Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-15, #684

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-15, #684. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-15, #684. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 48, 9 Sapar Dal 1863, 15 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [741] ---

Ôngka 48, 9 Sapar Dal 1863, 15 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Griya Timbangan Têbu - Kawruh Padhalangan - Panggulawênthah - Cariyos Kina - Tanah dalah Tiyangipun - Raos Jawi - Ngêlisi Kapal - Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk - Pawartos Administrasi - Wara-wara - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Griya Timbangan Têbu

[Grafik]

Grobag-grobag lêmbu nuju ngêwrat têbu kabêkta dhatêng griya timbangan têbu gadhahanipun pabrik gêndhis ing Malang.

--- 742 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Baladewa : I, ya jagat dewa bathara, ora jagat pramodhita, e, lah katiwasan, kapriye yayi prabu. Plêng, lali ora eling sathithik-thithika. E, lah, môngka raka para wis nyaguhi mênyang yayi Prabu Ngastina, bakal isin apa kang tak sandhang. Wis, cêkake mangkene wae, raka para jabakna saka darah, aku arêp nusup ngayam alas tingggal kadhaton. Ora sae nyawang sorote hyang patanggapati.

[Grafik]

Walmuka.

Krêsna : Mangke ta, mangke, kaka prabu, sampun kagean ing panggalih, manawi kaka prabu rujuk, kula gadhah pamanggih.

Baladewa : Kapriye, yayi prabu, ruwêt têmên rasane atiku.

Krêsna : Sapunika makatên kemawon. Kula èngêt, kala rumiyin panjênênganipun kaka prabu kagungan kêkudangan, èngêt kula makatên: ing besuk yèn Si Sumbadra jatukrama bisoa nganggo pamiwahan kaya aku, gamêlan lokanônta, kêmbar mayang jayaandaru, pangarih widadara widadari.

Baladewa : I, ladalah.

(Pathêt nêm jugag),

Iya, yayi prabu aku eling.

Krêsna : Kula inggih nusuli kêkudangan. manawi Sumbadra dados pangantèn, sagêda numpak rata kancana, pangirid kuda yaksa, kalihan mawi sasrahan: maesa andanu satus ingkang pancal panggung.

Baladewa : Banjur kapriye kaparênge yayi prabu.

Krêsna : Sapunika prayogi kadamêl sayêmbara kemawon, sintên ingkang sagêd marnèkakên sadaya wujuding kêkudangan, inggih sagêd dhaup kalihan pun Wara Sumbadra. Botên ketang tiyang pidak padarakan, mêcuk cukil lan cêcèkèl longaning bale, manawi sagêd andhatêngi kêkudangan, enjing, [e...]

--- 743 ---

[...njing,] sontên kadhaupakên, andhatêngi sontên, enjing kadhaupakên.

Baladewa : I, hêh hah hah, hah, lêga têmên rasaning atiku, kaya luwar saka bêbandan, kaya olèh pêpadhang saka ing pêpêdhut. Wis, yayi prabu, raka para rujuk bangêt, dene prasabênan marang Ngastina yayi prabu aja anggalih, cukup ana raka para bae.

Krêsna : Kula nuwun inggih dhatêng sumôngga.

Eca imbal pangandika, kasaru gêdêring jawi.

Sêndhon pananggalan, mirsanana ucap-ucap babak unjal.

Krêsna : Raja duta, padha raharja têkanira ana ing ngarsaningsun. Ing buri ngêndi pinangkanira, sapa aran sarta pangkatira.

Danawa duta : kulok noknon, kapêtêk ing mustaka timbalanipun ingkang sinuhun, kula pundhi kados jimat. Ingkang sinuhun andangu nama kula pun Maudara, dene pangkat kula nyêpuhi panêkar sagolongan. Ing wingking kula saking nagari ing Garbaruci.

Krêsna : Gêdhe cilik sira pangkat bupati.

Danawa duta : Kula noknon inggih. Ana wigati apa sira tumêka ana ing Dwarawati. Manawa ora kapara wadi, sira ingsun lilani matur ana ing pacewakan.[1]

Danawa duta : Sowan kula kautus ratu gusti kula ing Garbaruci, sapisan ngaturakên pangabêkti.

Krêsna : Iya daktrima.

Danawa duta : Ingkang kaping kalih ngaturakên nawala, katur sri paduka ingkang sinuhun.

Pathêt nêm wantah, Sômba nampèni sêrat lajêng kaaturakên Sri Krêsna. Lajêng ucap-ucapan: Sarampunging pamaos, Sri Krêsna sampun andhadha suraosing sêrat, manawi nata ing Garbaruci ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, nyuwun jatukrama kalawan Rêtna Bratajaya. Sri Baladewa lajêng andangu:

Baladewa : Yayi prabu, apa raka para ora ana pakewuhe mèlu nyumurupi layang saka ing Garbaruci iku.

Krêsna : Kula nuwun inggih botên, sumôngga kaka prabu kula aturi maos.

Panggulawênthah

Rêmbagipun Pak Sujut lan Bok Sujut

Pak Sujut : Mêngko ta bokne, rèhne kowe lan aku kaparingan pasihane Pangeran, yaiku awujud anak lanang-lanang 3, iku kowe lan aku jênêng dipitaya rumêksa marang anak. Môngka ing saiki anakmu wis padha sêkolah kabèh, dadi kowe kudu sing opèn lan dahwèn, kaya ta: bab pangane kudu dijaga, sandhangane kudu ditata, apamanèh budine kudu

--- 744 ---

diprêdi. Mula kaya mangkono, supaya anakmu bisa dadi wong kang pintêr, kang supaya bisa kumpul marang ing kaanan saiki.

Bok Sujut : Lêrês pakne, mênggah pênggalih samang sing kados ngotên niku. Nanging, napa anggèn kula ngopèni (anggulawênthah) lare niki kirang sae.

Pak Sujut : Iya wis apik bokne, nanging isih ana cacade. Yaiku anakmu isih kumpul dolanan lan bocah kampung, sing tanpa pangajaran.

