Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-25, #679

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-25, #679 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-25, #679 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka: 42, 18 Sura, Dal 1863, 25 Mèi 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Padhanging Dalu

[Grafik]

Sasampunipun sêrap srêngenge, dilah elêktris sagêd gumantos amadhangi ril-ril sêpur ingkang badhe anjog dumugi ing sêtatsiun.

--- 646 ---

Hakipun Pangarang ing Kalangan Kasusastran Jawi

Ing tanah Eropah utawi ing nagari-nagari ingkang sampun wontên tatananipun praja ingkang sae, pêngarang sêrat-sêrat punika angsal pangayoman saking nagari. Pangayoman wau yèn tumrap nagari Walandi tuwin jajahanipun sampun kapacak wontên ing Auteurswet 1912, têrangipun mirsanana polêk almênak 1929, kaca: 217 salajêngipun. Auteurswet 1912 punika sawatawis wontên ewah-ewahanipun ingkang sampun kapacak wontên ing Staatsblad 1931 nomêr 323.

Mila makatên ing buku-buku cap-capan wêdalan Bale Pustaka utawi wêdalan pangêcapan sanèsipun, punika ing kaca ngajêngan kala-kala mawi kapratelakakên makatên: wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 nomêr 600. Ungêl-ungêlan punika pikajêngipun angèngêtakên dhatêng para pangarang sanèsipun, supados sampun sakajêng-kajêngipun kemawon mêthiki utawi nukili isinipun sarta suraosipun, kêdah alitipun mawi kapratelakakên, agêngipun nêdha palilahipun ingkang ngarang.

Pangayoman pangarang kados ingkang sampun katêtêpakên ing pranatan punika sampun mungguh lan prayogi sangêt, inggih punika ingkang kawastanan tatanan sae.

Kawuningana, sarêng sapunika sampun sawatawis kathah waosan kula buku-buku Jawi, rumaos kula, tatanan kados ing nginggil punika sêmunipun para pangarang sêrat Jawi dèrèng patos anggatosakên. Nyatanipun:

1. Kula kêrêp mêthuki sêrat ingkang isinipun mèh plêk kemawon kalihan sêrat ingkang langkung sêpuh. Nanging sêrat têdhakan utawi pêthikan wau botên mawi katêrangan punapa-punapa, kapara dipun akêni piyambak, supados para maos sami ngintên bilih punika karanganipun piyambak. Tindak ingkang makatên wau saèstu kirang prayogi. Manawi miturut pêpacaking Auteurswet tiyang wau yèn wontên botên trimahipun ingkang anggadhahi hak, wênang dipun sêrêgakên.

2. Wontên malih ingkang kosokwangsul kalihan ing nginggil wau, inggih punika yèn wontên pangarang ingkang ngêdalakên buku mawi kapratelakakên bilih karangan punika damêlanipun êmpu utawi pujôngga ing jaman taun samantên, namanipun: anu. Môngka satêmênipun karangan wau damêlanipun pangarang punika piyambak, sarta êmpu utawi pujôngga anu punika yêktosipun botên wontên.

3. Wontên malih pangarang ingkang ngêdalakên sêrat karanganipun piyambak, nanging dipun akênakên karanganipun salah satunggiling pujôngga ing jaman sawatawis kina ingkang namanipun sampun misuwur.

Tindakipun pêngarang buku tigang warni kados ing nginggil punika mêsthi wontên sababipun. Ingkang ôngka: 1. supados pangarang wau dipun alêma ing ngakathah, dipun wastanana mêngku ngèlmi èdi lan pèni. Ingkang ôngka: 2 tuwin 3 supados bukunipun pajêng.

Tindak tigang warni wau nama tindak kaculikan, ing têmbe wingking sampun tamtu konangan, têmahan ngantoS [nganto...]

--- 647 ---

[...S] sapêjahipun pangarang wau namanipun tansah botên sae.

Cara ingkang sae bab ngarang buku punika ingkang sampun gumêlar ing samangke kados tatananipun para sagêd yèn ngrêmbag bab kawruh. Liripun: yèn angsal pamanggih saking sanès punika kapratelakakên, punapadene manawi mêthik saking satunggiling sêrat, kêdah mawi pratelan. Punika lajêng nama sukci, têmahan dipun aosi ingkang sami maos karanganipun. Wondene lêrês lêpating pamanggihipun piyambak punika têtanggêlanipun piyambak. Nanging pangarang wau salaminipun badhe taksih dipun aosi, jalaran saking tindakipun ngarang punika ngêblak lan suci.

Ngarang sêrat mawi lampah kirang prayogi kados kasêbut ing nginggil punika wau badhe nampêg dhatêng namanipun piyambak, têgêsipun: lajêng badhe katitik ing ngakathah, bilih bêbudènipun kirang têmên.

Kajawi punika ing pawingkinganipun damêl pêtêng dhatêng pangudining kasusastran.

