Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-28, #681

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-28, #681. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-28, #681. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 43, 21 Sura Dal 1863, 28 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [661] ---

Ăngka 43, 21 Sura Dal 1863, 28 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Mêgatruh]

dudukwuluh dadakan akarya pemut | mèngêt warah mrih basuki | ngluri ujaring pra sêpuh | sinangling winangun malih | mêmulih wêdharing criyos ||

sapa wonge ingkang kêncêng tekadipun | tan kêna ora wis mêsthi | bakal têka kang kinayun | apa kang sinêdyèng kapti | tan luput yêkti kalakon ||

lah sing sapa jroning kataman pakewuh | kênèng cobaning ngaurip | ing măngka sabar ing kalbu | mantêp idhêpe tan gingsir | bakal tuk nugrahèng Manon ||

sapa wonge ingkang budine anguthuh | iku wus pangawak eblis | ngalor ngidul anjêjaluk | ngasorkên sipating Gusti | mung papa ingkang tumemplok ||

sapa nandur gadhung yêkti thukul gadhung | nandur pari thukul pari | nanging sapa ingkang nandur | kautaman kanthi suci | thukul mas intên mancorong ||

sapa wonge dhêmên tansah ngantu-antu | dhang-adhang pitulung lan sih | saking ing liyan wong iku | akal budine wis mati | kamulyane saya adoh ||

--- 662 ---

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab bal-balanipun para sêpuh

II.

Garèng : Hara, Truk, kowe rak jangji arêp nyaritakake kaanane têtandhingan main bal antarane para jago-jago sêpuh, ta, ana kala dina Rêbo kang kapungkur jêbul banjur mak palêndèk, ora katon cungure. Sêmbranamu kuwi pancèn iya anjêkèk bangêt.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, nèk sêmbrana kuwi rak ngêntèk, ana kok diarani anjêkèk, thik kaya pil tablèt bae. Kang Garèng, Kang Garèng, kowe sing ora ngrasakake iya bisa maido, nalika dina Rêbo kang kapungkur kiyi rak mèh bae adhimu awake aku dadi jênat, tujune banjur kêtulungan wêtêngku di... kêruk enthong.

Garèng : O, gênahe kêmlakarên kuwi. Hêm, kok samono bedane satriya jaman biyèn karo jaman saiki. Dhèk jaman biyèn ditobatake satriya gêlêm ngandhakake bab badhogan, nanging jaman saiki kêmlakarên malah sajak digawe kabrêgasan, awit mratandhakake yèn sugih bêras. Pulo-pulo jamane lagi mèlu buta, iya kudu nyara buta. Wis, wis, Truk, caritakna bae apa sing wis kok jangjèkake kala dina Sabtu kang kapungkur.

Petruk : Iya Kang Garèng, mara rungokna bae. Kira-kira jam 4.45, sauwise pangarsaning pakumpulan-pakumpulan bal-balan băngsa Indhonesiah saindênging tanah kene, yaiku Tuwan Ir. Suratin, agawe lèngsêng ngalur sadawan-dawan, banjur diwiwiti campuhe pakumpulan [pakumpula...]

--- 663 ---

[...n] bal-balan ing Jakarta mungsuh karo pakumpulan ing Madiun. Nanging ing kene aku ora niyat arêp gawe palapuran anane pêrange tandhing kumpulan bal-balan loro kiyi, awit kaya lumrahe têtandhingan main bal, anane ing kono iya mung pêplayon, plêncing, plêncing, lan anêndhang-nêndhang bal: plak, kêthêplak, plak, plak, kêthêplak, sarta nampani bal nganggo sirahe, blang gêdhun tak, blang kêdhun tak...

Garèng : Wèh, iya angèl anggonku arêp ngarani, apa arêp anggambarake lagune dhanah-dhanah, apa kêndhangane... gudril, ana kok le maplak, nganti awak sakojur padha pating krêjot. Iya, iya, wis, Truk, tumuli caritakna bal-balane para jago sêpuh kuwi.

Petruk : Sabênêre, Kang Garèng, nèk dikon nyaritakake têtandhingane main bal, rada angèl pangejane, awit jalaran saka anggone padha pating kruntêl, nganti siji lan sijine ora padha wêruh: êndi sobat, êndi musuh. Mulane aku iya arêp nyaritakake sepak trajange siji-sijining jago sing tak sumurupi bae, kaya ta upamane: Tuwan Abdul Rahman. Gèk anu wis tak kandhakake yèn salirane saka cangcing lan wiwinge nganti wêwayangane kaya... gunungan, jalaran saka iku banjur rada lali cara mlayune, mulane banjur dipiji dadi tukang jaga gul. Barêng wiwit main, sanadyan bale tansah klintêran ana ing ngarêping gul, ewasamono mêksa ora bisa lumêbu, lo, iki êmbuh sabab saka cikating tandang solahe, êmbuh sabab saka... salirane ngêbêki gule.

Garèng : Wiyah, apa salirane prasasat padha karo... kapal api rodha lambung, kok le ora mèmpêr. Nèk carita kuwi bok rada sing barès sathithik.

Petruk : Kang Garèng, ambok aja tungkul nyêlani omong, nanging ngrungokna dhisik. Mungguh priyayi loro sing dipiji jaga ing sangarêpe gul, yaiku sing diarani: bèk, Tuwan Dahlan, Abdullah lan Tuwan Dr. Kayadhu. Wujud lan tandange priyayi loro kiyi, sing prasasat ora bisa diliwati dening mungsuh, angelingake aku mênyang putraning Kumbakarna loro sing aran: Kumba-kumba lan Aswanikumba kae. Saka dikdayane buta loro kiyi, cêkake jalma mara jalma mati, sapa sing nyêdhak mêsthi disarap lan diuntal malang. Mêngkono uga bèk loro mau. Apa sing nyêdhak iya mêsthi disarap lan diuntal malang, ning ya nèk bangsane... panêkuk.

Garèng : We, hla sontoloyo têmênan, ewasamono aku mêksa ngarani yèn bèk loro mau pancèn tandang.

Petruk : Mula iya mangkono. Saiki gênti tak nyaritakake liya-liyane manèh kaya ta: Tuwan Magaginta, wèt odhêr gêmintê, maine ing kono pancèn katon gêsit, mung bae kabare barêng têkan dalêm anggone pijêtan sadina sawêngi dhewe. Tuwan Dr. Suratma, ora ngira babarpisan yèn bisa tandang

--- 664 ---

kaya cakil musuh satriya, yaiku anggone tungkul... niba-niba, nganti barêng bubar aku kapêksa kudu dêrma dhoklonyoku kanggo nyiram sirahe, sabab jarene sapa bae sing ana ing ngrêsane, katon raine... loro, alias sirahe munyêng bangêt. Dene Tuwan Paradhah Harahap, up rêdhaktur Bintang Timur, kala samono nyambut gawe kêras têmênan, playune anggone ngoyak bal nganti: bundêr. Apa manèh yèn wis mêthukake bal, anggone nêndhang: hêwêg, nanging bale sajake ora wêdi karo jurnalis krekot kiyi, buktine: têrus bae ora gêlêm diêndhêg, alias sing ditêndhang dudu bal, nanging: hawa. Saka aksine Tuwan Paradhah Harahap mau, sabubare main bal andadak malumah andhêpani lêmah, jarene lagi ngêndhêg napase sing arêp... pêrlop. Tuwan Tamrin, ngelingake aku nyang tukang main bal Kalkuta sing misuwur kae, yaiku saka pintêre main sirah, anggêr bal têka, têrus ditampani ing sirahe: sêng, bale banjur: dhung, ning... tiba ing lêmah têlung mètêr ing saburine.

[Grafik]

Sawung-sawung main bal ing Surabaya, sadèrèngipun campuh. Ingkang lênggah ngajêng Nyonyah Sarjana, juru pamisah, sisih têngên ingkang ngadêg ing nglêbêt gul, Tuwan Askabul.

