Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-14, #674

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-14, #674 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-14, #674 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 39, 7 Sura Dal 1863, 14 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [597] ---

Ôngka 39, 7 Sura Dal 1863, 14 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Dhandhanggula]

apa ingkang luwih dening pait / angungkuli pêpait sadonya / kasoran bratawaline / sandilata lan sêmbung / nadyan klèlèt kasoran ugi / kabèh tan ana madha / kadi paitipun / wong kang tinagih ing utang / ngalor ngidul mung anggone arsandhêlik / marma dèn singgahana //

apa ingkang atose ngungkuli / watu wêsi pamor miwah waja / butênging ati nyatane / tandhane wus tan petung / lara pati tan dèn elingi / ujar kang mrih raharja / nora pinaèlu / gêtune katêmu wuntat / yèn wis eling rekane tobat dharindhil / yaiku ati setan //

apa ingkang adhême ngluwihi / sagung banyu banyuning talaga / myang banyu dharatan kabèh / wening pala gumantung / wening pala kapêndhêm sami / kasoran durung padha / nadyan banyu wayu / sawindu lan èse pisan / sanyatane puniku adhêming ati / atine wong kang sabar //

luhur apa ingkang angluwihi / luhuring kang gunung Maliawan / myang kluhuraning pamase / dêdêling manuk mabur / kabèh durung bisa madhani / nadyan kang taranggana / surya lan sitangsu / kabèh maksih kaungkulan / lawan luhur sajati luhuring budi / budining janmotama //

--- 598 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38

Tiyang Kaya-kaya punika kalihan ambêkta rencang satunggal sarana numpak baita amurugi panggenanipun têtiyang Kaya-kaya ingkang undang-undang.

[Grafik]

Tiyang jalêr Papuah ingkang sampun gadhah bojo.

Sarêng sampun dumugi panggenan ingkang dipun sêdya, têtiyang Kaya-kaya ingkang sami undang-undang wau botên katingal. Tiyang Kaya-kaya ingkang umur pitulas taun wau lajêng badhe mandhap amadosi tiyang Kaya-kaya ingkang undang-undang. Sawêg kemawon badhe mlangkah dhatêng dharatan, wontên jêmparing cumlorot angèngingi. Tiyang Kaya-kaya ingkang kenging jêmparing dhawah krungkêb wontên ing pinggir lèpèn. Sawêg badhe tangi nêdya lumajêng (awit tatu jêmparing botên rêkaos, dhawahipun punika jalaran kagèt). Sampun dipun tubruk kabêkta lumajêng dhatêng wana. Tiyang Kaya-kaya satunggalipun sarêng sumêrêp kadadosan punika lajêng anggêbyur ing lèpèn, ugi kajêmparing malih lêpat.

Tiyang bucalan ingkang kengkenan tiyang Kaya-kaya punika sumêrêp kawontênan makatên punika lajêng lapur dhatêng pulisi panjagi katêntrêman. Pulisi panjagi katêntrêman lajêng têrus angaturi uninga sarana telephun dhatêng pangagêng paprentahan ing Tanah Merah (Dhigul).

Botên antawis dangu wontên saradhadhu numpak motor but amurugi kadadosan punika. Ing ngriku para saradhadhu sami mandhap anglacak. Watawis salangkung mètêr manggih bangke tiyang Kaya-kaya kantun gêmbungipun kemawon, lajêng kabêkta dhatêng motor but. Saking ing ngriku têrus kabêkta dhatêng griya sakit. Sasampunipun kapriksa lajêng kapurih ngubur dhatêng Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr têtiyang bucalan. Ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya ingkang kapurih ngubur botên mawi undang-undang, awit ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya ugi sami nglayat.

Miturut katêranganipun satunggiling tiyang bucalan ingkang badhe nêdya kesah saking Tanah Merah wangsul ing margi (tiyang bucalan ingkang nêdya minggat punika namung tiyang kalih, ingkang satunggal tilar donya ing margi

--- 599 ---

nalika badhe wangsulipun dhatêng Tanah Merah), bilih piyambakipun wontên ing wana kalêrêsan manggih kampungipun tiyang Kaya-kaya. Tiyang bucalan punika nyipêng wontên ing salah satunggiling griyanipun tiyang Kaya-kaya sêpuh. Kaya-kaya sêpuh punika dipun pitakèni margi dhatêng jajahan Inggris. Tiyang Kaya nyukani pêpèngêt supados wangsul dhatêng Tanah Merah, awit sakiwa têngênipun wana ingkang dipun dunungi têtiyang Kaya-kaya punika kathah rawanipun saha manawi nêrusakên mangalèr saking kampung punika dumugi sukunipun rêdi Yulianah, ing ngriku wontên kampungipun tiyang Kaya-kaya ingkang kulitipun pêthak saha taksih purun nêdha tiyang. Tiyang bucalan punika mêksa adrêng nglajêngakên lampah, tujunipun mangetan. Kintên-kintên lampahan satêngah dintên dumugi rawa agêng. Wontên ing ngriku kancanipun tiyang bucalan ingkang nyariyosakên lêlampahanipun punika sakit malariah. Sangunipun pil sampun têlas. Tiyang bucalan ingkang sakit punika taksih kiyat, awit sakitipun dèrèng sangêt. Ing dintên punika ing sarèhning rinaos sampun botên sagêd anglajêngakên lampah, amila lajêng kaajak wangsul kaangkah sagêd nyipêng wontên ing kampungipun tiyang Kaya-kaya sêpuh ingkang nyukani pêpèngêt.

[Grafik]

Griya ing pakampungan ing tanah Papuah.

Ing wanci kintên-kintên jam sadasa dalu dumugi ing kampung Kaya-kaya, inggih anjujug griyanipun tiyang Kaya-kaya sêpuh wau. Enjingipun têrus lumampah nêdya wangsul dhatêng Tanah Merah. Wontên ing margi tiyang bucalan ingkang sakit punika sakitipun sangêt saha sampun botên sagêd anglajêngakên lampahipun, lajêng tilar donya. Anggènipun tilar donya punika kintên-kintên lampahan sêkawan jam saking kampung ingkang sisih wetan piyambak inggih punika kampung D. Mayitipun inggih lajêng dipun kubur wontên ing ngriku ugi. Ingkang rawuh ing panggenan punika panjênênganipun dhoktêr kalihan priyantun B.B. sawatawis sarta têtiyang bucalan.

Kajawi nyariyosakên bilih ing sukunipun rêdi Yulianah taksih wontên têtiyangipun Kaya-kaya ingkang nêdha tiyang, ugi nyariyosakên kawontênanipun kampung Kaya-kaya. Cariyosipun makatên:

Wujuding griyanipun tiyang Kaya-kaya punika, acagak kajêng agêng-agêng (garisipun têngah kintên-kintên tigang dasa sèntimètêr) kapagas nginggilipun, adêgipun lêt kawan mètêr, kadosdene tatanipun saka guru. Inggilipun kintên-kintên nêm mètêr, dene inggilipun saking siti watawis sakawan mètêr. (Griya

--- 600 ---

punika wangunipun kados gubug ing tanah Jawi, ingkang limrahipun kangge anjagi sabin).

Têtiyang Kaya-kaya punika manawi minggah ing griya botên ngangge ôndha, namung cagaking griya kasukanan tataran.

Tatacaranipun têtiyang Kaya-kaya ingkang sami kapanggih kalihan mitranipun makatên:

Samôngsa wontên tiyang dhatêng, drijinipun panuduh ingkang gadhah griya kagantholakên kalihan drijining tamu lajêng katarik ngantos wongsal-wangsul, ngantos gangsal mênit dangunipun, kadhang-kadhang inggih langkung dangu. Tindak makatên punika kalihan omong-omong nyariyosakên kawilujênganipun.

Miturut katêranganipun tiyang Kaya-kaya piyambak, ingkang sok têtabikan makatên punika, satunggaling tiyang Kaya-kaya ingkang katawan kapanggih sadhèrèk utawi bangsanipun.

Panalôngsa sarana têtêmbangan inggih sampun gadhah. Amila kula sagêd cariyos makatên, awit kula piyambak sampun nate ngingah tiyang Kaya-kaya. Ing wanci dalu kintên-kintên jam sadasa dalu piyambakipun rêngêng-rêngêng. Kula mirêngakên raosing manah kula inggih tumut karaos.

