Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-25, #685

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-25, #685. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-25, #685. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 51, 19 Sapar Dal 1863, 25 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [789] ---

Ôngka 51, 19 Sapar Dal 1863, 25 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Pambikakipun Rad Kawula - Ewahing Tatacara - Pawartos saking Administrasi - Bab Napsu - Pawartos saking Redhaksi - Dhandhanggula Swadhèsi - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Bab Pakêmpalan para Jurnalis Asiah - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

Rèhning donya iku margi, ya kudu diambah nguwong, têgêse tumraping para makluk, wênang angliwati, nanging mung samêsthinya, dadi lamun rinungkêban.

Lah iku sakêthi sisip, dudu bênêre mangkono, lan sing sapa ngambah dalan mau, kudu nyumurupi, yèn kang ana ing ngarsa, nadyan iku pinaranan.

Aja nuli dèn andhêgi, wit iku pamurung lakon, marma murih salamêting laku, mung dipun liwati, nanging ywa kandhêg padha, têkaa kang pinaranan.

Parane sagung dumadi, kang tanpa watês tanpa gon, ingkang bangkit tumêka ing ngriku, tan lyan para muksis, kang wus radya laungan, kêkasihira Hyang Suksma.

Trap-trapane luwih trêtip, rapêt tutupe abakoh, sru kinêkêr lir nyimpên mastatur, batine tan ajrih, mring durjana myang kampak, mung ajrih mring uripira.

Urip ingkang anguripi, kang tan samar ing lêlakon, laku lêkas kang agal lan alus, ya kang andarbèni, dalan kang sira ambah, ya kang padha pinaranan.

--- 790 ---

Pambikakipun Rad Kawula

[Grafik]

Salêbêting gêdhong Rad Kawula, nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêdhar sabda.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana (kiwa) kalihan Alg. Secretaris Tuwan P.J. Gerke, rawuh sangajênging gêdhong Rad Kawula.

Kajawèn kala ing dintên Sabtu sampun ngêwrat ing bab pambikakipun Rad Kawula, kanthi ngêwrat gambar tuwin suraos wêdhar sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ing ngriki prêlu anjangkêpakên sakêdhik ing bab gambar-gambar tuwin lampah-lampahipun sawatawis.

Ing dintên pambikakipun wau kathah têtiyang ningali sami thèrèk sapinggiring margi ingkang anjog gêdhong Rad Kawula, turut margi dipun jagi ing wadya militèr. Sadaya warga Rad Kawula, para dhirèktur dhepartêmèn, sami mangagêm agêng-agêngan.

Jam 9 kirang saprapat, Nyonyah De Jonge tuwin Nyonyah Gerke tuwin putrinipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kêkalih sami rawuh. Jam 9 musik ngungêlakên lagu wilhèlmês, Kangjêng Tuwan Ing

--- [791] ---

kang Wicaksana rawuh. Sasampunipun lênggah sawatawis, lajêng mêdhar sabda. Kados ingkang kawrat ing Kajawèn nomêr 49.

[Grafik]

Para kongsul karajan ngamônca, tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Para dhirèkturing dhepartêmèn. Saking kiwa: tuwan-tuwan B.J. de Leeuw (Financien), Mr. J.J. Schrieke (Justitie), A. Muhlenfeld (B.B.), Dr. Ch. J. Bernard (Landbouw), J.F. Osten (Marine) tuwin H.A. Cramer (wadya dharatan).

--- 792 ---

Jagading Wanita

Ewahing Tatacara

Kiyating jaman ingkang lampahipun lumintu, tansah angewahakên lêlampahan ingkang tiyang botên sagêd suminggah, saupami wontên tiyang ingkang botên ngênut lampahing jaman, lajêng dipun wastani tiyang manjila. Lêlampahan kados makatên punika anggènipun angengingi tiyang botên mawi milih, jalêra, èstria, sanadyan larenipun, sami kemawon.

Lêlampahan sadaya wau, kados sampun sami dipun alami. Para maos kados taksih sami kèngêtan dhatêng ewahing para kakung dhatêng bab pangajaran, ing sakawit kala majênging para mudha, para sêpuh namung sami tarimah nyawang, awit ngrumaosi manawi tindaking kamajêngan punika limrahipun namung pinanggih ing para neneman. Nanging nyatanipun sarêng lampahing donya saya ewah, ingkang sayêktosipun anggadhahi daya angengingi saisinipun sadaya, têtiyang ingkang nêdya sumisih nyingkiri ebahing jaman, mêksa kêsêmpyok, inggih lajêng tumut ngraosakên, lan dangu-dangu, sanadyan wontên ing pinggir, sakêdhik-sakêdhik inggih tumut angêmori. Dene sababipun, botên liya inggih jalaran saking rosanipun lampahing jaman wau.

