 2 iji, glêpung gandum 4 pun. Gêndhis, martega tuwin tigan wau dipun ublêg, manawi sampun amor lajêng dipun cêmplungi glêpungipun.

Lajêng damêl abênan malih, martega 1 pun, gêndhis pasir 1 pun, tigan 2 iji, glêpung gandum 1/2 pun. Martega tuwin gêndhis dipun ublêg rumiyin, tiganipun dipun cêmplungakên kaping tiga, manawi sampun lajêng dipun cêmplungi glêpungipun, dipun dèkèki panili 2.

Abênan ingkang kapisan, dipun damêl kulit, dene abênan ingkang kaping kalih kadamêl isinipun. Pandamêling kulit kawangun kados wadhah lajêng dipun isèni. Wusana lajêng dipun pan.

--- 219 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering.

III

Petruk : Kang Garèng, dhèk anu aku rak wis ngomong, yèn wong kang laku cidra kuwi ora kêna ditêmtokake yèn dhasare pancèn ala, bisa uga anggone nglakoni cidra jalaran saka kalimpute atine. Kang kaya mangkono iku nagara piyambak iya ngemuti, tandhane: dhèk biyèn kuwi ora prêduli wong bêcik-bêcik, ora prêduli wong sêtêngah matêng, ora prêduli wong lêthêng bangêt, anggêre nêrak kang dadi larangan lan wêwalêring nagara, iya banjur sruthut, jê... blus, dilêbokake nyang buwèn bae. Nanging wiwit taun 1918 nagara ambawani paring dalan kanggo nindakake reklasering, jalaran nagara amanggalih: 1. Yèn paukuman-paukuman mau durung bisa ngêndhakake lakune para cidra, jalaran wong-wong sing ora pati gêdhe dosane lan dhasare pancèn ora ala, kuwi yèn ana ing sajêroning buwi banjur dikumpulake karo wong-wong sing dhasare pancèn ala wiwit nang wêtêngan pisan, ing kono kayadene banjur olèh wulangan lan tuntunan supaya laku cidra.

[Grafik]

Garèng : Kiyi pancèn iya bênêr bangêt, Truk, mula iya nyata kêkumpulan kuwi sok bisa andayani marang wêwatêkan, tandhane aku kiyi bae, wah, nèk kowe wêruh aku dhèk biyèn-biyène, wêwatêkanaku pancèn iya agawe gumune wong urip têmênan, anggonku tani, ora dhêmên palêsir-palêsir, ora dhêmên kalintong-kalintong, nyang barang maksiyat sèwu pos dohe, cêkake gaweku sabên dinane kuwi ora ana liya kajaba andhuwêl nyang ngomah bae, nganti awakku mèh bae dipondhoki dara: bèri-bèri, lo, samono taniku kala samana. Nanging barêng aku diangkat dadi priyayi: lir linghèlêp mandhor dalan, sanadyan cilik mênthik pisan rak iya wis jênêng priyayi, ta, mulane iya kapêksa kudu kêrêp kumpul-kumpulan karo priyayi-priyayi liya, kaya ta: kumpulan malêm Minggon nganti têkan Sênèn esuk, muyèn,

--- 220 ---

lan sapêpadhane. Saka anggone tansah kumpul-kumpul mau, ing wusanane pikiranaku banjur malih babarpisan, sing maune ngrasa ayêm lan jênak ana ing ngomah, sabanjure nèk ana ing ngomah, sing katon ana ing mata bae jêbul... bêdor utawa sangabang.

Petruk : Wayah, wong pancèn karêm main dhadhu barang kathik ana-ana bae sing diomongake. Wis, wis, Kang Garèng, tak banjurne omongku ing ngarêp. 2. Suwe-suwene nagara amanggalih prêlu amawas kaanane wong sing laku cidra mau, mulane iya banjur prêlu kudu dititi: mungguh kalakuane wong mau, cara-carane uripe, kaanane sadulur-sadulure lan sapiturute. Wusanane banjur dianggêp prêlu kudu ditimbang paukumane, supaya wong mau aja mundhak ala tindake, kosokbaline supaya bisa dadi wong bêcik-bêcik manèh. Suwe-suwene bisa yakin têmênan, yèn laku cidra sing ditindakake dening sawarnaning wong, kuwi ora kêna dipadhakake bae, jalaran iya kudu dielingi sabab-sababe kang anjalari nindakake kaya mêngkono kuwi. Dadi saupamane nyolong bae, nyolong jalaran saka kapêksa, karo nyolong jalaran saka lumuh nyambut gawe, saka kêsède, lo, kiyi rak beda, ta.

