Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-28, #671

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-28, #671. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-28, #671. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 34-35, 21 Bêsar Je 1862, 28 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [529] ---

Ôngka 34-35, 21 Bêsar Je 1862, 28 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Paduka Prinsès Juliana

[Grafik]

Ing dintên Sabtu tanggal kaping 30 wulan April 1932 punika, kalêrês wiyosan dalêm Prinsès Juliana. Gambaripun ingkang wêkasan piyambak, kados ing nginggil punika, ingkang sisih kiwa.

--- 530 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

IX.

Petruk : Kang Garèng, saiki rungokna tak caritani mungguh sing diarani: kêdaling wicara, yaiku: kudu bisa nuju lan ngêmori rêmbug, saolèh-olèh rêmbuge kudu kanthi pikiran, kudu nuju prana, aja ambêngkunung, aja lêlamisan, aja...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, sarèh, sarèh, ana kok banjur andrêmimil kaya wong wadon sing nômpa blanjane sing lanang kang ora ganêp kae. Rak iya saka siji, Truk, dadi bisa cêtha. Sabisa-bisa rak kudu diurutake, kaya ta: saiki kudu ngrêmbug dhisik sing kok arani: kudu bisa nuju lan ngêmori rêmbug. Wah, kiyi sanyatane angèl bangêt, awit sanadyan mung rêrêmbugan, siji-sijining wong kuwi duwe kêkarêman dhewe-dhewe. Mulane yèn arêp rêrêmbugan karo wong kudu diati-ati, aja mung arêp ngrungokake suwarane dhewe bae, yèn kowe durung wêruh sing dadi kêkarêmane sing kok ajak omong mau. Wong aku dhewe wis tau ngalami, Truk, saka bungah-bungahku olèh kabêgjan, kuwi sabên uwong tak caritani. Hla, kiyi mèh bae aku cilaka, yaiku ana dhayoh sing aku durung pati têpung. Sauwise tak lênggahake lan tak bagèkake, aku iya banjur carita kabêgjanku mangkene: wah, mas, bêgjaning tiyang niku kok botên kenging kinintên-kintên. Ênggih sêg malêm Minggu nika, gawan kula mung f 5.- thik dijak kat-katan f 25.-, sarèhning isin yèn nganti kula botên saguh, ênggih kula tandangi mawon. Barêng êmpun rong kubêngan, sangu kula êmpun pêdhot, nanging mêksa kula banjurake, nèk-nèke mangke kêrtune [kêr...]

--- 531 ---

[...tune] bisa urip, dumadakan, barêng sakubêngan malih, turne cêki kula êmpun mati sêtunggil, dilalah sarêng nguthut malih, jêbul: plengah, kathik labas... raja. Wah, ênggih têrus narik sathekruk mawon, wiwit niku, cêkake wahyu widayat dumunung ontên kula, nganti ulih kula bisa anggotong yatra kurang kapat sasur gelo kemawon gênêp cêpèk. Sing tak ajaki omong mau Truk, iya mung ênggah-ênggih bae, nanging barêng esuke, aku jêbul ditimbali nyang kabupatèn, ana ing kono aku tômpa dêdukan sing sasayahira kae, dielingake anane sirkulèr sing nglarangi priyayi main, kanthi diancam, yèn nganti dipindhoni, bakal olèh layang mêrtega alias dilêpas. Hara, apa ora kojur, ora ngrêtia yèn sing tak ajaki omong mau jêbul bangsane... coro.

Petruk : Wiyah, ambok aja sok dhêmên mêmoyok. Mula iya nyata angèl bangêt bisane nuju lan ngêmori rêmbug kuwi, apa manèh tumrape jaman saiki, ora ngêmungake angèl bangêt bae, nanging iya kudu ngati-ati têmênan. Wong jaman saiki kiyi jaman paido-paidonan. Nèk sing dianggo jêjêr rêrêmbugan kuwi upamane pêpanganan, ana sing ngunèkake jarene kaya... celengan, sing dirêmbug ora ana liya kajaba arêp mrada... têlèke dhewe. Nèk ngrêmbug ing bab kasênêngan utawa karoyalan, jarene dudu anake bapakne, nanging anaking... setan, têgêse panyiptane bapakne dhèk biyèn, ora sarana tapabrata, nanging kadêrêng saka krêsaning bêndara bèi... dhêmit, mulane barêng dadi wong mung tansah anuruti pangojok-ojoking setan, nèk arêp ngrêmbug bab kasampurnaning wong ngaurip, jarene bôngsa... majênun, apa manèh nèk rêmbugan sing gêgayutan karo prakara pulitik, wah, hla kuwi tobat mêncit têmênan, jalaran, nèk ancase alus, jarene nyara ulêr kambang, nèk kêras, diunèkake: kuminis, nèk sungkan ngomongake prakara pulitik, diarani bangsane... togog. Mulane bêciking bêcik kuwi kanggone saiki, ngukuhi paribasan Walônda sing unine kira-kira mangkene kae: omong iku pêpindhane salaka, nanging mênêng iku êmas. Dadi karêpe: sabêcik-bêcikane ngomong, rak luwih bêcik mênêng bae.

Garèng : Nanging Truk, nèk ana ing sajêroning kêkumpulan, kok tungkul mênêng bae, mêngko gèk diarani: pènsiunan... gondhol wewe. Mulane nèk mungguhing aku mêksa isih dhêmên nêtêpi piwulange para sêpuh, bisaa manjing ajur ajèr, utawa mêncala putra mêncala putri, têgêse: bisa ngumpuli sadhengah uwong, ora prêduli bangsane priyayi, sudagar, santri, gêntho utawa pulitikus pisan. Kiraku iya sing watak mêngkono kuwi, sing bisa slamêt uripe. Saiki omongmu ing ngarêp sing ngunèkake: saolèh-olèh rêmbuge kudu kanthi pikiran. Yak, hla nèk kiyi rak iya wis mêsthi bae ta Truk. Nèk rêrêmbugan, kok pikirane dislêmpitake pagêr upamane, mêsthine wêtuning têmbung rak iya calêmang-calêmong kaya wong kêtagihan impling. Sabanjure [Sabanjur...]

--- 532 ---

[...e] kowe ngomengake:[1] kudu nuju prana. Wèh, Truk, nèk cara jaman saiki kok bisa mêngkono, sanalika bae banjur olèh titêl: ahli... golèk pêndhok, kaya ta upamane mangkene, dupèh sèpe utawa lurahe sing kôndha: apa gawene pênuntun-pênuntun pakumpulan kuwi, rak mung bêngak-bêngok tanpa isi, amrihe cikbèn diprêcaya dening wong-wong bodho sing jarene dituntun mau, nanging iya ora jênêng nuntan-nuntun, sabênêre rak arêp anjêburake ana ing naraka kasangsaran. Dene sing diajak rêrasan karo panggêdhe sêmprul mau, ing sarèhne kêpengin nuju prana, banjur amangsuli: mila inggih kasinggihan pangandika panjênêngan, kangjêng tuwan. Hara wong sing kaya ngono kuwi, apa ora kêna diarani ahli golèk pêndhok. Ukumane apês ambalêbês kudu digantung kaping pitulikur sadina.

Petruk : Lo, ora mêngkono sing diarani nuju prana kuwi, sabênêre sing dak arani nuju prana mau: wong sing bisa gawe lêjare utawa padhange atining liyan, yaiku sing prasasat bisa awèh pêpadhang marang pêpêtênging ati. Dadi karêpe ya wong sing wicaksanèng budi. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Eropah

[Grafik]

Pêthi layonipun Tuwan Ivar Kreugen ingkang gadhah pabrik rèk, cap balon ing Swidhên, tilar donya wontên Paris, nalika kainggahakên dhatêng sêpur, Paris-Hambêrêh, badhe kabêkta saha kakubur ing Stockhlom.

--- 533 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Ka. Ucap-ucap pandhita.

Ngartawu.

Ing pratapan Satasrêngga iya ing wukir Ngartawu sawêwêngkone pacrabakan dahat asri araras, tataning taman-taman katanêman, atap sagunging sêkar kang endah-endah, gumônda nanduki grana amrik arum angambar-ambar. Èrèng-èrèng iringing pakarangan sinidhang-sidhang marga pating dalèrèh. Têtêbakaning patamanan tinon kadi babut kêmbangan.

Ing bale pacrabakan tuwin sanggar palanggatan katon munggul angegla luminggu arêgu. Kukusing ratus dupa wêwangi kumêlun mulêg muluk ing antariksa, kongas gandane ngèbêgi desa mônca pat mônca lima.

