Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-09, #660

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-09, #660. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-09, #660. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 20, 1 Dulkangidah Je 1862, 9 Marêt 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [305] ---

Ăngka 20, 1 Dulkangidah Je 1862, 9 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Indho - Cina

[Grafik]

Sawangan sacêlakipun kitha Pakha, ing propinsi Tonkin.

--- 306 ---

Panglipur Manah

Wanci Enjing

[Mijil]

Purwakane nuju wanci enjing | wus mijil katongton | wèh pratăndha ring janma sagunge | sru katrêsan ing rasa matistis | tumrah andayani | agung balung sungsum ||

myang sinêmbuh siliring kang angin | sumribit lon-alon | sung sasmita wela awêwalèh | yèn ywa samya tungkul dènra guling | dèn mèngêt ing wanci | lamun sampun bangun ||

dhêdhêt tidhêm duk madyaning ratri | wus liru samangko | ing prabawa apan sampun bènèh | sato kewan uwus samya tangi | ngalilir sing guling | umèndêl sadalu ||

sasadhara ingkang panjêr enjing | sumunar sumorot | sênênira sru mradipta mawèh | kayuwanan ring sagung dumadi | madyaning rat sami | mrih bangkit rahayu ||

gêbyar-gêbyar yèn cinăndra kadi | mantuk ing pasêmon | lir sujanma kang luhur budine | agung manggung anggêgulang malih | mamardi kotamin | mardawa budyayu ||

cingcing goling kumrêcêk kapyarsi | cèt-cèt jathilêngkong | yèn ginagas age panggugahe | maring janma kang lembon kapati | ngagêngkên kamuktin | tan uningèng wêktu ||

sumawuring êbun ing wancènjing | tumungtum ing otot | ingkang kêni kinarya nyêgêrke | narambahi balung kulit daging | agung migunani | mring janma sawêgung ||

bagas waras ganggas ingkang dhiri | rinuruh sabên wong | tumrahing rah mêmarah antênge | ninging driya yêkti anuntuni | ngruwat ing salwiring | rubeda pangridhu ||

mega malang mêmalang kaèksi | pindhanira kados | manambrama marang ing wuryane | bangun esuk kang lama inganti | mahargya arjanti | ing janma sawêgung ||

jago-jago kaluruk brêbêgi | sora gêntos-gêntos | sêsumbaran rumuhun tangine | pratandhane nora anglemboni | kêkablak dhisiki | bêk-bêk kukuk kluruk ||

ing marga gung gumrênggêng kapyarsi | sabawane uwong | kang wisata maring pasar gêdhe | kêkêncare oncor amimbuhi | srining kang pangaksi | rarase ing bangun ||

arêrasan ing saurut margi | mêdhar drênging batos | warni-warni ingkang dèn ucapke | pêpetangan dera lampah grami | tuna lawan bathi | kubuk cucukipun ||

wênèh ana sapăntha pawèstri | anggendhong ambreyot | nanging taman rinasa wawane | tandhanira kontra sukèng galih | sêmbari anggêndhing | gandhang mêlang-mêlung ||

sêsindhenan araras sayêkti | sinêlan sêsêndhon | dèn sênggaki mrih wimbuh rêgênge | aywa ngantya karasa nabêti | ambêkta kwèh luwih | kinarya manamur ||

sayêktine têntrêming dumadi | wuwuh sagon-ênggon | datan pilih janma cilik gêdhe | kabèh-kabèh wus samya darbèni | adiling Hyang Widhi | boya dalêmok cung ||

yèn ginagas yêkti tan pinanggih | rèhning makarywabot | parandene rinasa lan sarèh | rarasira linut sukèng kapti | arasana bêkti | sapala tan mrêngguk ||

tyang padesan pan wus samya tangi | nimba pating gêrot | para pangon tandya mring kandhange | gothak-gathok cêtha amêthoki | pacêle thinithik | suwarane [suwara...]

--- 307 ---

[...ne] thak-thuk || tan pantara tumulya katitik | sulake katongton | ing bang wetan kèksi sêsunare | sumamburat abra narawungi | kêkuwung ngawêngi | ing sinoming taru ||

[Sinom]

sikatan malumpah cikat | cegar-cègêr lan nyambêri | ing êpang manglung balumbang | sarwi ngocèh angacuwis | dening sruning panganti | tita gènnya ngantu-antu | maring ing wuryanira | hyang baskara wanci enjing | mangu-mangu mangun mangungak bawana ||

puwara surya kawuryan | lagya mungup mingip-mingip | nèng madyaning cakrawala | yèn cinăndra amantêsi | saistha jumêdhuling | sang hyang kala kaduk bêndu | mangangah ngangah-angah | yun ngrurah sèsining bumi | abang abyor sumunar abra markata ||

tumrah tumamèng tanêman | taru-taruning kang tiris | garumbul myang parumputan | sagung sasèsining bumi | puwara amimbuhi | yumananing sagung tuwuh | pasitèn gênêng lêbak | pèrèng curi jurang miring | kawaratan dening sunaring baskara ||

ing taru kang tumaruna | rondhonira apan kadi | rinonyok ing nawa rêtna | pinandara bun sunaring | sinrang angin sumribit | kumrêmbyah pindha manguwuh | dera sru manambrama | sumawuring êbun yêkti | yayah truhing rêtna di madyèng bawana ||

karya lam-laming wardaya | kuwasaning Sang Hyang Widhi | tumrah sagunging martana | sampun ingkang aran janmi | nadyan titah lènnèki | sayêkti tan bangkit idhup | lamun tan kawaratan | pêpadhang ingkang mratani | sumarmèku wajib ngêgungkên nalăngsa ||

kasmaran rarasing enjang | sêngsêmira milangoni | sru dahat asri kawuryan | pêdhut ima manaputi | lumimput graning ardi | gya sirna binuncang larut | piyak kèksi ngalela | kêndhih kuwasaning rawi | sagunging rat kawuryan yayah mahargya ||

kawursita pasabinan | dhêrak janma nambut kardi | kang samya mangolah sawah | maluku garu maculi | andhaut ambanjari | jalwèstri samya sumêngkut | sumêngka sukèng driya | gêlakan anggêlak kardi | kang binudya tulya bangkit paripurna ||

kang garu nyambi ra-ura | lêlagon sinom pangrawit | nabda hir-hir kiya-kiya | payo kêbo dilumaris | mamrih palêsthèng kardi | yèn wus rampung sawah sagung | sampêt sampurnèng karya | sira bakal sun gumbrêgi | ngarih-arih mêmurih ririh ing angga ||