Garèng : Wah, iya mêsthi beda bangêt. Mêngkono uga nyolong sing ora disêngaja, karo nyolong sing pancèn disêngaja arêp agawe kapitunane liyan, kiyi iya kudu dibedakake. Awit manusa kuwi wong gampang bangêt lali lan salah petunge, kayadene aku kiyi kêrêp bae katutan apa-apa sing jalaran saka lali utawa salah petungku, kaya ta: nèk kabênêr ngiras sêga pêcêl kae, kêrêp bae sing tak bayar kuwi papat utawa limang wungkus, nanging barêng bakule wis lunga, lagi kèlingan, yèn sing tak labasake jêbul ana salusin wungkus.

Petruk : Wiyah, iya pancèn arêp niyat anggadhug, nèk ora mêngkono, geneya têka kalalèn lan salahe petung mau ora mung sapisan pindho bae, kok malah migunakake têmbung: kêrêp, têgêse: wis bola-bali.

Garèng : Hla, rak iya lidok ta, nèk sing lali utawa salah petung bangsane wong kaya aku bae, iya banjur: glodhag, ditêtêpake: laku ala. Nanging saupama sing lali lan salah wèsêl mau, băngsa bêndara, apa manèh yèn apangkat bêsar, utawa băngsa: mênir Wèlêm Jakob, lan Karêl, iya diunèkake: ora disêngaja arêp laku cidra. Jalaran saka iki, sanadyan aku bungah êmbuh buyute bungah, dene nagara angèngêti sabab-sababe kang anjalari wong laku cidra, ewadene aku kok banjur rada kuwatir, dhing, nèk anggone angèngêti mau nganggo ukuran warna loro, têgêse: nèk sing laku cidra mau mung bangsane krama bae, iya ora susah nganggo ditlita-tliti, utawa diuras-urus, ngêmungake thêk, trêthêk, diputus: wong ala, nanging nèk sing laku cidra bangsane bêndara utawa tuwan-tuwan, iya êngko sik êngko sik...

Petruk : Wèyèh, Kang Garèng kiyi têka

--- 221 ---

banjur andakwa sing ora-ora mêngkono, wis mêsthi anggone analiti mau iya kanthi saadil-adile, ora bakal ambedakake siji lan sijining wong, ananging ing sarèhne sing sok laku cidra kuwi sing akèh-akèh băngsa krama, iya iku băngsa sing mlarad, iya banjur katone kayadene nèk bangsane krama sing laku cidra mau, banjur tanpa nganggo ditaliti lan diurus kang luwih dawa, nanging pracayaa nyang aku, Kang Garèng, yèn cara-carane nagara anggone analiti tanpa ambedak-bedakake pangkat utawa drajad, nanging iya dipadha bae. Dene kaanane saiki durung pati nyênêngake, lo, kuwi kowe kudu ngèlingi, yèn pranatan kiyi durung suwe tumindake, dadi iya durung bisa sampurna. Wis, wis, Kang Garèng, saiki tak banjurne andharanaku. Jalaran anane pranatan analiti sabab-sababe kang anjalari wong banjur nindakake laku cidra mau, nagara banjur nganakake pranatan ukuman anyar, yaiku sing diarani: ukuman janggêlan (voorwaardelijke veroordeeling).

Garèng : We, hla, saiki kiyi ukuman bae kok ana sing janggêlan, nèk biyèn kajêg-kajêge sing janggêlan kuwi: mung ngêbon limun utawa banyu lănda. Upamane yèn arêp pista gêdhe, bêstèl limun lan banyu lănda nganti pirang-pirang lusin, nanging nganggo janggêlan: turahane kêna dibalèkake.

Petruk : Hara, kok banjur nyandhak bab prakara bon-bonan. Wis, wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, ora wurung mêngko iya mung arêp talencengan bae, liya dina bae padha dibanjurake manèh.

Sêmbahyang Idul Pitri

[Grafik]

Kaum Islam golongan Muhammadiyah ing Ngayogya, nalika sêmbahyang Idul Pitri wontên ing ara-ara.