Wondene sêrat-sêrat ingkang sampun kula waos ingkang kirang tulèn wau, botên prêlu kula pratelakakên, amargi ciptaning manah kula namung sumêdya ngèngêtakên (elik-elik) saking katêbihan.

S. Sastrasuwignya.

[Grafik]

Kala taun kêpêngkêr, pasinaonipun para ibu (moeder-cursus) ingkang dipun adani Volks Universiteit ngêdalakên murid tamat pasinaonipun, gambaripun malah sampun kaêmot ing Kajawèn. Pasinaon wau lajêng dipun pasrahakên Pakêmpalan Wanita Utama pang Surakarta. Bêbadra nampèni murid enggal, gurunipun taksih lêstantun Mas Ngabèi Yasawidagda, pangagêng intêrnat apsara. Wulanganipun bab panggulawênthahing lare wiwit lair dumugi mlêbêt sakolah. Ing nginggil punika gambaripun para murid ingkang tamat ing wulan punika, dalah gurunipun saha pangrèh Wanita Utama.

--- 648 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning kawruh padhalangan ringgit purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38

Wa: Ucap-ucapan Arjuna

Sintên kêkasihe satriya panêngah Pandhawa: Radèn Arjuna, iya Rêju, Palguna, Jisnuh, Kirithi, Swetawahana, Bibatsu, Wijaya, Sawyasaci, Dananjaya, Parta, Pamade. Radèn Arjuna sayêkti satriya adi utama, trah kusuma rêmbêsing madu wijiling amaratapa, trahing andanawarih. Sulistyaning warna tanpa sasama, tur sajati ditya[1] sakti wirutama mumpuni ing kawijayan. Prasasat datan ana titahing madyapada kang ngimbangi kawijayane. Nanging adoh budi sêsongaran. Pranyata satriya bagus ora lèmèrên, sakti ora mêrang bau, malah ing panggalih matêng ing kautaman. Ambêg pinusthika upama kadi mênyan kobar susilaning solah, luwêsing parikrama, wiragane wus matuh dadi dhêdhasar pratela yèn ngandika sarwa aris manis manuhara a[...][2] yarsa. Sanadyan duka nanging tansah linu-[...] bda mardawa.

Wus kajuwara Radèn Arjuna [...] lananging jagat, sanadyan para widadari [...] yun èsmu kasmaran.

Radèn Arjuna dhasar satriya tama wasis waskitha ing wèsthi, êmpan mapan mumpuni sagunging pangawikan. Têlênging samodra kêna jinajagan, yèn panggalihe Radèn Arjuna lêbêt wiyar tanpa watêsan. Satriya andhap asor tanduke, nanging luhur bêbudène, adoh marang kanisthan, kang dèn èsthi mung rahayuning jagat. Sanyata dadi pangayoman, pêpayunging para rahayu budi.

La: Ucap-ucapan Setragôndamayu

[Grafik]

Bathari Durga

Ing kahyangan Setragôndamayu iya Kandhawawana, kahyangane Sang Hyang Bathari Durga, iya Bagawan Bagawati. Kahyangan Setragôndamayu dahat gawat kaliwat-liwat. Têtêlênge aran sumur cinèt, ana ringin putih jèjèr pitu. Ing kono tansah sidhêm pramanêm singup asintru nyênyêt datan ana sabawa, sanadyan angin ora ana kumrisik. Sayêkti sato mara sato mati, jalma mara [ma...]

--- 649 ---

[...ra] padha sirna sanalika. Amung para sudira brata kang wantala ing godha rêridhu, iku kang bisa ngambah têlênging Setragôndamayu.

Saantaraning Setragôndamayu akèh swarane bajo barat, jim pêri prayangan, setan mêmêdi sapanunggalane. Wewe ilu-ilu banaspati, wêdhon jrangkong êndhas glundhungan ôngga-inggi, lengkrah lidrah gêmbung buja pukang tangan thok angawe-awe. Sarupaning brakasakan sami jêjogedan pating karêngkap pating karogèl, wênèh pating gadêbug aniba-niba, wênèh mènèk iyun-iyunan pang. Kêmamang pating prêngangah, kêblak kalinthuh, klunthung waluh pulanggana pulangsari sundêl bolong sami paklumpukan, wênèh sindhèn sêsêndhonan alantik-lantik. Sarta ana tangis anggêyêng, biyung tulung amêlung, wênèh bêngok pating jalêrit. Tuwin gônda wangi angambar-ambar, sarta gônda apêk apênguk, arus amis bangêr, sarta swara klêsik-klêsik abêbisikan.

Sakalangkung anggêgirisi datan ana janma wani ngambah. Yèn ana wong katarima ngambah têlênging Setragôndamayu, banjur byar katon kadhaton kumêndhung-kêndhung sarwa araras, rinêngga teja kêkuwung sarta sêsotya môncawarna, nanging manawa ora katrima amung katon alas galêdhêgan grêng pêtêng lindhuk angêndhanu.

