Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-09, #666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-09, #666. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-09, #666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 29, 2 Bêsar Je 1862, 9 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [449] ---

Ăngka 29, 2 Bêsar Je 1862, 9 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Rama

Dhêdhasaring tekad utamaning dumadi

[Durma]

yèn tan ana mamrih bêciking wêkasan | tiwas têmên ing urip | patining urakan | apan sagunging titah | lumrah angarah kang bêcik | yèn kudu ala | tan pantês anèng bumi ||

nora pantês milu mulat surya căndra | apan jatining yêkti | apa kaluwihan | liya pangulah puja | sêmadi tan ana malih | jroning paprangan | luwih saking sêmadi ||

kang minăngka dupa asmara dilaga | têmpuhing satru sêkti | upama pawaka | sura nirakên dilah | urube maring sêmadi | prawiranira | gêntha kêlèng upami ||

wijah jiwanira sêsajèn upama | têmênira ngaurip | anglakoni karya | tuduhing maharaja | yêkti anêmu kang pinrih | ing kuna-kuna | ana tuladan luwih ||

yèn tinggala tuladan papa druhaka | dadining puja yêkti | umangsah ing mêngsah | amunah satru sura | tanpa sesa ing ajurit | mèngêti aprang | Bathara Otipati ||

tuhu Sang Hyang Jagad Pratingkah kang molah | asor ungguling jurit | mila ta ajriha | pati pêpati jagad | pahoman puja tan dadi | ilang ciptanya | ambêk papa sabumi ||

--- 450 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

V.

Garèng : Ora, Truk, nèk mungguhing bab tatakrama lair, yak, iya ora prêlu andongèng, ora prêlu angobrol, aku iya wis ngrêti cara-carane. Mung bae siji-sijine băngsa mêsthi iya beda-beda anggone nandukake. Kaya ta: băngsa Tionghwa, tangane loro ngêpêl karo-karone, digathukake dadi siji, banjur dianthuk-anthukake ana ing sangarêping dhadha, ya kuwi sing diarani: sojah kuwi. Nèk băngsa Walănda, topine dibukak, awake didhêngklukake, sarta tangane banjur diathungake minăngka kanggo tabikan. Dene nèk băngsa Jawa, hla, kiyi pancèn iya rada rèwèl diningrat têmênan. Awit tansah tungkul beda-beda carane, kaya ta: nèk kêpêthukan ana ing dalan karo kănca sêpêpadhane sing durung pati kênthêl bangêt, lo, tatakramane lair iya kudu mangkene: cangkême diblèwèhake kambi muni: badhe tindak pundi, he, he, hèh. Sing ditakoni wangsulane iya kudu nganggo sarana ambalèwèhake cangkême: badhe dhatêng Pacinan, iye, he, he, hèh.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, kok nganti kaya jaran mêngkono. Ngrungu calathumu sing mêngkono mau, aku kok banjur kèmutan pangandikane sawijining sarjana ing bab tatakramane wong Jawa mara tamu. Jarene têkane kudu disumèh-sumèhake lan diglègès-glègèsake, minăngka bukti bungahing atine anggone kêtêmu mau. Dene nèk pamitan, kudu dibêsêngut-bêsêngutake lan diprêngut-prêngutake, karêpe arêp ngatonake susahe anggone arêp pisah manèh. Kang

--- 451 ---

kaya mangkono mau, ambokmanawa iya bênêr, nanging kabèh mau ora kêna dilêbokake nyang tatakrama lai.[1] Sabênêre mono kuwi tumanduke tatakrama. Mungguh sing diarani tatakrama lair, yaiku tatakrama tumrap: bale omah, panganggo, solah-bawa utawa solah tingkah, têtêmbungan, polatan utawa pasêmon, patrap nêmoni tamu utawa mêdhayoh dhewe.

Garèng : Wèthèthithèh, la kok andalidir mêngkono. Wong carita kuwi bok saka siji, aja dicampur adhuk dadi siji mêngkono, hla nèk sêga jangan, sambêl gorèng, brongkos, gudhêg lan opor pitik, dicampur dadi siji iya mak: klênyêm rasane. Balik omongan dicampur, anggone arêp andhamangake iya rada sêrêt. Mulane, Truk, andharna saka siji, bèn pikiranaku rada trawangan.

Petruk : Yak, kok banjur kèlingan nyang Paris gêlas, sing trawangan ngatonake giliging lêngên, sing kuning mliding. Iya, iya, Kang Garèng, jajal tak cobane nêrangake nyang kowe mungguh sing diarani tatakrama tumrap: bale omah. Kang kapisan, pamulasarane omah kudu sing rêsik lan gêmrining. Têgêse: jogan upamane, kudu sing rêsik nganti diibaratake kêna kanggo ajang sarapan sêga wadhang karo blênyik, nèk duwe kursi dipulasaraa sing nganti bisa mêling-mêling kaya gêlas, pagêr, tembok utawa payone omah kudu tansah dikisik, aja nganti tungkul kanggo tayuban para kêmăngga, papan pêturon, kudu sing gêmrining, urunging bantal utawa sêprèning kasur, aja mung narima yèn wis dikumbah karo banyu lèdhêng saka... cangkêm utawa wêtêng.

Garèng : Wèyèh, wong kene le ngrungokake nganti mêncêrêng mêngkene, omongane kok anggluwèh mêngkono. Ambok têrus têrang omong bae: ilêr lan ompol aja diêtogna, nanging kudu dikumbah. Ora, Truk, omonganamu kuwi pancèn iya bênêr bangêt, nanging mungguhe wong sing kacukupan, nanging nèk mungguhe wong sing ora duwe, apa manèh rêrêsik omah kobêra, lagine ambuwang dêduwèkane sing najis bae, kapêksa diiras jarene. Nganti saênggon-ênggon cara Landane mambu: odho klonyo cap: pêtêi, utawa cap: jengkol.

Petruk : Bab rêsikan, kuwi ora mung dumunung ana ing wong sing kacukupan bae, sanadyan malarata ibarate nganti jarit siji dianggo wong loro, sing siji andhuwêl ana ing sênthong, sijine manèh nêmoni tamu upamane, nanging nèk pancèn gêlêm rêsikan, iya bisa bae. Bab têmbung ora kobêr, kuwi sajake têka kanggo kêmbang lambene jaman saiki, gênah yèn sabên awan sok ngêluk lambung wiwit jam 2 têkan jam 5, nèk sore klintong-klintong nang alun-alun utawa nang Pêcinan, malah sêminggu ora kurang kaping têlu anggone ribut mêjêrah mripate diajak nyambut gawe... nonton boskup, lo, kuwi nèk banjur ana wong takon: mas, kok botên kêtingal-kêtingal, lumrahe wangsulane iya banjur cara gadho-gadho mangkene: wah, tiyang inggih botên gadhah

--- 452 ---

tempo babarpisan. Ora, Kang Garèng, sanyatane mono wong kuwi iya prasasat ora ana kobêre babarpisan, yèn pancèn ora diprêlokake. Mungguhe rêsikan tumrap panyêkêle bale omah sanadyana ora bisa kobêr babarpisan, mêksa kudu diprêlokake lan ditêmên-têmênake. Awit omah-omah kuwi yèn rêsik gêmrining, kajaba nang mripat kapenak sêsawangane, iya bisa ngêdohake nyang sakèhing lêlara. Kajaba kuwi sing diarani tatakrama tumraping bale omah, kuwi patrape nyang bojo lan anake, nyang tăngga têparone, nyang...

Garèng : Wah, nèk bab kiyi aku kêna kanggo tuladan têmênan, kaya ta tumrape bojo, kuwi aku tansah ngèlingi yèn wong wadon iku padha dene umating Pangeran, mulane wong lanang iya ora kêna sawênang-sawênang, ora kêna sawiyah-sawiyah, kosokbaline wong lanang kudu nganggêp nyang sing wadon kayadene karo sajajare, mulane wong wadon banjur dak êjor sasênênge, arêp bêgandêring sadina muput, iya bèn, arêp năngga têrus-têrusan, iya: măngga, arêp adu kucing karo kasut, iya: biar, cêkake...

