Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-16, #668

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-16, #668. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-16, #668. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 31, 9 Bêsar Je 1862, 16 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Lampung, Sumatra

[Grafik]

Gambar ingkang katingal pêthak ngandhap: pabrik tampar, ingkang nginggil ragi têbih pabrik pêthi gadhahanipun Tuwan Synja ing Cisaat. Ingkang dèrèng dangu punika dipun dhatêngi ing para murid pamulangan pangadilan luhur ing Batawi. Gambar punika dipun tingali saking gagana.

--- 482 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

VII.

Garèng : Kaya-kaya, Truk, anggonmu nêrangake bab tatakrama tumrape bale omah, wis cêmêngkling bangêt, nganti rasaning pikirku kayadene wong sing karipan ora mêlèk sawêngi, banjur diombèni wedang kopi tubruk, le, mak: pyar. Saiki padha dibanjurake, iya iku ngrêmbug bab tatakrama tumrape: manganggo. Bab kiyi rumasaku kowe karo aku kaya-kaya wis nêtêpi têmênan nyang tatakramane wong manganggo. Wong nèk aku nyawang nyang kowe, Truk, panganggomu: sêpatu kiyèt-kiyèt, clana Amerikan, jas bukak dhasi nglawèr, thik ikête blangkon parangrusak, wèh, saupama irungmu kuwi rada diongoti sêthithik mono, iya wis sausap bae karo: ndara lid polêksrad sing lagi ènèng kophi kamêr (pawedangan). Dene mungguhing aku, wong iya wis rumăngsa nèk rupaku kiyi ora pati ganêp, sanadyan rada kadunungan... luwês lan mêrak ati. Panganggoku sanadyana sêtelan thik bukakan nganggo dhasi kupu mencok, nanging iya mung nganggo pèci lurik bae. Mulane aku iya wis narima diarani kaya: bangsane têngku ing Acih utawa bangsane dhatuk ing tanah Padhang. Ewasamono rak iya wis kêna diarani: ngênggoni tatakramane wong manganggo, ta.

[Grafik]

Petruk : Wah, pancèn iya bênêr bangêt omonganamu kuwi, Kang Garèng. Mula iya nyata, kowe manganggo mêngkono iku iya pancèn sausap bae karo bangsane têngku utawa dhatuk, nanging iya... bature abdine. Kowe kanggonan luwês mêrak ati, kiyi [ki...]

--- 483 ---

[...yi] iya bênêr, nganti sabên uwong sing kok sawang, saka luwês lan mêrak atimu mau, rumasa padha dipleroki kabèh. Mung omongmu yèn rupamu ora ganêp, kiyi sing rada gèsèh, awit nèk andêlêng irungmu, pancèn iya sunthi kaya ondhe-ondhe, nèk andêlêng mripatmu, pancèn iya blalak-blalak sajengkol-jengkol, thik ngalahan manèh, ana apa-apa gêlêm nisih...

Garèng : Si... kak, ana kok banjur anggarap sakrêsanya mêngkono. Ora, Truk, apa salah aku, yèn tak omongake: kowe karo aku kiyi wis anêtêpi mungguh sing diarani: tatakramane wong manganggo.

Petruk : Mungguh panganggomu utawa panganggoku, kuwi pancène iya wis nêtêpi tatakramane wong manganggo, malah kêna diunèkake: rada kêladuk mêthènthèng, hla, saikine mung gumantung saka patrape sing nganggo, apa isih têtêp jênêng anglungguhi tatakramane utawa ora. Nèk banjur gêmbelang-gêmbèlèng, upamane: lumaku bae tangane dilêbokake sak kathok, thik nganggo singsat-singsot, hla, kuwi iya wis ngênggoni tatakramane Walănda... ning iya Walănda kampungan, alias Walănda sêmprul, têgêse Walănda, sing nalika sinyone mung olèh pangajaran: mangan rujak utawa nyolong pakèl.

Garèng : Wiyah, ambok aja sok dhêmên mêmoyok mêngkono. Luwih bêcik caritakna bae, panganggo sing wis jênêng nglungguhi tatakramane kuwi.

Petruk : Lo, kuwi sabênêre ora prêlu gagah-gagahan, ora prêlu brêgas-brêgasan, sanadyan barès kurès, anggêre rêsik tur pantês diênggo wis cukup. Poma dèn poma aja manganggo sing kira-kira bisa nuwuhake dosaning liyan.

Garèng : Wah, hla sêtakêng (mogok) pikiranaku, ana wong manganggo kok bisa agawe dosaning liyan. Kajaba ta, yèn banjur manganggo mainan arloji Bagong upamane, banjur disêlêr utawa disêbrot wong liya, hla, iki iya nyata nuwuhake dosa wong liya, sabab iya saka anggone nyêbrot mau.

Petruk : Lo, kiyi wis gênah, Kang Garèng, wong iya pancèn nyolong. Sing tak arani bisa nuwuhake dosaning liyan, kuwi sabênêre tindak sing sapele bangêt, upamane bae mêngkene: wayah jam 12 panase anjêplak, manganggo: jas irêng, rompi, kêmeja, thik ora lali jas hujane, lo, kiyi sauwonga bae sing kêtêmu, rak iya banjur mèsêm sarta ambatin mêngkene: Iki uwong apa lagi kêmaruk, apa lagi kadhêmên cikbèn bisa kringêtên, ingatase panase anjêplak mêngkene, anggone nganggo-anggo kathik diêsap-êsap nganti pirang-pirang mêngkono. Hara, apa kiyi jênêngane ora mung arêp gawe dosaning liyan bae, awit wong liya sing wêruh mau, banjur kapêksa angèsêmi lan anggêguyu, utawa manèh upamane: macake pancèn iya wis dhinês, dilalah brêngose sing sasisih lagi iktidal, anggêjêjêr madhêp mandhuwur, sasisihe manèh jêbul lagi rukuk, madhêp mangisor...

--- 484 ---

Garèng : Hara ta, ana brêngos têka mèlu digawa-gawa, iki rak kalêbu perangane badan, dadi ora kêna disèlèhake, kajaba, ta, nèk brêngosing Minakjingga, alias brêngos templekan.

Petruk : Bênêr, yèn brêngos kuwi ora kalêbu ing panganggo, nanging patrape nganggo brêngos kuwi rak iya kalêbu tatakramane wong manganggo. Dadi iya ora mung panganggo bae sing kudu ditata, kaanane badane iya kudu ditata, kaya ta: brêngose aja nganti mèncèng sisih, raine aja clerang-clerong, ilêr anjèthèt aja mung diêtogna bae, mangkono sapiturute. Cêkake aja nganti ana apa-apane, sing andadèkake wong liya sing kêtêmu padha anggêguyu, mêmoyok lan sapadhane. Mulane ing jaman biyèn ana nabi sing dadi panutane wong sajagad, kuwi nèk lagi tindak-tindak banjur kapêthukan uwong, sadurunge kapêthukan ngilo dhisik. Lo, kuwi ora sabab saka bêsuse, nanging arêp anjaga aja nganti anggone agêm-agêm mau dadi jalaran dosaning liyan. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane samene bae dhisik.

Bogor

[Grafik]

Sawangan ing Batu Tulis, Bogor.

--- 485 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Miturut pawartos ingkang sampun-sampun, sanadyan pawartos padhamèn tansah lumintu, nanging pinanggihipun tanpa wasana, awit mênggah caraning sade tinumbas, tansah êntol-êntolan rêgi, dèrèng sami cocog. Tiongkok gadhah panêdha makatên, Jêpan dèrèng nayogyani, pêpetanganipun taksih tuna, dangu-dangu malah Jêpan katingal saya mlangkring, cêkakipun pangajêng-ajêng bab rukun, taksih tangèh. Nanging pawartos ingkang kados makatên punika, ugi wontên ingkang gadhah pamanggih dèrèng kenging dipun ugêmi, awit kathah pawartos ingkang pinanggihipun botên nyata, têgêsipun pawartos nisih, ingkang anggadhahi raos ngrencangi.

[Grafik]

Nyantosani dununging wadyabala Jêpan ing Syanghai.

Wontên bab ingkang tansah dados rêraosan, inggih punika tumrap golongan Tiongkok anggènipun tansah agrêjêgan sami băngsa wontên ing salêbêtipun măngsa punika. Kados ta kawontênaning wadyanipun Syang Kai Sèk, golongan 47 tuwin 48, sami pasulayan rêmbag ing bab pambagening arta ingkang dipun kalêmpakakên dening băngsa Tionghwa. Saya dangu malah saya katingal anggèning grêjêgan, ngantos badhe dados pasulayan. Nanging sandyan wontên pasulayan rêmbag kados makatên, tumraping golongan sanès inggih têtêp anggèning nyantosani barisan. Kados ta Marsêkalêk [Marsê...]