Sarêng manah kula tumut karaos kula lajêng kêpengin badhe sumêrêp suraosing uran-uran punika, kula lajêng alon-alon amurugi. Sarêng cêlak, kula lajêng namatakên kawontênanipun. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 601 ---

Bab Nênanêm

Bab Nanêm Pantun Gagi

III

[Asmaradana]

pagagan wau prayogi / kajagan pala kasimpar / krowodan lan sasamine / jèpèn jagung lan katela / têbon gambas lan kara / timun waloh lan jawawut / sêmôngka kacang myang kênthang //

pundi ingkang dèn sênêngi / pananême kadugia / sampun ngantos ing têmbene / ngrêmpayah ambyang-ambyangan / adamêl kapitunan / sumpêg angayomi pantun / pantun kêkirangan têdha //

prayogi dèn ta ngajagi / mung urut pagêr pinggiran / utawi ing galêngane / tuwin sasêlaning sela / yèn tanêman marambat / marambat ing sela ngriku / yêkti dados kauntungan //

Pucung

pantun wau manawi sampun lêmancur / rumput-rumput tuwah / tunggak-tunggak sami sêmi / lah punika prayogi dipun watuna //

sêmènipun kaprethelan kang barundhul / rungkud binabadan / rumputira dèn têringi / ingkang napis nanging sinisir kewala //

murih sampun mêdhotakên oyod pantun / dados botên kantrak / lêlarahan dèn aragi / sagêd pêjah têmbe dados rêmpah-rêmpah //

mumpung pantun taksih alit gothangipun / sae kasulaman / yèn sontên waktu garimis / sagêd gêsang tur botên dados kunthingan //

sulam wau kasêmpalna ingkang subur / agêng angrêmbaka / yèn makatên sami-sami / tan katrini kang kantun lan kang tinukar //

pantun dudut ngajêngkên mapak puniku / rumput lan sêmenan / sampun sami agêng malih / kawatuna kados ing wau punika //

badhe blêdug manawi ing ngriku rungkud / sae kabradhatan / kados kaki juru tani / pedahipun sampun sumêrêp sadaya //

mêne sampun amratak pantun anjêbul / lajêng kaadêgan / gubug kang kapara inggil / siyang dalu prêlu kangge jagi ama //

ama wau utawi panjaginipun / ki tani sadaya / kados sampun nguningani / mila ngriki botên susah winursita //

panènipun ing ngriki botên winuwus / mindhak amêmanjang / tur sampun winahyèng nginggil / lan ki tani saèstu sampun uninga //

mangke muwus: bab sêndhête tanêm tuwuh / sabab kang sapisan / saking awonipun wiji / ingkang awit botên patos pinilihan //

kalihipun: saking botên purun ngrabuk / siti ngantos gathak / prandene tan dèn lêmèni / milanipun saya lami saya kêra //

katrinipun: tan ngeman gajihe luntur / tanpa andhan-andhan / manawi tumrap ing sabin / bucal toya waktu buthêk tan prayoga //

kaping catur: panggarape kirang dhayung / arujak mêntahan / kasêsa dènnya nanêmi / lah punika awonipun tumpa-tumpa //

gangsalipun: groboh panguline lêmpung / tanpa pangawikan / mung anggêre dèn tanêmi / botên manah dhatêng sudane pamêdal //

ping nêmipun: saking dene botên nurut / ugêr kang sanyata / lêpat pananême wiji / yèn makatên ugi dados kapitunan //

kaping pitu: tan cocog mangsane taun / trêkadhang

--- 602 ---

balêbah / trêkadhangan kirang warih / yèn makatên têtêp nama sambekala //

kaping wolu: saking katêmpuh ing satru / sêsakit lan ama / awit panggarape siti / môngsa gèsèh weyane dèn ta rumêksa //

[Grafik]

Pagagan ing parêdèn

sanganipun: jalaran saking pangêpluk / dènnya ngupakara / prasasat tan dèn opèni / yèn makatên tartamtu dados pituna //

sadasa mung: awit saking kêsèdipun / nambuhi pangwikan / kang sampun nyata utami / lah punika gabugipun narakarya //

mangke muwus: sêmpulure tanêm tuwuh / sapisan jalaran / saking saenipun wiji / awit dene pinilih kanthi pangwikan //

kadwinipun: awit tabêri angrabuk / ing pasitènira / wêkasan sansaya lami / botên kêra malah dados tanah lêma //

katrinipun: angeman lêmène luntur / dipun andhan-andhan / tumrapipun siti sabin / wêktu buthêk botên ambucali toya //

kaping catur: matêng pengolahe dhayung / wit kaangkah-angkah / botên kasêsa ing wingking / ambadhodhok siti sagêd angalêra //

gangsalipun: uli panguline lêmpung / kanthi pangawikan / sae dènnya ngupakarti / mila sagêd ngindhakakên kauntungan //

ping nêmipun: sarèhne kanthi lan kawruh / botên tidha-tidha / sae pananême wiji / mila inggih ngindhakakên kauntungan //

kaping pitu: kapinujon mangsanipun / jawahe cêkapan / dhawahe lesus lan angin / botên nuju kaapêsane tanêman //

kaping wolu: botên tinêmah ing satru / jalaran rinêksa / sae panggarape siti / sarta malih lêrês pamilihe môngsa //

sanganipun: saking dene tanêm tuwuh / wau rinuktenan / datansah dèn upakarti / milanipun ngindhakakên kauntungan //

sadasa mung sangu budi lawan kawruh / kanthi kapêthêlan / tata lairipun masthi / botên tuna malah angsal kauntungan //

Pun Su. Tlawong-Sawit

--- 603 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Ing bab kawontênanipun praja kêkalih ingkang sami pasulayan, inggih punika praja Jêpan kalihan Tiongkok, ing ngajêng sampun kapratelakakên kados pêpindhanipun pêlêm, ingkang ing jawi sae ing nglêbêt bolèng. Pangintên makatên wau tansah pinanggih tôndha yêktinipun, ing ngrika-ngriki tansah tuwuh sabab ingkang botên kinintên. Sakêdhap tuwuh saking golongan Jêpan, sakêdhap malih tuwuh wontên ing golongan Tiongkok. Nanging kawontênan ingkang kados makatên punika, ingatasipun wontên ing jaman paprangan, inggih nama limrah, awit satunggal-satunggaling golongan sami mêngku kajêng nêdya pados unggul, inggih sanadyana nindakakên patrap kados pundi kemawon.

[Grafik]

Jendral Shirakawa

Tuwuhing sabab ingkang botên kinintên, asring ngagètakên, malah sabab ingkang tuwuh kantun piyambak punika sakalangkung adamêl gawok. Inggih punika nalika ing Sjanghai nuju kawontênakên paradhê ngurmati wiyosanipun nata Jêpan, wontên bom anjêblos ingkang sakalangkung ngêgètakên, bom wau cêtha asli saking dipun uncalakên ing tiyang. Panjêblosing bom angèngingi para pangagêng Jêpan ngantos nandhang tatu rêkaos. Ingkang kataman wau utusan Jêpan, panjênênganipun Shigemitsu, kongsul Jendral Murai, admiral Nomura, Jendral Shirakawa, Jendral Uyeda tuwin sanès-sanèsipun malih. Ing sanalika inggih lajêng katingal, bilih tuwuhing kasangsaran wau saking golongan Tiongkok, awit ingkang dipun tuju golongan Jêpan. Malah ing sanalika ngriku inggih lajêng wontên bôngsa Tionghwa 7 tuwin tiyang ingkang nguncalakên bom, bôngsa Korea nama Ymho Kitsoe, sami dipun cêpêng.

I[1]

sanalika ngriku wartosipun lajêng sumêbar dumugi pundi-pundi. Dene para pangagêng ingkang nandhang brana wau, Jendral Uyeda pipinipun ngalonyom. Admiral Nomura kecalan mripat, tuwin Tuwan Shigemitsu putung sukunipun, ingkang wêkasanipun dipun kêthok. Sanadyan kawontênanipun praja Sjanghai kados makatên, nanging wantunipun punika namung nama tindak cidra, dados sanès babagan prakawis ingkang gêgayutan kalihan prêluning praja, mila ing bab rêmbag padhamèn inggih taksih dipun lajêngakên. Ing bab punika saya katingal cêtha, sarêng rêmbag wau taksih [ta...]

--- 604 ---

[...ksih] dipun lajêngakên dening pangagêng Jêpan ingkang sami nandhang tatu rêkaos. Inggih punika panjênênganipun Shigemitsu kintun pawartos kawat dhatêng Tokio, suraosipun, supados Jêpan utusan tiyang sanès, supados nôndha tangani sêrat ing bab kèndêling paprangan, ingkang pancènipun dipun tandhani dening Shigemitsu tuwin Uyeda. Ewadene ing bab punika pangagêng kêkalih punika botên badhe ngêndhoni lampahing sadèrèngipun wontên karampungan.

