Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-18, #675

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-18, #675. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-18, #675. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 40, 11 Sura Dal 1863, 18 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [613] ---

Ăngka 40, 11 Sura Dal 1863, 18 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Amuntai, Borneo

[Grafik]

Nuju kabênan ing laladan Amuntai. Ing alun-alun papan main bal lubèr toya.

--- 614 ---

Kagunan Jawi

Redhaksi Kajawèn Tampi Panjurung saking Tuwan Sungaji ing Bandhung, Awarni Nut Gêndhing Karanganipun Piyambak. Kados ing Ngandhap punika:

Ladrang Pacêklik, pelog bêm (pathêt 6)

[Notasi]

--- 615 ---

Dhawah gerong Kinanthi.

1. rina wêngi ngrêmbug butuh | kinarya ingoning batih | anak bojo nora bêtah | angampêt nglêmpèting têlih | ndilalah karsaning Allah | lungan kantor dikon mulih ||

2. kayaparan raganingsun | ngalami kala makingking | ihtiyar sarwa rêkasa | ngaliyêg luru rêjêki | lantaran malanging măngsa | măngsa mlèsèd mêlasasih (malaisê) ||

3. kănca tani kănca buruh | kănca dagang myang priyayi | sing ringkih lan sing santosa | nglairkên pêdhêsing ati | sêsambat angaruara | kataman jaman mandêking ||

4. wong sajagad padha ribut | kacipuhan angayoni | nanggulang kanthi santosa | kurdaning buta pacêklik | njrêbabah ngèsis siyungnya | njanggêrêng anggirisi ||[1]

5. aja tungkul ngrangkul dhêngkul | cakekal ngobahna sikil | akal lan ukil lakokna | yaiku sarat sajati | lumintu urip pasaja | ropyan-ropyan dèn kurangi ||

Pamrayogi: kagêm ngêcakakên, langkung utami ngasta gambang tinimbang salênthêm, dêmung utawi saron.

Gambang mêngku swara pêpak, wiwit swara agêng sangêt dumugi alit pisan.

S.

Pêkên panyadean oto

[Grafik]

Ing sisih punika gambar oto-oto mobil ingkang kasade kadhasarakên wontên ing pêkên oto, ing Surabaya, gadhahanipun Borneo Company. Untabing têtiyang ingkang ningali saha ingkang badhe tumbas sampun kacêtha ing gambar.

--- 616 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Ing ngriku piyambakipun linggih kalihan sidhakêp. Sumêrêp kawontênanipun makatên punika kula botên saèstu pitakèn, ananging têrus wangsul alon-alon. Enjingipun kula nêdha katêrangan kawontênan ing wanci dalu punika, ananging piyambakipun botên purun walèh. Saking pangintên kula lêlampahanipun ing wanci dalu punika kangge wados, amila pitakèn kula botên kalajêngakên.

Têtiyang Kaya-kaya punika inggih sampun anggadhahi kasagêdan anjogèd, panjogèdipun sairib jogèdipun para têtiyang tanah Jawi Kilèn manawi anjogèdi dhogèr (jogedan bajing loncat), manawi jêjogedan wontên ing Tanah Merah, ingkang kangge tabuhan cangkêm kalihan kêplok-kêplok. Kajawi kêplok-kêplok wontên ugi ingkang singsot, sanadyan kawontênaning têtabuhanipun namung kados makatên, manawi karaosakên inggih wontên larasipun. Ing sarèhning lagunipun têtiyang Kaya-kaya punika manawi karaosakên ingkang sayêktos wontên larasipun, amila inggih wontên salah satunggaling tiyang bucalan ingkang ahli gêndhing andamêl lagunipun tiyang Kaya-kaya. Miturut katêrangan, satunggil-satunggiling tiyang Kaya-kaya botên sami.

Salah satunggiling golongan Kaya-kaya, manawi gadhah anak botên kasêsêpan tiyang sêpuhipun, ananging dipun ombèni toya tawa saha katêdhanan gêgodhongan, dados botên katêdhanan sagu. Anggènipun anggadhahi tindak makatên punika, awit inggih dèrèng mangrêtos bilih toya sêsêpan punika sagêd anggêsangi dhatêng bayi. Golonganing têtiyang Kaya-kaya ingkang anggadhahi cara angupakara bayi makatên punika, sarêng salah satunggiling tiyang Kaya-kaya bangsanipun nyumêrêpi tiyang bucalan anêsêpi anakipun, Kaya-kaya punika lajêng pitakèn punapa tindak makatên punika sagêd anggêsangakên bayi. Pitakènipun punika inggih sampun tamtu ngangge pratăndha saha solah tingkah ingkang ngantos sagêd mangrêtos.

Manawi ambêkta anakipun ingkang dèrèng sagêd lumampah, punika kalêbêtakên ing rajut (kanthong ingkang sairib kados jala). Rajut punika kasukanan tangsul, tangsulipun katangsulakên ing sirah, rajutipun gumandhul ing gêgêr. Ingkang ambêkta anak punika tiyang Kaya-kaya èstri.

Ing suwau nalika kula dèrèng sumêrêp kawontênan ingkang kados makatên punika, kula kintên inggih ambêkta barang-barang ingkang badhe kalintokakên. Kalimrahanipun ingkang kula sampun nate ngalami, tiyang èstri ingkang ambêkta rajut punika isi wowohan ingkang kawastanan dening têtiyang bucalan ing Tanah Merah tongbut (tongbut punika wangunipun kados kasêmêk) ananging alit-alit [a...]