--- 486 ---

[...kalêk] Syang Suh Lyang, ingkang mandhegani wadya manasuka ing sajawining tembok kitha, anêdha kintunan dêdamêl tuwin obat mimis, malah lajêng rêrêmbagan kalihan bang Amerika supados nyambuti arta kangge waragad pêrang. Bab punika kenging kangge titik, bilih ing ngriku tansah ngawontênakên pambudidaya lajênging tindak pêrangan.

[Grafik]

Margi agêng ing pakampuangan Tionghwa ing Syanghai, karembak kangge papan paprangan.

Manawi dipun manah makatên, papan paprangan ing Tiongkok punika wontên pintên-pintên panggenan, kados ta ing Mansuriah tuwin Syanghai, ingkang kalih pisan wau mêngku laladan kêbak papan paprangan, mila dhatênging pawartos inggih byuk-byukan. Mênggah kawontênanipun kenging dipun wastani tanpa mêndha, pasulayanipun wadya Jêpan tuwin Tiongkok wontên ing watês Mansuriah kalihan Koreah ngawontênakên pêpêjah kathah, nanging ingkang kawartosakên kathah tumrap ing golongan Tionghwa, tumrapipun Jêpan botên sapintêna. Tamtunipun pawartos ingkang kados makatên punika lajêng nuwuhakên pangintên botên nyatanipun, punapa dupèh Jêpan pêng-pêngan prajurit tuwin dêdamêlipun, lajêng namung sakêdhik ingkang tiwas. Nanging manawi mirid dhatêng agênging wadya Jêpan bêbantu enggal, ingkang ngantos 30.000, sagêd ugi wontêning bêbantu enggal wau, gêgayutan kalihan sudaning wadya ing papan paprangan. Dene tumrapipun ing Syanghai, ngantos sapriki, ing bab badhe unduring wadya Jêpan, namung mandhêg pawartos kemawon, lan malih Jêpan tansah angêncêngi, botên nêdya ngewahi watêsing paprangan, purunipun angunduri manawi sampun têtela tanpa kasamaran. Tamtunipun Tiongkok ugi botên tilar kaprayitnan, inggih tansah ngugêmi, botên narimahakên manawi Jêpan gadhah tindak kados makatên.

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Sapèi wontên paprentahan mardika ingkang kakintên saking pandamêlipun Jêpan, malah ing sapunika pangagênging praja kêncêng anggènipun gadhah pandakwa makatên, mila lajêng dhawuh nyêpêngi dhatêng băngsa Tionghwa ingkang sami dados awak-awaking paprentahan wau, nanging pangagêng Jêpan sangêt anggènipun andorakakên.

Malah ing sapunika Tiongkok saya nyantosani wadya, awit galibêtipun Jêpan badhe nêmpuh Nanking. Samantên pinanggihing kaprayitnan ing paprangan.

--- 487 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30.

Sêsrawugan kalihan tiyang Papuah.

Bibit kawitipun sêsrawungan kalihan tiyang Papuah punika makatên: tiyang Papuah sawatawis sami dhatêng ing barak ambêkta barang warni-warni, kados ta: pêksi jaka tuwa, nori, bayan ijêm, bayan abrit, wulu pêksi dewata, pêksi kasuwari saha wulu pawêdaling wana ngriku, tuwin têtanêman ingkang dipun tanêm. Bêbêktanipun punika lajêng dipun brukakên sadaya dhatêng têtiyang bucalan. Têtiyang bucalan sami anyukani barang warni-warni, kados ta: pangilon, rèk, sês, sata, lading, rasukan saha kathok. Ing wêkdal punika dèrèng mangrêtos caranipun tiyang anglintokakên. Dados ngawis lêlintunipun punika dèrèng mangrêtos.

Ing sarèhning pambagenipun barang-barang lintonan punika èwêd sangêt, amila sok sintêna ingkang cêlak kalihan dhatênging Kaya-kaya (têtiyang Dhigul manawi mastani tiyang Papuah) inggih sagêd mêndhêt ingkang dipun rêmêni. Sampun tamtu ingkang dhatêng kantun inggih botên angsal bagean punapa-punapa.

Dene tiyang ingkang dhatêngipun kantun, ingkang botên angsal punapa-punapa, ing samăngsa-măngsa wontên Kaya-kaya dhatêng, badhe ngrumiyini anglintoni. Lan ingkang gadhah sêdya makatên punika kathah.

Anuju satunggiling dintên wontên Kaya-kaya dhatêng malih malah ragi kathah manawi katimbang kalihan ingkang dhatêng sapisanan. Ing ngriku punika lajêng sami rêbatan awis-awisan, upaminipun tiyang ingkang kapengin pêksi kasuwari lajêng ngacungakên rèk kalihan sês. Dèrèng ngantos kalintonan sanèsipun sampun ngacungi lading kalihan pangilon. Tindak ingkang kados makatên punika andadosakên ribêding manahipun tiyang Kaya-kaya. Ing wêkdal punika pancèn inggih bingung saèstu, ananging dangu-dangu lajêng mangrêtos caranipun lêlintonan. Inggih punika ing samangke manawi tiyang Kaya-kaya ambêkta punapa-punapa, barang lêlintonan sampun kawastanan pisan, inggih punika: pêksi nori nêdha kalintonan parang (bêndho) utawi kampak, pêksi sanès-sanèsipun ugi nêdha kalintonan makatên, pondhoh nibung nêdha kalintonan rèk utawi sês, sapanunggilanipun.

Ing wêkdal punika sêsrawunganipun têtiyang bucalan kalihan têtiyang Kaya-kaya têntrêm botên wontên rubedanipun.

Ing sarèhning manusa punika tinitah ewah gingsir saha kawontênanipun botên sagêd langgêng, amila inggih botên anèh manawi golonganing têtiyang bucalan wontên ingkang ngapusi utawi nganiaya dhatêng tiyang Kaya-kaya. Ewahing sêsrawunganipun têtiyang bucalan kalihan têtiyang Kaya-kaya kados ing ngandhap punika.

1. Satunggiling tiyang bucalan kapanggih kalihan tiyang Kaya-kaya ambêkta pêksi jaka tuwa. Tiyang bucalan [bu...]

--- 488 ---

[...calan] wau nêdha pêksinipun tiyang Kaya-kaya badhe kalintonan kampak. Sarêng pêksi sampun kacêpêng, tiyang bucalan wau lajêng ambêngok: huruhara (huruhara punika têgêsipun saradhadhu, sanèsipun huruhara kangge ngajrih-ajrihi têtiyang Kaya-kaya, inggih punika tuwan, têgêsipun sami kemawon kalihan huruhara). Ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya pancèn ajrih saèstu kalihan saradhadhu, amila botên angèngêti dhatêng pêksinipun lajêng lumajêng mlêbêt ing wana andhêlik. Wontên ing pandhêlikan ngriku kalihan milang-miling saha anyatakakên punapa saèstu wontên saradhadhu. Sarêng têtela botên wontên lajêng mêdal saking wana murugi dhatêng panggenan ing nalikaning pêksinipun badhe kalintonan dening tiyang bucalan wau. Ananging sarêng dumugi panggenan wau, tiyangipun bucalan sampun botên wontên. Inggih kados makatên punika sagêdipun têtiyang Kaya-kaya gêntos sami ngapusi dhatêng têtiyang bucalan.

[Grafik]

Têtiyang Kaya-kaya nuju kêkêmpalan.

Têtiyang Kaya-kaya ingkang kapusan punika lajêng nyariyosakên lêlampahanipun dhatêng bangsanipun. Mênggah caranipun ngapusi makatên: Kaya-kaya punika purun madosakên kajêng, ananging nyambut kampak, kampak sarêng sampun kasukakakên lajêng kesah botên wangsul-wangsul. Purun ing têmbe ambêktakakên pêksi ingkang dipun kajêngakên, ananging nêdha lintunipun rumiyin.

2. Wontên Kaya-kaya dhatêng ing kampung nêdya badhe nglintokakên pêksinipun dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan, sadhatêngipun ing ngriku dipun pêksa kemawon kalihan tiyang bucalan ingkang dipun dhatêngi badhe kalintonan lading kalihan sata Jawi. Ing sarèhning ingkang dipun kajêngakên dening Kaya-kaya punika kampak, dados inggih kêkah botên angsal. Sanadyana kêkah botên angsal mêksa [mê...]