Badhe kasambêtan

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41

Kajawi mlincur ugi wontên ingkang panyambutdamêlipun wêkdal nyambutdamêl sêsarêngan pados kabêtahanipun, upaminipun anglokop kalikaning kajêng utawi anyigar-nyigar uwit nibung têrus karêsikan pisan prêlu kangge anggêdhègi griya saha sanès-sanèsipun ingkang botên gêgayutan anyambutdamêl sêsarêngan. Golonganing têtiyang bucalan ingkang ambabad umum punika ugi wontên pangrèhipun kados pakêmpalan sanès-sanèsipun.

Sarêng para pangrèh ing golongan punika sumêrêp kawontênaning têtiyang anyambutdamêl kados ingkang kasêbut ing nginggil lajêng ngawontênakên ada-ada enggal. Sarèhning ing wêkdal punika kathah sangêt tiyang ingkang bêtah gêdhegan, wontên ingkang pados piyambak utawi tumbas.

Ing sarèhning ingkang sami tumbas gêdhèg punika kathah, amila uwit ingkang kenging kapêndhêt, klikanipun saha nibung botên kenging kapêndhêt kangge piyambakan, kêdah kapêndhêt kakêmpalakên dados gadhahanipun têtiyang sagolongan.

Wana ingkang dados pabeyaning golongan punika, ing pundi ingkang sakintên asring kaambah ing tiyang kasukanan sêrat undhang-undhang, tiyang botên kenging mêndhêt nibung saha klikaning kajêng.

Ing wêkdal punika anggènipun ambabad têtiyang ing

--- 650 ---

golongan punika botên namung mligi ambabad wana kangge patêgilan, ananging wontên ingkang kapatah maligi pados nibung saha klikaning kajêng. Ingkang kapatah dados golongan punika, têtiyang ingkang ahli pados nibung saha klikaning kajêng.

Dunungipun wana ingkang kangge patêgilanipun têtiyang bucalan ing golongan punika antawisipun kampung A saha kampung D. Ing sarèhning panjênênganipun tuwan Monso prêlu ngagêm kampung antawising kampung kalih punika kangge papan padununganipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng, mila sabagean saking patêgilanipun golongan punika katut kangge pakawisanipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng.

Panjênênganipun Tuwan Monso inggih sampun amanggalih ugi, bilih patêgilan ingkang katut kangge pakawisan punika adamêl kapitunanipun golongan punika, mila panjênênganipun amaringi pituwas sapantêsipun.

Ing golongan punika caranipun nata pakêmpalan botên mawi angaturi priksa ing panjênênganipun Tuwan Monso. Kawontênan makatên punika inggih botên dados rênguning panggalihipun, awit saking pamanggihing panjênênganipun waton botên wontên pasulayan kemawon.

Têtiyang bucalan sawatawis, ingkang sami tumut ing golongan punika, ingkang kirang wiyar wawasanipun, saha ngrumaosi tatanan ingkang kawontênakên dening golonganipun punika sae piyambak, dados sok tiyanga botên purun tumut golonganipun ingkang gêthing. Ingkang suwaunipun pasadhèrèkanipun rumakêt sangêt, sarêng botên purun tumut ing golonganipun lajêng dados kadosdene mêngsah.

Têtiyang bucalan ingkang anggadhahi manah ingkang kados makatên punika, ing lairipun purun angrujuki ambabad wana kangge patêgilan, ananging ing batosipun angrujuki dhatêng golonganing têtiyang bucalan ingkang botên purun ambabad wana kangge pagitêlan.[3]

Tiyang anggadhahi watak ingkang kados makatên punika, botên namung ing batos kemawon, ananging nêdya mitênah dhatêng têtiyang bucalan ingkang caranipun nyambutdamêl nyuwun palilah saking panjênênganipun Tuwan Monso.

Panjênênganipun Tuwan Monso sarêng wontên sawênèhing golonganing tiyang bucalan ingkang badhe mitênah dhatêng têtiyang bucalan ingkang panyambutdamêlipun nyuwun palilah, lajêng angudi nyumêrêpi ingkang dados pangajêng wau, sarêng sampun kawuningan inggih lajêng kasingkirakên, amrih sampun ngantos wontên pasulayan.

Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Kajawèn ôngka 40 wêdalan 18 Mèi 1932 karangan gêndhing ladrang Dhacêklik: kaca 614

[Grafik]

Sungaji

--- 651 ---

Bab Tatacara

Pasah utawi pangur

Pasah utawi pangur punika ing kalangan Jawi ewonipun tatacara, têksih kathah ingkang nglastantunakên, pramila ingkang purun nilar, sok lajêng dipun saruwe, têgêsipun cinatur ingkang botên nyakecakakên dhatêng pamirêng.

