Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-24, #658

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-24, #658. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-24, #658. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 16, 16 Sawal Je 1862, 24 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [241] ---

Ôngka 16, 16 Sawal Je 1862, 24 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Môngsa padhidhing ing nagari Walandi

[Grafik]

para among sênêng ing kalanipun môngsa padhidhing ing Pondhêlparêk, Amsêtêrdham.

--- 242 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 15

Susulan purwaka. Kathah têmbung ingkang botên adhakan tuwin têmbung adat ing padhalangan ugi wontên ingkang botên kasrambah. Ingkang makatên wau ing ngriki ngangkah ngicali têtêmbungan sarta panyôndra ingkang kirang mungguh, utawi sasagêd-sagêd anglêrêsakên ingkang lêpat. Dene anggèn kula nglêrêsakên têmbung-têmbung wau sêsuluh saking panjênênganipun Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka. Kajawi punika, sadaya ucap-ucapan ing ngandhap punika salugunipun ragi kêpanjangên, amargi kaangkah pêpak suraosipun. Dene panganggenipun wontên ing pawayangan anggènipun ngringkês kasumanggakakên ingkang sami kasdu ngagêm. Sarta ucap-ucapan punika botên katêlasakên sadalu pisan. Lêlajênganipun tumrap lampahan Parta Krama punika saking ucap-ucapan bibar pêrang sêkar botên dipun wontêni, amargi sampun sagêd mirid ingkang sampun wontên. Dene ucap-ucapan sanèsipun ingkang taksih prêlu, badhe kawrat wontên ing tambahan, kados ta: ucap-ucapan jêjêran raton limrah, jêjêran Ngastina, jêjêran Guru, adêgan pandhita, Gathutkaca mabur, Wrêkodara mlumpat, Janaka, gajah, kreta, Krêsna anggêgana, Sumbadra, wêlasan duka, Banowati, gara-gara, tuwin sapanunggilanipun.

Ucap-ucapan ôngka 8

Kêdhatonan

Kacarita ing dhatulaya, para pramèswari nata lênggah pananggap ing prabayasa sisih lèr wetan, pinarak para rum-aruming pura, aglar ambêlabar dumugi ing paningrat. Sintên jêjulukipun para pramèswari: Rêtna Jêmbawati, Rêtna Rukmini, Rêtna Sêtyaboma. Pramèswari nata pranyata putri utama, trah kusuma, rêmbêsing madu wijiling amara tapa. Sami sulistya ing warna yayah gambar wêwangunan. Ambêg susila ngumala manik, aruming galih kadi mênyan kobar, sami mardu mardawa manuhara ing basa. Adhêdhasar limpad pasanging graita wingit, tuwuk wulang pangawikan, mituhu ing kautaman, bêkti rumanti nastiti ing laki, mila sri bupati kasok trêsnane dhatêng para garwa. Lêlewaning para pramèswari: Rêtna Jêmbawati jatmika kirang pangandika, kaduk noraga. Rêtna Rukmini kaduk èsêm, nanging larang sabda. Rêtna Sêtyaboma gapyak-gapyak patitis ing wicara, nglam-lami kapiyarsa. Sadaya sami gandês luwês parigêl raga karana. Nalika punika para pramèswari anganti jêngkaring raka nata sinambi mirsani gêbyagan badhaya srimpi. Pradôngga angrangin, sênggak kêplok imbal angadhasih.

Ya ta para pramèswari mirêng têngara jêngkaring nata saking siti inggil, para pramèswari tandya sami jumênêng dhatêng pananggapan pandhapa, mapag jêngkaring raka nata, ginarubyug putri salêbêting pura.

Ucap-ucapan ôngka 9

Sanggar palanggatan

--- 243 ---

Kacarita sri bupati lukar busana kaprabon, ngagêm cara brahmana, laju lumêbêt ing sanggar palanggatan. Kundha padupan, ratus tila, kayu sri, sagunging wêwangi sampun ingobar. Kukus kumêlun sundhul ing antariksa, tuwin cêcaruan, widi widhana, sajèning yoga adyana sampun samapta. Sang nata lajêng mangsah maladi êning, manêgês karsaning sang murwèng pandulu, nutupi babahan sanga, sidhakêp sluku tunggal, mawas titiagra nasika, anubwawa ing uswasa, sanalika linang suksma sarira mari karênga, purna sidi samadine sang nata. Antuk cipta sasmitaning ngabathara, kajurungan sagunging prayojana, widada tanpa sambekala. Sang prabu lajêng wêdhar samawi.

[Grafik]

Patih Udawa

(Mawi têtêgan) sinigêg gênti cinarita ing pasowanan jawi, taksih kapiyarsa rarasing lokanônta, (mungêl gêndhing: lokanônta) kang sami sumewa kawuryan bingar samuwa.

Ucap-ucapan ôngka 10

Pasowanan jawi

Ing pasowanan jawi ingkang mangagêngi Radèn Arya Udawa. Adipati Udawa sayêkti patih utama, widagda ing saniskara, lêbda ulahing suwita, putus pangrèhing praja, bisa amot mêngku sawadya punggawa dumugi para kawula, sami sinuba kaleban ing palamarta. Patih Udawa miguna ing aguna, bangkit datan manguntagi, dhasar sudira wirotama ing ngayuda. Abot ampuh pamukule, jêro panyuduke, sugih gêlar ing prang, angrakit durgama rungsit. Tur sêmbada pêkik warnane, sêmu jatmika, datan tuna ing wêweka, bisa basukining basa, bêbasan amis dadi arum, arum sangsaya angambar. Mila wong sapraja sami kèdhêp lêrêp ajrih trêsna. Adipati Udawa sêmbada ing pada wadana, dêdêg pidêgsa gagah prakosa, sarwa santosa. Nalika punika lênggah sowan wontên ing pagêlaran, lêlamakan teleyangan[1] gêndhaga.

Ing pagêlaran para sumewa bêg ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan, kaya ngrubuhna pancak sujining alun-alun. Panjêran daludag, lêlayu kakôndha pating karêlab. Busananing wadya katrangan ing prabangkara pating galêbyar kadi wana kawêlagar.

Mangkana katungka Sri Baladewa mandhap saking siti inggil, lajêng lênggah ing manguntur tangkil, ingadhêp para satriya punggawa sami atrap pranata. Sri bupati dhangah-dhangah angrênggani ing pagêlaran. Ya ta Sri Mandura karsa imbal pangandika.

--- 244 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Tiongkok kalihan Jêpan

Ing sapunika sampun umum, bilih Jêpan kalihan Tiongkok nama pêrangan, ing donya gêdêr sabên tiyang arêraosan ing bab pêpêrangan wau. Ing sakawit têtiyang gadhah pangintên, saupami pêrangan tamtu rame, satunggal mênang papan tuwin mênang tiyang, inggih punika Tiongkok, dene satunggalipun, inggih punika Jêpan, mênang gêgaman. Dene pinanggihipun pancèn nyata, nama tandhing yêktos.