--- 489 ---

[...ksa] kaulungakên, awit sarana dipun pisakit. Kaya-kaya punika lajêng dhatêng wana cariyos kalihan mitra-mitranipun. Kănca-kancanipun lajêng sami samêkta sadêdamêlipun anêdya malês ukum. Pamalêsipun ukum botên murugi dhatêng panggenan ing suwaunipun, ananging angadhang wontên ing margi antawisipun kampung: E kalihan kampung F. Kasumêrêpanipun manawi nyêgat wontên ing margi punika, awit wontên salah satunggiling tiyang bucalan langkung ing ngriku lajêng dipun athungi jêmparing, ananging dipun pênggak dening Kaya-kaya ingkang dipun pisakit. Awit punika sanès tiyang ingkang misakit piyambakipun. Ancaman badhe malês sakit dhatêng tiyang bucalan punika botên kadadosan, awit pulisi panjagi katêntrêman lajêng angaturi priksa dhatêng pangagênging paprentahan ing Tanah Merah (Dhigul), botên antawis dangu lajêng wontên saradhadhu dhatêng angurak Kaya-kaya ingkang sêdya malês ukum.

Kadadosan ingkang kasêbut ing nginggil punika, manawi kamanah sacleretan tamtu awon sangêt tindakipun têtiyang bucalan ingkang sami anindakakên punika. Saenipun têtiyang Kaya-kaya punika lajêng wêwah sêsêrêpanipun, awit ing saupami kapituturana kadosdene guru mulang dhatêng muridipun tamtu botên sagêd tumănja. Badhe kasambêtan.

Kawruh Sawatawis

Bab Bêksan Nayuban Tumrap para Luhur

Bêksan nayuban punika lugunipun mila pancèn kalêbêt tatacara sae tumrap tiyang pribumi, wiwit kina-makina mila wontênipun, binasakakên paèsing kawiryan Jawi. Bêksan nayuban botên ngêmungakên tumrap ing golongan ngandhap tuwin golongan têngahan kemawon, dalah para priyantun agêng punapadene băngsa luhur pisan, kala rumiyin maratah inggih kaparêng nyarirani lêlangên bêksan nayuban utawi bêksa wirèng, mantunipun bêksan nayub kagêm para luhur, sakawitipun sarêng sampun tumindak jaman kamajêngan dumugi samangke punika, para priyantun agêng kantun wontên satunggal kalih ingkang lêlangên bêksa nayuban, tur namung kadhingkala sangêt wontênipun. Dene wontên nayuban ingkang dipun wastani awon, punika nuju-nuju tamunipun ngriku wontên ingkang kêlacutên anggèning ngêsok kabihan,[1] katambahan kêladuk panginumipun arak utawi sajêng.

Ing jaman sèkêtan taun minggah, tamu-tamu bêksan nayub ing pajagongan gadhah damêl, punika racak-racak limrahipun ingkang sampun ngumur 40 taun minggah, para neneman sadèrèngipun ngumur kawan dasanan taun, taksih awis ingkang purun malêbêt kalangan tumut nayuban, mila pinanggihing tatanan inggih ajêg sae, nêtêpi jarwadhosokipun: tayub = tata nanging guyub, awis sangêt [sa...]

--- 490 ---

[...ngêt] bibrah tatanipun ingkang jalaran saking sumuking alkohol utawi nalar sanès-sanèsipun, mantuk kalihan ingkang dipun sêdyakakên, sambèn lêlangên utawi among sênêng sakaparêngipun.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan, tumindaking bêksan nayuban lajêng prasasat kinosokwangsul balêjêd, tamu ingkang sampun langkah 40 taun sêpuhipun, sampun botên purun bêksa nayuban, rumaos bilih sampun lungse dhatêng kabingahan ingatasipun bêksan, kuwatos dipun ewani ingkang botên rêmên winastan botên nyêbut, nanging bêksan nayuban lajêng santun para neneman, kêlimrah sami rêmên ngêtog kaberagan, sabên sampun wanci ngajêngakên têngah dalu, tatanipun wiwit bibrah, ical sipating nayub kantun ubyung-ubyungan, panginumipun arak sangsaya tansah sêntoran, trêkadhang lajêng dados wuru gampil pados dhadhakaning pasulayan, botên liya inggih amung jalaran kêkathahên sêngak-sêngakan punika wau. Nayuban kaum kina tamu-tamu sami bikak rasukan, nanging sarêng jaman kamajêngan botên, gandhèng kalihan bab panjagi kasarasan, botên prayogi ing wanci dalu lukar rasukan angliga sarira, mila bêksan nayuban inggih lêstantun taksih mawi rasukan sadaya, kaprigêlanipun bêksa sampun botên katingal wijang pundi ingkang wasis, pundi ingkang botên sami kemawon.

[Grafik]

Sinau bêksa Priyangan.

Lajêng wiwit sapunika kathah pakêmpalan: marsudi bêksa ingkang dipun adani para kaum mudha, ugi tumrap bêksa nayuban, kajawi sinau pathokan bêksa, miwah dipun wontêni tatanan botên kenging gêpok senggol kalihan ringgitipun, murih botên ngicalakên kasusilan utawi

--- 491 ---

kusud dhatêng sêsawangan, makatên sapiturutipun, lah punika bêksan nayuban lajêng sampun kathah ingkang katingal sae, wangsul kados kala nayuban ing jaman kina.

Mangsuli bab bêksan nayuban para luhur. Jaman kawan dasanan taun mrika, kêlampah sangêt para luhur sami kaparêng lêlangên bêksa nayub. Tumrap ing Surakarta, pungkasan rikala suwargi Kangjêng Gusti Prabu Wijaya kagungan damêl mantu, kajawi pasamuan sanèsipun, ugi mawi pasamuan bêksa nayuban ingkang para luhur mligi, para pangeran ing karaton saha Mangkunagaran, ingkang murwani bêksa Kangjêng Gusti Prabu Wijaya, ingkang larih kalih, tabe-tabe Ingkang Sinuhun kaping X punika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, saha suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara V, salajêngipun gêntos-gêntos bêksa para pangeran sêpuh anèm. Tatanan bêksa nayub kagêm para luhur punika makatên: sanadyan palênggahanipun kursèn, nanging ing têngah papan ingkang kagêm bêksan, dipun gêlari babut pramadani blêg, makatên malih samăngsa bêksanipun wau nuju dhawah gong, wêkdal kèndêl badhe nyêlani ngunjuk, lênggahipun ingkang bêksa saha ingkang larih: lèsèhan ing babud têngah lêrês, dene tamu sadaya ugi mandhap saking kursi, kajawi ingkang luhur piyambak punika botên tumut mandhap, nuntên lumados pangunjukan warni-warni sumaos ingkang bêksa saha larih, ingkang angladosakên pangunjukan wau para bandara sinêling abdi dalêm panèwu utawi mantri. Sasampuning ngunjuk sakaparêngipun nuntên anglajêngakên bêksanipun utawi santun gêndhing, makatên ugi sadaya tamu, lênggahipun wangsul ing kursi malih, salajêngipun wongsal-wangsul makatên. Ringgitipun wontên 4-5-6 sêsarêngan, nanging manggènipun ragi nêbih saking papan kangge bêksa, namung sabên dhawah gong, ringgit nyêlak ngarsanipun ingkang bêksa, andhodhok sarwi ngaras (nyêmbah) makatên wongsal-wangsul ngantos dumugi suwuking bêksa. Wondene ingkang kêplok, surak, punapadene anggerongi, dipun wontêni piyambak manggèn nunggil găngsa.

Sapêngkêripun nayuban ingkang kacariyos nginggil wau, lajêng sapriki sampun langkung kawan dasa taun laminipun, ing Surakarta (Kasunanan ugi ing Mangkunagaran) sampun botên nate wontên pasamuan bêksan nayuban ingkang mligi kagêm para luhur, namung tumrap priyantun agêng ingkang taksih asring wontên, nanging awis-awis sangêt saha namung satunggal kalih ingkang kaparêng, dene ingkang taksih lêstantun anggêbyah kathah, ngêmungakên ing golongan priyantun, para bandara mangandhap dumugi kawula alit ing pakampungan tuwin padhusunan. Wêwahing katêrangan kasêbut nginggil wau kula mastani bilih lêlangên bêksan nayuban punika lugunipun mila pancèn sae, dene kadhingkala wontên ingkang botên sae, punika saking tatananipun ingkang murugakên awon. Makatên malih, pasamuan lêlangên nayuban punika bilih tumrap gadhah damêl, mapanipun yêktos namung yèn kangge gadhah damêl mantu ingkang pangantèn têrasan (jaka rara) bilih tumrap kaprêluan sanèsipun mantu, ing pangraos kirang srêg, dhatêng sêsawangan raosipun inggih cêmplang, kajawi kagêm para luhur, punika katingalipun namung sarwa pèni sarwa ngrêsêpakên thok. Wasana namung măngsaborong.