Wusana pinanggihing pawartos ingkang kawrat wontên ing tanggal 5 wulan punika, prajanjian unduring wadya Jepan, kalampahan sampun dipun tôndha tangani. Kêdah kalampahan ing salêbêtipun kawan minggu. Sasampunipun makatên, sukunipun Shigemitsu saèstu dipun kêthok, awit sampun ludhang. Dene unduring para wadya wau sami tinaliti dening para ingkang kajibah nitipriksa.

Kawontênanipun pawartos sadaya, manawi wêkasanipun wau lêstantun tanpa sabab ingkang anggarêndhèl, saèstu adamêl sênênging manah, awit inggih namung tindak makatên punika ingkang badhe damêl têntrêming donya.

Nanging lêlampahan punika manawi sampun kalajêng rame tuwin sampun cawang-cawang, sirêping pasulayan ing golongan Jêpan tuwin Tiongkok punika, sajak-sajakipun kados mawa siniram ing toya, sanajan mawanipun sampun pêjah, nanging sumubipun taksih araos bêntèr. Dados pêjahipun mawa dèrèng araos asrêp.

[Grafik]

Shigemitsu kalihan Jendral Uyede.[2]

[Grafik]

Admiral Nomura

Ing sapunika gêntos tumrap golongan Sovjet ing Mansjoerie, kawontênanipun botên tilar gêgayutan kalihan Jêpan. Malah wontên pawartos, krêtêg sêpur salèripun Kirin mêntas dipun bom, adamêl tiwasing prajurit Mansjoerie 23. Ing bab punika golongan Jêpan lajêng alok, bilih lêlampahan punika tuwuh saking pandamêlipun Ruslan.

Malah ing bab tindak wau kadosdene lajêng dipun têtêpakên saking pandamêlipun Ruslan, sadaya tindak paracidra, sami dipun ayomi dening pangagêng Sovjet, saha lajêng katingal, sawarnining pakaryan sami dipun pangagêngi dening golongan wau, mila lajêng kathah rakyat Sovjet sami dipun cêpêngi.

Ing mangke gêntos angraosi tumrap kabêtahaning golongan Tiongkok piyambak. Kacariyos para pangagêng ing Canton sami rumaos ngungun dhatêng tindakipun Chiang Kai Shek, dene pananggulangipun [pa...]

--- 605 ---

[...nanggulangipun] dhatêng Jêpan kêndho sangêt. Manawi kados makatên, tumrapipun golongan Tiongkok tamtu badhe pêcah-pêcah. Kêkênthêlaning rêmbag, wontên golonganing pakêmpalan cacah 89 kintun pawartos kawat dhatêng Chiang Kai Shek tuwin dhatêng Wang Ching Wei, mratelakakên, bilih tindak makatên wau badhe ngasorakên darajat Tiongkok.

Wusana namung pinuji, pawartos sadaya wau, mugi wohipun pinanggiha sae.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

XIII

Garèng : Ayo, Truk, padha ambacutake rêmbugane ing bab tatakrama, nanging iya aja slèdèr nganggo mandhêg: mbakmi, nahu gorèng, nyaoto, utawa tlencengan: ayo ayo nyang barongan, dhuh, ya yane, iki mundhak andêdawa dalan bae, saiki caritakna mungguh sing diarani: tatakramane solah tingkah, lo kuwi sing kapriye.

Petruk : Ya kuwi solah tingkahe kudu sarwa tata. Têgêse: saupama kowe ngadhêp bôngsa luhur, utawa para sêpuh, ing môngka lungguhe nyang ngisor, lungguhe kudu sila ngêthêpês, ngapurancang, kapara tumungkul. Nèk lungguhe ana ing kursi, patrape lungguh mau sing kêpara ngarêp, têgêse: tibaning bokonge sumèlèh ana ing têngah-têngah kursi, cingkloke ditêkuk urut, tangane loro tumumpang dadi siji sumèlèh ana ing antarane dhêngkule loro, linggihe jêjêgna mung rada ambungkuk sathithik, lan aja nganti katon ulate pandirangan mrana-mrana.

Garèng : Nèk lungguh lesehan, patrape kaya sing kok omongake mau, aku iya rada anggêsin, nanging nèk kursèn, kok mêngkono, lo kuwi nèk panêmuku, kok nyara kolot, alias cara jaman asu ora enak. Nèk saiki jamane rak cara Lônda, lungguh kursèn kuwi rak cara Lônda, patrape lungguh iya kudu cara Lônda, dadi iya sakêpenake. Ing sarèhne mung kudu sakêpenake bae, dadi saupamane mêngkene: sikile tumpang dhêngkul, awake sumendhe nang kursi lan tangane dirangkulake nang kursi, kaya-kaya iya kêna-kêna bae.

Petruk : Wiyah, kuwi rak patrape lungguh Walônda thethekan utawa Walônda sêmprul, têgêse: Walônda sing nalika sinyone pangajarane mung golèk kênari utawa nutur têgêsan. Kajaba ta nèk karo sakancane dhewe sing tanpa nganggo subasita, têmtune lungguh sakêpenake iya kêna-kêna bae, nanging nèk karo sing prênah tuwa utawa karo panggêdhene, [panggêdhe...]

--- 606 ---

[...ne,] mêsthine iya ana bae aturane. Hla, kuwi salahe bangsane dhewe umume, dupèh bôngsa Walônda saiki dianggêp bôngsa sing luhur drajate, banjur ora nyawang dhisik apa Lônda brêkasakan apa Lônda priyayi, salaku-lakune banjur ditiru bae. Kaya ta nèk kabênêr tayuban rangkul sing sok nganti agawe munggah mêdhun kalamênjing, iya ditiru. Jarene wong cara Lônda. Nang pasamuwan bêngak-bêngok nganggo clewa-clewo sabab kêbanjiran ciu, jarene iya brêgas kaya Lônda, dalasan lanang wadon sing dudu akrabe padha plêsir-plêsir mung têkan jam 1 bêngi bae, kathik iya ditiru, dianggêp kaya ngono kuwi cara Lônda. Apa iya ora kêbangêtên, pakne, pakne. Aku pêgatên bae...

[Grafik]

Garèng : We, hla, edan apa Petruk kiyi, ana kok banjur kaya wong wadon arêp dimangro ngono...

Petruk : Wiyah, wong dimaru, kok diêlih dimangro, apa kowe rumasa anjinangke abang, kathik ngêlih-êlih jênêng barang. Ora, Kang Garèng, anggonku ngandharake kaya ing ngarêp mau, aku mung arêp nuduhake, nèk pancèn iya bênêr kêkumpulane bôngsa Walônda kuwi sajak kepre, tanpa nganggo subasita, nanging mungguh sanyatane iya nganggo diwatêsi. Tumrap bôngsa Walônda sing pancèn pangajaran utawa priyayi, apa kok kira uga dianggêp bêcik: tayuban rangkul (dhangsah) sing plênêt-plênêtan nganti ora mêpakat kae, utawa lanang wadon sing dudu akrabe lêlungan nganti ora nganggo angon môngsa, apa manèh abuk-abukan, kuwi iya dianggêp panggawe sing asor bangêt. Mulane, Kang Garèng, sanadyan bôngsa Walônda kuwi kalêbu bôngsa sing luhur drajate, nanging kowe kudu bisa ambedakake kaanane Walônda priyayi karo Walônda... obral. Wis, tak banjurne mungguh sing diarani tatakramane solah tingkah.

--- 607 ---

Kajaba tindak tanduke kudu sarwa tata, omonge iya kudu sarwa tata, aja kok banjur sraweyan...

Garèng : Hla, kuwi têtela bangêt, yèn kowe pancèn ora ngrêti nyang urusan. Anggone wong ngomong sok nganggo sraweyan, kuwi mung arêp nyêthakake apa sing diomong. Upamane aku carita mangkene: wau dalu wontên pandung, sarêng dipun oyak lajêng lumajêng, nanging sagêd kacêpêng, sabab pandungipun lajêng kêjêgur blumbang. Hara, nèk dicaritakake mêngkene iki apa bisa cêtha lan nyênêngake, seje yèn anggone nyaritakake nganggo sraweyan tangane, mêsthi iya gupyuk, cêtha lan rame, kaya ta mangkene upamane: wah, wau dalu wontên pandung (tangane kiwa diobah-obahake lan dijêngit-jêngitake, nirokake carane maling ngintap-ngintip omah), dilalah kenangan ingkang gadhah griya, lajêng dipun oyak, wêr, wêr, wêr (tangan kiwa minôngka gêgambarane maling, tangan têngên sing duwe omah, banjur dioyakake klayan rêrikatan), ing wusana pandungipun lajêng kêcêmplung blumbang, cêblung (iki dibarêngi tangane kiwa ditibakake) salajêngipun ingkang gadhah griya lajêng: ciyèt (iki dibarêngake tangan têngên nubruk tangan kiwa) nyêpêng si pandung wau. Hara, Truk, nèk dicaritakake mangkono apa ora luwih cêtha. Apa manèh yèn kudu awèh katêrangan cara Lônda, nèk tangane sraweyan rak luwih cêtha manèh, kaya ta didangu presidhèn landrad: Apa nyata yèn saksi diantêmi dening pasakitan, lan kapriye carane anggone ngantêm. Lo kuwi nèk le mangsuli nganggo sraweyan tangane, rak ora kakehan têmbung tur iya wis bisa cêtha bangêt, kaya ta mangkene: ya wèl, mênir dhêpursittêr, so, so, mênir (dibarêngi tangan kiwa lan têngên ribut nuthuki êndhase: plak, plêk, plak, plêk).

