Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-20, #670

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-20, #670. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-20, #670. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 32, 14 Bêsar Je 1862, 20 April 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [497] ---

Ăngka 32, 14 Bêsar Je 1862, 20 April 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Banjarmasin

[Grafik]

Krêtêg gantung ing lèpèn sacêlakipun Banjarmasin, Borneo.

--- 498 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Na. Ucap-ucapan Ngastina

(Angkatanipun sami kemawon kalihan jêjêran sanèsipun).

Ing nagara Ngastina pranyata nagara băndha abandhu sugih kaskaya sarwa samêkta. Sajroning nagara rinêngga-rêngga ing kaendahan, kathah bale malige agung, panggung anggênggêng angrênggani marga. Ing lurung-lurung anglur janma lumampah, tuwin têtunggangan momotan kuda rata dipăngga tandhu joli padhati sinang, lumampah anglur datan ana pêdhote. Ing pasar-pasar padhasaran andhèr angandhar-andhar sakèhing dêdagangan. Ing sajroning praja swaraning lêlangên lan kasukan siyang pantara ratri rame gora gumuruh agêgênturan. Swaraning pradăngga pating crêngklung, wênèh ngrêrangin araras kapiyarsa. Sakèhing bêbarangan sami kebar angebar-ebar, tuwin sagunging kalangan sawung puyuh kêmiri kêcik jangkrik kartu, tujon kècèk kopyok kodhok ula umbak bèji măndha klênthêngan mawarna-warna, tansah nyuwara sora surak mawurahan. Sayêkti ing nagara Ngastina dadi paran pangungsèning para among kasukan lan kalangênan. Sajroning dhatulaya bale witana manguntur prabasuyasa sami rinêngga sêsotya murub mubyar abyor, asri araras kadi sawarga mangawatara.

Sintên jêjuluking nata ing Ngastina: Mahaprabu Suyodhana, Kurupati, Jayapitana, Gandarya, Drêtarastraputra. Mangkana wênang dèn ucapakên pambêkaning nata, sanyata ratu among amot amêngku marang para santana wadya kawula. Para santana wadya sami sinangkêpan kasukan inguja mawijah-wijah. Mila para santana wadya sami suyud sumungku. Pranyata Sri Bupati ing Ngastina ratu agung panguwasane luhur kawibawane. Yèn ginunggung luhuring kaprabon raharjaning praja, kaya sadalu tan ana pêdhote. Mangkana sinigêg ing ari...

(lêlajênganipun sami kemawon)

Ca. Ucap-ucapan jêjêran Hyang Guru.

Syuh rêp ndaha tita, anênggih ing pundi ingkang kinarya bêbukaning carita, iya ing kahyangan Jonggringsalaka. Ing pasewakan Jonggringsalaka, iya ing Jonggirikelasa, inggih punika kadhatone Sang Hyang Siwahbuja, iya Sang Hyang Guru, Sang Hyang Nilakăntha, iya Bathara Rudra, Bathara Srambo, Sang Hyang Caturbuja, kathah jêjuluke Sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru pranyata pêpungkasing para dewa, sêsêmbahane tri bawana, dening Sang Hyang Siwahbuja mêngkoni agama Wisnu, kalawan Brama. Marmane Sang Hyang Guru têtêp têtungguling para dewa, sagunging dewa-dèwi, bathara-bathari, hapsara-hapsari, gandarwa-gandarwi, widyadara-widyadari, tuwin sawarnining titah sadaya sami sumêmbah mangastuti. Sajati Sang Hyang Guru anyamadi sagunging dumadi, sumarambah rêsêp rumasuk sakèhing kaanan.

--- 499 ---

Ing nalika punika Sang Hyang Jagatnata siniwi para dewa tuwin watêk Lokapala, wontên samadyaning bale paparyawarna. Lênggah ing palangka rêtna dèn ayap para widyadari ngampil-ampil upacaraning bathara. Sadaya upacara tuwin rêrêngganing bale paparyawarna sami mawa cahya, pating pancorong pating galêbyar angobar-abir.

Para dewa kang sami sumewa ambalabar bêg ambèr dumugi pamedan pangarib-arib. Sanalika ing pasewakan bale paparyawarna kaya rinubung ing kilat thathit. Rêp sidhêm datan ana sabawane walang salisik, amung kapiyarsa swaraning lawuwina wontên ing salêbêting karang kawidadarèn, asri araras angrêrangin.

Sintên ingkang kaparêg sumewa ing Sang Hyang Jagatnata, inggih punika Bathara Rêsi Naradha, Suduk Pangudaludal, Rêsi Kanekaputra, iya Sang Hyang Priyaprana. Marma kaparêg ing Sang Hyang Naradha minăngka bang-bang alum-aluming dewa. Lajêng sinambêtan para jawata ingkang sami sumewa, konjêm marikêlu mabukuh susilastawa atrap pranata, ajrih ing sikudhêndha pangupadrawane Sang Hyang Siwahbuja.

Apa wigatine Sang Hyang Rudramurti miyos siniwaka, sayêktine anggalih... (wigatosipun jêjêran)

Ra: Ucap-ucapan kreta.

Rata titihane... punika rata pusaka, awangun gothaka rinêngga sarwa sotya tuwin kancana rinajawrêdi. Kuwaraning rata alêlamak baludru sutra pita kinarawistha. Rodha rineka cakra acitra êlar-êlaring garudha Winateya. Sarati miwah pangarih binusanan endah mumpyar tinon kadi Sang Matali, saratine Sang Hyang Endra. Ing ngarsa pangirid kuda kawan rakit lêlajuran, binusanan carmamulya pinatik podhi-podhi kancana. Bulu-bulu rêrakitan pindha kêmbang galagah. Kuda pangirid binarong sutra rajutan, acamara cuwiri sotya sinuji. Sangkêp sarêngganing rata, yèn lumampah angêrap kadi teja wangkawa katiyubing maruta.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3682 (t. Prawirasoehardja), kenging, nanging kêdah katêrangakên saking sintên.

Lêngganan nomêr 1746 (t. Mangoendiro), maringi f 1.-, kemawon.

Lêngganan nomêr 4312 (t. Moeljohardjono), sêrat saha rêsi wisêl sampun katampi. Kajawèn ugi sampun kakintunakên. Cocog.