Ing sanggar palanggatan kêkuwunging kawingitan sakalangkung gawat kaliwat-liwat. Kathah cahya teja andaru pating calorot pating galêbyur. Sagunging ibêr-ibêran, kaga garudha sapadha-padhane, yèn ngungkuli ing palanggatan sayêkti tiba kumlumbruk kadi kêna sêsanglad, sanadyan para dewa dèwi, widyadara widyadari, gandarwa gandarwi, sarta jim pêri prayangan, yèn lumawad ora wani ngungkuli pacrabakan, sami nyimpang nyalimpang têbih, saking dahat luhur prabawane sang maharêsi. Sagunging titah madyapada tuwin sato sabawa, kutu-kutu walang-ataga, yaksa pisaca lan bangsaning lêlêmbut sami kèdhêp makidhupuh, nora ana wani anjêjadha. Manawa ana kang wani dêksura amasthi sirna wêdrah lêbur tanpa dadi.

[Grafik]

Pasuryane wingit tumeja wêning...

Sintên jêjuluke sang pandhita: Sang Bagawan Krêsna Dwepayana, Sang Wyasa, Sang Byasa, Sang Gôndawatiputra iyang[2] Sang Parasaraputra. Bagawan Wyasa nyata pandhita luhur utama alingga jawata purba. Pasuryane suci wingit tumeja wêning, cahyaning prabawa sumundhul ing antariksa. Sang pandhita sajati wus purna sidhi wisudha nunggal kaanan kalawan Sang Hyang Suksma Kawêkas. Ananging sinamun tansah muja samadi ngugêmi

--- 534 ---

ngagêm agama, marma saya katongton luhuring prabawa. Sang yogi wus soca bathara. Pirsa panduk pandoning dumadi, wêwadining bawana wus nora kasamaran. Putus mumpuni widagdèng widining catur weda. Rêgwêda, Ksamaweda, Yajurweda, Atarwaweda, wus kagêm kagêlung ginulangake para siswa.

Apa kang aran Rêgweda: ngèlmu kang ngêmot sakèhing japa-japa mantrastuti. Ksamaweda: angêmot puja pangastawa rinakit kalawan kidung pralambang, sarta angêmot patrap jantraning yoga samadi. Yajurweda: angêmot sagunging sêsaji paliyasan, sawarnining mêmule ing saindênging tri bawana. Atarwaweda: angêmot sakèhing daya-daya guna dhêsthi sapanunggalane.

Siswane sang maha pandhita ora angêmungake para wiku biksu, ajar cantrik manguyu jêjanggan, puthut tunggul paragak tuwin indhung-indhung endhang bidhang dhayang abêt ubon-ubon, sanajan para banija, nakoda dhampu awang tuwin para punggawa narapraja, satriya putra lan putri minggah dumugi para nata binathara sami puruita dadi siswa sajati susêtya.

Ing nalika punika sang maha rarêsi sawêg lênggah wontên samadyaning made pamidikan, kaadhêp... (namaning satraya).[3]

[Grafik]

Yèn gajah lumrah glombroh-glombroh...

Da. Ucap-ucapan gajah

Kyai Puspadênta pranyata gajah dibya sakti gagala, pantês titihane nata Madura, sêmbada kalawan wujude. Yèn gajah lumrah glombroh-glombroh pating glidhêr, yèn Puspadênka[4] ora, jarot singsêt kadagingan, yèn uwonga mêthokol otot kawêtu.

--- 535 ---

Puspadênta mung kacèk ora bisa tata jalma, nanging graitane lantip trampil awas marang sasmita. Apa pêpanganane Puspadênta: yèn gajah lumrah panganane dêbog sukêt, klaras, kêlaipe uwuh anggrah-anggrah iya doyan. Yèn Puspadênta ora watak. Yèn esuk sarapan gandhos êndhog têlung jodhang nganggo lawuh asinan lidhah acar, sambêl gorèng utak rong jodhang. Ngombene wedang tèh ora doyan, sing dikarêmi wedang soklat karo susu rum sing kênthêl rong tong, yèn kurang angêt sathithik wae banjur disemplang. Yèn mangan Kyai Puspadênta bêras bêndha godhong salawe bodhag, lawuhe ora pati warna-warna, mung dhèndhèng lêmungsir, pindhang banyak, sambêl gorèng èbi, êndhog dadaran urang, blêbêt tômbra, ora kèri êmpal lidhah, akèhe sapuluh jodhang. Yèn sakira prungsang nganggo jangan tim dara lan garangasêm babon têlung wajan pabrik. Banjur glègèkên kaya gludhug môngsa kapat. Ombèn-ombenane yèn gajah lumrah mung banyu tawa, banyu kali, kêlaipe banyu kalèn iya doyan. Yèn Puspadênta ora, ombèn-ombenane brèndhi likir, gura lan anggur malaga sapuluh tong. Panggêngane wedang tèh sucong dirêndhêm ès.

Samana Kyai Puspadênta katimbalan mangayun badhe tinitihan. Sampun binusanan abra mubyar, palana lêlawak baludru abang tinêmlok sotya bèrêm mas. Gadhing cinathok-cathok kancana silih asih, têlale ginubêd-gubêd sutra kêling môncawarna sarwi angundha-undha candrasa, molah angoling-aling kadi nagaraja. Murub mubyar busanane Puspadênta tinon saking mandrawa kaya gunung kobar.

Sanalika sinasmitan lajêng ngoling anjêrum amungkur lumaku tinitihana.

Indhiya Inggris

[Grafik]

Pulisi ing Indhiya Inggris nuju ambibarakên arak-arakan, ingkang dipun wontênakên dening kulawarga konggrès.

--- 536 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Kawontênanipun rêmbag padhamèn, sanadyan dintênipun sampun mindhak, nanging saupami tiyang lumampah inggih taksih ajêg botên napakakên jangkah. Inggih nama pasulayan makatên, wontênipun namung sarwa sujana-sinujanan, kados ta nalika Tiongkok ngangsêg rêmbag dhatêng polkênbon, Jêpan lajêng sujana, ngintên manawi Tiongkok gadhah manah botên jujur, wontênipun kenging panggrayangan kados makatên, amargi ing sadèrèngipun, Tiongkok botên angabari dhatêng konpêrènsi ing Syanghai rumiyin. Makatên ugi kosokwangsulipun, Tiongkok inggih gadhah pandakwa ingkang salaras kados makatên. Tamtu kemawon wartos kados makatên punika inggih lajêng sumêbar waradin dumugi pundi-pundi.

Manawi dipun manah makatên, pinanggihipun wontên ing môngsa paprangan, ewah-ewahan praja punika gampil sangêt dipun eguhakên, tumrap jajahan kapengin badhe mardika, pinanggihipun ugi sagêd kalampahan, upaminipun Mansuriah. Nanging sarèhning ewah-ewahan wau pinanggih wontên ing kalamôngsa kados makatên, ugi lajêng wontên sanèsipun ingkang kapengin, kados ta propènsi Hèi Lung Kiyang, inggih nêdya madêg pribadi. Dados manawi makatên, kamardikan punika tansah dados pêpenginan.

Sarèhning kawontênan ing papan paprangan punika isi lêlampahan warni-warni, tindak dakwa-dinakwa inggih tansah wontên kemawon, kados ta ing Arbin, mêntas pinanggih wontên barang ingkang sagêd anjêblos, dipun pasang wontên ing sangandhaping krêtêg margi sêpur ing lèpèn Sungari. Bab punika lajêng pangagêng Jêpan tuwin Mansuriah lajêng gadhah pandakwa bilih saking pandamêlipun Sopyèt Ruslan, wusana lajêng wontên dhawuh gledhah dhatêng griya-griyanipun bôngsa Sopyèt ing Arbin tuwin tiyangipun dipun cêpêngi.

Tindak kados makatên punika tamtu kemawon lajêng nuwuhakên panduwa, ingkang araos ngrêsikakên badan, Sopyèt botên purun dipun dakwa awon, lajêng gadhah pandakwa manawi bab wau kintên-kintên saking pandamêlipun bôngsa Rus pêthak, ingkang gadhah sêdya badhe ngabên Jêpan kalihan Rus. Kajawi punika Rus ugi jawab botên gadhah sêdya makatên, awit sawarnining tindak pangrisak, punika tamtu botên atilar beya, môngka mênggahing nyatanipun, Rus piyambak prêlu ambêtahakên arta. Bab punika lajêng katingal, bilih tumraping golongan wau lajêng kêtuwuhan manah prayitna. Lan malih sadaya-sadaya wosipun sami botên tilar kamelikan, mila Rus lajêng gadhah rêmbag kalihan paprentahan Mansuriah enggal, badhe nêpangakên rêmbag, supados Jêpan ngicalakên èwêd-pakèwêd lêlayananipun kalihan paprentahan enggal wau, murih sami manggih karaharjan dhatêng sadayanipun.

Upami wiji ingkang sampun kalajêng dhumêdhêr, punika li-

--- [537] ---

[Grafik]

Untabing têtiyang ingkang ngungsi pados panggenan saking Sapei.