Bok Sujut : Lo, niku dede lêpat kula, sabab anake tiyang kampung sing nyêlaki thole pinuju dolanan.

Pak Sujut : Yaiku aja olèh sabab suwening-suwe sok katularan marang watak kang ora apik.

Bok Sujut : Mangke ta, pakne, napa samang botên èngêt dhatêng dhawuhe para sagêd sing têmbunge makatên: tiyang gêsang ing ngalam donya niku, botên sagêd gêsang piyambakan, sagêde gêsang sarana sêsarêngan.

Pak Sujut : Ya bênêr omongmu iku, nadyana sêsrawungan ya kudu milih. Sabab ana paribasan mangkene: barang gumêlar ana ing ngalam donya iki, wong wênang nampik lan milih.

Bok Sujut : Pakne, sanadyana anake tiyang kampung niku ênggih ontên lêrêse. Anggène ngêmpali thole niku, sabab kêpengin kêmpal (kêkancan) kang budine sae. Môngka ngêmpali kok lajêng botên angsal, la niku rak lêpat. Sabab yèn kula gathukake kalih ngandikane para sagêd sing suraose: wong kang dlajate luhur iku, kudu anjunjung marang wong kang dlajate asor. Utawi malih pakne, saking panggrayang kula mênggah kawontênane barang awon niku ugi migunani têng tiyang kathah, pancèn êmpun dados gêgadhuhaning tiyang.

Pak Sujut : Mêngko ta, bokne, kowe iku wong wadon, wêruh Jawane apa ta, kathik omonganmu kaya wis tau ngêntèkake pamulangan, arêp mapaki prajane wong lanang.

Bok Sujut : Bapakne, niki napa niyat mulang lare napa pabênan, dene sampeyan kok lajêng pêcuca-pêcucu kados ngotên, ngangge ngungêl-ungêlake sing botên-botên. I. Upami kula gadhah nalar kang botên kantên-kantênan, sing rugi rak ênggih sampeyan ta. II. Upami kula gadhah nalar kang mapaki prajane wong lanang, sing bêgja rak ênggih sampeyan, ta. Awit kula semah sampeyan.

Pak Sujut : O, bokne, ya aku kang luput, dene olèhku ngêcakake rêmbug rada klèru. Ora liwat ing saiki rèhning kowe lan aku durung pati mangrêti bab anggulawênthah bocah, ayo padha ngasil marang para bisa.

Bok Sujut : Ênggih pakne. Kajawi niku kula nyuwun gunging pangapuntên, dene kula kumawantun mawali rêmbag sampeyan, awit sampeyan guru laki kula ingkang wajib kula pêpundhi.

Pak Sênthot. Tumpang.

--- 745 ---

Cariyos Kina

Patilasan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Ing ngriku samangke dados kampungan dalêm, kiwa têngênipun dados pemahan. Ananging ingkang tilas kadhaton dèrèng sami purun ngênggèni. Sela gilang sampun dipun paringi bangsal kajêng jati payon sirap, sarta gêbyog.

Kula badhe nêrangakên bab pasarean ugi taksih Mataram.

Pasarean punika miturut dêdongengan tilas dalêmipun Ki Agêng Mataram, dados dalêm punika lêstantun dipun agêm ngantos sumare, ugi mèmpêr. Capuri ingkang lèr wontên tilas butulan kori samangke taksih katingal. Nitik kawontênanipun Sumbêr Kêmuning punika sakilèn capuri taksih lêstantun, punika ingkang dipun wastani sumbêr ingkang sêpuh, nalika Ki Agêng Mataram rawuh mriku taksih dados wana.

[Grafik]

Pasareanipun Panêmbahan Senapati ing Kithaagêng.

Pasareanipun Nyai Agêng Ênis, Kangjêng Pangeran Jayaprana utawi Kyai Agêng Datuk Palembang punika kawastanan witana, dhapuripun tajug. Cêcariyosanipun punika langgaripun Kyai Agêng Mataram, inggih Kyai Agêng Pamanahan, punika inggih mèmpêr miturut kawontênanipun, mila lajêng dalêm prabayaksa wontên kidul. Ing ngriku taksih wontên kawontênan malih, awarni balok kajêng jati sak wetan pasareanipun Kangjêng Pangeran Gagakbaning, punika tilas titihanipun Kangjêng Panêmbahan, nalika ngèli wontên ing lèpèn Opak, nyadhong wahyu karaton. Ing samangke dipun namakakên Kyai Tunggul Wulung. Saka guru kidul wetan, mawi kasêngkêr pinacak suji mamas sarta pèni garapanipun, cêcriyosanipun nalika Gusti Pugêr andagan jalaran saking awis uwos, têtiyang sami kalirên, ing ngriku wontên tompo cumanthèl wontên saka lajêng anjalari mirah uwos.

Bab sêndhang Saliran punika kalêrês kidul pasarean capuri baluwarti, miturut dêdongengan wontênipun sêndhang Saliran punika sasurutipun Kangjêng Panêmbahan, lajêng wontên sêndhangipun. Dêdongenganipun [Dê...]

--- 746 ---

[...dongenganipun] lisah Jayèngkaton wontên ngriku, lajêng nama sêndhang Saliran, jalaran toya saking saliranipun Kangjêng Panêmbahan. Ing ngriku mawi klangênan bulus kuning dipun wastani Kyai Dhudha.

Sêndhang Saliran samangke sampun dipun dèkèki bangsal kajêng jati payon sirap, mawi sinêngkalan ejrah: toya sêliran sêmbahan jalmi.[2]

Bab gapura. Gapura pasarean Mataram punika dhapuripun candhèn, mawi kori kajêng jati mawi dipun ukir, cacahipun nêm iji. Pipi ingkang sisih lèr gapura ingkang malêbêt dhatêng pasarean mawi sêngkalan: winayanging rasa wisayaning ratu,[3] punika taun Jawi. Lajêng gapura ingkang wetan ugi lèr gapura, wontên sêngkalanipun: rasa têrus suwaraning jalmi.[4]

Tatacaranipun ingkang sowan dhatêng pasarean tiyang jawi jalêr sanès abdi dalêm, bikak rasukan utawi udhêng sinjang ingkang botên dados awisanipun malêbêt dhatêng karaton. Tiyang èstri bikak rasukan ubêt-ubêt sinjang botên katingal sèrètipun (kêmadha), kêdah prasabên ingkang caos.