--- 500 ---

Raos Jawi

Rêrêngganing Dalu

[Mijil]

Hyang Sitangsu miyos lingsir wêngi | kumênyar mancorong | dumipèng rat sumunar prabane | mênggêp munggwing graning widik-widik | elik kang ngalingi | ngalela kadulu ||

kawistara sênênnya nêlahi | sèsining rat katon | katon wijang sajinis-jinise | sèn-isèning bawana mêpêki | kawurywan karya sri | rêrêngganing dalu ||

lêsah lêsu sanggyaning dumadi | dening dahad kasok | kawisesa mèstuti jangjine | kawajiban ingkang wus pinasthi | pêpancèn nut wanci | pandumaning laku ||

ring sang tikbra tyasnya katêtangi | katrêsnaning raos | karêrantan kabyatan wirage | manggung minggung wagugên ing galih | ginugu mimbuhi | gagasan ngêlangut ||

dening tita laksitaning dhiri | deranggung wirangrong | merang ring rèh ilang piandêle | kèsi-èsi gung sinăngga-runggi | sinarang sinirik | ring samèng tumuwuh//

ewuh-aya lêkasing pambudi | sasêdyane mlênyok | jăngka onya malèsèt jangkahe | dening dahat kasangsaya mêncit | lir koncatan budi | kumudu anglalu ||

lalu linglung ing nala tan aring | paran wasanèng don | de tinitah sapisan uripe | nora guna wiryarta tanapi | daya wisma sêpi | ina raning manus ||

anglêsing tyas sanityasa tistis | nalăngsa ing batos | tandya mendra nut suku puruge | angga kêkês sinrang maruta ris | raras ruming sari | kongas gandanya nrus ||

tumrêcêping anggota numusi | tumanêm ing raos | tan pantara kapyarsa bawane | capêt-capêt suwara dumêling | esthane wêwisik | wangsiting Hyang Agung ||

wahyaning kang wêwangsit mêlingi | mungguhing lêlakon | kang gumêlar tan langgêng anane | nut ing măngsa kalêksanan yêkti | purbaning Hyang Widhi | tansah pasang surud ||

ing têgêse owah lawan gingsir | anggilir gumantos | kadyèku Hyang Aruna esthane | nêdhêng miyos mênggêp angrênggani | ing rat tanpa siring | sorote sumunu ||

dupi praptèng măngsa pêrak enjing/ ujwalalum cowong | angêlayung nir daya prabane | kêndhih dening prabawa wijiling | Hyang Rawi gumanti | mênggêp tanpa kiwul ||

prabawaning praba balêrêngi | sèsining rat kasor | suprandene tan lana têmahe | duk gumiwang kawurywan nglêlêntrih | diwasaning ari | mahas ing asamun ||

tan prabeda sagunging dumadi | esthane mêngkono | kang sumandhang nèng janma jatine | lali apês rusak wus pinasthi | yogya dèn emuti | narima ing pandum ||

bonggan sira yèn tan nênitèni | têtêsing lêlakon | kalêksanan karana uwite | wite saka kêdhêdhêran wiji | wiji bênêr sisip | samasane tuwuh ||

wiji gabah yêkti tuwuh pari | kêcik tuwuh sawo | myang lènira esthanya tan bènèh | luwih manèh yèn tansah pinardi | tuwuhe lêstari | ngrêmbaka ngrêmbuyung ||

yogyanira dèn pandak marsudi | mardawèng tyas kaot | tinumana têmên lan talatèn | budi sadu kanthi awas eling | kandêl tyas pracadi | adiling

--- 501 ---

Hyang Agung ||

ala ayu papa mulya tuwin | luhur miwah asor | sugih miskin pan darbèke dhewe | bungah susah mung tansah kêkinthil | pasthining Hyang Widhi | nut doning panuju ||

lênging tuju sumarah parênging | ring Hyang Murwèng Pandon | kang awênang murba misesèng rèh | rèhing titah darma anglakoni | binasakkên kadi | sarah munggwing laut ||

[Grafik]

...Hyang Sitangsu miyos lingsir wêngi, kumêbar[1] mancorong

tan suminggah sapangrèhing warih | saparan rumojong | nut ing ombak saparipolahe | mung ywa limut mêlênging pangèsthi | ngèsthi mêmalarsih | aksamèng Hyang Agung ||

rèh marêngi karsaning Hyang Widhi | kandhane si kolot | kwèh pakarti lir lêkasing kêthèk | kapiluyu rêrêbutan melik | mêlok gendhong lali | kalingan lêlamuk ||

datan ketang mitênah ngapusi | ring samèng dumados | tanpa rikuh nêmpuh waton olèh | lalu lali têlênging trêsna sih | mring kadang warga wit | tansah rêbut unggul ||

ywan sangsara sinarang sinirik | ywan mulya pinondhong | lamun sugih tansah kinamulèn | nir labêting sarjana-jana di | kalulun katali | katliwênging laku ||

ambêg sura ing wirang jrih lalis | katungkul pêpadon | ambrêgudul katongton melike | dening bawa lêksanane ngili | nilar silastuti | tansah ngaji pupung//

lir bêbasan tunggak jati mati | tunggak jarak ngradon | dening jati weya datan kopèn | tan wun sida katêmahan dadi | jugrug graning giri | jurange barênjul ||

nging kadyèku ywan tansah pinikir | nalare tan pêdhot | angêlangut tan ana pedahe | pituwase mung ngrêrănta kapti | rèh tinitah langip | ywa gya mung tumambuh ||

angur baya ngikêt angrêrêpi | warahe Pak Kêmpong | kang wus warêg uyah lan asême | angalami lakon bênêr bêcik | yogya dèn lêluri | tinulada patut ||

tatalane dêdalan ngulari | ring boga panganggo | rekadaya [reka...]

--- 502 ---

[...daya] sakadar olèhe | sinaranan rahayuning budi | budyarda sinirik | mrih têntrêming kalbu ||

sigêg swara wus datan kapyarsi | sang monêng tyas kasok | tandya manjing panti pasuptane | dungkap wanci watara tabuh tri | lês anulya guling | kongsi gagad bangun ||

dyan pinugut gupita marêngi | ri Jumungah Kliwon | ping dwidasa catur wimbaning lèk | Dulkangidah Je sangkalèng warsi | kanthi mêmalar sih | angèsthi rahayu ||[2]

Sandiman, ing dhukuh Sindon.