[Grafik]

Tatacaranipun pangur tiyang Batak, Sumatra.

Bab wau ingkang têksih ragi dipun utamèkakên tumrap ing golongan kênya, cêkakipun kenging kangge titikan, saugi kênya ingkang dèrèng pangur tôndha têksih prawan grès, ananging punika ing kala rumiyin, ing sapunika sampun ewah, têgêsipun sampun botên makatên. Kayêktosanipun ing sapunika kathah para kênya sampun nilar, sampun têmtu ingkang golongan kaum mudha. Mênggah saking pamirêng kula, wontên ingkang blaka suta, tiru bôngsa kilenan, ananging ugi wontên ingkang pawadan prêlu dhatêng kasarasaning badan. Kalih-kalihipun sami lêrêsipun, ananging jawaban ingkang kantun sèlèhipun sakeca.

Nyariyosakên ingkang lèrèg dhatêng kasarasan. Sanjangipun: pangur punika untu dipun papaki, dipun gosok tuwin sasaminipun, punika kirang prêlu, awit untu kêdah wêtah, supadoS [supado...]

--- 652 ---

[...S] nyêkapi kangge mamah têtêdhan. Manawi dipun pugut têmtu kirang sampurna, pramila pinanggihipun adamêl sêsakiting untu, lajêng malih, ingkang baku kaduk kabêsusanipun, têtela sakitipun dipun bêtah-bêtahakên, sabab pangêthokipun wontên ingkang papak gusi ngantos katingal campuritipun, tuwin wontên modhèl dinamêl wiji timun utawi sapanunggilapun,[4] punika sisip sêmbiripun untu lajêng risak, pramila botên nama lôngka kathah para neneman ompong, punika namung sinababakên saking pangur. Tujunipun kathah tukang gigi, nyopakipun baut, sagêd damêl gigi palsu, malah prayantun sêpuh kathah ingkang mêling, ewadene têmtu botên mitadosi, dados kirang kasarasan, tuwin malih ugi lajêng ngambah ing lampah kaborosan, ingkang tundonipun adamêl ringkihing gêsangipun.

Ingkang têksih nglênggahi tatacara pangur, nanging prasaja, namung mêndhêt madya, pancèn mêwahi manising sêmu. Kathah-kathahipun lambe lajêng nyincing utawi sanès-sanèsipun, cêkakipun baku ngrêsêpakên. Pramila ingkang têksih nglênggahi, pinanggihipun baku rêmên busana (kabêsusan) panguripun botên tarimah kaping 2, kaping 3, absahipun kêdah dipun jangkêpi ambal kaping 7. Punika inggih kala rumiyin, pramila ing sabên usumipun pangur, limrahipun ing salêbêtipun wulan Siyam, tukang pangur andalidir idêr ing pakampungan utawi ing padhusunan. Manawi dintên pêkênan Lêgi (Manis) asring rêbatan, têgêsipun sami ambêtahakên, punika murih kadurusan manisipun. Kintên kula bab punika inggih gugon tuhon. Kenging winastan kêkiyasan, punika ing kalangan Jawi baku ngumbruk-umbruk ngantos adamêl kodhêng, têgêsipun: kaya iya-iyaa.

Wosing atur, sangêt jumurung dhatêng ingkang nilar, ewadene kula inggih botên pisan-pisan gadhah manah ingkang suraosipun nyapèlèkakên dhatêng ingkang têksih sami nglênggahi tatacara wau, awit ngrika-ngriki sami anggadhahi wêwaton piyambak-piyambak, ananging kula gadhah panênuwun supados manah dhatêng pangirid, liripun botên prêlu nukangakên dhatêng tukang gigi kados ingkang kula prangguli ing samangke, awit punika nama mêjahi têdhanipun tukang pangur bôngsa piyambak, ing môngka garapanipun inggih sae. Dene asring cinacad kirang kasagêdan, groboh panggarap utawi sanès-sanèsipun, harak lêpatipun piyambak, margi botên patos kamurwat bêrahanipun.

Kantun nyariyosakên ingkang têksih kêkah nglênggahi tatacara pangur, punika gêgayutan kalih prakawis, mênggahing pamanggih:

Ha. Kabêsusan, atêgês angrêngga ing busana, punika sae, jalaran sadaya-sadaya prêlu dipun busanani, pamurihipun sampun dados karêmanipun tiyang gêsang, pakangsalipun angrêsêpakên manah. Mênggah aluranipun pangur wau cêtha saking tiyang dhasar bêsus, ananging untunipun ambokmanawi gingsul utawi pating jrêpat, kêpenginipun sae lajêng dipun papar, dipun kêthok utawi sasaminipun, inggih pangur wau. Rèhning sampun jamak limrah tiyang punika êmoh kèri marang sapadha-padha, nadyan namung ngêthok untu inggih mêksa dipun tiru, ingkang wêkasanipun kathah ingkang tiru-tiru ngantos lajêng winastaN [winasta...]