Garèng : Wèh, Truk, iya rame lan angguyokake bangêtane.

Petruk : Wis gênah, Kang Garèng, saupama kowe nontona mono, kiraku kowe têrus kêbêlêt dhur-dhuran. Kabare ing Surabaya iya mêntas dianani têtandhingan main bal antarane para jamhur-jamhur kaya ing Batawi kene. Mungguh gambare sing padha mèlu main kaya kang kacêtha ing dhuwur iki.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4573 t. Purwapranata. Bab rêgining Kajawèn, nadyan kabayar garêbyêg sataun, botên angsal sudan. Lêngganan wiwit Nopèmbêr 1929.

Lêngganan nomêr 1833 ing Wêlèri. F 2,- punika tumrap wulan Mèi dumugi Ogustus 1932.

Lêngganan nomêr 3256 t. Lim Oen Hoo. Lêngganan kapetang wiwit 1 Mèi. Kintunan wiwit nomêr 30.

Lêngganan nomêr 1787 ing Sêmarang. Lakar botên kawartosakên, nanging sampun katampi. Nuwun.

--- 665 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sêsulaking pasulayan praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil, sanadyan sampun rame ing bab wontênipun padhamèn, nanging pinanggihipun malah ngosokwangsul, ing pundi-pundi tuwuh rêraosan tuwin ebah-ebahan ing bab botên nayogyani dhatêng kawontênaning padhamèn wau, dene ingkang langkung cêtha, pinanggih wontên ing golongan Tiongkok, rumaos sami botên narimahakên dhatêng wontênipun padhamèn.

[Grafik]

Inukai

Ing sapunika tumrapipun praja Jêpan sawêg kêsêlan raos prihatos, inggih punika ing bab tiwasipun prèmir Inukai ingkang dipun cidra ing tiyang. Dene ingkang nyidra wau satunggiling neneman amangangge militèr, ujug-ujug lajêng mistul, rambah kaping kalih, angèngingi pipi tuwin grana. Dhatêngipun ingkang nyidra wau nuju wanci jam nêm sontên, nalika panjênênganipun Inukai nuju manggihi tamu. Nanging tiyang ingkang nyidra wau pancèn tiyang tatag ingkang purun andhadhani kalêpatan, tandhanipun lajêng angêsrahkên badan. Nanging kajawi tindak cidra punika, ugi taksih wontên tindak cidra sanèsipun malih ngantos gangsal panggenan, inggih punika nêmpuh dhatêng pulisi sarana nguncali bom. Wusana kasumêrêpan, bilih ingkang sami gadhah ada-ada tindak kados makatên punika para neneman golongan dharatan lan lautan sawatawis.

Sedanipun prèmir Inukai wontên ing dintên malêm Sênèn tanggal 16 Mèi wanci jam 12 langkung 5 mênit, jamipun 2 dalu Sri Nata Jêpan angangkat wêwakil prèmir, ingkang kapilih Takahaski. Dados prèmir wau têtêp botên lowong, dumugi byar enjing sampun wontên ingkang gumantos. Nanging ing bab punika, sajak-sajakipun wontên raos ingkang botên nayogyani.

Sapunika tumraping Tiongkok, saya cêtha pasulayanipun kalihan băngsa piyambak ing bab botên mathukipun padhamèn, kados ta Canton botên purun nganggêp prajanjian ing Sjanghai ing bab rukunipun Tiongkok kalihan Jêpan. Canton mratelakakên, bilih Nanking botên kuwaos năndha tangani prajanjian, ing sadèrèngipun mupakatan kalihan Canton, mila pinanggihipun lajêng mêcahakên golongan.

Sarèhning kawontênaning pasulayan punika nyatanipun pinanggih kados makatên, mila botên anèh bilih wêca ing bab dadosing paprangan agêng

--- 666 ---

badhe nêmahi. Malah sêrat kabar Jêrman mêntas martosakên, bilih pasulayan punika badhe saya agêng tuwin anggayut dhatêng Sovjet. Ing sapunika ing bab tindak sadhiya dêdamêl Sovjet, sampun dipun umumakên, saha sampun mirantos dêdamêl mêpêki.

[Grafik]

Takahashi

Tumrap kawontênanipun praja Jêpan ingkang katingal sampun têntrêm, sajatosipun rame ing nglêbêt, kados ta ing bab rêrigênipun Pangeran Sajonji anggèning ngêdêgakên kabinèt enggal, katingalipun kadamêl gampil, dene nyatanipun, bab punika botên dipun sayogyani dening para jendral, awit miturut anggêr baku, ministêr pêrang punika kêdah kapilih dening golonganipun para jendral, lan sarèhning parêpataning para wadya dharatan botên nayogyani, katingalipun parentah badhe mituruti dhatêng panyuwunipun golongan prajurit, nanging miturut pawartos sêsambêtanipun, pamilih wau ugi botên sagêd anocogi. Kados makatên pinanggihing rêmbag manawi kêdah badhe panjang.

Ing sapunika gêntos angraosi ing bab raos pangudi lêrês tumrap Jêpan tuwin Tiongkok ingkang sampun dipun usulakên dhatêng Volkenbond.

Miturut pratelanipun Jendral Ma Chan San dhatêng parentah Nanking lumantar tèlêgram, mratelakakên, wadya Jêpan sasampunipun ngêbroki Tungho prênah sakidul Harbin, lajêng ngowat-awut pêkên tuwin ambêsmi kitha, punapa malih nyêpêngi para pangagêng kitha ngriku.

Kosokwangsulipun tumrap Jêpan, mratelakakên bilih panêmpuhipun Tiongkok dhatêng margi sêpur Mansjoerie kala ing wulan Marêt tuwin April, ngantos ambal-ambalan, panêmpuhipun botên tata. Ing salajêngipun para amtênar Tiongkok kadakwa ambêbaluhi rêmbag murih ura-uru ing salaladan Mansjoerie.

Mirid kawontênaning tindak wêwadul ingkang kados makatên punika, pikantukipun kintên-kintên namung badhe nuwuhakên têbihing karukunan, inggih punika sirêping paprangan. Dene tumrapipun Volkenbond tansah katingal anggèning nêtêpi kados bapa babunipun ingkang sami pasulayan, namung ngudi murih rukun.

Sarèhning kawontênanipun jagad pasulayan saya pêtêng, sadaya sami nindakakên pamawas, pundi ingkang sulit-sulit tansah dipun gagapi, mila pundi tindaking mêngsah ingkang nyalawados inggih lajêng sagêd kadênangan, dene nyata lan botênipun, dèrèng sagêd nêtêpakên, nanging gagapanipun wontên.

Ing sapunika saya katingal cêtha, bilih antawising sirêp dèrèng wontên. Upamia tiyang lumampah, taksih têbih.

--- 667 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Sarêng ing golongan punika wontên golonganipun tiyang ingkang kirang wawasanipun, ing wiwitan padamêlanipun majêng sangêt dados mundur sangêt. Ngantos ingkang ngasta paprentahan santun saha sampun santun ada-ada dèrèng wontên tanêmanipun.

3. Ambabad cara pakêmpalan

Pakêmpalan punika kanamakakên Lanbao kopêrasi Dhigul. Inggih pakêmpalan punika ingkang dipun sêngiti dening tiyang bucalan ingkang kirang wiyar wawasanipun. Tatanan ingkang kadamêl dening pakêmpalan punika nyuwun dipun sarujuki dening panjênênganipun Tuwan Monso. Mila pakêmpalan punika anggadhahi pamanggih makatên, awit ing salêbêtipun parêpatan ngriku ngawontênakên putusan ingkang sagêdipun tumindak sarana nyuwun pambiyantunipun parentah. Suraos ingkang gêgayutan kalihan parentah, inggih punika nyuwun pirantos, nyuwun wiji-wiji, nyuwun pangayoman panjagining têtanêmanipun.