Para Priyantun B.B. ing Bestuursschool dhatêng Lampung

Sampun sawatawis dintên Mr. C.W.A. Abbenhuis, dhirèkturing Bestuursschool kanthi para priyantun pangrèh praja, ingkang sinau wontên ing pamulangan wau sami dhatêng ing Lampung. Mênggahing sêdya, anggènipun sami dhatêng Lampung punika, ingkang kawigatosakên badhe nyumêrêpi papan paboyonganipun băngsa Jawi ing ngriku. Waragadipun lampah sami dipun sanggi piyambak-piyambak, tuwin jalaran saking pitulunganipun K.P.M. ngandhapakên waragad kapal dhatêng para priyantun wau, makatên ugi jalaran saking pambiyantunipun priyantun pangrèh praja ing Lampung, satunggal-satunggaling priyantun namung cêkap ngêdalakên waragad f 40.-

[Grafik]

Badhe bidhalipun para priyantun saking Tanjungpriuk numpak baita kapal K.P.M.

Para priyantun wau sadumuginipun ing purug sami bingah, anyumêrêpi kawontênanipun ing Gêdhongtatakan, Gêndhingrêja tuwin Sukadana, punapadene ing bab tangkêping para priyantun băngsa Eropah tuwin tiyang siti.

Bidhalipun saking palabuhan Tanjungpriuk anyarêngi têtiyang Jawi saking Ngayogya cacah 1200 ingkang dipun boyong dhatêng Lampung. Tindak wau sagêd kasumêrêpan ing para priyantun ing bab caranipun ngangkatakên tiyang tuwin caraning pambage wontên ing papan ingkang dipun purugi.

Sadumugining panggenanipun, asistèn wadana Gêndhingrêja, têtiyang boyongan lajêng dipun bage-bage dhatêng para lurah dhusun. Lurah dhusun wau lajêng măndhokakên têtiyang wau dhatêng têtiyang bawahipun,

--- 503 ---

ngantos dumuginipun ing têmbe, manawi têtiyang enggalan wau sampun gadhah siti piyambak.

Kaondêran dhistrik Gêndhingrêja, inggih punika karajanipun Kêdhongtatakan, ambawahakên dhusun 69, isi tiyang 33.133, sadaya asli saking tanah Jawi.

Siti sadhiyan paboyongan punika ingkang kagarap awujud sabin 3600 bau, patêgilanipun 3100. Ing sabên sabin sabau, pamêdalipun pantun 65 dhacin, dene pamêdalipun pantun gaga, sabaunipun 50 dhacin. Ing sapunika sampun wontên panggilingan pantun gadhahanipun băngsa Tionghwa. Pamêdalipun pajêg saking têtiyang ing ngriku wontên f 110.000.-, inggih punika pajêg pamêdal f 51.000.- tuwin pajêg lêlintu padamêlan f 59.000.-

[Grafik]

Têtiyang boyongan enggal nuju sami nêdha kupat ingkang kasadhiyanan dening têtiyang Gêdhongtatakan.

[Grafik]

Têtiyang boyongan enggal ingkang kakêmpalakên ing sangajênging griya asistenan Gêndhingrêja.

Tumraping pangajaran, ing ngriku dipun wontêni pamulangan sambêtan 2 muridipun 210 tuwin pamulangan [pa...]

--- 504 ---

[...mulangan]

dhusun 8, muridipun 00.[3]

Wontênipun ing Gêdhongtatakan, para priyantun wau dipun pahargya dening para murid pamulangan sambêtan, kanthi ngawontênakên arak-arakan dhatêng ngajêng asistenan, anglairakên panêmbrama lêlagon Jawi tuwin ulah raga. Kajawi punika ugi dipun sugata lêlangên nayub, punapadene kawontênakên pêpanggihan ing sositèit Z.S.S.

Panjênênganipun Mr. Abbenhuis amahyakakên gênging panarimah dhatêng para punggawa pangrèh praja tiyang siti ing Lampung tuwin angalêmbana dhatêng para lurah dhusun anggènipun sami tumêmên angangkati padamêlan rêkaos, kanthi panuntunipun para priyantun, ingkang wigatosipun mikantuki dhatêng para boyongan wau.

Saking ngriku lajêng bidhal dharat anglangkungi margi ing wana dhatêng Têlukbêtung, badhe resèpsi wontên ing dalêm karesidhenan. Kajawi dhatêng papan paboyongan, ugi dhatêng ing pabrik tangsul tuwin pabrik pêthi gadhahanipun Tuwan Synja ing Cisaat, gambaripun kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn kapêngkêr. Ing sadèrèngipun wangsul, mampir ing kadêmangan Têlukbêtung. Saking ngriku lajêng bidhal dhatêng palabuhan badhe wangsul dhatêng tanah Jawi. Ingkang nguntapakên kathah, tuwan residhèn ugi nguntapakên. Mr. Abbenhuis ngambali mahyakakên panuwun dhatêng tuwan residhèn ing bab anggènipun sadaya dipun tampèni kanthi suka rêna.

[Iklan]

--- 505 ---

Jagading Wanita

Pohung

Ing Kajawèn nomêr 17 ing taun punika manawi botên lêpat wontên sadhèrèk ingkang sampun angandharakên manawi pohung punika ingkang limrah namung kadamêl têtêdhan bangsaning kripik-kripikan utawi nyamikan abên wedang, kadosdene criping gêthuk, thiwul lan sapanunggilanipun.

Kajawi têtêdhan ingkang kasêbut ing nginggil, pohung punika ugi kenging kadamêl sêkul, mênggah pandamêlipun sêkul pohung punika, makatên: puhung dipun oncèki, lajêng dipun kumbah ingkang rêsik. Sasampunipun dipun cacah. Mênggah agêng aliting cacahan kakintêna piyambak, janji botên tipis kemawon.

Cacahan wau lajêng dipun kum ing toya ingkang rêsik ngantos tigang dintên tigang dalu. Toya kum-kuman sabên dintên kêdah dipun bucal, pohungipun kakumbah lajêng dipun kum malih ing toya ingkang rêsik, makatên salajêngipun ngantos tigang dintên. Mila makatên prêlunipun supados botên anggănda ingkang botên eca.

Sasampunipun dipun kum tigang dintên tigang dalu lan sampun dipun kumbah rêsik, pohung lajêng dipun êpêp ing wadhah ingkang rêsik sarta tutupipun ingkang rapêt, laminipun ugi tigang dintên tigang dalu. Sampun mêsthi kemawon pohung lajêng bosok, ananging bosokipun kadosdene bosoking tape, dados wujuding cacahan inggih taksih wêtah, pohung êpêp-êpêpan wau lajêng dipun bêbêk kadamêl glêpungan ingkang alus, glêpung wau kadèkèk ing tampah dipun uyêg ingkang wradin supados botên kêkêt dadosipun sêkul. Manawi panguyêgipun sampun rampung lajêng dipun dang ingkang tanak, dadosipun sêkul kawastanan sêkul kêcrèt.

