Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-21, #678

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-21, #678 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-21, #678 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 41, 14 Sura Dal 1863, 21 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [629] ---

Ôngka 41, 14 Sura Dal 1863, 21 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Babad Giyanti

[Mijil]

mangke anggèr kalamun suwawi / inggih sampun ngantos / karêm ngèlmi têguh sasamine / kadigdayan nuragan kasêktin / awit ngèlmi lair / angêkèhkên dudu //

anggèr karêma têtèki dhingin / nêgês karsèng Manon / dèn atêtêp mantêp ing idhêpe / idhêp maring Hyang Kang Murbèng Bumi / supayane dadi / dadi wêkasipun //

wêkasane wong tinitah urip / dèn kongsi praptèng don / lamun têmên anunggal jatine / pan tinêmu barang kang kinapti / waskitha ing gaib / tan samar atêrus //

têrus karakêt mring tingal jati / jatining pangawroh / mrih sampurna anunggal anane / yèn wus nunggal dèn maksih kêkalih / kêkalihe gusti / lan kawulanipun //

laku lair lawan laku batin / yèn sampun gumolong / janma guna utama arane / dene sampun amêngku mêngkoni / kang cinipta dadi / kang sinêdya rawuh //

nadyan silih prang ngidêri bumi / mungsuhira ewon / lamun anggèr mantêp ing idhêpe / pasrah kumandêl marang Hyang Widhi / gaman samya ngisis / dadya têguh timbul //

--- 630 ---

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab Bal-balanipun para sêpuh

I

Petruk : Kang Garèng: mara rungokna tak caritani. Rikala dina Sabtu kang kapungkur kiyi, esuk-esuk aku olèh kabar, yèn sorene bakal arêp ana têtandhingan main bal antarane kumpulan bal-balan ing Jakarta lan Madiun. Ing sajêroning wêktu ngaso nganggo dislundhingi têtandhingan main bal para sêpuh-sêpuh. Wah, kala samono aku rada prihatin, sabab papan sing kanggo main bal kuwi saka omahku bayarane taksi apês ambalêbês iya mêksa: cêtun. Ewasamono... ora dadi ngapa, kaya dudu ndara priyayi, nganti wêdi kelangan dhuwit mung sarupiyah. Kala samono aku banjur nilpun sawijining priyayi sing arêp mèlu têtandhingan main bal pa[ra sêpuh] mau, yaiku: R. Dr. Suratma, mangkene: allo, dhimas, kabaripun mangke panjênêngan badhe tandhing ing ngayuda, wah, têmtunipun inggih badhe rame, kula mangke inggih badhe mrêlokakên nonton, prêlu namung badhe nyawang sepak trajang panjênêngan, wah, mendah kados soroh amukipun Radèn Kumbakarna. Ana ing tilpun Radèn Dhoktêr Suratma mau banjur gumujêng sarta amangsuli mangkene: Hah, hah, hah, mênapa inggih kangmas. Lo kangmas punapa badhe mriksani, manawi inggih mangke kula papag mawi motor...

[Grafik]

Garèng : O, pancèn iya wong sêmbrana, padune supaya anggone nonton bisa sarana gratis motore, ethok-ethoke ngaruh-aruhi salah sijining priyayi sing bakal mèlu main, tur sing kagungan motor. Le ora idhêp [idhê...]

--- 631 ---

[...p] isin mêngkono. Mêsthine nèk watakmu kuwi iya banjur: inggih sandika, inggih sandika...

Petruk : Kang Garèng, kok ngilang-ilangake le dadi anake rama, iya ora watak yèn aku kok nganti nunut-nunut motore wong liya, apa manèh radèn dhoktêr mau pangkate rada kêsorenên bangêt, mulane aturku iya mangkene: kasuwun, dhimas, kasuwun, kula badhe ngrumiyini.

Garèng : Wèh, wong iya isih sadulurku, putrane rama, sanadyana ora dêduwe, sêthithik-sêthithik iya isih anduwèni kang pawira. Sabanjure kowe apa mangkat dhewe.

Petruk : Wiyah, wong prawira kok diêlih kang pawira mêngkono. Sauwise aku banjur nilpun: Radèn Mas Margana, insêpèktur krêdhit wèsên, mangkene: Wah, kangmas, bal-balan mangke sontên punika mêsthi rome sangêt, kangmas mriksani punapa botên. Wangsulane Radèn Mas Margana mangkene: Inggih dhimas, kula mangke badhe mrêlokakên nonton, manawi dhimas badhe mriksani, mangke jam 1/2 4 kula ampiri. Wangsulanaku: Inggih kangmas, mangke kula andhèrèk. Têkaning ênggon, aku arêp ngaturi urunan dhuwit bènsin, ambok dadi panggalihe Radèn Mas Margana. Arêp andhisiki tuku karcis, wong jênênge andhèrèk, iya jênêng sêmbrana bangêt yèn arêp andhisiki sing didhèrèk, mulane wêruh-wêruh aku wis dituntun ana ing tribinê bae.

Garèng : O, iya pancèn wong ora gênah, dadi karêpe anggone nonton kuwi mung arêp urun mata thok bae, tiwas gêdhe atiku, tak arani iya wong prawira têmênan, jêbulane malah kêng rama andrêmis mêngkono. Wis, wis, banjurna bae caritamu.

Petruk : Tumêkaku ing tribinê, aku rada gumun, dene akèh para putri sing padha mrêlokake mriksani, kiraku bae sing akèh padha garwane priyayi-priyayi sing arêp padha bal-balan, prêlune arêp padha nêksèni, apa cikating sepak trajange raka-rakane padha karo anggone sok bêgita-bêgitu jalaran... sope rada cêmplang upamane.

Garèng : Wiyah, iya ora yèn mêngkono. Anggone nunggoni maine bal-balan raka-rakane mau, wis jamak lumrahe dadi garwa sing sêtia, manawa ana apêse rakane, apa iya kêsambêt, klêngêr utawa kêna apa-apa liyane, kuwi aja nganti kadhisikan ing wong liya anggone... mrêbês mêlês. Saiki, Truk, sadurunge kowe nyaritakake laku-lakune têtandhingan main bal mau, dongèngna dhisik siji-sijining priyayi sêpuh sing padha mèlu main bal.

Petruk : Iya Kang Garèng, nanging iya mung sing tak têpungi bae, iya iku: 1. Tuwan Abdul Rahman, ajung insêpèktur roiwèsên, iki priyayi saka cangcing lan wiwinge salirane, nèk wêwayangane sing rada mèmpêr, yaiku... gunungan. 2 Tuwan Dhoktêr Kayadhu, iki tuwan dêdêge gagah gêdhe dhuwur, tur andêgèg bangêt, ning... wêtênge. 3. Tuwan Dhahlan Abdullah, iki dêdêge cêmpluk sajak rada kaya... gênthong, nanging pènsiunan kampiun [kampiu...]

--- 632 ---

[...n] bal-balan ing Amsêtêrdham (nagara Walônda). 4e. Tuwan Saerun, up rêdhaktur ariwarti Siyangpo. Iki biasane mono dêdêge iya pancèn trincing, nanging jalaran mêntas disanjani inpluensah, katone banjur rada... ênggik-ênggikên, 5 Radèn Mr. Adi, wah, kiyi priyayi pancèn iya Andipati Karna têmênan, mung bae Dipati Karna sing lagi... bèri-bèri, 6 Radèn Dr. Suratma, wêwayangane kaya Radèn Burisrawa, sing mêntas mudhar tapa ana ing alas Krêndhawahana, nanging ing sarèhne satriya jaman saiki, guwayane iya ora manthêr, malah pêtêng, awake lêmês sajak thekla-theklo, 7 Tuwan Paradhah Harahap, up rêdhaktur Bintang Timur, hla, iki katone pancèn iya aksi têmênan, iya teorine (tulisane) iya praktike (kaanane sing têmênan) cêtha aksine tukang nubruk-nubruk, 8 Radèn Suwandi...

[Grafik]

Jago sêpuh sami main sepak raga.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, ora, priyayi sing kok côndra kabèh mau, têka ora ana siji-sijia sing apik. Hara saiki tuturna mungguh awakmu dhewe saupama dipiji mèlu main bal banjur manganggo cara tukang main bal, kaya apa candrane.