Bikakipun pasarean sabên Jumungah jam 1 dumugi jam 2, Kêmis manawi dhawah Surakarta jam 9 dumugi jam 11 siyang, manawi Ngayogyakarta jam 8 dumugi jam 10. Mênggah prêlunipun sowan têbah rêrêsik salêbêtipun pasarean, kajawi wulan Siyam, dene padintênanipun sabên jam 5 sontên dipun sulêdi dilah lisah klêntik, malêm Jumuwah mawi wêwah lilin. Badhe kasambêtan.

Martahastana, Tèmpèl Kuthagêdhe.

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Ingkang ngolah-olahakên tiyang nyambut damêl ingkang botên gadhah bojo, punika tiyang èstri bojoning têtiyang bucalan ingkang lumêbêt ing golongan punika.

Sasampunipun ragi ènthèng panyambutdamêlipun, saperanganing tiyang bucalan ing golongan punika ingkang botên gadhah bojo, ingkang sagêd olah-olah dipun purih ngolah-olahakên têtiyang bucalan ingkang botên gadhah bojo sanèsipun, awit rinaos dening golonganing têtiyang bucalan ingkang botên gadhah bojo, bilih kalajêng-lajêng makatên mêsakakên dhatêng tiyang èstri.

Ukuraning pakawisanipun têtiyang kampung punika: wiyar kalih dasa mètê,[5] panjang tigang dasa mètêr. Sabên sakawan pakawisan kinubêng ing margi. Ingkang [Ing...]

--- 747 ---

[...kang] dêdunung wontên ing kampung D punika ingkang kathah têtiyang bucalan asli saking Têrnate, Banyumas saha Panaraga.

Kampung E.

Têtiyang bucalan ingkang kapatah ambubak wana kangge ngawontênakên kampung E, punika tumandangipun nyambutdamêl badhe angemba tindaking têtiyang bucalan ingkang dêdunung ing kampung B, inggih punika andamêl barak rumiyin. Bedanipun têtiyang bucalan ingkang kapatah ambubak wana kangge kampung E punika, sasampunipun barak dados saha sampun sami pindhah ing barak (pondhok) sami aras-arasên. Manawi wontên ingkang gadhah niyat badhe enggal-enggal ambabat wana kangge pakawisan, dipun sêmadosi kapurih ngêntosi, manawi sampun ngawontênakên parêpatan. Dados mangke kemawon kadospundi karampunganing parêpatan.

Sarêng dipun wontênakên parêpatan, rêmbag-rêmbag inggih kathah, wontên ingkang ngajak ambabad sêsarêngan, wontên ingkang ngajak ambabad piyambak-piyambak utawi andamêl golongan bêbathon sasênêngipun piyambak kadosdene caranipun kampung A, B, saha C. Miturut suwantên ingkang kathah kababad sêsarêngan kadosdene caranipun golongan bêbathon agêng ing kampung D.

Kalimrahaning manungsa punika ingkang kathah angêngkoki pikajêngipun piyambak. Nanging angugêmi pikajêngipun piyambak punika botên kok salaminipun dipun sarujuki ing ngakathah, awit pikajêngipun manungsa punika warni-warni. Mila botên anèh ing kampung E punika, sanadyan karampunganing parêpatan sampun dipun sarujuki nyambutdamêl sêsarêngan, ananging ing sarèhning wontên ingkang botên sarujuk, inggih lêrês namung bagean alit ingkang botên anocogi, wataking manungsa limrah inggih lajêng pados-pados jalaran ingkang supados pikajêngipun sagêd kadumugèn. Golongan punika lajêng gadhah panêdha dhatêng juru mranata pambubakan kampung E supados dipun sukani badhe ambabad piyambak, yèn botên dipun kabulakên panêdhanipun trimah botên tumut ambabad sêsarêngan, ananging badhe tumut ambubak wana ingkang badhe kangge ngawontênakên kampung sanès. Saking adrênging panêdhanipun lajêng dipun lêksanani dening juru mranata ing kampung E.

Kadospundi kadadosaning para têtiyang bucalan ingkang sami ambabad sêsarêngan sasampunipun golonganing têtiyang bucalan ingkang botên purun nyambutdamêl sêsarêngan sampun kaprênca, para maos sampun tamtu badhe ambatang, bilih sagêd widada kadosdene têtiyang bucalan ingkang ambabad sêsarêngan kados ing kampung D. Ing sadèrèngipun kula nyariyosakên kawontênanipun.

Sasampunipun pondhok (barak) dados, kula sampun matur, bilih wontên sawatawis tiyang ingkang sampun ngraos kraos manggèn wontên ing pondhok. Inggih tiyang ingkang makatên punika ingkang dados sêsakitipun panyambut damêl sêsarêngan, awit golongan têtiyang punika sadaya dados warganing têtiyang nyambutdamêl sêsarêngan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 748 ---

Raos Jawi

Sabakarti ing Sêmarang, Bagian Tambangraras

Ingkang kawastanan tambangraras punika êpanging pakêmpalan sabakarti ingkang mligi ambudi ing gêgêlênganing adiluhung babagan kairaman, inggih punika iramaning suwantên, iramaning gêndhing, iramaning bêksa. Manungsa manawi sampun mangrêtos dhatêng irama tigang bab punika, kenging katamtokakên yèn alus bêbudènipun, jêr laras tigang bab wau minôngka pangulah alusing bêbudèn. Saya malih manawi panci sampun dhasar timur mila, punika lajêng kenging kawastanan musthikaning dumadi.

[Grafik]

Gêdhong sabakarti ing Sêmarang.