Ing inggil sampun kacariyosakên, bilih lampahing jaman punika angengingi sintên-sintên, botên mawi pilih-pilih, dados tumraping wanita, inggih botên purun kantun, tumrap ingkang wanita sampun anocogi jaman, jangkahipun katingal rikat, malah sanadyan ingkang pancèn kantun, inggih punika ingkang botên kumanan pangajaran, ingkang limrahipun sampun sinêbut biyung, botên lingsêm ugi sami nusul tumut sinau sêsakecanipun, dangu-dangu wontên ingkang sagên[1] ngêmori dhatêng pakêmpalan, sanadyan wontênipun ing pakêmpalan namung mirêngakên rêmbag, nanging sampun sagêd angraosakên yêktos. Saya dangu malah saya kulina, wusana botên pakèwêd angêmori rêmbaging akathah.

Manawi dipun manah, ajênging wanita punika pancèn ngêgètakên, sabrebetan katingalipun kados malik babarpisan, môngka tumraping raos, kados tansah wontên ambêt-ambêtipun, bilih wanita punika dados prajurit wingking, wajibipun pêpêrangan kalihan enthong irus, jêbul nyatanipun botên.

Pinanggihing sawangan ing pasrawungan, sadaya katil sarwa ewah, sarwa majêng, kados ta bab caraning nyandhang ngangge, saya dangu saya brêgas, saya cancing, sagêd makani paningal. Bab tangkêbing sêsrawungan, katingal rumakêt, sanadyan sawêg pinanggih, katingal sumanak, kados tiyang sampun pakulinan lami.

Kalanipun wontên ing pakêmpal, para wanita katingal kados pêksi wontên umbaran, pinanggihipun wontên ing sawangan katingal saya ngrêspatèni.

Tumraping para wanita ingkang mêningi dhatêng lêlampahan [lêlampah...]

--- 793 ---

[...an] tuwin tatacara ingkang sampun kapêngkêr, lajêng sagêd ambedakakên dhatêng ewah-ewahing cara wau. Upaminipun kemawon ing bab tatanipun tiyang mara tamu, rumiyin ingkang nama dados bakuning sêsêgah, ing sadèrèngipun nyugata punapa-punapa, ingkang karumiyinakên pagantenan. Ing kalanipun ngandikan, dipun sambi anggantèn nyamuk-nyamuk tuwin kêcoh cah-cuh wontên ing pakêcohan kuningan, punapadene susur ngantos macucu. Pinanggihipun kala samantên katingal asring ngrêsêpakên.

[Grafik]

Pating kalêcis, nanging manis.

Sarêng jamanipun majêng, tata ingkang kados makatên punika lajêng ewah babarpisan, ewahipun wau botên namung jalaran saking ngewahi dhapuring rêrênggan kemawon, nanging jalaran cara kados makatên wau, inggih punika anggantèn, adamêl raos botên sakeca, awit angosokwangsul raosing kasusilan kilenan, lan sarèhning ingkang tumindak ing jaman sapunika kasusilan kilenan, cara anggantèn wau lajêng ical. Pinanggihipun wontên ing sawangan, ing papan pêpanggihaning para [pa...]

--- 794 ---

[...ra] wanita, katingal rêsik gumrining.

Nanging sarèhning lêlênggahan punika mawi sambèn, botên namung sripat-sripit ngunjuk wedang, utawi klêthak-klêthik mamah dhêdhaharan, lajêng tuwuh wontên sambènipun sês, limrahipun sês sigarèt putri. Namung pinanggihipun ing bôngsa Jawi, taksih ragi awis-awis, tumrap ingkang sampun nindakakên, taksih katingal miyambaki, nanging botên sande inggih badhe anggêbyah, awit raosing pakèwêd botên wontên.

Manawi tumraping cara kilenan, sês wau sampun nama kêlimrah, malah sapunika tumraping wanita sampun wontên ingkang sês pipa, katingalipun inggih sae kemawon. Punapa kintên-kintên inggih badhe dipun telad para wanita ing ngriki.

Dados mênggahing kamajêngan, punika inggih tansah gêgayutan kalihan ewahing tatacara.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3394 ing Dêlanggu. Botên sade.

Lêngganan nomêr 2543 ing Ngadiwinatan. Blangko wisêl punika lakar tumrap pambayaran Juli punika.

Lêngganan nomêr 4390 (ing nêgara Bali), Wetboek van Strafrecht Walandi- Melajoe rêgi f 2.50.

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Napsu

VI.

Garèng : Ora, Ma, rasaning pikirku kok rada garunjalan, barêng ngrasakake pangandikamu kala dina Sabtu kang kapungkur ing bab kuwajibane bala batin, kapenginan lan kanêpson, anggone kudu bisa ngalang-alangi napsune badan wadhag sing ngajak ora omah, lo, kuwi têrange kêpriye, Ma.