--- 653 ---

[...N] limrah, lan saking pakulinan dados ngalih: tatacara, pramila ewahipun mênggahing sajatosipun inggih kenging kemawon.

Na. Piandêl, kojahing ngakathah andhèrèk sarengat nabi panutan Sallalaihi Wassalam. Kojah cinêkak duk rikala pêrang Lahat, makatên pamirêng kula, Sang Panutan binujêng-bujêng ing mêngsah mawi kinrutugan sela, punika ngengingi wajanipun ngantos rampal, ewadene Sang Panutan têka malah mindhak manis (kojahipun para sakabat) pramila saking rukunipun sakabat lajêng katêtêpakên kawulanipun kêdah pangur, kajawi sampun têtela dados manising sêmu, inggih sisan damêl amèngêti Sang Panutan, pramila wontên ing wulan Sawal utamining pangur wau, margining wulan wau tatkala Sang Panutan luwar saking papa cintraka wontên ing salêbêting guwa 30 dintên laminipun, ingkang wêkasanipun dados rukuning Islam puwasa ing wulan Ramlan 30 dintên laminipun punika. Ewadene sagêd ugi namung kangge ngajrih-ajrihi lare pangur, sabab rumiyin punika lare èstri têksih alit sangêt asring dipun imah-imahakên, môngka kêdah pangur, yèn dipun ajrih-ajrihi dongèng wau lajêng ambangun turut, kados makatên pamanggih kula.

Sumadi

(Pangarasan)

Konggrès Pakêmpalan Muhammadiyah Ingkang Kaping XXI ing Makasar.

[Grafik]

Kados ingkang sampun umum kawartosakên, Pakêmpalan Muhamadiyah kalampahan sampun adamêl konggrès wontên ing Makasar, ingkang andhatêngi sakalangkung kathah. Ing nginggil punika gambaripun konggrès wau, ing wanci dalu sangajênging papan konggrès, rinêngga-rêngga ing dilah sakalangkung padhang, 2 up bêstir Muhamadiyah mandhap saking kapal. 3 Papan konggrès, tuwin 4 para tamu ingkang badhe anjênêngi kaarak dhatêng pamondhokan.

--- 654 ---

Panglipur Manah

Wêdharing panglocita

[Gambuh]

kapêksa nêmbang gambuh / rangu-rangu jroning nala limut / ngantarani kumukus kêkêsing ati / nitir kêkêtêg kumêdud / puntu antaraning batos //

rasane tinalusur / dèn sak-asik mêksa tan kapangguh / masalahing lêlakon paran kang dadi / pangamuking kalabêndu / bèbèr sadonya sru gênjot //

ilang dayaning manus / wiryawaning nala wus kalimput / yayah kadi yun kinukud de Hyang Widhi / sayêkti akarya linglung / puput pêpêt jroning batos //

trajanging paman dhusun / ing wawasan karya srêping kalbu / kampitèng tyas wêkêl pangolahing siti / pungkasane pan jinurung / kêbak lumbunge tan mrojol //

bontosing para jamhur / mahanani prajane misuwur / gêgolongan gumêlêng mangulir budi / langgar-linanggar ambêsut / kotamanira mrih jêmpol //

nglaju dêrênging kalbu / mrih katêkan kang sinêdyèng kayun / mèt sarana nyampêti sukaning kapti / puwara uga jinurung / tan ana kuciwèng batos //

pan kongsi bisa mabur / nèng awiyat lir paksi janthayu / wignya silêm nèng têlênging jalanidhi / kawasa nèng jroning ranu / kadya hyang baruna yêktos //

pambudine tanpa wus / mrih sampurna kawruhe pinunjul / wus katêkan sanggya kang ginayuh dadi / gumêlêng golong kacakup / bangkit miyat kang sarwelok //

sèsine buwana gung / katongton nèng kêliring biyuskup / solah-bawa wus datan anguciwani / malah mangkya kang jumêdhul / bangkit bicara kadya wong //

lan malih kang wus kabul / bangkit mirêng swara saking dradlus / nadyan têbih saking liyaning nagari / tinarik swasana tinut / karêngèng karna cumêplong //

karya eraming kalbu / mring sanggyaning janma kang winêngku / awit durung andungkap mring kawruh rungsit / puwara amung dêdulu / gèdhèg-gèdhèg sarwi jomblong //

rèhning kaduk jinurung / katurutan sakrêntêging kayun / mahanani thukuling jubriya kibir / rumôngsa sarwa pinunjul / lali nêmbah mring Hyang Manon //

dhatênging kalabêndu / gênjot gonjing sabuwana rêtu / angênani sanggyaning kang para janmi / warata kênthonge kusut / tan darbe arta sabenggol //