--- 617 ---

[...lit-alit] saha raosipun kêcut sangêt. Wontên tiyang Kaya-kaya jalêr èstri, ingkang èstri ambêkta rajut kados ingkang kula kintên ambêkta wowohan kados ingkang kula têrangakên ing nginggil, kula awe-awe, badhe kula ajak lêlintonan bêbêktanipun. Kaya-kaya jalêr èstri punika thingak-thinguk, ananging inggih mêksa amurugi. Sarêng cêlak rajutipun kula waspaosakên têka botên isi wowohan, jêbul isi bayi, ingkang kintên-kintên umuripun sawêlas wulanan.

[Grafik]

Golonganing têtiyang Papuah.

Sarêng kula sampun sumêrêp kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng kula purih kesah. Nitik polatanipun tiyang Kaya-kaya wau, nalika sumêrêp anggèn kula gumun aningali anakipun ingkang wontên salêbêting rajut têka botên napsu, malah gumujêng.

Rumakêting sêsrawunganipun têtiyang Kaya-kaya punika sae sangêt. Manawi satunggiling tiyang Kaya-kaya angsal têdha saking tiyang bucalan lajêng dipun dum-dum ngantos waradin. Nalika têtiyang Kaya-kaya sawêg enggal-enggalan sêsrawungan kalihan têtiyang bucalan, taksih dèrèng doyan sarêm saha gêndhis. Ing sapunika sarêng sampun kulina ngraosakên raosing sarêm saha gêndhis, bilih nêdha botên tilar sarêm, malah ing sapunika tiyang Kaya-kaya sampun doyan olah-olahanipun têtiyang Bucalan, dalasan sambêl ingkang ing suwaunipun mambêt kemawon sampun gêbrès-gêbrès, sapunika sampun wontên ingkang karêm.

Upaminipun sagolonganing têtiyang Kaya-kaya sami dhatêng ing Tanah Merah nêdya badhe lêlintonan, punika upami wontên ingkang dèrèng angsal lintonan inggih dipun êntosi ngantos sagêd angsasal.[2] Manawi wontên ingkang lajêng nyambut damêl kalihan tiyang bucalan inggih ugi dipun sarantosakên. Manawi badhe wangsul inggih sami ajak-ajakan. Kula pitakèni, sababipun punapa têka sêsarêngan makatên. Salah satunggilipun anyariyosakên bilih cara makatên punika bokên[3] gampil kabegal.

Dêdamêl ingkang kabêkta punika namung jêmparing ingkang bedhoripun kajêng utawi dêling. Miturut katêranganing têtiyang Kaya-kaya jêmparing punika namung kangge misaya ulam utawi kalintokakên bilih wontên tiyang bucalan ingkang purun. Dene dêdamêl ingkang baku, katilar wontên ing wana. Jêmparing ingkang katilar wontên ing wana punika bedhoripun ingkang kadamêl balung saha kasukanan wisa. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 618 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Pawartos ingkang kawrat ing Kajawèn kapêngkêr, tutuping karangan, araos damêl ayêming manah, awit ing ngriku katingal sajak sampun rampung, badhe botên wontên pasulayan malih. Nanging manawi miturut têbaning paprangan, pinanggih wontên pintên-pintên panggenan, sanadyan wontên ungup badhe rukun, inggih sawêg pinanggih ing saperangan, saya malih manapi[4] mirid sêsulakipun golongan Tiongkok anggènipun botên nayogyani dhatêng tindakipun Chiang Khai Sek, dening kadakwa kêndho ing tandang, punika dados titikan, bilih tumraping rakyat, taksih anggadhahi manah dèrèng narimah dhatêng cuthêling paprangan. Bab punika pancèn nyata, awit miturut pawartos, sarêng sêrat prajanji kèndêling pêrang sampun dipun tăndha tangani, botên adamêl sênênging manahipun rakyat Tiongkok. Jalaran saking wontêning raos ingkang tuwuh kados makatên, satêmah adamêl kasamaran, mila lajêng ngawontênakên pangrêksa dhatêng para pangagêng Tiyongkok ingkang gêgayutan kalihan padhamèn, murih wilujêng botên dipun cidra ing tiyang.

[Grafik]

Saradhadhu Jêpan nuju ambêkta têtiyang tawanan Tionghwa ing Sjanghai.

Pamanggih ing bab botên cocoging rakyat dhatêng bab padhamèn punika, botên namung pinanggih ing laladan Sjanghai kemawon, tumrap golongan Canton ugi botên anyondhongi. Malah miturut pamanggihipun Eugene Chan, mratelakakên, bilih prajanjian padhamèn punika, [pu...]

--- 619 ---

[...nika,] tumrapipun Tiongkok botên migunani, awit ing sapunika wadya Jêpan ing Sjanghai bidhal dhatêng Mansjoerie, wontên ing ngriku nêmpuh wadya Tiongkok. Manawi pinanggihipun nyata kados makatên lajêng kadospundi wohing padhamen punika, punapa botên lajêng pinanggih mêntah malih.

[Grafik]

Jendral Feng Joe Sjang ingkang ambiyantu Jendral Tsai Ting Kai nanggulangi mêngsah ing Sjanghai.

Sêsulak mêntah ing prajanjian saya katingal, kados ta ing bab tindak nyêpêngi băngsa Korea ingkang kada[kwa] gêgayutan kalihan bab êbom, punika tansah lumintu. Ing ngriku malah lajêng wontên pangintên, bilih bom punika saking pandamêlipun băngsa Tionghwa, awit ing tilas papan kasangsaran pinanggih wontên tăndha-tăndha ingkang kenging kangge pasaksèn.