Petruk : Wah, nèk aku wis gênah: lênjang, cangcing, wiwing kaya priyayi... cacingên. Wis, wis, Kang Garèng, saiki samene bae dhisik, liya dina tak caritani sepak trajange siji-sijining priyayi sing padha main bal-balan mau. Wah, nyata: rame, aksi, lucu, cêkake wong karipan rong dina rong bêngi ora kobêr mêlèk, mripate mêsthi bakal malolo, lan cangkême ambêlèwèh têrus-têrusan, sabar dhisik têkan liya dina manèh. Nanging sadurunge aku nutup dêdongenganaku saiki kiyi, tak nêrangake dhisik gambar iki, gambar ngisor, yaiku para jago-jago tuwa sing padha main bal, jarene umure gunggung kumpul kira-kira ana: 1012 taun 8 sasi, 25 dina, 17 jam, 59 mênit, punjul 13 sêkon. Dene gambar sing dhuwur, sawatara jago-jago, sing padha ngunjal napas salêbare main bal. Sing ngèplèh-èplèh awake dicagaki tangane, kuwi Tuwan Paradhah Harahap, sing èmpêre sajak lagi ngetungi lintang ing langit, sarana ambatin: wèh, bok okèhing phulusku ki padha karo cacahing lintang-lintang kae, ya.

--- 633 ---

Jagading Wanita

Pangudaraos

[Dhandhanggula]

Raras ruming sarkara kinapti / rasaning tyas mring talêsing basa / sumaput sêpêt driyane / wardine dera emut / nênilasi jamaning nguni / ingkang pinuja-puja / rêmbaging pra sêpuh / buntas mring wulanging kuna / karanèku sarjana kang ulah budi / linuwih saniskara //

yayah kadi jawata kang pinrih / samya mardi ulah tapabrata / rèh ing nguni panutane / nayakaning pra Wisnu / gama Buda ingkang binibit / samya ngadu tiyasa / rinuruh mrih punjul / ing nguni dhasar wus kobra / samya pinèt carita purwa tanapi / labêt tabêting praja //

marma para mudha jalu èstri / mung milala lêlabêting kuna / wus lumèngkèt mring driyane / tangèh lamun tan anut / ila-ila ujaring kaki / kinira wus sampurna / mring sakaliripun / lami-lami bôngsa Jawa / sarawungan lawan bôngsa liyan nagri / satêmah salin jaman //

salin sêdya salin kang pinardi / dadya bibrah jaman ila-ila / jalu èstri datan pae / têbih mring bratanipun / tumuju ring kawruh kang lair / sapa kang cara kuna / gugon tuhonipun / ingèsi-èsi sasama / rèh wus cêtha sabarang jamane salin / patut lamun tinilar //

nging kang ngarang tuna tiwas yêkti / rèh rumôngsa manggung tidha-tidha / yun milu paran lumrahe / èstri samya manêmpuh / kawruh kilèn datan kadugi / cupêt sarananira / kidhung kasèp lalu / dadya mung kandhêg ing sêdya / ngarah wignya kridhaning kawruh ondêrwis / sayêkti tan kawawa //

têmah tuna kandhêg tantuk margi / rèh wong tuwa tiwas tan sambada / anartani sakridhane / dadya têkèng pakewuh / yun mêmulih lir jaman nguni / asor tinon ing liyan / tan jaman ranipun / yun milu warah Eropah / wêgah ngangkah jêr tan putus cara Wlandi / basane Jawa tuna //

dadi dadak tiru-tiru kadi / nonah mêntah mogol nora tamat / ginuyu mring sasamine / kidhung sakaliripun / adhuh lara rasaning ati / tiwan[1] salin salaga / dene nora antuk / waluya ing uripira / marma mangke têtêp ewuhaya sami / mênangi salin jaman //

dhuh kalamun pinikir prêmati / kang sayogya baya kang waspada / tujuning urip samangke / lamun pancèn kacakup / sugih singgih patut amardi / luwih ing saniskara / rèh èstri lan jalu / wus tan ana bedanira / angadani pakaryan kantor tanapi / milu angêmbat praja //

nging kalamun pancèn cupêt picis / baya bêcik lastari dènira / cara Jawa sakalire / susilèng èstri tinut / amêmêtri mring gurulaki / gampang tumindakira / nora tiba kidhung / gendhong ngindhit tan rêkasa / anêtêpi wulang kuna ingkang kenging / linakon salin jaman //

dhuh suwawi kadang ngong pawèstri / samya milih tindaking agêsang / mrih tan kuciwa uripe / aywa ta samya kantun / kamajêngan jamaning mangkin / aywa supe marang /[2] basa bangsanipun / nadyan lêbda sanisakara / ywa anilar kasusilan èstri Jawi / titi minta aksama //

Sinandi.

--- 634 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Miturut cariyosipun sêsêpuhing têtiyang Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr têtiyang bucalan ing Tanah Merah, têtiyang Kaya-kaya punika ugi sampun anggadhahi pranatan. Pranatan ingkang sampun kawontênakên dening golonganing têtiyang Kaya-kaya, ing môngka wontên ingkang anêrak pranatan wau, punika lajêng têrus katundhung saha kaancam bilih wangsul badhe kapêjahan. Tiyang Kaya-kaya ingkang katundhung saking golonganipun punika botên namung satunggal kemawon, ananging sanès golongan inggih wontên ingkang katundhung. Têtiyang Kaya-kaya ingkang sami katundhungan punika manawi sagêd kêmpal, lajêng sagêd rukun. Sasampunipun rukun, Kaya-kaya tundhungan lajêng andamêl rêrêsah, wontên ingkang nyolong utawi ambegal.

Ingkang ngasta paprentahan ing Dhigul punika manggalih dhatêng kamajênganipun têtiyang Kaya-kaya, malah kula mirêng kabar, bilih têtiyang Kaya-kaya ing Asike saha Kalimuyu sampun kaparingan pirantos saha gabah. Karsaning pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Dhigul, tiyang Kaya-kaya ingkang nêdya andamêl sabin punika kabiyantu saking parentah.

Rêroncènipun kawontên[3] ing Tanah Merah.

a. Patêgilan

Ingkang kula aturakên ing nalikanipun paprentahan ing Tanah Merah kaasta panjênênganipun Tuwan Monso, bilih ingkang dèrèng tumindak punika, prakawis panyuwaking ondêrsêtan, ananging manawi prakawis ambabad wana kangge patêgilan sampun tumindak, tumindaking ambabad wana kangge patêgilan makatên:

Têtiyang bucalan sarêng nampi dhawuh saking panjênênganipun Tuwan Monso, kapurih amiwiti ambabad wana kangge patêgilan, sêsrawungan ing Tanah Merah lajêng dados kalih golongan, inggih punika golongan ingkang purun saha botên purun ambabad wana kangge patêgilan.

Têtiyangipun bucalan ingkang sami purun ambabad wana kangge patêgilan punika dados tigang golongan.

1. Golongan ambabad piyambak

Golongan ingkang ambabad piyambak punika, satunggal-satunggalipun tiyang nyuwun supados kaukurakên wana piyambak, ingkang badhe kababad kangge patêgilan. Ing wiwitan tiyang satunggal kaparingan satêngah hektarê. Têtiyang ingkang nampi bagean piyambakan, sarêng sampun kaêdum lajêng sami miwiti ambabad.

Tiyang ingkang ambabad piyambakan punika caranipun ambabad inggih botên sami. Wontên ingkang ambabad rumiyin angrêbahakên kajêng satêngah hektarê, wontên ingkang ambabad saking sakêdhik lajêng dipun rêsiki. Ing papan ingkang kakintên botên karêbahan kajêng ingkang katêgor, lajêng wiwit dipun tanêmi. [tanê...]

--- 635 ---

[...mi.] Tindakipun tiyang bucalan punika lumintu. Dene ingkang ambabad wana sabageyanipun punika, sarêng sampun kathah kajêngipun ingkang rêbah lajêng dados kêsèd, ngantos wontênipun antuk-antukan sapisan dèrèng punapa-punapa, ananging ingkang mipil saking sakêdhik sampun kenging kawastanan rêsik, malah wontên ugi ingkang nyobi anggaga sakêdhik. Gaga punika tuwuhipun sae, ananging sarêng uwoh, sami gabug.

[Grafik]

Pamêdal ing Dhigul.

Ingkang sami dipun tanêm wontên ing patêgilan punika kados ta: lombok, terong, kênthang, timun, sêmôngka, kacang tunggak, kacang lanjaran, kacang brul, tela rambat, tela kaspe saha sanès-sanèsipun. Tanêmanipun inggih mèh sami kemawon kalihan tanêman ing patêgilan tanah Jawi. Namung tanêman kênthang ing Tanah Merah botên sagêd wontên isinipun. Pisang inggih katanêm, ananging gêsangipun namung sagêd uwoh tigang wêkdal. Manawi kakèndêlakên ing panggenanipun lami botên kapêncarakên, lajêng pêjah, manawi wontên anakipun, sawêg mingib-mingib lajêng mênggak-mênggik botên sagêd inggil, ing wusananipun lajêng pêjah. Uwit pisang ingkang sagêd widada gêsangipun punika uwit pisang raja. Pisang sanèsipun manawi awohipun sampun tigang pranakan, sanadyana kasuda anakipun mêksa botên sagêd awoh malih.