--- 222 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Sêsarêngan jumênêng pangeranpati. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sampun napak astani kêkancingan jumênêngipun pangeranpati ing karajan Mêlayu têtiga: 1. Tengku Otteman, ajêjuluk Tengku Mahkota, ing têmbe sumilih jumênêng sultan ing Dèli; 2. Tengku Anwar, jêjuluk Tengku Besar, ing têmbe sumilih sultan ing Serdang; 3. Tengku Mansur, jêjuluk Têngku Besar, ing têmbe sumilih sultan ing Kualuh.

Putra nata ingkang sampun ingangkat jumênêng pangeranpati punika, sadaya kalampahanipun wontên ing têmbe, nanging sampun araos nyakêti dhamparing kaprabon.

[Grafik]

Panggêsangan ngingah kambangan. Tumrap têtiyang ing kitha, ngingah kambangan punika namung kangge sambèn kemawon, nanging tumrap tiyang sajawining kitha, ingkang papanipun anyêkapi, ngingah kambangan punika malah dados panggêsangan, awit pangingahipun aturan, paniganipun botên sakêdhik. Inginggil punika gambar dununging papan pangenan kambangan ing Bêkasi, Mr. Cornelis.

Mr. Urip Kartodirjo dados Walandi. Kasêbut ing Stbl. 1932 No. 39, Mr. Urip Kartodirjo, president landraad ing Bonthain (Celebes) hakipun sampun kasamèkakên kalihan bangsa Eropah.

Beda-bedaning kadrajatan punika pancèn limrah dados pêpenginan, samantêna mêksa mawi êmpan papan. Upaminipun tiyang kapengin angsal pangaji-aji, karaya-raya sumêngka angangkat badan, sanadyan hakipun sampun kasamèkakên kalihan bangsa Eropah, nanging manawi botên salaras, inggih tiwas dados ucap kemawon. Nanging manawi nyataning kawontênanipun sampun kados Mr. Urip, raosipun inggih sampun mungguh. Nanging punapa inggih ing batos badhe araos Walandi sayêktos?

Partai Indonesia badhe adamêl congres. Kawartosakên, benjing tanggal 14 dumugi tanggal 17 Mèi, pakêmpalan P.I. badhe ngawontênakên congres ingkang kapisan wontên Bêtawi. Ing congres wau badhe ngawontênakên rêmbag ing bab swadesyi utawi badhe ngêdalakên sêrat kabar kabangsan.

Manawi badhe ngajêngakên ing bab swadesyi mugi ingkang lair batos sayêktos, sampun wontên ing begandring kemawon. Dene ing bab badhe ngêdalakên sêrat kabar, mugi sampun ngantos kirang wêweka, kêdah tansah angèngêtana jamanipun.

Bangsa ngamanca ingkang dhatêng ing tanah ngriki. Miturut pèngêtan, wontênipun bangsa ngamanca ingkang lêlana dhatêng tanah ngriki ing taun 1931 wontên 10.000, ing taun 1930 langkung kathah, kaot 1000, punika dèrèng kapetang ingkang numpak kapal ingkang kamaligèkakên.

Wah tindakipun para andon lêlana punika, kados namung prêlu mamèrakên kasugihanipun.

Sudan sèwu siti. Kawartosakên, ing rantaman wragad karajan Surakarta taun 1932, pêpetangan pajêg siti ingkang kangge têtanèn, kajawi tumrap siti ingkang katanêm sata, kasuda 20%. Jalaran saking sudaning pajêg wau, karajan Jawi kapitunan f 32.000.-. Kajawi punika ugi ngrancang sudaning pajêg siti 20%.

Hêm, ing pundi-pundi botên wontên lêlampahan ingkang raosipun botên nyuda.

Gêdhong Nasional Indonesia tuwin arta darma f 30.000. Ing wêkdal punika sami rame tuwuh rêmbag ing bab arta f 30.000.- ingkang kadarmakakên dhatêng G.N.I. asli saking Tuwan J.H. Behrns, tilas tuan kêbon ing Banyuwangi. Darma wau dipun wastani wados.

Pancènipun rêmbag kados makatên punika botên prêlu kapanjang-panjangakên, inggih saking sintêna kemawon, waton botên mawi prêjanjian ingkang badhe damêl kapitunan, bok inggih kajêngipun.

Badhe nglêbêtakên barang kangge nyingkiri pajêg. Pabeyan ing Tanjungpriok mêntas andênangi dêlancang sigarèt ingkang asli saking Tiongkok, beyanipun kintên-kintên wontên 6 èwu rupiyah. Lan ugi mêntas ambêslah batu api, ingkang badhe kalêbêtakên sarana salingkuh.