Raos pandakwanipun Jêpan ingkang kados maktên punika lajêng angsal sêsambêtan tăndha saksi, ingkang raosipun kenging kangge nêtêpakên cidranipun Tiongkok. Kados ta ing lèpèn Soengari mêntas wontên papranganipun wadya Jêpan kalihan Tiongkok, campuhipun sakalangkung rame, wadya Jêpan kêsêsêr, nanging ugi lajêng wontên bêbantu malih.

Ungguling wadya Tiongkok ing paprangan punika nuwuhakên panglocitanipun Jêpan, panglocita wau sêmu gumun dhatêng bab saening dêdamêl Tiongkok, botên ngêmungakên wadyanipun mriyêman kemawon, dalah mêsinipun mabur kathah sangêt. Ing bab mêsin mabur punika anuwuhakên pandakwanipun wadya anggêgana Jêpan, bilih ing bab mêsin mabur, Tiongkok angsal pambiyantu saking Ruslan.

Dados udhang-udhêng, kasujananipun Jêpan dhatêng Ruslan punika tansah wontên kemawon. Malah kawartosakên, pinanggihipun ing Harbim, pasulayan ing ngriku dados sêsungut pêpêranganipun Jêpan kalihan Ruslan.

Pasulayanipun Jêpan kalihan Ruslan, punika tumrapipun Jêpan araos kuwatos, awit kawontênanipun wadya abrit ingkang manggèn ing watês, Mansjoerie wontên 70.000. Mirid kawontênaning wadya ingkang ngalêmpak samantên punika, têtela [tête...]

--- 620 ---

[...la] manawi adêgipun santosa, purun nêmpuh [...]gon dipun têmpuh. Makatên ugi lampahing wadya Jêpan ingkang langkung margi sêpur wetan, botên badhe gampil, lan bilih Jêpan kalihan Sovjet pêpêrangan, pinanggihipun badhe nyuda kêkiyatan, wêkasan damêl kasantosanipun Tiongkok. Makatên ugi Jêpan nyamarakên dhatêng ajênging kabudayan Sovjet, awit manawi sagêd majêng pangajêng-ajêngipun Jêpan badhe ngangsêg dhatêng laladan Ruslan tamtu botên kasêmbadan.

Ubat-ubêting paprangan punika, tumrapipun Jêpan pancèn mêngku pamanahan awrat, awit ing ngrika-ngriki sami prêlu nindakakên rêrigên ingkang kêdah linampahan tumuntên, kados ta tumrap Sjanghai, mardi tata têntrêm murih têtêp tumindak. Tumrap laladan Mansjoerie kêdah ngêncêngakên wadya bêbantu, malah sampun kalampahan mêntas ngangkatakên wadya dharatan mandhap ing Dairen. Sadumugining ngriku, wadya wau lajêng bidhal badhe nunggil kalihan wadya ing Mansjoerie. Saking pratelanipun ministêr paprangan Jêpan, wadya ing Mansjoerie kêdah angsal bêbantu.

Kajawi punika taksih kathah malih sabab-sabab ingkang tuwuh narambul ing măngsa ribêd punika, kados ta wadya Jêpan ing Fangoeng mêntas campuh kalihan wadya brandhal 5000, Jêpan sagêd unggul, wadya brandhal kaplajêng. Nanging sanadyan makatêna, inggih tansah damêl ribêd kemawon, awit panêmpuhing wadya brandhal punika kadosdene ngrêsahi.

Dados pinanggihipun ing măngsa punika, wartos padhamèn, utawi tata têntrêm, taksih kadosdene pitakenan.

Pamatangsiantar

[Grafik]

Kantor Javasche Bank ing Pamatangsiantar, ingkang katutup wiwit tanggal 1 April, dening saking kathahing kabudidayan ingkang katutup.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 621 ---

Panglipur Manah

Gagasan Kawêdhar

[Dhandhanggula]

Amimbuhi mêmanising bumi | gumêlaring lumahing samodra | datanpa têpi katone | ngilak-ilak ngêlangut | lumaraping alun lumaris | tumêmpuh bukit karang | nyuwara jumêgur | awimbuh wingit kaliwat | ing satêmah numusi janma mêmikir | maring eloking alam ||

pan rinasa ananing jaladri | bêbasane mung kêbak bêbaya | kang tan ana pêpindhane | marma kinarya nglabuh | miwah nglarung sawaning janmi | murih sampurna sirna | lêpas paranipun | sawênèh minăngsa mina | yèku aran buron laut angajrihi | ngluwihi buron wana ||

saya nglangut dènira mêmikir | mulat palwa sabètèng gêngira | saking mandrawa katone | kampul-kampul lir nyamplung | datan măntra-măntra mangrêti | lamun nora winarah | kang wrin purwanipun | amung gunging bagaskara | kang tan owah lan sumorot mawèh warni | biru laut ranira ||

[Grafik]

kanang barat gumrubug brêbêgi | pan kasilêm janma pagunêman | labêt kabuncang swarane | kêkayon kèh tumiyung | miyat-miyut katiyup angin | saistha kadi bungah | lêlangên anutug | gumêrot swara barongan | yèn rinasa kadi bungah animbangi | surak-surak gumêrah ||

ing gêgisik blêduge nglimputi | kaya-kaya asuka pratăndha | maring kang pêrak sêdyane | pinrih aywa alaju | bokmanawa kaduwung wuri | sayogya angupaya | panggonan pikantuk | blêdug tumamèng mripat |[5] ing sawastu kacuwanira nêrusi | mulat endahing alam ||

mega-mega kang gamêng lumaris | ing saistha kadi alêlana | mulat samodra ombake | saparan mung ingênut | kongsi pêplês datan kaèksi | kari langit katingal | tumangkêp atêpung | yèn rinasa apan kadya | wèh cangkriman kang langkung mêmêt sayêkti | ngêndi watêsing jagad ||

amung mungguh jêmbaring jaladri | kang winuwus akêbak bêbaya | tumrap manungsa jatine | pan dadya marganipun | grenda nalar angulir budi | ambuka rèh rubeda |