Ing dintên Sabtu malêm Minggu tanggal kaping 28-29 Mèi 1932, tambangraras ngawontênakên têtandhingan têmbang binarung ing pradôngga, tumraping warga piyambak. Saha ing dintên Sabtu malêm Minggu tanggal kaping 4-5 Juni 1932, têtandhingan tumrap ing pakêmpalan-pakêmpalan ing kitha Sêmarang ingkang nunggil laras. Wondene ingkang dipun tandhingakên wau: Pangkur Sindhèn satunggal êgong, têrus palaranipun satunggal pada, saha Mijil Kathoprak irama rangkêp kalih pada. Dene yèn wontên biji ingkang sami, katandhing malih, ingkang golongan Pangkur: Sinom Parijatha, ingkang golongan Mijil: ugi Mijil Kêthoprak, nanging laras slendro.

Tambangraras anggènipun ngawontênakên têtandhingan punika botên ngêmungakên adamêl karênaning manah kemawon, ugi anggêgêsang larasing suwantên ingkang anut ing wirama, sarta angudi dhatêng pangulahing raos ingkang dumugi ing kautamèn. Liripun:

Ha. Bab têmbang, têmbang punika pangulah larasing suwantên, samôngsa suwantên kaulah larasipun, lajêng anênuntun dhatêng kênyaring raos, kênyaring raos manawi sampun mapan, êmpanipun sagêd dados pandaming budi, samôngsa budi sampun padhang, sadaya sêdya botên badhe kaledhon, manungsa manawi sampun padhang budinipun lajêng gampil pangulahing kêmudhi, yèn sampun wasis pangulahing kêmudhi, tangèh yèn tumindaka dhatêng sasar, jêr sampun amusthi obor ingkang bangkit amadhangi margi ingkang sungil-sungil, satêmah rahayu ingkang pinanggih.

Na. Bab gêndhing, gêndhing punika pangulah raos ingkang lêlantaran sarana suwantêning pradôngga kanthi wêwatoning pathêt. Ingkang kawastanan pathêt punika, agêng aliting suwantên, wontênipun pêpathêtan suwantêning gêndhing wau, angêmu raos anggambar pasê-

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 749 ---

mon tumrap ing karsaning manungsa. Wondene pathêt wau wontên tiga, inggih punika pathêt nênêm, pathêt sanga, lan pathêt manyura. Ingkang kawastanan pathêt nênêm wau suwantên agêng, pathêt sanga suwantên cêkapan, pathêt mayura suwantên alit. Dene lênggahing irama: gêndhing ingkang pathêt nênêm ing wanci sontên, gêndhing ingkang pathêt sanga wontên ing wanci têngah dalu, gêndhing ingkang pathêt manyura wontên ing wanci bangun dumugi enjing. Kados upaminipun:

I. Gêndhing pathêt nênêm. Punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa ingkang sawêg angancik ing diwasa. Manungsa ingkang wanci samantên wau, sadaya kêkajênganipun tansah kinandhut ing dalêm batos. Ananging manawi sampun bigar, umbagipun lajêng dhatêng kabrêgasan, pêpameran, têtantangan sarta sêsumbaran, tundonipun manawi kapêngkok ing pôncabaya lajêng angunduri, amargi taksih tangèh mênggahing karsanipun.

II. Gêndhing pathêt sanga, punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa, ingkang nêdhêng-nêdhênging diwasa. Manungsa ingkang wanci samantên wau, dumugi kalamangsanipun angêmbat sadaya tekad, têgêsipun tekad awon tekad sae, narimah lan botên narimah, wontên ing wanci punika panglimbanging raos.

[Grafik]

Gôngsa ingkang dipun tabuh ngênut wiramaning gêndhing wontên ing Pakualaman.

III. Gêndhing pathêt manyura, punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa ingkang sampun wêrda. Manungsa ingkang wanci sampun samantên wau, sampun dumugi ing môngsa angêncêngi dhatêng ulah brata. Sanadyan ing

--- 750 ---

lair kèndêl, ananging ing batos tansah jêrit-jêrit angêlokakên karsaning manungsa ingkang botên jujur (raos ingkang kados makatên punika pinanggihipun wontên ing paringgitan, dados dhalang punika kajawi anggêlar cariyos tuwin kawruh, ugi anggambar raosing ngagêsang).

Ca. Bab bêksa, bêksa punika larasing ulah raga. Raga manawi kaulah larasipun, lajêng gampil anggènipun tumindak ing kasusilan, yèn kasusilan sampun mapan, êmpanipun dhatêng alusing budi, manungsa manawi alus bêbudènipun, lajêng limpad ing pangawikan, limpading pangawikan satêmah bangkit mêmayuning dhiri.

Ing wusana lêrês lêpat anyumanggakakên ing kabatosanipun para paramèng raos.

Kèk Wir. K. 640

Ngêlisi Kapal

[Grafik]

Kasagêdan ngêlisi kapal ingkang katindakakên dening Tuwan Van Hunnik, wah mistêr le. Rêgimèn artilêri ing Utrecht nagari Walandi wontên ing papan balapan kapal ing Hilversum.

--- 751 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Napsu

IV

Garèng : Ora, Ma, sabênêre pangandikamu lagi anu kae rada gawe anggarunjal rêmpêluku, awit aku iya dibênêrake, iya disalahake, Si Petruk iya diluputake, iya dilêrêsake. Lo, kuwi kok ngelingake aku nyang rêmbugane priyayi têlu, yaiku 1. Sinyo Wilêm Sakêrlut, 2. Radèn Mas Ngabèi Prêmanasidhêm, lan 3. Tuwan Wôngsa Krokèt. Sinyo Wilêm Sakêrlut anêrangake: Adat lan tatacara kuwi ora ana sing ngungkuli adat tatacara kulonan, le brêgas, cikat, tandang, trêngginas, aksi... Radèn Mas Ngabèi Prêmanasidhêm amangsuli: Yakuwi adat carane: Ditya Sundhanggrawah, nèk aku sing apik dhewe kuwi iya adat tatacara Jawa, anggone alus, jatmika, luwês, pantês... Tuwan Wôngsa Krokèt banjur calathu amngkene: Adat tatacara kulonan kuwi iya apik, adat tatacara Jawa iya bêcik, nanging sing utama dhewe yaiku ngênggoni loro-loro pisan, kanthi milih sing apik-apik lan sing mathuk karo jamane. Awit, sanadyan adata Jawa, nanging nèk tumrape jaman saiki wis lêthêng, kaya ta: nyang panggêdhe klesodan, lan yèn didangu sabên-sabên sêngak-sênguk ngambungi tangane, la sing kaya ngono kuwi wajibe kudu disampirake nyang gêthèk, mêngkono uga adad kulonan, iya ana sing wajib dijothak têrus-têrusan, kaya ta: anggone pêthothak-pêthothok, utawa kêtêmu saênggon-ênggon banjur: crap, crup,

--- 752 ---

crap, crup, siyut...