Sêmar : Lo, kuwi mangkene. Sabênêre dhasar wis kinodrat manawa uriping badan wadhag kuwi kudu kalêbon rêjêki, mulane si bala kapenginan iya banjur duwe sêdya supaya badan wadhag mau kalêbon ing rêjêki. Nanging sêdya sing mangkono mau wis têmtu ora bisa kalakon saupama ora ditulungi ing bala lair kayadene sing wis kêlumrah uripe ana ing ngalam donya kiyi. Nanging karêpe badan wadhag kuwi sok kênèh-kênèh, ana mihun, kêpengin ngicipi, ana wong bukak dhadhu kêpengin anglêboni, dalasan ana sing anduwèni, ora ambil kêpala mumêt, mêksa arêp dirêbut, dupèh... lakune lênggut-lênggut. Iya karêpan sing kaya ngono kuwi, sing wajib kudu dialang-alangi dening bala kanêpson mau.

Petruk : Hêm, wong rama wis dhongkolan ênom, iya bisa ngandikakake: kudu bisa ngalang-alangi karêpe badan wadhag sing ngajak: ngene, ngono, ngana. Lan ora pisan-pisan ngemuti, yèn nalika narayanane pra-

--- [795-796] ---

[Teks hilang]

--- 797 ---

Panglipur Manah

Dhandhanggula Swadhèsi

Madubrata dènira murwani / ri Anggara Kuningan ping rolas / wulan Bêsar ing warsa Je / côndrasangkalanipun / kanthi trêsna ngèsthi sawiji /[2] jamane kamajuan / swadhèsi ranipun / angêbaki kalawarta / angidêri saindênging tanah ngriki / pantês sinudarsana //

mangkya ingkang dadya sêkar lathi / tumrap sandhang ya lurik-lurikan / iku wus dadi bênêre / gugah kagunanipun / bôngsa kita wajib ngajèni / lamun nora mangkana / paran wêkasipun / nanging sajatining sandhang / nora kudu kêlayu kèlu nglayoni / nganggo darbèking liyan //

dhasar nyata tur rêgine awis / wus kalumrah ingaranan brêgas / bêcik wong larang rêgane / nanging sajatinipun / dudu sandhang sing larang bêcik / kabèh ana ing patrap / pantêse mêmatut / nadyan nora sapiraa / lamun runtut rak iya katone mathis / manis anèng sawangan //

coba-coba busananing èstri / tak urute manawa prayoga / cara Sala pacakane / nanging tumraping bakul / bakul jarit ingkang abangkit / nyandhang sarwa lurikan / yèn jarite kêpyur / kêmbên kêthèl Sumabratan / têngah putih klambine lurik pênjirit / sing dhasar rêng-irêngan //

slendhang lurik tuluhwatu krikil / suwêng cêplik kang sinêling mirah / ceredhèmpèt li-aline / gêlung malang ya têkuk / tur prasaja mungguh kaèsthi / sayêkti nora bakal / yèn ta kalah sêmu / yèn jarite têmênggungan / kêmbên modang klambi têlu pat wus mathis / slendhang yuyu sêkandhang //

jarit badra gêrusan ing mungking / kêmbên lurik tuluhwatu ingkang / ijo tur dadi manise / dene rasukanipun / kêmbang gayam araning lurik / slendhange sêtulmanan / rak iya wus patut / lunga pasar bêbakulan / tur lakune tumungkul tan nolah-nolih / wus notog tanpa pindha //

amung kari sing bisa nglakoni / nandyan dhandhang nganggo laring mêrak / nut ing jaman kalakone / katone iya mungguh / gagah brêgas maksa mengini / dhasar bisa anglayang / prigêl ngigêl baut / nanging yèn tan mangkonoa / saya elok alôngka lamun ngêmohi / laku jantraning jaman //

jaman iku rosa nglêliwati / tumimbule mung sarwa anggêtak / ngêgèt-êgèti lakune / bêja sing bisa tuku / sanalika bisa ngêmori / dhasar maneka-neka / suka jroning kalbu / sajake saekapraya / nunggal budi amanjangakên pangaksi / miyarkên pamiyarsa //

beda lamun kang lagi nglakoni / tuna luput kang sarwa jinôngka / kacuwan kêkarêpane / tan liyan sambat ngadhuh / tidha-tidha sêdyaning kapti / tan jênak nèng kumpulan / ing bêbasanipun / amajua kêna borang / yèn mundura pindha wong ambarang baring / rasane tanpa pindha //

bêja lamun nora dèn ewani / mring sasama samining agêsang / kira tan mathuk karêpe / mung durung bisa tuku / wit katrajang laranging dhuwit / dadya praboting gêsang / sangune wong idhup / dhasar iku wus sanyata / mung anggêre katrêsnan tan owah gingsir / rasane têpa slira //

kaananing ing donya [do...]

--- 798 ---

[...nya] puniki / nandyan ribêd kêbak ing bêbaya / prandene katon manise / kajaba wus kinukut / iku ilang manising bumi / mêguk-mêguk mung jaga / pathok kayu watu / anèng soring wit sêmboja / parandene duk uripe nglêliwati / kadya jugrugna arga //

mung pinuji bisane lêstari / kinalisa sakèhing rêncana / sinung emut salamine / jinurunga Hyang Agung / anggêgêsang kagunan Jawi / Jawi iku jawata / manungsa linuhung / ywa kadi obor balarak / mung nuruti watêk bosênan tan bêcik / mundhak diguyu tôngga //

Pak Jaya

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 50

Bibaring kampung.