--- 538 ---

mrah sok lajêng thukul, inggih punika ing Hèi Lung Kiyang wontên ura-uru ingkang ngêgèt, saperanganing margi sêpur ing laladan ngriku wontên ingkang mawut dening dipun bom, ngantos angêndhêgakên lampah. Ing ngriku Jêpan lajêng gugup apacak baris pintên-pintên pôntha. Sapunika Tiongkok lajêng nuding dhatêng Jêpan, tuwuhing pandamêl ingkang kados makatên wau tamtu jalaran saking anggèning Jêpan mêntas nyêpêngi têtiyang Sopyèt ingkang gêgayutan pandakwa bab kawontênan ing krêtêg lèpèn Sungari. Wêkasan pinanggihipun lajêng sami ngagêngakên kaprayitnan.

Sapunika sampun saya katingal bilih wontên pang pasulayan ingkang tuwuh malih, Jêpan katingal sangêt anggèning pasang kaprayitnan, kapal-kapal pêrang Jêpan tansah wira-wiri nganglangi lautan ingkang kamanah adamêl kasamaran, wosipun anyujanani dhatêng Ruslan.

Jagad manawi badhe rame, inggih wontên-wontên kemawon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 5010 (t. Soemoatmodjo) dumugi 31/12-'32.

Lêngganan nomêr 2713 (t. M.Ng. Djogowitjitro), f 4.50 punika cêkap dumugi 31 Januari 1933.

Lêngganan nomêr 4332 (t. R. Semedihartono), lêngganan kapetang wiwit 1 April.

Lêngganan nomêr 124 (t. Sastrawijoto), kêlungsèn sangêt anggèn panjênêngan paring priksa.

Lêngganan nomêr 2936 (t. H.Moh. Moekmin), lêrês panjênêngan sampun ambayar. Blangko kenging kagêm sanès dintên.

Lêngganan nomêr 4332 (t. R. Semedihartono), lêngganan kapetang wiwit 1 April.

[Iklan]

--- 539 ---

Bêna ing lèpèn Bathang

Para maos tamtunipun sampun botên kêkilapan dhatêng pawartos ing bab bêna ing lèpèn Bathang, awit pawartosipun sampun sumêbar dumugi pundi-pundi. Nanging kados inggih dèrèng tamtu para maos wau sampun nguningani dhatêng panggenan tilas ingkang kêbênan. Mila ing ngriki prêlu nyariyosakên kawontênaning bêna wau sawatawis, kanthi ngêwrat gambar-gambaripun.

[Grafik]

Krêtêg tembok ingkang kuwawi nanggulangi bêna, namung karisakan ing perangan nginggil.

[Grafik]

Sela agêng ingkang kentir ing toya.

Mênggah bêna ingkang kados makatên punika limrahipun dipun wastani bêna ladhu, awit lampahing toya santêr kanthi ambêkta ladhu, inggih punika toya ingkang kamoran êndhut ingkang warninipun ngantos abrit. Dene bêna kados makatên punika pinanggih ing lèpèn agêng ingkang cêlak parêdèn. Ing kalamangsanipun toya dhatêng, suwaranipun gumludhug kumrasak, awit lampahing toya sakalangkung santêr, ambêkta sela agêng-agêng katut gumalundhung anut ilining toya.

Kados ingkang pinanggih bêna ing lèpèn Bathang wau, dhatêngipun sakalangkung angêgèt, tur mênggah sajatosipun, ugi sampun dipun wontênakên pajagèn, ingkang prêlu badhe suka sasmita samôngsa wontên bêna, dados ing sadèrèngipun, ugi sampun ngawontênakên kaprayitnan. Nanging wantunipun bêna ingkang kados makatên punika pancèn anggêgirisi, mila sanadyan wontêna têngara kênthong titir, tumundhaning sasmitanipun sampun dipun sarêngi [sa...]

--- 540 ---

[...rêngi] dhatênging toya, ingkang tumêmpuhipun dhatêng padhusunan kados tanpa antan-antan, tuwin papan ingkang dipun trajang wau inggih botên mawi pilih-pilih, wêkasanipun ngantos adamêl kapitunan kathah, wontên ingkang awarni sabin, griya-griya dalah padhusunanipun pisan, dipun rampêt tanpa tampik lajêng dipun êlêbi.

[Grafik]

Margi sêpuh N.I.S. ingkang risak katêmpuh ing bêna.

Ing sakala ngriku têtiyangipun sami ngili dadakan, ngantos supe dhatêng bale griya tuwin rajadarbèkipun. Ing nalikanipun toya taksih tumêmpuh, ing papan ingkang katrajang, katingal ambalabar kados sagantên, nanging sarêng sampun angok ngantos dumugining asat, tilas-tilasing toya wau lajêng pating janggêlêg wontên selanipun.

[Grafik]

Dhusun ingkang sipatipun santun dados papan panggenan sela.

Ing ngriku lajêng katingal papan-papan ingkang karisakan jalaran kêtêmpuh ing bêna, saha sagêd ngintên dhatêng karosaning toya nalika nêmpuh, sabin-sabin ingkang kurugan wêdhi ngantos pintên-pintên pandêlêng, dhusun-dhusun ingkang rumiyin katingal asri, asantun wujud dados papan ingkang kèbêkan sela agêng-agêng tanpa wicalan. Mênggah gênging sela-sela wau wontên ingkang ngantos anggawokakên, awit saupami sela wau dipun usung ing tiyang, kangkatipun botên tarimah tiyang dasanan kemawon, sagêd ugi ngantos atusan. Kawontênan kados makatên punika tumrap ingkang taksih ngawontênakên gugon tuhon, lajêng anggadhahi panganggêp, bilih lampahing sela wau dipun bêkta ing lêlêmbat, saya malih ngèngêti pinangkanipun saking rêdi Marapi, ingkang pancèn misuwur panggenaning lêlêmbat. Nanging umumipun wontên ing jaman sapunika, pamanggih ingkang kados makatên punika sampun tinêbihakên, linintu ing piandêl, bilih sadaya pinanggih saking daya karosaning toya.

Sayêktosipun lèpèn Bathang punika pancèn damêlipun [damê...]

--- 541 ---

[...lipun] bêna, nanging bêna sagêdhagan punika agêngipun ngantos ambal-ambalan. Mirid kawontênaning bêna ingkang asring pinanggih ing ngriku, lajêng nuwuhakên rekadaya santosaning krêtêg-krêtêg ingkang asring tinêmpuh ing bêna. Kados ta krêtêg antawising margi saking Ngayogya dhatêng Magêlang, punika yasanipun Ir. P.A. Halen kala ing taun 1859, mênggah kasantosanipun kenging dipun pitados yêktos, tandhanipun ngantos sapriki taksih sae, malah kala bêna punika ugi kuwawi nanggulangi panêmpuhing toya, namung wontên ingkang risak sawatawis.

[Grafik]

Agênging bêna sagêd nitik dhatêng wujud ing nginggil punika.

Pinanggihing sawangan ing sabibaripun bêna, ing pundi-pundi katingal namung damêl trênyuh, kados ta pasabinan ingkang rumiyin katingal nêngsêmakên, lajêng santun awarni sela pating jênggunuk tuwin wêdhi. Padhusunan katingal suwung, têtiyangipun sami ngili, katingalipun kados dhusun ingkang sampun dipun tilar têtaunan.

Makatên ugi margi ingkang rumiyin rame, lajêng dados sêpên nyênyêt. Dene têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, namung para layat kasangsaran.

Karisakan ingkang jalaranipun saking bêna punika, pinanggih ing pintên-pintên panggenan, kados ta padhusunan, margi-margi, sabin, margi sêpur, krêtêg-krêtêg tuwin sanès-sanèsipun. Ing wêkdal punika, ingkang wajib sawêg srêmpêngan nindakakên rêrigên andandosi karisakan wau, tuwin nindakakên pitulungan dhatêng para têtiyang ingkang sami kasangsaran.

Wusana pinuji mugi sadaya tumuntêna sagêd manggih pitulungan.

--- 542 ---

Kawruh Sawatawis

Minggah sarta Surutipun Toya Sagantên

Redhaksi Kajawèn tampi panjurung saking Tuwan Pardi, upsir lautan ing kapal satêngah gupêrmèn. Tuwan wau salajêngipun badhe kaparêng manjurung kangge isining Kajawèn. Ingkang punika redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Dene gambaripun Tuwan Pardi wau kados ingkang dipun êwrat ing karangan punika.

[Grafik]

Ing ngriki prêlu nyariyosakên sakêdhik, bilih padamêlan dados upsir lautan punika, tumraping golongan tiyang siti, pinanggih taksih lôngka, lan malih ing sapunika pamulangan wau sampun kasuwak.

Andharaning karanganipun Tuwan Pardi kados ing ngandhap punika:

Sintên ingkang sampun nate priksa palabuhan utawi sungapan lèpèn cakêt ing sagantên, sagêd anyumêrêpi manawi toya sagantên punika minggah sarta surut. Minggah ingkang dados jalaranipun inggih punika srêngenge kalihan rêmbulan, para ahli maos pangintên kula sagêd anyumêrêpi, manawi donya punika bundêr, dipun kêpung toya kalihan siti, mênggah wiyaripun siti kintên-kintên sapêrtiganipun toya, dados toya sagantên wau kadosdene dipun tarik dening srêngenge kalihan rêmbulan. Mênggah sagêdipun cêtha kados gambar punika.