2. Golongan ambabad umum

Sagolonganing têtiyang bucalan ingkang badhe ambabad sarêng-sarêng punika sasampunipun kapitêdahakên papan panggènaning ambabad inggih lajêng sami miwiti ambabad. Ing sakawit têtiyangipun inggih katingal sênêng-sênêng ambabad sêsarêngan. Ing sarèhning kawontênan manungsa punika botên ajêg, dados inggih botên anggumunakên bilih ing golongan punika ugi wontên tiyangipun ingkang mlincur. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 636 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Pitêmbungan padhami sapanunggilanipun, ingkang atêgês nyirêp pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, limrah dipun ucapakên, nanging mênggahing nyatanipun, inggih namung dados ucap-ucapan kemawon, upami dipun perang, malah kathah botênipun, awit, kawontênan ing Sjanghai ingkang umumipun dipun wastani dados têlênging padhamèn, nyatanipun malah lajêng nuwuhakên darêdah ingkang tuwuh saking bôngsa sami bôngsa, inggih punika bôngsa Tionghwa, dening ngrumaosi pikantukipun namung damêl kapitunan. Malah miturut sêratipun Tiongkok dhatêng Polkênbon, nêrangakên bilih kawontênanipun wadya Jêpan ing Mansjoerie langkung kathah tinimbang kalihan palapuranipun komisi Polkênbon ing bab punika, lan Tiongkok anganggêp, bilih wadya wau kanthi tatanan ingkang langkung prayogi. Bab punika dados nocogi kados pangintên, sirêping paprangan ing Sjanghai atêges namung ngingêr papan kemawon. Malah ing pangintên, ing salajêngipun Jêpan gadhah sêdya badhe nêtêpakên paprentahan militèr wontên ing Mansjoerie saha salajêngipun ngêlar dhatêng jajahan sanèsipun.

[Grafik]

Tsjang Kai Shek

Makatên ugi tumrapipun Jêpan, pandakwa dhatêng mêngsah ingkang atêgês botên narimahakên inggih tansah wontên kemawon, tumrap wadya Jêpan ing Mansjoerie rumaos kinêpang ing wadya Tiongkok ngantos 48.000. Goyat-gayuting lêlampahan kados makatên punika, manawi dipun taliti, larah-larah gêgandhenganipun kalihan padhamèn ing Sjanghai kados taksih wontên sambêtipun. Dene wos-wosipun ingkang wigatos, tumraping rakyat Tiongkok niyat namung ngêmohi dhatêng kèndêling paprangan, lajêng tuwuh ngèmbèt-èmbèt dhatêng panuntun, sawênèhing golongan gadhah panêdha supados Tsjang Kai Shek dipun kèndêli.

Manawi mirid sêsulaking paprangan punika, pancèn cêtha lôngka sagêdipun tumuntên sirêp, awit salêbêting paprangan, tumrap pangudi indhaking dêdamêl gagrag enggal, tansah wontên kemawon, kados ta mimis ingkang lampahipun ing dalêm sasêkon 1300 mètêr, manawi namani sagêd adamêl [ada...]

--- 637 ---

[...mêl] karisakan anggêgirisi, kuwawi narajang papan têmbaga ingkang kandêlipun 2½ sèntimètêr, namung lus kados narajang bubur kemawon. Dados wontêning dêdamêl enggal wau, dhapur anocogi kalihan mangsanipun, lajêng kenging kacobi tumuntên, mêgah-mêgahakên.

Manawi miturut pangintênipun babagan militèr Eropah, tindakipun wadya Jêpan golongan 14, punika pantês-pantêsipun badhe ngêtog karosan, nêmpuh dhatêng golongan Tiongkok, murih sumingkir saking watês Sovjet Rusland. Tamtunipun pangintên kados makatên wau ugi sampun kanthi wawasan ingkang gathuk kalihan nalaripun, awit ingatasing ingar-ingêr paprangan, tumrapipun golongan prajurit tamtu botên badhe kêkilapan. Kados ta ing bab sujananipun Jêpan dhatêng Sovjet, punika botên namung kandhêg wontên ing batos kemawon, malah sampun kalair wongsal-wangsul kanthi nindakakên têmbung pandakwa kadosdene ngêcog gêmol. Dados panêmpuhipun wadya Jêpan, ingkang badhe nyingkirakên wadya Tiongkok saking watês, punika kados mêngku kajêng, supados golongan wau sampun ngantos kangge uwod. Mila saupami wadya Tiongkok sagêd sumingkir saking ngriku, nama mêdhotakên margi.

Gêgayutanipun lampah wadya Jêpan ingkang kaangkatakên dhatêng Mansjoerie katingal sajak kasêsa, awit kasantosanipun wadya-wadya Tionghwa ing ngriku sajak botên kenging dipun sabarakên malih, kaprawiranipun Jendral Ma ingkang rumiyin dipun wastani kêndho, ngucira, sapunika wiwit katingal, tandangipun kados banthèng kataton. Nanging tumraping gêlar paprangan, sawarnining pangintên ingkang ngèngingi dhatêng Jêpan, katingalipun tansah tinanggulang ing wêwaton, ingkang raosipun angosokwangsul. Kados ta ing bab têlênging wadya Jêpan punika manggèn ing Dairen, prêlunipun badhe kangge nanggulangi panêmpuhing wadya brandhal, awit kawontênanipun rakyat Jêpan ing Mansjoerie tansah tinêmpuh ing tiyang awon, sarana tindak anjarah rayah sapurun-purunipun. Pulisi tuwin militèr botên kuwagang nanggulangi.

Ministêr Jêpan babagan paprangan, botên kêndhat pamawasipun, malah lajêng gadhah usul dipun kanthèni pangancam, inggih punika ing bab unduring wadya Jêpan saking Sjanghai, supados lajêng ngawontênakên parêpatan, prêlu ngrêmbag adêging laladan ingkang kamardikakakên, tuwin nyirnakakên tindak bekot saindênging Tiongkok. Bilih usul wau botên kasêmbadan, Jêpan badhe gadhah tindak kados ingkang sampun, wontên ing Sjanghai. Hara ta, pundi ingkang nama wontên sêsunguting padhamèn ingkang têtêp.

Anyarêngi kalamôngsa ingkang kados makatên punika, pangarsaning nayaka Jêpan Inukai cinidra ing tiyang, dumugi ing tiwas. Tuwuhing tindak cidra punika tuwuh saking bôngsa Jêpan piyambak. Dene kajêngipun kadospundi, dèrèng kacêtha.

Samantên rumiyin.

--- 638 ---

Kawruh Sawatawis

Daging

Daging ing ngriki ingkang dipun pikajêngakên, daginging kewan ingkang limrah katêdha ing tiyang tanah ngriki, inggih punika daging maesa lêmbu tuwin sanès-sanèsipun. Ing sarèhning daging wau para têtiyang ing ngriki taksih sabagean agêng ingkang ambêtahakên, pramila botên wontên awonipun, kula pisungsungakên ing kalawarti Kajawèn, lowung kenging kagêm sêsambèn nganggur.

Nalika tiyang taksih prasaja gêsangipun, bokmanawi sampun sami ambêtahakên nêdha daging. Nanging pangalap sarta panêdhanipun bokmanawi inggih sami sarwa prasaja kados ta: pangalaping daging saking kewan mawi patrap siya-siya sangêt, panêdhanipun daging cêkap mêntahan, rahipun kauyup. Nanging sangsaya dangu gêsanging manusa punika nuju dhatêng kasampurnan, pramila bab panêdhaning daging inggih katut tumuju dhatêng kasampurnan.

Saking ada-adanipun pamarentah gêmèntê sarta rêgènsêkap, ing panggenan ingkang kathah jagalipun, sami dipun êdêgi griya pamragatan abattoir sarta dipun têtêpi punggawa, ingkang kawajibakên nitipriksa bab sêsakiting kewan ingkang badhe kapragad sarta niti daging, inggih punika keurmeester. Dene ingkang katêtêpakên dados keurmeester wau, kêdah tiyang ingkang sampun angsal pasinaon bab nitipriksa kewan lan daging.