Petruk : Wiyah, anggone kaya mangkono mau satêmêne rak mung saka gêcule bae, utawa saka kêkurangan ing têmbung, nganti anggone nyaritakake dibiyantu ing polah sing tumraping kasusilan diarani ku- rang-a-jar, utawa kurang urmat. Dadi ora saka olèhe arêp nêrangake utawa nyêthakake panggambare, nanging sabênêre ya wong ora ngrêti ing tata. Nanging Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina bae padha dibanjurane[3] manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Kedhe ing kadho. Karangan panjênêngan sêkar blabak botên kapacak, guru lagunipun cara kina, raosipun kakên. Eman-eman.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1815 ing Malang. Wisêl tampi. Amurih botên karoncèn, lajêng kalêbêtakên dhatêng kwartal 3. Dhuplikat sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 3565 ing Tuban. Kêlêm ing Katrêsnan sêratan Latin, botên wontên.

Lêngganan nomêr 1061 ing Sala. Kêjawèn ingkang mêsthinipun mêdal dintên Rêbo kaping 27/4- kawêdalakên dintên Kêmis kaping 28-4 (dhèbêl[4] nomêr).

Lêngganan nomêr 4191 ing Kroya. Kirang f 2.50.

Lêngganan nomêr 3503 ing Panaraga. Kula aturi ngintunakên rêginipun rumiyin, inggih punika 5 kêthip.

--- 608 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Nak Sadhèrèk tuwin Misan.

Tumrap têtiyang Indonesia, langkung malih tumrap têtiyang Jawi, ingkang nama naksadhèrèk dumuginipun misan punika taksih kalêbêt sadhèrèk cakêt. Dhatêng naksadhèrèk tuwin misan, panganggêpipun tiyang Jawi limrahipun kadosdene dhatêng sadhèrèk tunggil yayah rena, têgêsipun botên anggadhahi subasita, tuwin botên anggadhahi rikah-rikuh. Bangsa Jawi ingkang pangkat luhur, manawi pancèn sae bêbudènipun, dhatêng ingkang kaprênah naksadhèrèk utawi misan wau, sanajan naksadhèrèk tuwin misanipun dados tiyang asor, inggih kêrsa rumakêt tuwin sêmanak, mèh botên beda patrapipun kalihan sadhèrèk ingkang tunggil sakringkêl. Dados cêkakipun, mila sampun dados adatipun bangsa Jawi, dhatêng naksadhèrèk tuwin misan punika, taksih katingal sangêt gêgandhenganipun. Sanadyan ingkang makatên wau sampun kalêbêt adat, ingkang badhe kawastanan botên utami manawi lajêng nyêbal saking adat wau, ewasamantên kathah kemawon têtiyang Jawi ingkang nganggêp naksadhèrèk tuwin misanipun, botên ngêmungakên kadosdene tiyang sanès, ingkang botên anggadhahi gêgayutan punapa-punapa, nanging ingkang kathah-kathah malah nganggêp kadosdene mêngsah. Dene sabab-sababipun botên punapaa, ngêmungakên jalaran nama-namaning naksadhèrèk tuwin misanipun wontên kuping Jawi botên srêg, nanging ragi pating brênggèl lan pating sêmbèrèt, inggih punika kados ta upaminipun:... Willem van Santen, Karel Oediker, Marie Sandelhout, Dora de Sate lan sapiturutipun. Ing sarèhning samangke punika jamanipun sampun majêng, sanajan namanipun ngajêng mawi nami ingkang botên anjawèni, nanging wingkingipun taksih mawi nama ingkang cocog kalihan pakêcapan Jawi, kados ta: Willem Sontoloyo, Marie Kramaleja, Dirk Grompol thèk, lo punika inggih botên patos anggilani, saha kathahing tiyang Jawi inggih taksih purun rumakêt sadhèrèkanipun, nanging manawi namanipun sampun migunakakên: van, de utawi mawi panambang er, sanajan namung Willem van Barongan, Leo de Goele utawi Christin Espoeter, ewasamantên panganggêpipun tiyang Jawi inggih lajêng dadakan têbih kemawon, sanajana taksih sanak cakêt sangêt, saha lajêng nuwuhakên golongan kalih, ingkang sami ngrujak sêntul, inggih punika ingkang wontên ingriki kenging kula sêbutakên golongan Kramantika lan golongan van Brongkos upaminipun.

Golongan kêkalih, inggih golongan Kramantika tuwin golongan van Brongkos wau, sanadyan taksih sanak cakêt, awit kados botên langka, bilih biyungipun sami sadhèrèk èstri, ewasamantên kathah ingkang sami sêsêngitan, jalaran golongan kêkalih wau gêsangipun wontên ing donya ngriki rumaos sami dipun beda-beda. Ing sarèhne gêsangipun rumaos dipun beda-beda, ing wusana salah satunggal inggih lajêng ngrumaosi langkung inggil drajatipun katimbang ingkang sanès. Ing ngriki lajêng dipun anggêp langkung inggil drajatipun sampun têmtu inggih golongan van Brongkos wau.

Wontênipun golongan van Brongkos langkung inggil drajatipun katimbang golongan Kramantika, punika kados sampun layak kemawon, awit golongan van Brongkos miturut pancêr jalêr anak turunipun para ingkang ambawahakên tanah ngriki. Dados mulabukanipun golongan van Brongkos punika pancèn kalêbêt dhatêng bangsa manca ingkang ambawahakên tanah ngriki ingkang sajati. Sanadyan danguning dangu tansah campur kalihan Sainêm, Paikêm lan Sarijêm, ngantos sipatipun ingkang sakawit musna babar pisan, saha lajêng sampun malih kados sipatipun pun Sarija upaminipun, ewasamantên ing sarèhne turun-turunipun wau tansah pancêr jalêr, amila wêwênang lan kuwajibanipun inggih tansah miturut dhatêng êmbah buyutipun pancêr jalêr, dados ing ngriki inggih wêwênang lan kuwajibanipun bangsa ingkang ambawahakên tanah ngriki punika. Nanging kosokwangsulipun, saupami ingkang campur kalihan bangsa ingkang kabawahakên punika èstri, têmtunipun tumrap anak turunipun inggih badhe punthês wêwênang lan kuwajibanipun bangsa ingkang ambawahakên wau. Ingriki dados botên beda kalihan wêwênangipun têtiyang ingkang gadhah sêsêbutan "Radèn" upaminipun, sanadyan turun maturun tansah campur kalihan bangsanipun Sarijêm, Kalinêm utawi Sikêm, manawi ingkang nurunakên têrus pancêr jalêr, sanadyan "rah adi" nipun sampun botên wontên satètès-tètèsa, nanging anak turunipun inggih taksih "Radèn" dhur-dhuran. Kosokwangsulipun manawi bangsanipun "Radèn rara" manawi semah kalihan Sariman, saha anak turunipun lajêng têrus-têrusan pikantuk bangsaning "si" kemawon, danguning dangu inggih lajêng mampêt Radènipun.

Mangga samangke sami ngrêmbag bab sanès. Jalaran tansah pangamukipun momok malèsèt, punika kabaripun ing Indonesia ngriki badhe katindakakên tatanan "Indianisatie" têgêsipun cêkakan: badhe migunakakên kêkiyatan wêdalan ngriki tuwin nêtêpakên blanja miturut ukuran ngriki.

Hla, mênggahing kula samangke angèl anggèn kula nêtêpakên ingkang dipun wastani: kêkiyatan wêdalan

--- 609 ---

ngriki tuwin blanja miturut ukuran ngriki punika. Awit kados ingkang sampun kula aturakên inginggil, ingriki punika wontên golongan kalih, ingkang sami wêdalan ngriki, nanging wêwênangipun beda-beda, inggih punika golongan Kramantika kalihan golongan van Brongkos wau. Dados manawi tatanan Indianisatie punika saèstu katindakakên, punapa botên badhe ragi rèwèl?