têmah otêr kalangkung / dhêsêg-dhinêsêg arêbut dhucung / ngil-cinêngil muthakil kang rêbut kasil / tilar kamanungsanipun / ngêndêlkên wani prang popor //

wêwênang yun kinêlun / kinalêkêr ywa na kang marucut / rêbut wani sadonya yun dèn dhêpani / sawênèh kêjêm ambêrung / kongsi wadal jiwaning wong //

sumubing kalabêndu / karya ribêd rubedaning kalbu / angênani gêgolonganing pra abdi / kèh labêt kaleban kumbul / kerut ngaradan cinêngklong //

kasangsaya kalangkung / tanpa dosa kapêksa anjingkrung / sing kataman tindaking daya pangirid / ana sawênèh brêkunung / motong blônja kongsi okol //

tanpa waton saglugud / mung tumindak sasênênging kalbu / kang pinotong blanjane mung kêthip-kêthip / ruwêd jèrènganing butuh / narima [na...]

--- 655 ---

[...rima] pêrute kroncong //

kèh samya sambat ngadhuh / kêmbêng-kêmbêng jro netra rawat luh / amêlingi panjriting janma kang sami / oncat pangasilanipun / karônta-rônta ing batos //

yèn winawas wèh trênyuh / sotaning tyas katêtangi limut / mèngêt maring bêbaya kang andhatêngi / lamun tan tumuli antuk / usada kang cêsplêng yêktos //

wus pasthi saya nglantur / dêdukane Hyang Kang Mahaluhur / kadiparan pangudining rèh arjanti / mrih berat berawèng kayun / aywa manggung karya sombong //

nanging anyamut-nyamut / panyirêping budi kang wèh limut / usadane kadohan lamun binudi / dêdalan murih rahayu / aywa na tindak salah ton //

rodra ardaning kalbu / yèn kadurus rêntêng karya rêtu / kadiparan tundon kasidaning dadi / lamun tan antuk panglipur / pangaksamaning Hyang Manon //

mula yogya nênungku / anancêbkên panalangsèng kalbu / amêminta murih arjaning dumadi / rahayuning buwana gung / dêdalan mrih bisa golong //

mangkana ciptèng kalbu / kang manitra jumurung rahayu / amêmuji maring Hyang Kang Mahasukci / mêlêng gyanira pitêkur / têtêp nèng Magêlang kêbon //

titi gupitèng kidung / Ngahad Paing juga tanggalipun / wimbaning lèk Mukaram Dal lagya ngancik / sangkalanira ingetung / tri malarsih ngèsthi katong //

W: Sintên kula

Sarangan, Madiun

[Grafik]

Hotèl Sarangan sacêlakipun Madiun, hawanipun sae saha kathah sêsawangan ingkang nêngsêmakên.

--- 656 ---

Kawruh Sawatawis

Daging

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41

Manawi sampun rampung lajêng wiwit dipun priksa dening kirmistêr. Sanadyan nalika kewanipun taksih gêsang sampun katiti dening kirmistêr, nanging daging sarta jêroanipun ugi prêlu katiti malih, jalaran kathah kemawon nalika kewan taksih gêsang botên katingal wontên sêsakitipun, nanging sarêng sampun kapragat jêbul nandhang sakit ingkang ambêbayani tumrap kasarasaning tiyang. Kados ta: dumunung wontên ing asinan (lijmpah klieren) sok wontên bibiting sêsakit ingkang sagêd tumular dhatêng tiyang, ing salêbêting daging sok pinanggih plêmbungan alit-alit ingkang isi winihing cacing, lan sok wontên prongkol-prongkolan ingkang isi nanah, wontên ing jêroan asring pinanggih cacing-cacing, lan sanès-sanèsipun. Kajawi saking punika kirmèstêr ugi kêdah niti, punapa anggènipun angrêsiki daging lan jêroan wau sampun rêsik saèstu. Manawi sampun rampung panitinipun, lajêng dipun dèkèki tôndha sarana cap mawi mangsi ingkang sampun dipun priksa dening ingkang wajib, lan botên ngêmu campuran ingkang botên andadosakên sabab dhatêng kasarasaning tiyang. Dene wangun lan ungêl-ungêlanipun cap wau manut pamarentahipun piyambak-piyambak. Manawi sampun rampung sadaya, daging lan jêroanipun, kajawi babad lan usus, lajêng kalêbêtakên dhatêng kamar daging sarana rodha mawi ril (dados kantun nyurung kemawon), dene babad lan usus rèhning prêlu dipun godhog (dipun alub-alubi) pramila kenging kabêkta mantuk.