madyaning rat kaèbêkan | kawratan dening sunaring | hyang surya ingkang umimba | memba sujanma linuwih | mamardi rèh arjanti | mawardawa tyas santyayu | sumbaga wirotama | mêmayu ayuning dasih | sanityasa ngumala tyas susilarja ||

yayah kotamaning driya | sagung pra marsudèng budi | anggung dera budidaya | kontra ing laksita titi | tuman rêmên nêtêpi | ri ratri tansah mêmêsu | mêmasuh puja brata | mrih arjaning rat pinanggih | kayuwanan ngayam ayun ngayêmana ||

mangkana ing ananira | kaanan ing wanci enjing | ginubah cêkak jinugag | sapala datanpa sari | măngka locitèng kapti | namung aran ala nganggur | marma sagung nupiksa | dèn ngêgungkên pangaksami | ring panitra kang paksa mangikêt basa ||

titining kanang gitaya | sinaroja pudyastuti | sinambrana lukitarja | kaswaring sanggyèng nupèksi | mrih samya sukèng galih | nityasa ayu pinangguh | panitra mudhadama | sinamun munggwing sasandi | sasat srana sumamaring itawara ||

Sa-ta

--- 308 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 17

Ucap-ucapan ăngka 14.

Majêngipun punggawa wadana.

Mangkana Kala Wilutaksa dinuk ing sasmita, kinèn majêng ing pasewakan, lajêng trangginas nata prabote, ningsêtake sabuke, sèdhêt angunus badhama, nêtêpake jamang kaya bêdhat-bêdhata (mungêl ladrang bêdhat), laju minggah ing pasewakan.

Ucap-ucapan ăngka 15.

Ora kaya Kala Wilutaksa yèn piniji ing gawe, saguh sumanggêm ora kewran baya pakewuh, dhasar tus-tusing senapati, trahing mati papan, tur prawira sakti măndraguna. Pantês lan dhêdhapurane, rowa birawa, kaya singa binasahan. Laju trapsila bukah[1] marikêlu, kaya kănjêm pratala wadanane. Mangkana pangudasmaraning cipta: Ih, apa baya krêsane gustiku, dene aku piniji marang pasewakan. Kangên têmên aku nglakoni ayahane ingkang sinuhun. Watara suwe aku ora nglakoni ayahan.

Mangkana sri bupati kaprênan ing galih, pangudasmaraning driya: Ah, lêga têmên atiku, dene Si Wilutaksa sing anggantung laku, yèn dikongkon ora tau cabar. Hèh, Wilutaksa, majua dikapara ngarêp, supaya têtela nampani dhawuhku.

(Wilutaksa): Nuwon, dhatêng sandika.

Ucap-ucapan ăngka 16.

Budhalan danawa.

Ya ta Lurah Dwijamantri Sarawita kinèn undhang ing jawi, nanging para wadya raksasa dèrèng sangkêp ngalêmpak. Dwijamantri lajêng minggah anggoyang têngara, jam gora salumbung gêdhene, tinatap munya ngangkang, krungu sawisan gawe, sanalika para raksasa krungu têngara, banjur gumrubyug prapta ing alun-alun. Kang lagi turu krungu têngara, banjur jênggirat tangi. Kang lagi lungan cangkelak bali. Kang lagi magawe, [ma...]

--- 309 ---

[...gawe,] bruk-bruk sèlèh pakaryan, banjur sikêp gêgaman, ngrasuk prajuritan.

Apa gêgamaning buta, gada bindi, palu piling candrasa nanggala, badhama berang srampang, dhêndha kandhi musala, banjur kumreyap têka ing pabarisan. Akèh warnane para wadya raksasa: buta warok wêrut awêrit, babi kulên wok, wungkal mawila-wila, tuwin buta bajang, ănja-ănja êngklèk-êngklèk balung atandhak, jarangas adirga bau. Pating prangangah, pating prangingis, pating glêro, pating glêrêng kaya sardula mangangah-angah.

[Grafik]

Ki Lurah Dwijamantri nêmbang tangara.

Ingkang anênunggang pating galidrah, apa tungganganing buta: singa warak andaka, mong mèmrèng, blêgdaba bihal adal-adal. Samana wus dèn ingon-ingoni, sarta inginuman pênuh. Tumpêng pirang-pirang èwu, sawarnaning bêkakakan ngundhung-undhung kadi wukir, inuman arak tampo brêm, waragang badhèg ciyu tuwak, winadhahan kawah. Padha sanalika minăngsa wadya raksasa, lêbur tumpur gusis, mung kari wêwadhah. Ya ta lajêng ingundhangan budhal, untaping buta gora gumuruh magênturan, lêbu balêdug mangampak-ampak, gumrayah gograg kaya gunung jugrug.

Ucap-ucapan ăngka 17.

Bibar prang gagal.

Wus sapih kang băndayuda, banjur pisah kaya sinaringan. Para raksasa sor titih ing prang, laju sumimpang ngungsi jêjurang, nusup-nusup anasak-nasak, bêbasan pati-pati ambêbêntusi.

Wadya ing Dwarawati kinèn sami lêrêm, sarta sinuba ing baksana mawarna-warna. Saking wicaksananing para punggawa, dahat rumêksa ing kawula alit, lineban paramarta dana darana mênuhi.

(Mungêl pathêt sanga).

Sinikêg[2] gancaring carita, gênti ingkang winarna, ing praja Endraprastha, iya ing Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira lênggah siniwaka, asrining panangkilan tangèh yèn cinăndraa, (mungêl ladrang Srikaton) pêpak para punggawa kang sami sumewa.

[Grafik]

Gunungan.

--- 310 ---

Wara-wara saking Komite Rănggawarsitan Surakarta

Komite Rănggawarsitan Surakarta ingkang dumados saking para waris, ngaturi uninga ing akathah, bilih anggènipun mahargya dintên pangèngêt-èngêt sawidak taun saking sedanipun sang minulya Radèn Ngabèi Rănggawarsitta, pujăngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, dhawah benjing ing dintên Akat Lêgi tanggal kaping: 5 Dulkangidah Je 1862 utawi kaping: 13 Marêt 1932, mênggah lampah-lampahipun pahargyan kados ing ngandhap punika:

Ing dintên malêm Akat kasêbut nginggil komite damêl pêpanggihan, manggèn wontên ing Sun[3] Mangkunagaran Surakarta, mawi kawontênakên sêsorah bab lêlabêtan sarta kalangkunganipun sang pujăngga. Ingkang badhe mêdhar sabda para sarjana ahli kasusastran ing Surakarta, pêpanggihan kawiwitan wanci jam 8 sontên.