Mangga samangke sami ngandharakên rumiyin mênggah beda-bedaning wêwênanging golongan kalih wau, ingkang tansah nuwuhakên karewelan kemawon wontên ing jagat ngriki.

Golongan van Brongkos punika ing sarèhne miturut pancêr jalêr anak turunipun bangsa ingkang ambawahakên ngriki, sanadyan turun maturun dipun lairakên wontên ingriki, inggih lajêng anggadhahi wêwênang kadosdene bangsa ingkang ambawahakên, inggih punika bangsa Walandi. Kados ta upaminipun bab kukumipun kemawon, inggih sampun katamtokakên lan kapêsthèkakên sarana sinêrat. Dene kukum tumrap golongan Kramantika miturut waton adat, têgêsipun taksih gonjang-ganjing.

Jalaran beda-bedaning kukum tumrap golongan kêkalih wau, sampun têmtu inggih lajêng nuwuhakên prakawis warni-warni. Kados ta panjaginipun wêwênang tuwin barang-barang, punika inggih beda-beda. Manawi wontên pandakwan prakawis, panggledhahing griya, panyêpêngipun tiyang ingkang kadakwa, punapa malih panahanipun wontên ing buwèn, tumrapipun golongan Kramantika inggih namung: blêdhang-blêdhêng, cok gêmol tuwin blusak-blusuk kemawon. Nanging manawi ingkang kadakwa wau golongan van Brongkos, badhe nindakakên kados inginggil wau, têmtunipun inggih mawi... mangke rumiyin, dados botên kenging grusah-grusuh, nanging kêdah mawi palilahipun pangagêng Walandi ingkang wajib.

Dhawahipun wontên pangadilan golongan van Brongkos wontên ing Raad van Justitie, golongan Kramantika wontên ing Landraad. Lêrês samangke wontên ewah-ewahan sakêdhik, inggih cara pamriksan botên ambedak-bedakakên, namung punika tumrap prakawis ingkang alit-alit.

Caranipun andhawahakên ukuman, punika kadhangkala inggih sok mawi ukum beda-beda.

Papan paukumanipun tumrap golongan van Brongkos inggih wontên ing buwèn Walandi, ingkang sampun têmtu langkung sakeca pangupakaranipun, tur botên kapurih anyambutdamêl wontên ing sajawining tembok. Nanging papan paukumanipun golongan Kramantika... botên prêlu kacariyosakên malih.

Kados badhe kêkathahên manawi kaandharakên sadaya mênggah ingkang dados wêwênangipun golongan van Brongkos wau. Kados cêkap samantên kemawon.

Namung kosokwangsulipun golongan Kramantika inggih gadhah wêwênang, inggih punika wêwênang anggadhahi siti.

Ingriki kados prêlu angandharakên rumiyin, mênggah wêwênangipun golongan Kramantika anggadhahi siti wau, nanging inggih cêkakan kemawon.

Cara-caranipun anggadhahi wêwênang siti punika miturut cara kinanipun kemawon, inggih punika siti wau kaanggêp kagunganipun ratu, saha lajêng kagadhuhakên para kawulanipun. Caranipun anggadhuh wau wontên warni kalih, inggih punika anggadhahi sêsarêngan, ingkang katêtêpakên dening lurah dhusun sarta ingkang dados têdhanipun lurah dhusun angsal bêngkok siti. Jalaran saking punika têtiyang ingkang gêgadhuhan siti wau sami kenging kuwajiban nindakakên padamêlan dhusun. Ingkang angka kalih wêwênangipun andarbèni siti piyambak-piyambak. Wêwênang anggadhahi siti warni kalih wau, mèh sami kemawon kadosdene wêwênang anggadhahi siti eigendom. Bedanipun namung botên kenging nyade utawi anggantosakên sitinipun dhatêng bangsa manca. Wontênipun pamarentah ngawontênakên pranatan cara makatên punika botên sanès namung badhe ngrêksa dhatêng para kawulanipun ingkang sampun dipun uningani ringkihing kêkiyatanipun.

Mila inggih lêrês bilih bangsa golongan Kramantika anggadhahi wêwênang andarbèni siti, nanging ingkang dados sêsangkulanipun inggih awrat sangêt, dening kêdah tumindak nyanggi sadaya padamêlan dhusun, kados ta: gugur gunung, andandosi radinan, kalèn-kalèn, rundha utawi jagi dalu lan sanès-sanèsipun kados ingkang sampun sami tumindak samangke punika, nanging wêwênang sanèsipun sêpên. Lah sarêng golongan van Brongkos ingkang wêwênangipun sampun kathah sangêt wau, têka taksih mèlikakên dhatêng wêwênangipun golongan Kramantika ingkang kantun sacuwil punika, punapa botên nama êmbahning murka, utawi saupami kalampahan sagêd kabul kamèlikanipun wau, punapa golongan van Brongkos kêdugi nglampahi gadhah sêsangkulan kadosdene sangkulanipun golongan Kramantika, inggih punika bab padamêlan dhusun ingkang rêkaos sangêt wau.

Samangke bilih saking pamanggih kula piyambak tumrap wêwênang anggadhahi siti punika, sampun malih namung dipun mèlikakên dhatêng bangsanipun van Brongkos, mbok bangsa sanèsipun pisan inggih mêksa mufakat, watonipun golongan Kramantika gêsangipun sampun kaanggêp satiyang, têgêsipun sampun sinampiran wêwênang tumut ngrêmbag punapa ingkang dados kabêtahanipun utawi sampun kaanggêp dados volk utawi burger saèstu.

Manawi makatên, samangsa-mangsa wontên golongan manca ingkang nêdya tumut anggadhahi wêwênang andarbèni siti, kêdah lajêng gelijgesteld rumiyin dados golongan Kramantika. Ingriku sawêg kenging sakajêng-kajêngipun anggèning sami badhe nindakakên ngolah siti wêwênanging golonganipun Kramantika asêsarêngan kalihan pun PÊNTHUL.

--- 610 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Kalawarti "Ujwala". Kawartosakên, Taman Siswa ing tanah wetan badhe ngêdêgakên kalawarti wulanan nama "Ujwala", isinipun babagan wulangan tuwin panggulawênthah. Manggènipun ing Malang.

Mugi widadaa.

[Grafik]

Mêdhar sabda wontên sangajênging pirantos radio. Para maos kados botên kêkilapan dhatêng pawartos ing bab anggènipun Dr. Sutomo mêdhar sabda lumantar radio. Inginggil punika gambaripun nalika Dr. Sutomo nuju mêdhar sabda wontên sangajêngipun microphoon, inggih punika pirantos panyatok suwara.

Wangsul minggah kaji. Kapal kaji sampun wiwit dhatêng, ambêkta wangsul têtiyang ingkang sami minggah kaji, kintên-kintên namung ambêkta tiyang 8000, kabêkta ing kapal 5.

Manawi dipun timbang kalihan taun kapêngkêr, lampah minggah kaji ing taun punika suda kathah sangêt. Tiyang inggih jaman kados makatên.

Mloroding sadean candu ing Surakarta lang Ngayogya. Sudanipun angsal-angsalan panyadean candu ing Surakarta lan Ngayogya saya ngangsêg, cacahing griya pênjualan ing Surakarta wontên 100, ing Ngayogya 35, angsal-angsalanipun ing taun 1931 wontên f 3.25.000.- Angsal-angaslan samantên wau manawi dipun tandhingi kalihan angsal-angsalan ing taun 1930 suda 35%, tuwin manawi dipun timbang kalihan angsal-angsalan taun 1929 suda 50%.

Kamunduraning pakaryan punika ugi atêgês kamajêngan, inggih punika kamajênganipun tiyang mêdhot. Paribasanipun ing sapunika: pakêmpalan panyêgah "M" tamtu "bikak topi".

Kalawarti Kumandhang Rakyat badhe mêdal kaping kalih. Wontên pawartos, benjing tumapakipun wulan Juli, kalawarti Kumandhang Rakyat, saminggu badhe kawêdalakên kaping kalih, kintên-kintên wontên ing dintên Rêbo tuwin Saptu.

Indhakipun wêdalipun Kumandhang Rakyat, nandhakakên kamajênganipun, mugi tumuntêna sagêd dados ariwarti.

Mulo cursus. Jalaran saking rêkaosing lare ingkang badhe mlêbêt Mulo Guprêmèn, Paguron Mardisiswa ing Surakarta dalah pang-pangipun ing Klathèn, Wonogiri tuwin Boyolali sami badhe ngêdêgakên cursus Mulo.