P.K. 585.

--- 492 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pamanggihipun Tuwan Dr. Th. Metz.

Bangsa Jerman ingkang namanipun kacêtha inginggil, punika sampun nate mulang wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi tuwin ing pamulangan luhur patukangan ing Bandung. Jalaran saking punika tuwan wau botên lajêng ngêmungakên anyumêrêpi kawontênanipun pamulangan luhur ing tanah Indonesia ngriki, nanging malah anyumêrêpi kawontênanipun pamulangan umumipun. Ing wusana tuwan wau lajêng anglahirakên pamanggihipun ing bab wontênipun bangsa Indonesia ing sêkolahan wontên ing salah satunggaling ariwarti Jerman, inggih punika ing ariwarti "Frankfurter Zeitung".

Ing sakawit tuwan Dr. Metz ngandharakên babadipun pamulangan ing tanah ngriki, ingkang miturut cariyosipun sawêg dipun wiwiti ing kala taun 1900. Ewasamantên ing salêbêtipun 25 taun kemawon kamajênganipun sampun ngedap-edap sangêt; ingatasipun kala taun 1905 kathahing para murid ing saindênging tanah ngriku namung wontên 120.000, ing salêbêtipun 25 taun wau, sampun wêwah-wêwah ngantos cacahipun kirang langkung wontên 1.800.000.- Ing salajêngipun tuwan doktêr wau angandharakên mênggahing kawêkêlanipun para murid bangsa Indonesia, makatên ugi mênggahing kasagêdan punapadene saening kalakuanipun, punika botên langka kemawon ingkang angungkuli dhatêng kanca-kancanipun murid anak putunipun bangsa Walandi. Nanging... lo, kok wontên nangingipun, pangalêmbananipun Tuwan Dr. Metz wau, wontên isinipun ingkang ngumbulakên lan ingkang angêntêbakên. Awit ingriku kacariyosakên, bilih kalantipan lan kasagêdanipun para murid bangsa Indonesia punika kenging kasamèkakên pêksi beo upaminipun. Têgêsipun: sadaya kalantipan utawi kasagêdanipun wau namung awujud apal-apalan kemawon, dados botên lumêbêt dhatêng manah sayêktos. Amila lajêng ngawontênakên pêrcoba'an ngêdêgakên pamulangan-pamulangan ingkang nyara wetanan sayêktos, ingkang angsal-angsalanipun miturut cariyosipun Dr. Metz wau mila andêmênakakên sangêt.

Tumrap bangsa kula Jawi mugi-mugi sampun pisan rêngu ing panggalih, dene lajêng dipun samèkakên kalihan pêksi beo, dupèh kanthi lahir batos ngudi dhatêng kamajêngan kilenan. Kosokwangsulipun: mugi katampia kadosdene satunggiling piwulang, bilih: "East is East, West is West, and never the twain sall meet", têgêsipun: wetan punika inggih wetan kemawon, kilèn inggih kilèn kemawon lan kalih-kalihipun botên badhe sagêd sêsarêngan. Dados tiyang punika manawi sampun sapisan kacithak dados satunggiling tiyang wetanan, sanadyan ngudia dhatêng kilenan ingkang ngantos muluk lan mêncit sangêt, nanging inggih mêksa botên badhe sagêd nilar babar pisan dhatêng kawetananipun. Amila mênggahing kula têtiyang Jawi sami ngudi dhatêng "Blandain" punika ambok inggih ngêmungna ngudi dhatêng mênapa-mênapanipun ingkang mathuk kalihan kawetananipun kemawon, nanging sampun pisan-pisan lajêng badhe nilar babar pisan dhatêng gadhahanipun piyambak ingkang pancèn utami. Punapa botên lingsêm, bilih ing mangke lajêng dados wêwadananipun para waranggana manawi sêsênggakan "ulêr kambang", ingkang makatên punika: Cina dudu, Landa dudu, yaiku... yangko-yangko.

Mangga samangke sami anglajêngakên pamanggihipun Tuwan Dr. Metz kasbut nginggil. Pamanggihipun ing bab kamajênganing pamulangan-pamulangan tumrap bangsa Indonesia ingkang mawi dhêdhasar wetanan, kados ingriki botên prêlu kacariyosakên. Awit para maos têmtunipun sampun sami anêksèni piyambak mênggahing kasaenanipun. Nyatanipun pancèn inggih anêngsêmakên sayêktos. Manawi nitik tandang tandukipun para murid ingkang angsal pangajaran ing pamulangan, ingkang adhêdhasar wetanan wau, pancèn inggih cêtha sami ngatingalakên, bilih bangsa wetanan sayêktos, nanging manawi prêlu, inggih sagêd migunakakên: cas, cisipun.

Dene ingkang prêlu badhe kula cariyosakên wontên ingriki ing bab pamanggihipun Tuwan Dr. Metz mênggah kawontênanipun pakaryan Bale Pustaka, kirang langkung kados ingandhap punika: Mênggah ingkang anggadhahi pamêdal sae, inggih punika pakaryan ingkang dipun tindakakên dening têtiyang siti asêsarêngan kalihan bangsa Europa, kados ta upaminipun ing pakaryan Bale Pustaka.

Pakaryan punika ing sakawit dipun tata dening gupêrmèn, lan ing sapunika pakaryan wau kalêbêt pakaryan makatên ingkang agêng piyambak ing saindêngipun tanah Asia sisih wetan. Dumuginipun sapunika Bale Pustaka sampun sagêd maragadi piyambak.

Pakaryan Bale Pustaka punika satunggiling pakaryan ingkang sadaya dipun tindakakên dening têtiyang siti, wiwit ngêcap, anggambar, ngarang ngantos dumugi panyadenipun, kanthi pitulungan saking taman pustaka ing pundi-pundi tuwin sanès-sanèsipun. Wohipun ngantos katingal dumugi ing dhusun-ngadhusun.

Nanging pamêdal ingkang kapratelakakên wau sadaya botên badhe kacêpêng, manawi botên kanthi Walandi kêkalih ingkang mangagêngi pakaryan wau, awit tumrap mangagêngi pakaryan ingkang kados makatên

--- 493 ---

punika, prêlu kanthi kasagêdan tuwin kawêkêlan ingkang awis sangat[2] pinanggih ing têtiyang siti."

Makatên pamanggihipun Tuwan Dr. Metz mênggahing kawontênanipun pakaryan Bale Pustaka. Tumrap tiyang ingkang taksih nyupêt budinipun, manawi maos andharanipun tuwan doktêr wau, mêsthi bingah nanging inggih kanthi ngontog-ontoging manah. Awit lajêng rumaos ing sakawit dipun umbulakên, nanging wusananipun lajêng dipun êntêbakên sasayahipun. Langkung malih tumrap para kurawa Bale Pustaka piyambak, wiwitipun mêsthi lajêng mèsêm-mèsêm tuwin nyringis-nyringis dene rumaos angsal pangalêmbana, nanging ing pungkasanipun inggih lajêng kêmba, jalaran dipun wastani, bilih botên badhe samantên kamajênganipun Bale Pustaka, manawi botên wontên Walandi kalih ingkang mangagêngi ing kantor ngriku. Awit tumpraping têtiyang siti taksih langka sangêt ingkang anggadhahi kasagêdan tuwin kawêkêlan ingkang samantên jêmbaripun.

Nanging mênggahing kula ungêl-ungêlan ingkang makatên punika, kula anggêp jamak limrah. Pancèn inggih sampun makatên kawontênanipun wontên ing donya punika. Ingkang kêtêkuk ringkêl, ingkang nyambutdamêl sêtêngah klêngêr, punika salaminipun inggih para tiyang ngandhap, nanging ingkang angsal nama arum tuwin angsal pangalêmbana limrahipun inggih ingkang dados pangagêng.

Tumrap pakaryan Bale Pustaka pancènipun sampun nama lumayan sangêt, dene para bêgêjilipun sami angsal pangalêmbana. Awit limrahipun, ingkang nindakakên pandamêlanipun tuwin ingkang adus kringêt, punika botên katingal babar pisan, nanging ngêmungakên ingkang dados pangajêng ingkang lajêng angsal nama arum, ngantos botên langka kemawon lajêng ginanjar bintang barang. Kosokwangsulipun: manawi angsal-angsalanipun satunggiling pakaryan botên mikantuki, sintên ingkang angsal nama ibaratipun ngantos rêsik pêcêrèn? Botên liya inggih ingkang dados pangajêng.