Ing wanci ingkang sampun katamtokakên, inggih punika jam samantên dumugi jam samantên, sadaya kewan ingkang badhe kapragat, kêdah sampun sumadhiya. Ing ngriku lajêng wiwit katiti dening kirmèstêr, punapa kewan-kewan wau sami botên nandhang sêsakit nular, langkung-langkung ingkang ambêbayani tumrap kasarasaning tiyang. Tumrap maesa sarta lêmbu èstri kajawi katiti kados ing nginggil wau, ugi katiti punapa maesa utawi lêmbu èstri wau sampun kaparingan palilah dening ingkang wajib Veearts manawi kewan wau kenging kapragat.

Ing sarampunging paniti, manawi sampun dumugi wanci (jam) ingkang katamtokakên, lajêng wiwit kapragat. Ing sakawit suku sakawan katangsulan mawi tangsul ingkang wulêt, gulu kaulur sêmu andhangak, prêlunipun supados ing peranganipun gulu ingkang ngajêng sagêda kêncêng. Lajêng wiwit kapragat dening modin utawi kaum. Pamragadipun kêdah rosa lan sagresan, kêdah sagêd mêdhotakên kulit sangajêng lan kiwa têngêning gulu, gurung, lêd-lêd, margi rah ing gulu kiwa têngên halsslagaderen lan daging ing gulu halsspieren. Pramila berang (lading) pamragatan punika kêdah ingkang landhêp saèstu. Ing sadèrèngipun pêjah saèstu, tukang kêlètipun botên kenging anggarap punapa-punapa, kajawi namung andudut êlêd-êlêd prêlu dipun tangsuli, awit sampun ngantos rêrêgêd ing babad wutahing êrah, jalaran limrahipun rah wau katêdha ing tiyang. Dene manawi sampun kêlajêng rahipun kêsokan ing rêrêgêd saking babad, kêdah kabucal.

--- 639 ---

Manawi kewanipun sampun pêjah saèstu, katitik saking mripatipun dipun colok sampun botên kêdhèp, utawi buntutipun kacoklèklak[4] botên ebah, lajêng wiwit dipun kêlèti. Sajatosipun cara makatên wau taksih kirang sae, jalaran kewanipun taksih kraos sakit kalanipun dipun jagal sarta kairis sapisanan wau (dados taksih nama siya-siya). Dene cara ingkang sae punika: mawi pirantos ingkang kawastanan schietslachtmasker, wujudipun saèmpêr pistul isi patrum mawi mimis utawi pèn. Patrapipun pirantos wau katèmpèlakên ing bathuking kewan, lajêng kathuthuk mawi palu alit, wusana patrumipun anjêblos, mimis utawi pènipun malêbêt ing sirah kewan angèngingi utak, sanalika kewan lajêng ambruk sumaput, têrus katungka ing modin ingkang mragat kados kalimrahanipun. Namung kuciwa patrap ingkang makatên wau dados awisaning agami Islam.

[Grafik]

Griya pamragatan (abattoir) ing Ngayogya.

Sarampuning anggènipun ngêlèti, lajêng kakèrèk sarana katrol sarta mawi pirantos ingkang kasadhiyakakên ing griya pamragatan wau. Patrapipun ngèrèk, suku wingking dumunung wontên ing nginggil (dados dhapur gumandhul kasungsang). Jêroan sadaya kawêdalakên, ingkang prêlu kakumbah kados ta babad lan usus, lajêng kakumbah mawi toya ingkang bêning (water leiding), sirah kapêcah supados ilatipun katingal sarta daging ingkang gumantung wau karêsikan mawi srêbèt ingkang rêsik. Sarampungipun lajêng sadaya jêroan lan sirahipun kagantung cêlak kalihan dagingipun. Badhe kasambêtan.

Pun Sukirna.

--- 640 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Swadeshie tuwin Selfhelp

Ada-ada "swadeshie", inggih punika ngangge tuwin migunakakên barang damêlanipun piyambak, punapadene ada-ada "selfhelp" ingkang kirang langkung atêgês: mêntas dening awakipun piyambak, tumrapipun samangke kados sampun mratah nglubèri ing saindênging tanah Indonesia. Tuwuhing pabrik tênunan ing pundi-pundi panggenan, ingkang asuka pangupa-boga, dhatêng têtiyang siti pintên-pintên cacahipun, mêsthi adamêl sênêng tuwin bingahing manahipun sadaya tiyang ingkang trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Awit pajênging barang-barang tênunan tuwin lurik-lurikan punika, tumrap têtiyang ngriki, langkung malih bangsa Jawi, sagêd nuwuhakên bedaning raos-rumaos. Ingkang suwaunipun, jalaran ngangge rasukan tuwin clana: palmbeach utawi kabardin, angandhahi raos-rumaos kadosdene sêsêkaring tukang main gambar idup, inggih punika: Tom Mix, Ramon Navaro utawi Maurice Chevalier, ingkang tandang tandukipun dipun damêl aksi tuwin sirahipun dipun manthuk-manthukakên sajak officier sawêg parade katonton dening tonanganipun, sarêng mawi lurik-lurikan tuwin barang tênunan sanalika lajêng salin salaga, inggih punika sok anggadhahi raos-rumaos makatên upaminipun: "Wèh kok kaya Jaka Tingkir."

Ungêl-ungêlan "wèh kok kaya Jaka Tingkir", punika salêrêsipun mila lajêng sajak kêmaki, kêmênthus utawi sajak mêndele, punapa malih manawi ingkang gadhah raos-rumaos makatên punika saking bagusing rupinipun ngantos kados... bêdudan, ewasamantên mêksa sagêd ugi wontên saenipun. Jalaran botên beda kados tiyang ingkang ngrumaosi kados Tom Mix, lajêng tandang tandukipun dipun aksèk-aksèkakên, dipun sigrak-sigrakakên, makatên ugi tiyang ingkang anggadhahi raos-rumaos kadosdene Jaka Tingkir utawi Arjuna upaminipun, têmtunipun sakêdhik-sakêdhik inggih lajêng ngemba wêwatêkanipun Jaka Tingkir utawi Arjuna wau, inggih punika mênggahing kaalusaning bêbudènipun, kaprawiran tuwin kêkêndêlanipun, nanging mênggahing Arjuna mangke ingkang dipun tiru gèk namung... thukmisipun. Saya bantêr panirunipun dhatêng para satriya-satriya ing jaman kina, kenging kula têmtokakên bilih inggih lajêng saya kandêl raosing kabangsanipun.

Samangke ngrêmbag sawatawis mênggah ingkang dipun wastani ada-ada "selfhelp", inggih punika ingkang atêgês kirang langkung: mêntas dening awakipun piyambak.

Dumugining samangke bangsanipun piyambak punika kenging dipun upamèkakên lare alit ringkih, ingkang sadaya-sadayanipun kêdah sarana dipun tuntun tuwin dipun wulang. Kados ta: badhe sinau lumampah, kêdah tansah dipun tetah, botên pisan-pisan angsal rembetan piyambak, cariyosipun dipun kuwatosakên, bilih mangke dhawah. Badhe nêdha kemawon tansah dipun dulang, awit dipun kuwatosakên manawi-manawi kêlêlêgên êri utawi balung. Dados ingriku lare wau sajakipun dipun eman-eman sangêt, nanging sanyatanipun punika malah adamêl kapitunanipun lare wau. Jalaran, ing sarèhne sinaunipun lumampah tansah dipun tetah botên nate angsal nyobi lumampah piyambak, ing têmbe sagêdipun lumampah, kajawi badhe dangu sangêt, inggih tansah anggadhahi kuwatos manawi dhawah kemawon, têgêsipun: mas ngantèn jirih lajêng nèmpèl wontên ing badanipun kemawon. Tumrap ingkang nuntun, manawi ingkang dipun tuntun wau tansah gilapên, têmtunipun cara Mlayunipun inggih sagêd: senang-senang didalam hati. Awit lajêng sagêd sapurun-purun.

Nêdhanipun tansah dipun dulang, punika anjalari pun lare kasêkecanên, botên rêkaos sêmang mawi muluk utawi nyendhoki punapa ingkang kêdah dipun têdha. Wusananipun lare wau lajêng kulina, manawi botên dipun dulang inggih botên sagêd nêdha. Têgêsipun: ing têmbe manawi botên ingkang andulang wau ingkang suka têdha, inggih botên badhe sagêd pados têdha piyambak. Cêkakipun lare ingkang makatên punika, gêsangipun salami-lami badhe tansah gumantung dhatêng tiyang sanès ajêgan, alias dados abdi salami-laminipun.