Tindak kados makatên punika sanadyan nyamari, tur manawi kacêpêng adamêl kapitunan agêng, ewadene tansah dipun lampahi. Kados makatên tumindaking lêlampahan ing donya.

Bantèng Rakyat. Sêrat kabar bantèng Rakyat ing Ngayogya kalampahan sampun mêdal. B.R. punika sanès gadhahanipun P.I. utawi golongan Mêrdika, nanging gadhahanipun golongan ingkang sêtya dhatêng bêndera abrit pêthak aciri sirah banthèng.

Sudaning angsal-angsalan beya ing Tanjungpriok. Ingkang sampun-sampun angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok sabên [sa...]

--- 223 ---

[...bên] wulan f 1.000.000. Ing taun 1931 ugi taksih samantên, nanging wulan Januari kapêngkêr namung angsal f 708.000.-

We, la, kojur, têka saya mêngkêrêt lan ngaprêt makatên.

Ngajêngakên barang damêlan piyambak. Wontên pawartos, Tuwan Driyawongsa sakanca gadhah sêdya badhe damêl parêpatan kalihan pangrèh pakêmpalan cooperatie Mataram, ngrêmbag supados barang dêdamêlan tiyang siti sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi.

Sêdyanipun Tuwan Driyowongso wau pinuji sagêda kasêmbadan; benjing dhumawahipun parêpatan sagêda matêngakên rêmbag ing bab sêdyanipun wau. Awit tindak makatên punika badhe sagêd nênangi dhatêng kamajênganing kagunan bangsa lan nyarambahi adamêl panggêsanganing ngakathah.

Têtiyang 200 sami dhatêng kantor pulisi. Ing Bandung mêntas wontên tiyang jalêr èstri sami sowan dhatêng kantor pulisi, prêlu nyêrêg dhatêng satunggiling aannemer ingkang nyidrani janji, jalaran sagah badhe kaajak nyambut damêl dhatêng Palembang, wusana botên nyata.

Muring-muringipun têtiyang ingkang kados makatên punika kenging kangge tandha saksi, bilih têtiyangipun sami bêtah panggêsangan.

Pamulangan P.B.I. Pang P.B.I. ing Surakarta badhe ngêdêgakên pamulangan kabangsan, kanamakakên sêkolahan P.B.I. Nanging bab punika taksih dados rêmbag kalihan centraal bestuur ing Sukaraja.

Bab punika pinuji kalampahanipun.

Jambore kabangsan wontên ing Malang. Benjing wulan Juni 1932 padvinder K.B.I. badhe ngawontênakên jambore kabangsan wontên ing Malang. Ingkang badhe tumut apêsipun wontên tiyang 600.

Wah, iba asrinipun.

Pabrik limun gadhahanipun tiyang siti. Benjing wulan ngajêng ing Ngayogya badhe wontên pabrik limun ingkang dipun adêgakên dening tiyang siti, dipun namakakên Merapi, pawitanipun f 5000.- Ing sapunika ngêntosi dhatênging mêsin wêlinganipun saking Jerman.

Kados ing sapunika sampun kalamangsanipun, tiyang siti kabuka ing manah, purun tumandang damêl anelad bangsa ngamanca. Mangga sintên malih.

Kasangsaran anggêgana. Kawartosakên, R.M. Sutarjo, putranipun Bupati Karanganyar suwargi, murid Nes. Id. Vlieg-club ing Bandung, anggêgana ngangge mêsin mabur "Kriel" prêlu kangge ngambali nêmpuh pandadaran anggêgana ingkang sampun angsal pandadaranipun panggêgananipun sakawit sae, nanging nalika badhe mandhap, mêsin mabur wau lajêng menggok saha lajêng dhawah. Mêsinipun risak, R.M. Sutarjo botên èngêt lajêng tilar donya, amargi sirahipun kêtatab. Mayitipun R.M. Sutarjo lajêng kabêkta dhatêng griya sakit. Salajêngipun kasangsaran punika kapriksa dening commissie para ahli anggêgana.

Mugi arwahipun ingkang murwèng ing kasidan dumugia pangayunaning Pangeran kanthi margi padhang. Eman, dene sêdyanipun badhe dados Radèn Gathotkaca amanggih pambêngan.