Kala jaman rumiyin botên wontên tiyang ingkang sagêd anyumêrêpi bab prakawis punika, ngantos para sarjana saking nagari pundi-pundi sami ambudidaya madosi jalaripun[5] minggah sata[6] suruting toya sagantên wau, ngantos pintên-pintên taun laminipun, dene ing Indhiya ngriki ingkang ambudidaya bab punika inggih punika Tuwan Dr. van der Stok, kala rumiyin Hoofd van het Magnetisch en Meteorologisch Observatorium ing Batawi.

Ananging ing sapunika sampun kathah ingkang dipun sumêrêpi, ngantos sagêd mêsthèkakên wancinipun minggah sarta suruting surya sagantên wau, mawi petangan. Tumrapipun ing tanah ngriki, sagêd anyumêrêpi petangan kados makatên punika, kathah sangêt pigunanipun, amargi kados ta: kangge kapal-kapal ingkang badhe malêbêt ing palabuhan utawi ing lèpèn agêng, manawi ing panggenan wau toyanipun cèthèk, sampun têmtu manawi kapal wau botên sagêd malêbêt, dados kapêksa ngêntosi minggahing toya sagantên. Dados kangge para dagang gunanipun kathah sangêt. Punapa malih ing kikis Sumatra Wetan sarta ing Borneo, mèh sadaya sungapan lèpèn ingkang agêng-agêng kathah ingkang cèthèk.

Mênggah minggahing toya wau ing satunggal-tunggaling panggenan [pang...]

--- 543 ---

[...genan] sanès-sanès, wontênipun ing tanah ngriki wontên ingkang kalih ngantos tigang mètêr, ananging ing nagari Eropah wontên salah satunggaling palabuhan ingkang minggahipun toya sagantên wau ngantos kintên-kintên pitulas mètêr.

Tumrap ingkang cakêt sungapan lèpèn wontên ingkang minggahipun toya wau enggal sangêt, ngantos dhatêngipun toya wau kadosdene ombakipun sagantên utawi bêna agêng. Wontên ing lèpèn Kampar ing kikis Sumatra Wetan dipun wastani bêna, bokmanawi têmbung punika aslinipun saking tanah Jawi, inggih punika: banjir (bêna).

[Grafik]

Daya panggèndèngipun srêngenge kalihan rêmbulan.

Dene bêna wau saking kathahing kêkiyatan toya sagêd ngrisak dhusun-dhusun ingkang cakêt sungapan wau, utawi kapal-kapal ingkang pinuju wontên ing ngriku.

Wontên malih sagêd ugi minggahipun toya sagantên ing sungapan lèpèn, enggal sangêt sarta ngantos pintên-pintên mètêr ngungkuli sabên dintênipun, inggih punika ingkang dipun wastani vloedgolf, mênggah ingkang dados jalaranipun lindhu ing sagantên, kadosdene kala panjêblugipun rêdi Krakatao, kala taun 1883, ngantos andadosakên risakipun nagari Bantên tuwin Lampung.

Wontên malih cariyos saking kalawarti ingkang anèh, kados ing ngandhap punika:

Kala ing taun 1888 ing sungapan lèpèn Tsien Tang Kiang ing nagari Tiongkok, kalêbêtan vloedgolf, kapal-kapal ingkang pinuju wontên ing ngriku dipun singkirakên dhatêng panggenan ingkang têntrêm. Ananging kintên-kintên têngah dalu dhatêng punika vloedgolf enggal sangêt, kintên-kintên sêdasa mênit, toya wau sampun minggah tigang mètêr, dene rikatipun botên kintên-kintên, ngantos kapal-kapal wau sadaya dipun bêkta dening toya wau têbihipun ngantos gangsal kilomètêr. Wontên satunggal dintên malih dipun cariyosakên, manawi toya ing sungapan lèpèn wau minggah sêkawan mètêr kadosdene tembok punika vloedgolf malêbêt ing lèpèn, mênggah suwantênipun kadosdene bêna agêng.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan Pr. ing Giritôntra. Apês-apêsipun kêdah wêdalan pamulangan ôngka 2. Prayogi damêla sêrat panuwunan dhatêng dhirèktur C.B.Z. Tumrap panjênêngan prayogi dhatêng C.B.Z. Sêmarang, tamtu panjênêngan badhe angsal katrangan.

R.r.S.O. ing Surakarta. Redhaksi Kajawèn dhangan sangêt anampèni panjurung, kaparênga ngintunakên, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 491 ing Blora. Ingkang sade buku Babad Rônggawarsitan, Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn.

Lêngganan nomêr 2360 ing Têbu Irêng. Bausastra Jawi Malayu botên wontên. Manjurung dhatêng Kajawèn kenging, nanging botên awontênakên[7] pituwas.

Lêngganan nomêr 4624 ing Salatiga. Rumiyin ingkang sade van Dorp ing Sêmarang. Anglingdarma kapacak ing V.A. taun 1928 tuwin 1929.

--- 544 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab badhe Kamardikanipun Nagari Filippinah

Limrahipun pangobrol kula punika ing dintên Sabtu, nanging ing sarèhning ing dintên Sabtu ngajêng kula dipun pêksa-pêksa kadhawuhan ngaso, amila anggèn kula ngobrol inggih lajêng kula dhawahakên ing dintên punika. Dene cara Bêgêlènipun ingkang badhe kula "dopokkakên" ing samangke ing bab kamardikanipun nagari Filippinah. Nanging ing sarèhning nama "andopok" alias "angobrol" alias "anggêdabrul" utawi "adol cao", têmtunipun inggih lajêng kadosdene gênthong ingkang tanpa isi, inggih punika kothong. Amila panyuwun kula, punika obrolan sampun sangêt-sangêt dipun wigatosakên, langkung sae malih manawi botên dipun waos kemawon.

Para maos mbokmanawi sampun sami mirêng, bilih nagari Filippinah punika angsal prajanjian saking praja ingkang ambawahakên, inggih punika praja Amerika, manawi 8 taun malih badhe dipun mardikakakên. Ing batos para maos têmtunipun inggih lajêng wontên ingkang anjêngèk makatên: "Tobaaat, tobat, lo kok samono praja Amerika kuwi, anggone le loma, le andêmênakake lan mêrakati nganti ulêng-ulêngan. Ingatase duwe jajahan samono ambane, têka mung diêculake: lus ngono bae, thik kaya aku rikala ngêculake ingon-ingonku manuk glathik: prung ngono kae. Hara, hara, hara, apa ora ngedani kuwi."

Pitakenan, ingkang jalaran saking luwês lan gandêsing tondak-tanduk ngemutakên kula dhatêng suwêng blong tuwin gêlung gundèl, punika pancèn inggih wontên lêrêsipun. Manawi dipun gagas-gagas mila inggih ambundhêtakên pikiran, ingatasipun gêgadhahan têka prasasat namung dipun bucal kemawon. Nanging para maos kêdah ngèngêtana; ingkang kawastanan barang darbèking tiyang punika rak warni-warni, wontên ingkang kathah pangaosipun tuwin agêng gunanipun, wontên ingkang tanpa pangaji nanging nyênêngakên, wontên ingkang botên ambêjaji sarini-rinia, malah wontên ingkang sok anyêbêli barang. Barang darbèking tiyang ingkang kathah pangaosipun tur agêng gunanipun, têmtunipun inggih tansah dipun êmi-êmi, dipun êlus-êlus kadosdene... sêlir sêtêngah wulan. Kosok wangsulipun: sanadyan barang gadhahanipun piyambak, manawi nyêbêli, ngênêg-ênêgi tuwin mulêsakên, mêsthinipun inggih tumuntên enggal-enggal kêdah dipun... êdênakên.

Lo, ingkang kacariyosakên inginggil punika sampun têmtu botên kenging kaêcakakên tumraping praja Amerika dhatêng tanah Filippinah. Jalaran praja Amerika anggadhahi jajahan tanah Filippinah punika, botên beda kadosdene praja sanès dhatêng tanah jajahanipun, sêdya lan pangajapipun rak badhe angajêngakên tuwin angalusakên bêbudèning têtiyangipun nagari ingkang kabawahakên wau, nanging cariyosipun. Têmtunipun inggih botên pisan-pisan anggadhahi sêdya badhe pados kauntungan utawi bêbathèn, saya malih manawi pados kasugihan, dhatêng têtiyang ingkang pinarentah; lo, punika inggih cariyosipun. Cara sade tinumbasipun, satunggiling nagari ambawahakên tanah sanès punika, asal sagêd buk kemawon, têgêsipun; asal botên tuna, inggih sampun sae, namung punika inggih cariyosipun malih, lo. Nanging manawi anggènipun ambawah prentah dhatêng sanès jajahan wau tansah nandhang kapitunan, têmtunipun dangu-dangu inggih bosên sagajah abuh, ingkang wusananipun lajêng kapenging angêculakên utawi amardekakakên kemawon.