Mênggah raosipun sêkul kêcrèt punika mèh kados sêkul wos, gadhah gănda wangi tuwin ical ambêting pohung. Ingkang kathah tiyang damêl sêkul kêcrèt punika ing padhusunan bawah kadhistrikan Ngadisana, Wanasaba.

Damêl sêkul kêcrèt punika sagêd babarpisan ingkang botên sabên-sabên damêl, glêpung tuwin ngêkum pohung, inggih punika pangêdangipun sampun satêngah matêng, dipun êntas kagêmpur lajêng dipun pe ngantos garing lajêng kasimpên, samăngsa badhe damêl kêcrèt namung kantun ngêdang kemawon.

Pohung punika cara Banyumasipun dipun wastani budin, ingkang dipun têgêsi sabudine (sakajêngipun) ingkang badhe damêl têtêdhan. Liripun budin utawi pohung wau badhea kadamêl têtêdhan ingkang alus-alus ingkang cara Petrukipun têtêdhan ingkang sagêd dhansah wontên ing ilat inggih sagêd.

Rara Sumiyar, Selakrama.

--- 506 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopêndhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31.

Lamining lami têtiyang Kaya-kaya punika lajêng sami purun dados rencangipun têtiyang bucalan sawatawis dintên, ngêntosi rampunging anggènipun anglintokakên barang-barang kancanipun sadaya. Danguning dangu lajêng wontên satunggaling Kaya-kaya ingkang sêtya sangêt wongsal-wangsul anglintokakên barang-barang utawi pêksi-pêksi dhatêng tiyang satunggal kemawon, kajawi lêlintonan ugi purun nyambut damêl pados kajêng dang, ambêsiki sukêt, macul, angkat junjung saha sanès-sanèsipun. Ingkang andadosakên saya rumakêting têtiyang Kaya-kaya dhatêng têtiyang bucalan punika sababipun makatên: panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk, konduripun angajawi ngingah rencang tiyang Kaya-kaya. Panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk punika ing sapunikanipun manawi kula botên lêpat dados insêpèktur B.G.D. Emut kula panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk punika anggènipun insêpèksi dhatêng Tanah Merah (Dhigul) sampun kaping kalih. Inggih Kaya-kaya rencangipun Dhoktêr Dhêruk ingkang cêcriyos mênggah saening kawontênan. Ing sakawit Kaya-kaya punika dhatêng wontên ing Ambon sampun sênêng sangêt, kalayan nyariyosakên dhatêng bangsanipun punapa kemawon ingkang dipun gumuni. Saya sarêng tiyang Kaya-kaya punika nyariyosakên kawontênan tanah Jawi, saking kathahing anggènipun nyariyosakên saha sadaya punika botên wontên ingkang dipun cariyosakên awon, namung sae saha nêngsêmakên, pêpindhaning cariyos punika manawi băngsa Jawi kadosdene nyariyosakên ing suwarga, inggih wiwit ing dintên punika kathah sangêt têtiyang Kaya-kaya ingkang sami purun tumut kalihan têtiyang bucalan. Saya sarêng sampun wiwit wontên saperanganing têtiyang bucalan ingkang kawangsulakên dening parentah, sawatawis têtiyang Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr punika anggadhahi panêdha dhatêng ingkang dipun ngèngèri, bok bilih kawangsulakên dhatêng tanah Jawi supados dipun bêkta.

Pangèngèripun tiyang Kaya-kaya (Papuah) ingkang sami kapengin sumêrêp kawontênan ing tanah Jawi punika panyambutdamêlipun srêgêp sangêt, kajawi srêgêp nyambut damêl ugi ngêmên-êmênakên sangêt manawi kawulang basa Malayu utawi Jawi.

Ing satunggiling wêkdal têtiyang Kaya-kaya badhe nêdya andamêl rêrêsah ing Tanah Merah. Sawênèhing tiyang bucalan wontên ingkang andamêl pakabaran, manawi sababipun Kaya-kaya badhe andamêl rêrêsah punika sawênèhing pangajêngipun Kaya-kaya kêpengin gadhah bojo tiyang èstri băngsa kita. Sanèsipun tiyang ngabarakên manawi sababipun sawênèhing Kaya-kaya dipun pinisakit dening tiyang bucalan ingkang manggèn wontên ing kampung B jalaran galuwehan kalihan tiyang èstri. Kadadosaning rêrêsah kados ing ngandhap punika:

Ing kampung B wontên ingkang dipun panah kenging dhadhanipun, ananging botên lêbêt tatunipun, saha

--- 507 ---

manawi nitik pasêripun sanès pasêr ingkang mawi wisa, amila botên andadosakên sabab punapa-punapa. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika sawêg wangsul adus saking lèpèn bêning (mila lèpèn punika kawastanan lèpèn Bêning, sanajana banjir toyanipun bêning kemawon) sawêg kemawon badhe mlangkah kalèn ngajêng griyanipun, panah cumlorot angengingi dhadhanipun. Griyanipun kalêrês wontên pinggir wana. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika botên ngantos kabêkta dhatêng griya sakit, namung dipun upakara wontên ing kampung, awit parentah ugi nyadhiyani juru ngupakara tiyang sakit.

[Grafik]

Têtiyang èstri Kaya-kaya dalah anak-anakipun.

Ing kampung D ingkang sisih wetan sacêlakipun wana wontên tiyang bucalan sawêg anyambut damêl angrêsiki patêgilan, dumadakan wontên tiyang Kaya-kaya kalih dhatêng ambêta dêdamêl panah. Saking kagètipun tiyang bucalan punika lajêng pitakèn sarana gêtak. Botên kanthi mangsuli tiyang Kaya-kaya punika lajêng manah tiyang bucalan kenging ilatipun, awit namung tutul pêtis kemawon. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika têrus kabêkta dhatêng griya sakit, awit tatunipun radi rêkaos. Sanadyan rêkaos sarèhning kajampenan dening panjênênganipun tuwan dhoktêr piyambak, mila enggal saras.