Têtanêman ingkang badhe katanêm inggih punika: kopi, karèt saha tèh. Wiji-wiji punika sampun tamtu têtiyang bucalan botên sagêd ngawontênakên, botên sanès inggih nyuwun dhatêng parentah. Kajawi wiji-wiji ugi pirantos-pirantos kadosdene kampak saha parang manawi wontên kirangipun inggih nyuwun.

Panyambutdamêlipun kaetang mituruk[1] kêkiyatanipun anyambut damêl, inggih punika kaetang jam. Sabên dintên nyambut damêl kajawi dintên Minggu saha dintên agêng, wiwit jam 8 enjing dumugi jam 12 siyang. Wiwit jam 2 siyang dumugi jam 5 sontên.

Tumindaking para warganing pakêmpalan Lanbao kopêrasi punika ajêg kemawon botên wontên bedanipun ngantos dumugi ingkang ngasta paprentahan kagêntosan panjênênganipun Tuwan Blok. Inggih sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok punika bibaring para golonganing têtiyang bucalan ingkang sami ambabad wana kangge patêgilan, namung ingkang ambabad piyambakan sawatawis inggih punika ingkang kula pratelakakên ing nginggil, dipun rêsiki saking sakêdhik, saha lajêng katanêman, punika dipun upakara ngantos wontênipun wangsul-wangsulan ingkang kaping kalih.

Kajawi ambabad wana kangge patêgilan, Lanbao kopêrasi, kataros dening panjênênganipun Tuwan Monso kapurih nyêpêng lêmbu-lêmbu sadhiyanipun têtiyang bucalan sadaya. Ing sakawit têtiyang bucalan manawi badhe nêdha daging lêmbu kêdah sêsarêngan, upaminipun sabên tiyang sakampung tumbas lêmbu satunggal, sasampunipun kapragad lajêng bakagi[2] waradin, dene pambayaripun ugi kasanggi sami-sami. Ing sarèhning kawontênan sagêdipun têtiyang bucalan angsal daging punika ragi damêl ribêding panjênênganipun Tuwan Monso, amila panjênênganipun Tuwan Monso anaros pangarsaning pakêmpalan Lanbao kopêrasi.

--- 668 ---

Ing sarèhning pakêmpalan Lanbao kopêrasi punika botên anggadhahi pawitan punapa-punapa, ing măngka badhe ngawontênakên kandhang lêmbu saha griya kangge maragad lêmbu (abattoir), punapa malih kêdah ngawontênakên pirantos kadosdene pirantosipun jagal ing tanah Jawi, lajêng karêmbag wontên ing parêpatan, karampunganing parêpatan kapasrahakên dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan, ingkang purun ngawontênakên panggenan saha pirantos ingkang kasêbut ing nginggil. Prajanjianipun manawi tuna Lanbao kopêrasi botên tumut nanggêl, ananging manawi wontên bathinipun Lanbao kopêrasi tampi bêbathènipun salangkung prêsèn.

Tiyang bucalan punika lajêng cancut anindakakên padamêlanipun saha têrus kapasrahakên dening pangarsaning Lanbao kopêrasi dhatêng panjênênganipun Tuwan Monso. Dados tiyang bucalan ingkang angsal sêrat panguwaos saking Lanbao kopêrasi punika lajêng têrus gêgayutan piyambak kalihan panjênênganipun Tuwan Monso.

Kandhangipun lêmbu inggih lajêng kadamêl, wiyaripun sèkêt mètêr, panjangipun pitung dasa mètêr. Ing têngah kasukanan griya. Ing wêkdal punika ing Tanah Merah dèrèng patosa kathah thukulan sukêt, dados rêginipun inggih awis, satunggal katos wolung sèn. Panggenan amragad lêmbu ugi lajêng damêl. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 669 ---

Ambiyantu Golongan Angguran

[Grafik]

Horêging jagad bab kathahipun tiyang angguran amradini ing pundi-pundi, raosing batos kados kêbrêbêgên suwaraning tangis ingkang linut sêsambat ngaruara.

Ing bab punika sakalangkung dipun wigatosakên dening pakêmpalan P.B.I. ing Surabaya, lajêng ngêdêgakên komite nama Pembrantas Penganggoeran Indonesia, ingkang dados komite Tuwan Ruslan Wăngsakusuma, sêsêpuh, Tuwan Subyakta, wakil sêsêpuh, Tuwan Bustam, panitra, Tuwan Kumpul, panitra nomêr kalih, Tuwan Darjuna, Ardana. Kajawi punika taksih dipun awat-awati dening para sawung panuntun sanèsipun.

Ingkang kacêtha ing gambar, ingkang nginggil piyambak, griya panggenaning para angguran. Ing ngandhapipun sisih kiwa, pajagungan. Sisih têngênipun, griya enggal ingkang sawêg kadamêl, cêkap dipun ênggèni tiyang 300. Gambar nomêr kalih saking ngandhap, para panuntun P.B.I. tuwin para têtiyang sawatawis ingkang angsal pitulungan. Ngandhap piyambak sisih kiwa, pakampunganipun tiyang kamlaratan, nalika dipun dhatêngi komite. Têngênipun, para ingkang kajibah andum pangangge.

Kawontênanipun gambar-gambar ing nginggil punika, para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng raos-raosing kawontênan ingkang kacêtha wontên ing ngriku.

Mugi komite wau lulusa ing salajêngipun, sampun kirang satunggal punapa.

--- 670 ---

Raos Jawi

Ngantêpi Pitutur

[Dhandhanggula]

madubrata puspitaning tulis | kang rinêngga pamêdharing kăndha | lupiya tama arane | ing nguni kaki buyut | awêwarah wontên sujanmi | nama Ki Suratama | sugihe kalangkung | asring dados pangungsenan | karêmannya mung dana dariyah mintir | ngecani ing sasama ||

Suratama darbe suta laki | sakalangkung dènnya ngêla-êla | Bagus Daulat namane | sawêg jaka kumêncur | dhasar lantip tulus ing budi | mituhu ing sudarma | sapangrèh miturut | samantên Ki Suratama | kabancanan griya dados karang abrit | kobar têlas-têlasan ||

Kyai Sura katampêg ing agni | kêdhawahan bêbalungan wisma | rêmak rêmpu sarirane | sami sakala ngriku | murut dhatêng ing alam pati | nalika badhe muksa | nguwuh sutanipun | dhuh atmajaku Daulat | sudarmanta nora nyana nora ngimpi | sira saiki lola ||

adhuh anggèr babo sun tuturi | sudarmanta tan tinggal warisan | jêr sira sumurup dhewe | yèn rajabrana iku | sapandurat wus bisa gusis | mung iki piyarsakna | yèn tinimbang turu | aluwung luru-lurua | iki anggèr kanggo salawase urip | rêgane satus dinar ||

sasampune pitutur mring siwi | Suratama mancal mring kamuksan | kados punapa susahe | ingkang anggana wau | rêntêng rantas arontang-ranting | wismane têlas kobar | ananging puniku | tan dados anglêging driya | amung ketang lola tinilar sudarmi | paran polahe baya ||

rèhne dahat dènira kêtrini | tan panon rat sakala punika | ambolos tambuh parane | netranira ambalut | rawat waspa anumpal kèli | kleyang kabur kanginan | ing sapurug-purug | ngalambrang katula-tula | alêlayu tanpa kăntha tanpa kanthi | mangkana lama-lama ||

lampahira anjog ing nagari | sampun risak sipating sujanma | tabêt saking sangsarane | pindha kere narutus | nêdha-nêdha yèn dèn sukani | dening tiyang kang wêlas | mangkana winuwus | Daulat osiking driya | apa baya dosane ragèngsun iki | dene luwih sangsara ||

nguni bapa paring sun wêwêling | tinggal ngèlmu rêga satus dinar | tinimbang kaya mangkene | paran dadine besuk | lamun ingsun nora nglakoni | pituturing wong tuwa | yèn tinimbang turu | aluwung luru-lurua | adol ngèlmu marang sajroning nagari | kêna kanggo pawitan ||

sabên wontên tiyang dèn tawani | nanging nampik malah nguman-uman | dadak sira kobêr ngame | awad angêdol ngèlmu | yèn duwea kawruh prêmati | nora angulandara | lèrès kaya kuwuk | daya kuwuk kajalamprah | larah-larah balik bundhêl sêmu mêngi | têmah dadi tontonan ||

risang lagya mêmêla tan angling | têtêp dadya kaelokaning Hyang | jam gangsal sontên wancine | dumadak jêng sinuhun | karsa miyos ing dalêm puri | têdhak amêng-amêngan | lan kusumaningrum | putra putrine narendra | mung sajuga sasat sêsotyaning bumi | gungan dèn êla-êla || Taksih wontên sambêtipun.