Petruk : Yah, wong uripe ana ngisoring pinjung, ethok-ethoke banjur ngêjor nyang sing wadon, padune kuwatir yèn ora kanggo bae, kathik banjur rupa-rupa sing diomong. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik.

[Grafik]

Têtiyang nuju tumindak ing damêl angrêmbang rosan ing pasabinan.

--- 453 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Redhaksi Kajawèn nampèni panjurung saking sadhèrèk Aris Munandar, asli wangsulan saking Dhigul, nyariyosakên kawontênanipun papan pambucalan ing Dhigul. Mênggah cêcariyosanipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Papan padununganipun têtiyang bucalan ing Dhigul

a. Barak

Nalika angkatan sapisan barak ing Dhigul punika namung wontên 3 griya, ingkang sagriyanipun cêkap dipun ênggèni ing tiyang kirang langkung 20. Barak punika têrus dipun wêwahi, ngantos dados 14 griya. Kangge panggenaning têtiyang bucalan sawatawis wêkdal sadèrèngipun sami andamêl griya piyambak. Griya sakit ugi wontên ing barak. Barak punika icalipun salêbêtipun taun 1929.

b. Griya sakit

Ing suwau griyanipun sakit wontên ing barak ugi. Salêbêtipun taun 1928 pindhah sawetanipun barak botên têbih, kintên-kintên namung kalih atusan [atu...]

--- 454 ---

[...san] mètêr. Sasampunipun barak dipun risak, ing ngriku dipun dêgi griya sakit sae, jrambahipun dipun plêstèr, pagêripun bêton saha payonipun sèng, ananging griya sakit ingkang suwau, jrambahipun têksih siti, pagêripun dobos saha payonipun ugi sèng. Ingkang kagungan ada-ada adamêl griya sakit sae punika panjênênganipun Tuwan Asistèn Residhèn Blok, ingkang dipun sarujuki panjênênganipun Dhoktêr Phut.

Dhoktêr ing Bopên Dhigul punika dhoktêr militèr. Ing suwau dhoktêripun namung pinaringan satunggal, ananging sarêng parentah anggalih prêlu, lajêng pinaringan dhoktêr kalih. Ingkang satunggal, mligi mriksa wontênipun sêsakit malariah, saha ngudi murih icaling sêsakit punika. Dene satunggalipun mriksa sêsakit sanèsipun.

Sarêng parentah maringi dhoktêr kalih, pancèn inggih majêng saèstu, tandhanipun lajêng kirang sangêt sêsakit malariah yèn katimbang ingkang sampun.

[Grafik]

Para pulisi anjagi katêntrêman ing Dhigul.

Panggêsangan

Têtiyang bucalan ing sakawit dipun paringi ondêr sêtan. Salêbêtipun pinaringan têdha saking parentah, sadaya têtiyang bucalan dipun mardikakakên ambabad wana kangge pakawisan saha damêl griya. Payoning griya pinaringan saking parentah awujud sèng. Gêdhègipun pados piyambak dhatêng wana, wontên ingkang ngangge kajêng alit-alit, nibung (bangsanipun jambe) saha klika kajêng. Kajawi ondêr sêtan ugi tampi prèmi kasrêgêpan f 9.- sawulan. Sagêdipun tampi prèmi kasrêgêpan mawi tăndha yêkti, ing salêbêtipun sawulan dipun kengingakên nyambut damêl umum kawan dintên, sadintênipun tigang jam. Nyambut damêl umum punika angrêsiki margi-margi salêbêtipun kampung, saha margi ingkang anggandhèngakên kampung satunggal lan satunggalipun, salêbêtipun dipun parentah panjênênganipun Tuwan Monso, apangkat kontrolir, têtiyang bucalan taksih sami tampi ondêr sêtan saha prèmi kawêkêlan. Ananging sarêng badhe santun ingkang ngasta paprentahan, kirang tigang wulan andhawuhakên sarana ngawontênakên parêpatan dhatêng para tiyang bucalan, bilih ondêr sêtan saha prèmi badhe kasuwak, dipun santuni nyambut damêl ambabad wana kadamêl ladhang (patêgilan) angsal epahan ing dalêm sahektare f 100,-. Dèrèng ngantos tumindak ingkang dados pangagêng sampun santun panjênênganipun Tuwan Blok, apangkat asistèn residhèn.

Sarêng paprentahan kakaasta[2] panjênênganipun Tuwan Blok, caranipun makatên: sawatawis wulan taksih ajêg kados ingkang sampun, malah wontên padamêlan kuli dintênan. Sadaya têtiyang bucalan kenging mlêbêt dados kuli dintênan, sadintên nyambut damêl 8 jam, tampi bêrahan f 2.-, lan dipun [di...]

--- 455 ---

[...pun] kengingakên nyade kajêng dhatêng parentah, miturut ukuran pamundhutipun, prêlu kangge andamêl griya sakit saha griyanipun para juru ngupakara tiyang sakit. Kawontênan ingkang kados makatên punika tumindak kirang langkung 6 wulan. Sanadyan kawontênanipun kados makatên, ewasamantên botên patosa kathah ingkang sami purun nyambut damêl, malah manawi wontên ingkang purun nyambut damêl satunggal kalih, dipun poyoki. Ingkang moyoki punika sajatosipun têtiyang ingkang manahipun cupêt. Wontênipun tiyang ingkang sami moyoki punika namung anut-anut kemawon (kenging gosokan), sarêng parentah priksa ingkang dados pangajêngipun, pangajêng punika lajêng dipun singkirakên saking Tanah Merah (Dhigul) dhatêng Budhangarêng, ingkang samangke kaêlih dhatêng Tanah Tinggi.

[Grafik]

Warung kopêrasi ing Dhigul.

Sasampunipun pangajêng punika dipun singkirakên, lajêng kathah têtiyang ingkang sami nyambut damêl, sapragangsal saking wontênipun têtiyang bucalan. Miturut gampiling pados asil kados ing nginggil punika, sok tiyanga ingkang gêmi tamtu sagêd cêkap. Anyarêngi kawontênan punika panjênênganipun Tuwan Blok, andhawuhakên dhatêng para têtiyang bucalan wontên ing salêbêting parêpatan bilih ondêr sêtan badhe dipun suda saprapat ing sabên tigang wulan, ngantos têlas. Ondêr sêtan punika dipun santuni kadosdene prèmi, ing dalêm saprapat dipun lintoni prèmi f 3.50.

Têtiyang ingkang purun nindakakên tatanan punika dipun dhawuhi ambabad wana pinggir lèpèn badhe kangge nyobi sêsabin. Nanging kawontênan panggêsangan kados ing nginggil punika têtiyang sami kêsèd nindakakên ambabad, mila panjênênganipun Tuwan Blok lajêng ngawontênakên ada-ada enggal, sok sintêna tiyang ingkang purun nyambut damêl kalihan parentah angsal bayaran f 1.- sadintên. Wiwit ing wêkdal punika lajêng kathah wande-wande saha toko-toko. Ing suwau têtiyang manawi blănja dhatêng intêndhan (toko militèr) ingkang kawastanan ing têtiyang Dhigul Collectief.

Sarêng sampun kathah toko-toko, blănja dhatêng militèr dipun suwak, namung uwos taksih tumbas dhatêng parentah. Badhe kasambêtan.

--- 456 ---

Radèn Mas Margana

Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab anggènipun Radèn Mas Margana kawisudha dados insêpèktur polêk krèdhit wèsên. Bab punika kados prayogi kaandharakên sakêdhik mênggah babadipun Radèn Mas Margana wau, awit tumrapipun pangkat wau, dhumawahipun ing golongan tiyang siti, nama lăngka.