Dados wontên ingalam-donya punika sampun nama limrah, bilih tumrap satunggiling pakaryan utawi satunggiling ada-ada, umumipun ingkang angsal pangalêmbana utawi panyeda, inggih namung ingkang dados pangajêngipun.

Kados ta: satunggiling wêdana utawi assistent-wêdana, ingkang kêdah ngupados katêrangan ing bab durjana koyok, punika mbokmanawi ingkang blusukan, ingkang this-thisan, cêkakipun ingkang satêngah pêjah ngupados urusan, namung mas upas tuwin mas lurah saprabotipun kemawon, dene ndara wêdana utawi ndara assistenipun kadhangkala anggènipun ngupados katêrangan namung sinambi pèi. Ewasamantên manawi ing têmbe pun durjana koyok wau sagêd kacêpêng, ingkang dipun êpuk-êpuk lan dipun êlus-êlus dening para pangagêng ingkang langkung inggil malih, inggih pun ndara wêdana utawi ndara assistent wau. Kosokwangsulipun: manawi botên angsal urusan babar pisan, sanadyan salêrêsipun kala ngupados katêrangan wau tanpa angsal pitulungan saking para bawahipun, botên wande ingkang nampi ganjaran "ongeschikt" inggih pun ndara wêdana utawi assistent wau.

Makatên ugi tumraping prajurit, punika ingkang katingal tumindak rêkaos saèstu inggih pa' sura, pa' kopral tuwin mas sarean, dene tuwan litnan, tuwan kaptin, punapa malih tuwan jendral, katingalipun inggih namung ngadhêp meja ningali gambar, kalihan ngabani: "hup sakodhur" lan sasaminipun kemawon, ewasamantên manawi tumindakipun para prajurit wau angsal damêl, ingkang pikantuk nami inggih ingkang dados pangagêng. Kosokwangsulipun: manawi para prajurit wau kenging katumpês ing mêngsah upaminipun, ingkang angsal panyeda inggih ingkang dados pangagêngipun.

Badhe kêkathahên saupami kula mêndhêt tuladan sanès-sanèsipun malih. Cêkak aos, kados sampun mila kêlimrah sangêt, bilih satunggiling pakaryan utawi satunggiling ada-ada punika sae utawi awoning angsal-angsalanipun ingkang mêsthi pikantuk pangalêmbana utawi panyeda inggih ingkang dados pangajêngipun. Awit kêdah angèngêtana, bilih widada tuwin pêjahing pakaryan punika limrahipun inggih gumantung dhatêng ingkang dados pangajêngipun.

Ngêmungakên ing bab satunggal ingkang kula botên rêmên sangêt, dhatêng tindaking pangagêng utawi pangajênging pakaryan, inggih punika pangagêng ingkang sok purun ngakahi sadaya padamêlaning para bawahipun utawi para têtêpanganipun, prêlunipun botên sanès namung kêpengin dipun wastanana tiyang pintêr lan gêmblengan. Upaminipun kemawon makatên:

Satunggiling kapala juru pangripta ariwarti kêpengin sangêt tumuntên enggala kaloka namanipun dados jurnalis. Salajêngipun nuntên minta sraya dhatêng tiyang sanès supados andamêlakên wawasan utawi karangan-karangan ingkang wigatos, ingkang wusananipun lajêng kapacak ing ariwartinipun kanthi dipun tandatangani kêpala juru pangripta wau. Utawi malih kengkenan têtêpanganipun bangsa ahli kapurih nganggitakên buku, upaminipun kemawon ing bab kajurnalistikan, saha sarêng dipun cithak, namanipun ingkang baku nganggit buku wau, botên wontên, ingkang katingal mêntèrèng wontên ingriku namung namanipun kêpala juru pangripta ariwarti kasbut nginggil. La, inggih cara ingkang makatên punika ingkang kenging dipun wastani: "Pronken met andermans veeren", alias: "Pêtentengan nganggo sandhangane wong liya". Wontên ing mripat kula, awoning watêkipun tiyang ingkang makatên punika, kados sami kemawon kalihan satunggiling juru pangripta, ingkang badhe ngêdalakên kalawarti piyambak upaminipun, nanging sadèrèng-dèrèngipun ngungkat-ungkat lan nguthik-uthik rumiyin dhatêng kalawarti-kalawarti ingkang sampun wontên. Tiyang ingkang makatên punika nama: drêngki wijaya sarta dede sobatipun pun PÊNTHUL.

--- 494 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Toko "Pakaryan". Ing Ngayogya wontên bikakan toko tiyang siti ingkang dipun tuntun dening Ir. Surachman, nama "Pakaryan".

Sanadyan ing pawartos punika botên kapratelakakên panjang, inggih sampun katingal bilih sadaya sarwa tiyang siti. Mugi widadaa.

[Grafik]

Kapal pêrang Jêpan. Ing Tanjungpriok mêntas kadhatêngan kapal pêrang Jêpan kêkalih, kapal Iwate, 2 kapal Asama. Inginggil punika gambaripun kapal Iwate, gambar bundêr inginggil ingkang kiwa Kapitein Shunicha Okada, ingkang têngên Vice Admiral Nobiyiro Imamura.

Ajrih ing pawartos. Ing pêkên Bandungan, Watês, nuju pêkênan botên wontên bakul ingkang sami botên dhatêng, jalaran ajrih wontên pawartos, bilih ing margi wontên begal ngantos 1000, malah badhe nêmpuh pêkên. Mênggah lêrêsing wartos, ing Kulonprogo mêntas wontên tiyang cacah atusan kaangkatakên dhatêng Lampung. Sumêbaring wartos lajêng kados makatên.

Punika cocog kados ujaring bêbasan undhaking wartos sudaning titipan. Dene jalaranipun botên sanès namung kirang têntrêming nagari. Mila namung ingkang wajib, ingkang kêdah nguningani bab punika.

Congres tênun. Benjing wulan Augustus saking ada-adanipun Tuwan Purwowiyoto ing Ponorogo badhe ngawontênakên congres tênun. Ngrêmbag bab andamêl jantra sapandamêling lawenipun, angarang damêl mêsin tênun dalah barangipun tênunan, adamêl cèt lawe tuwin mitongtonakên mêsin ngantih tuwin tênun damêlan murid-murid tênun ing Ponorogo.

Miturut ancêr-ancêring rancangan wau, kagunan tênun ing Ponorogo ingkang dipun pangajêngi dening Tuwan Purwowiyoto, katingal majêng, malah katingal manah dhatêng lêbêt-lêbêting kagunan wau.

Sade anak. Ing bawah Adiwêrna, Têgal, wontên tiyang èstri nyade anakipun namung f 1.50. Dene anggènipun gadhah tindak makatên wau jalaran saking sangêting kêmlaratan. Malah ingkang jalêr cariyos, rumaos manawi sampun botên sagêd nyukani kaskaya dhatêng ingkang èstri tuwin botên sagêd ngopèni anakipun. Mila sampun rila saupami anakipun kasade, kajawi punika taksih nyukani sêrat pêgat.

Adhuh, sêmantên pêpêtêng ingkang tumêmpuh wontên ing jaman malèsèt, pinanggihing pamanahipun tiyang ingkang nuju sumpêg, ngantos kados makatên.

Administratie kabupatèn ing Bêtawi kapriksa Accountant. Awit saking rêmbaging raad, sawarnining administratie pakaryan tuwin panggaotan Kabupatèn Bêtawi, supados kapriksa dening Accountant, ingkang dipun pilih Accountatskantoor H.J. Vooren. Waragadipun sakawit f 2200.- salajêngipun f 1200.- ing sabên taun.

Punika satunggiling indhakan wragad, nanging nama satunggiling cêkok, badhe tinêbihan ing sêsakit.

Prakawis urut-urutan. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas mriksa prakawis tiyang nglêbêtakên batu api pêtêng, ingkang dipun cêpêng dening punggawa rabeyan. Dakwa kadhêndha f 100.-. Nanging lajêng wontên prakawis ingkang tuwuh malih, batu api ingkang dados butamal wau, malih dados sela yêktos. Mila lajêng nindakakên papriksan ingkang kaping kalih.

Samantên urut-urutaning prakawis ingkang tuwuh wontên ing jaman malèsèt.