[Grafik]

Para saradhadhu dharatan lan lautan Jêpan ingkang nuju damêl tumpukan karung isi pasir kangge nanggulangi mêngsah wontên ing papan paprangan.

Nanging mênggahing umum, cara sawungipun, Jêpan mênang ulêt, dening sampun otot, dados ing pangintên, Jêpan tamtu unggul, awit sampun sinêbut bilih Jêpan punika têtiyangipun pangawak prajurit. Kosokwangsulipun mênggahing bôngsa Tionghwa, dipun wastani kêndho, dening dhêdhasaripun pancèn ambêk sabaran.

Wontên malih ingkang mindhakakên, Tiongkok punika kaupamèkakên sima tilêm, kajêngipun, sanadyan wujudipun ngajrih-ajrihi, nanging kawontênanipun botên adamêl samar. Mênggah pinanggihing pêpindhan wau sarêng wiwit wontên pêpêrangan, Tiongkok katingal yêktos kados sima ingkang lajêng katingal tangi, tandangipun angedap-edapi, saha ugi katingal anggènipun pangawak [pangawa...]

--- 245 ---

[...k] prajurit, sagêd ngêmbuli panêmpuhing mêngsah sêkti.

Jêpan ingkang wujudipun pancèn ngajrih-ajrihi, panêmpuhipun kêrêp kêsêsêr. Sarêng Jêpan ing sabrebetan katingal kasêsêr ing prang, lajêng muntab krodhanipun, dhatênging wadya bêbantu kados gumulunging alun nêmpuh dharatan, kadugi ngêlêbi dharatan saisinipun sadaya. Nanging Tiongkok ingkang pancèn pangawak parang curi sarwa santosa, botên ebah tinêmpuh ing bêbaya ingkang kados makatên punika. Cêkakipun ing sapunika rame sangêt.

Jagad punika manawi kêdah badhe rame, dilalah bôngsa Jêpan ingkang sampun misuwur sêtya dhatêng praja, ing sapunika ugi wontên ingkang botên nayogyani dhatêng wontêning paprangan, para sêtudhèn ing Tokiyo sami ngawontênakên arak-arakan, ingkang kajêngipun adamêl pamênggak sampun ngantos wontên pêpêrangan. Tindak makatên punika tamtu kemawon adamêl botên rênanipun praja, wêkasan lajêng sami dipun cêpêngi, angêntosi dhawahing pidana. Mênggahing nalar, tindak makatên wau lajêng dados sêsakit, saha nyuda kasantosaning praja.

Kosokwangsulipun bôngsa Tionghwa ingkang dipun wastani botên kêdunungan manah prajurit, sarêng wontên ungup pasulayan, para sêtudhènipun sami adrêng nêdha supados dipun dadosakên pêrang, malah wontên ingkang sami muring-muring, anêpsoni pangagêng, dipun wastani kêndho nindakakên wajib.

Mirit pamawasipun ahli pêrang, gadhah pangintên bilih panêmpuhipun Jêpan badhe tanpa damêl, awit papanipun sakalangkung pakèwêd. Ing sadèrèngipun wadya Tiongkok sampun adamêl rongrongan pangumpêtan kathah, makatên malih prajurit Tionghwa wau sami adhêdhasar manah santosa. Nanging tumrapipun sanès amastani, sanadyan dhêdhasaring kaprajuritan sampun botên nguciwani, nanging pancèn kawon dêdamêl kalihan Jêpan, pirantos-pirantos pangrisak sarwa sampurna.

[Grafik]

Para wêwakil militèr ing môncapraja nalika dhatêng wontên ing tanah Mansuriah.

Ingkang pinanggih ing paprangan, golongan Tionghwa mêntas nawan prajurit Jêpan cacah 1300, prajurit-prajurit samantên wau katawanipun jalaran kenging wisaya.

Pawartos ing bab campuhing pêrang sabên dintên tanpa kêndhat, panêmpuh wau warni-warni, wontên ingkang sakalangkung ngêgèt, kados ta panêmpuhipun wadya Jêpan dhatêng barisaning mêngsah ing sapinggiripun lèpèn Wosung, ing pangintên papan ingkang dipun têmpuh wau tamtu kêbrokan, nanging wadya Tionghwa sakalangkung [saka...]

--- 246 ---

[...langkung] trampil tuwin santosa pamapanipun, botên kengguh dipun têmpuh mêngsah. Kalampahan wadya Jêpan cabar ing damêl, malah wadya Jêpan ingkang sampun sagêd nyabrangi lèpèn, mêksa kenging kaundurakên kanthi kawantêran, Jêpan amanggih karisakan agêng. Wontên pawartos malih, ing wanci sontên wadya Jêpan cacah 20.000 nêmpuh Syanghai, panêmpuhipun ngantos gangsal panggenan. Nanging Jêpan kasoran, saradhadhu Jêpan ingkang sirna ewon, dêdamêlipun sami dipun pêndhêti ing mêngsah. Kojur malih wontên saradhadhu pitung èwu lumajêng dhatêng jajahan Inggris, dêdamêlipun ugi sami dipun têdhani.

Golongan Tiongkok saya nyantosani barisanipun, senapati pêrang Pèngyusyang mêpak wadya 100.000 manggèn urut margi sêpur Syanghai, Nanking, Syang Kai Sèk ambarisakên wadyanipun 25.000 wontên Syanghai sisih kidul. Panjagi wau ngawekani, samôngsa wadya Jêpan sagêd andhadhalakên barisan ing Kape lajêng sagêd dipun tanggulangi dening wadya Tionghwa ingkang sakalangkung santosa.

Jalaran saking kawontênan kados makatên punika, lajêng nuwuhakên rêndhêting lampah among dagang, inggih punika bang-bang kêpêksa tutup, para sudagar botên sagêd mêndhêt arta, barang-barang ingkang dhatêng kêpêksa mumbruk dipun têtêl wontên ing gudhang, malah kathah ingkang lajêng sami nyuwak wêlinganipun, supados botên dipun kintuni rumiyin.

Kados makatên pinanggihipun ing môngsa paprangan.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku saking toko buku J.B. Wolters ing Batawi, cacah satunggal iji, buku wau basa Walandi nama De Hindoe-tijd, karanganipun Tuwan H. Uljee, guru pamulangan têngahan saha Hoofdacte cursus der Carpentier Alting Stichting ing Batawi. Rêgi f 1,25.

Mênggah isinipun anyariyosakên dhatêngipun bôngsa Indhu wontên ing tanah Jawi, ngantos bêdhahipun Majapait. Mêndhêt saking sêrat-sêratan kina, sêrat-sêratan ing sela, punapadene karangan-karangan ingkang kapacak wontên ing pintên-pintên kalawarti. Buku wau migunani kangge nyinau kawruh babad kina ingkang lêbêt-lêbêt minôngka dhêdhasar. Dados mênggahing pangudi, inggih kêdah mawi sarana gêgayutan sêrat-sêrat babad sanès, karanganipun para sagêd, kados ta karanganipun Nyonyah W. Fruin Mees, Dr. N.J. Krom tuwin sanès-sanèsipun malih. Dene ingkang baku migunakakên buku wau, para ingkang sinau ngudi Hoofdacte.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 247 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Udhuggudhèr ing Sêmarang

Nami-naminipun punapa kemawon ing tanah Jawi punika ingkang kathah kapirid saking warni, saking raos, utawi saking suwantên. Kados ta: arêng, amargi saking warni irêng, sêpêt, amargi saking raos sêpêt, pêksi êngkuk, amargi saking suwantên kuk-kuk, makatên sasaminipun.