[Grafik]

Radèn Mas Margana punika sakawit sinau wontên ing pamulangan Walandi andhap. Satamataipun saking pamulangan andhap, anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan oplèdhêng ing Magêlang. Samêdalipun saking pamulangan oplèdhêng lajêng dados juru sêrat pambantu, inggih magang, kanthi balănja f 10.- saha botên dangu lajêng dados juru sêrat asistèn wadana ing Pajawaran, balănja f 15.-. Botên dangu kawisudha malih dados juru sêrat jaksa ing Banjarnagara, balănja f 30.- Sasampunipun punika lajêng mingsêr saking kalangan pangrèh praja, dados Inl. Ambt. Volskcredietwezen, balănja f 75.-

Kala samantên Radèn Mas Margana lajêng kapengin wangsul dhatêng golongan pangrèh praja malih, amargi manawi anglajêngakên dados Inl. Ambt. Volkscredietwezen, pangajêng-ajêngipun namung dumugi balănja f 250.-. Nanging sarèhning anggènipun wontên ing pakaryan wau nyêkapi ing damêl, lajêng kagolongakên amtênar băngsa Eropah.

Măngka mênggahing lêrêsipun, amtênar punika apêsipun kêdah wêdalan H.B.S. gangsal taun, mila kêdah ngudi murih sami kados makatên, tuwin kêdah nyinau basa ngamănca: Jêrman, Prancis tuwin Inggris, punapa malih kêdah nyinau buk odhêng.

Sasampunipun dados amtênar wau kêdah iksamên tigang rambahan, wusananipun kacêpêng sadaya, lajêng dados kontrolir Volkscredietwezen, salajêngipun dados ajung insêpèktur. Saha wêkasanipun kawisudha dados insêpèktur.

Mênggah pangkat insêpèktur punika, kapetang satunggiling pangkat ingkang sarana pilihan, dados anggènipun Radèn Mas Margana kapilih punika, salugu saking tinarimah tuwin nyêkapi ing damêlipun.

Wusana namung pinuji, mugi sampun kirang satunggal punapa.

--- 457 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Mirid kawontênaning pasulayan praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil, lăngka manawi sagêd dados rukun, awit sami kêdunungan raos kalajêng kabranang, nanging wantuning lêlampahan ing salêbêting paprangan punika kawontênanipun botên beda kados pawayangan, inggih punika wontên ingkang andhalang, têgêsipun ingkang ngingar-ingêr rêmbag, dados mênggah pangajêng-ajêng rukun, inggih tansah wontên.

Nanging pinanggihipun ing rêmbag, sanadyan sabên-sabên sampun kênthêng-kênthêng, inggih tanpa wusana. Dados pinanggihipun, ingkang ngudi murih rukun tansah ngangsêg, nanging ingkang pêpêrangan tansah nêsêg, kala-kala ugi wontên pawartos sajak badhe bibar, lajêng rukun, nanging sakêdhap malih lajêng wontên wartos angagètakên, pasulayanipun malah saya rame.

[Grafik]

Tawanan băngsa Tionghwa ingkang kajagi dening suradhadhu laut Jêpan.

Ing sadèrèngipun tanggal 29 Marêt, sampun wontên usul, supados ing tanggal 29 wau ngèndêlana pêpêrangan. Pancènipun tumraping pangajêng-ajêng padhami sampun wontên, nanging inggih punika wau, ubaling pamanggihipun satunggal-satunggaling golongan beda-beda, tur bedaning pamanggih wau wosipun sami angajêngi dhatêng pasulayan. Dene mênggah nalaripun, kados ta: Jêpan [Jê...]

--- 458 ---

[...pan] gadhah panêdha, supados wadya Jêpan kenginga têtêp manggèn wontên ing laladan margi sêpur Syanghai, Wosung, dene wadya Tiongkok anjagia laladan ingkang sampun dipun tilar dening Jêpan. Tamtu kemawon panêdha makatên wau botên dipun pituruti dening senapati Tiongkok. Wontênipun makatên, awit panêdhaning mêngsah, punika botên wontên ingkang botên mêngku kajêng wigatos, ingkang wosipun badhe damêl kapitunan.

[Grafik]

Saradhadhu Tiongkok ananggulangi mêngsah wontên ing Syanghai.

Dene ingkang langkung cêtha, bilih padhami wau lăngka kalampahanipun, ing tanggal 29 kasêbut ing nginggil, barisan Tiongkok ingkang dipun tindhihi dening Jendral Liyu Cih, bidhal ngangsêg dhatêng papan paprangan, makatên ugi golongan sanèsipun, ugi nêdya ngangsêg ngrêbat papan ingkang sampun dipun broki ing mêngsah. Samantên ugi wadya Jêpan, ugi tansah gumlêdhêg kados ilining toya bêna, badhe ngêlêm laladan Tiongkok. Punapa kawontênan ingkang kados makatên punika ingkang badhe dados tandhaning padhami.

Malah tumraping Jêpan, para wadya ingkang sampun wangsul dhatêng praja, badhe dipun santuni wadya enggal, kawangsulakên dhatêng Tiongkok malih, tuwin tindak wau botên gêgayutan kalihan rêmbag-rêmbag ing bab padhami. Badhe kasambêtan.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku: Anggêr-anggêr lan Pranatan Pamulangan, ăngka II. 1 iji anggitanipun Tuwan L. van Ryckevorsel dhirèktur pamulangan normal ing Bahrawa, kabiyantu dening Radèn Yasawiarja, kapala sêkolah ing Bahrawa.

Buku wau wêdalan saking pangêcapan J.B. Wolters ing Batawi. Isi ing bab anggêring pamulangan ăngka II. Minăngka jangkêping buku pratikêle mulang. Mênggah isinipun migunani sangêt tumrap para guru, rêginipun f 1.-

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 459 ---

Bab Tanêman

Markisah

Têtuwuhan markisah punika, cêkakipun ing pundi-pundi ugi wontên, ing rêdi, dhusun, ngare, kitha alit, kitha agêng, ugi kasumêrêpan wontên tanêman markisah. Para maos tamtu sampun anguningani, dene bab kalampahanipun nanêm, punika kula botên sagêd namtokakên. Gêsangipun markisah punika kenging kawastanan gampiling gampil, ugêr sae saèstu pangupakaranipun, tamtu sagêd gêsang, ragi kalis ing ama. Dene gêsangipun wau purun dipun rambatakên ing pagêr, wit-witan, lanjaran, saha dipun anjang-anjangi. Miturut wujudipun, markisah punika tanêman ingkang rumambat (bangsanipun êlung), tăndha yêkti ingkang dipun tanêm, inggih êlungipun watawis samètêr panjangipun. Manawi sampun purun gêsang, andêmênakakên ngrêmbakanipun. Umuripun kagolong awèt, uwitipun pasagi anglingir kados uwit uwi, godhongipun kandêl ragi agêng, sêkaripun agêng wujudipun wungu pèni, gănda sêdhêp andulêg, manawi sampun mêgar kados dilah èlèktris mawi semyok, wohipun agêng. Wangunipun gilig panjang sêmu balimbingan, kulit pêthak sêmu jêne, andaging, tur wontên isinipun.

[Grafik]

Wujudipun markisah

Mênggah pigunanipun nanên[3] markisah, tumrap ingkang dêdalêm ing kitha, kenging kagêm pasrèn, wontên ing ngajêngan sarana dipun anjang-anjangi (dipun rambatakên) prêlu kangge tamèng bilih măngsa jawah, bêntèr, saha balêdug. Ugi kenging kagêm pasrèn ing patamanan, upaminipun tumrap ing kupêl. Wohipun kenging dipun alap dagingipun kagêm sayuran, manisan, tuwin sanès-sanèsipun. Dene isinipun ing nglêbêt manawi sampun sêpuh yêktos, kenging kagêm rujakan dipun dhahar mawi ès, mênggah pandamêlipun gampil-gampilan kemawon, makatên: isi markisah satunggal, kawadhahan ing gêlas pangunjukan kalih iji, lajêng dipun dèkèki gêndhis pasir sacêkapipun têrus dipun cor toya bêntèr kintên-kintên 2/3 ning gêlas, manawi sampun asrêp dipun cêmplungi èsipun, dene anggènipun ngunjuk sabibaring dhahar wanci siyang. Wah, dhasar inggih miraos sayêktos, lêgi, sêgêr, kasêmbuh raosing isi markisah kumrêmêt nabêt pindha rambutan, sumăngga dipun cobi.