Angguran ing tanah ngriki. Dumugi wêkasanipun wulan Februari kapêngkêr, wontênipun tiyang angguran ing tanah ngriki 9.200, pêpetanganipun : bangsa Eropah 2.129, tiyang siti 6.579 tuwin bangsa Tionghoa 492.

Pêpetangan samantên punika têgêsipun pêpetangan ingkang padhang, inggih punika tiyang angguran ingkang namanipun sampun kacathêt, dene ingkang dèrèng petanganipun tansah lumintu. Mugi samia angsal pitulungan.

Malik pakaryan. Tuwan St. Tirtosupono, tilas directeur, mustika" kalampahan sampun ambikak kantor pangêcapan piyambak nama "Bale Karti" tuwin inggih badhe ngêdalakên sêrat kabar piyambak.

Tindakipun tuwan punika kenging dipun wastani majêng, botên ical anggènipun sampun nate dados pangarsaning kantor pakaryan.

Sêsakit miltvuur tumular dhatêng tiyang. Miturut papriksanipun Dr. Gotheim, ing Kêndari laladan Makasar wontên tiyang 29 nandhang sakit, jalaran mêntas nêdha daging kewan ingkang katrajang sêsakit miltvuur, wontên 3 ingkang kalajêng tiwas.

Manawi sampun wontên lêlampahan kados makatên punika kados tiyang sawêg gadhah pangandêl, bilih daginging kewan sakit punika ugi gadhah daya botên sae dhatêng tiyang. Prayogi sami ngatos-atos.

--- 495 ---

Guru anjiwit murid dados prakawis. Kawartosakên satunggiling murid H.I.S.H.C.S. ing Têgal dipun jiwit dening guru ngantos andadosakên sakit laminipun 17 dintên. Tiyang sêpuhipun lare lajêng ngaturakên sêrat gigat dhatêng ingkang wajib tuwin dhatêng Departement Pangajaran. Miturut katrangan doktêr, jalaranipun saking tatu dados infectie. Lêlamapahan prakawis guru kêrêng dhatêng murid, punika tumrap tiyang sêpuhipun lare, manah botên dados punapa, nanging tumraping guru cêngkiling, saya manawi andadosakên sabab, sok lajêng ngicalakên kasabaraning tiyang sêpuh. Mila prayogi dados pamanahan, kadospundi murih sakecanipun.

Mitulungi tiyang èstri ingkang kapiran. Kantor ingkang suka pitulungan madosakên padamêlan dhatêng têtiyang èstri ingkang kapiran, badhe dipun tindakakên dening comite M.P.P.A. kantoripun ing Prapatan 34, Bêtawi C. inggih punika gêdhong Rumah Piatu Muslim. Sintên ingkang badhe gadhah prêlu kenging dhatêng ing ngriku sabên Sênèn tuwin Kêmis, jam 10 dumugi jam 12.

Punika satunggiling tandangipun wanita ing Bêtawi.

Congres Partai Indonesia. Benjing salêbêtipun wulan Mèi ngajêng punika, P.I. badhe ngawontênakên congres wontên ing Bêtawi. Sarèhning kintên-kintên kathah sangêt ingkang badhe dhatêng, papan ing Gang Kênari kakintên botên nyêkapi, mila golongan wau nyuwun palilah badhe congrès manggèn ing jawi. Nanging panyuwun wau botên dipun parêngakên dening parentah.

Pangintên badhe kathahing tiyang ingkang dhatêng ing congres, punika sampun têmtu, saya malih tumrapipun jaman kados makatên, katingalipun tiyang sami rêmên dhatêng parêpatan, awit mênggahing parêpatan, wontên ingkang gadhah pamanahan dados papan panglipur.

Loterij pitulungan. Kawartosakên, Werkloozenbond "Gotong Royong" ing Sêmarang, angsal palilah saking Tuwan Gupêrnur Jawi Têngah adamêl loterij barang-barang kabage dados 1000 lêmbar. 1 lot rêgi f 1.- Angsal-angsalanipun ingkang f 500.- badhe kadarmakakên dhatêng para angguran.

Punika satunggaling margi pitulungan. Sintên malih.

Guru ingkang dipun sigèni ing murid. Wontên pawartos, sawênèhing guru wanita Taman Siswa ing Têgal angajêri dhansah dhatêng para muridipun, nanging para murid wau wontên ingkang botên mathuk malah badhe ajak-ajak botên malêbêt.

Tindaking para murid wau katingal bilih raosing wetanan taksih kiyat. Sintên ingkang nayogyani dhatêng kajênging para murid wau, têmtu nglairakên pangalêmbana.

Sêsakit pès ing Bandung. Kala tanggal 7 wulan punika, ing Bandung pinanggih wontên tiyang katrajang sakit pès cacah 3 ing kampung Bojongloa, Karanganyar tuwin Sumaraja.

Ingkang sampun-sampun sêsakit pès punika yèn tiyanga makatên tansah anggalibêt kemawon, mila tumrap pangrêksa tuwin pambudidayanipun parentah murih sirnaning sêsakit wau, inggih tansah lumintu. Dados nama wajib ugi para têtiyangipun ingkang dipun rêksa mangrêtos dhatêng rêrigên.

Angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok majêng. Miturut pawartos, angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok ing wulan kapêngkêr mindhak kathah, langkung 4 ton têtimbang kalihan ingkang sampun-sampun. Dene indhakipun wau, jalaran lampahing lêlayaran dhatêng Syanghai sampun dipun tata langkung sae, barang-barang ingkang mandhêg sagêd kawêdalakên.

Yèn mirit tataning jaman saya malih ucap-ucapan ing padhalangan ingkang mungêl "murah sarwa tinuku" punika atêgês nagari gêmah aripah." Nanging wontênipun ing jaman sapunika mirahing têtumbasan atêgês awising arta. Mila namung pinuji, sawarnining wartos sae, mugi sagêda dados sêkar borèh.

Karukunan bangsa. Ing Ngayogya wontên pakêmpalan nama P(erkumpulan) H(ardaning) P(akaryan) ingkang dipun adani ing para neneman ing Purwokinanthi, Pakualaman. Pakêmpalan wau ngudi ajênging kawêkêlan bab anggambar wontên ing cowèk mawi cèt awujud gambar warni-warni, makatên ugi angagêngakên potrèt, prabeyanipun mirah sangêt. Kajawi punika ugi nampèni sintên ingkang badhe sinau kanthi lêlahanan. Ingkang dados sêsêpuhipun pakêmpalan Tuwan Padmodiharjo, juru anggambar, Tuwan Darmowisastro, artaka Tuwan Bikis.

Pinanggihipun wontên ing jaman kados makatên, pitulungan ingkang tanpa waragad punika dados satunggiling tandha karukunan. Lan malih sanajan pakêmpalan wau namung angsal sakêdhik, nanging manawi lumintu inggih nama lumayan.

[Grafik]

Kapal pêrang tuwin mêsin mabur Jêpan ing Syanghai. Kapal pêrang tuwin mêsin mabur Jêpan ingkang nuju ngêdalakên kukus murih sampun katingal dening mangsah wontên ing Syanghai.

ASIA.

Pandakwanipun Jêpan dhatêng Rusland. Pangagêng wadya Jêpan tuwin Mansyurie mêntas andênangi bom ingkang sagêd ambalêdhos wontên sangandhaping krêtêg lèpèn Sungari. Bab punika pangagêng wau lajêng gadhah pandakwa dhatêng Sovyet Rusland.

Rêmbag bab Mansyurie. Parentah Tiongkok sampun nampèni telegram saking parentah Mansyurie, mratelakakên ing bab karampunganing rêmbag bab sêsambêtanipun tindak ahli wicara Mansyurie kalihan Tiongkok. Parentah Tiongkok rumaos bingah dhatêng bab punika, amargi tumrap satunggiling parentahan botên kenging kasêpênan tiyang ingkang wajib angrampungi prakawis.

AMERIKA.

Rêdi anjêblos. Kala tanggal 12 wulan punika, ing laladan Andes, Amerika, wontên rêdi latu 8 sami anjêblos. Para ahli rêdi latu sami nguwatosakên manawi rêdi-rêdi latu wau ngêdalakên hawa racun. Jalaran saking punika têtiyang ing laladan ngriku sami kapurih ngangge topèng panulak gas racun. Têtiyang ing kitha utawi dhusun sami manggèn ing sajawining wangon. Kitha Mendoza, watêsing nagari Chili tuwin Argentinie dados pusêring kasangsaran. Kitha wau katutup lahar tuwin awuning rêdi Dascavezado.