Makatên ugi mênggahing Amerika tumrap dhatêng Filippinah. Sanadyan tanah Filippinah punika dados tanah jajahanipun Amerika, nanging botên suka kauntungan babar pisan dhatêng praja ingkang ambawahakên wau. Kosokwangsulipun: praja Amerika tansah nandhang kapitunan kemawon. Ingriki kados prêlu kacariyosakên sawatawis kapitunan ingkang ngengingi praja Amerika jalaran ambawahakên tanah Filippinah wau, inggih punika kados ingkang kasêbut ingandhap:

Ie. Ing Amerika punika wontên pranatan: angawisi sadaya bangsa, ingkang bêlang bêntèng kulitipun, dêdunung wontên ingriku. Dados kadosdene kula upaminipun, ingkang kulitipun kêmbang asêm, nanging inggih sanès cadramawa,[8] têmtunipun inggih botên kenging gêgriya wontên ing Amerika. Ewasamantên bangsa Filippinah, sanadyan anggadhahi kêkulitan pêpindhanipun kluwung, têgêsipun awarni-warni, wontên ingkang jêne, cêmêng, kulit langsêp, biru kados rêmpêla lan sasaminipun, ing sarèhne kagolong kawula Amerika, sampun têmtu inggih lajêng botên kenging dipun awisi dêdunung wontên ing tanah ngriku. Ingkang makatên wau praja Amerika lajêng nama botên sagêd nêtêpi dhatêng undhang-undhangipun.

2e. Jalaran wontênipun bangsa Filippinah ingkang sami dêdunung wontên ing Amerika, para kaum bêrah bangsa Amerika lajêng angsal lawanan agêng mênggahing panyambutdamêlipun. Jalaran para têtiyang Filippinah wau sami kêdugi nglampahi padamêlan ingkang bayaranipun langkung sakêdhik katimbang bayaranipun têtiyang ing Amerika piyambak. Ingkang makatên punika sampun têmtu kemawon sagêd anuwuhakên lampah paracidra tumrap kaum bêrah kalih golongan wau, ingkang tundonipun namung adamêl sudaning tata-têntrêming praja.

--- 545 ---

3e. Lampahing padagangan, gêndhis upaminipun, punika têtiyang Filippinah sagêd nyade barang-barangipun dhatêng Amerika kalihan gampil, tur rêginipun saklangkung mirah, ingkang anjalari karugian agêng tumrap dêdagangan wêdalipun ing Amerika piyambak. Anggènipun têtiyang Filippinah sagêd nyade dêdaganganipun kanthi mirah wau, jalaran ing sarèhning bangsa wau kagolong kawula Amerika, mila lêbêting barang-barangipun inggih lajêng tanpa dipun pupu ing beya.

4e. Dununging tanah Filippinah punika kenging kawastanan têbih sangêt kalihan nagari ingkang anggadhahi jajahan, inggih punika ing nagari Amerika. Ing sarèhning tanah Filippinah wau têtêp dados jajahaning Amerika, punika pangrêksa tuwin bilih wontên bot-repoting kawontênanipun, ingkang nyanggi inggih praja Amerika. Ing mangke pangrêksa saha panyanggining bot-repot, punika gunggung kêmpaling wragadipun agêng sangêt, prasasat botên jumbuh kalihan angsal-angsalaning kasilipun.

Kados sampun cêkap samantên kemawon ingkang prêlu kaandharakên ingriki mênggah ingkang dados kapitunanipun Amerika ambawahakên tanah Filippinah wau. Cêkak aos ingriki kenging kapratelakakên, bilih 8 taun malih tanah Filippinah badhe mêrdika. Salêbêtipun 8 taun punika kawula Filippinah sasagêd-sagêd mêsthi badhe cekat-cèkêt tata-tata asadhiya anggènipun badhe tumandang damêl nindakakên budidaya ingkang badhe kangge utawi kangge dhêdhasar anggwnipun badhe anyêpêng pusaraning praja mandhiri, ingkang badhe angèl sangêt saha awrat sêsanggènipun, nanging ingkang badhe saklangkung utami. Kados sampun nama satunggiling kamayaran, dene kabaripun praja ingkang cakêt piyambak tuwin agêng panguwaosipun, inggih punika praja Jêpan, sampun suka kasagahan badhe angaru-biru dhatêng kamardikanipun tanah Filippinah wau.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih pandamêl anyêpêng pusaraning praja mandhiri punika badhe angèl sangêt saha awrat sêsanggènipun, langkung malih mênggahing kaeconimianipun praja, ing sakawit mêsthi badhe morat-marit sayêktos. Dene sabab-sababipun makatên:

1e. Dêdaganganipun têtiyang Filippinah têmtunipun lajêng badhe dipun anggêp dening Amerika kadosdene dêdaganganipun bangsa manca sanèsipun. Têgêsipun: salaminipun Filippinah dados jajahan Amerika, têtiyangipun inggih dipun anggêp kadosdene kawula Amerika saha lajêng anggadhahi wawênang kadosdene kawula Amerika, inggih punika: tanpa ambayar beya tumrap barang-barang Filippinah ingkang kalêbêtakên dhatêng Amerika. Punika atêgês: barang-barang Filippinah sagêd angsal papan panyadean wontên ing Amerika kanthi sakeca, sarta jalaran botên mawi mbayar beya wau, sagêd kasade kanthi mirah, ingkang lajêng sagêd ngêjori barang dagangan ingkang kasade wontên ingriku, langkung malih panyadenipun wau sagêd ngêjori kalihan barang asli tanah manca. Kosokwangsulipun manawi sampun dados tanah Amerika, dening praja Amerika mêsthi lajêng kaanggêp kadosdene praja manca sanèsipun, têgêsipun: kêdah ambayar beya lan sasaminipun, punika punapa botên badhe dados kapitunanipun para among dagang bangsa Filippinah?

2e. Ingajêng sampun kacariyosakên, bilih praja Jêpan botên badhe ngaru-biru dhatêng kamardikanipun tanah Filippinah. Nanging samangke kawontênanipun among dagang Jêpan ing Filippinah sampun sae sangêt pranatanipun, ngantos ing têmbe manawi Amerika sampun ngoncati Filippinah, Filippinah têmtu badhe dados papan panyadeanipun barang-barang Jêpan. Jalaran saking punika punapa botên ngalang-alangi kamajênganing industrie tuwin padagangan Filippinah?

3e. Têtiyang Jêpan tansah atusan ingkang sami ngumbara dhatang[9] tanah Filippinah saha lajêng sumêbar wontên ing saindênging praja. Ingriku kanthi kêncênging manah saha kêkiyataning kajêng bangsa Jêpan sami ngadani padamêlan samukawis, kados ta: têtanèn, kabudidayan lan sasaminipun. Ing mangka kasagêdanipun bangsa Jêpan ing bab punika sampun nama inggil. Cêkakipun bangsa Filippinah tangèh sagêdipun nyandhak. Ingkang makatên punika punapa botên badhe adamêl rêkaosing para kawula Filippinah piyambak?

Taksih kathah sangêt saupami kaandharakên mênggah ingkang dados kangelanipun Filippinah ingkang gêgayutan kalihan lampahing kamardikanipun. Ewasamantên tumrap tanah Filippinah botên prêlu alit ing manah, nanging kêdah saya mêmpêng anggènipun tumandang mbudidaya murih ing têmbe dumugi wancining kamardikanipun sasampuna sagêd nyakup dhatêng sakridhaning pangulah praja. Têmtunipun para ingkang sami kawogan ingatasipun pangrêmbag ing bab punika botên badhe kêkilapan, kadospundi sagêdipun widada kalayan wilujêng anggèning njumênêngakên paprentahanipun mandhiri wau. Sanadyan ingriku botên katêrangakên gêgambaranipun, nanging para maos têmtu sampun andungkap dhatêng ancas ingkang kêdah sarosa linampahan kalihan andêrpati.

Lare alit ingkang kapengin sagêd lumampah piyambak tanpa tinetah tiyang sêpuhipun sakawit tansah dhawah, ngadêg-dhawah, ngadêg-dhawah, ngantos dipun namakakên lare sawêg "dêg-dêg antêp". Nanging dangu-dangu sagêd rambatan, sagêd lumampah jêjêg, sagêd plajêngan, danguning dangu sagêd balapan. Makatên kadadosanipun nagari ingkang badhe kamardikakakên wau bilih kasêmbadan sêdyanipun saha manawi cocog kadosdene grayanganipun pun PÊNTHUL.