--- 622 ---

satêmah tinêmu | kadi ananirèng barat | ma[lah da]dya srananing palwa lumaris | yèku ababar layar ||

dene tumrap jêroning jaladri | mapan kêni kinarya ingambah | palwa sabètèng agunge | prasasat pulo mlaku | sèsinira dahat mêpêki | rinêksèng kabutuhan | ing saarinipun | lawan kuwawa lumampah | wêwulanan anjajah ngidêri bumi | kalis ing sambekala ||

mangkya tuwuh wuwuhing pambudi | palwa silêm lumaku jro tirta | datan ana sangsayane | tan siwah ananipun | ingkang ngambang munggwing jaladri | padha padhang anjingglang | hawanira cukup | aprasasat mina waja | ngambang silêm datan kewran ing pakarti | mung kari mana suka ||

sêsawangan kang nglangut kapati | katon nyêngoh lir arêp-arêpan | sarana kèkêr wastane | saya akarya ngungun | anèng palwa munggwing jaladri | bangkit awawan sabda | mring sanak sadulur | yèku radhio ranira | yèn rinasa tumrap kang durung mangêrti | elok kadi sulapan ||

dadya mungguh uwohing pambudi | yèn talatèn lawan tinêmênan | yêkti katêkan sêdyane | kadi kang wus tinutur | mung minăngka dadya palupi | sukur dadya panggugah | mring kang lagya gayuh | maring kawruh lan kagunan | ing supadi datan kêmba ing pambudi | kasidaning parasdya ||

lire kadi kang ngudi ngadani | kopêrasi abêbathon dagang | nênun lurik sasamane | lamun santosèng kayun | gumarêgut anggêrètèhi | mring para warganira | mrih sayuk arukun | datan kengguh ing panggodha | suka soroh băndha bau jêr ngèngêti | basuki mawa beya ||

Darpa.

Raos Jawi

Panganggêp lan Pangajêng-ajêng

Têmbung panganggêp ing ngriki ingkang dipun pikajêngakên, pêndhaku, inggih punika: ngakên utawi ngraos anggadhahi pangaosing dhiri, ugi mêngku raos: pangakên dhatêng daya panguwasaning dhiri pribadi. Tiyang ingkang tipis panganggêpipun dhatêng daya panguwasaning dhiri, saèstu botên pitados dhatêng ingkang damêl gêsang.

Pangajêng-ajêng tuwuhipun saking pêpenginan, dhasar manusa gêsang ing ngarcapada punika kaèbêkan dening dayaning kabêtahan: sandhang, têdha, griya, drajat, kaluhuran lan taksih kathah sanès-sanèsipun malih.

Kalih bab kasêbut ing nginggil punika ingkang mahanani daya gêsang, rumaganging tiyang dhatêng pandamêl punapa kemawon punika namung saking dayaning panganggêp tuwin pangajêng-ajêng. Katranganipun makatên: upami tiyang badhe anglampahi satunggaling pandamêl, ing ngriku têmtu sampun kadunungan panganggêp, inggih punika rumaos kadugi dhatêng pandamêl wau, ing sakawit kataman dayaning pêpenginan ingkang nuwuhakên pangajêng-ajêng dhatêng kalêksananipun. Kêmpaling panganggêp lan pangajêng-ajêng mahanani daya kêkiyatan (gêsang).

--- 623 ---

Sajatosipun wontênipun panganggêp lan pangajêng-ajêng punika: surup-sinurupan, katêranganipun makatên: tuwuhipun pangajêng-ajêng punika saking pêpenginan, nanging pêpenginan punika sagêdipun anggèndèng dhatêng pangajêng-ajêng punika sagêdipun tuwuh yèn kataman dayaning panganggêp. Upami: drajating nata punika tumrap sakula, kala-kala sok mengini, upami yèn kapinujon kula mirêng cacriyosan mênggah kamuktènipun ratu. Nanging paribasan sagluguting kolang-kaling pinara… sampun botên badhe gadhah pangajêng-ajêng badhe sagêd dados ratu. Ing ngriku tăndha yêkti, yèn tuwuhipun pangajêng-ajêng punika saking dayaning panganggêp, inggih punika rumaos kadugi. Kosokwangsulipun: tuwuhipun panganggêp punika saking gênging daya pangajêng-ajêng. Ing cariyos purwa, Prabu Dasamuka punika kasêbut ratu murka, nalika dèrèng jumênêng nata piyambakipun tapa ambanting raga, ingkang kaèsthi botên sanès sagêda kasêmbadan salwiring pikajênganipun, saisining buwana badhe dipun piyambaki. Saking gênging kamurkanipun rumaos piyambakipun kadugi anggêgêm jagad. Punapa malih dhatêng sasamining titah ajriha, sanajan jawata pisan piyambakipun purun anglabrag, botên ajrih dhatêng sêsiku.

Kados ingkang sampun kula aturakên wau: panganggêp tuwin pangajêng-ajêng punika ingkang mahanani daya gêsang. Dhasar inggih kalih bab punika sampun dados sandhanganing manungsa gêsang ing ngarcapada. Namung wujudipun beda, tuwin wontên kandêl lan tipis.