Sarêng wontên kadadosan kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, panjagining militèr dipun kiyatakên, malah dipun pandhegani panjênênganipun tuwan kapitin piyambak. Badhe kasambêtan.

--- 508 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Tumrap wawasan ing jawi, bab kawontênanipun pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok tansah dados gagasan, pundi ingkang badhe unggul, pundi ingkang badhe kasoran, dèrèng sagêd amastani. Manawi tumrap tiyang ingkang sagêd nyumêrêpi kawontênanipun pawartos ing sêrat kabar, sagêd nyumêrêpi dhatêng ebah-ebahaning paprangan ing sabên dintên, nanging tumrap tiyang ingkang botên srawungan kalihan sêrat kabar, mirêngipun namung saking gêthok tular utawi atêtakèn. Tuwin jalaran saking kêlimrahing pawartos, ing sabên grombol-grombol tiyang sami arêraosan bab paprangan wau. Saya malih tumraping băngsa kêkalih, ingkang anggadhahi kabangsan, pamawasipun sabên dintên ing bab paprangan, tamtu sakalangkung dipun wigatosakên, wontên kalanipun ngêcêcêm, wontên kalanipun gambira tuwin wontên kalanipun kabranang. Dene tuwuhing raos ingkang kados makatên wau, botên sanès namung jalaran saking kêtampik gumêlaring pawartos. Nanging sadaya wau mênggah têtêping kawigatosan kintên-kintên botên kados ingkang sami tumindak ing damêl, inggih ingkang ngawaki.

[Grafik]

Saradhadhu Tionghwa nuju ananggulangi mêngsah.

Ing sapunika rêmbag ing bab badhe padhamèn, tansah mulur-mulur dèrèng wontên kawusananipun, Tiongkok ngantos anglairakên rêmbag, bab punika prayogi kapasrahakên dhatêng polkênbon kemawon. Wontênipun Tiongkok gadhah rêmbag makatên punika, kintên-kintên namung saking rumaos pakèwêd badhe nindakakên karukunan wontên ing papan paprangan, awit saupami sawung tarung, lăngka sagêdipun kèndêl saking kajêngipun ingkang kabrukan. Dados sagêdipun kèndêl ingkang sami pasulayan, namur[4] kêdah saking pamisahipun ingkang ambotohi, kajêngipun rêrigên rêmbag katindakna saking sajawining kalangan. Kawontênan kados makatên punika ragi cocog kalihan wangsulanipun Citingkai dhatêng pitakenaning wêwakil sêrat kabar, nalika dipun pitakèni bab padhamèn, mênggah wangsulanipun: pangajêng-ajêng kula ingkang sayêktos, namung dhêdhasar ananggulangi, awit ngêsorakên badan dhatêng mêngsah kanthi parêpatan ing Syanghai, tamtu badhe kadamêl ambruking praja. Tamtunipun wangsulan kados makatên punika têtêp dados wangsulaning prajurit, awit mênggahing prajurit, ingar-ingêring ginêm botên pinanggih wontên ing ucap, namung [na...]

--- 509 ---

[...mung] pinanggih wontên titising cangkêm sanjata lan mariyêm.

Makatên ugi mênggah raosing kabangsan, punika sumêbaripun pinanggih wontên ing golongan pintên-pintên, dening sadaya sami ngraosakên. Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, punika nama raos ingkang tuwuh saking rahing prajurit, lan nyata pancèn sampun ngawaki. Wontên malih raos ingkang tuwuh saking pamanahaning para mudha pangajaran, inggih punika para sêtudhèn, sanadyan nama taksih neneman, gampil kabranang ing manah, nanging nyatanipun sampun gadhah wawasan jêmbar, mila wêdaling rêmbagipun inggih sagêd angèlingi, kados ta rêmbag ing pakêmpalanipun para sêtudhèn ing Syanghai, botên anocogi dhatêng janji-janji ing bab kèndêling pêrang, ucapipun: Kula sadaya nyacad dhatêng sawarnining janji ing bab kèndêling pêrang, kados ta ing bab anggèning parentah nglilani Jêpan manggèn ing Wosung, Kiyan, Gwan tuwin sanès-sanèsipun, punika atêgês bilih kula sadaya suka panguwaos dhatêng Jêpan supados marentah dhatêng peranganing bumi Tiongkok. Bab punika para rakyat botên nayogyani sangêt. Ing ngriku katingal bilih para neneman wau ugi gadhah raos pamurina dhatêng ibu pratiwi.

[Grafik]

Panggenan ingkang risak dipun bom dening wadyabala Jêpan ing Sapèi.

Malah tumraping para among dagang, ugi botên tilar kaprayitnan, ambiyantu ngrêndhêtakên padaganganing mêngsah, awit mênggahing among dagang, rêndhêting lampah saèstu andayani, botên beda kados anglolos kêkiyataning kasarasan. Dados sadaya wau wosipun araos anggêlêngakên pambudi, murih andadosakên kasantosan.

Nanging tumraping Jêpan inggih botên wontên bedanipun, sadaya èwêd pakèwêd ingkang badhe damêl kapitunaning praja, inggih sami botên dipun ajêngi. Dene bab pakèwêding lampah padagangan, Jêpan inggih botên kirang margi sanèsipun, mokal yèn puruna narajang margi ingkang wontên êri borangipun, wusana wêdaling padagangan inggih taksih sagêd lumintu.

Cobi dipun êntosi, kadospundi pinanggihing pawartos ing sanès dintên malih.

--- 510 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Susahipun ngupados têdha. Saking Sêmarang Aneta martosakên, Arbeidsbeurs ingriku badhe suka lantaran nyobi murih padamêlan jongos ing restotan "The Grill Room" dipun tindakakên dening para mudha Walandi Indo. Sêdya makatên punika botên mêngku kajêng punapa-punapa kajawi ngèngêti ing têmbe wingkingipun, nanging sêdyanipun wau murih para mudha Walandi Indo sagêda angsal panggêsangan kanthi tindak sae.

Salah satunggal kauntunganipun jaman mêlasasih, inggih punika raos rumaos anak Dewa, badhe saya suda, jalaran saking, cara Banyumasipun... kêncoting padharan.

Rantaman 1932. Miturut cariyosipun H.N. Sawatawis wulan ingkang kapêngkêr angsal-angsalanipun nagari tumrap taun punika sampun dipun têpsir kirang langkung wontên 305 yuta rupiah, namung miturut tapsiran enggal, angsal-angsalaning nagari botên langkung saking 275 yuta rupiyah. Dados sudanipun badhe kathah sangêt.