--- 546 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Kapitunan ingkang tuwuh jalaran saking bênanipun lèpèn Batang. Jalaran saking mêntas wontênipun bêna ing lèpèn Batang, kapitunan golongan tani wontên f 50.000.- sabin ingkang sirna 80 bau, wontên tiyang 100 kecalan bale griya.

O, mugi têtiyang wau tumuntêna angsal pitulungan.

Examen nglêbêti Bestuursschool. Ing taun punika para pangrèh praja perangan Jawi Têngah ingkang nglêbêti examen Bestuursschool wontên 34. Dene ingkang badhe kapilih namung sakawan.

Wah, sintên ingkang sagêd kapilih, nama sagêd ngambah dhatêng margi kamulyan. Prayogi dipun rosani patigêninipun kemawon.

[Grafik]

Nonah Mr. O.S.G. Hoo. Ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, mêntas wontên wanita bangsa Tionghoa lulus angsal sêsêbutan Mr. babagan pangadilan, nama nonah Mr. O.S.G. Hoo. Dados ing sapunika ing tanah ngriki sampun wontên Mr. wanita bangsa Tionghoa kêkalih, sami wêdalan pamulangan luhur ing tanah ngriki.

Calon pêthut. Ing pakunjaran lare ing Banyubiru wontên lare nama Bakari. dipun kunjara jalaran kadakwa mandung barang-barang, sapisan pangaos f 5000.- kaping kalih pangaos f 20.000.- sami barang-barang pagantosan ing Magêlang. Lare wau salêbêtipun dipun kunjara kalih têngah taun sampun sagêd minggat kaping kalih. Ing sapunika lare wau sagêd minggat malih.

E, taksih beyongan kemawon sampun kados makatên, iba manawi benjang sampun dados kutuk, tamtu mêgah-mêgahakên.

Ama urèt. Kawartosakên, pasabinan ing laladan Playen, Ngayogya, katrajang ing ama urèt, sabin ingkang katrajang 100 bau.

Sami-sami ama sabin, urèt punika panêmpuhipun sok ngèngêtakên, mila samangsa wontên tandhaning ama punika kêdah lajêng kalapurakên dhatêng ingkang wajib. Awit ing bab têtanèn punika kawigatosakên sangêt dening parentah, dening gêgayutan kabêtahan ingkang sakalangkung wigatos, ingkang adakan nuwuhakên kasangsaran (pacêklik).

Ngindhakakên pajêg gadhe Jawi ing Mangkunagaran, Surakarta. Para tiyang ingkang gadhah pagadhean Jawi ing bawah Mangkunagaran, sami tampi dhawuh pajêgipun badhe dipun indhakakên 5% saking bêbathènipun.

Sayêktosipun tumrap pagadhean ing tanah karajan Jawi punika kantun saumuring jagung, inggih punika kantun sagêsangipun ingkang nglampahi. Dados sanajan kados pundia kemawon, sarèhning namung kantun saumur, inggih kadugi nglampahi, awit saupami badhe sèlèh dening kawratan, bêbasanipun nama: anggege pati.

Pêjah jalaran manak. Ing dhusun Têgalrêja, Pathuk, Ngayogya, wontên tiyang ngajal jalaran manak.

Pakabaran makatên punika kêrêp sangêt wontênipun, saya tumraping sadhèrèk padhusunan. Dene mênggahing nalar, kajawi ingkang tiyang nganggêp sampun pasti, sababipun botên sanès jalaran tiyang ingkang manak botên angsal pitulungan ingkang prayogi, inggih punika pitulunganipun dhukun bêranak utawi doktêr. Tur mênggahing sapunika sampun botên kirang sêsorah bab kados makatên punika. Nanging tumraping sadhèrèk dhusun, kados inggih taksih kirang sêsêrêpanipun, mila wajib tansah dipun grètèhi.

Pacêklik ing Kupang. Kawartosakên ing Kupang (Timur) tuwuh bêbaya pacêklik, kathah tiyang ingkang tiwas jalaran namung nêdha gêgodhongan, lajêng nuwuhakên kadurjanan rajakaya. Bab punika sampun kauningan dening ingkang wajib, ing salêbêtipun sawulan wontên tiyang pêjah 40, sakintên kakintên jalaran saking sêsakit ambêbucal rah umbêl, nanging sarêng kapriksa ing doktêr, botên wontên tandha-tandhanipun sakit makatên. Sapunika ingkang wajib matah ambtenaar saking departement nindakakên papriksan tuwin rêrigên saprêlunipun.

Nagari ingkang katrajang ing bêbaya pacêklik, punika mênggahing tiyang sakit, pinanggih angranuhi, sarasipun namung pinanggih saking pambudidaya.

Mitulungi para angguran. Ing Bogor sampun madêg satunggiling comite pitulungan, nama "Badan Pêrtulungan Bumiputra Bogor" kagandhèngakên kalihan pakêmpalan 25 panggenan. Ancasipun badhe suka pitulungan dhatêng golongan angguran tiyang siti. Ingkang dados bestuuripun Dr. Marzuki Mahdi, Tuwan De Quelyu tuwin Ucil.

Mugi ada-ada punika sagêd kasêmbadan, lan manawi sagêd kalampahan sae kintên-kintên badhe tumaruntun wontênipun.

Pêkên darma ing Banjarnêgara. Benjing tanggal 3 dumugi tanggal 5 Mèi ngajêng punika, ing alun-alun Banjarnêgara badhe kawontênakên pêkên darma mawi têtingalan warni-warni. Angsal-angsalaning bêbathèn badhe kangge darma dhatêng Arjunaschool ing Banjarnêgara.

Ada-ada kados makatên punika tumrapipun wontên ing mangsa punika pancèn inggih nyamari, bêbasanipun kados dolanan lading landhêp. Nanging manawi mirit dhatêng kabêtahanipun, kintên-kintên badhe manggih wohipun. Inggih mugi-mugi kemawon.

--- 547 ---

Gupêrnur ing Ngayogya kèndêl. Wontên pawartos, wiwit benjang tanggal 21-10-32 Tuwan P.R.M van Gesseler Verschuir, Gupêrnur ing Ngayogya kèndêl kanthi hormat.

Sami-sami pangkat pangagêng, tumrapipun tanah karajan Jawi, ing samangsa kèndêl, têmtu dados rêraosaning ngakathah, saya tumrap nagarinipun. Sabab kados makatên wau mbokmanawi namung kabêkta saking awrat utawi gênging panguwasanipun. Mila pangagêng wêwakiling parentah ing karajan Jawi, limrahipun inggih pilihan.

Jurnalis Prancis dhatêng Borneo. Ing Banjarmasin mêntas kadhatêngan Tuwan Stephane Faugier, jurnalis bangsa Prancis ing sêrat kabar Le Matin ing tanah Paris. Dhatêngipun wau prêlu anjajah tanah Borneo.

Wah, jurnalis tanah ngrika punika manawi sampun mêlancong ngantos kados tiyang ngimpi.

Pangiritan tumrap babagan pangajaran. Ing taun punika tumrap babagan pangajaran, parentah sampun nindakakên pangiridan 4 1/2 yuta rupiyah, benjing rantaman taun 1933 badhe kawêwahan dados 9 yuta.

Hêm, sintên ingkang golongan babagan pangajaran, têmtu kêtuwuhan raos sênig-sênig.

Bêbathèn Bank National ing Surabaya. Miturut pêpetangan Bank National ing taun 1931 gadhah bêbathèn f 15.380.86. Para ingkang kagungan aandeel angsal bêbathèn 5%.

Punika dados tandha bilih tiyang siti ugi sagêd nindakakên damêl ingkang kados makatên.

Kalèntu sêrêp. Pangrèh agêng P.P.P.H. mêntas nyatakakên dhatêng Probolinggo ing bab punggawa pagantosan ingkang dipun wachtgeld kataros dados agèn pulisi. Mênggah katêranganipun sêling sêrêp. Mênggah ingkang dipun kajêngakên naros dhatêng punggawa wachtgeld ingkang namung tampi sakêdhik, tinimbang nganggur.

Sukur manawi makatên, nama pangeman sayêktos. Lan malih ugi mikantuki dados satunggiling wawasan. Tur punggawa ingkang dipun taros wau inggih dèrèng têmtu manawi purun nglampahi.

Kamajêngan P.K.N. Pangarsa P.K.N. Ngayogya badhe rawuh ing Ponjot, ambikak cooperatie, ingkang dumunung ing tanah ngare. Kajawi cooperatie-cooperatie, sapunika P.K.N. ugi sampun ambikak panggilingan pantun.

Tandangipun P.K.N. punika katingalipun sajak cekat-cèkêt.

Kawantêran wanita. Kawartosakên, pangadilan Landraad ing Sêmarang mêntas ngrampungi prakawisipun Nyonyah Supunah, garwanipun Tuwan Supadi, opzichter S.J.S. kadakwa ngrèmèhakên wêdana tuwin mantri pulisi ing Tulungagung kawrat ing sêrat kabar. Dakwa kadhêndha f 100.- utawi linintu kunjara 3 wulan.