Mugi-mugi sêdya wau kasêmbadan. Mangga pundi malih.

Pêkên tênun ing Pêkalongan. Kawartosakên, pêkên tênunan ing Pêkalongan, ing taun punika badhe dipun wontênakên, kadhawahakên wontên wulan Juli.

Samantên bedanipun wawasan ing jawi kalihan wawasanipun ingkang badhe nindakakên. Tumrap wawasan ing jawi nyamarakên dening nuju jaman kados makatên, nanging tumrapipun ngrika gadhah panganggêp kosokwangsulipun. Inggih kantun ngyêktosi kemawon.

Tulatingsexamen Mulo ing Sêmarang. Tumindaking tulatingsexamen pamulangan Mulo ing Sêmarang sampun rampung, Tumrap Mulo Guprêmèn ingkang nêmpuh lare 200, tumrap klas 1 namung lulus 6, voorklas lulus 1. Tumrap Mulo Kristên wontên lare 186, katampèn ing klas 1 lare 7, voorklas lare 1.

Mirik[5] kawontênanipun lare ingkang nêmpuh samantên cacahipun, namung katampên botên sêpintêna, saèstu adamêl anglêsing manah. Inggih sampun dilalah tamtu badhe ngagêngakên pamulangan bikakan enggal, awit para lare ing sapunika ajêngipun dhatêng pangajaran sampun botên kenging dipun sayuti.

Tiyang 4 pêjah wontên ing sumur. Ing pakarangan Mulo Katoliek ing Ambarawa mêntas wontên kasangsaran tiyang wontên salêbêting sumur, sakawit wontên punggawa Aniem tiyang 2 malêbêt ing sumur, prêlu mriksa pompa, wusana kapalêpêg ing êgas, andadosakên lan tiwasipun. Lajêng wontên tiyang sanès nêdya nulungi inggih lajêng pêjah. Wontên malih ingkang nyêmplung inggih pêjah. Wontên militèr tuwin agèn pulisi tumut tandhang lajêng sami klêngêr. Saking rêmbaging doktêr, sumur wau supados kaurug têrus kangge ngubur ingkang sami tiwas.

Samantên apêsing kawula.

Panyêgah lumantar radio. Kawartosakên, Centraal bestuur P.B.I. ing Surabaya mêntas wara-wara lumantar radio dhatêng pang-pangipun, supados sampun sami ningali bal-balan agêng ngrêbat kampiun ada-adaning N.I.V.B. wontên ing Surabaya benjing 13-16 wulan punika. Panyêgah wau jalaran saking bestuuring N.I.V.B. nindakakên pagina[6] dhatêng golongan sanès.

Pamanggihipun wontên ing jaman sapunika, tindak sapêcak, ungêl sakêcap kêdah sarwa ngatos-ngatos, awit jamanipun sampun beda sangêt kalihan jaman rumiyin, ing sapunika kenging dipun wastani jaman mulat, têngèn tuwin sapanunggilanipun, inggih tumrap sintên kemawon.

--- 611 ---

Tiwas jalaran têtak. Wontên lare ing dhusun Tirta, Pêkalongan amanggih tiwas jalaran mêntas dipun têtaki dening bong nama Marjuki, ingkang wontênipun ingriku misuwur laris. Bong wau lajêng kasêrêg ing prakawis, dumugining Langraad,[7] bong wau kaancam, manawi salêbêtipun kalih taun, anggènipun nêtaki wilujêng tanpa sambekala, botên kaukum.

Pawartos bab lare têtak bong, manggih tiwas, sampun kêrêp kamirêngan. Kadossampun cêkap kangge pêpèngêt.

Ing pakampungan kathah lare kapintên. Awit saking tindak panitinipun Nyonyah Gunawan sarta Nyonyah Bajenet, warganing griya pangupakara lare lola Muslimin ing Bêtawi, salêbêting pakampungan ing Bêtawi pinanggih kathah lare kapintên. Wontên lare 8 ingkang lajêng kabêkta dhatêng griya pangupakara.

Dados têtela, wajib ingkang dipun maligèkakên punika titinipun lajêng katingal, awit manawi botên wontên tindak panitinipun wanita kêkalih wau, bokmanawi dèrêng wontên ingkang sagêd manggihakên lare 8 punika.

Kalawarti "Pawarta Kota". Kawartosakên ing Bêtawi wontên ada-ada ingkang dipun pandhêgani golongan sadhèrèk angguran, asli saking Digul, badhe ngêdalakên kalawarti kanamakakên "Pawarta Kota". Ingkang dados pangajêng wau golongan paham dhatêng babagan jurnalis.

Manawi sêdya wau kalampahan, saha sagêd awoh sae, nama dados satunggiling pitulungan tumrap golongan angguran, saha malih manawi pigunanipun sagêd nyarambahi dhatêng para angguran sanèsipun, nama langkung utami, badhe pinanggih angguran mitulungi samining angguran.

Tindak utami. Kawartosakên, Pêrguruan Ra'yat ing kampung Daengan, Ngayogya, badhe tampi pambiyantunipun wanita wêdalan H.I.K. mulang lêlahanan.

Punika satunggiling tindak kautamèn yêktos.

Pajêg morat-marit (crisis) ing Surakarta. Pajêg morat-marit ing Surakarta laladan Kasunanan kintên-kintên pinanggih f. 60.000.

Lowung kangge tambah bêtah praja.

Nyêpêng arta palsu. Wontên bangsa Tionghoa juru potang ing Jombang dipun cêpêng dening veldpolitie, jalaran ing griyanipun pinanggih wontên citakan arta palsu, talenan, têngahan tuwin kêthipan.

Punapa tindak makatên punika kajêngipun badhe mirahakên arta?

Bêbaya ombak ing Miangas. Kawartosakên, ing kapuloan Miangas kaprênah salèr Mênado toyaning sêgantên rob minggah ing dharatan, robing toya sakêdhap kemawon sampun adamêl risaking griya 100 wuwung tuwin ambruking wit klapa 1000 uwit. Sumur-sumur sami kêlêban toya, botên kenging kaombe. Lampahing angin kala punika rikat sangêt, ing dalêm sasêkon 30 m.

E, wontên-wontên kemawon.

Cacahipun angguran ing Ngayogya. Miturut cathêtan ing kantor Arbeidsbemiddeling ing Ngayogya, dumugining tanggal 25 April kapêngkêr, cacahing tiyang angguran golongan tiyang siti wontên 1897, bangsa Eropah 325, tuwin bangsa Tionghoa 37. Sampun tumanja angsal padamêlan tiyang siti 142, bangsa Eropah 21, tuwin Tionghoa 1.

Sanadyan dèrèng sapintêna kalongipun, nama sampun lumayan.

Wêca ing bab rêdi Mêrapi. Miturut katranganipun Ir. Dr. Schmidt, manawi wontên lahar saking rêdi Mêrapi malih, kintên-kintên mili mangidul. Punika cocog kalihan pamanggihipun Dr. Neuman. Dados tumraping pangrêksa kawilujêngan wontên sisih kidul.

Bab punika mugi kandhêga ing wêca kemawon.

Arta ringgit palsu. Wontên bangsa Tionghoa numpak kapal mandhap ing Banjarmasin, nilar arta ringgitan palsu wontên ing kapal, cacah 80 ringgit.

Dados pinanggihipun ing mangsa punika, awising arta tulèn linintu mirahing arta palsu. Tandhanipun tansah wontên kemawon. Prayogi ingkang sami ngatos-ngatos.

Para guru frobel dipun kendêli. Wontên guru frobel voorklas) cacah 82 sampun sami tampi kêkancingan saking ingkang wajib, dipun kèndêli anggèning dados guru, wiwit benjang tanggal 30 Juni ngajêng punika.

Para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng para ingkang sami manggih kapitunan.

Kalawarti enggal. Ing mangsa punika wontênipun kalawarti enggal, wêdalipun kados ajak-ajakan, kados ta:

1. Kumara, ing Surabaya, basa Jawi aksara Latin, dipun pandhegani dening Jayaprayitna tuwin sanès-sanèsipun. Ancasipun ngudi luhuring ra'yat tanah ngirki, 2. Suluh Hukum ing Surabaya, dipun pandhegani dening Tuwan J.A. Dengah, Tuwan Wondoamisena tuwin Suroto. Minangka organing zakwaarnemer. 3. Suluh Indonesia Muda dipun pandhegani dening Ir. Sukarno tuwin pambantu para sawung. Kajawi punika taksih wontên malih.

sadaya wau namung pinuji widadanipun.