[Grafik]

Mêsjid Agêng ing Sêmarang.

Sabên taun dhumawahing tanggal kaping 29 wulan Ruwah, ing kitha Sêmarang wontên karamean, ingkang kawastanan udhuggudhèr. Udhuggudhèr wau pêpiridan saking suwantênipun bêdhug ingkang dipun tabuh. Saking pangintên kula para maos tamtu botên badhe kêkilapan mênggah wanci panabuhipun bêdhug ingkang minôngka pratôndha yèn enjingipun tumapaking wulan Siyam.

Sampun limrah ing pundi kemawon suwantêning bêdhug ing wêkdal punika dados kasênênganipun lare kathah. Sampun kawêntar ing Sêmarang punika nagari agêng, kithanipun wiyar. Sabên mêgêngan, inggih ingkang kawastanan udhuggudhèr dening têtiyang ing Sêmarang, sanadyan jawahipun angêcêpèh, ewamakatên mêksa kathah lare-lare ingkang sami aningali udhuggudhèr ing masjid agêng. Tiyang sêpuhipun lare-lare wau kapêksa sami angêtêrakên awit saking botên tega. Ing satêbaning alun-alun kitha Sêmarang kêbak [kê...]

--- 248 ---

[...bak] dening tiyang sêsadean warni-warni. Kados ta: jêjajanan tuwin dêdolanan anyadhiyani lare-lare ingkang sami aningali udhuggudhèr wau.

Ing nalika kula dêdunung wontên ing kitha Sêmarang enggal-enggalan, watawis jajahan pitu likur taunan dumugi samangke. dêdolanan ingkang kasade wontên ing udhuggudheran, taksih asli dêdamêlanipun tiyang Sêmarang, inggih punika ingkang kawastanan warak-warakan, gajah-gajahan, wêdhus-wêdhusan sapanunggilanipun pêpêthan bangsaning kewan brangkang. Papan tancêpanipun mawi gledhegan, sarta ing prênah suku ngajêng dipun tancêpi sundukan tigan godhogan. Pramila ing wêkdal punika kathah lare-lare ing pakampungan sami takèn-tinakèn: Kowe dhok gone dhugdheran tuku apa, aku tuku warak ngêndhog, aku tuku gajah ngêndhog, aku tuku wêdhus ngêndhog, tuwin sanès-sanèsipun dêdolanan punapa kemawon, ingkang mawi tancêpan tigan, inggih dipun wastani ngêndhog. Wondene ingkang botên mawi tancêpan tigan, kados ta: lêmantun-lêmantunan, meja kursi meja kursinan, têmpat tidhur têmpat tidhuran, punika ugi asli dêdamêlanipun tiyang Sêmarang. Lami-lami lajêng kathah têtiyang ingkang sami andhatêngi saking sanès nagari ugi sêsadean dêdolananipun lare-lare, kados ta: wayang-wayangan, gangsingan, kêndhi-kêndhinan, celengan, saha sanès-sanèsipun ingkang asli dêdamêlanipun tiyang siti. Watawis sampun wontên sadasa taunan sapriki, ing udhuggudheran mriku botên ngêmungakên dêdolananipun lare ingkang dêdamêlanipun tiyang siti kemawon, ananging ugi kathah dêdolanan saking môncanagari warni-warni, ingkang kathah dêdolanan saking Jêpang. Sarta ing samangke botên ngêmungakên dêdolananipun lare-lare kemawon, sanadyan kabêtahanipun tiyang sêpuh inggih pêpak.

Wondene jêjajanan ugi tanpa wicalan warninipun. Wontên jajanan satunggal ingkang naminipun gèsèh kalihan wujudipun, inggih punika ingkang kawastanan sate jagung. Sate, punika dhatênga pundi kemawon sampun tamtu sarana sujèn, sarta matêngipun kabakar, manawi sate jagung botên makatên. Wujudipun kados dadar kandêl, wondene abên-abênanipun: jagung mêntah ingkang wanci kêmrakot dipun sisir, glêpung gandum, tigan, bumbunipun jintên, bawang, kêncur, rajangan slèdri, godhong brambang saha sarêm sacêkapipun dipun ublak dados satunggal. Pandamêlipun cinidhuk ing irus agêng kasuntak ing wajan ingkang sampun dipun latoni mawi ungsêng-ungsêng lisah kalêntik kapara kaduk, watawis tigang mênit kawalik, botên dangu sampun matêng. Panêdhanipun mawi cêplusan lombok bêlis, nyamlêng.

Kèk Wir.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2735 (t. Soemarmo) dintên Rêbo kaping 10-2-32 Kajawèn botên mêdal. Mriksanana nomêr 11/12.

Lêngganan nomêr 4553 (t. R. Wirjodihardjo) 1932, Pèbruari 1932.

Lênggan nomêr 2431 (t. H. Abdullah Sirad) Kajawèn nomêr 12 punika gandhèng kalihan nomêr 11, punapa nomêr 11 inggih botên tampi. Nyuwun kabar.

Lêngganan nomêr 36 (t. Kasdoe) dhuplikat Kajawèn tanggal 6 gandhèng kalihan tanggal 10 Pèbruari sampun kakintun nalika 16/2.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 249 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 15.

[Mijil]

Pamaosnya sakalangkung ririh / datan kirang sapos / amung ulun kang amirêngake / ewadene jêng sri nata myarsi / mila sarêng tampi / dutaning sang prabu //

langkung kagyat lan ngunguning kapti / ring jêng sang akatong / ciptèng ulun punika tan sanès / agungipun mukaronah ing sir / gêng pigunanèki / siring jêng sang prabu //

sagêd sirna kang rajah tamah di / sir nugrahèng manon / awit ulun duk maos ayate / ing patekah pitung ayat mirid / kalimahirèki / wontên pitu likur //

satus kawandasa kurupnèki / ing sadaya amot / warni-warni agêng paedahe / amêpêki kawruhing sakalir / mangkya jêng sang aji / angandika rum //[2]

dhuh Dul Jalal sira ywa baribin / mring sadhengahing wong / iku cukup simpênana dhewe / ing samêngko sira sun lilani / mundur sing jro puri / kampira karuhun //

mring wismane kang pangulu kakim / aran Tapsir Anom / wêwartaa yèn sira samangke / ingsun abdèkake sun paringi / anggadhuh kang bumi / cacahe rong êjung //

amardika tan nganggo majêgi / Dul Jalal turnya lon / dhuh sang nata kang agung danane / sakalangkung kawula pêpundhi / tarlèn mugi-mugi / Hyang Kang Maha Agung //

aparinga nugraha ngluwihi / ing jêng sang akatong / tuwin ulun sagêda andhèrèk / ingkang dados karsa dalêm aji / nyiarkên agami / kanthining pangulu //