Tiyang ingkang sampun kecalan panganggêp lan pangajêng-ajêng têmtu botên bêtah malih gêsang ing donya, mila wontên tiyang nganyut tuwuh, punika trêkadhang inggih jalaran saking sêpên ing panganggêp tuwin pangajêng-ajêng. Ing ngriku rumaos piyambakipun botên kadugi malih angladosi dayaning kabêtahanipun, pangajêng-ajêng sirna. Pêpuntoning nalar lajêng tega nilar kadonyan pindhah dhatêng ngakherat.

Nuwun, dumugi samantên pantoging gêgayuhan kula dhatêng babagan ingkang gêgayutan kalihan ing agêsang. Mugi linêpatna saking sêsiku.

Sadana-Purwawiyata. Wêlèri.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 590 ing Minggiran. Kajawèn ingkang panjênêngan dangokakên sampun sami têlas.

Lêngganan nomêr 2727 ing Panaraga. Inggih, padhalangan ringgit purwa 177 lampahan punika sampun dumugi Bratayuda.

Lêngganan nomêr 228 ing Kêbasèn, 1. Têmbung serang punika daos krama inggilipun sabin, bokmanawi lêrês tumrap ing Purbalingga. 2. Bab pangintunipun Kajawèn botên kabedakakên. 3. Katindakakên dening juru gambar satêngah jurnalis. 4. Kenging, panêmbungipun dhatêng Bale Pustaka. 5. Taman pustaka pundi. 6. Sabên anglêbêtakên lêngganan Kajawèn 4 angsal 1. 7. Prayogi pitakèna dhatêng tiyangipun piyambak, redhaksi botên kenging nyariyosakên. 8. Sinaunipun kêdah kulina ngarang lan nênitèni.

Anak lêngganan nomêr 4831 ing Rêmbun. Panjurung sampun katampèn, badhe kapacak, ngêntosi papan.

R.A.S. ing P. panjurung badhe kapacak.

--- 624 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

XIV

Petruk : Kang Garèng, dadi rak iya wis cêtha, ta, nek wèng[6] ngomong nganggo sraweyan kuwi, ora mung sok diarani ora idhêp tata bae, nanging iya sok dianggêp wong sing durung nyakup basane. Mulane sabisa-bisa kudu diilangi bêndana sraweyan kuwi. Kajaba iku nèk omong aja pêcicilan...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, kowe rak kudu ngèlingi, yèn wong kuwi wêwatêkane rak beda-beda, ana sing aksi lan ana sing klêlar-klêlêr. Hla, nèk sing sugih aksi kuwi mêsthine salawase iya katon brêgas, tandang lan sigrak, nèk tungkul dikon a-lus, kaya Rêjuna supit mêsthine iya rumasa jêmpo. Hla, nèk wis tinakdirake sapisan wis kalêlar-kalêlêr, salawase iya bisa a-lus ajêgan, sanadyana disusu-susu êndhoge wukan sêlak arêp mêtu, iya mêksa nglê-lêr bae. Kowe kuwi kok anèh, Truk, Truk, ana uwong kabèh-kabèh kok dipadhakake prawan pingitan sing ditakoni jêjaka, kudune sing alus tumungkul bae nanging nèk jêjakane dhong ora andêlêngake banjur slirit a-nga-li-ri-k.

Petruk : Rak iya bêcik mêngkono, ta, timbangane karo prawan sing cêngengas-cêngèngès, nèk ana tamu jêkaka: mlêbu mêtu, mlêbu mêtu, kaya-kaya sajak arêp nêrangake mangkene: iki lo, iki lo aku, isih lêgan. Kang Garèng, iya wis mêsthi bae, nèk wêwatêkane uwong kuwi ana sing aksi ana sing klêlar-klêlêr. [klê...]

--- 625 ---

[...lar-klêlêr.] Nanging sanadyana aksi dikaya ngapa, rak iya bisa ta ora pêcicilan, têgêse: matane pêndirangan mrana-mrene. Awit pandakwaning wong sok banjur rupa-rupa, ana sing andakwa, yèn anggone pacicilan mau, prêlu arêp ngêkir barang-barang ing sajêroning ngomah kono, sing kira-kira kêna digawa tanpa nêmbung. Dene wong sing butarêpan, pandakwane: e, hla, priyayi manongan kiyi, ana sing didêlêng kathik ing jêro ngomah bae, kiraku arêp ora gênah priyayi kiyi. Mulane, Kang Garèng, bêndana mêngkono kuwi iya wajib diulapi. Mêngkono uga solah tingkahe dijagaa aja ngewak-ewakake...

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon. Sabênêre ngono aku rak rada judhêg, nèk ngrasakake têmbung ngewak-ewakake kuwi, wong panganggone kuwi kok le gampang têmên, kaya ta: diêndhêg mangan ora gêlêm bae, iya banjur diunèkake: ngewak-ewakake, tanggal tuwa ngiras ana ing resturan iya diarani: ngewak-ewakake, dalasan wayah mahrib ngunèkake gramopun gêndhing pangkur, jarene iya ngewak-ewakake...