--- 496 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

9.

Ing kala punika ibunipun nyêlaki saha lajêng lênggah wontên ing kursi sandhingipun, wusana ngandika: Thole Sumarta, wis suwe aku arêp rêmbugan karo kowe, nanging langitmu ketok pêtêng bae. Ing dina iki ulatmu ketok padhang, aku tak kăndha ya, gèr, rungokna.

Yah, badhe ngandikani punapa.

Mêngko dhisik ta, rungokna, tak kăndha. Gunêmku iki wigati bangêt tumrape awakmu lan aku, gèr. Anakku mung kowe, bapakmu wis ora ana, dadi uripku jênêng ngayom mênyang anak.

Radèn Sumarta lajêng ngêmpakakên sês sigarèt kalihan mangsuli, tanpa nyawang dhatêng ibunipun: Măngga kula aturi andongèng, kula ingkang mirêngakên.

Wong tuwa-tuwamu wis kêrêp padha têka mrene, Sumarta.

Punapa anggènipun dhatêng ngriki punika, ingkang panjênêngan wastani wigatos. Sayêktosipun kula inggih dhangan kemawon, manawi anggènipun dhatêng ing ngriki namung prêlu badhe nêdha eca, nanging dhatêngipun ngriki, kaangkaha samăngsa kula nuju nyambut damêl, amargi kula rumaos botên sagêd momoran kalihan bangsaning tiyang kados makatên punika. Inggih dipun punapa-punapakna, cêkakipun kula botên sagêd, awit rêmbagipun tamtu ngalèr ngidul.

Kowe aja kliru tămpa: Sumarta, sanak sadulurmu sing padha têka mrene iku, ora kok jalaran saka anggone padha kapengin arêp mangan enak. Nyatane angandhani yèn omahmu wis padha rusak.

O, dados kula ingkang kapurih andandosi: ta.

Karêpe ora ngono, mung kowe diprayogakake manggon ing omah mau, awit iku jênênge omah tinggalane wong tuwamu dhewe.

La, mangke, manawi kula manggèn ing griya pakampungan rak lajêng sakitên, jalaran limrahipun rêgêd ambalêkathêk, saha lajêng tunggilan kalihan bangsaning tiyang cekeremis.

E, e, e, ora ilok bangêt, gèr, kowe ngrèmèhake sanak sadulurmu dhewe. Lan aku ing batin iya wis duwe pangira yèn kowe bakal ngrèmèhake sanak sadulurmu. Wis, wis, gunêmku ora arêp tak bacutake. Lan manèh aku iya ora bakal ngrêmbugi bab alakirabi mênyang kowe.

Kula malah sukur sangêt, manawi ginêm punika lajêng kapunggêl samantên kemawon, awit manawi dipun lajêngakên, sagêd ugi wangsulan kula namung badhe natoni manahipun sanak sadhèrèk. Sayêktosipun kula punika botên gêgayutan rêmbag kalihan sanak sadhèrèk, dados pancènipun sanak sadhèrèk punika inggih botên prêlu ambêtahakên badan kula.

Nanging kapriye ta. gèr, mungguhing kêlumrahan, wajibe kowe kudu rukun karo sanak sadulur.

Radèn Sumarta lajêng anjênggèlèk, mandêng dhatêng ibunipun kalihan mangsuli: Tatacara makatên punika namung lêlamisan: bu, kula sampun botên doyan. Sawarnining ginêm, ingkang kula wigatosakên namung pangandikanipun ibu, awit kula rumaos botên kêpotangan saking sanak sadhèrèk.

Kuwi gèr luputing gunêmmu, aku tak kăndha, utangmu mênyang sanak sadulurmu akèh, kowe saka durung ngrêti bae Sumarta.

Radèn Sumarta kagèt, ngantos dangu botên ngucap, namung mandêng kalihan ibunipun kemawon, wusana lajêng mangsuli: rumaos kula, kula dèrèng nate nyambut arta saigar-igara dhatêng sanak sadhèrèk.

Atimu sarèhna dhisik, thole, gunêmku rungokna sing cêtha, kowe bèn ngrêti. Anggonmu sêkolah ana ing Batawi limang taun, waragade sasasi satus rupiyah. Nah, dhuwit samono sabên sasi kuwi saka ngêndi.

Saking èngêt kula, suwargi bapak sampun nyadhiyani arta waragad sêkolah kula.

Ya bênêr, nanging mung têlung èwu, sing têlung èwu manèh saka sapa. Durung sandhang panganggomu, waragadmu mulih bola-bali, lan manèh sèwu rupiyah sing tak anggo tuku prabot omah iki, iya saka ngêndi.

Saking sintên, inggih saking panjênêngan, ta: bu.

Ya bab kuwi sing ora kosumurupi. Bandhaku apa.

Pakêbonan, sabin.

O, pangiramu iku klèru, gèr, apa băndha iku kokira duwèkku dhewe, dudu: thole. Pakêbonan utawa sawah iku jênêng bumi pusaka, padha anduwèni. Kowe iku bêgja, dene sing tunggal andarbèni ora duwe anak lanang, anane sing lanang mung kowe dhewe. Saka lêgawane uwakmu sakalihan, aku diwênangake nganggo pamêtune kanggo maragadi sêkolahmu, awit pangarêp-arêpe ing têmbe kowe bisaa dadi wong sing ketok, bisa dadi pangayomane sanak sadulur akèh, sawise padha tuwa. Dadi aku iki rak jênêng kapotangan gêdhe bangêt karo uwakmu. (Badhe kasambêtan)

--- 57 ---

Nomêr 15, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tabêt Trêsna ing Wong Tuwa

Candhake Kajawèn nomêr 29.

Sungkawa nyut, banjur kèlingan, nalika ibune, awan-awan wayah srêngenge gumlewang, lênggah ngisis marêp mangidul ana ngarêp pawon, ngiras mriksani anggone dhèwèke karo adhine, ana sandhing gupon sangisoring wit kêmbang kanthil, ngrèntèngi godhonge kang runtuh, disunduki nganggo biting nganti dawa, nuli disambung ditrapake ing sirah. Pucuke sing nglawèr, katêmpuh ing angin katiga, gênteyang-gênteyong ana gêgêr, kaya buntut kêthèk.

Gagasane Si Sungkawa dhèk samana isih têrus galayaran têkan ngêndi-êndi. Saiki rumasa gêtun bangêt, dene dhèwèke dhèk biyèn sok mothah marga anjêjaluk barang sing sêpele. Rasaning ati kaya diiris-iris, nalika dhèwèke kèlingan anggone nglarakake panggalihe ibune, olèhe sok ora gêlêm dikongkon anjupukake duk kanggo nyogok canthinge kang pinuju buntêt, sanajan têmbunge manis lan ngasih-asih, mung marga dhèwèke ngêbotake olèhe bengkat, kênèkêran, utawa adu kêcik ana sangisoring wit jêruk pêcêl sandhing lumbung. Saupama ibune saiki bisaa urip manèh, dhèwèke mêsthi ora bakal ngrêsula, dikongkon ngalor ngidul, lan mêsthi miturut apa prentahe.

Si Sungkawa mripate saya kêmbêng-kêmbêng saking gêtune, nanging banjur mupus, ing batin nyuwun pangapura mênyang ibune, nuli ambrangkang anjupuk wilah, dianggo ngrêsiki lumut-lumut sing padha tumèmplèk ing watu, dikêrik alon-alon, kaya ngilangi dhangkaling sliraning ibune, sing lawas ora siram-siram. Kiwa têngêne maesan disaponi, rumasane kaya ngêludi jrambahing dalême. Sawise rêsik, banjur golèk rencekan, disumêd. Sawuse andadi banjur kutug. Kukusing mênyan mumbul mandhuwur, manthêr, urubing gêni kang minăngka cangkêmane. Karo andêdonga murih mulyane arwahing ibune. Sawise nyaosi dhahar kêmbang arum, sanajan rasaning ati abot arêp ninggal, Si Sungkawa mênyat ngadêg, mlaku alon-alonan, bali mulih mênyang pondhokan, kambi ngunandika: bêgja, bocah-bocah kang isih padha tinunggu ing wong tuwane, lan bodho, bocah sing gêlêm nyêrikake atine wong tuwa.[3]

Kabula Pranata.

--- 58 ---

Trêsna Bapa

Candhake Kajawèn nomêr 29.