[Kinanthi]

Ki Dul Jalal nulya mundur / saking ing ngabyantaraji / laju dhumatêng Kauman / sowan jêng pangulu kakim / Tapsir Anom Adiningrat / pinanggih anèng pandhapi //

sêsalaman kalihipun / Ki Dul Jalal tur upêksi / yèn mangke karsèng narendra / ulun winisudha dadi / abdi pilênggah pradikan / pinaringan gadhuh siti //

Kaliyasa kalih êjung / kalêbêt padhusunnèki / kawula botên anyipta / yèn kinarsan dados abdi / awit ulun tiyang desa / tan uninga tatakrami //

pramila panyuwun ulun / mugi jêng kyai aparing / warah wuruk ing kawula / pratikêl wajibing abdi / pradikaning jêng sri nata / ingkang kawula lampahi //

kangjêng kiyai pangulu / ngandika: inggih prayogi / wajibing ngawulèng nata / boya kêni minggrang-minggring / têmên mantêp trusing nala / sêtya mituhu mring gusti //

saparentah dèn tumutur / awit wau sri bupati / môngka wêwakiling suksma / lan malih bilih marêngi / tingalan dalêm narendra / salapan dintên ping kalih //

tanapi wiyosan taun / tingalan jumênêng aji / sakatèn ngêblêng tuguran / garêbêg bakda kaping tri / sowan nunggil kalih kula / katib ngulama lan mudin //

tuwin dèn srêgêp tuwajuh / dadonga lan muji dikir / mrih wilujêng jêng sri nata / panjanging yuswa narpati / miwah ingkang pramèswara / myang putra santana abdi //

lan malih wilujêngipun / karaton tuwin nagari / saisinipun sadaya / sampun wontên kawis-kawis / lulusa atata krêta / murah sandhang murah bukti //

sêsampating kang wêwuruk / Ngabdul Jalal nyuwun amit / umantuk mring wismanira [wi...]

--- 250 ---

[...smanira] '/ yèku Kaliyasa dèsi / sawusira sêsalaman / lèngsèr lon-lonan lumaris //

parêng wahyaning mongsèku / ing wau jêng sri bupati / sêngsêm ngêmpalkên ngulama / tanapi para muslimin / sajuga wêkdal samana / jêng kyai pangulu kakim //

tinimbalan tuwan uprup / Kupman Barjan Panèwên ring / Kirkên Ginasêni Wênhan / pinanggih anèng jro loji / sasampuning têtabean / satata lênggah ing kursi //

[Grafik]

Pasareanipun Sayid Husèn bin Abu Bakar Al Idrus, ing Mêsjid luwar Batang, Batawi.

Rêsidhèn Surakartèku / dènira wacana aris / dhuh jêng pangulu narendra / sampun kagèt ing panggalih / pramila ijêngandika / kula purih dhatêng loji //

wondene wigatosipun / kula ngaturi udani / punika wontên sujalma / Ki Kasan Minhat ranèki / griya ing Kêdhu Munthilan / Purbalingga ing apdhèling //

mring kula darbe panyuwun / lumantar kônca plisinir / yun manggèn ing Surakarta / ing môngka wartosirèki / bilih Ki Minhat punika / radi anganèh-anèhi //

punapa pangulu tanggung / cobi kagaliha dhingin / bilih tan karya sumêlang / kula badhe angidini / manggèn wontên Surakarta / jêng pangulu matur aris //

dhuh paduka tuwan uprup / rèhning kula dèrèng uning / tabiyating Kasan Minhat / manawi pinujwèng galih / pun Kiyai Kasan Minhat / kula panggihi kariyin //

awacana tuwan uprup / punika langkung prayogi / sumôngga kapanggihana / wontên ing ngèmpèring loji / jêng pangulu ri saksana / Kyai Minhat dèn panggihi //

sêsalaman kalihipun / jêng pangulu ngandika ris / dhuh Kiyai Kasan Minhat / punapa sami basuki / Ki Minhat alon turira / kawula sami basuki //

jêng pangulu ngandika rum: / dhuh kyai dika ing nguni / duk maksih ngumur taruna / ngaos dados santri pundi / tanah dhusun ingkang prênah / lan sintên kang mulang ngaji //

Kyai Minhat lon umatur: / kawula matur sajati / dene duk ing nguni amba / dados santri muridnèki / Sayid Odrus luwar Batang / inggih ing kitha Batawi //

lèr kitha Intên kang dunung / Kuran ingkang ulun aji / kitab sêtin myang sapinah / tuwin pêkih sasamèki / paduka sintên kang asma / saha padalêman pundi //

--- 251 ---

jêng pangulu ngandika rum: / kula Tapsiranom nami / pangulu dalêm sang nata / ing Surakarta prajadi / griya kula ing Kauman / kaprênah salèring masjid //

punapa kyai panuju / ing griya kula boyongi / dhumatêng ing griya kula / gadhuhan paringing aji / ngiras anglêrêmkên angga / wit sayah saking lumaris //

sêsambèn aginêm kawruh / mangke kula nyuwun idin / tuwan uprup kang kuwasa / sumôngga kyai samangkin / kula irid mring ngajêngan / panggih lan uprup Kompêni //

Kyai Kasan Minhat matur: / sumôngga ulun tut wuri / nging paduka kang matura / sigra lumaksana kalih / wus prapta ngarsane tuwan / jêng pangulu matur aris //

sang paduka tuwan uprup / bilih kaparênging galih / Ki Kasan Minhat punika / ing mangke kula boyongi / dhumatêng ing griya kula / watawise tigang ari //

wondene wigatosipun / Ki Minhat yun kula tliti / tabiyating solah bawa / awon saening pakarti / jêng tuwan alon wacana: / punika langkung prayogi //

manawi Ki Minhat wau / sampun jêngandika tliti / dèn enggal lajêng rêpota / punapa wontênirèki / jêngandika lawan Minhat / samangke kula lilani //

sigra amit kalihipun / lawan têtabean sami / sêsarêngan lampahira / ing pangulon sampun prapti / anjujug madyèng pandhapa / sinugata amantêsi //

sampat tumamèng ing ngayun / sasampuning kêmbul bukti / Kyai Minhat ingaturan / mring langgar lêrêm kariyin / mangkana jêng kyai sigra / atur uningèng sang aji //

sumiwi malbèng kadhatun / wus marêk ngabyantaraji / jêng pangulu risaksana / umatur lan manganjali / dhuh dhuh gusti jêng sri nata / sowanipun ingkang abdi //

manawi acaos unjuk / ing pada dalêm sang aji / sri narendra angandika: / he kakang matura aglis / apa tingkah ananira / jêng pangulu matur aris //

dhuh dhuh gusti sang aprabu / amba nêmbe dèn timbali / tuwan uprup ingkang bapa / wondene ingkang wigati / kawula kinèn nanggunga / maring Kasan Minhat Kyai //