Sêdyanipun ada-ada "selfhelp" punika badhe ngewahi cara panggulawênthah ingkang makatên punika. Nuntunipun lare murih sagêd lumampah, sasagêd-sagêd sampun tansah dipun tetah kemawon, nanging kêdah sêring dipun êculakên. Dhawah utawi kagulung-gulung botên dados punapa, murihipun, pun lare sagêda bandêl. Manawi lare sampun sagêd kêmlawe tanganipun, botên prêlu dipun dulang, nanging dipun kulinakakên supados sagêd nêdha piyambak.

Makatên mênggah gêgambaranipun ada-ada "selfhelp" punika. Dados pikajênganipun nênuntun bangsanipun supados sampun tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, nanging sadaya-sadayanipun sagêda nindakakên piyambak. Tuwuhipun pintên-pintên kabudidayan tuwin bêbadan sanès-sanèsipun, kados ta: Instituut Taman Siswa, ingkang samangke sampun ngêdêgakên pamulangan wontên ing saindênging tanah Indonesia saha pakêmpalan Muhamamadiyah, ingkang kajawi ngawontênakên sakolahan ugi ngêdêgakên griya sakit wontên ing pundi-pundi panggenan, makatên [ma...]

--- 641 ---

[...katên] ugi adêgipun Bank Nasional ing Surabaya, ingkang ing têmbe têmtu badhe ngawontênakên cabangipun wontên ing sanès-sanès nagari, tuwin sanès-sanèsipun, ambuktèkakên bilih ada-ada "selfhelp" alias punapa-punapa dipun tandangi piyambak, samangke sampun wiwit dipun tindakakên.

Nitik andharan inginggil punika, murih sêdyanipun wau tumuntên sagêd kalêksanan, lampahipun ada-ada "swadeshie" kalihan "selfhelp" wau inggih lajêng kêdah sêsarêngan. Nanging mênggahing pamanggih kula, ingriki cêtha, bilih sêdyanipun ada-ada kêkalih wau botên sanès kajawi namung badhe ngudi murih tumrap sadaya-sadayanipun sagêda nindakakên piyambak, sampun kok lajêng tansah gumantung dhatêng bangsa sanès.

Ada-ada ingkang makatên wau, inggih punika: ngudi sampun ngantos kêlajêng-lajêng tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, punika sampun mêsthinipun kêdah ingalêmbana, lan sadaya tiyang ingkang pancèn trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun, sampun wajibipun sami amanjurung lan ambantu kanthi sakiyat-kiyatipun dhatêng ada-ada wau. Jalaran saking punika amila kula lajêng gumun ing manah, dene wontên sêrat kabar, ingkang salami-laminipun tansah ngajêngakên dhatêng ada-ada kalih warni wau, jalaran wontênipun nagari amrithili sakathahing onderwijs wontên ing tanah ngriki, ujug-ujug têka lajêng damêl ada-ada supados ngintunakên sêkolah anak-anakipun tiyang siti dhatêng... Jêpan. Lo, punika mênggahing kula, kadosdene tiyang ingkang kacêmplung ing blumbang, dipun tulungi kêlêbêtakên ing... jumlêng. Têgêsipun: ingkang suwaunipun tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, ing wusana lajêng badhe katulungan ingkang lajêng badhe gumandhul dhatêng bangsa sanès malih ingkang mbing ngrikanipun. Samangke lajêng wontên ing pundi dunungipun "swadeshie" sarta "selfhelp"? Ewasamantên ada-ada badhe ngintunakên lare sakolah dhatêng Jêpan, punika kados-kados inggih mêksa wontên gunanipun, inggih punika:

1e. Sêdya badhe ngajrih-ajrihi, upaminipun kemawon makatên:

Lare adrêng gadhah panêdha dhatêng bapakipun makatên: "Ayo, pak, aku tukokna piet, nèk ora ditukokake aku arêp nyêmplung sumur."

Tumrap bapa ingkang pancèn trêsna sangêt dhatêng anakipun, tur sambada, jalaran kuwatos, bilih anakipun nyêmplung sumur sayêktos, mbokmanawi inggih lajêng: kluthuk, enggal-enggal numbasakên panêdhaning anakipun wau. Nanging tumrap bapa ingkang pancèn botên gadhah, badhea trêsna dhatêng anakipun kados punapa, sanadyan anakipun badhea nyêmplung sumur dipun sarêngi ngêndhat talimurda tuwin nguntal warangan samangkok pisan, nanging manawi pancèn botên gêgadhahan, têmtunipun inggih botên badhe sagêd nuruti punapa panêdhanipun si anak wau.

2e. Lare ingkang dipun sinaokakên dhatêng mancapraja, punika sagêd anjajah lan sagêd anjêmbarakên polatan tuwin wawasanipun, malah kadhangkala manawi dhong kalêrêsan, mantukipun sagêd ambêkta angsal-angsal... bijlage (lampiran) ingkang sagêd mlerok.

Kula pancèn inggih pitados dhatêng saenipun lare-lare tanah ngriki dipun sêkolahakên ing tanah Jêpan, awit ing tanah ngriku punika kawontênanipun onderwijs pancèn inggih sampun nyêkapi sayêktos. Nanging lajêng kadospundi ada-ada "swadeshie" tuwin "selfhelp" wau? Tumrap 20 taunan sapriki ngintunakên lare ngriki dhatêng Jêpan, kula mila inggih asese sangêt, jalaran kajawi wragadipun mirah, kala samantên cacahipun para têlèk, ingkang sami wêdalan pamulangan luhur, kenging kula samèkakên kalihan... kukulipun kênya ingkang sawêg badhe ngangkat birahi, têgêsipun sawêg satunggal kalih. Nanging sarêng samangke cacahipun para kênthingan sampun narucuk prasasat kados kadhas kudhis, punapa botên nama ngrèmèhakên dhatêng kasagêdanipun para jamhur-jamhur wau, saupami nyêkolahakên lare kamawon dhatêng tanah Jêpan. Ingatasing nagari kemawon sampun ngrêgèni sangêt dhatêng para têlèk-têlèk wau. Buktinipun sampun kathah ingkang kajibahakên mulang ing pamulangan têngahan, kados ta: Dr. Sutomo, Dr. Suwarno, Tuwan Katamsi lan sanès-sanèsipun. Malah ingkang dipun angkat dados professor amulang ing pamulangan luhur, inggih sampun wontên, inggih punika: R. Prof. Dr. Husein Jayadiningrat. Punika ngêmungakên têlèk-têlèk ingkang sami ngabdi dhatêng nagari. Ing mangka ingkang sami "partikelir saja", cacahipun inggih sampun bal-balan, ingkang kenging katêmtokakên sami atos-atos, kados ta: Tuwan-tuwan Ir. Sukarno, Mr. Singgih, Dr. Wedyadiningrat, Dr. Samsi lan taksih kathah malih tunggilipun, ingkang kintên-kintên kenging kapiji sagêd mulang wontên ing pamulangan têngahan. Malah mbokmanawi sagêd mulang wontên ing pamulangan luhur.

Nitik kawontênan makatên wau, kados-kados langkung utami bilih bangsa ngriki lajêng cancut tumandang nindakakên swadeshie, inggih punika miji bangsanipun piyambak ingkang sampun sapantêsipun wau kadadosakên panuntun adêging pamulangan-pamulangan têngahan tuwin pamulangan luhur kangge ngajêngakên pasinaoning anak-anaking bangsanipun. Dados sampun ngantos anak-anak kula sadaya wau, ing têmbe taksih gêsang wontên ing rêgêmaning bangsa liyan kemawon, sagêda nuntên anêtapi[5] gêsang "selfhelp"; idham-idhamaning rakyat ingkang sakintên badhe miraos wohipun, punika bilih botên kalayan tindak prêmati wau, mbokmanawi rêkaos sagêdipun kadumugèn punapa ingkang ginayuh. Mila saking pamuji kula, mugi-mugi bab punika dadosa panggalihanipun para gembong-gembonging pakêmpalan, salajêngipun sagêda saiyêg sêsarêngan rumagang nyambutdamêl, ingkang anocogi saèstu kalihan gêlagating jaman, sampun dipun êndhe-êndhe padamêlan ingkang langkung kathah aosipun punika, prayogi tumuntêna cekat-cèkêt nanjakakên kados ingkang dados pangajapanipun pun PÊNTHUL.

--- 642 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-serat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Prayagung luhur badhe dhatêng nagari Walandi. Kawartosakên, benjing wulan Juni ngajêng K.R.T. Sosronagoro ing Surakarta badhe nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, prêlu bade pados sêsêbutan Doktor. Panjênênganipun K.R.T. wau kagungan diploma Grootambenaar.