Salah wisselipun para ahli anggènipun andamêl rantaman badhe angsal-angsalanipun nagari ing taun 1932, punika botên kenging dipun paibên, tiyang jamanipun sawêg kados makatên. Dados têmtu angèl sangêt sagêdipun nyumêrêpi lêbêting arta ing sadèrèng-dèrèngipun. Ingkang pantês dipun paibên punika rak pun Petruk. Sadèrèng-dèrèngipun kados sampun nyumêrêpi angsalipun arta ing dalêm sawulanipun. Ewasamantên sarêng balanjanipun kacowok 10% têka sampun bingung botên kantênan. Manawi ing têmbe wontên cowokan malih, punapa botên sagêd dados jalaran, pun Petruk lajêng... ngêndhat?[5]

Sabên wontên sakeca ugi wontên ingkang sakit. Ajênging pirantos mêsin saya ngangsêg, kantor pangêcapan sami migunakakên mêsin pangêsetan, mêsin satunggal nyamèni kakiyatanipun tiyang wolu. Ing sapunika sampun kathah kantor pangêcapan ingkang migunakakên.

E, ladallah, kamajênganing techniek teka saya ngedap-edapi makatên. Danguning dangu saking majênging lampah techniek mbokmanawi lajêng wontên mêsin ingkang dados tukang lados. Têgêsipun: tiyang ngêmungakên linggih kemawon, jalaran saking mêsin wau, sêkul, gudhêg, opor ayam, tigan pindhang tanpa mawi dipun cêpêng malih sami mapan piyambak wontên ing sanginggiling lidhahipun tiyang.

Kongsi bis agêng Tan Lixe ing Surabaya tutup. kawartosakên, kongsi bis Tan Luxe ing Surabaya, ingkang misuwur agêng, sapunika katutup jalaran kêkathahan sambutan. Sambutanipun dhatêng firma Borneo Cy. f 100.000, sambutan bènsin f 80.000. Dèrèng sambutanipun pajêg. Tujunipun dipun tanggêl ing firma kêkalih.

Lo, samantên gawatipun tiyang lampah dagang ing jaman sapunika, botên dumèh katingalipun agêng, manawi dhumawah ing apês, inggih lajêng katingal agênging sambutanipun.

Kalawarti enggal. Wontên kalawarti enggal nama "Sinar Têgal" dipun pandhegani Tuwan S. Sastrasuwarna.

Wee, hla jamanipun rêmpiyêg-rêmpiyêk makatên, tuwuhing kalawarti têka ambrubul kemawon. Mugi-mugi sagêda sami angsal têba piyambak-piyambak

Lêrês mêlèsèt, nanging mêksa bathi. Wontên kabar, benjing taggal 12 wulan Mèi ing ngajêng punika para aandelhoudering N.V. Cultuur Maatschappij "Pasir Nangka" badhe ngawontênakên parêpatan. Ingriku badhe kasusulakên ambayar divinded taun 1931 agêngipun 15%.

Têgêsipun: aandelhouder ingkang gadhah arta wontên ing Maaschappij ngriku upaminipun f 100.- badhe sagêd narik f 15.- Samangke sintên ingkang mawi nyariyosakên, bilih ing jaman mêlasasih punika sadaya kabudidayan sami nungsang anjêmpalik?

Angsal-angsalanipun panyadean sarêm. Saking Kamal (Madura) kawartosakên bilih panyadean sarêm ing salêbêtipun tigang wulan ing taun punika, wiwit wulan Januari dumugi wulan Maart, angsal-angsalanipun kirang langkung 236.100 rupiyah. Ing salêbêtipun tigang wulan wau ing taun ingkang kapêngkêr, angsal-angsalanipun panyadean sarêm f 280.700. Dados angsal-angsalanipun panyadean sarêm ing taun punika cêtha suda sangêt.

Mênggah sabab-sababipun, dene panyadean sarêm suda, punika tumraping jaman samangke kados angèl gagapanipun. Saupamia ing jaman kina makatên, kados inggih gampil ngupados jalaranipun, inggih punika sabab saking kathahipun para satriya ingkang sami... " tapabrata" mutih tan pati gêni pitung dina pitung bêngi.

Pêpêsthèning punggawa pagantosan ingkang dipun wachtgeld. Kawartosakên ing Probolinggo wontên punggawa pagantosan cacah 5 dipun wachtgeld, wusana sapunika tampi dhawuh saking pangagêng kapurih dados agèn pulisi, manawi botên purun badhe ical wachtgellipun. Mangka balanjaning agèn pulisi punika taksih sangandhaping wachtgeld.

Lajêng kadospundi têka kados makatên.

Pangiritan ing pakaryan wana. Para pangagênging Boschwezen mêntas parêpatan ngrêmbag kaparênging parentah badhe nyuda houtvester cacah sapalihipun sadaya, kaparingan pènsiun utawi wachtgeld.

Pawartos kados makatên punika têmtu damêl sênik-sênikipun ingkang badhe kataman.

Pangiridan ing N.I.A.S. Para calon doktêr N.I.A.S. ing Surabaya ingkang angsal pambiyantu saking parentah, ing sapunika ugi kasuda 10%. Dene wragadipun sabên wulan f 60.

Sudaning wragad pitulungan wau têmtunipun inggih adamêl anjloging manah, nanging inggih botên sapintêna. Balik wartos ing bab badhe suwaking pamulanganipun, saèstu anuwuhakên panjêlèhing ngakathah, awit lajêng rumaos kecalan satunggaling margi ingkang ragi gampil, lan nyatanipun tumraping tiyang siti badhe anjangka nyakolahakên anak ingkang langkung inggil namung kandhêg ing gagasan.

Mustika santun ingkang gadhah. Kawartosakên, Mustika tuwin pangêcapan Muslim Indonesia sampun sampun kasade sarana lelang, sapunika dhawah Dr. Sukiman, rêgi f 2700.- kanthi ananggêl sambutan dhatêng Tetterode f 7500.- Bab padamêlan têtêp tumindak kados adat.

santuning lêlampahan punika mugi sagêda nyantuni kawontênan enggal, ingkang wohipun mikantuki dhatêng sadayanipun.

--- 511 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

10.

Manawi kawontênanipun kados makatên, inggih sampun, kapurih metang, sambutan kula pintên, supados kula sagêd nicil, ngêlongi balănja kula.