Sêmar : Wiyah, wiyah, hambok aja kêtêrlaluan mêngkono.

Garèng : Aku kiyi mung drêma nirokake bae, Ma. Karêpku mung arêp nelakake, yèn rêmbuge Tuwan Wôngsa Krokèt kuwi rada ngèmpêri pangandikane rama, têgêse moh nyalahake rana-rene, ya tindak sing kaya ngono kuwi sing ana ing babagan kapulitikan luhur diarani tindaking : dhêklomat.

Petruk : Yak, Kang Garèng, nèk ora ngrêti kênthang kimpule kuwi hambok aja mèmu-mèlu nyêbutake, sing kok kandhakake kuwi jênênge: dhiplomat (diplomaat) dudu dhiklomat, wis Ma, tumuli têrangna dhawuhmu lagi anu kae.

Sêmar : Lo, kuwi mangkene: napsu kuwi wajibe iya kudu dituruti, yaiku napsu sing ajak-ajak golèk ngèlmu, golèk kapintêran, ngudi nyang budi suci...

Petruk : Krungu, Kang Garèng, apa dhawuhe rama, sapa sing bênêr saikine, apa dudu aku. Sanadyana kowe narima mangan lan nyandhang sakadare bae, nanging iya kudu anduwèni napsu sing sarana kanggo... ngêmis.

Sêmar : Wiyah, wiyah, kok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, karo manèh katêrangnaku[6] mau rak durung rampung, ujug-ujug têka nyrondhol bae mêngkono. Mungguh cêthane katêranganaku mau mangkene: wong urip kuwi iya wis mêsthi yèn kudu migunakake napsune, nanging iya napsu sing ngajak nyang kabêcikan lan kautaman, nanging napsu sing kamoran setan, kaya ta: napsu sing ngajak ropyan-ropyan, royal-royal, dhomino, triple, jèmèh, utawa ngajak mêdhayoh nyang ênggone... mas jêng-mas jêng, lo, iki wajibe iya kudu dipêkak, kudu dialang-alangi, awit iya napsu sing kaya ngono kuwi sing ngajak ora omah.

Garèng : Wadhuh, ngrêti saikine aku, dadi krêsamu kuwi, Ma, tumrape wong urip, napsu kuwi cara nunggange jaran mono iya kudu diculake lan iya kudu disêngkrèk. Ewasamono, Ma, aku isih mêksa ngukuhi kayakinanaku ing ngarêp, yaiku: matèni napsuku babar pisan, awit, wong iya jênêngane wong ngaurip, kuwi kêrêp bae sok kalimpud ing kabênêran, kaya ta: pangandikamu napsu sing ngajak nyang kautaman, kok ngandikakake upamane napsu ngudi nyang ngèlmu, kèri-kèri ngèlmune ngèlmu sikhir utawa ngèlmu klênik, apa kiyi iya utama. Sing kok ngandikakake napsu sing kaworan setan, jarene napsu sing ngajak main upamane. Nanging nèk anggone main mau mung arêp ngrujuki kônca-kancane, apa iya jênêng ala. Sabab jarene wong urip kuwi kudu bisa ngenaki marang atine sapadha-padha. Iya sabab anggone kaya mêngkono kuwi, mulane banjur takputus bae: napsu wajib dipatèni sama sêkali.

--- 753 ---

Sêmar : Wiyah, wiyah, apa-apa kuwi yèn banjur dipalencang-palèncèngake, iya mêsthi bae yèn banjur walik-wolak gosong. Têgêse: sing bêcik dadi ala, sing ala dadi baghus, kaya ta: ngudi kapintêran, ning kapintêran... ambabah pagêr utawa anggangsir, iya wis mêsthi bae anggolèke kapintêran mau, ora jênêng anggolèk kautaman, nanging anggolèk kamaksiatan. Kosokbaline: iya jênêng ala bangêt kalakuaning wong, sing sabên bêngi tanpa kêndhat anggone tansah ngadhêpi bêndara... sanga bang utawa pinci, nanging alane mau sok bisa suda 50%, saupama anggone mêlèk sabên bêngi kuwi dianjingake nyang tirakat, yaiku jarene: nyuda kanikmatane wong turu kanggo makolèhake anak putune. Wis, wis, Nala Garèng lan Petruk. Bakal kêdawa-dawa mêngko rêmbuge, yèn aku kêtungkul ambantahi apa sing kok kandhakake, luwih bêcik aku tak ngandharake dhisik mungguh kaanane sing jênêng manusa sêjati. Mungguh sanyatane, Nala Garèng utawa Petruk, manusa ditakdirake urip ana ing donya iki, kêgadhuhan bala warna loro, yaiku: bala lair, bala kang kasat mata, upamane bae: kuping, cangkêm, irung, tangan, sikil, lan sapiturute, cêkake kabèh sing dadi pirantining badan wadhag. Kang nomêr loro: bala batin, sing ora kasat mata. Nèk cara donyane, têgêse: cara mênir-mêniran utawa mêpro-mêpronan, bala batin kuwi minôngka insêpèktur tumrape bala lair mau. Anane bala batin iku rong prakara, yaiku: 1. daya kêkuwataning kapenginan, lan 2. daya kêkuwataning pamuring utawa kakêrasan. Loro-lorone iki kêna tak golongake mênyang napsu. Liya dina takandharake mungguh sing dadi paprincène: bala lair lan bala batin mau, saiki padha dilèrèni samene bae dhisik.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3487 ing Pedan (Klathèn) Almênak 1926 sampun têlas. Yatra f 3.- kangge wulan April dumugi Sèptèmbêr 1933.