Ing dintênipun Akat enjing kaping: 13/3-'32, para warganing komite sami dhatêng pasarehanipun sang pujăngga ing dhusun Palar bawah dhistrik Bèji (Klathèn), prêlu anjênêngi wilujênganipun, sarta pambikakipun griya bangsal minăngka pangèngêt-èngêt dintên 60 taun saking sedanipun.

Ingkang punika para sadhèrèk băngsa Jawi tuwin sanès-sanèsipun, punapadene para ingkang sampun sami angrujuki ada-adanipun komite sami kaajêng-ajêng rawuh dhatêng ing pêpanggihan wontên Sus Mangkunagaran Surakarta, sarta kaparêngipun rawuh ing pasarehanipun sang pujăngga, komite badhe sakalangkung bingah sarta panuwunipun.

Surakarta kaping 3 Marêt 1932.

Katandhan. Pangarsa sarta panitranipun komate:[4] Ănggapradata, Padmawidagda.

P.S.

Ingkang badhe kagungan prêlu punapa-punapa dhatêng komite, mundhut buku babadipun sang pujăngga utawi badhe manjurung, kangalamatana dhatêng pangarsa.

Kawigatosna

Redhaksi Kajawèn tansah tampi pitakenan bab cocoging pêpetangan tanggal wulan. Bab punika, ingkang sami pitakèn wau kaparênga mundhut bukunipun kemawon nama Djidwal basa Malayu rêgi f 0.40 wêdalan Bale Pustaka, ing sapunika sampun sadhiya.

--- 311 ---

Darmawisata

Darmawisata Minggah Rêdi Mêrbabu

Ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, wontên punggawa opnamê kantor boswèsên ing Salatiga sawatawis sami gadhah sêdya minggah ing rêdi Mêrbabu, rêdi punika inggilipun 3145 m saking lumahing toya sagantên, dunungipun ing sakiduling kitha Salatiga, dados watêsipun residhènsi Sêmarang, Kêdhu kalihan Surakarta.

Dintên Jumuwah ing wanci enjing tanggal kaping 25/12/1931 wontên kănca 13 sami dhatêng ing panggenan kula kampung Mangunsari Salatiga sumêdya badhe minggah dhatêng rêdi Mêrbabu. Sasampunipun tata-tata prabot, jam 6.45 lajêng bidhal nuju dhatêng Mêrbabu, gunggung wontên kănca 14, golongan mantri opnèmêr saha mantri tèkênar, ambêkta kuli 1 prêlu ngrêmbat sangu bontotan. Lampahipun urut margi agêng saking Salatiga dhatêng ondêr dhistrik Gêtasan. Saklebatan manawi kula tingali mèh kados lampahipun para padpindêr, nanging sarèhning sanès padpindêr, dados anggèn kula mastani: andon lêlana.

Jam 9 para andon lêlana sampun dumugi ing dhukuh Bumiayu, ing ngriku kèndêl sakêdhap, prêlu ngêntosi kuli ingkang ngrêmbat motha pirantos ngaub kalihan sangu têdha. Sadhatênging kuli wau kula sakănca ragi susah ing manah, awit kuli ingkang ambêkta prabot wau kawratên, mopo botên sagah nêrusakên yèn botên dipun rencangi kuli satunggal malih. Kula kapêksa pados kuli malih. Kula lajêng nêdha pitulungan dhatêng bêkêl ing dhukuh ngriku, wasana kalêrêsan, anakipun bêkêl wau purun mitulungi ambêktakakên prabot sangu wau sapalih. Saking dhukuh Bumiayu andon lêlana lajêng nyimpang saking margi agêng, mangidul ngetan urut margi dhusun ingkang dumugi dhusun Batur. Ing saurutipun margi dhusun wau lampahipun para andon lêlana sampun wiwit rêkaos, awit minggahipun andêdêr, sangsaya têbih sangsaya andêdêr minggahipun.

Sêsawangan ing urut margi punika botên wontên ingkang patos prêlu kacariyosakên. Kaprênah ing saêlèripun dhusun Batur pinanggih sêndhang, dunungipun ing pinggir margi, toyanipun sumbêr bêning, kuciwa kirang sae pangrimatipun, awit ing salêbêting toya wau katingal rêgêd saking kaleyanging gêgodhongan kathah sangêt.

Jam 10 andon lêlana sampun dumugi ing dhusun Batur bawah ondêr Gêtasan, ing sapinggiring margi wontên warung sadean sêkul, tape lan jajanan cara dhusun. Sarèhning anggènipun lumampah para andon lêlana sampun ragi têbih, saha ing bagian wêtêng sampun kêndho, pramila lajêng sami kèndêl prêlu ngantêm krama tape kalihan sanèsipun, kenging kangge ngêncêngi wêtêng. Sadangunipun para andon lêlana rame wontên ing ngriku, wontên satunggiling tiyang èstri ingkang sajakipun lêga ambêkta wedang tèh 2 teko sacangkiripun, kasêgahakên dha-

--- 312 ---

[Grafik]

Rêdi Marbabu lan rêdi Mrapi.

--- 313 ---

têng para andon lêlana wau, wah, inggih nikmat, ingatasipun ngêlak, kasêgah toya tèh. Ing sarampungipun sami ngombe, kula anglairakên panarimah dhatêng tiyang ingkang nyêgah wedang tèh kanthi rilaning manah wau, ing salajêngipun kula pamitan badhe anglajêngakên lampah. Ing sadèrèngipun para andon lêlana sami pangkat, bakul tape gadhah piwêling makatên: E, dèn... manawi badhe lêlampah minggah rêdi punika kêdah sami ngatos-atos, sampun ngantos kawêdhar rêmbag angrêsula, upami dhahar punapa-punapa raosipun botên eca, sampun ngantos alok botên eca, kapara ngêlokakên sangêt ecanipun. Kadosdene dhahar tape wau kirang eca, kêdah dipun êlokakên wah sêgêre. Upami lampahipun kanthi rêkaos, inggih ingkang sabar. Kasrêpên dening hawa, inggih sampun sambat kasrêpên. Yèn ing margi kataman pêdhuting ampak-ampak, inggih sampun ngantos alok kapêtêngan margi sarta sanès-sanèsipun. Lajêng katêrangakên maksudipun: upaminipun ing margi mangke kapêtêngan ing pêdhut ampak-ampak, măngka lajêng sami sambat, punika adat sabên malah sangsaya pêtêng pêdhutipun, trêkadhang lajêng katêrak ing ampuhan jawah, makatên piwêlingipun bakul tape wau, lêpat lêrêsipun sumăngga Para andon lêlana sami mangsuli: Inggih, inggih kalihan gumujêng sarta pamitan pangkat.