Petruk : Lo, ing kono têgêse ngewak-ewake: ora sêmanak, ora lumrah utawa ora mèmpêr, kaya ta: diêndhêg mangan bae, têka ora gêlêm, kuwi rak ngetokake anggone ora sêmanak. Wong tanggal tuwa kok ngiras nang resturan, kuwi jênênge rak ora lumrah, ta, awit lumrahe wong urip, nèk tanggal tuwa kuwi wis kalithikan anggolèk butuh, ana kok dhuwite malah dibuwangi ana ing resturan. Dene mahrib-mahrib ngunèkake gramopun lagu pangkur, kuwi sabênêre ngrêrusuhi wong sing lagi sêmbahyang, apamanèh yèn sing lagi sêmbahyang mau santri anyar, kiraku arêp ngraphalake mêngkene upamane: ini wajahtu wajiya lilla dziphata rosamawati... bisa uga banjur ambarêngi unining gramopun mau karo muni: sapa manis kaya sira. Hara, apa iki pantês lan mèmpêr. Wong ngunèkake gramopun ing wanci mahrib mung diarani ngewak-ewakake, kuwi rak wis bêgja bangêt, pira-pira omahe ora dikrutug... têlèk uwong. Ora Kang Garèng, sanyatane omong utawa solah tingkah sing ngewak-ewakake kuwi, sing sajake arêp ngatonake kapintêrane. Kaya ta: nyaritakake carane wong mêlahi prau, lo, kuwi anggone nirokake mêlahi mau kathik bolak-balik tangane sajak ngukêl semyok, hara, iki rak mung arêp ngatonake yèn awake bangsane ahli anjogèd. Utawa ana ing ngarêpe wong akèh anggusah lêmut sing ngrubung raine, carane anggusah mau kathik migunakake jurus gunting utawa jurus pêcut, iki apa ora ngatonake yèn sajake ahli main silat. Iya sing bangsane kaya ngono kuwi, sing omong utawa tondak-tanduke diarani: ngewak-ewakake, utawa wong sing ora ditakoni, sabên-sabên ngomongane: inggih punika rama mênggung, ibu dipati, nanging sanake sing dadi upas upamane, sajake ora tau diucapake. Dadi cêkake iya sing sugih pamèr kuwi, [ku...]

--- 626 ---

[...wi,] sing sok diarani ngewak-ewakake.

Garèng : Sing kok kandhakake pungkasan kaya aku ora cocog, Truk, nèk pancèn duwe darah luhur, kok ora dipamèr-pamèrake, kanggone jaman saiki sida kêsilèp nyang lêndhut têmênan, alias ora kajèn. Jalaran, cahyaning satriya, sing jarene manthêr sasada lanang, saiki katone wis ambalêrêt kaya uribing clupak, awit tapane satriya saiki kiyi mung yèn wis êntèk... gadhene, dadi sabab wis ora ana sing diliwêt. Tumrap jaman kuna sing diarani satriya sêjati kuwi sing awake cancing lan wiwing, nanging ing jaman saiki malah sing gêdhe... wêtênge, awit ambuktèkake yèn kêndhile ora tau mêngkurêb. Dadi cêkake ing jaman saiki kiyi sing jênêng satriya, dadi sing kajèn, iya wong sing kêndhile ajêgan tumumpang, alias sing ora tau dijothakake phulus. Mulane saiki yèn ora tau disobat ing dhuwit, iya kudu ngaton-ngatonake yèn duwe sanak sing dadi bêndara gêdhe, kang pantês-pantêse ora ngêmungake drajate bae sing gêdhe, nanging pamêtune iya sahohah. Hla nèk mêngkono sithithik-sithithik rak bisa kêcipratan kajène.

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, wong melik diajèni ing liyan, kuwi ora kêna mung sêmendhe bae marang sanak sadulure sing padha lagi kajèn kèringan, nanging kudu budidaya dhewe kapriye cara-carane supaya bisa awake dhewe mau olèh pangaji saka liyan. Awit yèn ora mangkono, samăngsa-măngsa wong sing diarani kajène mau wis katam ajine, sing ngamini iya ora bakal olèh warisan kajène mau. Beda karo aji budi dayane dhewe, yèn bisa kacêkêl, wong pancèn wis duweke dhewe, dadi anggêre bisa kêncêng lan dhikêp bae anggone ngêkêpi, iya ora bakal sumêlang yèn kajène mau bakal anjaluk pêgat. Kajaba wong kudu anjaga aja nganti ngewak-ewakake, iya ora kêna grusa-grusu, utawa bêgita-bêgitu awit kuwi nandhakake kasare bêbudène. Kasaring bêbudèn mau iya kasaring kamanusane. Măngka kabèh băngsa sing wis wêruh ing tatakrama, iku mêsthi padha anggayuh alusing bêbudèn, sing nuntuni marang kautamaning uripe, lan luhuring kabangsane. Kang Garèng, rêmbug bab tatakrama kiyi, sanadyan pancène mono isih dowi bangêt, luwih bêcik dijugag samene bae, sabab wong wis lêsuwen[7] bangêt, mêngko mundhak agawe bosêne sing padha mirêngake.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku 1 iji saking pangêcapan J.B. Wolters Groningen - Den Haag - Batavia gang Scott 5, nama buku pangrakiting praja, tanah Walandi tuwin tanah ngriki, anggitanipun J.A. Wiggers dhirektur tuwin E.I. Sukarsa, guru Keucheniusschool Ngayogya.

Buku wau isi kawruh tatanan praja tumrap nagari Walandi tuwin tanah ngriki, isinipun amêpêki, saha prêlu kasumêrêpan ing ngakathah. Dene bakunipun kangge murid Normaalschool tuwin guru ing pamulangan alit. Buku wau aksara alit, cacah 55 kaca, rêgi f 0.70.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 627 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Ngringkês priyantun B.B. Kawartosakên, benjing taun 1933 badhe pinanggih wontên sudan wadana 40, assistèn wadana 100 bawah-bawahipun lajêng badhe kagamblokakên.

Punika kantun ngêntosi pundi ingkang kadhawahan dhênggung.