Lêngganan nomêr 2194 ing Gayam. Pangintunipun Kajawèn mêsthi sarêng kalihan wêdalipun. Bab buku masakan kula aturi mundhut dhatêng tiyang ingkang gadhah adpêrtènsi, sarana ngintunakên bon ingkang kasêrat ing Kajawèn.

Wara-Wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para priyantun lêngganan, bilih administrasi sampun wiwit ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng kagungan pambayaran sakêdhik-kêdhika tumrap kuwartal kaping tiga ing ngajêng punika.

Amurih botên kacuwan ing pênggalih, jalaran katêlasan nomêring Kajawèn, mugi kêparênga tumuntên maringi sarana blangko wau.

--- 754 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRATN KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI

Bestuursschool badhe kasuwak. Wontên pawartos, parentah badhe nyuwak Bestuursschool ing Bêtawi, malah badhe kawiwitan ing taun punika saking sakêdhik. Ing bab punika Hoofdbestuur P.P.B.B. badhe sowan Kanjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kintên-kintên badhe anduwa kaparêngipun parentah ingkang makatên wau.

Tamtunipun tuwuhing pawartos punika, botên sanès namung jalaran saking jaman pangiridan.

[Grafik]

Kamajêngan tiyang siti. Ing bab kagunan damêl Cliche, punika sakawit namung katindakakên dening bangsa Eropa, dangu-dangu lajêng saya kalimrah, nanging pinanggihipun wontên ing tiyang siti taksih langka. Nanging sarèhne nama kagunan, dangu-dangu tiyang siti inggih wontên ingkang sagêd nindakakên. Inginggil punika gambaripun Tuwan Mara Sutan (ingkang linggih) ing Bêtawi tuwin putunipun nama Baharudin, lare wêdalan Mulo ingkang lajêng sinau damêl cliche, sapunika sampun bikak padamêlan wau.

Dados têrang, bilih ing sapunika lare pêngajaran punika botên namung kapengin angadhêp meja panyêratan.

Bab tiyang bajang. Ing bab tiyang bajang ing Sumatra, ingkang sapunika dipun udi katranganipun dening ingkang wajib, bangsa punapa. Ing sapunika wontên dhawuh supados pangudinipun kèndêl rumiyin ngêntosi katrangan ingkang sapunika sawêg dados pêpêriksan, inggih punika tiyang bajang ingkang sampun dipun pêjahi.

Sayêktosipun tataning pangudi ingkang ngantos ngantos damêl pêpêjah punika inggih kirang sakeca dhatêng manah, saya manawi papriksan wau nêtêpakên bangsaning tiyang ing bab pêjahipun wau lajêng araos lêbêt.

Adat Badui ing Bantên. Kawartosakên, têtiyang Badui ing Bantên Kidul sami kasamarakên ing manah, dening padununganipun saya kadhêsêk ing padhusunan sanès. Saha rumaos botan narimah, dene kadhatêngan punggawa landrente.

Pamanggihipun bangsa Badui ingkang kados makatên punika, namung tuwuh saking anggènipun anggondhèli tatacara kina, dèrèng mangrêtos dhatêng tumindaking jaman sapunika. Punapa kintên-kintên badhe anduwa kalimrahan.

Kapitunan pamêdal sabin ing Malang. Miturut pawartos, wontênipun pamêdal sabin ingkang karisakan jalaran bosok oyodipun ing Malang kidul adamêl sudaning wos 15.000 pikul.

Pêpetangan punika nama botên sakêdhik, nanging pinuji mugi kêkirangan samantên wau sampun ngatos adamêl jalaraning pacêklik, malah sagêd dados jalaran lumèrèbing pantun saking sanès panggenan ingkang kacariyos mèh sasat tanpa rêgi. Punika tumraping pangeram-eram, mastani saking ngadiling Pangeran.

Pagantosan Jawi kèndêl manggaota. Jalaran saking indhaking pajêg, pagadhean Jawi ing Nagabandan tuwin Mangkudiningratan, Surakarta sami kèndêl.

Kèndêling pagantosan Jawi punika inggih sampun mèmpêr kemawon, amargi têtiyangipun ingkang anggantosakên saya kirang, thik pajêgipun mindhak. Inggih sampun ingkang pagantosan Jawi botêna sêpên, cacak ingkang pagantosan Guprêmèn inggih sêpên. Dados pêjahing pagantosan Jawi wau sasat nyêngkakakên anggèning kantun gadhah wêwênang gantos sumur.

Murid-murid ingkang katampèn wontên ing Mulo Sêmarang. Mulo Guprêmèn ing Sêmarang dipun lamar ing calon murid 140, katampèn 28 anjujug kl. 1, sagêd ugi badhe langkung saking samantên amargi wontên murid saking voorklas ingkang minggah minggah dhatêng kl. 1 nêdha pindhah dhatêng H.I.K. Kajawi punika wontên 43 ingkang katampèn anjujug ing voorklas, sami asli saking H.C.S. tuwin H.I.S. wontên 80 ingkang gadhah panêdha njujug voorklas, katampèn 27. Lan tumraping Mulo kêkalih ing Sêmarang wontên murid ing kl. 1 cacah 39 ingkang kausulakên mêdal jalaran botên minggah, sanadyan sawêg sataun.

Mirid kawontênan punika, ingsar-ingsêring lêbêtan murid nama taksih lumayan. Lan nyata, tumraping lare sinau pancèn botên kenging sêmbrana.

Bab ambêbêdhag. Pangadilan Landgerecht ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun têtiyang ambêbêdhag pêksi ingkang dados awisan. Wontên ingkang kadhêndha f 10.- utawi f 20.-

Ing bab punika kados prêlu kasumêrêpan ingakathah, têtiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng undhang-undhang nagari ingatasing bab ambêbêdhag.