Saking dhusun Batur lumampah mangidul lajêng mangetan nuju dhatêng dhukuh Thekelan, jam 11 para andon lêlana sampun dumugi ing têngahing dhukuh Thekelan, ing ngriku prêlu angêndhoni napas ngiras kèndêl sakêdhap. Dhukuh Thekelan punika kabawah ing ondêr Gêtasan, dunungipun mêncil kinubêng ing wana têmu gêlang, inggih mèmpêr kemawon manawi dhukuh wau namanipun Thekelan, awit margi saking Batur dhatêng Thekelan wau sampun awujud margi jurang lamping, dados tiyang ingkang lumampah ngambah margi wau mêsthi kêthèkèl-kêthèkèl kados patrapipun tiyang ingkang lumampah ing ăndha, utawi lumampah dhatêng undhak-undhakan inggil sarta panjang. Saking pamanggih kula, têtiyang ingkang sami gêgriyan ing ngriku punika katingal ayêm, botên kados gêsangipun tiyang kitha, ingkang botên gadhah padamêlan mêsthi punika adhakan kêkathahên gădha rêncana. Têtiyang ing Thekelan tumandangipun damêl dhatêng têtanèn, sabên dintên tansah anggulawênthah dhatêng siti, tanêmanipun ing patêgilan, sata, kobis, kênthang, kapri lan sapanunggilanipun. Ing ngriku wit kalapa babarpisan botên wontên, katêranganipun, wit kalapa punika sagêdipun sae kêdah ing tanah andhap saha bêntèr hawanipun, yèn katanêm ing panggenan ingkang sampun inggil saha asrêp botên sagêd gêsang, wontên ugi ingkang sagêd gêsang, nanging botên purun awoh, awit ing dhukuh Thekelan ngriku inggilipun ± 1600 m. Ing salêbêtipun kula sakănca kèndêl ing ngriku, katingal tiyang jalêr èskri[5] saha lare-lare dhatêng anglur saking wetan, sami ambêkta sukêt kangge têdhan rajakaya. Ingkang kula gumuni mênggah kakiyatanipun têtiyang ngriku punika manawi ambêbêkta dumunung wontên ing sirah. Badhe kasambêtan.

Wasitadijaya.

--- 314 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Maksudipun Ngêbiri Kewan

Ing bab kewan dipun kêbiri, pangraos kula kathah ingkang dèrèng dhamang sayêktos mênggahing kajêngipun ingkang prêmati. Lêrês satunggal kalih sampun wontên ingkang ngêbiri kewanipun, kados ta: maesa, kapal utawi sanès-sanèsipun, namung taksih kenging dipun wastani sajak cobèn-cobèn utawi sajak kirang wigatos, kados ta: ngêbiri ayam, punika namung katingal murih angsal ayam anggajih, dados dipun sate andrèdès lisahipun.

Sayêktosipun prakawis wau gêgayutan kalihan pamiyaran rajakaya, punika nyata kathah ingkang dèrèng andungkap, tandhanipun tumrap para tani sajakipun têksih rumaos kawratan sangêt, sanjangipun: mêmêlas, eman utawi sanès-sanèsipun ingkang botên dumunung. Ingkang punika adrênging manah adamêl wêdharan bab punika, namung kula damêl cêkak, pamurih kula sagêda gampil cumanthèl ing manah.

Tata lairipun, ngêbiri punika pancèn ngrisak, awit kewan dipun kêbiri lakar lajêng botên nurunakên wiji (nyumpêt sumbêring wiji) punika kêdah kula wangsuli: Iya bênêr. Ewadene ingkang tumindak kanthi dhawuh nagari, botên kenging dipun ungêlakên makatên, wontên kajêng ingkang prêmati, pramila wontên watonipun, ngêmungakên kewan ingkang awon-awon, ingkang sae botên, sanadyan ingkang gadhah kajêng piyambak, mêksa botên dipun parêngakên, awit manawi makatên nama klintu. Kapitunènipun jalêran sae dipun kêbiri agêng sangêt, amargi jalêran satunggal kenging kangge mranaki bibitan 50 utawi langkung. Pramila sanadyan ing satunggiling dhusun jalêranipun kakêbiri kathah, nanging ngèngèhakên satunggal kalih, ingatasing kangge bibitan namung 50 (kangge upami) punika botên nama kapitunèn, sagêd ugi malah dados mindhak sae, jalaran jalêran kapilihakên ing[6] sae.

Rèhning jalêran ingkang awon sampun botên piguna (tumrapipun pamiyaran) măngka wontên lampah ingkang mikantuki, jalaran kêbiri dados lêma, (wêwah ing kasil) dados aluwung dipun kêbiri, dados lajêng botên nyampuri lêmbu èstri ingkang wasananipun awon turunipun, punika mênggahing prakawis wigatos tumrap pamiyaran rajakaya wau. Dados manawi para tani (limrahipun ngingah rajakaya dados bau têngênipun) sampun andungkap têmtunipun lajêng sirna piyambak raos panalăngsa wau.

Sapunika sampun gamblang, dados prayogi ngrêmbag sanès, nanging taksih gêgayutan bab wau. Sok wontên pangudaraos: sapi dikêbiri têka banjur malik dadi rupa wadon kuwi kapriye. Pitakenan wau kula tampi kalihan tangan kalih, kajawi punika yêktosipun baku kathah ingkang kêcelik, jalêr sinêngguh èstri, punika jalaran saking

--- 315 ---

dipun kêbiri wau. Mênggah katranganipun makatên: mirid sêsêrapanipun tiyang ingkang lêpas ing pangawruh, kajawi ingkang sampun cêtha dados titiking jalêr lan èstri, ingkang ing têmbung Walandi dipun wastani primaire geslachts kenmerken, tiyang inggih taksih sagêd mêthèk (upaminipun) brêngos, jenggot tuwin kathah panunggilanipun. Manawi tumrap lêmbu kados ta: punukipun, punika sampun purun mastani têtêping sipatan jalêr, punika dipun wastani secundaire geslachts kenmerken.

Mênggah lajêngipun atur kula, ingkang ăngka 2 (secundaire) wau punika tumrap ingkang dumunung ing awak-awakan jalêr, pusaranipun wontên ing têtêngêring jalêr, pramila manawi perangan ngriku (ingkang prêmati pringsilan linêbur dipun kêbiri) awak-awakan sêcundaire botên badhe tuwuh, pramila punuk ingkang mêsthinipun dumados, lajêng botên, makatên punika tumrap lêmbu. Tumrap tiyang, ingkang mêsthinipun godhèg wok simbar dhadha, yèn ta dipun kêbiri, têmtu botên badhe tuwuh (gadhah) brewok utawi sapanunggilanipun, prakawis punika cihnanipun wontên ing lêmbu, awit saking punika manawi ngangkah adêging sêsipatan jalêr kêdah kaudi pangêbirinipun ingkang sampun sêpuh (diwasa), kosokwangsulipun manawi têksih ênèm, sipatipun têmtu lajêng malik dados èstri.