Kula sampun nyariyosakên bilih kampung-kampung punika dadosipun awujud kampung ing têlas-têlasaning taun 1929.

Sarêng ngancik taun 1930. Kawontênanipun kampung-kampung wiwit santun. Dene ingkang dados sababipun makatên:

1. Têtiyang bucalan ingkang sami manggèn ing kampung ingkang têbih saking panggenan mêndhêt têtêdhan sami ambudidaya pados panggenan ingkang cêlak.

2. Sarêng wontên sagolonganing têtiyang Kaya-kaya (Papuah) nêdya damêl rêrêsah ing Tanah Merah (ingkang sampun kula cariyosakên ing nginggil) kathah tiyang bucalan ingkang sami pindhah, nyêlaki pajagèn.

3. Sami pindhah dhatêng sanès kampung anyêlaki mitra karuhipun ingkang dipun sarujuki (cocogi).

4. Sarêng wontên sabagean têtiyang bucalan kamardikakakên saha kawangsulakên dhatêng nagari tanah wutah rahipun dening parentah.

Bokmanawi ingkang langkung sae anggèn tula[3] nyariyosakên bibaring kampung punika saking kampung ingkang bibar rumiyin, uruting bibaripun kampung kados ing ngandhap punika:

Kampung F

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih kampung F punika dunungipun saking kampung pambucalan têbih piyambak.

Sadèrèngipun kula nglajêngakên cariyos bibaring kampung F, kula badhe nyariyosakên sababipun wontên kampung pambucalan ingkang limrahipun têtiyang Tanah Merah amastani intêrnèrêngsêkam (interneeringskamp).

Bakuning kampungipun têtiyang bucalan punika barak-barak (pondhok-pondhok) ingkang kasadhiyakakên dening parentah kangge padununganipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng.

Dununging pondhok-pondhok punika sanadyan pondhok-pondhokipun sampun dipun bibrahi, taksih têrus winastan kampung pambucalan. Ing

--- 799 ---

sadèrèngipun wontên toko-toko, pambagenipun, blanjan saking toko intêndhan (toko militèr) pambagenipun wontên ing kampung pambucalan. Ing salêbêtipun têtiyang bucalan sami ibuk ambubak wana kangge pakampungan mèh kenging winastan botên wontên babarpisan tiyang sêsanjan. Ingkang kathah têtiyang bucalan punika anggènipun andamêl griya botên sarantos angrêsiki babadanipun sadaya, namung kaculik sakintên cêkap kangge ngêdêgakên griya. Têtiyang ingkang anggènipun angêdêgakên griya cara kados makatên punika, sasampunipun pindhah botên nate kesah-kesah, kesahipun namung yèn badhe mêndhêt têtêdhan.

[Grafik]

Laladan tanah Papuah.

Nalika panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso ngawontênakên parêpatan kalihan para lurah kampung, lurah kampung F sampun anggadhahi pamanggih, bilih têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng botên badhe purun manggèn ing kampung F, manawi botên sarana kapêksa. Aturipun lurah F dhatêng panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso punika anocogi, têtiyang bucalan ingkang sami dhatêng enggal namung satunggal kalih ingkang purun manggèn ing kampung F. Têtiyang bucalan satunggal kalih ingkang sami purun manggèn ing kampung F namung jalaran kabêkta saking kônca nalika wontên ing dhusunipun utawi sadhèrèkipun ingkang sampun sami gadhah griya wontên ing kampung F punika. Têtiyang bucalan angkatan enggal punika ingkang kathah sami manggèn ing kampung A, B saha C.

Kajawi sabab ingkang kasêbut ing nginggil, wontên jalaran ingkang agêng, ingkang andadosakên bibaring kampung F, inggih punika lurah kampung F ngangge arta tirahan ondêrsêtan (arta pitulungan) prêlu kangge rabi angsal anakipun lurah kampung E. Bab paprincènipun kula cariyosakên ing wingking. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 800 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pakêmpalan jurnalis Asia.

Wontên kabar, bilih dèrèng dangu punika ing Surabaya wontên ada-ada badhe ngêdêgakên pakêmpalan jurnalis Asia. Mênggahing kula wontênipun ada-ada punika, saupami kagalih botên cocog inggih cocog, nanging manawi kapurih ngrujuki babar pisan inggih kapêksa kêdah... mangke rumiyin. Awit angêdêgakên pakêmpalan ingkang makatên wau, sayêktosipun pancèn inggih ragi gawat. Tumraping kula pakêmpalan jurnalis ingkang nama mathuk punika, namung warni kalih, inggih punika ingkang kenging kula wastani: Nationalistische journalistenbond (pakêmpalan jurnalis kabangsan) tuwin Journalistenbond (pakêmpalan jurnalis) saumumipun.