EROPA.

[Grafik]

Lêlana ngubêngi jagad. Tindak lêlana ngubêngi jagad punika ing sapunika sampun kêrêp pinanggih. Ing wêkdal punika wontên bangsa Persi nama Abu al-Kosim Khon, lêlana ngubêngi jagad namung dharat. Bidhalipun saking nagari Persi kala taun 1926, salajêngipun badhe mlampah 6 taun malih. Kala wulan Maart kapêngkêr sawêg dumugi Mêsir.

President Doumer dipun cidra ing tiyang. Kawartosakên, nalika President Doumer (President ing Prancis) nuju rawuh ing dalêmipun Baron Rotschild, mriksani buku-buku karanganipun para linangkung ing Prancis, dipun pistol dening bangsa Rus, andadosakên sedanipun.

--- 612 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

16

Lêlampahan ingkang kados makatên punika, lajêng saya adamêl samaripun Radèn Ayu Prawira, awit manawi kalajêng, Radèn Ayu Prawira badhe kecalan putra satunggal thil, ingkang dados woding panggalih. Saha ing têmbe badhe damêl pitunanipun piyambak.

Wontên lêlampahan malih ingkang sangêt botên nyakecakakên, inggih punika nalika Radèn Ayu Prawira nuju nyêlaki putranipun ingkang nuju tilêman, saha lajêng ngajak ngandikan, Radèn Sumarta sajak kêlewa-kêlewa kemawon, saha lajêng mungkur. Ing ngriku Radèn Ayu Prawira ngantos gèdhèg-gèdhèg.

Tamtunipun anggèning Radèn Sumarta gadhah patrap kados makatên wau, botên liya namung jalaran saking kataman ing pêpêtêng. Nanging inggih nama kasangêtên, yèn ngantosa supe dhatêng tiyang sêpuh makatên.

Dene mênggah ciptanipun Radèn Sumarta, namung mantêp, bilih Nonah Dhorah punika trêsna sayêktos dhatêng piyambakipun. Samôngsa pinanggih sapisan êngkas, tamtu sampun dados darbèkipun. Mênggahing pangintên, wontênipun Nonah Dhorah sajak gadhah manah majêng mundur punika, namung jalaran saking ngèngêti tiyang sêpuh, utawi saking panggosoking sanak pawongmitranipun.

Ing kala punika raosing manahipun Radèn Sumarta, ing jagad namung katingal supêk lan pêtêng. Kawontênan ingkang limrahipun dados kasênêngan, malah tinampi dados godhaning manah. Mênggah ringkêsanipun, botên wontên ingkang dados panglipur, kajawi Nonah Dhorah.

Radèn Sumarta salêbêtipun tilêman, gagasanipun ngômbra-ômbra botên kantên-kantênan, nanging lajêng kêpunggêl, ing jawi wontên tiyang nyabawa: pos. Sanalika manahipun Radèn Sumarta sakalangkung tumratab, saha lajêng gita-gita mêdal, murugi ingkang nguwuh wau. Radèn Sumarta ing batos ngintên, bilih sêrat ingkang dhatêng wau saking Nonah Dhorah, lan pinanggihipun pancèn nyata. Radèn Sumarta lajêng nampèni sêrat saking upas pos, amplopipun jambon.

Ing ngriku cêtha, sêratanipun Nonah Dhorah, caping pos saking Ngayogya. Radèn Sumarta botên sarônta malih, amplop lajêng dipun bikak, ing nglêbêt isi sêrat tigang lêmbar, dalancangipun ugi jambon. Sadèrèngipun kawaos, Radèn Sumarta ningali tèkênipun rumiyin, botên kalèntu, tèkênipun Nonah Dhorah sayêktos.

Sêrat botên lajêng dipun waos, namung dipun cêpêng kemawon, awit Radèn Sumarta tansah samar ing manah, awit ngintên, manawi sêrat ingkang panjangipun samantên punika tamtu suraos awon. Nanging saupami lajêng namung dipun kèndêlakên kemawon, manah botên tahan, ambêganipun ngantos sêsêg.

Rangu-ranguning manah wau lajêng dipun bundêrakên, sêrat lajêng dipun waos kanthi tab-tabaning manah:

Mitra Sumarta

Layang iki minôngka dadi tandhaning uripku, kang tumêka mênyang kowe.

Sumarta, aku duwe kapitayan mênyang kowe wiwit sangkaning cilik, awit kowe tak anggêp kaya sadulurku tuwa.

Kowe lan aku wis kêrêp rêrasan ing bab salakirabi momoran tumrape nonah Walônda lan wong Jawa. Sakèhing wawasanku kang maton, tansah kopapali ing rêmbug. Jalaran saka anggonku rumêksa, murih ora gawe sêriking atimu, ing bab rêmbug mau kêrêp banjur tak punggêl. Mula iya ora tau kadawa-dawa.

Saka pangiraku, mêsthine kowe wis ngrêti, mungguhing bab kêliruning wong salakirabi momoran. Mula aku iya gumun bangêt, dene pikiranmu ora tutug samono. Sanadyan ing saiki akèh tindak kang nêdya ngêmorake kulonan lan wetanan, nanging tinêmune, sing akèh iya isih ajêg, wetanan têtêp wetanan, kulonan iya têtêp kulonan, ora bisa bakal ngowahake watês-watêse.

Yèn ta kowe mêngku awakku, kowe mêsthi kudu ngêmohi mênyang bangsamu, iya kalêbu kulawarga dalah wong tuwamu pisan. Wis rambah-rambah kowe kôndha, yèn bab tindak kaya mangkono iku kogampangake, têgêse bakal kolakoni, nanging, o, aja, aja, Sumarta, tindak kang kaya mangkono mau tindak nistha, awit kowe isih duwe wajib mikir mênyang bôngsa lan nagara wutah gêtihmu. Saya manèh tumrap mênyang kulawarga utawa mênyang wong tuwamu. Tumrape awakku, ora bakal ngaji-aji mênyang wong lanang kang duwe tindak kaya mangkono.

Kajaba iku, tumrape awakku dhewe, iya mêsthi dijijèni ing bôngsa, sanadyan tumrape awakmu dhewe, iya ora ana bedane, mêsthi diêmohi ing bangsamu.

Sing uwis, ya uwis, ya Sumarta. Sabanjure aja ngrasani ing bab lêlakon kang wis kapungkur. Aku ngapura mênyang dosamu, ing bab anggonmu duwe tindak sêmbrana, kang nganti ngilangake panganggêpku mênyang kowe kaya sadulur tuwa. (Badhe kasambêtan)

--- 73 ---

Nomêr 19, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 37

Anuju ing dina Minggu, wanci esuk tabuh wolu, ana bocah têlu aku, urut gisik mlaku-mlaku.

Kana kene kèh dinulu, karang, kece, sandhing watu, watu putih, abang, biru, pating cringih ting pêcucu.

Ubur-ubur ting pêtèntèng, tirêm, kuwuk, bêlang blontèng, karang jae, karang banthèng, anèng pasir, ting pêkèngkèng.

Ana alun lembak-lembak, kaya nyonyah dhampyak-dhampyak, numbuk pèrèng byak sumilak, kataronjol, ting cêkakak.

Sisih kono kang katara, pating krêtip lir mutyara, kene biru maya-maya, tak sêngguh rok nonah Lônda.

Durung tutug sun ningali, marang langêning jaladri, kasêlak hyang dewaning ri, bèbèr prabawa kêpati.

Nyang dhas rasane sumêlèt, nyang sikil panase kêlèt, kancaku padha ting plèlèt, ngajak mulih karo nyèrèt.

Wise ngono banjur mlaku, kancaku rada kêsusu, wit jarene kang tak rungu, bapak kaji mêsthi nunggu.

Wuse têka gone kyai, ki kaji ngarêp kawarti, nulya laju mênyang buri, panggih lan sing duwe panti.

Ing kana hawane adhêm, akèh wite jambu, pêlêm, kêmbang mlathi bayêm, dilêm, maring tyas wèh rasa ayêm.

Manggis kacapi kapundhung, gêmpol, sawo, katès gantung, jêruk gulung sandhing lumbung, wite gêdhang tanpa petung.

--- 74 ---

Lêlakon Têmênan

Bocah-bocah, kowe padha tak dongèngi, mêsthine kowe ya wis padha krungu, ing bab lêlakon putrane Tuwan Linberg ing Amerikah, sing ilang dicolong uwong. Malah gajêge ing Kajawèn iya wis tau macak gambare.