ing Pabelan wismanipun / tanah Purbalingga nagri / amargi tiyang punika / muslimin nganèh-anèhi / tabiyating solah bawa / kenging yèn winastan wali //

bilih kaparêng sang prabu / mugi karsa amanggihi / ing mangkya wontên wismamba / sang nata suka miyarsi / alon ingkang pangandika: / prayoga ing mêngko bêngi //

antaraning jam sapuluh / ingsun miyos anêmoni / mring Kiyai Kasan Minhat / wis kakang mundura aglis / jêng pangulu lon manêmbah / lèngsèr saking ngarsa aji //

mangkya wau sang aprabu / wanci jam sadasa ratri / miyos rawuh mring Kauman / karsa dalêm amanggihi / ring Kiyai Kasan Minhat / ing pangulon pondhoknèki //

jêng sinuhun sampun rawuh / uluk salam mring kiyai / Ki Minhat agita-gita / anjawab salaming aji / mêmuji sugênging nata / sumrambah sori myang siwi //

angandika sang aprabu / slamêt têkanira kaki / lan maninge apa sira / anuruti karsa mami / manawa sirèku dhangan / ingsun dadèkake abdi //

omah ing Gabudan kampung / papan maluwa asêpi / sakidul Gadhing kang prênah / rada mangetan sathithik / iyèku tilas pasetran / wong Budha ing nguni-uni // Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 252 ---

Bab Tanêman

Jamur Kêdhêle

Ing bawah Têgal têtiyang ing padhusunan kathah ingkang sagêd nuwuhakên jamur kêdhêle. Awit saking mrika-mriki sami sagêd damêl, utawi kenging sinanjangakên limrah, pramila ing pêkên-pêkên kathah, ugi dipun idêr-idêrakên dhatêng pakampungan, utawi mawi lampah sanèsipun, ananging tamtu têlas, punika tôndha manawi dipun bêtahakên. Dene nyatanipun pancèn mikantuki. Liripun tukang damêl tampi pituwas, kurup kalihan kangelanipun. Makatên ugi tumrap ingkang tumbas, ugi sami karênan ing manah, amargi kecalan arta namung sasèn kalih sèn, pakantuk lêlawuhan ingkang miraos.

Bumbunipun jamur namung sapele, sampun sami mangrêtos, inggih punika namung brambang sarêm, lajêng dipun wungkus, kakukus sarêng adang, sampun rampung, liripun sampun dados lawuh. Kangge woworan kêlan inggih prayogi sangêt, amargi duduhipun lajêng araos kados dipun dèkèki ulam, pramila saupami wontênipun sagêd lumintu, adamêl lumayan. Cêkak bêrkahipun agêng. Amargi kenging kangge gajulipun ulam-ulaman.

Lêrês, têtêdhan kados makatên wau nama têtêdhan cara dhusun, ananging botên kenging dipun sapèlèkakên, amargi para priyantun minggahipun para luhur asring ngarsakakên, dados sajatosipun baku têtêdhan eca.

Sadèrèngipun anglajêngakên rêmbag punika, kaparênga nyêlani atur. Sabab-sabab ingkang dados botên umum, kintên-kintên têksih dèrèng mangrêtos dhatêng pandamêlipun (nuwuhakên), sagêd ugi saking sumêlanging manah manawi-manawi mawa wisa, utawi wontên sabab sanèsipun malih.

Jamur ingkang mawa wisa, ingkang kathah mawa gêlangan ing gagangipun, botên wontên gêgrêmêtan ingkang nyêlak, agêngipun purun nêdha, beda kalihan jamur barat, jangji mêkrok têmtu rinubung i[3] gêgrêmêtan prêlu ngrikiti, pramila botên watawis dangu lajêng têlas, tuwin limrahipun awis-awis ingkang pakantuk, pramila ugi wontên èmpêripun manawi tuwuhipun namung sakêdhik sangêt, ananging ugi jalaran saking katlompèn, liripun sampun karumiyinan rinakasa dening gêgrêmêtan, môngka tuwuhipun botên têmtu, namung limrahipun nyarêngi kalanipun wontên jawah barat, pramila limrah winastan jamur barat. Nama wau kintên-kintên saking mulabukanipun. Prayoginipun manawi bibar jawah barat, prayogi milang-milinga ing panggenan ingkang adhakan tuwuh jamuripun barat. Ingkang sampun kasumêrêpan, limrahipun pinanggih wontên ing panggenan ingkang kathah gumuk-gumukipun rayap.

Ngèngêti atur kula ingkang sampun, bab wontênipun jamur mawa wisa, kados prêlu nguningani jamur têrik, jalaran punika katingal mawi gêlangan ugi, ananging sayêktosipun namung lêgêt tilas kudhupipun piyambak nalika taksih kuncup, dados manawi kaêmèk botên anggligir. Jamur têrik punika [pu...]

--- 253 ---

[...nika] inggih kados jamur barat, alit-alit, mêkrokipun namung saarta benggolan, ananging ngrêmpoyok kathah, sapanggenan sagêd pakantuk sacêthing kêbak, punika ingkang kula manah prêlu, liripun sampun ngantos kêcelik, awit kalêbêt kapitunèn.

Mirid dêdongenganing para sêpuh, tuwuhipun jamur têrik wau saking têlèkipun pêksi têrik. Sami dipun yêktosi, ing panggenan ingkang nginggilipun tilas kangge kalangan pêksi wau, akiripun tuwuh jamuripun. Dados pangaran-aran jamur têrik wau ugi mirid saking kawontênan ingkang kacariyos, amargi panggagasipun nalika kalangan wau sami nêlèk, kilap nyatanipun, ananging pangiyasipun laras, ewasamantên sampun gupuh-gupuh ngantêpi, margi kiyas punika namung enthan-enthan, dados kathah botên mantukipun dhatêng nalar.

Dene pêksi têrik punika, kintên kula golonganipun pêksi sagantên, dunungipun botên têtêp, tansah pindhah-pindhah, ananging mangsanipun boyong wontên ing badhe dhumawahipun môngsa rêndhêng. Pramila bab punika, jangji kathah pêksi têrik midêr-midêr kêkalangan, tiyang kathah sami mungêl badhe wontên jawah. Cêkak dados têngaraning môngsa badhe labuh (rêndhêng). Kawontênan punika saèstunipun limrah.