Mênggah ingkang kula wastani: jurnalis kabangsan tumrap tanah ngriki, inggih punika sadaya jurnalis bangsa Indonesia ingkang anggadhahi ancas angajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun, kanthi botên amrêduli punapa jurnalis wau nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar gadhahaning bangsanipun piyambak, gadhanipun[4] bangsa Walandi, Tionghoa punapadene gadhahipun rama guprêmèn kadosdene sakula punika.

Ingajêng kula matur jurnalis tiyang tanah ngriki, ingkang nyata anggadhahi ancas: ngudi dhatêng kamajênganing bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Awit sanadyan jurnalis bangsa piyambak, kadhang-kadhang inggih sok wontên, ingkang jalaran anggadhahi tauke ingkang têdhanipun mêrtega lan kèju, nuntên sadaya-sadayanipun kêdah mawi dipun bumboni mêrtega lan kèju. Tumrap tiyang ingkang cêkak bêbudèn tuwin sêsêrêpanipun, dupèh mrêgoki jurnalis bangsa tiyang siti ingkang makatên lageyanipun wau, inggih lajêng mukul gambang sama rata kemawon, amastani bilih sanadyan jurnalis kabangsan tulèn, manawi nyambutdamêl dhatêng ariwarti gadhahipun bangsa Tionghoa karêmanipun botên kenging botên inggih têmtu: capcay tuwin balkleyca, manawi koranipun wau gadhahanipun bangsa Walandi, sampun gênah manawi doyananipun: bier utawi ciu. Langkung malih manawi ingkang anggadhahi sêrat kabar utawi kalawarti punika rama guprêmèn, wah hla punika pandakwanipun inggih ingkang botên-botên kemawon, cêkakipun inggih êntèk amèk kurang golèk sayêktos.

Tumrap têtiyang ingkang pancèn cêkak bêbudèn tuwin sêsêrêpanipun kados inginggil, ingkang kathah-kathah sok lajêng botên ngèngêti, bilih trajanging tiyang punika beda-beda, langkung malih tumrap ancas sumêdya angajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Wontên ingkang tumindakipun nyara Radèn Wrêkudara, nalikanipun matak ajinipun: wungkal bênêr, lampahipun nguthu, anrajang rawe-rawe rantas, malang-malang putung. Wontên malih ingkang caranipun nindakakên ancasipun sarana: ngulêr kambang, têgêsipun alon-alon anggêre kêlakon. Nanging wontên ugi ingkang panindakipun saupami misayaa ulam makatên, inggih ingkang: kêna iwake nanging aja nganti buthêk banyune. Dados ingriku cêtha, bilih caranipun anggèning badhe ngudi punapa ingkang kagayuh wau, sami beda-beda, nanging sadaya-sadaya ingkang dados bakuning sêdya rak inggih sami kewala. Sampun têmtu tumrap satunggal-satunggaling jurnalis wontên wêwalêripun ingkang botên kenging katrajang. Kados ta: mênggahing jurnalis ingkang nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar Tionghoa, têmtunipun inggih botên kenging ngêwrat karangan utawi wawasan ingkang kinintên badhe adamêl kapitunaning bangsa Tionghoa umumipun. Makatên ugi jurnalis ingkang nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar gadhahanipun bangsa Walandi utawi guprêmèn pisan, sampun têmtu inggih dipun awisi amacak prakawis-prakawis ingkang badhe andhatêngakên kapitunan tumrap ingkang suka padamêlan. Nanging kados-kados rak botên badhe kirang margi anggèning badhe ngajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun wau, ingkang sarana botên mawi ngrugèkakên taukenipun. Kados ta upaminipun, angajêngakên ing bab: kabudidayan, kaeconomian, kawruh tuwin sêsêrêpanipun, sarta taksih kathah malih sanès-sanèsipun, ingkang sakintên botên anêrak wêwalêripun ingkang gadhah padamêlan wau.

Mênggahing pamanggih kula inggih para jurnalis tiyang siti ingkang sanadyan caranipun beda-beda nanging ancasipun sami kados ingkang kula andharakên inginggil punika, ingkang pantês sarêng-sarêng angêdêgakên pakêmpalan, ingkang kula wastani: Nationalistische journalistenbond wau. Ingriku lajêng botên ngêmungakên sagêd sarêng-sarêng sami ngudi dhatêng kamajênganing bangsa tuwin tanah wutah rahipun, nanging ugi sagêd sarêng-sarêng sami ngudi dhatêng kamajênganing kajurnalistikanipun. Awit ingriku wajib dipun akêni, bilih kajurnalistikan kita punika manawi dipun pandhing kalihan sanès bangsa kantunipun taksih nyamut-nyamut sangêt.