H.I.S. Mardiharja. Pakêmpalan prabot dhusun ing Tèmpèl Ngayogya, sampun sagêd ngêdêgakên comite badhe ngadani adêgipun H.I.S. tuwin Schakelschool. Gêlênging rêmbag, benjing Juli ngajêng punika badhe ngêdêgakên H.I.S.

Samantên giyaking têtiyang ingkang sami ambêtahakên pangajaran. Wawratipun prabot dhusun ugi botên purun kantun.

Pabrik lisah klêntik enggal. Ing Cimahi badhe bikakan pabrik lisah klêntik enggal, gadhahanipun bangsa Tionghoa. Wragadipun f 150.000.

Manawi mirit jamanipun, adêging pabrik wau inggih nama manjila. Nanging tumrap pamanahan dagang tindak purun nêmpuh pakèwêd, têrkadhang malah dados margi sae. Saya malih manawi mirit mirahing rêrêgèn klapa, nama sagêd manggih untut sae. Bab punika prêlu dados kaca tumrap ingkang ambêtahakên.

Damêl arta palsu kacêpêng. Ing Muntilan wontên tiyang siti dipun cêpêng ing pulisi, jalaran kadakwa damêl arta palsu. Tiyang wau nalika kacêpêng kabuktèn kanggenan cithakan arta ukon palsu tuwin nuju sawêg damêl.

Samantên rupêking manahipun tiyang nêdya pados panggêsangan, ngantos supe, purun nindakakên padamêlan ingkang dados awising nagari.

Sêsêging jaman. Wontên pawartos, ing laladan saêlèr Pontianak antawisipun Singkawang tuwin Sambas, kathah tiyang kêmlaratan, saha lajêng tuwuh rêrêsah. Tiyang wau asli kuli bangsa Tionghoa. Kajawi punika taksih wontên tilas kuli kabudidayan karèt bangsa Madura, kirang langkung wontên 15.000. Ing sapunika sawêg dados panggalihan ing bab sirêping kasangsaran wau.

Mênggahing rekadaya têmtunipun namung badhe ngantukakên para kuli wau dhatêng nagarinipun. Nanging sadumugining nagarinipun lajêng badhe kadospundi. Punapa botên namung atêgês ngingsêr kawontênan.

Pamulangan tênun ing Kêdiri. Ing Kêdiri sampun kêlampahan ambikak pamulangan tênun, manggèn ing kampung Jagalan Kidul. Cacahing murid ingkang nêdha mlêbêt wontên 63, ingkang kathah èstri. Bayaring sêkolah f. 0.50, entree f 1.- kabayar kaping kalih. Lamining sêkolah 6 wulan, angsal arta pêpetanganing angsal-angsalan padamêlan 50%. Ingkang 50% sanèsipun katanjakaên dhatêng P.G.H.B. 10%, kangge amal 10%, lan 80% ipun malih kangge ngagêngakên pakaryan. Ingkang dados gurunipun satunggiling wanita wêdalan pamulangan tênun ing Surabaya. Adêging pamulangan wau saking ada-adanipun P.G.H.B.

Comite pamulangan U.L.O. Ing Ngayogya wontên comite ingkang gadhah sêdya ngêdêgakên pamulangan U.L.O. inggih punika pamulangan kadosdene Mulo, nanging mêndhêt lare saking sêkolahan angka 2. Ingkang dados pangarsaning comite Tuwan Malikus Suparto, pangagêng guru H.I.S. Muhammadiyah.

Punika kamajêngan ingkang tuwuhipun anocogi kalihan lampahing jaman.

Bêbaya kêmlaratan ing laladan Bêtawi. Ing laladan Bêtawi lèr kilèn tuwuh bêbaya kêmlaratan. Tuwan Resident Hoek sampun rawuh nyatakakên, pinanggihing papriksan, dhusun-dhusun ingkang katrajang bêbaya wau ing Tigaraksa, Pasilihan tuwin Krèsèk, dene bab wontêning bêbaya kêluwèn botên sapintêna. Ing padhusunan wau wontên tiyang angguran ewon, rumiyin sami asli saking nyambutdamêl ing Tanjungpriok utawi kuli kabudidayan karèt. Mirit papriksan, sarèhing sapunika mèh mangsa panèn, kakintên botên nguwatosakên. Ewadene ingkang wajib taksih nindakakên rekadaya murih sêdya damêl irigatie dipun lajêngaken, awit pigunanipun nyarambahi.

Pabriksan[8] ingkang kados makatên punika, anocogi kados pangajêng-ajênging ngakathah.

Punggawa pagantosan ingkang badhe dipun kèndêli. Miturut pawartos, benjing wulan Juni ngajêng punika, pakaryan pagantosan badhe ngèndêli punggawa malih, onderbeheerder 63, hoofd schatter 178, schatter 169, beambte 55, gunggung 492.

Pawartos makatên punika saèstu damêl kêtir-kêtiring manah. Mugi-mugi sami angsal panglipur.

EROPA

[Grafik]

Têtandhingan mêdhar sabda. Wontênipun ing jaman sapunika tiyang ingkang sae utawi tètèh ing kalanipun mêdhar sabda wontên ing parêpatan, limrah dados pangalêmaning ngakathah. Mila pinanggihipun kathah para muda ingkang sinau ulah wêdhar sabda. Ing ngingil punika gambar satunggiling juru mêdhar sabda ingkang nuju ngatingalakên tètèh ucap ing Den Haag, dipun jênêngi Ingkang minulya Pangeran Hendrik.

--- 628 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

17.

Yèn tak rasak-rasakake, saprene aku isih isin, nanging ing bab kaluputanmu iya tak ngapura, Sumarta. Nanging saiki aku janji, tabêting rasane atimu ilangana, karahayonmu ing buri rêksanên.