Sutata Wandawa Tlawong-Sawit.

--- 671 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Sing bênêr sok kêblingêr, sing salah sok anjarah.

Wontên bêbasan Jawi ingkang ungêlipun makatên: cacading tanggane satêngu tansah diuthik-uthik, nanging githoke dhewe ana gajahe ora wêruh.

Tumrap wêwatêkaning tiyang kados pancèn inggih sampun jamak limrah, bilih dhatêng cacadipun piyambak, sanadyan agênga kados punapa, asring botên nyumêrêpi, nanging cacadipun tiyang sanès, inggih kanthi gampil anggènipun sagêd metani. Upaminipun tiyang ingkang alus sangêt rainipun, ngantos irungipun botên katingal bêndhulanipun, ngêmungakên ingkang katingal bolongan kalih, ingkang sampun têmtu lajêng bindhêng suwaranipun, punika sarêng sumêrêp tiyang ingkang bèkèl wêtêngipun, sok lajêng dadakan cariyos makatên: "Ah, ahu kok lahi tumon hi, lumah-lumahe sing nonong uwi rak ya batuk, ana kok jêbul malah wêtênge."

Mangga, cariyosipun tiyang bindhêng ingkang makatên punika punapa botên badhe nelakakên, bilih tiyang wau botên ngrumaosi babar pisan dhatêng cacadipun piyambak. Kajawi punika inggih sampun nama limrah, bilih manusa punika tansah badhe nutupi punapa ingkang dados cacadipun. Kados ta makatên: tiyang mêtêngan mangangge bêlor thik main triple kalihan têtiyang limrah. Ingkang èstri ambotohi wontên ing wingkingipun. Sarêng pun mêtêngan wau sampun dipun êdumi kêrtos, lajêng bisik-bisik takèn dhatêng ingkang èstri: "Kêpriye mbokne?" Ingkang èstri amangsuli: "njaluk kêrtu manèh, ta pakne." Pun mêtêngan inggih lajêng nêdha kêrtos kanthi sora suwaranipun: "Kaaaar-ret." Salajêngipun dangu anggènipun nguthut kêrtos wau, saha lajêng pitakèn malih dhatêng ingkang èstri kalihan lirih-lirih: "Piye?" Sarêng angsal wangsulan saking ingkang èstri: "O", mati sacêplik, pakne," ing sanalika kêrtosipun tiga lajêng dipun banting sarana wicantên makatên: "Mulane mambu."

Tingkah lampahipun tiyang mêtêngan wau sajatosipun rak inggih namung badhe nutupi ingkang dados cacadipun piyambak kemawon. Kados ta: anggènipun mangangge bêlor main kêrtos kalihan têtiyang limrah, pitakènipun dhatêng ingkang èstri sarana bisik-bisik, tuwin nguthut kêrtos ngantos dangu, punika inggih namung badhe ngumpêtakên wutanipun. Dene anggènipun cariyos: "mulane mambu" punika namung badhe nelakakên dhatêng ingkang èstri, bilih, sanadyan mripatipun wuta, nanging panggandanipun landhêp sangêt. Dados rumaosipun, manawi pancèn purun, inggih botên prêlu gumantung sangêt-sangêt dhatêng ingkang èstri.

Makatên mênggah gêgambaraning satunggal satunggalipun tiyang. Wêwatêkan: botên nyumêrêpi tuwin tansah badhe anutupi cacadipun piyambak, punika mindhak-mindhak dumugi pangrêngkuhipun dhatêng anak-anakipun. Gênah sampun cêtha bilih anakipun kenangan anggènipun nyolong pêlêm mêntah, inggih mêksa dipun tutupi sarana cariyos makatên: "Wah, anak kula punika manahipun pancèn wêlasan sangêt. Anggènipun mènèk wit pêlêm wau, rak badhe amangsulakên pêksi cècrèkan ingkang dhawah saking susuhipun. Kok dipun dakwa nyolong pêlêm mêntah, wah, taaaaaaangèh, Mas." Amila lajêng wontên paribasan ingkang mungêl makatên: sagalak-galakane macan masa mangana anake dhewe. Mênggah kajêngipun: satega-teganipun tiyang sêpuh, mêksa botên badhe tega dhatêng anakipun piyambak aliyas: m-ê-l-a-s lan eman ajêgan.

Mênggah wêwatêkan kados ingkang kaandharakên inginggil, punika minggahipun dhatêng pangrêngkuhipun sanak sadhèrèk, malah ngantos dumugi dhatêng bangsanipun. Kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih wontênipun wêwatêkan ingkang makatên punika, sagêd nuwuhakên lêlampahan-lêlampahan ingkang botên nyênêngakên, malah kadhangkala sok nuwuhakên lêlampahan ingkang botên adil.

Manawi ingkang kadunungan wêwatêkan makatên wau tiyang limrah, têgêsipun tiyang ingkang padamêlanipun botên gêgayutan ingakathah, kados-kados inggih botên badhe andadosakên sabab ingkang wigatos. Nanging manawi ingkang kadunungan wêwatêkan makatên upaminipun kemawon bangsaning jurnalis, ingkang dados juru sêsuluhipun pintên-pintên èwu tiyang, la, punika inggih sok kojur sayêktos. Sabab sêsuluhipun wau sok lajêng apês ambalêbês ngrujak sêntul, manawi lajêng botên awujud pambalithuk kemawon. Kados ta: saupami mirêng ing bab kautamaning tiyang bangsanipun piyambak, anggènipun angalêmbana inggih sok ngantos kapêntut-pêntut sayêktos, nanging manawi tiyang bangsa sanès, punapa malih bangsa ingkang taksih asor drajatipun, anggènipun ngalêmbana namung dipun sampar kemawon, kadhangkala cara cariyosing dhalang malah sok namung "sidhêm prêmanêm tan ana walang ngalisik". Kosokwangsulipun mirêng pawartos ing bab awoning tindakipun tiyang bangsanipun piyambak, kadhangkala inggih botên purun nyariyosakên punapa lêrêsipun, nanging malah lajêng mêdal aksinipun anggènipun badhe tumandang arêrencang.