Muluking catur janma ing pandhawa.

--- 460 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pikantukipun Indianisatie.

Mênggah têmbung Indianisatie punika ing samangke kados sampun kêlimrah sangêt, lan ing sêrat-sêrat kabar, langkung malih ing sêrat-sêrat kabar Walandi, rame anggènipun sami angrêmbag ing bab punika. Tumrap dintên samangke kula badhe ngobrolakên gagasan kula ingkang tansah ngayawara punika mênggahing kapitunan punapadene pikantukipun, saupami indianisatie punika saèstu katindakakên wontên ing tanah ngriki.

Langkung rumiyin kados prêlu ngandharakên mênggah kajêngipun têmbung indianisatie. Manawi botên sangêt-sangêt anggèn kula "salah wessel" kintên-kintên têmbung indianisatie punika atêgês: migunakakên kêkiyatan asli saking tanah India - punika manawi cara jaman modern samangke ingkang dipun sêbut In-do-ne-si-a - piyambak. Ingkang makatên punika atêgês: sadaya ingkang dados kabêtahanipun nagari, kados ta ambêtahakên dhatêng: juru sêrat, commies, guru, tukang, dalasan ingkang mawi sêsêbutan Ir. Mr. Dr. lan Professor pisan, punika sasagêd-sagêd nagari migunakakên têtiyang ingkang sampun wontên ingriki, dados botên prêlu ndhatêngakên têtiyang saking mancapraja, kajawi manawi ingriki pancèn botên sagêd angsal, ingkang lajêng kapêksa minta sraya dhatêng sanès praja.

Mênggahing pamanggih kula, saupami indianisatie wau dipun tindakakên kanthi yêktosan, têgêsipun kanthi anêtêpi punapa mêsthinipun, kados-kados pancèn inggih utami sangêt. Kuwatos kula gèk mangke, sanajan sampun wontên rêmbag: "kudu migunakake kêkuwatan asli tanahe dhewe", lajêng mêksa kalêbêtan paribasan: "macan galak masa mangana anake dhewe". Ewasamantên inggih botên kenging dipun paibên, sintên tiyangipun ingkang badhe tega dhatêng anak putunipun piyambak, têmtunipun inggih langka. Manawi tindakipun badhe suka kawêlasan dhatêng anak putunipun kanthi barès kurès, kados inggih botên patos nyênêpakên padharan, nanging ingkang sok mulêsakên sirah punika anggènipun sok migunakakên ular-ular makatên upaminipun: "Bênêr ing kene iki wis ana, nanging putuku siji kae kapintêrane "luwar biasa" têmênan, mulane pantês kudu olèh papan".

Inginggil sampun kula aturakên bilih tatanan indianisatie punika manawi katindakakên kanthi punapa mêsthinipun, mêsthi utami sangêt. Sampun têmtu tuwuhing tatanan enggal punika badhe wontên ingkang nandhang kapitunan. Awit blanjaning para ambtenaar botên badhe sathekruk kados samangke punika, ingkang saperangan mêndhêt ukuran blanjaning bangsa Europa, ingkang kapêksa kêdah dêdunung wontên ing tanah bêntèr ngriki saha lajêng angsal èmbêl-èmbêl pituwas ingkang langkung kathah. Nanging blanjanipun wau lajêng dipun damêl miturut ukuran blanjaning ambtenaar ingkang wontên ingriki. Jalaran wontênipun andharan punika, satêmah lajêng anuwuhakên kawontênan sawênèhing golongan bathi, sawênèhing golongan malih tuna. Mangga samangke sami anyumêrêpi têtandhinganipun kawontênan wau. Punapa kathah ingkang nandhang kapitunan, punapa langkung kathah ingkang sami angsal kauntungan.

Langkung rumiyin ingkang karêmbag wontên ingriki golongan ingkang badhe nandhang kapitunan jalaran badhe tumindakipun indianisatie wau, inggih punika:

1e Para manca ingkang sami gadhah panganggêp dhatêng tanah Indonesia kadosdene lêmbu puhan, dados para manca ingkang sumêdya dhatêng tanah Indonesia namung prêlu badhe nglêmpakakên donya brana, punika ing sarèhne ingriki punapa ingkang dados bêtahipun namung badhe migunakakên kêkiyatan asli ngriki piyambak, lajêng rumaos katutup ingkang dados sêdyanipun.

2e Para ambtenaar ingkang sampun wontên samangke, punika têmtu badhe suda gagah tuwin brêgasipun, jalaran blanjanipun, saking sakêdhik mêsthi badhe dipun piprili, ingkang anjalari ewahing panggêsanganipun, kados ta upaminipun: ingkang kulina sês sigarèt, lajêng kapêksa narimah sês dika utawi klobot, ingkang kulina mêrtega-mêrteganan, narimah mawi lisah klêntik, makatên sapiturutipun.

3e Para mudha ingkang nêdya badhe ngabdi dhatêng nagari, punika sami kêndho ingkang dados idham-idhamanipun, inggih jalaran saking mêngkêrêting blanjanipun wau. Upami kemawon idham-idhamanipun ingkang suwau makatên: "Yèn aku besuk wis dadi ndara klerk blanja f 200.- aku arêp rabi bocah wadon Mulo." Nanging manawi indianisatie sampun katindakakên, idham-idhamanipun wau lajêng malih makatên: "Sanadyana aku wis dadi klerk lan blanjaku wis pantok pisan, nanging kiraku iya durung bisa ngingu bojo, hla wong blanja kok mung sa..."

Namung samantên ingkang prêlu kula andharakên mênggahing golongan ingkang badhe nandhang kapitunan, saupami tatanan indianisatie wau kalampah dipun tindakakên. Kosokwangsulipun: ingkang badhe damêl kauntungan inggih sasayahipun sayêktos. Kados ta:

--- 461 ---

1e. Ing sarèhning blanjanipun para punggawa nagari sadaya sami dipun êdhakakên, sampun têmtu wêdaling arta nagari ingkang minangka kangge blanjanipun punggawa wau, inggih badhe suda sangêt. Jalaran saking punika bêtahipun nagari dhatêng arta inggih lajêng badhe suda sasayahira. Sudaning bêtahipun nagari wau, punapa botên sagêd anjalari sudaning sêsanggènipun para kawula? Sabotên-botênipun nagari mêsthi badhe saya sagêd adamêl yêyasan ingkang pancèn prêlu utawi migunani tumrap umum.

2e. Manawi tatanan Indianisatie sampun katindakakên saha para punggawa nagari namung têtiyang ingriki kemawon, têmtunipun lajêng botên kathah arta ingkang sami plêsir-plêsir dhatêng manca nagari, jalaran kabêkta dening para bêndaranipun ingkang pinuju perlop, saha ingkang wusananipun arta kathah wau botên purun wangsul malih, awit sampun kraos wontên ing nagari manca kasbut.

3e. Ing sarèhning blanjanipun para punggawa nagari umumipun sampun botên patos menginakên, cacahing para mudha ingkang kêpengin dipun sêbut: ndara priyayi, têmtunipun inggih lajêng saya suda. Ingkang makatên punika sampun têmtu lajêng badhe ngajêngakên punapa ingkang dados ancasing para kaum kabangsan, inggih punika ancas ingkang ngudi dhatêng: selfhelp.

4e. Inginggil sampun kacariyosakên, manawi indianisatie tumuntên katindakakên, blanjaning punggawa nagari mêndhêt ukuran saking blanjaning punggawa têtiyang lahiran ngriki. Ingkang makatên wau, ing sarèhning botên wontên bathinipun barang-barang, têmtunipun inggih badhe suda sangêt cacahing tiyang siti ingkang sami nêdya gantos nami, upaminipun: Pa' Marta dados: P. Marteau, Krama dados: Kromme, dalasan Nalagareng kemawon têka dipun pindhah dados: Nulgaren, makatên sapiturutipun, inggih punika ingkang sok lajêng dipun wastani: Walandi 1½ rupiyah.