Kabêgjan kados ingkang dhumawah dhatêng K.R.T. Sosronagoro punika kenging dipun wastani ngumbuk-umbuk, dhasar putraning pêpatih dalêm nata, dipun mantu ing nata, sinaunipun dipun waragadi nagari (karajan Jawi), dhasar katêngên ing damêl. Dados mênggahing pangajêng-ajêng prakawis sumilih dados warangka nata, bêbasan kantun nuthuk pongge.

[Grafik]

Angsal sêsêbutan Doktor. Ing pamulangan luhur doktêr mêntas ngêpyakakên R. Asikin Wijayakusuma, Arts, guru Stovia, angsal sêsêbutan Doktor, sarana adamêl karangan "Bilirubine verhoudingen bij zieke en gezonde personen in de tropen". Mênggah lampah-lampahanipun kados ingkang sampun nate kapratelakakên ing Kajawèn. Gambar nginggil saking kiwa manêngên Prof. C.D. de Lange. Nyonyah Asikin, Nyonyah de Langen, Dr. Asikin.

Rantaman wragad praja Kasultanan tuwin Pakualaman Ngayogya. Tuwan Guprênur ing Ngayogya mêntas parêpatan, ngrêmbag rantaman wragad praja kêkalih kasêbut nginggil. Mirit petangan, malah pinanggih bathi.

Raantaman makatên punika nyênêngakên.

Sudaning angsal-angsalan sadean candu ing Jawi Wetan. Miturut petangan, angsal-angsalaning sadean candu ing Jawi Wetan salêbêtipun wulan April 1932 wontên f 292.633.95, dene angsal-angsalan wulan April 1931 wontên f 427.383.80. Tumrap f 103.493.70. Ing kitha April 1932 wontên f 48.788.10, April 1931 wontên f 63.307.50.

Dados pêpetanganipun sarwa suda.

Tamu kapal pêrang. Benjing wêkasanipun wulan punika palabuhan ing Bêtawi (Tanjungpriok) badhe kadhatêngan kapal pêrang Itali nama "Trento", dipun pangagêngi Admiraal Cavagnari. Kapal wau asli saking Syanghai.

Punika kagolong tamu enggal.

Kamajêngan P.K.N. Pakempalan P.K.N. ing Ngayogya ingkang namung sarana urunan sabenggol, ing sapunika sampun gadhah arta f 30.000, gadhah mêsin panggilingan pantun, tuwin kathah kamajêngan sanès-saanèsipun ingkang sarwa mikantuki.

Dados nyata, rukun punika adamêl santosa.

Sade nama. Dèrèng dangu ing Kajawèn ngêwrat pawartos bab dhukun ing Procot, tiyang ingkang jêjampi ngantos ewon. Ing sapunika wontên bangsa Tionghoa ing dhusun Karangsuwung (Cirêbon) ngakên dados plawanganipun dhukun wau, sintên ingkang badhe nêdha jêjampi cêkap mriku, kanthi ambayar 5 sèn.

Caraning padhukunan punika wontên-wontên kemawon. Tiyang ingkang nglampahi botên ngawontênakên kamelikan, jêbul tiyang sanès wontên ingkang ngangge kudhung. Samantên mêlasasihing jaman.

Indhakan pajêg lêbêting barang. Wontên pawartos, kintên-kintên benjing tumapakipun wulan ngajêng punika tatanan bab indhaking pajêg lêbêting barang katindakakên. Indhaking pajêg wau 50%.

Bab punika manawi saèstu tumindak, rêgining têtumbasan têmtunipun inggih badhe tut wingking tumut mindhak. Inggih kadospundi malih.

Pantun mèh tanpa rêgi. Ing laladan Bandawasa nuju mangsa panèn, kathah tiyang nyadèni pantunipun dhatêng kitha. Sanadyan pantun wau dipun sade mirah, mêksa botên pajêng, sami dipun bêkta wangsul.

Manawi nitik kêwontênanipun[6] sanajan bab punika nuwuhakên sêsambat, nanging nama botên ngêrês-êrêsi. Ewadene ugi prayogi dados panggalihanipun ingkang wajib.

Kalawarti enggal. Ing wulan punika ing Kêdiri wontên kalawarti enggal nama "Panyuluh", minangka papan ajanging têtiyang ing Gemeente Kêdiri. Malih ing Garut ugi wontên kalawarti enggal nama "Pena Istri".

Ngandhapakên karcis. Wiwit wulan punika D.C.S. ngandhapakên karcis antawisipun Têgal-Pêkalongan tuwin Cirêbon-Kadipatèn, sudanipun ngantos 50%.

Punika nocogi kados sudaning rêrêgèn karcis sêpur ing salêbêtipun kitha Bêtawi. Nanging katranganipun sadaya wau taksi pilih-pilih, dèrèng sadaya, kathah têtiyang ingkang gadhah pangajêng-ajêng, ing pundi-pundi ugi kasudakakên.

Samantên kamurkaning tiyang, manawi dipun sukani ati, ngrogoh rêmpêla.

--- 643 ---

Têtiyang ingkang nêdha kawangsulakên saking Mêkah. Wontên pawartos, ing Mêkah wontên têtiyang asli saking tanah ngriki, cacahipun ewon, gadhah panuwun dhatêng Parentah supados kawangsulakên dhatêng ngriki kanthi wradag Nagari. Têtiyang wau anggènipun wontên Mêkah sampun naun. Rumiyin sami angsal pitulungan arta saking sanak sadhèrèk, sarêng sapunika, jamanipun kados makatên, lajêng botên angsal pitulungan malih.

Lêlampahan kacingkrangan wontên ing Mêkah, punika kêrêp pinanggih, mila tumrap ingkang sami nglampahi mugi sampun ngantos tilar pangatos-atos.

H.I.S. Muhammadiyah Baturêtna. Bestuuring sêkolahan Baturêtna, Wanagri,[7] martosakênnn benjing tanggal 1 Juli badhe ambikak H.I.S. kawiwitan saking klas 1, 2, 3 tuwin 4. Bayaranipun lare 1 f 2.- nanging manawi anggèning nglêbêtakên langkung lare 2, kapetang lare kapisan f 2.- lare ingkang kaping kalih f 1.50 lare katiga tuwin salajêngipun f 1.- ing dalêm sawulan. Ing ngriku ugi nyadhiyani pondhokan, lare 1 sawulanipun f 6.- kêdah kabayar rumiyin, ugi kenging kabayar sarana wulu pamêdal.

Punika satunggiling rekadaya ingkang mikantuki tumraping golongan sadhèrèk padhusunan. Kados saya prayogi malih manawi bayaran ingkang warni wulu pamêdal wau botên kapetang kados rêrêgên mirah. Mênggah pikantukipun, kados pakêmpalan Muhammadiyah botên kêkilapan.

Lindhu agêng ing Mênado. Kala malêm minggu kapêngkêr ing Mênado wontên lindhu agêng. Kathah griya ingkang ambruk tuwin tiyang kasangsaran. Jalaraning lindhu saking krodhaning rêdi Soputan.

Hêm, têka wontên-wontên kemawon.

Têtiyang kasangsaran. Posthuis commandat ing Aloon-aloon lèr, Ngayogya, mêntas kadhatêngan tiyang tilas kuli kontrak jalêr èstri langkung 30, mangangge pating srompal. Tiyang samantên wau sami asrah badan, manawi parentah marêngakên, tinimbang kaantukakên dhatêng dhusunipun, supados kalêbêtakên dhatêng griya pakèrèn kemawon, amargi manawi kaantukakên inggih malah saya sangsara.

Mêmêlas.

Kasiku dening wicantênipun ngangge basa Malayu kalihan Walandi. Ing kalurahan dhusun Bènjèn, Bantul, wontên carik dhusun wicantênan kalihan Walandi pabrik ngangge basa Malayu. Walandi wau botên rêna, lajêng lapur dhatêng wadana Bantul. Pikantuking sêrêgan, carik wau kadakwa abrit.

Lêlampahan kados makatên punika kalêbêt gagrag: jaman pêkak ora enak.

Bank cooperatie wanita. Pangrèh agêng pakêmpalan putri Budi Sêjati ing Surabaya badhe ngadani bank cooperatie, prêlu kangge nulungi lintah dharat.

Nah, ada-ada makatên punika mathuk sayêktos, sabotênipun tiyang istri ingkang ngrigênakên bêtah punika, têmtu langkung prigêl anggènipun rekadaya. Kintên-kintên kathah kasêmbadanipun. Inggih sampun malih ingkang nama ngrigênakên kabêtahan botêna sagêd, tumraping gêgujênganipun, sanadyana minggah rêdi, ngantos ngèngkèk-èngkèk, panggalih cawang-cawang mêksa sagêd tumindak. Samantên punika manawi wontên ingkang purun rêkaos.