O, gèr, uwakmu mau ora rumasa motangake, lan kowe ora wajib nyaur awujud dhuwit, yèn utang kaya ngono mau kêna dibayar dhuwit, harak kapenak bae. Jênênge kowe iku utang budi, wajibe iya kudu nyaur budi. Dene sing bangêt agawe karasaning atiku, kuwi gêgayutane awakmu karo mas mantri guru, balanjane ora sapiraa, ewadene sabên sasi milu urun dhuwit kanggo maragadi sajrone kowe ana ing Batawi. Dhuwit mau, ora kok karêpe pakmu mantri dipotangake, mungguh sabênêre mung duwe pangarêp-arêp ngêpèk mantu kowe, diolèhake Si Sumarmi.

Adhuh, punapa lare ingkang janggiratan punika badhe dipun angsalakên kula.

Iya sing rene karo wakmu mantri lanang wedok dhèk biyèn kae, malah dhèk samana atine wakmu karasa-rasa, awit sajrone ana kene sajak ora kogape.

Kula rak sampun matur wongsal-wangsul, kula punika rumaos botên sagêd sêsrawungan kalihan tiyang kados makatên, awit rêmbagipun tansah anglêmpara.

O, hla, kapriye ta, gèr, uwakmu kuwi rak mantri guru, pintêr, wêruh nyang tatakrama, putus mênyang basa, anane ing nagara kene wis aran misuwur.

Hêh, pak mantri guru punika rak wêdalan pamulangan guru jaman kina, dèrèng dipun wulang basa Walandi.

Nanging wakmu mau rak jênêng wong tuwa, bênêre kowe kudu wêdi lan bêkti. Nanging barêng rawuh mrene niliki kaponakane, jêbul kaponakane mau wis dadi Lănda totok, lan kaponakane rumasa ora sae linggihan karo uwakne. Apa anèh saupama pakmu mantri mau gêrah panggalihe. Mula bab iku prêlu tak tuturake mênyang kowe. Baline pakmu mantri mau jênêng durung olèh rêmbug sing gumathok, ing bab anggone arêp ngêpèk mantu kowe, dadi aku wajib pitakon, aja mung kandhêg dadi pikiran bae. Kapriye gèr, apa kowe gêlêm tak jodhokake karo Sumarmi.

Sanalika Radèn Sumarta mirêng ngandikanipun ingkang ibu makatên wau, lajêng ngadêg kalihan gumujêng kêkêl, wusana lajêng wicantên: Kados makatên adatipun băngsa kula Jawi: bu. Sabên tiyang sami gadhah kuwaos, badan kula ngantos dados gantosan, jalaran saking nyambut arta, kêpotangan budi. Sadaya namung nêdya ngêluk-êlukakên manahing tiyang, ingkang prêlunipun badhe dipun jodhokakên. Inggih tata ngadat ingkang kados makatên punika ingkang anjalari manah kula lajêng kêtarik dhatêng tatacara Walandi. Mênggahing Walandi, nalika lare, kulawarganipun namung pinanggih ing bapa biyung tuwin sadhèrèk. Manawi sampun ngumur, tumraping jêjodhoan wênang gadhah pamilih piyambak, tumrap kulawarga sanès-sanèsipun, botên kenging cawe-cawe. Manawi kulawarga wau botên mathuk, botên praduli. Dene manawi sampun kalampahan jêjodhoan, kulawarganipun inggih namung anak bojo. Nanging tumrapipun băngsa kula, para sêpuh namung nêdya ngawonakên thok, tuwin botên wontên pêdhoting rêmbag, kados ta: dèrèng rabi, salêbêtipun jêjodhoan, ngantos dumugi badhe pêgatan pisan, tiyang sêpuh tansah ngêmori rêmbag kemawon, tur dèrèng tamtu lêrês ing pamanahanipun kados ingkang nglampahi.

Nanging: bu, sadaya wau botên kula manah, botên adamêl bingung kula, awit kula pancèn sampun nêdya misah kalihan sanak-sadhèrèk. Dene manawi ingkang sami potang, saya malih tumrap pak mantri guru, sami ngajêng-ajêng sauran, badhe kula cicil. Kalihan malih sambutan wau, ing ngajêng rak botên saking panêdha kula: ta.

Ing sapunika ing bab salakirabi, prêlunipun punapa ibu nyêkolahakên kula, bilih prêlunipun namung badhe anggathuk-gathukakên kalihan băngsa piyambak. Hara cobi, pundi băngsa kula ingkang kasagêdanipun angiribi kasagêdan kula.

O, gèr, kuwi rak mung jalaran saka durung kolakoni, mula bisa kăndha mangkono. Tinêmune ing saiki, rak akèh bocah-bocah sing wis padha sêkolah Mulo, sêkolah guru, sêkolah luhur lan liya-liyane.

Inggih wontên, nanging ingkang kathah sawêg sagêd basa Walandi kemawon, tumraping têtiyang pakampungan, wah lajêng dipun umbul-umbulakên sangêt. Nanging mênggahing kasagêdan yêktos, ingkang băngsa Walandi mastani algemeene ontwikkeling punika namung pinanggih ing tiyang wêdalan H.B.S. kemawon, tuwin ingkang sampun têtunggilan kalihan băngsa Walandi. O, inggih tiwas kula matura kathah-kathah, ibu măngsa mangrêtosa, awit kathah atur kula ingkang ngangge basa Walandi, măngka kula botên mangrêtos têgêsipun ing basa Jawi. Mênggah kajêng kula, kula badhe rabi kanthi katrêsnan, awit namung katrêsnan ingkang badhe sagêd nyampurnakakên raosing salakirabi. Dados caraning lakirabinipun băngsa Jawi, punika nyulayani [nyula...]

--- 512 ---

[...yani] sangêt kalihan raosing wulangan kilenan.

Manawi Radèn Sumarta sampun ginêman kados makatên punika, ingkang ibu namung kèndêl kemawon. Awit saupami badhe mangsuli sampun botên sagêd, saking botên wontên sêlanipun. Lan saupami kalampahan dipun wangsuli, Radèn Sumarta lajêng ngatingalakên anggèning inggil sêsêrêpanipun, saha lajêng ngrèmèhakên dhatêng tiyang sêpuh.

Bilih Radèn Ayu Prawira mirêng ginêm kados makatên punika lajêng namung kèndêl kalihan muwun, saha ngrumaosi dhatêng pêpasthèn ing bab anggèning gadhah anak pintêr punika.