Daging dumunung wontên ing kamar wau dangunipun watawis 12 jam, sawêg kenging kapêndhêt, dados kintên-kintên watawis jam 6 enjing ing dintên enjingipun. Ing wêkdal punika dagingipun katingak[5] kêsat tur sajak gêmpi, gajihipun katingal pêthak mêmplak utawi jêne gumrining, dagingipun katingal mingir-mingir (menginakên sangêt tumrap têtiyang ingkang ambêtahakên), pambêktanipun saking Abattowar dhatêng pêkên utawi griyaning jagal, kêdah kawadhahan ing pêthi utawi tromol sarta katutup rapêt, prêlunipun supados sampun ngantos kaencokan lalêr uawi[6] kewan sanèsipun, lan botên kabênteran utawi kêjawahan.

Mênggah beda-bedaning daging namung katitik saking warni wujud, gônda lan raos, kados ta: daging lêmbu ingkang taksih pêdhèt: warninipun abrit ênèm, sêratipun alus, ing sasêla-sêlaning sêrat botên wontên gajihipun, sarta gadhah gônda piyambak ingkang botên sami kalihan daging sanèsipun. Daging lêmbu biri: abrit sêmu bêning, ing sasêlaning sêrat kathah gajihipun. Daging lêmbu sêpuh: abrit sêpuh, sêratipun kasar, mèh tanpa gajih. Daging maesa: abrit sêpuh, langkung sêpuh tinimbang daging lêmbu, sarta sêratipun ugi langkung kasar, nanging warnining gajih langkung nèm tinimbang gajih lêmbu. Daging menda: abrit bêning, sêratipun alus, ing sêla-sêlaning sêrat kathah gajihipun, yèn [yè...]

--- 657 ---

[...n] dipun gônda mambêt menda. Daging kapal: abrit sêpuh sangêt, sêratipun mèh sami kalihan maesa, yèn dipun kèndêlakên sakêdhap kemawon (botên enggal dipun ratêngi) warninipun sampun dados abrit cêmêng sêmu biru, daging ingkang taksih mêntah raosipun lêgi, lan gajihipun jêne kados jênening êmas.

[Grafik]

Cara-caranipun mragat lêmbu ing pajagalan Surabaya.

Mênggah patrap pangolahipun daging punika ingkang sae piyambak kêdah kagodhog ingkang ngantos mumut sarta dipun dèkèki sarêm, utawi dipun cacah ingkang ngantos lêmbat saèstu lajêng dipun ratêngi ingkang ngantos matêng. Mênggah prêlunipun namung minôngka pangatos-atos tumrap panjagining kasarasan badanipun piyambak, awit sakathahing wiji sêsakit ingkang dumunung ing daginging kewan wau, manawi dipun godhog ingkang ngantos umub sangêt lan dipun dèkèki sarêm, punika mêsthi pêjah. Dene ingkang mawi patrap sanèsipun kados ta: kabakar, kagorèng, kaasêp lan sanès-sanèsipun ugi kenging, nanging sadaya wau waton matêng saèstu têrus ing nglêbêt.

Pangèngêt: sanadyan pikantuka mirah rêginipun, mugi sampun sami karsa mundhut daging ingkang botên dipun kir (katitik saking cap) lan daging ingkang sampun lungse. Mênggah titikanipun daging ingkang sampun lungse bedorvenvleesch, warninipun pucêt, yèn dipun mèk sajak plikêt, gandanipun ingkang dèrèng sangêt sêmu lêgi, ingkang sampun sangêt anggônda bangêr. Sagêd andadosakên sabab dhatêng kasarasaning salira.

Wasana tutuping atur manawi wontên kalêpatan sarta kêkiranganipun, mugi ngêgungna samodra pangaksama.

Pun Sukirna.

--- 658 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Karampunganing prakawis ing Indramayu. Prakawis wadana ing Sindang, assistèn wadana ing Pêmayan tuwin mantri polisi, ing bab nganiaya pasakitan, sampun karampungan wontên ing pangadilan Raad van Justitie ing Bêtawi. Wadana kaukum 3 taun, asistèn wadana 3 taun tuwin mantri pulisi 2½ taun, sami kasuda tahanan.

Dados sampun cêtha ing bab nganiaya pasakitan punika ugi wontên paukumanipun, pancènipun botên prêlu dipun èngêtakên malih, amargi panêrak kados makatên punika têmtu sampun dipun mangêrtosi dening ingkang nindakakên.

Lindhu agêng ing Mênado. Ngambali pawartos cêkakan bab lindu agêng ing Mênado. Tanggal 16 Mèi laladan Mênado tinêmpuh ing lindhu agêng. Ingkang kêtênggêl distrik Minahasa tuwin Bolang Mongondou, griya ingkang ambruk 150, ing Kakas 592, Gorontalo 100, Amurung 60, Tonda 15. Kajawi punika ing Têrnate tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih. Têtiyang ingkang nandhang tatu ugi kathah. Saênggèn-ênggèn katingal adamêl ngêrêsing manah.

Kasusahan punika mugi tumuntên sirêp.