Dados dat ingkang dumados wontên ing saranduning awak-awakan jalêr, ingkang kawawa nuwuhakên brêngos, jenggot utawi sapanunggilanipun wontên piyambak (ingkang nuwuhakên pangawak prakosa).

Wasana kula punggêl samantên kemawon atur kula, margi kangge katrangan bab ngêbiri raos-raosipun sampun cêkap, wasana angêgungna pangapuntên dhatêng:

Sumadi (Pangarasan)

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering

VII.

Garèng : Ambanjurake rêmbugane rikala dina Sabtu kang kapungkur, Truk, kabèh andharanamu wis tak cathêt ana ing pucuk koncèring blangkonku, lan anggonku ngrasakake iya nganti liyêr-liyêr lan anglêkêtêr. Mulane aku saiki iya wis ngrêti têmênan, dadi sing bisa ditibani ukuman janggêlan kuwi cêkake mung prakara sing sêmprul-sêmprul thok bae.

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, mêngko sik, pikiranku kiyi rada pamitan, hla wong ana prakara kok diarani sêmprul, lo kuwi kêpriye karêpmu.

Garèng : O, hla wong bangsane wong kau mêtêku ngono, mulane iya ora bisa ngrumpaka têmbung. Rungokna tak wêjangi. Kowe mêsthine

--- 316 ---

rak iya wêruh sing diarani têmbako sêmprul, yaiku bako sing ampang, sing ora ana rasane. Dadi apa bae anggêr diarani: sêmprul, têgêse iya sing ampang, sing kêna diunèkake tanpa têgês, dadi saupamane: prakara sêmprul, kuwi karêpe prakara sing rèmèh. Priyayi sêmprul, iya iku priyayi sing sugih: pêtontong, pêthunthung, pêthènthèng lan pêthinthing, nanging sirah lan kanthonge: kothong. Dene sing diarani Walănda sêmprul aliyas Lănda capjae, iya iku: Walănda sing rumasane putrane Malaekat Jabarail, nanging...

Petruk : Sêtop, ana kok banjur pirang-pirang lanjarane mêngkono. Wis, wis rungokna saiki tak caritani dhisik mungguh cara-carane hakim nibakake ukuman janggêlan mênyang sawijining pasakitan. 1e saka krêsane hakim dhewe, têgêse: saupama hakim yakin dhewe, yèn si pasakitan anggone tindak luput mau, ora jalaran saka dhêdhasar pancèn duwe wêwatêkan kadurjanan, nanging jalaran saka kalimput utawa putêking pikirane, sarta hakim dhewe iya yakin, yèn salawas-lawase durung tau nglakoni mêngkono, malah kosokbaline salawas-lawase kalakuane tansah bêcik bae.

[Grafik]

Garèng : Wèh, Truk, sing kalêbu ing golongan kang kapisan kiyi, mêsthine iya dudu bangsane kowe aku iki. Awit nèk bangsane wong andhapan-andhapan kaya kowe aku iki rak iya mokal bangêt bisane sobat karo kangjêng tuwan kangjêng tuwan kuwi. Awit para kangjêng tuwan kangjêng tuwan mau, apa manèh yèn ana ing kutha cilik, sanadyan bangsane awak dhewe uga, sing dikumpuli sing akèh-akèh iya mung bangsane kangjêng-kangjêng bae, kaya ta: kangjêng tuwan rêsidhèn, kangjêng tuwan asistèn rêsidhèn, kangjêng bupati, kangjêng tuwan kontroleur, kadhangkala nèk butuh iya sok krêsa kumpul karo kangjêng tuwan... komis. Nanging karo liyane sajake... risi. Mulane nèk kaya mangkono kuwi, aku banjur kèlingan bêcike wong main, yaiku sok banjur ora ambedak-bedakake pangkat lan titêl, anggêre olèh mungsuh bae, ora prêduli pangkat apa lan titêle: raden mas utawa utawa kenthol ngantèn sing prêlu... duwe dhuwit apa ora. Mulane kowe rak iya sok krungu, ta, ingatase pangkat mantri brêgadhêl bae, nyang kabupatèn kok bisa linca-linci kalayan kêpenak, lo, kuwi sababe ora liya jalaran saka bisane ngladèni kumpulan kapatan.

--- 317 ---

Petruk : Wiyah, wiyah, kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono. Tak omongi ya Kang Garèng, wis jamak lumrah ana ing donya kuwi siji-sijining wong sing disênêngi iya golongane dhewe-dhewe, utawa wong-wong sajajare, kaya ta: bangsane juru tulis, sing disênêngi kêkumpulane iya karo bangsane juru tulis utawa wong sing apangkat sajajare juru tulis, nèk pangkat juru tulis kok dikon kêkumpulan karo dara wêdana upamane, mêsthine rasane iya: grimang-griming lan prindang-prinding, mêngkono uga si wêdana, nèk dikon kêkumpulan karo bangsane juru tulis, mêsthine iya ora bisa rakêt bangêt, jalaran arêpa bêcik dikayangapa, wong ya pangkat wadana, si carik têmtune isih anduwèni wêdi, mulane sanadyan sêsrawungane bêcik bangêt, nanging iya mêksa ora bisa kayadene karo wong-wong sing pangkate sajajare. Samono uga sing apangkat presidhèn landrad, sabisa-bisa iya anggolèk kêkumpulan sing sajajare, têgêse: sing sajajar pangkate utawa sajajar kapintêrane. Dene bab prakara main, kuwi sanyatane ora kêna dirêmbug dawa-dawa, saklebatan pancèn iya nyata, yèn ing kono sajake ora ambedak-bedakake, nanging sanyatane iya padha bae, iya iku: anggolèk sajajarane, nanging ora sajajarane pangkate utawa kapintêrane, nanging sajajarane... anggone doyan main. Mungguh sing tak kandhakake ing ngarêp, anggone nibakake ukuman janggêlan saka krêsane hakim dhewe, wis mêsthi tumindake kuwi iya kanthi saadil-adile, têgêse: si hakim ora yèn kok banjur anggêgêgi krêsane dhewe, nanging iya mêsthi mundhut timbangane para lid-lid liyane. Nèk wis dirujuki dening para lid-lid mau, lagi krêsa andhawahake ukuman janggêlan...