Inginggil sampun kula aturakên, bilih kula mathuk saupami lajêng ngêdêgakên pakêmpalan jurnalis saumumipun. Dados ingriku lajêng botên ambedak-bedakakên bangsa. Sintêna kemawon inggih bangsa

--- 801 ---

tiyang Indonesia, Tionghoa, Arab, Filippina, Jêpan pupanadene bangsa Walandi pisan, anggêripun nama jurnalis inggih kengang-kenging kemawon lumêbêt dados warganing pakêmpalan. Nanging sêdyanipun pakêmpalan têmtunipun inggih lajêng beda sangêt, inggih punika botên sanès kajawi ngudi dhatêng kawruh: jurnalistiek. Dados inggih botên beda kados tiyang ingkang ngudi dhatêng kawruh: kadoktêran, palintangan, pamisah lan sanès-sanèsipun, lo, punika kados-kados inggih botên wontên pêprincènipun satunggal-satunggal, kados ta: kawruh kadoktêran Europa utawi Amerika, kawruh palintangan Asia utawi Afrika, nanging sadaya-sadaya wau kawruh internationaal, têgêsipun: kawruh umum sajagad. Makatên ugi kawruh jurnalistiek inggih kagolong kawruh internationaal, dados inggih botên wontên pêprincènipun.

Samangke angrêmbag sawatawis ingkang dados sabab-sababipun dene kula botên patos nocogi dhatêng wontênipun pakêmpalan jurnalis Asia punika. Sajatosipun kula rumaos tidha-tidha mênggah ingkang dados ancasing pakêmpalan wau, saupami saèstu kalampahan sagêd ngadêg. Jalaran kabêtahaning sawarnining bangsa Asia ingkang dêdunung wontên ingriki punika sami beda-beda, sanadyan sadaya-sadaya ingkang dados pêpuntoning sêdya namung pados... fulus. Tumraping bangsa Tionghoa, ingkang dipun agêngakên babagan among dagang. Saking agênging dêdaganganipun bangsa Tionghoa ing tanah ngriki, ngantos wontên sawênèhing sarjana ingkang anglahirakên pamanggihipun makatên: "Yèn bangsa Tionghoa nganti ninggal tanah Jawa, tanah Jawa mêsthi bakal rêkasa, sabab bangsa Tionghoa iku kêna diupamakake krêtêg, kang anggandhèng wong-wong Jawa karo para sudagar gêdhe kang anêkakake barang mrene. Makatên ugi bangsa Arab ingkang dêdunung wontên ingriki, ingkang dipun agêngakên inggih prakawis among dagang. Malah sawênèh wontên ingkang caranipun among dagang wau kanthi dipun saranani jumênêng bêndara tuan T (ien) T(waalf) T(erug), têgêsipun: satunggiling bêndara tuan ingkang purun ngêculakên 10, nanging wangsulipun inggih kêdah 12. Bangsa Filippina dêdunung wontên ingrkriki,[5] caranipun ngupados fulus, sarana barang musik. Dene bangsa Jêpang ngumbara ing tanah ngiriki,[6] sintên sumêrêp, mbokmanawi... namung among dagang kewala.

Ingriku têtela bilih kabêtahaning bangsa Asia warni-warni ingkang sami wontên ing tanah ngriki punika sadaya sami beda-beda, tuwin ingkang kathah-kathah adamêl kapitunaning rakyat ngriki. Jalaran mèh sadaya tindaking rakyat ngupados panggêsangan punika prasasat karêbat dening bangsa-bangsa Asia kasêbut inginggil.

Salajêngipun kadospundi ancasing pakêmpalan jurnalis Asia wau? Kabêtahaning bangsa pundi ingkang badhe dipun têngênakên? Mênggahing pangraos kula dayaning pakêmpalan wau inggih ngêmungakên saupami adamêl ada-ada ananggulangi kaum reactionnair, inggih punika kaum panglawan kamajêngan.

Pramila miturut wawasan ingkang kasêbut inginggil, kados botên prêlu katêrangakên malih, bilih ancasing pakêmpalan wau sagêd ajêg, inggih lajêng kenging kabadhe: kathah botênipun dipun sayogyani dening jurnalis bangsa Asia sanèsipun, jalaran, sampun têmtu kemawon, êmpon-êmponaning kamajênganipun para jurnalis wau, inggih atêgês kamajênganing tanah Indonesia dalah têtiyangipun, lan salajêngipun kamajênganing tanah Indonesia punika ngalamat kamunduraning bangsa Asia sanèsipun ingkang sami tumut adêdunung wontên ngriki, saha ingkang sami ngajêngakên panggêsanganipun.

Lah saupami ngantos kêlampahan makatên, dados têtela bilih bangsa Asia sanèsipun wau prasasat ajak-ajak anjirêt jangganipun piyambak. Dados nama anèh.!

Ingajêng sampun kaandharakên, bab badhe wontênipun ada-ada pakêmpalanipun para jurnalis punika tumrap raosing manah kula piyambak taksih tidha-tidha, jalaran mirib kawontênan-kawontênan ingkang sami kasat mripat samangke ewuhaya saèstu. Lampahing pakêmpalan botên badhe kajêmbarakên, dangu-dangu têmtu gadhah panêdha piyambak, nanging yèn tinurutan têmtu botên badhe subur gêsangipun, dene lajêng kathah sangêt pêpalang-pêpalang ingkang amalangi lumpating ancasipun pakêmpalan.