--- 755 ---

Nyambutdamêl salêbêting liburan. Awit saking panyuwunipun commissie têtêdhan, para student tiyang siti ing pamulangan luhur doktêr, salêbêtipun liburan supados niti dhatêng kawontênaning têtêdhan ing panggenanipun piyambak-piyambak. Ing benjing supados kalapurna.

Punika nandhakakên bilih para student wau sampun angsal kapitadosan saking parentah, tur ngiras-ngirus.

Kamajêngan wanita. Kawartosakên, sakèndêlipun Nyonyah Lich ten Belt, directrice pamulangan normaal ing Ngayogya dipun gêntosi dening Radèn Ajêng Sri Umiati.

Punika ugi nama satunggiling kamajêngan wanita.

Mr. Abdullah Sukur. Mr. Abdullah Sukur kawisudha dados advocaat tuwin procureur ing Hooggerrechtshof.

Wilujêng.

Mr. Kusuma Sumantri mungkul dhatêng agami. Awit saking pratelanipun utusan Muhammadiyah ing banda nalika congrès ing Makasar, ing sapunika Mr. Kusuma Sumantri mungkul dhatêng agami, nanging botên nêdya nyuwun ngapuntên amargi botên rumaos lêpat.

Têmtunipun molah-malihing lêlampahan punika ugi sagêd angèngingi dhatêng sintên kemawon.

Sêsakit malaria ing Lampung. Ing laladan Lampung tuwuh sêsakit malaria, pinanggih wontên papan bubakan enggal. Ingkang wajib wiwit ambage kininê.

Sami-sami sêsakit malaria punika tumraping tiyang padhusunan sok nyêpèlèkakên, mila para juru pamêrdi kasarasan kêdah bêtah anggrètèhi.

Pamêdal pantun suda. Panenan pantun ing Kawungantên, Cilacap, ing taun punika suda tinimbang taun kapêngkêr, kintên-kintên angsal-angsalanipun botên nyêkapi kangge ambayar paos, sanadyan pajêg wau sampun kasuda 10%.

Hèh, tansah wontên-wontên kemawon kabêtahaning ngagêsang ingkang tansah dados pikiran.

Pamanggihing P.P.B. ing Surakarta. Pakêmpalan pangrèh praja ing Surakarta sampun ngaturakên sêrat dhatêng nagari, ing bab panimbang botên nayogyani dhatêng panyuwunipun para kabudidayan ing bab sudan pajêg, kanthi atur maton.

Sintên ingkang badhe nglêpatakên dhatêng golongan ingkang sêdya pados botên kapitunan?

Kalawarti enggal. Wontên pawartos, benjing wulan ngajêng ing Surakarta badhe wontên kalawarti enggal nama: Penghibur, wêdalipun pêndhak satêngah wulan, wujud buku agêng, rêginipun sawulan namung 50 sèn. Mênggah sêdya tuwin ancasing kalawarti wau badhe nglêlipur dhatêng para ingkang sami kapêtêngan manah ing mangsa punika.

Wêdaling kalawarti wau pinuji sagêda widada sampun kirang satunggal punapa, têtêpa dados panglipuring manah sayêktos, sampun ngantos angosok-wangsul, anggèning nglêlipur malah dipun lêlêlipur, dening mangsanipun nuju kados makatên.

Tamu saking Hindu ing Taman Siswa. Taman Siswa ing Ngayogya mêntas katamuan Mr. K.A. Metho utusanipun Sang Gandhi, kadhèrèkakên Ir. Surahman tuwin Ir. Supardi. Dhatêngipun wau prêlu nyatakakên kawontênanipun Taman Siswa, tuwin nyatakakên tilas siswa, Tuwan Sutan Harahap ingkang mêntas rampung pasinaonipun wontên ing Shanti Niketan. Kathah pangalêmbananipun dhatêng Taman Siswa.

Sukur, dene Taman Siswa saya têbih kuncaranipun.

Ambêtahakên gêdhung kabangsan. Sêdyatomo martosakên, dalêm Joyodipuran ingkang sabên-sabên kangge papan pakêmpalan kabangsan badhe kasade. Bab punika nuwuhakên panglocitaning manah, punapa pakêmpalan-pakêmpalan kabangsan ing Ngayogya botên sagêd anglelangakên rêmbag numbas dalêm wau, kangge gêdhong kabangsan. Manawi botên makatên punapa botên wontên satunggiling tiyang sugih ingkang gadhah pangeman, murih griya wau botên kaliya?

Mirid ajênging raos kabangsan, bokmanawi griya wau botên badhe kaliya. Cobi dipun yêktosi.

EROPA.

[Grafik]

Bêndungan ing Zuiderzee nagari Walandi. Kados para maos sampun kêrêp mirêng ing bab kawontênaning bêndungan sêgantên ing nagari Walandi. Inginggil punika gambar bêndungan ing Zuiderzee, nalika nuju dipun rawuhi ing Paduka Pangeran Hendrik.

Bêbaya kêluwèn ing Jêpan sampun jumanggut. Wontên pawartos ing Jêpan katingal sulak-sulakipun badhe awis têdha. Parentah angangkat commissie mêndhêt saking para ambtenaar ingkang sagêd-sagêd saking golongan departement warni-warni, anindakna rekadaya pitulungan. Kajawi punika supados tumuntên damêla palapuran ing bab kawontênanipun golongan têtanèn.

--- 756 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

15

Radèn Sumarta botên mangsuli, lajêng ambopong anakipun saking kretan, dipun èngklèk-èngklèk saha lajêng kabêkta dhatêng panggenaning mitra-mitranipun. Nanging sarèhning anggènipun Radèn Sumarta ambopong anakipun wau botên srêg têrus ing manah, pun lare inggih kraos, mila malah saya sêru panangisipun. Nonah kantor pos sarêng sumêrêp Radèn Sumarta ambopong anakipun lajêng kêplok-kêplok saha lajêng anggarap makatên: Galo, galo, babu anyar. Apa nyonyahe lagi kasêngsêm maca, dene nganti lali anake.