Garèng : O, dadi mêngkono, iya sukur ane. Ing sarèhne kaya mêngkono lakune, tak pikir-pikir sing wajib nongol-nongol lan nèngèl-nèngèlake kaanane pasakitan mau iya kudu bêndara jaksa, awit mungguh kaanane awak dhewe kuwi sing pantêse priksa têmênan iya bêndara jêksa.

Petruk : Lumrahe iya mula mêngkono, mêngko banjur hakim sing ngrêmbug karo lid liya-liyane. Nèk wis padha cocog kabèh, lagi diputus apa pasakitane diukum kayadene biasane, apa ditibani ukuman janggêlan. Dadi tumindake pancèn iya saadil-adile têmênan. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1784 ing Majagêdhe. 3 Marêt 1912, dhawah A Lê, 14 Mulud 1842. 3 Marêt 1913 dhawah Sn Lê, 24 Mulud 1843.

R.S. ing Madiun. Karangan panjênêngan sampun katampèn, wontên ingkang kapacak, wontên ingkang botên.

Lêngganan nomêr 3035 ing Surakarta. Têmbung pangêmpian, dèrèng amrangguli, dene mirit ungêl-ungêlan ing Woordenboek, ingkang mirib têmbung wau atêgês papan ngêpe kalapa, ingkang kaangkah mêdal lisahipun. Krêtarta, têgêsipun putus, kuwasa utawi langkung rosa.

Tuwan T. ing Purbalingga. Pakabaran kintunan panjênêngan kamanah kirang wigatos, botên kapacak.

Tuwan S. ing Kalisêtail. Kintunan panjênêngan waosan kirang nêngsêmakên, botên kapacak.

--- 318 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Bidhal dhatêng paboyongan kanthi sênêng-sênêng. Ing Kutaarja mêntas wontên rame-rame sawatawis, prêlu ambêbingah têtiyang ingkang badhe kabidhalakên dhatêng paboyongan ing Gêdhong Tatakan, pasamoanipun kêthoprak, bidhalipun dhatêng sêtatsiun mawi dipun arak gangsa.

Tindak makatên wau mêngku kajêng warni kalih, prêlu kangge ambêbingah yêktos utawi kangge anglêlipur dhatêng susah utawi kangge miluta. Dene manawi nyata kangge ambêbingah dhatêng tiyang ingkang salugunipun pancèn badhe angsal pitulungan panggêsangan, lajêng nama ngêbrèh wontên ing jaman malèsèt.

[Grafik]

Ngubêngi donya. Tuwan L. Peroire, bangsa Eropah ingkang ngubêngi donya kalihan numpak sêpedah sampun dumugi ing Bêtawi. Nagari ingkang sampun dipun ambah: Eropa Têngah, Siberie, Jêpan, Tiongkok, Siam, Indo-China, Maluku, Sumatra, ing sapunika tanah Jawi. Samargi-margi tuwan wau sêsorah ing bab basa Esperanto, supados sagêd umum. Salajêngipun badhe dhatêng Australie tuwin Amerika.

Nyêrêg prakawis jalaran dipun kèndêli saking padamêlan. Tuwan Tan Beng Twan, punggawa pabrik ès ing Bêtawi, mêntas milênggahakên prakawis dhatêng ingkang wajib, jalaran dipun kèndêli botên angsal balanja. Wusana karampunganing pangadilan, Tan Beng Twan mênang, angsal wachtgeld 3 minggu.

Bab angsaling wachtgeld 3 minggu, pintên kathah sakêdhikipun botên dados pamanahan, ingkang prêlu namung haking lêrês, awit mênanging prakawisipun wau jalaran saking lêrês. Beda manawi namung kèndêl.

Kabêsmèn agêng. Ing Tanjung Bringin, Medan, mêntas wontên griya kabêsmèn, gunggung têlas cacah 100 wuwung, tokonipun 15, kapitunan dèrèng têrang, nanging ingkang saperangan malêbêt asuransi.

Pinanggihipun wontên ing jaman malèsèt, tiyang kabêsmèn punika saya anggrantês sangêt. Nanging tumrap ingkang lumêbêt asuransi, malah gadhah pangajêng-ajêng angsal lêlintu anyêkapi. Mila tumraping pakaryan asuransi, sakaing titi anggèning nindakakên papriksan, anjagi manawi wontên tindak ingkang botên-botên. Dados sanadyan kabêsmèn, kala mangsa ugi wontên ingkang bingah lan susah.

Barang bur-buran ing pagantosan Pêmalang. Barang bur-buran ing pagantosan Pêmalang botên pajêng kasade, amargi rêrêgèning barang kawon andhap kalihan rêrêgèn ing pêkên.

Inggih sawêg jaman sapunika kemawon wontên barang bur-buran rêginipun kawon kalihan rêrêgèn ing pêkên. Têmtunipun bab punika inggih andadosakên kabukanipun para alit ingkang sami gêsang sarwa kacigkrangan,[7] lajêng sagêd ngatos-atos anggèning ngêdalakên arta.

Bab pindhahipun Dr. Murjani dhatêng Malang. Ing bab pindhahipun Dr. Murjani saking Surabaya dhatêng Malang, andadosakên raosaning ngakathah, amargi pindhahipun wau dadakan, nyarêngi wontênipun pogokan punggawa C.B.Z. Nanging dangu-dangu wados wau inggih lajêng kasumêrêpan, bilih pindhahipun Dr. Murjani wau kalêpatan dados pangajênging bab pamogokan wau.

Lêrês lêpating tindak wau, sapunika dèrèng katingal, ing têmbenipun kemawon pinuji sagêda damêl pamarêm sampun ngantos wontên raos ingkang botên damêl panarimah.

Dipun bekot. Wontên pawartos, sêrat kabar Locomotief ing Sêmarang dipun bekot dening bangsa Tionghoa ing Sêmarang ingkang sami lêngganan. Dene sababipun sêrat kabar wau anggèning martosakên pakabaran pêrang Tiongkok-Jêpan botên adil, manawi ngêwrat pakabaran telegram saking golongan Jêpan, dipun cap kandêl, nanging manawi saking Tiongkok asring botên dipun êwrat, malah redaksinipun ambumboni ingkang ngengingi bangsa Tionghoa. Redaksi lajêng nakèkakên bab punika dhatêng pakêmpalan dagang Siangbu, lumantar pulisi, nanging botên angsal damêl.