Sintên ingkang mastani manawi wanita bangsa Jawi botên majêng. Ingatasing wanita ngambah pangadilan ingkang gêgayutan prakawis kados makatên, punapa dèrèng kenging dipun wastani Srikandhi?

Rêrigên ing pabrik gêndhis Bantul. Jalaran saking botên wontênipun padamêlan ing pabrik, saking rêrigênipun pangagêng, para tukang bêsi sami kapurih anggarap sabin, pamêdalipun malih, tuwin salêbêtipun anggarap kalêpatakên padamêlan ing pabrik, angsal blanja sapalih. Dene manawi botên sagêd anggarap piyambak, kenging ngulèkakên, tukang ingkang ambayar kulèn, têtêp angsal blanja sapalih. Tiyang satunggal kintên-kintên angsal bagean 1/2 bau.

Rêrigên makatên punika katingalipun inggih sakeca, nama sami bantu-binantu.

Mulo S.C.S. kapasrahakên dhatêng guprêmènt. Wiwit benjang Juli ngajêng punika Mulo S.C.S. ing Têgal badhe kapasrahakên dhatêng guprêmèn, lajêng kadadosakên pangipun Mulo ing Pêkalongan.

Bab punika têmbungipun jalaran saking pangiridanipun S.C.S. Mênggahing para murid nama bêgja, dene botên kasuwak babar pisan.

Rêkaosipun tiyang nêbus barang. Wontên pawartos, têtiyang ingkang sami nêbus barang-barang pagantosan ing Bantul sami sambat, amargi nêbus wanci jam 12 sawêg sagêd tampi barang mèh jam 3. Wontênipun makatên amargi saking kêkirangan punggawa.

Pawartos punika manawi nyata, dados mênggah ing bab pangiridan ing pakaryan pagadean, pinanggihipun ing sapunika inggih andadosakên rêndhêting lampah. Tujunipun bêbasan "wanci punika arta" sanès bêbasanipun tiyang siti. Mila icaling wanci tanpa rêgi.

Loterij Technisch school Sêmarang, sambêtipun Kajawèn no. 33: Pamênang f 100.- dhawah nomêr 194 202 363 464 813 1088 1920 2039 2068 2780 3066 3240 3274 3381 3670 3670 3671 3883 4528 4593 4661 4793 4897 5961 6080 6116 6245 6283 6295 6369 6407 6435 6557 6654 6760 6811 6904 6958 7072 7277 7571 7808 8711 8806 9064 9495 9531 10016 10079 10094 10302 10403 10511 10650 10688 10697 10780 10993 11191 11344 11484 11772 12013 12053 12181 12484 12790 12814 12846 12899 13306 13728 13728 13770 14387 (badhe kapacak malih sacêkapipun mêndhêt saking officieele lijst).

ASIA.

Brandhal ing Mansyurie. Wontên golongan brandhal cacah 15.000 sagêd ngawontênakên wadya Mansyu Kuo. Golongan Murai lajêng tuwuh darêdah kalihan golongan abrit tuwin nuwuhakên pamogokan punggawa sêpur Tiongkok sisih wetan. Punggawa ingkang anjagi sêpur sagêd ambêskup bom cacah 150 pêthi, kabêkta ing sêpur ingkang dhatêng Harbin. Ministêr pêpêrangan Jêpan taksih nimbang prêlu ngintunakên bêbantu.

EROPAH.

[Grafik]

Tamu agung bangsa Abesi ing nagari Walandi. Dèrèng dangu ing nagari Walandi kadhatêngan utusan nata ing Abesi (gambar ngajêng). Utusan wau nalika wontên ing nagari Walandi mariksani palabuhan ing Rotterdam, dipun iring Tuwan Rost van Tonningen ajidan dalêm Sri Maharaja Putri (ingkang nyêpêng dlancang).

--- 548 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

12.

Kajawi punika, Nonah Dhorah lajêng gadhah tindak ingkang piyambakipun piyambak inggih botên mangrêtos dhatêng kajêngipun, kados ta sarêng enjing, sawarnining sêrat-sêrat saking para neneman ingkang dipun rimat wontên ing pêthèn, sami dipun wêdalakên sadaya, sasampunipun ngalêmpak, lajêng dipun bêkta dhatêng pawon, sadaya dipun bêsmi, salêbêtipun ambêsmi wau kanthi mèsêm tuwin wicantên: muga-muga para nonoman sing padha awèh layang mênyang aku iki, nêmua kanugrahan, pinaringan eling, lan aja padha nganti kelangan dhuwit tukon prangko manèh, kang ora ana gawene.

Manawi dipun manah, solah-tingkahipun tiyang ingkang kataman godhaning manah, badhea dipun kêlamari kados punapa, calorotipun inggih sampun katingal, awit sawarnining tindakipun, malah namung sarwa kados anglairakên gambaraning batos. O, mêmêlas.

5. Godhaning manah

Wanci jam sakawan sontên, Nonah Dhorah sampun dandan, ngadêg wontên sangajênging kaca agêng. Sakawit ngangge rasukan biru maya-maya, ingkang nocogi kalihan raosipun piyambak. Nanging sasampunipun rampung, lajêng kèngêtan, bilih warni ingkang dados kasênênganipun Radèn Sumarta punika wungu nèm. Nanging sarêng dipun cocogakên kalihan acluming guwayanipun, ingkang jalaran saking kaduk kirang tilêm, warni wungu ênèm punika botên mathuk dipun êtrapakên ing piyambakipun. Wusana lajêng èngêt, bilih piyambakipun punika botên kêrèh dening Radèn Sumarta, prêlunipun punapa sangêt-sangêt anggatosakên. Têka samantên dayaning manah kenging godha.

Nonah Dhorah anggèning milih pangangge ngantos dangu dèrèng manggih ingkang nocogi kalihan raosing manah, nanging wusananipun lajêng ngangge rasukan kêthèl. Sasampunipun dipun angge saha dipun sawang wontên ing kaca, Nonah Dhorah wicantên piyambakan: Anggonku nganggo klambi kaya ngene iki aja kokira dadi tandhaning dêrêng marang katrêsnan, ora babarpisan: Sumarta. Aku mung lugu milih panganggo kang nocogi karo pakulitanku.

Kala samantên sawêg satêngah gangsal, Nonah Dhorah ngêtrapakên èrloji tangan wontên ing ugêl-ugêl kalihan wicantên: O, èrlojiku mati. Lo kok isih mlaku, nanging mokal yèn lagi satêngah lima. Raos makatên punika limrah, pinanggih wontên ing wanci patêmbayan, adhakan kêtuwuhan raos maibên dhatêng wanci ingkang ajêg botên nate ewah.

Sasampunipun rampung anggènipun dandan, Nonah Dhorah lajêng mêdal saking kamar, nuwèni jam ing griya wingking, wicantênipun: Êlo, lagi satêngah lima têmênan, athik ora mundhak-mundhak. Môngka samayanku jam lima, dadi saupama têkaku ing kana wayah mangkene, mêsthi diarani mêmpêng arêp kêtêmu karo dhèwèke. Isin aku.

Inggih sanadyan badhea dipun kikibi kadospunapa, tuwin dipun saslamur mlampah-mlampah wontên ing jawi, dipun sambi nyênyawang punapa-punapa, saking ngajêng dhatêng wingking, saking wingking dhatêng ngajêng, tuwin dhatêng panggenan sanès-sanèsipun, lampahing wanci inggih mêksa rêndhêt, saya malih botên kêndhat nyawang èrloji. Wah, tamtu kemawon raosipun angêlangut sangêt. Sarêng jam gangsal kirang saprapat, Nonah Dhorah nglocita: Iki wis jam lima kurang saprapat, yèn aku mlaku sakapenake, jam lima thèng aku mêsthi wis têkan kana. Sasampunipun makatên, Nonah Dhorah lajêng nusul bapakipun ingkang nuju ngisis wontên patamanan, pamitan badhe dolan.

Bidhalipun Nonah Dhorah rumaos lumampah alon-alonan, nanging sayêktosipun rêrikatan, malah ngungkuli padatan.

Sadumugining panggenanipun Radèn Sumarta, Radèn Sumarta pinanggih nuju sawêg ngêtrapakên sêkar ing wadhah dipun dèkèk wontên ing meja ngajêngan. Sarêng Radèn Sumarta sumêrêp Nonah Dhorah dhatêng, lajêng jaranthalan kados tiyang gugup, gapyuk anganthi Nonah Dhorah kalihan wicantên: Dhorah, iki jênênge ngajokake janji, samayan jam lima, iki lagi jam lima kurang sapuluh mênit, kowe wis têka.

Nonah Dhorah mangsuli kalihan kêsêsêgên: Dadi èrlojiku wis bênêr, tak arani mau rak mati. Hêm, dalah jam ing ngomah bae lakune iya ora kêna diêndêl. Anu, Sumarta, satêmêne aku samar, yèn têkaku kasèp.