Hara! lajêng kadospundi budidayanipun. Sanadyan wontên budidaya ingkang sakintên kenging kangge dêdamêl ananggulang pêpalang wau upaminipun, nanging punapa kula sadaya sami botên sami ngrumaosi ringkihing kêkiyatanipun. Ewasamantên, sadaya-sadaya punika manawi pancèn sampun dipun niyati sayêktos, dhawahing pêpalang-pêpalang ingkang badhe ngebat-ebatakên santosanipun, inggih badhe sagêd linumpatan kalayan gampil, janji ngangge aji-aji saeka praya.

Awit saking punika, saupami bab badhe adêgipun pakêmpalan wau sampun kamanah matêng, kula kapêksa cawe-cawe, ing sadèrèngipun tumindak, ingkang kêdah katindakakên rumiyin, ajak-ajak manunggilakên ingatasipun bab punika, prêlunipun manawi sampun sagêd kapanggih rêmbagipun, ing têmbe botên badhe cêthunthungan anggèning sami lumampah wontên ing margi ingkang lunyunipun ngungkuli wod galega binalonyo ing kêndhal.

Dumugi samantên atur kula, mugi dadosa panggalihanipun para ingkang sami ngadani badhe adêging pakêmpalan jurnalis Asia wau. Ing salajêngipun ancas ingkang sakalangkung utami saha langkung prêmati sagêda kasêmbadan kanthi widada sarta wohing budidaya wau angenggalna lampahing kamajênganipun tanah Indonesia dalah têtiyangipun bangsaning PÊNTHUL.

--- 802 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pakêmpalan kêpêjahan wanita. Ing Banjarnêgara wontên ada-adanipun para wanita angêdêgakên pakêmpalan kapêjahan, warganipun sampun wontên 60, pakêmpalanipun nama: Tarbiyatul Anwat.[7] Ancasing sêdya samangsa wontên tiyang pêjah badhe têtulung saya manawi tumrap golongan wanita.

Punika sayêktosipun inggih satunggiling kamajêngan, awit limrahipun ingkang sampun, manawi wontên kapêjahan, tumrap golongan wanita, sanadyan ithu anggèning tandang tulung, sajak dèrèng katingal, beda manawi sampun pangawak pakêmpalan makatên punika.

[Grafik]

Nyêpêng tiyang damêl arak pêtêng kalihan mêjahi sawêr. Pèlpulisi ing Kisaran dipun pangagêngi mantri pulisi anggropyok griya panggenan damêl arak pêtêng, jangkêp sabutamalanipun sadaya. Enjingipun pulisi wau ambêkta vrachtauto badhe kangge ngêwrat barang-barang wau, wusana kasumêrêpan ingriku wontên sawêr agêng nuju nglêkêri babi, lajêng dipun pêjahi pisan. Sawêr wau panjaginipun 5 1/4 m.

Wontên margi kangge malêbêt dhatêng T.S. Ngayogya. Wontên pawartos, lare-lare ingkang botên katampèn ing voorklas Mulo tuwin klas 1, sagêd nglêbêti examen dhatêng T.S.

Punika satunggiling wênganan margi ingkang sampun pêpêt, mugi-mugi dados pitulungan yêktos.

Dayanipun Kyai Madrais mlêbêt ing Kuningan sampun suda. Kyai Madrais ing Kuningan ingkang misuwur ambangun agami enggal nama Pasundan Jawi, gadhah murid ewon, sabên taun sapisan ngawontênakên karamean ngantos satus dintên. Nanging ing wêkdal wau punika katingal sêpên, bokmanawi para murid sampun sami suda antêpipun.

Kamisuwuranipun para kyai ingkang lajêng suda makatên, punika kêrêp pinanggih, dene sababipun warni-warni, nanging ugi wontên ingkang têtêp salami-laminipun. Punika kenging kangge titik manawi sae punika inggih têtêp sae.

Kalawarti "Penghipur" saèstu badhe mêdal. Benjing wiwitaning wulan Juli ngajêng punika, kalawarti ingkang kanamakakên "Penghibur" saèstu badhe mêdal, isinipun kaangkah ngêwrat raos ingkang sagêd damêl panglipur wontên ing jaman malèsèd. Kalawarti wau badhe adhapur buku, ukuran 30 cm x 22 cm, mawi dêlancang sae, tapihipun mawi dipun cap mawi mangsi 2 warni. Rêginipun sawulan f 0.50 utawi 3 wulan f 1.35. Sawulan mêdal kaping kalih. Pangintunipun sêrat dhatêng Administratie "Penghibur", Pasarkliwon-straat, Sala.

Mugi wêdaling kalawarti "Pênghibur" widadaa sampun kirang satunggal punapa.