Angèling tiyang dados juru kêmudining sêrat kabar punika kados makatên, mila manawi nglampahakên sampun anjarag numbuk manahing tiyang.

Mulo Muhammadiyah ing Blitar. Benjing tumapaking wulan Juli ngajêng punika pakêmpalan Muhammadiyah ing Blitar badhe ambikak pamulangan Mulo, dipun wiwiti saking voorklas. Wiwit sapunika sampun sagêd nampèni murid.

Punika satunggiling kamajênganipun Muhammadiyah, nama suka margi dhatêng ingkang nêdya majêng, pambikakipun Mulo mawi dipun sadhiyani voorklas. Mirit kawontênakên kados makatên punika ngosok wangsul kalihan wontêning wartos ing bab badhe icaling Voorklas Mulo Guprêmèn.

Andagang tiyang èstri. Ing Bêtawi mêntas wontên tiyang asli saking Palembang dipun cêpêng dening pulisi, amargi ambêkta tiyang èstri dipun akên bojo, asli saking Krawang. Nanging sarêng kapriksa, tiyangipun èstri ngakên dèrèng dipun nikah. Dene têrangipun tiyang ingkang asli saking Palembang wau kêrêp gadhah tindak kados makatên, ngakên pados bojo, nanging nyatanipun wontên ingrika kangge padagangan.

Tindak kados makatên punika pantês sangêt dipun uningani dening ingkang wajib. Malah sampun nate wontên ingkang kadênangan, tuwin sarêng kapriksa inggih sampun dipun ningkah sayêktos, ingkang namung kangge sarana wilujêngipun wontên ingriki. Dene ingkang dipun têmpuh ing padhusunan, têmtu kemawon tumraping tiyang dhusun lajêng kelu, saya tumrap pinanggihipun wontên ing jaman malèsèt punika.

Kamajênganipun Partai Indonesia. P.I. ing Bêtawi katingal majêng, dunungipun sapunika warganipun sampun wontên 1000, sampun anggadhahi warung pintên-pintên panggenan sêkolahan [sê...]

--- 319 ---

[...kolahan] a.b.c. pintên-pintên dasa, makatên ugi golongan wanita. Kantor-kantor pang sampun wontên 8. benjing tanggal 14 dumugi 18 Mèi badhe damêl congres.

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sabên wontên pakêmpalan têmtu majêng, ewadene ugi kêdah kanthi pinuji mugi lulusa sampun kirang satunggal punapa.

Gudhang sata kabêsmi. Gudhang sata ing kabudidayan Gowok, Surabaya, mêntas wontên ingkang kabêsmi, kapitunan f 7000.- nanging kalêbêt asuransi. Dene sababipun kakintên saking pandamêling durjana.

Pandakwa makatên punika mèh umum, nanging pamrihipun durjana gèk punapa?

Commissie enggal. Wontên pawartos, ing kantor kapatihan Surakarta badhe wontên commissie enggal badhe mriksa padamêlan-padamêlan ing kantor ngriku, ingkang kapatah dados commissie Mr. K.R.T. Wongsonagoro. K.R.M.H. Padmonagoro tuwin K.L. Roodenburgh.

Papriksan kawontênakên ing tanah karajan Jawi, sabên-sabên tuwuh wontên raos botên adil, amargi karaos wontên panimbang nisih, jalaran juru panimbangipun kawon bobot. Nanging sagêdipun punika, manawi saèstu tumindak, mugi tinêbihna ing raos kados makatên. Awit ingkang piniji ing damêl sami sawung.

Hak lagu Indonesia Raya. Ing taun kapêngkêr ing Sumatra kathah plaat gramafoon lagu Indonesia Raya ingkang dipun bêskup dening pulisi, saking panêdhanipun Tuwan Supratman ingkang ngarang lagu wau kalihan satunggiling firma Tionghoa, ingkang sampun numbas hakipun saha lajêng nyêrêg prakawis. Plaat wau dipun damêl ing Jerman dening firma Eropa. Sarêng sapunika kasêrêg ing prakawis, pangadilan botên sagêd nindakakên, awit firma ingkang dipun sêrêg namung nyade kemawon, dados kêdah nyêrêg dhatêng pabrik ingkang ndamêl.

Bab punika têmtunipun lajêng dados lampah agêng. Samantên lampahing among dagang.

Ir. Soekarno wontên Malang. Ir. Soekarno sasampunipun sêsorah wontên ing Blitar, sanès datêng sêsorah wontên ing Malang; ingkang dipun sorahakên ing bab budi manunggil. Ingkang rawuh ing parêpatan kathah, wanita kemawon wontên atusan.

Mirit kawontênakên punika, sulak-sulakipun para wanita saya majêng dhatêng pakêmpalan. Ingkang mantêp kemawon.

Pakêmpalan Mardibudi ing Surakarta. Pakêmpalan Mardibudi ing Surakarta mêntas parêpatan agêng taunan. Kajawi nindakakên prêluning pakêmpalan, ugi angajêngi sêsorah warni-warni. Kajawi punika ugi wontên sêsorahipun bangsa Tionghoa nama Tuwan Njoo Joe Tik, ingkang wosipun nyupêkêtakên pasadherekan.

Karukunanipun pakêmpalan Mardibudi katingal manunggilakên karukunanipun bangsa Jawi tuwin Tionghoa. Nanging bab punika kados botên ing sapunika kemawon pinanggihipun ing Surakarta, golongan kalih wau pancèn sêpêkêt.

Pamulangan tênun ing Kroya. Comite ingkang ngadani adêging pakêmpalan nênun ing Kroya mêntas parêpatan umum saha sampun sagêd kêlampahan ambikak pamulangan. Murid ingkang katampèn, lare èstri ingkang umur 15 taun minggah, lamining sinau nênun 6 wulan, mulas kirang langkung 3 wulan, bayaranipun sawulan f 2.-. Angsal-angsalanipun panyadeaning barang, murid angsal panduman. Pamulangan wau sampun tampi arta darma f 669.- langkung.

Kamajêngan punika pantês angsal pambiyantu. Salajêngipun pantês pinuji sagêdipun angsal lawe asli kapas ngriki piyambak.

Anjalari mindhaking rêrêgèn klapa. Awit saking rekadayanipun koperasi K.P.N. ing Ngayogya, sarana sêsorah ngajêngakên panganggening dilah lisah klêntik. Ing sapunika rêgining klapa ingkang rumiyin 1 1/2 sèn sagêd mindhak dados 2 1/2 sèn. Kajawi punika ugi sagêd mitulungi dhatêng têtiyang angguran sawatawis, sami ngadani padamêlan wau.

Mangga kalajêngakên.