Jalaran saking punika amila kados sampun lêrêsipun, dene ariwarti Tionghoa tuwin pribumi kathah ingkang sami angalêmbana dhatêng trajangipun

--- 672 ---

sêrat kabar Bataviaasch Nieuwsblad anggènipun damêl pratelan têtandhingan main bal ing Surabaya dèrèng dangu punika, kanthi salêrês-lêrêsipun. Wontênipun bekotan ningali têtandhingan main bal bangsa Europa ing Surabaya, pancèn inggih nyata prasasat botên wontên bangsa Arab, Tionghoa tuwin bangsa tiyang siti ingkang sami ningali. Sanadyan pakabaran ingkang makatên wau sajatosipun botên nyakecakakên dhatêng bangsanipun piyambak, ewasamantên para jurnalisinipun ariwarti Bat. Nieuwsblad botên sungkan macak pawartos punika, kadar punika mila pawartos nyata. Ingriku para jurnalis ariwarti wau ngatingalakên lêrês-lêrês, bilih anêtêpi namanipun anggèning dados juru sêsuluh, ingkang trêsna dhatêng lêlêrêsan tuwin kêadilan, sarta botên sungkan babar pisan saupami kawastanana: jurnalis tukang ngapusi, tukang ambalithuk utawi tukang pilih sih. Dene anèhipun, pintên-pintên sêrat kabar ingkang nglairakên pangalêmbananipun wau, têka namung tumuju dhatêng Bat. Nieuwsblad. Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên gagasan kula ingkang angêlangut. Kados ta: "Kanca-kancane Bat. Nieuwsblad kok ora kêcrita. Kêpriye si ya?"

[Grafik]

Para warga "Comite van Actie Persatuan Bangsa Asia". 1 tuwan Liem Khoen Hian pangarsa. 2 tuwan Radjamin, moeda pangarsa. 3. Tuwan Nan Yang Soe. Panitra.

Ewasamantên gagasan kula ingkang angêlangut punika kula punggêl samantên kemawon, kuwatos bilih ing mangke dipun pleroki dening lurah kula. Inggih manawi namung dipun pleroki kemawon, manawi lajêng dipun... besienig, mangke rak sagêd kalampahan nyai somah nêdha dipun... talak pitu sayêktos. Amila samangke sami ngrêmbag sanès kemawon.

Mênggah sabab-sababipun wontên pêmbekotan kados ingkang kacariyosakên inginggil, kabaripun jalaran saking sêratanipun satunggiling bangsa Walandi nama Tuwan Bekker. Sanadyan sêratanipun wau sajak ngrèmèhakên dhatêng bangsa-bangsa kulit: cêmêng, biru, abrit lan jêne, ewasamantên kabaripun mêksa dipun ayomi dening pangrèhing pakêmpalan main bal bangsa Europa. Lêrês botênipun pakabaran punika, ingriki kula botên badhe tumut cawe-cawe, mangke kula mindhak dipun dakwa ewang-ewangan. Ingkang badhe kula cariyosakên amung wohing tindak ingkang dipun tampi ngrèmèhakên wau, inggih punika lajêng tuwuhing pakêmpalanipun bangsa-bangsa kulit warni-warni kasbut inginggil, ingkang lajêng dipun wastani: P(ersatuan) B(angsa) A(sia). Sajakipun bangsa-bangsa wau rumaos sêrik sangêt dipun rèmèhakên punika, nanging ing sarèhne ngrumaosi ringkih, dados anggènipun badhe malês adamêl sakit manah, inggih lajêng ambudidaya akalan ingkang sakintên botên damêl sakiting saliranipun piyambak, inggih punika lajêng nyara lare alit ingkang dipun ladaki dening lare ingkang langkung agêng sarta kiyat. Ing sarèhning lare alit wau rêmaos[3] ringkih, manawi badhe nandangi lare ingkang agêng wau, têmtunipun botên wande badhe... rê-muk. Amila anggènipun badhe nandangi inggih lajêng sarana margi ingkang wilujêng, inggih punika... anjothak. Makatên ugi pakêmpalan enggal P.B.A. anggènipun badhe malês tindak ngrèmèhakên wau, inggih sarana ngupados margi ingkang botên wontên êri sangkrahipun. Lo, punika botên sanès ngêmungakên sarana margi ... pêmbekotan, inggih punika ambekot botên badhe ningali wontênipun têtandhingan main bal pakêmpalan-pakêmpalanipun bal-balan bangsa Europa.

Wontênipun ada-ada makatên wau, manawi sayêktos dipun tindakakên, têmtu badhe adamêl kapitunanipun pakêmpalan-pakêmpalan main bal bangsa Europa, ingkang nuju têtandhingan main bal wontên ing Surabaya ing kala punika. Jalaran saya kirang cacahipun bangsa-bangsa kasêbut nginggil ingkang sami nonton, inggih saya... caklat, awit saya kirang badhe lêbêtipun... fulus. Ingkang punika mila

--- 673 ---

[Grafik]

Ingingil[4] sawung Bêtawi, ingkang unggul mêngsah sawung Blitar. Têngên sawung Bandung, ingkang kasoran dening sawung Surabaya. Gambar sadaya punika inggih gambaripun pakêmpalan-pakêmpalan bal-balan bangsa Europa ingkang dipun bekot.

[Grafik]

Kampiun bal-balan bangsa Eropa saking Surabaya, ingkang unggul tandhing kalihan Bandung.

[Grafik]

Sawung Blitar.

Para pangrèhing pakêmpalan-pakêmpalan main bal bangsa Europa lajêng sami ambudidaya sakiyatipun murih sagêda sande tindak pambekotan wau, ingkang anjalari panuntuning pambekotan lajêng dipun tahan ing pulisi. Ingriki mathuk utawi botênipun paribasan: "Sagalak-galakaning macan masa mangsaa anake dhewe" lo, punika wallahu'alam. Kula namung nyumanggakakên dhatêng para maos. Tujunipun anggènipun dipun tahan wau namung wontên 3 dintên, amila kaanggêpa kadosdene mêntas tirakat "patigêni têlung dina têlung bêngi" kemawon. Dados rak malah utami, ta.

Ewasamantên bab punika botên prêlu dipun panjang-panjangakên; ingriki namung adhapur suka pêpèngêt dhatêng golongan bangsa ingkang sampun luhur

--- 674 ---

darajatipun, mugi kaparênga sami angèngêti, bilih jaman samangke punika jaman gevoelig (gampil kraosipun), mila sampun sok gumampil anatoni manahing golongan sanès, kados ingkang mêntas kêlampahan punika. Mangga, ingkang dipun tatoni namung sawatawis golongan, nanging ingkang nampèni sak-sêrik utawi rumaos dipun rèmèhakên wau lajêng golongan kathah pintên-pintên, wusananipun mahanani karugian agêng tumrap dhatêng ingkang gumampil wau.

Kosokwangsulipun, inggih mugi andadosna panggarjitaning manahipun golongan bangsa kula warni-warni punika, sarêng purun tumindak asêsarêngan kok inggih agêng sangêt dayanipun. Lah saupami kadadosan makatên (tumandang rukun asêsarêngan) wau sagêd dipun pigunakakên dhatêng babagan sanès-sanèsipun, kula wani namtokakên tamtu badhe gampil utawi enggal kalêksanan punapa ingkang sami ginayuh. Sampun makatên kemawon aturipun pun PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Punapa badhe dados jaman urup-urupan? Wontên pawartos, jalaran saking rêkaosipun tiyang pados arta, tumrap ing laladan Ngayogya sampun wontên tiyang nindakakên epahan andadosakên barang sarana kabayar uwos tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi jamanipun lêstantun kados makatên, tindak urup-urupan wau kintên-kintên sagêd dados umum. La, inggih tumrap ingkang gadhah pamêdal siti sagêd ngurupakên, balik ingkang botên gadh,[5] arak badhe kêlampahan ikêt kangge nêmpur.

[Grafik]

Lurik. Ing sapunika kenging dipun wastani jaman lurik, ing pundi-pundi sawêg upyêk ngrêmbag bab lurik. Ing nginggil punika gambar papan panênunan Lurik Bangun Karya ing Menawa, Magêlang. Para maos sagêd nguningani piaymbak[6] kawontênanipun.

Kasangsaranipun têtiyang tanah ngriki wontên ing tanah Arab. Miturut pawartos, kawontênanipun têtiyang ingkang kasangsaran kantun wontên ing tanah Arab cacah dasanan ewon, sadaya sami gadhah panuwun dhatêng parentah, supados dipun antukakên dhatêng nagarinipun.