Wasana nglajêngakên rêmbag, pandamêlipun (nuwuhakên) jamur kêdhêle, punika pasang rakitipun namung kados dolanan. Ingkang prêlu kêdah anggêmèni ramyang (witing) kêdhêle, awit punika ingkang sanyata ing têmbe badhe tuwuh jamuripun. Ingkang sae (enggal dados) ramyang ingkang taksih ijêm, sampun têmtu ingkang sampun dipun gêdhigi kêdhêlenipun, punika kaumbruk-umbruk. Ingkang kula sumêrêpi kêdah damêl jugangan, lêbêtipun 3 kaki, dene wiyaripun botên mastani, saya wiyar, atêgês ngangkah kathah pikangsalipun jamur. Papanipun kêdah milih ingkang ayom, amargi para maos têmtu sami mangrêtos manawi tuwuhing jamur saking bosokaning kêkajêngan. Sabab saking punika murih cukating padamêlan 2 dintên sapisan kêdah kasiram ingkang ngantos kopoh-kopoh. Ing mulabukanipun kawawa ngêdalakên daya bêntèr, ngantos katingal ngukus kumêlun. Ing wêkdal punika katingal lodhoh tuwin sasirêpipun mêdal pêthak-pêthakipun, inggih punika bibit sampun badhe tuwuh, hawanipun mambêt tape, pramila nyatanipun ramyang wau nape. Ing sawatawis dintên êngkas sampun katingal pating prênthol sasêkar-sêkar mlathi ingkang têksih kudhup, punika eca-ecanipun jamur, pramila tumuntêna kapêndhêtan, inggih punika ingkang badhe kiyat kabêkta dhatêng pêkên-pêkên, botên gampil risakipun.

Namung samantên atur kula, kirang langkungipun namung paringa aksama dhatêng:

Sumadi (Pangarasan)

--- 254 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Badhe nunggilakên pangêcapan. Wontên wartos, pangêcapan Muslimin Indonesia ingkang ngêdalakên sêrat kabar Mustika, badhe kadadosakên satunggal kalihan pangêcapan Merapi ing Ngayogya tuwin Van de Orde ing Surakarta.

Mugi nêtêpana bêbasan: "Rukun agawe santosa", sampun ngantos dados "Crah agawe bubrah".

Kapal pêrang Jêpan badhe labuh ing Tanjungpriok. Benjing tanggal 8 dumugi tanggal 10 April ing Tanjungpriok badhe kadhatêngan kapal pêrang Jêpan nama Iwate tuwin Asama, dipun tindhihi dening Viceadmiraal Shinjiro Immamura.

Dhatêngipun kapal pêrang kêkalih wau, kawigatosanipun punapa, botên kasumêrêpan, nanging mirid ingkang sampun-sampun inggih namung têgês palancongan.

Arta wragad pindhahan. Directeur pangrèh praja sampun amaringi palilah ngangge arta f 20.000, prêlu kangge mragadi paboyonganipun têtiyang siti saking tanah Jawi dhatêng Lampung.

Ingriki botên lêpat wêdaling ucap: sèwu nuwun, dahat kalingga murda, mugi dadosa... Yak lajêng kados dhalang.

Têtulung sasamining gêsang. Pakêmpalan wanita Ngaisiah ing Bandawasa, kanthi pambiyantunipun padvinder H.W. tuwin sanès-sanèsipun, sampun sagêd anglêmpakakên barang sêmbêt lami saking sih kadarmanipun para ambêg asih ing Bandawasa. Barang-barang wau wontên 3 pêthi agêng, lajêng kakintunakên dhatêng para angguran ing Bajulmati (Banyuwangi), lumantar hoofdcomite ing Surabaya.

Makatên ingkang nama tindak daya-dinayan, ingkang kecalan botên ngrêsula, ingkang tumandang ing damêl kanthi suka lêgawaning manah, dene ingkang tampi rumaos kapitulungan. Punika nama nêtêpi wajibing ngagêsang. Sintên ingkang kaparêng nindakakên makatên malih!

Pulisi rajakaya. Kawartosakên, ing Ngayogya dipun wontênakên pangayoman rajakaya bangsa Eropah. Prêlu kangge anjagi kawilujênganipun sato kewan, kewan ingkang manggih pasiksan, upaminipun kapal dipun pisakit ing kusiripun. Tumindaking pulisi wau kêncêng.

Sadaya umat punika wajib angsal pangayoman. Sabotên-botênipun para kusir têmtu lajêng kêndhak. Nanging mugi sampun ngantos wontên tindak kalintu, upami wontên kusir anggêbagi kapal, sampun lajêng dipun gêbag dening ingkang ambêg wêlas dhatêng kewan gêntos, punika lajêng nama wêlas dhatêng kewan nanging botên wêlas dhatêng sasami.

Pasulayan ing Simelungun (Sumatra Wetan). Paprentahan mandhiri ing Simelungan botên nayogyani dhatêng tindakipun Rijnsche Zending ing bab anggèning migunakakên wulangan ngangge basa Batak-Toba wontên ing sêkolahan. Mênggah katranganipun, wulangan ingriku ngangge basa Malayu, namung waosanipun basa Batak ngangge Batak-Toba, amargi ing laladan ngriku kathah ingkang bangsa Batak-Toba. Ing sapunika paprentahan mandhiri nindakakên sêsorah ajêngipun basa Batak Simelungun, saha tumrap laladan ingkang angsal pambiyantu arta saking paprentahan mandhiri, dipun damêlakên buku-buku basa Batak Simelungun piyambak, waragad saking paprentahan mandhiri.

Têmtunipun trêsna dhatêng basa punika ugi gandhèng kalihan raos kabangsan.

Usul ngèndêli punggawa pagantosan. Wontên pawartos, inspecteur pagantosan ing Ngayogya ngaturakên usul dhatêng ingkang wajib angèndêli kanthi wachtgeld punggawa pagantosan ing bawahipun cacah 44, inggih punika ing Banyumas 17, Ngayogya 18, Madiun 4, Surakarta 3 tuwin Kêdu 2.

Pawartos makatên punika botên wontên sakecanipun. Nanging sarèhning nama sawêg pawartos, mugi sêdya wau sinandèkna dening Pangeran.

[Grafik]

R.M. Sutarja ingkang sampun tilar donya. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bab anggènipun R.M. Sutarja tiwas jalaran saking nglampahakên mêsin mabur, mênggh têrangipun R.M. Sutarja punika putranipun suwargi R.M.T. Sumodarmojo, Bupati Karanganyar, Mangkunêgaran, Surakarta, buyut K.G.P.A.A. Mangkunêgara III, wêdalan Mulo. Salêbêtipun sinau tumut ipe R. Ir. Gunung Iskandar ing Bogor. R.M. Sutarja pancèn gadhah dhêdhasar rêmên dhatêng mêsin-mêsin lan sadaya wau dipun antêpi, ngantos sagêd damêl pirantos radio, ingkang sapriki dipun wasiyatakên dhatêng waris. Salajêngipun R.M. Sutarja lajêng sinau nglampahakên mêsin mabur, kasagêdanipun inggih linangkung, wusana lajêng manggih tiwas punika.

Botên langkung pinuji mugi rohipun ingkang sampun wurmèng ing kasidan tinampia wontên ngarsaning Pangeran, lan tabêt tilas kalangkunganipun sagêda numusi dhatêng bangsanipun ing wingking.

Wangsul saking Digul. Kapal Reiger saking Ambon, ingkang mbêkta têtiyang wangsulan saking Digul, cacah 40, sampun dumugi ing Surabaya, sadaya sami asli saking Jawi Têngah, saha sampun kawangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak.