Dene bab katêmumu karo aku, besuk apa, kuwi kang nguningani mung Pangeran. Nanging isih ana wêlingku manèh, yèn kowe arêp nyawang, utawa arêp gunêman karo aku, tindakna samăngsa kowe wis duwe bojo.

Kowe aja pisan-pisan duwe panêmu, nyêngguh aku ngêmohi mênyang kowe, kanthi rasa sêriking atiku, iku ora pisan-pisan, Sumarta. Mungguh wosing pamikirku, mung gêtun, dene aku lali mèh kêcêmplung ing jurang kasangsaran.

Yèn kowe pancèn nocogi kaya rasaning piwêlingku, lan nêdya ngèlingi sêsambunganing lêlakon ing buri, ilangana tabêt rasaning atimu, êdohna kaananku.

Saka aku, Dhorah.

Satamating pamaosipun, Radèn Sumarta lajêng anjêgrêg, sêrat dipun kanthongi, lajêng mapan tilêm, saha matur dhatêng ingkang ibu, botên sagêd andhèrèk dhahar, amargi kirang sakeca.

7. Rêmbagipun biyung kalihan anak.

Radèn Sumarta sadalu muput botên sagêd tilêm, jalaran raosing katrêsnanipun dhatêng Nonah Dhorah lajêng santun dados gêthing. Tamtu kemawon raos ingkang kados makatên punika nyatanipun malik angosok wangsul, nanging raosipun wontên ing manah botên sagêd sumèlèh. Awit sadaya tindakipun Nonah Dhorah namung dipun anggêp alah ora, saha nêdya namung badhe ngrèmèhakên dhatêng tiyang jalêr. Beda sangêt kalihan panggagasipun Radèn Sumarta sakawit, ngintên manawi Nonah Dhorah asuka margi katrêsnan, awit sadaya patrapipun pasrawungan namung sarwa mikênani. E, jêbul sarêng kesah namung palêncing tanpa wara-wara.

Sasampunipun anggagas panjang, Radèn Sumarta angèngêt-èngêt suraosing sêratipun Nonah Dhorah malih. Ing ngriku Radèn Sumarta rumaos manawi kenging pandakwa gadhah tindak lêpat malah kalêpatanipun katingal dipun cêthakakên.

Panggagas kados makatên punika pancèn ambingungakên, awit Radèn Sumarta botên rumaos lêpat, botên rumaos ngapusi, anggènipun pasrawungan namung salugu kados sacaraning pawong mitra ingkang kulina, namung kaot mawi sinarêngan raosing pamanahan sampun diwasa. Mokal raos kados makatên punika manawi Nonah Dhorah botên mangrêtosa. Punapaa têka ingkang dipun lêpatakên namung Radèn Sumarta piyambak. Pandakwanipun Nonah Dhorah wau, sadaya botên pratitis, awit Nonah Dhorah piyambak inggih gadhah tindak ingkang adamêl gambiraning manahipun Radèn Sumarta.

Dene suraosing sêrat ingkang sangêt anatoni manah, ing bab anggènipun Nonah Dhorah ngrèmèhakên dhatêng băngsa Jawi. Sanadyan Radèn Sumarta punika awatak andhap asor, nanging sarêng kataman têmbung ingkang nyêrikakên, manahipun lajêng muntab.

Ing bab pamambênging tiyang sêpuh, Nonah Dhorah botên angsal jêjodhoan kalihan tiyang Jawi, punika pantês dipun turut, tuwin botên wontên tiyang ingkang badhe nglêpatakên. Nanging prêlunipun punapa bab makatên kemawon mawi dipun lairakên wontên ing kalanipun pêpisahan. Pancènipun botên usah mawi rêmbag panjang, cêkap cêkak aos kemawon, dados anggèning pawong mitran botên badhe pêdhot.

Manawi dipun raos, patrapipun Nonah Dhorah punika saya adamêl karaosing manah. Raosing manahipun Radèn Sumarta ingkang salugunipun pancèn sampun kêdunungan gêthing dhatêng bangsanipun piyambak, sarêng tampi sêratipun Nonah Dhorah, lajêng malik malah angajèni, rumaos botên lila manawi bangsanipun dipun rèmèhakên. Dados ing sapunika Radèn Sumarta rumaos sangêt, anggènipun dipun rèmèhakên dening Nonah Dhorah, punika jalaran saking anggènipun dados băngsa Jawi. Măngka ingatasipun tiyang pawong mitran, botên pantês sangêt gadhah tindak kados makatên.

Pêpadhang ing Jawi sampun katingal, sêla-sêlaning jandhela sampun kalêbêtan cahya enjing. Radèn Sumarta anjênggirat, ngucêk-ucêk mripati ingkang araos sêpêt, dening sadalu muput tanpa tilêm. Pangothak-athiking manah anggènipun nêdya malês sêrik tansah wontên, badhe kangge malêsi sêratipun Nonah Dhorah. Nanging lajêng dipun manah malih, aluwung narimah, e, bokmanawi ing têmbe wingking Nonah Dhorah èngêt dhatêng piyambakipun, tamtu kêduwung ing manah. Wontên-wontên kemawon pamanahanipun Radèn Sumarta. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Kurang satu suku kata: njanggêrêng anggêgirisi. (kembali)
Angsal. (kembali)
botên. (kembali)
manawi. (kembali)
Kurang satu suku kata: blêdug tumamèng maripat. (kembali)
wong. (kembali)
kêsuwen. (kembali)
Papriksan. (kembali)