5e. Salah satunggiling golongan bangsa, ingkang sanadyan lahiran ngriki, nanging dêrajatipun langkung luhur tinimbang tiyangipun siti, jalaran tumindakipun tatanan indianisatie wau, wusananipun têmtu lajêng badhe santun salaga. Ungêl-ungêlan ingkang sok mawakakên, kados ta: "Ojo wani-wani karo aku, hoor. Aku iki wong Landa". Têmtu badhe musna saking donya Indonesia ngriki. Ingkang makatên punika sagêd anjalari saya tata-têntrêming praja, awit satunggal lan satunggaling bangsa lajêng botên anggadhahi rumaos langkung inggil lan langkung luhur dêrajatipun kados ing samangke punika, ingkang amung badhe anuwuhakên sêsêngitan kemawon.

6e. Inginggil ugi sampun kaandharakên, bilih jalaran saking sudaning blanja, para ndara-ndara priyantun têmtu lajêng badhe suda brêgasipun. Ingkang suwaunipun kulina sês sigarèt, lajêng sês dika utawi klobot, ingkang kulina mêrtega-mêrteganan, narimah lisah kalêntik, ingkang karêm sop-sopan tuwin kênthang-kênthangan, lajêng ngulinakakên dhatêng jangan bêning tuwin sêkul kluban, ingkang rêmên jas-jasan palmbeach utawi cabardin, lajêng gantos mangangge lurik-lurikan, makatên sapiturutipun. Malihing panggêsanganipun para priyantun ingkang makatên wau, punapa botên satunggiling kauntungan agêng tumrap bangsa Indonesia ngriki? Kintên kula lajêng botên prêlu mawi dipun warak-warakakên, botên prêlu tansah dipun sêsorahakên wontên ingajênging tiyang kathah, ancas swadhesie têmtu badhe majêng piyambak.

Kados cêkap samantên andharan kula bab punika. Saèstu badhe ngandhar-andhar angêndhukur saupami kula lajêng-lajêngakên tur badhe ambosêni. Mila ingriki kula punggêl saha kula kanthèni angsal-angsalaning pamanggih sawatawis ingkang sakintên cundhuk kalihan andharan wau.

Lampahing Indianisatie tumrap Indonesia punika, bilih tumindakipun kalihan adil, têgêsipun botên mawi pilih sih tuwin botên mawang bangsa tuwin pakulitan, kados kenging katêmtokakên badhe agêng sangêt pikantukipun tumrap pamarentah kalihan ingkang pinarentah. Dados watonipun isining Indonesia ngriki sampun botên wontên ingkang migunakakên panganggêp langkung inggil darajatipun tinimbang sanèsipun, kados namung badhe kauntungan agêng ingkang badhe pinanggih, jalaran raos makatên wau kajawi botên angewahakên mêmpênging sêsarêngan nyambutdamêl, ugi botên anyudakakên darajating golongan sanèsipun, têgêsipun têtêp taksih kêdah aji-ingajenan kados salimrahipun bangsa, ingkang sinêbut "susela".

Botên kenging botên sadaya kawontênan punika têmtu asisih-sisihan, kados paribasan Walandi, ingkang mungêl: "De eene zijn brood, de andere zijn dood." Janji wontên golongan ingkang untung, ing têmbe wontên golongan sanès ingkang buntung. Nanging mênggahing punika kêdah mawi têraju, kauntungan lan karugian wau, ingatasipun parentah utami pundi lan badhe wilujêng pundi bilih kalampahan katindakakên.

Abon-aboning gagasan kula punika namung kula pêndhêt ingkang gampil-gampilan kemawon, dados jangkêp sarta saenipun badhe kasumanggakakên dhatêng ingkang sami wajib ngrêmbag bab punika. Kirang langkungipun têmtu botên badhe kawêkèn pangolahipun. Samantên wau bilih obrolan punika kagalih wontên damêlipun. Dene yèn ginalih tanpa karya, inggih botên dados punapa, tiyang punika namung gagasanipun pun PÊNTHUL.

--- 462 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pêkên lurik. Ing wêkdal punika comite swadeshi ingkang dipun pangarsani Tuwan Driyowongso ing Ngayogya, bikak pêkên lurik Balewêrti No. 20 Surabaya, angsal pambiyantu saking Local Persatuan Pak Bond Pegawai Negeri ing Surakarta.

Mangga sampun katalompèn, sampun ngantos kawon suk. Awit jamanipun kêdah sarwa rikat.

[Grafik]

Sawung-sawung bal-balan ingkang mêntas tarung wontên ing Bêtawi. Gambar inginggil punika sawung bond Bêtawi, ingkang ngandhap bond Bandung, ingkang mêntas kawartosakên sawangsulipun saking Bêtawi dhatêng Bandung manggih kasangsaran ing margi.

Pamêdal karèt ing wulan Maart kapêngkêr. Miturut cathêtan pamêdal karèt ing Sambas, gadhahanipun kabudidayan ngamanca, wontên 13 ton, gadhahanipun tiyang siti 387 ton. Pontianak 89,849 ton, Banjarmasin 93.900 ton, Palembang 73.482 ton, Jambi 31822 ton.

Inggih nama taksih lumayan.

Pabrik tênun Jêpan. Wontên pawartos, ing Jawi Têngah sampun wontên sadhiyan papan kangge ngêdalakên pabrik tênun Jêpan, kantun ngêntosi pirantosipun kemawon.

Samantên pinanggihipun tindak cêkat-cêkat. Sasat botên kenging dipun raosi.

Gunggunging kuli kontrakan ingkang kawangsulakên. Miturut pawartos saking kantor Avros tuwin Veda, ing salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr wontênipun kuli kontrak ingkang dipun wangsulakên saking Sumatra dhatêng tanah Jawi wontên 21.000.

Tiyang samantên punika wontênipun ing tanah Jawi lajêng badhe punapa, mêmêlas.

Angsal-angsalaning comite Roode Kruis Fonds Tiongkok. Comite Roode Kruis Tiongkok ing tanah ngriki sampun sagêd ngintunakên arta dhatêng Tiongkok pêpetanganipun: Saking Mekasar f 30.000.- saking Sêmarang f 50.000.- lumantar sêrat kabar Sin Po ing Bêtawi f 150.000.- Surabaya lumantar tiyang 4 f 200.000.- Surabaya malih f 250.000.- tuwin saking Sumatra f 150.000.-

Sêmantên kalêmpakanipun arta ngriki ingkang ngalêmpak saking karukunan.

Woning bureau "Trio". Ing Plampitan Surabaya wontên ingkang ambikak kantor nama "Indonesische Woning bereau", ancasipun nêdya mitulungi tiyang sade tinumbas tuwin pados sewan griya. Ingkang nindakakên padamêlan wau Tuwan Usman, Dwijosuprapto tuwin Sujimin.

Punika dados pitulungan agêng tumrap tiyang ingkang bêtah tuwin ingkang badhe nêdya ngringkêsakên kabêtahan.

Pados sawung pakêmpalan. Pakêmpalan abdi dalêm Kasultanan Ngayogya nama P.V.P.K. naros dhatêng priyantun pilihan, kaparênga mandhegani pakêmpalanipun. Bab punika sampun wontên ingkang ngayahi.

Punapa botên nyata ing kalangan punika kêdah wontên sawungipun.

Jaman mlèsèt sayêktos. Ing Cilacap mêntas wontên lelangan anglelangakên kapal tarikan. Kapal wau namung angsal pangawis pantog f 2.50. Inggih kêlampahan dipun lelangakên.

Manawi ngèngêti lêlampahan kados makatên punika, tiyang wajib sangêt angaosi dhatêng arta. Sampun angèngêti mirahing tumbasan, ngèngêtana awising artanipun.