[Grafik]

Ing kene mung arêp nyaritakake uriping bocah ing tanah Amerikah, e, ingatase bocah sing ilang mau anake wong sugih, lan misuwur, têka nganti dicolong uwong. Môngka mungguhing nalar, bocah mau mêsthi kêrêksa bangêt. Nanging tumrape ing tanah Amerikah, prakara tindak kadurjanan iku, ora mung melikake donya brana bae, uga ana kalane melikake liyane, nanging mungguh wos-wose iya padha bae, têgêse anggone nyolong bocah mau, prêlune iya mung arêp golèk têbusan.

Nganti saprene bocah kang gambare sumandhing iki isih dadi golekan. Gambar iki, ing sanalika disêbarake sarana piranti radhio mênyang nagara ngêndi-êndi. Dadi kêna diarani, ing sanalika iku uga, rupane bocah mau wis kasumurupan ing wong akèh.

Coba rasakna bocah-bocah, upama kowe kêpisah karo wong tuwamu, rasaning atimu kapriye. Iki pancèn rada kêna kanggo pitutur, tumraping bocah-bocah cilik, aja padha dhêmên balayangan, yèn kowe nganti nêmu sabab apa-apa, lagi pikiranmu dhewe bae wis susah. Sing ngati-ati ta, sanadyan ing kene ora ana colongan bocah, nanging tumraping sabab-sababe bocah nêmu sangkala saka anggone blayangan, ora kurang.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu ngarêp dibacutake.

--- 75 ---

Murid ingkang Gumujêngakên

Wontên lare dhusun nami Saridin, Saridin wau sêkolah ing pamulangan Jawi ôngka kalih sampun pangkat sêkawan. Sampun limrahipun lare dhusun punika watakipun gumunan. Manawi dhatêng kitha tumbas ès inggih gumun sangêt, sawêg andumuk kemawon sampun ginjal-ginjal saking asrêpipun, sarêng ngombe ès criyosipun untunipun badhe pothol. Manawi sumêrêp damar liktrik inggih saya gumun, dipun kintên ing nglêbêt kawat wontên latunipun. Manawi numpak sêpur criyosipun kados tiyang mabur, kêkajêngan sami mlajêng.[8]

Saridin wau manawi sumêrêp punapa-punapa ingkang anèh-anèh ingkang piyambakipun gumun, manawi wontên sêkolahan tansah dipun takèkakên dhatêng gurunipun. Sampun têmtu ingkang kados makatên punika dados indhaking sêsêrêpanipun.

Ing wêkdal samantên wontên sêkolahan Saridin sawêg dipun wulang ngèlmu bumi, dilalah dipun pitakèni gurunipun.

Guru: Din, Din, coba aranana gunung ngêndi sing dadi watêsing paresidhenan Surakarta.

Saridin: Inggih. Rêdi ingkang dados watêsipun paresidhenan Surakarta inggih punika: 1. Rêdi Lawu, 2. Mêrbabu, 3. Mêrapi.

Guru: Iya, bênêr.

Saridin ing batos ragi gumun, wontên rêdi naminipun Rêdi Mêrbabu, Saridin lajêng pikèn dhatêng gurunipun.

Saridin: Nyuwun katrangan, punapa rêdi Mêrbabu punika rêdi èstri.

Guru: Gunung kuwi ora ana sing lanang ora ana sing wedok.

Saridin: Inggih. Limrahipun ingkang dados babu punika tiyang èstri, dados rêdi Mêrbabu punika têmtunipun inggih rêdi èstri.

Guru mangsuli kalihan gumujêng. Iya, yèn gunung Mêrbabu gunung wedok, mêngko rak bakal ana gunung sing lanang, yaiku gunung: Mêrjongos utawa Mêrtukangkêbon.

Saridin dipun gujêng lare sakamar.

Sucitra, Banyudana.

[Grafik]

Ing sisih iki gambare asu lagi padha main bal, didu, sing mênang bakal olèh ganjaran. Tinêmu ing nagara Inggris.

--- 76 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 37.

[Gambuh]

dene sing wis kêpungkur / akèh uwong mati kang kabanjur / saka padha dipitênah ing sang putri / mêngko bakal ora wurung / ana gantungan gumeyong //

wong akèh padha bingung / pasar-pasar nganti padha suwung / kang jalaran wong-uwonge padha giris / sanadyana sang aprabu / uga kasmaran ing batos //

Kawiyak wadine

[Asmaradana]

bangêt nyênyêt ing saiki / uwong kang ahli agama / padha amêmuji rame / muga têntrêm ing nagara / aja ana bêbaya / mangkono uga sang prabu / pamujine ora beda //

Jaka Kawasa saiki / iya bangêt gone susah / awit kabèh pangemane / ora pasah babarpisan / Wêlas mung kêncêng nekad / wêkasan iya mung muwung / golèk rekadaya liya //

barêng uwis wayah bêngi / Wêlas wis turu kapenak / Ki Kawasa lunga age / tumindak laku siluman / dhasar pancèn pêng-pêngan / angêmpit suwiwi manuk / kaya sing wis kacarita //

tangane nyangking panjalin / saka nini-nini tuwa / nuli anggêblas abure / wis kaya manuk têmênan / dhasar laku siluman / ora ana wong sing wêruh / sasat kaya wong kajiman //

mlêbu nyang kadhaton nuli / andhêdhêp anèng tamanan / ing wusana ora suwe / sang putri ketok kumlebat / miyos saka jandhela / iya banjur mabur sêmprung / mèh ilang ing sakêclapan //

Jaka Kawasa nututi / tut buri karo anyawang / ing kono sang putri ketok / amangagêm murub mubyar / lan cêtha ing pêngkêran / angagêm suwiwi manuk / nyata yèn putri kajiman //

Kawasa nyêdhak tut buri / sang putri ora uninga / banjur disabêt gêgêre / sang putri bangêt karasa / nganti kalair sambat / nanging sapa sing anggêbug / sang putri ora uninga //

abure prasasat thathit / ananging Jaka Kawasa / ora kèri saparane / ing kono abure têkan / papan kang bangêt kiwa / ana ngèrèng-èrèng gunung / ora ana wong sing ngambah //

lêmahe sungil arumpil / parangcuri pating crangap / ajêro-jêro jurange / sang putri ing sanalika / banjur nyalorot mandhap / amuji gumarumung /[9] gununge tumuli mênga //

nuli malêbu sang putri / Jaka Kawasa barabat / anututi gage-gage / watune sing kaya lawang / banjur tumangkêb enggal / ing jêrone kono wujud / kadhaton kang luwih brêgas //

rêrênggane pèni-pèni / ananging Jaka Kawasa / wis ngira sing ngono kuwe / mêsthi yèn kadhaton setan / yèn kadhaton wong lumrah / môngsa mangkonoa mau / awit kabèh sarwa mokal //

Jaka Kawasa saiki / mung êtut buri siluman / ora wêruh: wong ing kono / sang putri anggone tindak / ketok bangêt kulina / dadi cêtha putri mau / rêmên tindak paracidra //

awit yèn lakua bêcik / môngsa dadak balasakan / lêlungan dudu wayahe / ing tindake dhèk samana / têkan ing papan padhang / diyan-diyan pating plancur / padhange kaya raina // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. ing. (kembali)
ing.
2. Uyeda. (kembali)
Uyeda.
3. dibanjurake. (kembali)
dibanjurake.
4. dhobêl. (kembali)
dhobêl.
5. Mirid. (kembali)
Mirid.
6. pangina. (kembali)
pangina.
7. Landraad. (kembali)
Landraad.
8. § Kosokbaline bocah nagara, nalika wêruh kêbo: girap-girap, saka wêdi. Jêbul Si Gombak malah ngêthikring ana gêgêr kêbo karo ura-ura: eman têmên wong nagara kuwi / yèn ngêngina madhakke wong desa / dene kuwi padha bae / mung wêruh kêbo: bingung / tanpa klambi: malêbu angin / wêruh wong drêmba wêgah / nanging sing tinêmu / pangêmile tanpa kêndhat / beda aku trima sêga jangan bêning / awakku waras rosa // red. (kembali)
§ Kosokbaline bocah nagara, nalika wêruh kêbo: girap-girap, saka wêdi. Jêbul Si Gombak malah ngêthikring ana gêgêr kêbo karo ura-ura: eman têmên wong nagara kuwi / yèn ngêngina madhakke wong desa / dene kuwi padha bae / mung wêruh kêbo: bingung / tanpa klambi: malêbu angin / wêruh wong drêmba wêgah / nanging sing tinêmu / pangêmile tanpa kêndhat / beda aku trima sêga jangan bêning / awakku waras rosa // red.
9. Kurang satu suku kata: amêmuji gumarumung. (kembali)
Kurang satu suku kata: amêmuji gumarumung.