Wohing salaki rabi pêksan. Ing Talangulu, Palembang, wintên[3] lare èstri dipun emah-emahakên dening tiyang sêpuhipun, angsal lare jalêr ingkang botên dados panujuning manah. Enjingipun pangantèn èstri pinanggih pêjah ngêndhat.

Lêlampahan kados makatên punika sampun kêrêp pinanggih, punika wajib dados panggalihanipun tiyang sêpuh. Makatên ugi kosok-wangsulipun, anak punapa botên wajib ngêmong dhatêng katêntrêmanipun tiyang sêpuh? Awit tindak ingkang linampahan gampil, punika sajatosipun riwil sangêt.

Tiyang anggantosakên namung sakêdhik. Miturut kawontênan kala ngajêngakên lêbaran, ing pagadhean guprêmèn ing Cakranêgaran (Surakarta), tiyang ingkang anggantosakên sakêdhik sangêt, beda kalihan padatan.

Mirit kawontênan wau, kiranging tiyang anggantosakên punapa botên jalaran têtiyangipun sampun sami botên gêgadhahan? Nanging manawi mirit kawontênanipun ing Surakarta taksih kathah pagantosan jawi, sagêd ugi têtiyangipun sami anggantosakên dhatêng pagantosan jawi wau.

H.I.S. dhêdhasar Islam ing Bogor. Kala tanggal 14 wulan punika, ing kampung Empang, Bogor, mêntas kawontênakên parêpatan umum, saking ada-adanipun comite adêging H.I.S. met den Qoran, kangge mupakatakên pambikaking pamulangan ing enjingipun. Parêpatan dipun dhatêngi wêwakil: B.O. Pasundan, P.G.H.B., C.C.I. tuwin sanès-sanèsipun. Sêsêpuhipun comite Tuwan Partaamisena, mratelakakên ancasing H.I.S., inggih punika anyêkapakên kabêtahan ing bab pangajaran, salajêngipun para wêwakil pakêmpalan gêgêntosan mêdhar sabda. Jam 12 bibaran, wilujêng. Sêkolahan wau muridipun wontên 50.

Tindak ingkang makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun anglênggahi kalihan kawontênanipun, dados katingal botên tansah dados damêl kemawon.

EROPA.

[Grafik]

Sawung ulah raga ing Eropa badhe dhatêng ing Amerika. Tumrap ing tanah Eropa, ulah raga punika dipun wigatosakên sangêt, satunggal-satunggaling ulah raga wontên sawungipun piyambak-piyambak. inginggil punika para sawung ulah raga golongan ulah raga warni-warni ing Eropa, sami badhe bidhal dhatêng Amerika.

ASIA.

Wadya Jêpan kasêsêr. Wadya Jêpan ing Pai Chi Chiao, Hu Chia Mu Chiao, Hisang Yen Chiao, Hongkew tuwin Kiang Wan kakawonakên dening wadya Tiongkok, Hoofdkwartier Jêpan ing Hankew kenging dipun broki wadya Tiongkok.

--- 224 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga.

Drêsthadyumna

25

[Sinom]

dènnya mêmangun sri nata | mring ananing candhi-candhi | kongsi misuwur warata | kalamun tinimbang yêkti | tan ana kang madhani | kalawan iyasanipun | Prabu Drêsthajumêna | katêlah praptèng samangkin | tabêtira maksih acêtha katara ||

dene kang langkung gêngira | pan wontên candhi kêkalih | karan Lowa Mahapaya | lawan candhi Ruwadwêli | kang ugi karan nami | Mahatupa candhi luhung | tan ana kang tumimbang | agung myang adining candhi | kongsi datan kadi yasaning manusa ||

winarna kaananira | Lowa Mahapaya nênggih | ing luhur atundha sanga | sinawang langkung rêspati | kadi sundhul ing langit | saking kadohan kadulu | anjênggarang ngalela | santosanira ngluwihi | pantês dadya papan ulah pudyabrata ||

anênggih sêsakanira | sèwu ênêm atus iji | tinrapan sênthongan sasra | ing sabên sênthongan siji | dèn goni biksu luwih | kang mungkul ulah pudyayu | yèku para pandhita | praja Anurada puri | sêmunira mawèh sêngsêming nagara ||

saking adining yêyasan | yèn pinandhing samèng candhi | kabèh tan ana tumimbang | nadyan yêyasan ing nguni | tan paja-paja mirib | kapara kasoran wangun | agung myang inggilira | sadaya sarwa ngungkuli | kang mangkana mawèh gawok sanggyanira ||