Pawartos wau sagêd adamêl ngêrêsing manah, nanging tumraping parentah ing sapunika sawêg kados makatên, têmtunipun pinanggihing pitulungan kêdah tuwuh saking lampah sanès.

Nyirik têmbung Indonesische. Punggawa tiyang siti golongan Marine ing Surabaya, gadhah pakêmpalan nama: Indonesische-Marinebond. Nama wau botên dipun sayogyani dening commandaning wadyabala lautan, ungêl-ungêlanipun Indonesische kêdah kasantunan Inlandsche utawi Inheemsche.

Têmtunipun inggih lajêng badhe santun.

Mulo Nasional. Benjing wulan Juli ing Surabaya wontên bikakan Mulo kabangsan, nampèni murid saking H.I.S. badhe dipun tuntun dening Dr. Samsi tuwin Mr. Pringgodigda. Ingkang dados directeuripun guru tiyang siti ingkang anggadhahi diploma hoofdacte.

Na. mbok makatên.

Manak sakawan. Kawartosakên ing dhusun Dêmangan distrik Suradadi, Têgal, wontên tiyang manak 4, lare 4 wau ingkang jalêr 3, èstri 1. Nanging 4 pisan sanès dintên ngajal sadaya. Malih, ing dhusun Kuntul, distrik Campurdarat ugi wontên tiyang manak 4, wilujêng.

Punapa manak kados makatên punika mangsan?

Pangiridan ing pabrik gêndhis Bantul. Jalaran saking jamanipun kados makatên, pabrik gêndhis ing Bantul nindakakên pangiridan garapan cêmplongan. Rumiyin sabên sacêmplong 1 sèn, sapunika 10 cêmplong 6 sèn.

Pancènipun pangirit ingkang makatên punika kenging kacêgah, awit panyambutdamêlipun kuli ingkang kados makatên punika, angsal-angsalanipun dèrèng têmtu nuwuki wêtêng.

Juru nglêbêtakên barang pêtêng kapriksa ing pangadilan. Pangadilan Landraad ing Cilacap mêntas mriksa prakawisipun dakwa bangsa Tionghoa nama Tjioe Thian Seng, kadakwa kala wulan Mei 1931 nglêbêtakên barang pêtêng awarni batu api wawrat 108 kg. pêpetanganing bea-bea ingkang dipun singkiri ngantos 20 rambahan gunggung f 712.800.- Sasampunipun kadhawahakên karampungan, dakwa apèl.

--- 675 ---

Beya samantên punika, wah, inggih kathah sangêt. Dene tindaking dakwa wau kenging dipun wastani: among dagang apawitan wani.

Telegramipun H.B.P.P.B.B. dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana. H.B. pakêmpapalan P.P.B.B. ngaturi telegram dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana, supados ing bab badhe ngirangi klas 1 utawi voorklas Mulo dipun sarantosakên rumiyin, ngêntosi karampunganipun rêmbag ing Raad kawula. Telegram wau dipun tandha tangani dening Tuwan Sutarja, Suyono, Monod de Froideville, De Dreu, Thamrin, Van Mook, Van Helsdingen tuwin Beets.

Usuling para sawung wau mugi wontêna wohipun.

Adêging sudan balanja. Miturut pawartos, parentah aparing wangsulan dhatêng pitakènipun Tuwan Monod de Froide Ville wontên ing Raad kawula, mratelakakên bilih ing salêbêting taun 1932, parentah botên nyuda balanjaning punggawa malih, samanatên punika manawi botên kadhêsêk ing sabab malih.

Allhamdulilah, mugi-mugi kabula, tinêbihna ing sambekala, cinêlakna ing bêgja, tumbasan ing pêkên miraha sadaya, têtiyangipun sami umura dawa.

Yak, lajêng andonga.

Angsal-angsalanipun N.I.S. Salêbêtipun wulan April kapêngkêr, angsal-angsalanipun N.I.S. wontên f 959.- manawi dipun imbang kalihan wulan April 1932 suda f 17.000.- Wiwit tumapaking wulan taun 1932, angsal-angsalanipun f 4.062.000.- manawi dipun timbang kalihan petangan taun kapêngkêr, suda f 281.972.-

Sudaning angsal-angsalan wau kenging kangge titikan munduring pamêdal ing laladan pasitèn ingkang dipun ambah margi sêpur, ingkang cêtha kemawon tumrap pabrik-pabrik gêndhis ing laladan karajan Jawi, awit tumraping N.I.S. kawontênaning pabrik gêndhis kenging dipun wastani dados pêperanganing kêkiyatan.

Ukuman nyênêngakên. Ing Pare wontên murid pamulangan kriya wanuh kalihan wanita murid kopschool, sarêng kadênangan lajêng kadhaupakên, sah.

Pinanggihipun paukuman makatên punika lajêng nama nyupêt rêmbag. Dene ingkang prêlu dados pamanahan namung bab tindak pasrawungan mardika, wohipun adhakan sok kados makatên. Punapa botên prêlu mulat, awit tumrapipun ngriki tindak ingkang araos kados makatên punika, sajakipun dèrèng nyakecakakên dhatêng manah.

Ngundhuh wohipun dhêdhêran piyambak. Ing taun punika wontên murid pamulangan Taman Siswa ing Ngayogya cacah 5 katarimah iksamen ing pamulangan Mulo. Kajawi punika ugi wontên tilas murid Mulo Taman Siswa ingkang lulus saking pamulangan A.M.S. ing Surakarta, 1 Nonah Suciati, 2 Nonah Sudarmi, 3 Tuwan Sayuti. Lan malih wontên ingkang tamat saking pamulangan têtanèn (Middelbare Landbouwschool) ing Bogor, nama Tuwan Sanyata.

Indonesische Volks-Mulo. Benjing tanggal 15 Juli ing Ngayogya wontên bikakan pamulangan Indonesische Volks-Mulo, kangge nyadhiyani sambêtan wulangan lare-lare saking pamulangan angka 2, lamining sinau 4 taun, bayaranipun sawulan f 2.- Adêging pamulangan punika botên jalaran saking kaslêpêking mangsa ing sapunika, pancèn sampun karancantg[7] dangu, prêlu kangge ngajêngakên lare wêdalan saking pamulangan angka 2.

Adêging pamulangan punika nama satunggiling kamajêngan tuwin kasêmbadaning pambudidaya, namung eman dene jamanipun kados makatên.

EROPA.

[Grafik]

Meseum kagunan Asia. Wontênipun ing jagat kilenan ugi botên beda anggènipun ngatingalakên kagunan Asia. Inginggil punika gambar nalika pambikakipun Meseum kagunan Asia ing nagari Walandi. Ingkang mêdhar sabda Burgermeester De Vlugt. Ingkang lênggah saking sisih kiwa mênêngên. Minister Terpstra, wethouder Boekman, utusan Jêpan Naokichi Matsuwaga kalihan nyonyahipun.

--- 676 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

10.

Lêlara saka anggonmu anggagas sing wis ora ana.

Ing sanalika Radèn Sumarta botên mangsuli, mripatipun kêlop-kêlop, wêkasan ngantos ngêdalakên luh. Ing manah karaos kados dipun gugah angèngêti dhatêng Nonah Dhorah. Măngka ing nalikanipun sakit, raos trêsnanipun dhatêng Nonah Dhorah sampun têbih, jalaran saking ngèngêti anggèning Nonah Dhorah tansah nyêrikakên manah, nanging sarêng sampun saras, saha kêtumpangan ginêmipun ingkang ibu, sadaya lêlampahanipun Nonah Dhorah ingkang angèngingi manah, dayanipun malah sakalangkung kêncêng, ngungkuli ingkang sampun, sasolah bawanipun Nonah Dhorah tansah gawang-gawangan kados taksih wontên sapangajêngan.

Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggagas, ingkang raos anênandhing dhatêng kawontênanipun Nonah Dhorah kalihan Radèn Rara Sumarmi, panimbangipun: Nonah Dhorah punika pangajaran, mila rêmên ngêgung-êgungakên, sadaya tindakipun mapan, nanging wosipun badhe mikangsalakên murih sagêd wontên nginggil, botênipun makatên, apêsipun inggih sami-sami. Ewadene tumrap Radèn Sumarta inggih taksih muwung, waton anggèning gadhah tindak makatên punika botên ngêsorakên băngsa Jawi. Inggih botên dados punapa. Eman, dene dèrèng kalampahan dados bojo kemawon, sampun katingal ingipipun rêmên ngrèmèhakên băngsa Jawi.

Sasampunipun makatên, gêntos anggagas Radèn Rara Sumarmi, pangajaranipun namung sawatawis, kintên-kintên botên badhe ngêgung-êgungakên, lan pantêsipun tiyang jêjodhoan punika pancèn kados makatên. Makatên malih manawi jodho kalihan Radèn Rara Sumarmi, badhe andadosakên sênênging panggalihipun ingkang ibu tuwin sagêd ngêsahakên sawarnining raos nyambut.

Ing salêbêtipun anggagas kados makatên punika, Radèn Sumarta ngantos nangis, makatên ugi Radèn Ayu Prawira inggih lajêng bela muwun, mangrêtos, bilih tangising putra wau jalaran saking kêsupêkan manah.

Radèn Ayu Prawira lajêng ngêngimur: Elinga, gèr, kowe aja anggêtuni sing wis ora ana, kabèh iku mung lagi tinêmu ana ing pangira-ira, durung mêsthi yèn tinêmune ing buri kapenak têmênan. Beda karo bocah kang tak anggo lêlirune, jênêng prasasat anakku dhewe, aku ora kurang dhamang mênyang kaanane, kira-kira bakal gawe kapenaking uripmu. Mula pikirên kang dawa gèr.

Punapa ibu cêtha dhatêng kawontênan tuwin watêkanipun lare wau.

Yèn aku ora wêruh, apa niyat arêp ambalondrongake anak. Kowe rak wis ngrêti yèn bocah mau kaya anakku dhewe. Atimu iku pancèn mung tansah samar.

Samar punapa ta, bu. Ingkang kula bêtahakên namung bab kasabaran, awit mênggahing bab jêjodhoan, kula sampun mangrêtos ingkang dipun wastani awon lan sae, sêsêrêpan kula sampun botên kirang.

O, yèn prakara sabar, Sumarmi pancèn bocah sabar, waton ora kabangêtên bae mêsthi têtêp kasabarane. Kowe ngandêla.

Radèn Sumarta lajêng kèndêl kemawon. Dene bêtahipun Radèn Sumarta pancèn namung pados tiyang sabar tuwin ingkang prasaja. Nanging mênggahing sajatosipun, saupami Radèn Sumarta botên gêgayutan kêpotangan budi kalihan Radèn Ngabèi Mantri Guru, pancèn botên gadhah sêdya badhe rabi. Ewadene sarèhning kêpêksa, dados ing bab watêk sabar tuwin prasaja, punika sampun dipun anggêp dados pangarêm-arêm. Wontênipun makatên, awit Radèn Sumarta ing manah pancèn nêdya angantêpi, botên badhe rabi kalihan tiyang ingkang botên dados manahipun. Radèn Sumarta lajêng mangsuli: Panjênêngan ing ngajêng ngandika, bilih pak mantri guru sampun botên gadhah pangajêng-ajêng. Manawi makatên, dados têtela ingkang gadhah sêdya punika kula.

Bab kuwi ora usah kopikir, Sumarta, aku kang bakal nindakake. Durung mêsthi yèn pakmu mantri guru duwe panggalihan sing ora-ora. Nanging yèn pikiranmu tansah kaya mangkono, pakmu mantri guru panggalihe mêsthi ora rêna. Bêcike kowe ngandêla nyang aku bae, kabèh arêp tak tindakake kalawan prayoga. Murih wakmu mantri ambalèni rêmbug ing ngarêp. Kowe sumurupa gèr, tindak tatacara Jawa iku bêcik, akèh têtuladane.

Inggih bu, kula namung andhèrèk sakaparêng panjênêngan kemawon. Nanging sêsagêd-sagêd, panjênêngan sampun ngêsorakên badan kula.

Ing sanalika ngriku, panggalihanipun Radèn Ayu Prawira lajêng plong, rumaos dipun turut ing putra. (Badhe kasambêtan)

--- 81 ---

Nomêr 21, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 41

kayune ki sun sigari, sun usungi | mundhung-mundhung, sun tumpuki dadi siji | gèk ibune, ithak-ithik anjupuki | pang-pang garing, diklumpukke dibêntèli ||

sabên dina, sadurunge surup surya | idêr tawa, kayu sun jolakên arta | utawane, sun gawa nyang gon wong liya | tak ijolke bêras sangu babad wana ||

tunggak godhong, kang wis aking sun sulêdi | awune ki măngka rabuk têmbe buri | kaya ngono sun tlatèni sabên ari | lama-lama wiwit kêna dèn tanduri ||

kene jagung wiwit ingsun tanjakake | kono babad, tan kêndhat sun têrusake | kana wiwit, luwangan jêro sun gawe | cikal gêdhang cangkokan sun ceblokake ||

kaya ngono saprene gonku nandangi | nora kêmba, malah ingsun sêntosani | najan karang pitung bau wus duwèni | alas kana tak suwun ingsun ayoni ||

idhêp-idhêp mèlu ngrêjakke nagari | sing biyène papan pêtêng tur asêpi | ing samangke kêna dèn ênggoni jalmi | tur nambahi asiling pajêg nagari ||

kuwi, lo, nak, ugêran sing tak lakoni | mung tabêri gêlêm cincing nambut kardi | sinartanan, tlatèn lan antêping ati | insya allah tămpa wahyuning rêjêki ||

mêngko dhisik, ta, nak, wya kêsusu mulih | la, ibune, mêngko rak gêrah pênggalih | najan mulih, nèk wêtêng wis mari ngêlih | krana Allah, lo, nak, aja wigah-wigih ||

têka kene carita wis ingsun punggêl | wit kuwatir lamun tyas ana kang anyêl | cêkak aos, kabèh kang marakke pêgêl | ora mêngko, saiki lèhku anjabêl ||

Surana, Madiun.

--- 82 ---

Cangkriman

Ana bocah têlu, aran: Kasut, Tambur lan Gunung. Bocah têlu mau kajaba omahe nunggal sakampung, uga murid tunggal sasêkolahan, kathik, iya padha kêlase, ya kuwi padha lungguh ana ing pangkat IV. Mula olèhe mêmitran tansah supêkêt, guyub rukun ora tau sulaya ing rêmbug. Iya bênêr, kadhang kala ya sok padha gojèg, nanging iku rak mung sêmbranan, ta, lumrah ingatase bocah.

Nuju sawiji dina, bubar mangan sore, Tambur kaya adat sabên dolan mênyang omahe Kasut. Têkan ing kono, kok kabênêran Gunung uga wis ana ing kono, dadi saya gumyak olèhe omong-omongan. Dhasar Kasut iku bocah micara, pintêr andongèng sing lucu-lucu, mula guyune bocah-bocah mau ya tansah gar-gêr. Barêng wis kêsêl olèhe padha guyon, Kasut calathu: Ah, tinimbang padha guyon mangkene, lowung ayo padha cangkriman. Aku duwe suwalan rada mêmêt, mêngko badhenên cah loro.

Tambur lan Gunung mangsuli barêng: Iya, ayo. Piye cangkrimanmu.