Ora dadi ngapa: Dhorah, malah aku rumasa nêmu kabêgjan gêdhe bangêt, dene kêtêmuku karo kowe mundhak sapuluh mênit. Kuwi jênêng kabêgjan ora mainan. Sanadyan kowe têkaa jam sêtêngah lima pisan, aku ya wis linggihan ana ing kene. Wis ayo linggihan. Mêsakake ngane, kringêtmu nganti marêntul.

Radèn Sumarta salêbêtipun ginêman makatên wau, tanganipun taksih kêkêt anggocèki tanganipun Nonah Dhorah, saha lajêng mrênahakên lênggah wontên ing kursi panjalin, angajêngakên sêkar wangunan ingkang sakalangkung nêngsêmakên. (Badhe kasambêtan)

--- 65 ---

Nomêr 17, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tinêmuning Wêkêl

Kang minôngka bêbukaning kôndha, mring pra janma kang padha nupiksa, kang angripta nyuwun gunging aksama, awit dhasar dudu ahli basa.

Basa Jawa ora pati bisa, Arab, apa manèh Lônda, arang krungu, tur mônda-mônda, mula gangsul tataning ukara.

Drênging kapti sadêrma nuruti, pamundhute, kaya kang kawarti, Rama Sêbul, tukang nyênyêbuli, mrih putranya manggiha basuki.

Ngiras pantês kôndha angandhani, para adhi, srana nyaritani, bokmanawa wèh sênênging ati, kadya kang winahya ngisor iki.

Salor kulonira pulo Jawa, mung kalêt-lêtan supitan Sundha, prênah tanah padununganira, sawijining wong satêngah tuwa.

Wismanira cilik ora apik, nanging rêsik, panggung maglik-maglik, adoh tôngga sêmune andhêlik, yèn tinitik, cakêt cêdhak gisik.

Pakarangane angaluk-aluk, sisih kidul, gisik kang diinguk, kira-kira ana sapanyêluk, mangetane kêtug sikil gumuk.

Mangalore karo ratan gathuk, dalan gêdhe sing anjog ing têluk, dene kulon, pagêr kuwat mathuk, ngewuh-ewuh wong kang nêdya blusuk.

Yèn ing wêngi kanane winarni, ing sawuse hyang ratuning ari, tan kaèksi sorote kang kèri, kiwa têngên pêtêng tur asêpi.

bapak kaji, wong sing angênggoni, ning sêrbane mêsthi kêrêp kèri, wit kang tamtu sing dianggo pèci, bakda subuh lungguh ngèmpèr buri.

sibu kaji, kudhung cita èdi, nganggo sarung bathikane pèni, akalambi dawa amantêsi, wira-wiri ibut angladèni. Bakal disambung.

--- 66 ---

Bêtah-bêtahan

Ana ing ngêndi-êndi asu karo kucing iku uripe kaprahe padha sêsatron, sing katon sêngit lumrahe asune.

Anuju sawijining dina ana kucing lagi andhêkêm ana ing pawuhan. Dumadakan ana asu têka. Barêng lakune wis cêdhak ing pawuhan asu mau wêruh kucing andhêkêm, banjur nyandêr. Kucing ora sarônta banjur mlayu sarosane, mènèk ing wit-witan, mlembar ing payon omah. Ana ing kono banjur andhêkêm manèh, wangune duwe gagasan, si asu môngsa bisaa ngoyak ora. Pancèn iya mangkono, asune mau ora bisa nututi, dadi mung klintar-klintêr ana ing tritisan bae, karo anjêgog sarosane. Barêng wis rada suwe, wangune asu mau panjêgoge wis kêsêl, nuli lunga, kucinge banjur mudhun manèh.

Sanajan bocah iya mangkono kaanane. Sapa-sapa moyoki liyan diênêngake bae, iku lumrahe olèhe moyoki iya banjur jêlèh dhewe. Upama diwangsuli bokmanawa bisa uga nuwuhake cêcongkrahan, kang wusanane ora prayoga.

K. 3622

Sêmut Ngoyak Rayap

Durma

Ayo kônca padha nyêpakna gêgaman / sing landhêp-landhêp kuwi / gilo ana pangan / saka guru kang têngah / wah sajake lèhe gêmpi / lah dalah tênan / kene kônca sing wani //

Sêmut wêruh nuli ngelikake rayap / e rayap nyilakani / rumangsamu apa / iku rak barang yasan / iyasane dara bèi / dhèk bakda êdal / thik padha kokrikiti //

Rayap jawab calathune rada santak / aku ora praduli / kowe anu apa / wong padha golèk pangan / yèn gêlêm milua gêlis / aja weweran / sing duwe sêlak tangi //

ora watak yèn sêmut mangani saka / panganku balung êri / gogrogane dara / mulane ya tak rêksa / kagungane dara bèi / lah kowe rayap / yèn nekad mêsthi mati //

Sêmuk[10] nuli ngoyak-oyak marang rayap / diplêcit nyang di-êndi / rayap kapok tênan / sambat: aku uculna / sêmut kôndha: masthi mati / wong kowe nekad / êmoh pitutur bêcik //

Si Su, ing Sala.

--- 67 ---

Trêsna Bapa

Candhake Kajawèn nomêr 32

V. Kêtêmu karo sang putri

[Gambuh]

samana sang aprabu / kang jumênêng ing nagara iku / mirêng atur manawa sangisor wringin / ana uwong anom bagus / pepe linggihe ngalosot //

sang prabu nuli dhawuh / animbali uwong anom mau / satampaning dhawuh Wêlas nuli kerit / ati têtêg ora gugup / malêbu mênyang kadhaton //

lakune mundhuk-mundhuk / isih adoh wis ketok andhingkluk / wong sing ngirit nganti alon ngêruh-ruhi / sampeyan kêtingalipun / dèrèng nate ngambah kraton //

ing sêmu taksih gugup / dèrèng nate srawungan lan ratu / Wêlas mandhêg karo alon anyauri / limrah tiyang dèrèng atul / adhakan dados gêguyon //

nanging sampun kalintu / ingatasing kula tiyang dhusun / yèn gugupa nama limrah bokmanawi / mung nyatane kula purun / nêmpuh pakewuhing kraton //

wise ngadhêp sang prabu / nuli krungu sang prabu andangu / arêp duwe atu[11] apa dene wani / pepe anèng wringin kurung / Wêlas matur nyêmbah sedhok //

nun inggih kula nuwun / sowan kula ing sajatosipun / rekanipun inggih badhe anglêbêti / dhatêng sayêmbaranipun / kang putra sang putri kraton //

nata mèsêm ngêcêmut / uninga yèn uwong anom mau / durung wêruh carane basa sing bêcik / iya iku unggah-ungguh / manèhe basa kadhaton //

nanging mungguh sang prabu / ing panggalih rênane kalangkung / awat ni dyan titike Wêlas wong cilik / nanging tatag wani ratu / mung dianggêp padha uwong //

sajrone ngadhêp mau / ora kêdhèp amandêng sang prabu / karo pijêr anyênyawang barang pèni / sang prabu nuli andangu / bêcik ya barang karaton //

Wêlas nyêmbah lan matur / inggih sae kula ngantos gumun / griya agêng pun rêrêngga langkung pèni / sangêt têmên ngosokwangsul / lan tiyang bangsaning asor //

sang prabu nuli dhawuh / hèh wong anom kang dadi karêpmu / anglêboni sayêmbara iku bêcik / nanging saka pangemanku / wurungna bae wong anom //

ing mêngko ingsun tutur / kang arasa ngeman nyang awakmu / awit uwis akèh wong kang padha mati / ana jalaran digantung / ana gulune dikêthok //

Wêlas matur kêsusu / nganti lali ora nyêmbah mau / malah tangan kiwa têngên malangkêrik / padha ditumpangke dhêngkul / lan matur kaya ambêngok //

punapa bedanipun / nadyan kula alit nanging purun / harak wontên paribasan giri lusi / nanging mênggah janma tamtu / tan kêna dèn ina yêktos //

sang prabu manthuk-manthuk / lan adhawuh andhèrèk malêbu / satêkaning patamanan amêruhi / cumplung wong pating galundhung / lan bangke pating gareyong //

sang prabu paring dhawuh / nyasmitani aparing pituduh / kono ana rêrupan anggêgirisi / Wêlas êmung manthuk-manthuk / karo matur nyêmbah alon // Arêp disambung.

--- [68] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. ngomongake. (kembali)
ngomongake.
2. iya. (kembali)
iya.
3. satriya. (kembali)
satriya.
4. Puspadênta. (kembali)
Puspadênta.
5. jalaranipun. (kembali)
jalaranipun.
6. sarta. (kembali)
sarta.
7. ngawontênakên. (kembali)
ngawontênakên.
8. candramawa. (kembali)
candramawa.
9. dhatêng. (kembali)
dhatêng.
10. Sêmut. (kembali)
Sêmut.
11. atur. (kembali)
atur.