Durjana candu ing griya panyadean candu. Griya panyadean candu ing Silayang, sacêlakipun Binjei, dipun bobol ing durjana, durjana sagêd mêndhêt candu rêrêgèn f 2000.-

Limrahipun candu ingkang pêtêng dipun angkah dados candu padhang, nanging punika candu padhang malah dados pêtêng, awit candu ingkang ical wau lajêng nama candu kadurjanan.

Assistent wadana dipun bên kumba kalihan juru sêratipun. Ing dhusun Kêwarasan, Karanganyar, wontên neneman tilas kuli kontrak Dèli langkung sangajêng assistenan, mangangge sêtelan. Ingriku tiyang wau dipun undang dening tuwan assistent wadana lajêng dipun têmpiling, kopyahipun ngantos mêncêlat. Tiyang wau tanganipun têngên gêntos nyêpêng jangganipun tuwan assistent wadana, juru sêratipun nulungi, lajêng cêg dipun cêpêng malih mawi tangan kiwa, wusana dipun bên kumba ngantos kaping 3. Kalih pisan sami botên èngêt ngantos saêjam. Tiyang wau sumbar-sumbar ngakên bajingan Dèli. Sapriki tiyang priyantun kêkalih wau taksih jêjampi wontên griya sakit.

Pakabaran punika manawi nyata, panimbangipun kasumanggakakên.

EROPAH.

[Grafik]

Utusan Siam ing nagari Walandi. Gêgayutanipun praja Siam kalihan Eropa, Amerika tuwin sanès-sanèsipun saya katingal. Inginggil punika gambaripun Pangeran Amoradat Kridakara, utusan Nata Siam wontên ing nagarai Walandi, badhe sowan Sri Baginda Maharaja Putri dhatêng kadaton.

Cacahipun tiyang angguran ing Inggris. Wontênipun tiyang angguran ing Inggris mindhak 85.000. Miturut cathêtan ing wulan April sampun wontên 3 yuta langkung. Sudaning kuli ing pakaryan arêng sela wontên 63.000.

--- 644 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

18.

Ciptanipun Radèn Sumarta badhe rabi, ing sapunika sampun bibrah. Saha lajêng nglêrêsakên ucapipun Nonah Dhorah ing bab botên prayoginipun tiyang jêjodhoan kalihan sanès bôngsa, awit salaminipun kabangsan sanès punika botên sagêd nunggil. Dados dêrênging manah ing kalanipun supe, punika namung badhe manggih piduwung ing têmbe wingking.

Ing sapunika Radèn Sumarta èngêt, botên nêdya rabi kalihan sanès bôngsa. Tabêt solahipun Nonah Dhorah ingkang tansah cumithak wontên ing pandulu, ing sapunika sampun ical babarpisan.

Nanging sanadyan Radèn Sumarta sampun mangrêtos, bilih jêjodhoan kalihan sanès bôngsa punika botên prayogi, ewadene rumaos dèrèng gadhah manah srêg jêjodhoan kalihan bangsanipun piyambak, awit tumraping piyambakipun kamanah dèrèng timbang. Mênggah pangiyasing batos, tumraping bangsanipun, dèrèng wontên ingkang sagêd kêdunungan raos katrêsnan, kasusilan, punapadene ing bab bêbudèn.

Saking kasoking panggagas, Radèn Sumarta ngantos anggaliyêr, kados ngambah alam pasupênan.

Ibunipun Radèn Sumarta sampun kaping kalih anggènipun thothok-thothok lawang, Radèn Sumarta botên mirêng, sarêng kaping tiganipun sawêg mirêng, saha lajêng mangsuli manawi botên malêbêt dhatêng padamêlan, amargi badanipun kirang sakeca.

Sayêktosipun Radèn Sumarta pancèn sakit sayêktos, nanging ibunipun inggih sampun mangrêtos, bilih sakitipun wau gêgayutan kalihan bab tiyang ingkang sampun botên wontên.

Ing salêbêtipun sakit wau, Radèn Ayu Prawira tansah cêcêglik anênggani, dangu-dangu Radèn Sumarta saras, malah lajêng sampun wiwit doyan nêdha.

Radèn Ayu Prawira tansah sabar ing panggalih, ngêntosi sarasipun babarpisan, dene manawi sampun saras, Radèn Ayu Prawira badhe paring pitutur.

Sarêng Radèn Sumarta sampun katingal saras yêktos, satunggiling dintên lênggahan kalihan ibunipun, dipun dangu makatên: Kapriye gèr rasane awakmu.

Wangsulanipun: Namung kantun sirah taksih awrat, bu.

Sukur. Apa kowe ora kapengin apa-apa, Sumarta. Kôndhaa, tak gawèkake.

Botên bu.

Radèn Ayu Prawira kados angsal margi, lajêng ngandika makatên: O, gèr, wong lara iku, sênênge ora kaya yèn diopèni bojone dhewe.

Radèn Sumarta nyawang ibunipun kalihan matur: Punapa ibu sampun bosên ngopèni kula. Manawi makatên kula malêbêt dhatêng griya sakit kemawon.

Sumarta, besuk apa anggonmu gêlêm nampani rêmbugku. Ngêndi ana biyung bosên ngopèni anak lara. Kang tak kandhakake mau rak dudu kasênêngan kang tumrap mênyang awakku, mênyang kowe.

Radèn Sumarta mirêng pangandikanipun ingkang ibu kados makatên punika namung kèndêl kemawon, nanging ing sêmu katingal kados mêmikir, malah sêsulakipun katingal sajak badhe mangsuli, lambenipun ngantos katingal umak-umik. Kawontênan ingkang kados makatên punika ngantos nuwuhakên wêlasipun Radèn Ayu Prawira dhatêng putra. Dene wusananipun, Radèn Sumarta inggih lajêng mangsuli, têmbungipun: Bu, botên kok kula botên badhe rabi, nanging kadospundi manawi pangajêng-ajêng kula botên kasambadan, kula inggih sampun narimah.

Bênêr gèr panêmumu iku, uwong iku bêcik sing nolèh githoke dhewe. Kowe ngèlingana gèr, suwargi bapakmu lan aku iku kalêbu wong kang padha isih nindakake tatacara kuna, dadi iya sênêng yèn duwe anak ambangun miturut mênyang wong tuwa, lan isih ngênggoni adat kalumrahaning bangsane, ora pantês ingatasing wong lanang ngarah golèk êsihing wong wedok, bisaa kang tumindak sapadha-padha, tinêmune malah luwih utama yèn wong lanang dimelikake wong wedok.

Punika rak caranipun tiyang jalêr ingkang namung badhe ngarah mênang-mênangan. Tamtunipun ibu bingah ing panggalih manawi kula dipun melikakên ing tiyang èstri. Sintên kemawon ingkang sampun nakèkakên dhatêng kula, bu.

Gunêmmu iku mung nêdya arêp ambalondrongake. Rak wis lumrah ta gèr, wong tuwa iku awatak dhêmên anggunggung anake, awit sakabèhing rêkasane wong tuwa, iya mung ditanjakake mênyang anake, anggone biyung ngurang-ngurangi mangan, saha mrihatinake, supaya anake bisa mangan, anggone labuh ora nyandhang, saka kapengin nyandhangi anake, kaya mangkono sapanunggalane, dene ing batine, ora kêndhat mung nênuwun mênyang Pangeran, supaya anake sêgêr kuwarasan lan kapenaka uripe. (Badhe kasambêtan)

--- 77 ---

Nomêr 20, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 39

bang sri gadhing cêdhak jamban / puring-puring urud dalan / suruh kuning nèng wit jaran / ngundhakke srining polatan //

sawuse bage-binage / aku kabèh age-age / munggah mapan dhewe-dhewe / aku sèndhèn lenge-lenge //

pak kaji ngucap sumanak / ya, iki sudhunge bapak / lèhe lênggah sing kêpenak / ora usah rikuh, lo, nak //

wong wis tuwa iya nrima / neka-neka gawe apa / tak critani rungokna, ya / nanging tèhe diunjuk ta //

iki lo, nak, pacitane / sing rahap nèng gone pakne / dicipi le masak bune / iki gêdhang nandur dhewe //

ayo ta, tèhe disambi / aja galih rugi-rugi / wajike kuwi dicipi / ora susah nolih buri //

sawusira gorokane dèn têlêsi / sigarète sing wis suwe tanpa gêni / diuripi, sinêrot awola-wali / trus pak kaji / sarwi mèsêm asêsanti //

uwis, ya, nak, aku tak wiwit andhalang / bokmanawa, nyudakke tyas mêlang-mêlang / wit samangkge polahing wong salang-tunjang / ora gape mring pituturing wong gêrang //

bênêr gêrang, ananging gêranging wungkal / pacul pecok, rak wis akèh sing diuntal / nadyan ana tangèh sing sabantal-bantal / mêsthi dhadhal, tan sun undur ing sacêngkal. //

dhèk biyène wiwit aku cikal bakal / pawitane mung manut lêpasing akal / sun kanthèni talatèn miwah tawêkal / lawan pasrah mring dat kang datanpa bakal //

iki biyèn wujud alas rungkud kêtêl / durung ana wite jambu miwah kêpêl / lan ibune, sun babad tan ngetang kêsêl / kang katênggêl, ambruk, bruk, sun têngkêl-têngkêl. [têngkêl-...]