Punika ugi sami dados golonganing isinipun jaman malèsèt, kalêbêt ing perangan têtiyang angguran, pinuji sagêda manggih panggêsangan.

Dr. Suparwi. Dr. Suparwi, Gouvernements Veearts, ingkang sampun dumugi ngriki saking nagari Walandi, katêtêpakên dados Gouvernements Veearts, Provincie Jawi Têngah.

Tumrap panjênêngan Tuwan Suparwi, kados para maos sampun botên kêkilapan bab lêlampahanipun wontên ing nagari Walandi, inggih punika anggèning manggih kasusahan kasedan garwa putra, malah layonipun garwa putra wau sami dipun bêkta mriki. Pinuji mugi panjênênganipun Dr. Suparwi anggènipun ngasta pakaryan enggal punika dadosa panglipuring panggalih.

Lurik wêdalan Bèji, Klathèn laris. Kala malêman ing Klathèn padhasaran lurik wêdalan Bèji, ingkang dipun tindakakên dening Tuwan Siswosudarso kêpala dhusun Pogung, ingkang kêgolong ahli lurik, pêpajênganipun majêng, angsal f 650.-.

Tumrap ing bawah Surakarta, lurik wêdalan Bèji, karanipun lurik Masaran, pancèn misuwur. Mila mèmpêr manawi sagêd majêng.

--- 255 ---

Dêrma f 10.000.-. Satungiling bangsa Tionghoa sugih ing Labuan (Bantên) dêrma dhatêng Roode Kruis Tionghoa kathahipun f 10.000.-

Nrêsnani dhatêng nagarinipun ingkang mawi tandha saksi kados makatên punika, lajêng katingal ingakathah. Mangga sintên ingkang badhe nelad.

Nyuwak pajêg siti. Miturut pawartos, Kabupatèn Ngayogya nindakakên suwaking pajêg siti ing taun 1930, gunggung f 2.300. Anggènipun nyuwak wau jalaran saking awoning mangsa, tuwin jalaran tiyang tani namung nanêm palawija.

Manawi kapetang, arta f 2.300 punika tumrapipun nagari nama botên sapintêna. Nanging tumraping kawula ingkang sami kalêpatakên ing pajêg, gênging panuwunipun têmtu tanpa upami. Yèn ta kawêdala: "O, mugi parentah lêstantuna kaparêng amênggalih dhatêng rêkaosipun kawulanipun lan kula ngucap sukur, dene parentah nguningani dhatêng rêkaosing anggèn kula mbayar pajêg."

Neutrale H.I.S. Kêtandhan Klathèn. Ing Kêtandhan punika satunggiling panggenan ingkang kenging dipun wastani dhusun, ewadene ajênging pangajaran katingal sangêt. Kala ing taun 1931 ngriku wontên bikakan Neutrale H.I.S. saking ada-adanipun pakêmpalan tiyang siti, pinanggihipun majêng. Ing sapunika wontên ada-adanipun pangrèh, pangarsanipun R.M.B. Dirjosubroto, wiwit benjing tanggal 1 Juli 1932 badhe ngandhapakên bayaran, kajawi punika benjing Juli badhe ambikak schakelschool.

Ada-adanipun pakêmpalan wau pantês angsal pangalêmbana, dene sagêd anuju dhatêng kabêtahaning tiyang kathah ingkang gêgayutan kalihan jaman malèsèt, tur têtêp anggèning nindakakên tatanan.

Ing laladan Banjaran, Bandung kêkirangan têdha. Ing Banjaran, Bandung, ing sapunika tuwuh kêkirangan têdha, wontên têtiyang 18 griya sami botên sagêd nêdha sêkul.

O, mugi tumuntên wontên pitulungan, angluwari ingkang sami kêluwèn wau.

Kamajênganing pakêmpalan Budi Wanita ing Sêmarang. Wontên pawartos, pakêmpalan Budi Wanita ambudidaya adêging Frobelschool, prêlu anjagi dadosa lêlintu icaling voorklas ing H.I.S. Badhe kabikak benjing wulan Juli ngajêng punika.

Ada-adanipun Budi Wanita wau, pantês angsal pangalêmbana, jangkêpipun pamuji, mugi-mugi lare saking pamulangan wau sagêd gampil angsal margi malêbêt dhatêng pamulangan candhakipun.

Kamajêngan ingkang nglêgakakên. Tuwan Sukirman, asli saking Malang, wêdalan Kweekschool ing blitar. Tuwan wau dhêdhasar rêmên anggambar. Ing sakawit botên wontên pawartos punapa-punapa, ing sapunika Tuwan Sukirman wangsul saking Jerman, sampun kenging dipun wastani tukang gambar pinunjul. Dene mula bukanipun, tuwan wau kabêkta dening Prof. bangsa Jerman, dipun ajak lêlintonan kawruh, tuwan Prof. sinau basa Malayu, gêntos dipun wulang anggambar, amargi Tuwan Sukirman wau kasumêrêpan sagêd anggambar. Sapunika Tuwan Sukirman wontên ing Bêtawi, badhe sawatawis wulan, amargi wontên student-student ingkang sami sinau anggambar.

Punapa punika sanès kamajênganing tiyang siti? Mangga sintên malih.

Akal enggal. Punggawa pabean ing Tanjungpriok mêntas andênangi batu api pêtêng ingkang kalêbêtakên sarana patrap salingkuh. Barang wau kadèkèk wontên sangandhaping tadhah rêrêgêd sêngkêran pêksi kênari, ingkang isi pêksi, asli saking Hongkong. Sadaya wontên 10 sêngkêran, sabên sasêngkêran isi 1/2 kilo. Ingkang gadhah sêngkêran wau mantrus-mantrus, sadaya sami kasêrêg ing prakawis.

Akalipun tiyang badhe nglêbêtakên barang pêtêng punika wontên-wontên kemawon, ewadene ingkang wajib inggih tansah andênangi. Punika ugi nama satunggiling kamajênganing ngakal budi.

Rêgining lisah klêntik mindhak. Wontên pawartos, rêgining lisah klêntik ing Bêtawi ingkang rumiyin f 0.25 mindhak dados f 0.85.

Pawartos punika manawi nyata, kintên-kintên sagêd angindhakakên rêgining klapa, ingkang sapunika prasasat tanpa rêgi. Nanging manawi ingkang mindhak wau namung rêgining lisah, sami botên mikantuki dhatêng sadayanipun, têgêsipun tiyang kitha rêkaos, tiyang dhusun botên manggih kamayaran. Dados mayaripun namung pinanggih ing para among dagang.

Ngingar-ingêr têmbung sirikan. Wontên pawartos, B. en W. Gemeente ing Sêmarang badhe ngewahi têmbung "Inlander" ingkang kawrat ing sêrat-sêrat, kasantunan "Inheemsche". Ingriku lajêng wontên usul, supados dipun santuni Indonesier, nanging botên katampèn.

Dados sadaya punika kêdah botên tilar êmpan papan tuwin angèn kala mangsa.

ASIA.