[Grafik]

Tilas jaksa Sukabumi. Ing bab prakawisipun tilas jaksa Sukabumi, ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta, katêtêpakên dening Hooggerechtshof, kaukum 2 taun 6 wulan.

Punika kenging kangge kaca bênggala tumrap sintên kemawon ingkang nindakakên damêl babagan arta.

Prangko darma Leger des Heils. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amaringi palilah anggèning pakêmpalan kasêbut nginggil ngangge prangko darma.

Darma makatên punika sanadyan panarikipun botên sapintêna, nanging lumayan.

Pangeran Adipati Bèlgi maratamu dhatêng karaton Ngayogya. Pangeran Adipati Bèlgi nalika mêntas mariksani candhi Prambanan, mampir dhatêng karaton Ngayogya, dangunipun saêjam, kadhèrèkakên tuwan Guprênur.

Paduka Pangeran Adipati punika, katingalipun karênan dhatêng tanah ngriki, dene tansah lêlana wontên ingriki kemawon.

Ngawisi lagu Indonesia Raya. Kawartosakên wontên murid-murid Mulo ing Kotaraja pakêmpalan wontên ing sociteit militèr, mawi nindakakên lêlagon Indonesia Raya, minangka kangge pambuka anggèning ngawontênakên têtingalan kangge golongan angguran. Nanging lajêng dipun awisi dening opsir tuwin commissaris pulisi. Wontênipun kaawisan, awit lagu wau botên kalêbêt ing programma.

Lêlagon ingkang sampun dados ciri, punika anggènipun manggih sabab wontên-wontên kemawon.

Kalawarti enggal malih. Awit saking ada-adanipun Ir. Soekarno, sasampunipun ngêdalakên kalawarti "Indonesia Muda" badhe ngêdalakên kalawart[7] malih, dipun namakakên "Pikiran".

Wontênipun kalawarti saya dangu saya majêng. Kantun ngêntosi pundi ingkang dados panuju kemawon.

Tuwan Soeprijadinata kawêdalakên saking kalangan P.I. Wontên pawartos, tuwan Soeprijadinata, pangarsa P.I. pang ing Bandung têrang saking pangrèh agêng ing Bêtawi, kakèndêlan anggèning dados pangarsa, tuwin kawêdalakên saking kalangan P.I.

E, dalah jagading pakêmpalan kemawon ugi nindakakên pangiritan saha nindakakên ewah-ewahan.

Wêca bab lèpèn Bathang. Miturut pamanggihipun para ahli rêdi latu, lèpèn Bathang samangsa bêna malih badhe sagêd ngrisak ingkang katrajang. Mênggah nalar-nalaripun kapiritakên saking wontêning sela-sela wutahan saking rêdi Mêrapi ingkang taksih wontên inginggil.

Wêca ingkang kados makatên punika sagêd damêl pangatos-atos. Nanging saupami mêlèsèt, inggih botên dados punapa, malah sukur.

Nyuda arta pitulungan. Jalaran jamanipun nuju kados makatên, arta pitulungan Nagari tumrap para sinau bangsa ngriki ingkang wontên nagari Walandi, kasuda 10%.

Punika nama taksih lumayan tinimbang botên angsal babarpisan.

Pakêmpalan P.S.I.I. pêcah-pêcah. Wontên pawartos, pakêmpalan P.S.I.I. ing Garut, sapunika pêcah dados tigang golongan, 1. P.S.I.I. tulèn, 2. Partai Muslimin Indonesia tuwin 3 golongan kolot ingkang nganggêp bilih babagan agami botên prêlu kawontênakên politiek.

Satunggal-satunggaling pamanggih punika têmtu amêngku kajêng sae lan lêrês. Nanging satunggiling pakêmpalan lajêng ada-ada ngawontênakên pamêcah badhe madêg piyambak-piyambak limrahipun lajêng tinêbihan ing bêbasan "Rukun agawe santosa," tuwin botên kêkirangan têtulandanipun.[8]

Ngombe racun. Kawartosakên sawênèhing guru èstri bangsa Walandi ing H.B.S. ing Medan tiwas jalaran ngombe racun. Mênggah jalaranipun nyonyah wau anggènipun jêjodhoan botên rukun, kalampahan ingkang jalêr dipun racun ngantos tiwas. Wusana ugi lajêng ngombe racun piyambak.

Têmbung jêjodhoan punika manawi dipun kanthèni botên rukun, sok nuwuhakên lêlampahan ingkang anèh-anèh.

--- [677] ---

Catatan kaki:

1. dibya. (kembali)
2. Naskah rusak (dan di tempat lain). (kembali)
3. patêgilan. (kembali)
4. sapanunggilanipun. (kembali)
5. katingal. (kembali)
6. utawi. (kembali)
7. kalawarti. (kembali)
8. tetuladanipun. (kembali)