Nyonyah guru nyambêti: Ora, nyonyahe lagi dandan saiki rak nuju wayahe wong dolan-dolan.

Ing ngriku Radèn Sumarta mangsuli kalincutan kalihan ambopong anakipun wira-wiri lumampah: Iya kaya mangkene iki kaanane uripku sabên dina. Ing kene ana wong wedok loro, wong lanang siji, kabèh padha nyambutgawe, bocah siji bae nganti kapiran. Nanging wong liya ngira yèn ing kene iki kaswargan.

Pancèn sampun dados padatan, lare dipun jak ing tiyang sêpuh, ingkang manahipun botên rêna, raosipun ugi nêrusi dhatêng larenipun. Mila tumrapipun Suwita, lare ingkang pancèn botên kulina dhatêng bapa, panangisipun saya jêmpling-jêmpling, badanipun mobat-mabit kalihan jêrit-jêrit sarosanipun.

Nalika Suwita nuju nangis kados makatên punika, Radèn Ngantèn Sumarta nglêrêsi malêbêt dhatêng griya, mirêng cêtha panangising anakipun. Sarêng Radèn Ngantèn Sumarta mirêng tangising anak kados makatên punika, ical ajrih tuwin isinipun, sandhanganipun katingal sarwa rêgêd, lajêng mêdal nêdya nulung, tanganipun kalih kaacungakên. Saking rêgêding wujudipun, mèmpêr manawi Radèn Ngantèn Sumarta dipun wastanana rencang.

Radèn Ngantèn Sumarta pancèn sampun ical samar tuwin isinipun, botên pakèwêd ngatingalakên badanipun ingkang sakalangkung rêgêd wontên sangajênging tamu Walandi. Nanging saupami botên kêtarik saking nangising anak, sanadyan dipun epahana pisan, môngsa puruna ngatingal wontên sangajênging tamu, malah sanadyan padintênan pisan, manawi nuju wontên pawon mangangge kados makatên, botên nate purun mêdal.

Nêpsunipun Radèn Sumarta dhatêng anak tuwin dhatêng rencang, saya wêwah malih sarêng sumêrêp ingkang èstri mêdal amangangge kados makatên, malah lajêng dipun ujar-ujari sapurun-purunipun. Radèn Sumarta botên pakèwêd ngujar-ujari bojo wontên sangajênging tamu. Para tamu wau sarêng mirêng ucap ingkang botên sae, malah lajêng rumaos sami lingsêm piyambak.

Radèn Ngantèn Sumarta kèndêl tuwin tumungkul kemawon, namung luhipun carocosan. Suwita sarêng dipun bopong ibunipun lajêng kèndêl panangisipun, kados mangrêtos gadhah wêlas dhatêng biyung. Wusana Radèn Ngantèn Sumarta lajêng wangsul dhatêng pawon kalihan ambopong anak.

Wangsulipun Radèn Ngantèn Sumarta kanthi karaos-raos ing manah, ngantos kawêdal tangisipun wontên ing salêbêtipun lumampah, kanthi nyawang anakipun ingkang katingal taksih kêsêsêgên. Radèn Sumarta taksih ngêtut wingking kalihan angungêl-ungêli sapurun-purunipun. Punika nama kranjingan.

Ing kala punika Radèn Ayu Prawira wontên salêbêting griya, punapa kawontênanipun ing jawi sumêrêp sadaya. Sadumugining pawon lajêng ngrangkul putranipun mantu tuwin wayahipun kalihan muwun, wusana ing pawon rame kèbêkan tangis. Mêmêlas.

Botên dangu Siman katingal angladosakên wedang dhatêng ngajêngan. Radèn Sumarta kèndêl kemawon. Dene sababing kèndêl wau, jalaran saking taksih nêpsu, punapa jalaran saking kêduwung, botên kasumêrêpan.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika tumrap para tamunipun sami ngraosakên botên sakeca, sadaya sami tumut kèndêl tanpa ngucap, satêmah ngicalakên raos badhe bingah-bingah. Radèn Sumarta sasampunipun ngacarani para tamunipun sami ngunjuk wedang, inggih lajêng sami ngunjuk sêsarêngan.

Ngantos dangu botên wontên ingkang ngandikan. Wusana tuwan guru ningali jam saha lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri: Mêngko bêngi aku kudu ngrampungake rêpote bocah-bocah, ulihe aja kasèp.

Nyonyahipun botên mangsuli, namung lajêng ngadêg kalihan ngacungakên tangan dhatêng Radèn Sumarta ngajak tabikan, dipun kanthèni wicactên:[7] Punika sampun dalu, sanès dintên pêpanggihan malih.

Tuwan guru inggih lajêng nungka tabikan. Nonah kantor pos katingal taksih linggih, nanging lajêng dipun ajak tabikan Radèn Sumarta kalihan wicantên: Seje dina têtêmonan manèh.

Nonah kantor pos nyandhak tanganipun Radèn Sumarta, ngêtrapakên tabik namung sêndhal pancing, sinarêngan ngawêtakên lambe ngandhap, kados padatan saradanipun tiyang èstri sugih wiraga. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


Pasewakan. (kembali)
Pasewakan.
Sengkalan: toya sêliran sêmbahan jalmi (1284 A.J.). (kembali)
Sengkalan: toya sêliran sêmbahan jalmi (1284 A.J.).
Sengkalan : winayanging rasa wisayaning ratu (1566 A.J., 1644/1645 A.D.). (kembali)
Sengkalan : winayanging rasa wisayaning ratu (1566 A.J., 1644/1645 A.D.).
Sengkalan : rasa têrus suwaraning jalmi (1796 A.J., 1867/1868 A.D.). (kembali)
Sengkalan : rasa têrus suwaraning jalmi (1796 A.J., 1867/1868 A.D.).
mètêr. (kembali)
mètêr.
katêranganaku. (kembali)
katêranganaku.
wicantên. (kembali)
wicantên.