Konggrès koperasi ing Sragèn. Benjing wulan Juni ngajêng punika, pang B.O. ing Sragèn badhe ngawontênakên konggrès koperasi, kanthi ngawontênakên tentoonstelling barang warni-warni asli kagunan piyambak tuwin pamêdal siti, prêlu kangge pados pawitan.

Sêdya wau pinuji kasêmbadanipun, namung sarèhne jaman malèsèt, inggih prayogi ingkang ngatos-atos, kupiyanipun mêntas wontên, inggih punika pasar malêm manggih kapitunan.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

R.M. Notosuroto. Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab R.M. Notosuroto badhe angajawi. Inginggil punika gambaripun R.M. Notosuroto wontên ing restoran Maju ing 's Gravenhage, badhe pêpisahan.

--- 320 ---

Wêwaosan

Dêmang Candhuk

Cariyos sêmpalan babad.

Karanganipun Mukmin guru bantu pamulangan ăngka II ing Wangon, Jatilawang.

3.

Mila lajêng rêmbagan kalihan ingkang èstri, badhe ngupados turun. Nyai dêmang nyondhongi. Enggaling cariyos, Dêmang Căndrapraya nyêlir anakipun dêmang ing Panyarang. Lajêng kayasakakên griya sapandhapinipun kaprênah salèring Canthukkêmantrèn. Wêwangunaning pandhapi memba pandhapining aluhur, midhanganipun sungsun gangsal, ingukir-ukir pindha sirahing garudha. Adêging pandhapi wau sinêngkalan taun Walandi: sêmbah rasa pandhita tunggal (1762), run-tumurun dumugi samangke taksih sae.[8]

Botên antawis lami Dêmang Căndrapraya kalihan semah nèm sagêd patutan kalih jalêr sadaya. Ingkang nomêr satunggal warninipun awon, diwasanipun nama: Căndrajaya. Ingkang nomêr kalih warninipun bagus, diwasanipun nama: Singamênggala. Kyai dêmang wau panganggêpipun dhatêng anak pilih sih. Căndrajaya botên dipun trêsnani, mandar dipun sêngiti kaanggêp kadosdene rencang. Dene Singamênggala dipun trêsnani sangêt, tansah inguja pikajênganipun, malah ginadhang-gadhang anggêntosi pangkatipun. Padamêlan ingkang kasar-kasar dipun pasrahakên dhatêng anak ingkang sêpuh, ingkang alus-alus dhatêng anak ingkang ênèm.

Danguning dangu Căndrajaya rumaos dipun siya-siya sangêt dening bapa. Sadaya padamêlan ingkang katindakakên sarwa botên kalêrêsan. Mila têlas pangajêng-ajêngipun sagêdipun anggêntosi dêmang.

Ing satunggiling dintên piyambakipun sawêg rêrêsik pakawisan, nuju ngaso kasumêrêpan bapakipun, lajêng dipun uman-uman botên kanthi kamanah rumiyin, adamêl sêriking manahipun Căndrajaya, sanalika tuwuh tekadipun badhe kesah saking ngriku. Sarêng dalunipun wanci sirêp tiyang Căndrajaya mêdal saking griya tanpa kanthi, lampahipun gêgancangan lumêbêt ing wana, ciptaning manahipun namung badhe ngupados margining pêjah.

Botên kacariyos lampah-lampahipun wontên ing wana, sarêng dumugi ing Jêruk Lêgi (bawah Cilacap) lajêng ngèli wontên ing lèpèn Rêroban sarana gèthèk, ngantos dumugi bêngawan Donan tansah kampul-kampul manut lampahing toya. Sigêg.

Kocapa sakesahipun Căndrajaya, ingkang ibu saklangkung prihatos, ketang trêsnanipun dhatêng anak sanajan warninipun awon. Dene kyai dêmang botên kraos gêtun, malah sangsaya sangêt pangugungipun dhatêng ingkang nèm, mila Singamênggala manahipun sangsaya măngkog, rumaos botên wontên ingkang makèwêdi. Sarêng dipun srantosakên ngantos sawatawis wulan Căndrajaya botên wontên kabaripun, lajêng dipun wilujêngi kados sacaranipun tiyang pêjah.

Sarèhning kyai dêmang rumaos sampun mangsanipun sèlèh padamêlan, lajêng sowan ing kangjêng sinuhun, sarêng kalihan Singamênggala. Munjuk kaparênga Singamênggala ingkang anggêntosi pangkatipun, amargi anak pambajêng ical tanpa lari. Ananging sang prabu botên marêngakên, jalaran ingkang wajib anggêntosi kêdah anak ingkang sêpuh, mila kadhawuhan ngupadosi rumiyin. Wusana lajêng sami mantuk.

Sadumugining griya enggal kaupadosan. Sasampunipun sawatawis wulan mêksa botên kapanggih, kyai dêmang lajêng nyowanakên Singamênggala malih dhatêng Surakarta, nanging sang prabu dèrèng karsa nampi sowanipun, jalaran sampun uninga manawi calonipun dêmang mèh dhatêng. Dados taksih sami nêngga wontên ing pamondhokan.

Mangsuli cariyos, Căndrajaya tansah kambang-kambang wontên satêngahing sagantên. Dilalah sarèhing taksih badhe pinanjangakên lêlampahanipun, botên sagêd pêjah, malah sangsaya gêntur tapanipun. Sarêng dumugi sawetanipun pulo Nusakambangan, kadhatêngan kaki-kaki, mituturi makatên: Căndrajaya, sira tangia, aja bangêt anggonmu matèkake raga, enggal muliha, anggêntèni pangkate bapakmu.

Căndrajaya lajêng tumênga sarwi matur: Kyai, kadospundi anggèn kula sagêd wangsul, tiyang badan kula sampun risak sangêt.

Kaki-kaki lajêng nyêbul sirahipun Căndrajaya kaping tiga, sanalika badanipun kraos kiyat. Ingkang asung pitutur lajêng musna. Botên dangu wontên alun agêng dhatêng, gèthèk katut minggir. Kacariyos mêntasipun Căndrajaya wau wontên ing pasisir Karangbolong. Saking ngriku têrus wangsul dhatêng padununganipun. (Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


bukuh. (kembali)
Sinigêg. (kembali)
Sus. (kembali)
komite. (kembali)
èstri. (kembali)
ingkang. (kembali)
kacingkrangan. (kembali)
§ Kacariyos balunganing pandhapi wau kajêng jatos sauwit ing wana Sindhangbarang bawah ondêr dhistrik Karang Pucung, ingkang bulêding pokokipun cêkap kangge linggihan tiyang salawe. (kembali)