Ngangkatakên tiyang dhatêng Bêngkulên. Ingkang wajib ing Blitar mêntas ngangkatakên tiyang langkung saking 1000 dhatêng Bêngkulên, kajawi punika ugi wontên angkatan saking Kêrtosono.

Tindak rêrigên makatên punika mugi sagêda lumintu, salajêngipun sagêd mitulungi dhatêng têtiyang ingkang asli wangsulan saking sabrang, ingkang kawontênanipun nyata mêmêlas.

Darma Gêdhong Rakyat Indonesia. Pangrèh Sabakari ing Sêmarang mêntas ngawontênakên têtingalan ringgit tiyang mawi bayaran, manggèn ing gêdhongipun piyambak. Angsal-angsalanipun kangge darma dhatêng gêdhong Rakyat Indonesia ingriku.

Punika nama satunggiling rekadaya kangge andhêdhasar tumindaking karukunan.

Nyêpêng tiyang manongan. Pulisi ing Ngayogya mêntas nyêpêngi tiyang manongan, inggih punika tiyang kêlambrangan tanpa dunung, wontên tiyang 30. Sarêng kaladosakên dhatêng Landgerecht, têtiyang sadaya wau sami kaukum kunjara ngawan wêlas dintên.

Ambak nama dipun kunjara, tumrapipun wontên ing jaman kados makatên têrkadhang têtiyang wau malah rumaos angsal pangason.

--- 463 ---

Pabrik Bir Enggal. Wontên pawartos, N.V. Archipel Browerij Compagnie ing Amsterdam badhe ngêdêgakên pabrik bir wontên ing tanah ngriki, milih papan ing Bêtawi, Medan, Surabaya lan malih ing Singapura. Kaangkah sabên taun sagêd ngêdalakên 20.000 hl. Ing sapunika sampun wontên ingkang dipun wiwiti.

Wah ing tanah ngriki badhe mirah ombèn-ombèn sayêktos. Wah malih têtiyang ing tanah ngriki dèrèng sagêd damêl piyambak, têmtunipun botên badhe kacuwan.

Mèngêti adêging Istri Sedar sampun 2 taun. Kawartosakên ing dalêmipun pangrèh agêng Istri Sedar ing Bêtawi mêntas ngawontênakên pasamuan, adêging pakêmpalan sampun 2 taun.

Pakêmpalan punika pinuji sagêda sêsarêngan kalihan para adhi-adhi tuwin bakayunipun.

Kantor madosakên padamêlan ing Ngayogya. Ing salêbêtipun wulan Maart kapêngkêr, wontênipun tiyang angguran ingkang namanipun dipun cathêt wontên ing kantor arbeidsbemiddeling ing Ngayogya cacah: tiyang siti 1696, bangsa Tionghoa 34 tuwin bangsa Eropah 308. Cacah samantên wau ingkang sampun angsal padamêlan, tiyang siti 87, Walandi 14.

Lumayan.

Sudaning pamêdal pagantosan Nagari. Miturut palapuran, tumrap papan pagantosan laladan Surabaya tuwin Celebes, pamêdalipun suda. gunggunging barang ingkang kagantos, golonga A ing taun 1931 wontên 6.830.540 iji ing taun 1930 wontên 7.563.396 iji. Barang B dumugi E taun 1931 wontên 71.511 iji, ing taun 1930 wontên 84.553. Dene wêdaling arta kangge barang A taun 1930 wontên f 23.783.470.55 taun 1931 wontên f 19.790.918.- Tumrap barang B dumugi E taun 1930 wontên f 7.703.984 ing taun 1931 wontên f 6.291.178.50.

Miturut kawontênan ingkang kados makatên punika, mênggahing pangintên, botên kok sudaning pamêdal pagantosan jalaran saking têtiyangipun sampun sami cêkap, nanging malah kosokwangsulipun. Awit limrahipun, bêtahipun tiyang punika anggantosakên, dados manawi botên anggantosakên atêgês sampun têlas-têlasan.

Dhukun digdaya. Ing Procot Têgal wontên dhukun neneman nama Radèn Bagus Sutata sagêd anjampèni tiyang. Cacahipun tiyang ingkang dhatêng jêjampi ewon, anggènipun anjampèni namung lêlahanan.

Tindak kados makatên punika pinanggihipun wontên ing mangsa punika kêrêp wontên nanging awis ingkang lulus. Dene dhukun ingkang kacariyosakên punika, pawartosipun wêdalan pamulangan têngahan. Tumindaking damêl sairib Dr. Sosrokartono. Punika nama kaelokaning Pangeran.

Ariwarti enggal. Golongan ebah-ebahan tuwin ahli dagang ing Bandung, gadhah sêdya badhe ngêdalakên ariwarti basa Mlayu, nama Preanger.

Mangga sampun mawi was sumêlang, tuwin sampun sami nyamarakên dhatêng jaman. Awit wataking tiyang punika rêmên dhatêng barang enggal, saya manawi damêl panuju, têmtu enggal mumbulipun.

AMERIKA.

[Grafik]

Bayi ingkang dipun colong ing durjana. Ing sêrat-sêrat kabar bayi, punika lare ingkang ical nama Charles Augustus Linberg ing Amerika. Lare wau ngantos dados padosaning nagari tuwin sanès-sanèsipun. Dumugi sapriki bayi wau sawêg pinanggih wontên wartos. Gambar ingkang sumandhing punika, gambaring griyanipun kolonel Linberg ing New Jersey. Dene gambar bayi, punika lare ingkang ical nama Charles Augustus Linberg.

ASIA.

Rêribêd ing Mansyurie. Sasampunipun wontên tindak nyêpêng kitha Nusngen sadasa dintên laminipun, wadya Jêpan sawêg sagêd ngêbroki. Kitha Nusngen punika têbihipun saking Tjansjun wontên 25 mil, kaprênah sisih lèr. Lêbêting wadya Jêpan ingriku, ngèngsêrakên wadya tiyang awon kanthi tilar pêpêjah 1000, ingkang têtiyang wau sêdyanipun ngêkahi nagari. Jalaran saking para ambtenaar botên cocog kalihan wontênipun paprentahan enggal, kawontênaning padamêlan pinanggih botên sae.

Heury Puyi gadhah panêdha dhatêng Jêpan, supados nyambêti wadya, prêlu nindakakên kabêtahaning praja.

Ebah-ebahan kamardikan Korea. Sacêlakipun watês Mansyurie tuwuh ebah-ebahan ingkang gêgayutan kalihan kamardikan Korea. Rakyat Korea nunggil kalihan rakyat Tiongkok. Tuwuhing ebah-ebahan punika kawartosakên saking Seoul Pingyang tuwin San Yi Chow. Guprênur Korea nêdha biyantu saking parentah Tokio.

Pillipina mêrdika. Kala tanggal 14 wulan punika Aneta martosakên, wontên pawartos saking Washington, wolung taun êngkas praja Amerika[4] badhe kamardikakakên saking gênggêman Amerika.

--- 464 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

7.

Satêmêne iya mangkono: bapak. Rumasaku ora ana wong bumi kang pantês olèh pangaji-aji, kajaba biyungku dhewe.

Na, apa ta, rak mung mamahmu dhewe ta kang koajèni. La gèk kapriye margane kowe bisa jêjodhoan karo wong bumi.

O, pak, ya durung mêsthi, bisa uga aku bakal gathuk karo wong bumi, kang wêwatêkane kaya mamah, pintêr, bêcik bêbudène, wêruh tatakrama, kang wis prasasat dudu wong bumi manèh.

Coba saiki aku ngupamakake kowe wis kêtêmu karo wong bumi kang kaya mangkono, lan tak upamakake manèh, wong mau wis ngêmohi kabangsane. Nanging kowe rak isih têtêp bae ta, anggonmu ora dhêmên mênyang bangsane.

Babarpisan aku bakal ora duwe pikiran kaya mangkono: pak.