Kasut muni: Êntènana sadhela, karo mlêbu ing ngomah. Ora suwe bali anggawa pangilon bundêr cilik. Pangilon mau disèlèhake mangkurêb ana ing lêmah, ana ing lêmah, nuli calathu: Cangkrimanku iki rada ora katêmu ing nalar, nanging janji kowe gêlêm mikir, ya mêsthi gampang kacandhake. Mangkene: Jajal kowe ngiloa nganggo pangilon sing dak kurêbake iki, nanging pangilone aja kolumahake.

Tambur lan Gunung plênggang-plênggong, sêmu ora nyandhak marang karêpe Kasut. Kasut iya ngrêti yèn kancane durung mudhêng, banjur calathu manèh: Wis ta, yèn durung têrang: dak balènane, rungokna lan awasna gunêmku: kowe kêna ngilo ing pangilon sing dak kurêbake ing lêmah iki, nanging pangilone ora kêna kolumahake.

Tambur lan Gunung saya plênggang-plênggong, calathune Gunung: Cangkriman kok angèl mên ngene, trima ora bisa aku.

Kasut: Durung-durung kok kăndha ora bisa. Mau mula aku wis crita: cangkrimanku iki rada ora lumrah, nanging janji kowe tlatèn anggolèki, mêsthi gampang kêcandhake. Wis ta pikirên dhisik, anaa, ka: sadina rong dina. Dene besuk yèn wis tita ora bisa, gampang olèhku nuduhi. Saiki sarèhning wis bêngi, padha muliha dhisik, sesuk utawa êmbèn bae yèn wis katêmu êndang kăndhaa karo aku, dak wêruh kapriye pambatangmu.

Bocah loro mangsuli iya, nuli padha bali. Sadalan-dalan tansah anggagas cangkrimane Kasut sing nylênèh mau.

Wusana seje dina ana sing bisa ambadhe, anggone ngilo sarana anjunjung pangilone munggah nganti têkan sadhuwuring sing ngilo, pangilon isih mangkurêb.

Wahab, Tulakan-Pacitan.

--- 83 ---

Ngrewangi Wong Tuwa

Tumrape bocah-bocah, ayake wis lumrah dhêmên ngrusuhi wong tuwane kalane nyambut gawe, nanging sing lumrah bocah wadon, kaya ta yèn êmbokne nuju olah-olah ana pawon, iya banjur milu pêthik-pêthik, yèn andondomi, iya milu dondom-dondom, mangkono sapanunggalane.

[Grafik]

Tindak kaya mangkono mau, tinêmune mung ngrusuhi, nanging yèn dipikir dawa, satêmêne dadi piwulang, awit samubarang sing ditandangi mau, sanadyan ora anaa kadadeane, nanging suwe-suwe yèn kulina, banjur dadi matuh, bocah dhêmên nyambut gawe, lan mêsthine saya mundhak umure, iya banjur mangrêti têmênan.

Akèh bae bocah isih cilik wis bisa ngrewangi wong tuwa, sapa sing wêruh padha milu ngalêm, lan mungguhing wong tuwa, adhakan bangêt kêpêksa kongkon anake ing kalane ana pagawean sapele, kang kêna ditindakake ing bocah cilik. Kaya ta wong tuwa nuju linggihan, banjur kongkon anake, kon anjukuk rokok utawa pakinangan. Tumrape bocah sing dikongkon ora sapira rêkasane, nanging tumrape wong tuwane banjur bisa udut sênthor-sênthor utawa susur anjêngil.

Tindak kang kaya mangkono kuwi ora mung tinêmu ing băngsa Jawa, sanadyan băngsa apa bae iya padha nindakake. Gilo padha andêlênga noni-noni ing nagara Walănda nalika nuju padha ngangsu ngrewangi biyunge. Tinêmune mangkono, ora liya jalaran saka kulina dhêmên rêrewang wong tuwa, dadi anggone têtulung pagaweaning biyung mau, kajaba saka kulina, uga jalaran kêtuwuhan trêsna mênyang wong tuwa, nanging bocah-bocah, mêsthine kowe padha nganggêp anèh, awit ing pangira, akèh bocah sing durung wêruh noni ngangsu. Coba, tamatna.

--- 84 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 41

VII. Ambadhe cangkriman kapisan

[Pocung]

esuk-esuk, wayahe jago kaluruk | dibarêngi adan | senggot-senggot pating glêrit | kabèh kaya ngelingke wong sanagara ||

esuk mau, akèh wong padha malêbu | sowan ing sang nata | kabèhe padha prihatin | saka ngrêti bakal ana kasusahan ||

lan sang prabu, ing galih katon ing sêmu | yèn angraos susah | saka wis kêrêp ngalami | nguningani ana pati siya-siya ||

andhêkukul, êluhe ketok marêntul | saya barêng priksa | sowane Wêlas katitik | kaya uwong marani goning pasiksan ||

wise lungguh, akèh uwong aruh-aruh | kang arasa wêlas | awit mêngko mêsthi mati | nanging Wêlas têtêg ora apa-apa ||

ngono mau, gawe gumune sang prabu | ing galih angira | yèn mung saka ora ngrêti | yèn ngrêtia mokal yèn ta mangkonoa ||

sang aprabu, tumuli alon andangu: | hèh bocah nonoman | sira apa nyata wani | angayoni ambatang cangkriman samar ||

amêcucu, Wêlas matur lan angguyu | ah, ajrih punapa | namanipun cobi-cobi | yèn lêpata sampun nama bêgja kula ||

nuli jêdhul, sang putri amiyos nusul | lênggah jèjèr rama | akèh kang anggrubyug buri | lan anggawa ampilan awana-warna ||[8]

wong sing wêruh, mripate padha ngêmu luh | saka samar uwas | awit Wêlas mêsthi mati | măngsa dadak mêngko umura sadina ||

ing dhèk mau, cêp tanpa swara kêrungu | nadyan gêgodhongan | ora obah tanpa angin | suwaraning godhong sing tiba kêmrosak ||

sang aprabu, tumuli alon andangu | nini karsanira | gonira arêp nyangkrimi | ing samêngko ayo nuli wiwitana ||

lan angguyu, sang putri ketok ing sêmu | bangêt luwih bungah | dene arêp gawe pati | nanging uga nglairke têmbung pangeman ||

gone dhawuh: mêngko ingsun paring wêruh | wong anom rungokna | lan pikirên bêcik-bêcik | aja nganti nêmu pati siya-siya ||

aja ewuh, yèn ta pancèn ora saguh | wis bêcik mundura | emanên nyawamu siji | ewuh apa wong ngeman nyawa padaman ||

sêrêng nêpsu, Wêlas amangsuli sêru | botên ewuh-ewuh | kula dhatêng pati wani | yèn pêjaha malah anglêburkên dosa ||

ngriku sampun, kadhawuhna: kajêngipun | yèn pambadhe kula | pancèn lêpat inggih pasthi | gulu kula pêdhot panjênêngan asta ||

kabèh gumun, lan sang putri iya ngungun | nuli angandika: | coba rungokna saiki | lah badhenên sun iki ambatin apa ||

wong sing ngrungu, nganti grênggêng nywara sêru | e lah katiwasan | saiki mêsthi jeleding | ora wurung bakal mêruhi gantungan ||

lan angguyu, Wêlas anyawang sang ayu | amangsuli cêtha: | yak kang panjênêngan batin | botên liya amung sangsangan punika ||

gone matur, Wêlas karo kukur-kukur | sabanjure kăndha: | ta ing mangke kadospundi | badhe selak sampun ta măngsa sagêda || Ana sambungane.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


miturut. (kembali)
kabagi. (kembali)
rumaos. (kembali)
Inginggil. (kembali)
gadhah. (kembali)
piyambak. (kembali)
karancang. (kembali)
awarna-warna. (kembali)