Cupêting ginêm ingkang kados makatên punika, botên sanès namung kapênggak dening tangis, tuwin botên namung sapisan punika kemawon. Nanging karaosing panggalihipun Radèn Ayu Prawira, botên kados sagêdhagan punika. Ing galih sampun rumaos, bilih anggèning ginêman dipun panjang-panjangakên, namung badhe adamêl kasusahan kemawon, inggih kadospundi malih, kêdah namung narimah. Raos gêrahing panggalih tansah dhêdhasari sabar, awit mênggahing biyung botên nêdya sampun-sampun anggèning badhe andandosi risaking anak, dhasar putranipun Radèn Ayu Prawira namung satunggal thil punika. Lan malih ingkang tumanêm dados raosing panggalih, ing bab anggèning dèrèng ngaturi katrangan dhatêng ingkang raka radèn ngabèi mantri guru, malah wangsulipun kanthi gêrahing panggalih. Inggih namung bab punika ingkang rêmbagipun badhe dipun matêngakên.

O, botên pantês mênggahing anak ngantos ngasari rêmbag dhatêng biyung, sanadyan biyungipun tiyang alit pisan, pantês dipun aosi.

4. Raos kasamaran

Amangsuli ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, ing sadalu muput Nonah Dhorah tilêmipun namung dhat-dhatan kemawon, ing batos tansah thak-thik anggagas, Radèn Sumarta punika trêsna sayêktos punapa botên. Cipta makatên wau sajatosipun sampun limrah, pinanggihing manahipun tiyang ingkang rangu-rangu, nanging ing batos angajêngi. Kajawi punika ugi tansah mirêng suwara ingkang kacakrabawa, dene tumrapipun Nonah Dhorah, suwara ingkang kacakrabawa wau mungêl: ora bisa, anak Walănda jêjodhoan karo anake wong Jawa. Nanging lajêng wontên panyakrabawa: sanadyan wonga Jawa kae, bisa bae hake dipadhakake kaya Walănda. Tiyang inggih gagasan dipun udhar, tamtu ngămbra-ămbra.

Sasampunipun makatên, Nonah Dhorah lajêng anggagas ngawontênakên panyăndra ing bab kawontênanipun Radèn Sumarta, dipun gagapi wiwit lair ngantos dumugi batosipun. Gagasanipun: Radèn Sumarta punika bagus, pakulitanipun sairib Walandi, nyêbal saking pakulitan Jawi. Wêwatêkanipun gêthing dhatêng bangsanipun piyambak. Sêsêrêpan, solah-tingkah tuwin wêwatêkanipun sampun kados tiyang kilenan. Saupami Radèn Sumarta punika botên têtunggilan kalihan ibunipun ingkang anjawèni sangêt punika, tamtu dipun kintên sanès Jawi. Tuwin jalaran saking anggènipun gêthing dhatêng bangsanipun piyambak punika, piyambakipin tamtu rêmên dipun samèkakên kados băngsa Eropah. Tumrap padamêlanipun, nama padamêlan Walandi, dados saupami sampun dipun samèkakên kados băngsa Eropah, gampil sagêdipun manggih pangkat ingkang langkung inggil.

Sanadyan gagasanipun Nonah Dhorah sampun mulur samantên, ewadene tansah grag-grêg, malah sok lajêng dipun papas: Botên, botên, Radèn Sumarta têtêp namung dados mitra sajati. Nanging pamigih[6] makatên wau asring nuwuhakên pitakenan: punapa yêktos.

Wontênipun Nonah Dhorah gadhah gagasan makatên, awit anggènipun kulina kalihan Radèn Sumarta sampun wiwit sangkaning alit, inggih kancanipun dolan. Nalika sami wontên pamulangan andhap, Radèn Sumarta dipun anggêp kados sadhèrèkipun sêpuh, sabên-sabên murinani ing kalanipun Nonah Dhorah dipun beda ing lare-lare jalêr. Sarêng Nonah Dhorah wontên ing Batawi, mênangi Radèn Sumarta nêm wulan, lajêng pêpisahan, awit Radèn Sumarta lajêng wangsul. Dene salêbêtipun nêm wulan wau, sagêd pêpanggihan kaping tiga. Lajêng pêt, botên kintun-kinintun sêrat. Sasampunipun punika, sagêdipun pêpanggihan namung manawi nuju liburan, inggih lajêng kulina kados adat.

Nanging sarêng Nonah Dhorah sampun diwasa, inggih punika sarêng sampun malêbêt dhatêng H.B.S. pakulinan ingkang kados makatên punika lajêng dipun suda, prêlu kangge ngrêksa prajanipun, makatên malih manggènipun wontên ing nagari alit, wontênipun namung sarwa katingal.

Nonah Dhorah anggèning dhatêng griyanipun Radèn Sumarta namung kala-kala, tur inggih ambêkta kănca, makatên ugi manawi mlampah-mlampah kalihan Radèn Sumarta, tamtu ambêkta kanthi. Tindak makatên wau namung prêlu kangge anjagi ucaping tiyang, awit mênggahing băngsa Jawi, pasrawunganing jalêr èstri neneman, dipun anggêp marojol, manawi tumrap tatacaranipun piyambak makatên, nama dede punapa-punapa.

Tumrapipun Radèn Sumarta samantên ugi, tangkêpipun dhatêng Nonah Dhorah inggih kados sadhèrèk yêktos, nanging salêbêtipun liburan punika, saya malih sarêng pêpanggihan ingkang kantun piyambak punika, solah-tingkahipun têka nganyar-anyari. Makatên ugi kala pêpanggihan wontên ing papan tenis nalika Radèn Sumarta nyandhak tanganipun Nonah Dhorah, badhe dipun tèmpèlakên ing irung, punika dados pratăndha sanès supêkêting sadhèrèk, mila nalika kasumêrêpan ing tiyang sanès, Nonah Dhorah sakalangkung anjanggirat. Ewadene raos kasamaran wau malah tansah nabêt wontên ing manah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kumênyar. (kembali)
§ Gus Sandiman cengkoke katitik | lêmês cara Solo | purwakanthi mung kasandhung bae | dhuh-dhuh anggèr kaparênga mugi | kala-kala tuwi | Kajawèn kang suwung || Red. (kembali)
Tidak terbaca. (kembali)
namung. (kembali)
§ Lo, mbok aja nekad, ta! Red. (kembali)
pamanggih. (kembali)