Iya, iya bênêr. Nanging tumrape bangsamu, kira-kira ora mung anjijèni mênyang bojomu bae, sanadyan mênyang awakmu dhewe iya duwe panganggêp mangkono, awit kowe diarani dadi wong kang ngêmohi mênyang băngsa.

Nanging bab iku rak gumantung ana wonge bumi: ta, pak. Upamane Sumarta, dhèwèke srawungane mung karo băngsa Eropah bae, pangkate komis, wis ora ana ambu-ambune wong bumi, lan nyatane wong-wong băngsa Eropah padha dhêmên mênyang dhèwèke. Wong kang kaya ngono mau rak wis kêna diarani dudu wong bumi.

Ing kene iki nagara cilik, Dhorah, anane băngsa Eropah kêna dietung, ing sadurunge Sumarta nêrak kaluputan, yaiku ngrabi băngsa Eropah, isih disênêngi ing akèh, awit dianggêp yèn dhèwèke wong pangajaran, wêruh ing tatakrama. Nanging samosa wis ngrabi bangsamu, mêsthi banjur diarani wong anggêmbelo, banjur didohi ing para mitra-mitrane, saya manèh yèn ana ing kutha kang gêdhe. Akèh têtuladan ing bab wong bumi ngrabi băngsa Eropah kang tak sumurupi.

Aku iki mung mindhakake bae. Upama kowe tunggalan karo wong bumi kang dadi bojomu, kang pangkat luhur ana ing Batawi, mêsthine kowe kapengin sanjan-sinanjan karo wong liya, kang bakal dadi pawong mitramu, yaiku băngsa Eropah. Kowe ngandêla, pangarêp-arêpmu kang kaya mangkono iku mêsthi bakal ora kasêmbadan. Ora ana uwong kang bakal têka ing omahmu, lan anggonmu mara dhayoh mung ditămpa alah ora bae. Kapriye rasaning atimu yèn kowe nêmoni lêlakon kaya mangkono. Lan kapriye rasaning atimu, saupama kowe ana ing papan pakumpulan dipitambuhi ing wong akèh, lan isih ana lêlakon liya-liyane manèh, kang agawe kurang kapenaking pikiranmu. Mangkono uga bab gêgayutane ana ing pagawean, jalaran saka ananing tindak kang kaya mangkono mau, anjalari gêthinging panggêdhe mênyang bojomu mau. Lan manèh kowe ngèlingana, gèr, katrêsnaning wong jêjodhoan iku ora mêsthi ajêg, malah gampang owah gingsire. Yèn tinêmu mangkono, lagi nganakake piduwung, kang jalaran saka anggone jêjodhoan momoran, tuwuh rasaning seje băngsa. Tumraping wong lanang gampang anggone kêtuwuhan pikir, animbangake ora kurang wong wadon, sarta banjur eling mênyang kabangsane, apa manèh mênyang sanak sadulur kang maune padha pêpisahan. Para bisa wis marsitakake: băngsa iku salawase têtêp tanpa owah, ora bakal bisa têtunggalan karo liya băngsa.

Mangkono mungguh pituturku mênyang kowe: Dhorah. Besuk manawa kowe wis ngumur, lan wis jêmbar wawasanmu, kowe mêsthi bakal ngrumasani lan ngakoni mênyang bênêring pituturku mau kabèh.

Ing salêbêtipun Tuwan Be wicantên, Nonah Dhorah namung tilêman wontên ing rêsban kemawon, tanpa nyabawa.

Botên dangu katungka dhatênging rencang, matur manawi anggènipun tata dhahar sampun rampung.

Ing ngriku Nonah Dhorah lajêng tangi saha ngrangkul bapakipun kalihan cariyos botên tumut nêdha, amargi badanipun kirang sakeca, saha cariyos manawi pituturing tiyang sêpuhipun sangêt tumanêm ing manah.

Bapakipun mangsuli: Satêmêne rupamu ketok owah. Sukur yèn kowe bisa nampani pituturku. Aku pitaya: Dhorah, kowe bakal ora narajang mênyang panggawe luput kang agawe rusaking atimu, lan kang wêkasane ngrusak atining wong tuwa. Nguntala aspirin: Dhorah, wangune kowe masuk angin.

3. Lêpat ing pangajêng-ajêng

Kacariyos, Radèn Sumarta punika putra warandhaning wadana, nama Radèn Ayu Prawira, ing nagari S. Wiwit alit Radèn Sumarta dipun sêkolahakên Walandi wontên ing Batawi. (Badhe kasambêtan)

--- 53 ---

Nomêr 14, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tabêt Trêsna ing Wong Tuwa

Sawijining dina, ngarêpke bêdhug, langite rêsik, ing awang-awang ora ana mega utawa mêndhunge. Panase sumêlèt, kaya mlêthèk-mlêthèkna sirah. Ing Banaran kaya ana amun-amune, rupane gilap molah-malih ora pati cêtha, gèk sêmu kuning, gèk sêmu irêng, sarta gèk sêmu dadu, tansah kêdhêr ora mênêng-mênêng, yèn pinandêng, cat katon, cat ora. Sumuke lêmah kang nampêg rai, ambawurake pandêlêng, kang mênyang awak, marakake mriyang. Wong-wong kang mlaku ana ing panasan, padha mlayu-mlayu golèk pangeyuban, sikile kicat-kicat kaya ngidak mawa bathok. Ana bocah jênêng Sungkawa malaku ngambah ara-ara, sing lêmahe madhuk panas kaya gêni blubukan, sêntoyongan, kringête dleweran, raine abang mangar-mangar, labêt saka sayah lan panase, jangkahe diambak-ambakake, daya-daya êndang têkana ing papan anggarêmbêl, kang ana wite jambe, sing godhonge sinêrang ing angin, kumitir, kaya ngawe-awe, ambagèkake sing lagi mara saka kadohan. Satêkane ing ênggon, dhèwèke têrus anjujug ing pojok pagêr, papan pasareane ibune. Sêkarane watu itêm, wis lumutên, kinubêng ing pagêr puring, sing godhonge pating plênik kuning, manglung, kaya bocah padha anguk-anguk, lan dumunung ana sangisoring wit jambe sing godhonge pating srawe ijo royo-royo, ămba kaya payung. Si Sungkawa nyêdhak, lungguh angêdhêpês ana ing dagane, nganti suwe ora obah, ora nyêbawa, sarta mandêng watu kang angglugur, mripate kaca-kaca. Rasaning ati gêtun kamoran wêlas. Gagasane ngămbra-ămbra, kèlingan dhèk nalika dhèwèke isih cilik wayah dêmolan, esuk-esuk wayah saput lêmah, digandhèng, diajak mlaku-mlaku ana ing latar anggendhong adhine, sing mripate plola-plolo ngawasake lakuning rêmbulan, kang sorote rêmu-rêmu tumiba ing godhonging wit balimbing, pating krêtip kaya sêsotya kang sinawurake, salong clerat-clèrèt nyalawadi, gogrog runtuh ing lêmah. Ana sambungane.

Kabula Pranata.

--- 54 ---

Watak Bocah Bungahan

Yèn dititia têmênan, bocah iku sing akèh watak bungahan, lan bisa bae anggone arêp golèk bungah, kaya ta nêmu blèg kothong bae banjur dithuthuki, jarene tambur, unine dhêrèng dhèng-dhèng. Bocah liya-liyane barêng krungu banjur ngêbyuk, lan takon: apa kuwi. Wangsulane: tambur baris. Wah, ing kono banjur byuk-byukan, akèh sing padha milu, lakune nganti gêmrudug kaya baris têmênan, lan padha muni bêbarêngan mangkene: baris têrik tempe, ridhong dhêle gosong.