Panêmpuh ing Syanghai. Ing sakawit jendral Jêpang Uyeda kintun sêrat dhatêng parentah Tiongkok, supados wadya Tiongkok angundurakên barisanipun 20 km, dipun sukani inah salêbêtipun sadintên, Tiongkok mangsuli, purun mundur, nanging Jêpan inggih supados ngundur samantên têbihipun.

Wusana Jêpan botên mangsuli, lajêng nêmpuh yêktosan, Tiongkok nanggulangi.

EROPA.

[Grafik]

Êmas ingkang badhe dipun kintunakên dhatêng Inggris. Êmas punika barang pêlikan ingkang kathah rêginipun, inginggil punika gambar mas pintên-pintên atus pêthi, ingkang badhe dipun kintunakên saking kitha Tilburg dhatêng London, regi f 40.000.000.-

--- 256 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

27

[Sinom]

tumuli dhawuh andhudhah / janma sayuk nambut kardi / baya wus pinasthi mangkya / dhawahing pitulung Widhi / samana anyarêngi / kalawan pandhudhahipun / mangguh pêndhêman êmas / kang datan kêni winilis / têmah mawèh sukanira sri narendra //

miwah wontên kang amanggya / pêlikan têmbaga sari / anèng têpining bangawan / Wêligôngga kang linuwih / wontên malih amanggih / pêlikan nèng têpi dhusun / sêsotya warna-warna / kadi sinêbar ing siti / miwah guwa kèbêkan isi salaka //

miwah têpining samodra / kèbêkan mutyara adi / malah wontên kang amanggya / sêsotya agêng linuwih / ngambang anèng jaladri / kang gêngira sabaluluk / cacahira sakawan / kang ajinira ngluwihi / lamak nata lôngka kang andarbènana //

sanggyaning êmas sêsotya / wus katur mring sri bupati / sri nata kalangkung suka / ngrasa kalamun samangkin / kaparêng nata yêkti / sambada sadayanipun / wusana winiwitan / sri nata ayasa candhi / sarêng sayuk gumrêgut tanpa kuciwa //

dene duk pandamêlira / saking kaparêng narpati / pandhêmènira rineka / dhinudhukan satus kaki / dhêdhasar dèn urugi / sela-sela kongsi pênuh / nulya dèn idak-idak / èsthi kathah wira-wiri / têmah wradin madhêt kalangkung santosa //

duk pangidak-idakira / suku binuntêl ing kulit / dadya dènnya ngidak-idak / madhêt datan nguciwani / lan malih dèn dhasari / sêmèn banon tosan campur / salaka murni pêthak / mung minôngka nyaranani / mrih santosa adêging candhi utama //

ing wuri pinangguhira / nyata santosaning candhi / datan ana kang amadha / sanadyan orêg kang bumi / kang candhi datan rêmpit / atêtêp ing adêgipun / kongsi laluning jaman / tan môntra-môntra katitik / lamun iku kang candhi yêyasan kuna //

sawusira paripurna / pandhêmèn tan nguciwani / nulya amangun pahargyan / agungira angluwihi / janma sapraja kêrig / prapta mring pahargyan agung / awit sri nara nata / samana rawuh murwani / paring tôndha dhêdhasar prênah ing tupa //

sri nata kaparêng ngasta / sanggyanira kang piranti / ukuran myang kompasira / kang sarwa salaka murni / wusing pinangguh titi / myang prênahira tan luput / nata nulya angasta / banon tinrapkên sakawit / kang kaprênah dhêdhasar ing sisih wetan //

sawusing nata angasta / tinut ing pra agung nuli / lumintu para punggawa / kongsi prapta ing wadya lit / samya anut ing gusti / nulya sarêng ginarubyug / sadaya kang tumandang / kongsi paripurna ramping / dadosira sarwa sae tan kuciwa //

rampunging karya punika / nulya sinambêt murwani / pamasangira kang tupa / ingkang sakalangkung luwih / inggilira winilis / saking ing têtajugipun / dwi atus pitung dasa / ingukur petungan kaki / yèn sinawang yayah sundhul ing akasa //

nadyan tan kirang kang bôndha / saking paringing dewadi / nanging kang para kawula / tan owah sêtyaning ati / mêksa rila nêrusi / dènira nêdya ambantu / yasaning ratunira / kang tumrap marang nagari / myang ngluhurkên tataning agamanira //

dene pambiyantunira / pinangguh mawarni-warni / wontên asok bôndha beya / myang têdha ing sabên ari / kang ngrasa tan kuwawi / amung ambiyantu bau / sanadyan datan mingsra / wantuning makêthi-kêthi / klêmpakira katon nyêkapi ing karya //

ananira duk samana / langkung arja rina wêngi / margi salêbêting kitha / janma lumaku anggili / nadyan papan kang sêpi / ingambah janma lumaku / myang janma ing padesan / samya umanjing nagari / sêdyanira samya ambiyantu karya //

sadaya sapraptanira / datan sarana pinardi / nulya ngrahabi tumandang / sanadyan kang para èstri / kang nyata bau ringkih / paripaksa anut grubyug / nadyan mung sakawasa / trapira ambanyu mili / datan ana andhêging pakaryanira //

ratri tanapi raina / dènira anambut kardi / nanging tan pisan rinasa / awit dènira nindaki / amung kadi lumaris / dening ing wuri kêsundhul / janma kang samya prapta / tata kang mangkana yêkti / dadya tôndha sêtyaning para kawula //

marma wusing paripurna / janggêrêngira kang candhi / datan pisan môntra-môntra / lamun yasanirèng janmi / dening ngêgèt-êgèti / pantês yasan sèwu taun / mirit sing anggungira / nanging nyatanira ugi / paripurna amung sawatara warsa //

nulya kaparênging nata / ngrêrêngga sajroning candhi / kang sarwa êmas sêsotya / wontên gêdhong kang linuwih / kang kaèbêkan isi / barang kuna-kuna punjul / jro gêdhong tinanêman / wit waringin langkung adi / kang kèbêkan rinêngga êmas sêsotya //

godhonging ringin winarna / rinêngga sêsotya luwih / gêbyaring sêsorotira / tan pae lintang ing langit / lamun katêmpuh angin / nèng pandulu kongsi gumyur / kongsi tan katon beda / kalaning rina myang wêngi / amung padhang dening sunaring sêsotya //

oyod mirah marakata / araras urubing agni / dene dêlêging witira / wontên ing jumêrut bumi / sangandhaping wit ringin / tinrapan dhampar mas murub / ing ngriku linênggahan / rêca Sang Budha linuwih / ingkang dadya pêpundhèning wong sapraja //

yèku kang arca kancana / tinon kalangkung rêspati / kubênging gambar rinêngga / gêgambaran warni-warni / sarwa gambar dewadi / sinêling wit-witan pênuh / mawa sêkar sêsotya / kang gumêbyar anêlahi / myang rinêngga malih liya-liyanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. lante leyangan. (kembali)
lante leyangan.
2. Kurang satu suku kata: angandika arum. (kembali)
Kurang satu suku kata: angandika arum.
3. ing. (kembali)
ing.