[Kinanthi]

nyêdhak uwong loro mau | karo angiling-ilingi | Jaka Kawasa akăndha | iki jênêng bango putih | ah ing besuk bokmanawa | ana gawene ing buri ||

nuli suwiwine manuk | loro pisan dipêdhangi | Si Wêlas dikon anggawa | nalikane anampani | ngiling-ilingi lan kăndha | sasat wulu manuk bêri ||

barêng uwis wayah esuk | wayah srêngenge madhangi | ing ngisor ketok gumêbyar | ana kutha luwih bêcik | uwong loro nuli budhal | sêdyane arêp marani ||

nuli mlaku runtung-runtung | barêng wis mèh wayah mahrib | lakune saya lon-lonan | wayah surup blês wis ngancik | ana wêwatêsing kutha | wong nom loro lèrèn nuli ||

IV. Nagara Tênung

[Sinom]

wong loro karasa sayah | kapenak lèrèn ing bêngi | akèh wong mlaku sliwêran | nanging padha sajak sêdhih | Wêlas krasa ing ati | yèn kaanan ngono mau | mêsthi wadine ana | wusana Wêlas nakoni | nyang wong liwat pitakone ngarah-arah ||

ki sanak mugi parênga | kula pitakèn sakêdhik | sababipun punapa ta | dene nagari ing ngriki | têtiyangipun sami | apolatan suntrut-suntrut | sajak mung sami susah | lan ngriki nagari pundi | kaparênga kakang mratelakna cêtha ||

wong liwat mandhêg sadhela | cakêt angiling-ilingi | awit uwis lamat-lamat | anggone mangsuli lirih | kula sampun mangrêti | adhi sakalihanipun | sami tiyang ngamănca | kang nêmbe rawuh ing ngriki | kamirêngna kula carita kang cêtha ||

nagari ngriki punika | naminipun Parangsari | ananging mèh botên karan | dene katêlah ing nami | têtiyang amastani | inggih ing nagari Tênung | jalaran mung kabêkta | putrine nata ing ngriki | rêmênipun nênung adamêl cilaka ||

atindak kalangkung tega | mawi sarana nyangkrimi | sintên kang sagêd ambatang | tinampi krama sang putri | ananging saupami | gènipun ambatang luput | sampun atakèn dosa | sintêna botên praduli | inggih lajêng pêjah pun kêthok kang jăngga ||

măngka botên kêndhat-kêndhat | tiyang kang sami nglêbêti | para satriya neneman | nanging namung tiwas sami | sirah sami pun tanjir | katingal atumpuk-tumpuk | kadhaton ngantos kêbak | gagak saba rina wêngi | pating graok kados angalup nagara ||

wong loro barêng malêngak | Wêlas alon amangsuli | yèn makatên botên tata | inggih nagari ing ngriki | kintên kula sang putri | warninipun langkung saru | awit awatêk ala | tega rêmên mêmatèni | pantês benjing dados intiping naraka ||

uwong mau anjanggirat | karo lirih angêsêti | sampeyan sampun sêmbrana | purun-purun angraosi | dhatêng putri ing ngriki | punapa nyidham pun gantung | lan pangintên sampeyan | tamtu kawêlèh ing benjing | awit nyata ayunipun tanpa timbang || Bakal disambung.

--- 59 ---

Wêruh Mêmêdi

Nuju sasi liburan kanggo pamulangan Jawa, aku tilik simbah. Ing wayah lingsir wêngi, nuju padhang bulan, aku mêtu mênyang latar, ngadêg sandhing tritisan, hawane adhêm, mênyang awak rasane pating griming, cas-cês prindang-prinding.

Ora lêt suwe saka kidul kaya ana barang putih-putih jumêdhul saka sajêroning kalèn, rênggunuk-rênggunuk, mlaku alon-alonan, nurut pagêr luntas, marani aku. Awake ketok gilap. Rambute, marga kanginan lan kasorotan ing rêmbulan, ngèncèng-èncèng saka sisih kulon, katon anjêbobog putih kaya kapuk madhul-madhul. Tangane grayah-grayah anggrayangi godhong luntas. Aku kagèt kêwoworan wêdi. Mripatku tak ambak-ambakake. Sing putih-putih mau, rumasaku, gèk ketok, gèk ora. Ing githok rasane kaya ana sing andamoni. Atiku sar-saran. Arêp ambêngok, isin, mundhak diarani wong jirih. Dadi iya mung tak tatag-tatagake bae, ngêntèni êmbuh mêngko sing bakal kêlakon. Tanganku têngên grayah-grayah golèk watu, olèh siji. Mripatku isih têrus ngawasake bae, batinku: iki apa wewe, apa gêndruwo, apa wêdhon. Iya tekad-tekadan, anggêre wani anggrayang awakku, mêsthi dak kêpruk watu.

Awakku saya suwe saya andhrêdhêg, atiku saya lap-lapan, lambeku wèl-welan, tanganku têngên kumitir, kudu êndang dak anggo ngêpruk-ngêpruka bae, sing ngrênggunuk putih mau, saya suwe, saya cêdhak. Barêng mèh cakêt ana ngarêpku bênêr, tanganku têngên tak angkat arêp tak anggo ngêpruk. Nanging, alkamdulillahi robil alamin - ing wêktu iku uga aku krungu suwaraning uwong sing ora tak panglingi, lirih lan alon, têmbunge: dalane ki êndi, ta.

Aku takon: Ki Mêrta, pa, kwi.

Wangsulane: Ênggih dèn. Niki wau mêntas saking kalèn ajêng mantuk têka bingung.

Mak plong, rasaning atiku, osikku: saupama dhèwèke sida tak kêpruka, gèk kapriye.

Wusana wong sing dadi mêmêdi mau banjur tak tuntun, tak tuduhake dalane. Aku nuli mlêbu ing ngomah, mapan turu manèh, nanging nganti suwe mripatku isih mêcicil bae, atiku tansah tab-taban. Aku rumasa sukur ing Pangeran, dene ora sida ngêtokake gêtihing uwong.

Surana.

Wangsulan

Nak Mardi, cangkrimanmu apik, lan iya nyênêngake. Nanging barêng tak cocogake karo badheane akèh sing ora cocog. Iya bênêr yèn diingar-ingêr bisa, nanging cara mangkono mau gawe rêkasaning pamikir, tur isih ana sing klèru. Mula bêcik ora dipacak bae. Aja dadi atimu.

Mula ing bab prakara cangkriman, bêcik dikanthèni batangane pisan, supaya bisa ditimbang dhisik.

Pak Sêbul.

--- 60 ---

Wit Pêlêm Padu karo Kêmladhehan

Pangkur.

yèn tak gagas saya laras | omah mondhok tumumpang êpang mêncit | arêp mangan ora luru | mung kari nyêgat dalan | ana gègèr aku ora prêlu ribut | mung pasrah kang duwe omah | nadyan kana rada gêthing ||

uwit pêlêm banjur kăndha | kêbangêtên si kêmladheyan iki | ora ènthèng sêsangganku | kosiksa sabên dina | lah dêlêngên awakku nyêkikring kuru | mulane ya padha-padha | kowe ngaliha ta dhisik ||

kêmladheyan ladak jawab | êlo pêlêm saiki kowe malih | têka nundhung karo aku | luputku bae apa | sêtèng gowèng kowe ora blănja aku | têka kăndha yèn kabotan | lah gage jorogna uwis ||

lo kok ngono kêmladheyan | olèh bêcik têka ambalang tai | aja ngono bocah bagus | têka sumbar anantang | mênèk bisa kowe ora susah jaluk | saêkal masthi tak larak | ngono kuwi gawe sêrik ||

piwalêsku êntènana | sing Kuwasa măngsa kuranga adil | uwong luput masthi kokum | wong bênêr tuk ganjaran | lah dêlêngên kae kaki tani mêtu | wangune gawa gêgaman | apa arêp awèh adil ||

juru tani nuli munggah | mènèk mêncit kêmladheyan diarit | kêmladheyan sambat: adhuh | dhuh-adhuh botên dosa | O têmênan piwalêse pêlêm mau | wis pêlêm kowe karia | aku pamit arêp mati ||

Si Su, ing Sala.

Kaya Bocah

[Grafik]

Ing sisih iki gambare bok Rasoni, adhine Dèn Bagus Sona, anake Mas Sutasrênggala, iya putune Pak Asu.

Bok rara mau bangêt disihi karo bandarane, jênêng Dèn Lara Sri, kêrêp dijak dolanan, ora beda kaya uwong, Soni kon ngêloni bonekah barang.

Wong ya bocah.

--- [0] ---

[8 lembar halaman Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kabingahan. (kembali)
sangêt. (kembali)
§ Samono rasaning bocah kang eling mênyang wong tuwa. Pak Sêbul. (kembali)