[Grafik]

Ana manèh bocah nêmu cuwilan daluwang banjur reka-reka dadi kondhèktur tram, karo muni: ayo karcis, ayo karcis. Mêsthine bocah liya-liyane banjur takon: karcis apa kuwi: ya. Wangsulane: karcis tram, ayo, kowe nunggang ora. Bocah akèh banjur padha kăndha: aku milu, aku milu. Wah, iya banjur byuk-byukan, iya apa bae sing cêdhak ing kono banjur ditunggangi, kanggo êtrame, yèn rupa lincak iya banjur pating jrêthot, malah sadhela bae sok bêjat. Wong ya bocah.

Ana manèh, dolanan reka-reka ngubur wong mati, ya digawe sênêng-sênêng, kaya ta nêmu cêcak mati, banjur dibuntêl suwekan mori, nalika budhal arêp mêndhêm, nganggo diiringake: la ila hailollah barang, nganti gêmrênggêng kaya angiringake layon têmênan. Mêsthi bae dolanan sing kaya ngono mau yèn konangan wong tuwane banjur disrêngêni: hus, hus, aja dolanan kaya ngono. Anggone srêngên mangkono mau, mung saka anjaga, bocah aja duwe tindak sing ora patut.

Mungguh wataking bocah dhêmên bungah-bungah, utawa dhêmên nêniru, iku ora mung bocah ing kene bae. Coba nontona gambar ing dhuwur iki, kuwi gambare bocah-bocah ing tanah Inggris, padha nunggang motor mabur bobrok. Wah, bungahe ora kira-kira, nganti rumasa kaya nunggang motor mabur têmênan, unine nganti pating calêbung, ana sing kăndha mêntas kalangan ana dhuwur kutha Paris, Amerikah, lan liya-liyane.

--- 55 ---

Trêsna Bapa

[Kinanthi]

wong-wong sing têka gumrudug | gamêlane nong ning nong gling | kêndhangane tansah ngaplak | lagon bango bango mati | Wêlas lan Jaka Kawasa | padha nonton anyêdhaki ||

padha mèpèt gone lungguh | Ki Jaka Kawasa nuli | nglèlèti lênga nyang wayang | kêbênêr wayang Pak Mêlik | ing sawise sawatara | nglètèr anjogèd Pak Mêlik ||

pacak gulu manthuk-manthuk | dhalange nganti ngunduri | dikira yèn dadi setan | dene ana wayang klithik | molah dhewe jêjogedan | malah gêbrès banjur wahing ||

ora suwe bisa clathu | iya iki Radèn Mêlik | santanane Damarwulan | sapa sing wani nyêdhaki | aku mêsthi wani nepang | ahak-ahak ihik-ihik ||

wong-wong gêr barêng angguyu | karo padha anudingi | we Mêlike kasurupan | banjur malerok Pak Mêlik | galodhag malêbu kothak | isih karo muni-muni ||

saka jaba cêtha krungu | unine kaya nyêmoni | lumrah kabèh bocah-bocah | nadyan wonge tuwa kuwi | dhêmêne mung nyang tontonan | yèn kon pêthêl mêngke kriyin ||

wong barêngan gêr angguyu | dhalange pêringas-pringis | sidhakêp karo akăndha | genea iki Si Mêlik | têka kêsurupan setan | aku dhewe nganti wêdi ||

Mêlik banjur anguk-anguk | tangane lan tudang-tuding | karo calathu nyêkakak | pak pak, kowe aja wêdi | aku iki mung sadrêma | uwong kuwi sing marahi ||

tangane Mêlik lan ngacung | Kawasa sing ditudingi | dhalange nuli anyêdhak | karo alon anakoni | punapa ta inggih nyata | aturipun thole Mêlik ||

Jaka Kawasa sumaur | pancèn inggih nyata kyai | dhalange nuli akăndha | manawi ngatên prayogi | sadaya pun gêsangêna | dados sami botên mèri ||

Ki Jaka Kawasa saguh | wayang kabèh dilèlèti | lênga Sangkalputung rata | nuli wayange kalithik | kabèh padha jêjogedan | padha kênès para putri ||

Menakjingga gêdrag-gêdrug | sikil sing bubulên jinjit | muni karo mangap-mangap | êndi ratu ayu iki | ayo aku ladènana | wêtêngku sêlak ngêlikik ||

wong nonton padha angguyu | wusana bubaran uwis | wayang dhewe mlêbu kothak | pating glodhag tumpang tindhih | dhalange nganti anyêntak | bok ya sing kaya priyayi ||

wayang sakothak sumaur | nun inggih sandika kyai | dhalang nyêntak: hus mênênga | dhalang nuli angulungi | pêdhang nyang Jaka Kawasa | kanggo sarana ngopahi ||

Ki Jaka mangsuli: nuwun | uwis bubaran saiki | Wêlas lan Jaka Kawasa | barêng esuk budhal nuli | munggah gunung mudhun jurang | mêruhi sawangan bêcik ||

nuli lèrèn ana gunung | abangêt sênênging ati | ing batin Wêlas rumasa | nêmu bungah ing saiki | rasane susah wis ilang | ya mung kala-kala eling ||

dhèk samana Wêlas wêruh | rêrupan bangêt mêdèni | angrêgêmêng kaya mega | suwe-suwe anyêdhaki | malah ngleyang banjur tiba | rupa manuk gêdhe putih || Ana sambungane.

--- 56 ---

Bocah kang Sênêng Gêthingan

(Aja nyêrikake atining liyan)

Sambungane Kajawèn nomêr 27

Tarmidi: Jajal ayo dipêcah, isine pira.

Wah padha bangêt bungahe dene dhuwite wis ana f 3.59.

Giran: Manawa didum, sing tămpa akèh sing kêrêp madani ya mas.

Tarmidi: Ora. Diracak bae, awit mangkene: yèn sing sathithik iku tăndha kang bêcik bêbudène, mula saiki tampane luwih katimbang nalika ambayar dhêndhan, iku minăngka ganjaran, lah sing kêrêp madani yaiku kang kêrêp didhêndha, mêsthine saiki tampane ya suda, minăngka paukuman anggone sênêng mêmisuh.

Kaija: Digawe apa dhuwit iki, dicèlèngi bae besuk taun ngarêp ditukokake mêrcon. Wah mendah sênênge.

Tarmidi: Aja dolanan mrêcon, bathine mung ambuwang dhuwit. Malah diwuwuhi bae. Bocah siji urun f 0.25 kêna dicicil ping pindho, kowe dhik Ran, bocahe etungên dhisik.

Giran: Ana bocah 13 mas, dadi dhuwite 13 x f 0.25 = f 3.25 diwuwuhi f 3.59 dadi ana dhuwit f 6.84.

Tarmidi: Dhuwit samono iku ditukokake piranti sêkolah. Dadi kaya toko. Yèn ana bocah kang arêp milu kudu ambayar f 0.25 + 1/13 x f 3.59 kira-kira f 0.525.

Bocah-bocah: Iya mupakat, mas.

Enggale carita, saiki kumpulan mau bisa gêdhe, nganti bocah sêkolah ora bakal kacuwan manawa têtuku ing kono, sabên taun bathine diêdum.

Saiki Tarmidi wis tamat pasinaone nuli sêkolah tani nyang nagara liya. Sanadyan Tarmidi wis mêtu nanging kopêrasi mau ora dibubarake, nanging malah gêdhe. Wong tuwane bocah-bocah padha ngalêm marang lêlabuhane Tarmidi.

Barêng bocah-bocah mau wis diwasa kabèh nuli padha nyambut gawe, kang tani dituntun karo Tarmidi. Lan ora lali uga ngêdêgake kopêrasi kaya kalane isih sêkolah, kacèke saiki dodol kabutuhane wong tuwa. Lan bocah-bocah mau saiki padha dadi wong sugih lan kapenak uripe.

Dongèngku wis tutug, mung adhi-adhiku utawa mitraku kabèh padha eling-elingên, aja padha moyoki liyan, sing sapa bisa têpa sarira iya diajèni liyan, lan rukun iku salawase tansah santosa.

Kakangmu bocah Pare, Sunarka.

--- [0] ---

 


lair. (kembali)
kaasta. (kembali)
nanêm. (kembali)
Pillipina. (kembali)