--- 78 ---

[...têngkêl.]

Lêlakon Têmênan

[Grafik]

Nyonyah Lindbergh

Bocah-bocah, dhèk dina Sabtu kang kêpungkur, ing taman bocah mratelakake ilange putrane Tuwan Lindbergh ing Amerika. Ing saiki ayake kowe padha bisa nêpakake kapriye rasaning atine biyung kelangan anak, athik dhasar anake durung ngumur.

Dicaritakake, jare barêng bocah mau ilang, ing dalême Tuwan Lindbergh banjur rêja dadakan, akèh para juru kabar sing padha takon pawarta bab kaanane ing kono, oto pating sliri lunga têka. Kajaba kuwi isih ana wong-wong sing ambiyantu anggolèki, ana sing mung têtulung lugu, ana sing ngalap opah. Cêkake wartane wis ngêbaki jagad. Lan seje dina ana warta warna-warna, ngandhakake yèn bocah sing ilang mau wis ana ing nagara liya, nganti nuwuhake gledhahing saênggon-ênggon.

Barêng wis katog, bocah mau jêbul tinêmu mati ana sacêdhaking dalême Tuwan Lindbergh. Mungguhing pangira ora liya iya mung saka panggawene wong ala.

Dhuh, samono sangsaraning biyung kang kelangan anak, sajrone atine susah tanpa olèh panglipur, wêkasane anake malah tinêmu wis mati.

Bocah-bocah, kowe padha ngrêksaa kasênêngane biyungmu, èlingana yèn biyungmu trêsna têmênan mênyang kowe.

[Grafik]

Gêdhong dalême tuwan Lindbergh.

--- 79 ---

Gugon Tuhon

Desa Dhadhapan iku ngongkang kali Opak. Samôngsa kali mau banjir, banyune munggah ing dharatan, ngêlêbi omah, gawe prihatine wong ing kono. Lumrahe bocah-bocah padha sênêng-sênêng, ana kang praon, adhang-adhang barang kèli, sawênèh tawu iwak ana ing blumbang.

Anuju sawijining dina, pinuju mangkono, Saripin dadi golèkane wong akèh. Apa sababe. Lungane wiwit byar, nganti awan ora mulih. Kônca-kancane ora ana kang sumurup. Wong tuwane padha gêmês, awit wis bola-bali Saripin mangkono iku.

Kira-kira mangsane wong mangan, Saripin mulih kudhung gombal sasuwèk karo nyangking sandhatan wadêr siji. Laku mêndhêk-mêndhêk anjujug ing èmpèr ngarêp. Wong tuwane lan sadulur-sadulure pinuju ana ing kono, nanging padha ora anggape marang Sapirin.[8] Batine Saripin: Coba, padha dak bedane wong iki, môngsa padha wêruha aku ora. Dondomane bakyune dijupuk. Ladinge êmbokne kang lagi bae disèlèhake, diumpêtake. Wong-wong padha opyak, ayake disingkirake ing dhêmit. Saripin gumuyu kêkêl, arêdh[9] nyoba sapisan êngkas. Slêpène bapakne kang diadhêp arêp disêlêr rokoke. Bapakne ora sabar, tangane Saripin dinyunyuk ing upêt, kudhunge gombalan dibuwang, calathune: Hèh, bocah busuk, yagene kowe kudhung gombal rêgêd mangkono.

Saripin wis kamanungsan, kêpêksa nyaritakake lêlakone marang bapakne anggone nylimpêt tawu iwak karo Si Sadur. Bocah loro olèh iwak têlu. Sarèhne gèncèl, Saripin diwènèhi siji, Sadur dhewe loro. Saripin ora trima, awit janjine paron. Sadur nêmu akal, Saripin dikudhungi gombalan anggone nêmu sacêdhake kono dikandhani: yèn popok wewe, kêna kanggo ngilang, wong-wong ora bakal wêruh samôngsa Saripin kudhungan iku. Panjurung.

[Grafik]

Sisih iki gambar asu linggih, anjèjèri tumpukan pènêng asu. Dadi saupama asu-asu padha ora dipajêgi, tumpukaning pènêng ana samono.

Iba sapira dhuwuring dhuwite bocah jajan, yèn dikalumpukake.

--- 80 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 39

[Asmaradana]

kocapa ing kono kuwi / ana sing jumênêng nata / ala bangêt pambêkane / dhêmên agêndhak sikara / uripe sasat setan / dhasar pancèn juru nêluh / tegan têgêl tanpa kira //

dadi gurune sang putri / mêmulang panggawe ala / ing antara ora suwe / ratu setan siniwaka / nuli sang putri sowan / sang prabu andangu gugup / êlo sira ana apa //

dene têka bêngi-bêngi / wis sira nuli matura / putri nuli matur alon: / inggih sowan kula rama / badhe ngaturi priksa / mangke wontên tiyang bagus / anglêbêti sayêmbara //

katingal têtêgan ati / dhatêng tiyang botên ulap / kula kalangkung kuwatos / mila mugi kaparênga / maringi cêcangkriman / ingkang kintên damêl bingung / kawula namung sumôngga //

sang aprabu anyêkikik / diwori karo ngandika / ihik kang mangkono kuwe / aku ora bakal samar / nadyan ngakua tatag / ing kiraku ora wurung / gêmbunge bakal pisahan //

nini sira sun kandhani / sesuk wonge cangkrimana / kon mêthèk batinmu bae / dene sira ambatina / marang sangsanganira / sesuk yèn têtela luput / wonge banjur patènana //

matur sandika sang putri / nuli mundur karo nyêmbah / bali mênyang kadhatone / kocapa Jaka Kawasa / saparan ora pisah / ora ana wong sing wêruh / mung tut buri putri nata //

sang putri tansah dikinthil / barêng wis têkan ing jaba / banjur bablas mabur bae / Jaka Kawasa ya bablas / mabur nèng buri cêdhak / sang putri banjur digêbug / nganti kêwêtu sêsambat //

adhuh-adhuh apa kiyi / ora nywara ora rupa / dene krasa kaya ngene / sang putri enggal-enggalan / ing abure disêngka / wusana sang putri mlêbu / nyang kadhaton kaya ilang //

Jaka Kwasa enggal bali / satêkane gone Wêlas / Wêlas isih sênggor-sênggor / wayahe uwis êmèh byar / Wêlas nuli digugah / tangi-tangi wis mèh esuk / ayo dang tata-tataa //

gus Wêlas garegah tangi / karo ngucêk-ucêk mripat / Kawasa takon mangkene: / mau kowe ngimpi apa / dene turu kapenak / mèh byar isih sênggur-sênggur / wis kana enggal adusa //

apa kowe lali janji / yèn bakal mêthèk cangkriman / Wêlas mangsuli mangkene: / iya aku mèh kalepyan / mêngko aku tak dandan / ing sawise dandan rampung / Wêlas banjur arêp budhal //

Jaka Kawasa ngêsêti / sêt mandhêga: ta, tak kôndha / mungguhing bab cangkrimane / kowe mêngko ngaranana / yèn sang putri anggagas / mênyang sangsangane iku / wis gêlis nuli mangkata //

sakala Wêlas mandêlik / sajake kaya anggagas / wusana amangsuli alon /[10]

iya tak èstokne kakang / aku pangèstonana / Wêlas banjur mangkat sêmprung / gagasane rêruncungan // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. tiwas. (kembali)
2. Kurang satu suku kata: aywa ta supe marang. (kembali)
3. kawontênan. (kembali)
4. kacoklèk. (kembali)
5. anêtêpi. (kembali)
6. kawontênanipun. (kembali)
7. Wanagiri. (kembali)
8. Saripin. (kembali)
9. arêp. (kembali)
10. Lebih satu suku kata: wusana mangsuli alon. (kembali)