kang măngka pêpayonira | blebekan têmbaga sari | lamun kasoroting surya | sunarira anêlahi | tan pae kadi rukmi | tembok tinrètès jumêrut | sinêling ing sêsotya | tinrapan dhêdhampar gadhing | pinayonan ing sutra pêthak rinenda ||

dene sakaning pandhapa | apan mas galigèn sami | ing ngandhap mawa sinăngga | pêpêthan singa rêspati | saka rinêngga adi | ron-ronan sarwa mas tatur | myang sêsêkaranira | tinrapan sotya dumêling | cahyanira lan surya rêbut prabawa ||

Sang Prabu Drêsthajumêna | kêrêp rawuh anèng candhi | ing kala rawuh alênggah | munggwing ing dhêdhampar gadhing | para biksu sumiwi | dhêdhêg kongsi katon pênuh | yèku pra biksu sasra | kang dêdunung anèng candhi | samya marêk kala nata sinewaka ||

kalamun nuju mangkana | arêgêng sajroning candhi | gumrênggêng kèbêkan puja | kawuryan kalangkung asri | kang mangkana sayêkti | tan pae pêpindhanipun | dènnya nata sewaka | lir tungguling dewa luwih | sinewa ing pra dewa sadayanira ||

ing nalika nata têdhak | bidhalira nitih èsthi | yèku kang èsthi karajan | kang nama Kandhula nguni | rinêngga busanadi | gigir linapakan bludru | abrit amarakata | rinenda-renda ing rukmi | yèn sinawang tan pae aldaka kobar ||

ginarubyug para wadya | samya abusana asri | kadi duk ing kalanira | pasamuwaning nagari | marma tindakiraji | lir arak-arakan luhung | singa kang samya mulat | yêkti kapencut tut wuri | têmah saya mawèh asrinirèng marga ||

swaraning kang têtabuhan | kumrangsang nyabawèng langit | kadi asuka sasmita | mring para biksu ing candhi | pra biksu duk miyarsi | tangara ingkang gumuruh | samya agita-gita | angalumpuk dadya siji | sumadhiya nganti rawuhing narendra ||

riwusing narendra prapta | pra biksu umapag sami | anggarubyug tindak nata | umanjing jêroning candhi | sakala nulya kèksi | jêro kèbêkan kêkuwung | sadaya kasunaran | sanadyan kang pêtêng sêpi | dadya sêngsêm kang umulat rasa suka ||

mangkya marna purwanira | duk sri nata yasa candhi | kang samana agêngira | kalamun rinasa yêkti | yêkti elok kapati | dènnya kasambadan wujud | dene ing jatinira | sanggyèng laku anyarêngi | kadya antuk bêbantuning dewanira ||

kang kocap anèng carita | sakubêngira kang candhi | duk maksih wujud maluwa | kèbêkan sela myang malih | banon kadi sumaji | kêthèn yutan cacahipun | dadya kaananira | lir ambantu sri bupati | kasêmbadan sri nata dènira yasa ||

awit wus tan kêkurangan | banon myang sela sumandhing | măngka iku jatinira | kang dadya baku linuwih | tumrap yêyasan candhi | băndha kang mangkana iku | marma wusing tumandang | tumindaking karya yêkti | dadya rikat linakon kanthi sakeca ||

dene mula-mulanira | kang dadya carita nguni | duk jamanira Sri Tisa | wontên pandhita linuwih | Sang Maindha wêwangi | amêca kalamun besuk | wontên narendra tama | kang kawasa amêngkoni | ajêjuluk Mahaprabu Drêsthadyumna ||

benjang sri nata kawasa | ayasa candhi linuwih | anèng taman Mahamega | datan ana kang anyami | agung adining candhi | nadyan praptanirèng besuk | wêca ingkang mangkana | ing wuri ugi pinanggih | cinathêt nèng sêrat têtilaranira ||

praptanirèng kalamăngsa | apan kasêmbadan yêkti | yèku duk jumênêngira | Sri Drêsthajumêna mangkin | dadya wêca ing nguni | sadaya sampun tinêmu | myang kanthi kaelokan | wusana wusing pinanggih | kasêmbadan datan antuk sambekala || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Beda-beda. (kembali)
§ Sadaya ginêm ingkang kalêbêt janturan punika kaewokakên ucap-ucapan. (kembali)
wontên. (kembali)