Ing Bumijawa awis têdha. Miturut pawartos, têtiyang siti ing Bumijawa sami kêkirangan uwos; ing sabên dintênipun têtiyangipun sami nêdha gêgodhongan; manawi dalu awis tiyang sagêd dilahan. Mirid pêpriksan, sabên griya 700, ingkang nandhang kamlaratan 500.

Ing sapunika wontên pawartos kados makatên, saèstu adamêl anglêsing manah. O, mugi kawontênan ingkang kados makatên punika tumuntên enggal sirêp. Tuwin mandhêga wartos kemawon.

Untabing tiyang nyambutdamêl kados toya bêna. Ing wêkdal punika ing Têmanggung nuju wontên bikakan padamêlan woningverbetering. Kathah têtiyang saking Kulonprogo sami pados padamêlan mriku, dados tukang batu, undhagi tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku katingal bilih kathah tiyang bêtah panggêsangan.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng katingal, bilih ing mangsa punika tiyang pados panggêsangan punika rêkaos sangêt.

Katrangan saking Parentah bab Mosvia. Awit saking atur pamitêrangipun pangrèh agêng P.P.B.B., Parentah andhawuhakên, bilih suwaking Bestuursschool, Mosvia ing Prabalingga tuwin Fort de Kock, punika namung sawatawis taun, nyarêngi jaman malèsèd, ing têmbe badhe karêmbag malih.

Dados mênggahing pangajêng-ajêng taksih wontên. Sukur.

Parêpatan botên saèstu. Wontên pawartos, P.N.I. pang ing Têmanggung mêntas badhe parêpatan, dipun dhatêngi ing tiyang kirang langkung 1500, manggèn ing griya gambar idhup. Nanging sande dening pangagênging griya gambar idhup pakèwêd nyukani palilah, saha ugi dipun pambêng dening ingkang wadana. Pinanggihipun botên damêl marêming ngakathah.

Lêlampahan kados makatên punika adhakan dados ginêm wontên ing pundi-pundi. Cobi dipun yêktosi kemawon.

Kamajêngan ing jaman malèsèd. Ing Kayên wontên pakêmpalan strijkorkest, sadaya têtabuhanipun sami damêlanipun piyambak, sadaya sampun tumindak sae, ingkang dados panuntuning pakêmpalan Tuwan Tashari (S).

Sayêktosipun bangsa Jawi punika kagolong gathekan, kathah kupiyanipun ingkang katingal. Kintên-kintên manawi saya kapèpèt, punapa botên saya mlêtik manahipun. Pinuji kemawon.

--- 803 ---

Congrès pakêmpalan Kawula ing Ngayogyakarta ingkang kaping kalih. Kawartosakên, P.K.N. badhe ngawontênakên congrès dipun jênêngi Bandara Pangeran Suryadiningrat. Ingkang badhe karêmbag ing bab prêlu-prêlu ingkang dados kabêtahaning kawula. Pakêmpalan wau sampun gadhah warga 180.000.

Tandangipun P.K.N tansah saya katingal, mugi salajêngipun sagêda anêrusi kados ing pangajêng-ajênging ngakathah.

Kasagêdan numpak sêpedhah motor. Pambatu Kajawèn martosakên, Tuwan Munaji ing Ngawi, gadhah kasagêdan numpak sêpedha motor ingkang sakalangkung ngedap-ngedapakên, patraping panumpak warni-warni. Tuwan Munaji wau mêntas numpak sêpedhaipun anjajah kitha-kitha ing tanah Jawi.

Punapa punika ugi botên kalêbêt kamajênganipun tiyang siti?

Pakêmpalan wanita Widawara ing Wêlèri. Ing Wêlèri punika sanadyan kitha alit, nanging katingal kamajênganipun, malah sapunika wontên pakêmpalanipun wanita nama Widawara. Ancasing sêdya badhe ngluhurakên drajading wanita, sarana nêtêpi kasusilan tuwin kuwajibaning wanita (P.W.).

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, wanita ingkang botên ngambah dhatêng pakêmpalan katingal anggènipun kekuk. Mila utami sangêt dene ing pundi-pundi lajêng tuwuh pakêmpalan wanita.

Jor-joran ngandhapakên prabeya. Têtumpakan ing Sêmarang jor-joran ngandhapakên prabeya. Bis saking Jombang dumugi alun-alun prabeyanipun namung 3 sèn. Trèm ing kitha saking Jombang dumugi alun-alun, rumiyin prabeyanipun 4 sèn, tuwin saking alun-alun dumugi Bulu, 3 sèn, sapunika kadamêl racak sami ngalih sèn. Malah dalah lampahipun ugi karikatakên.

Mangga samia mandhap malih, tiyang tamtu sami sênêng kemawon. Bok inggih tanpa ambayar pisan, têmtu inggih kemawon.

Rêrigên ananggulangi pès. Jalaran saking ngrêbdanipun sêsakit pès ing Garut, pakaryan pananggulang sêsakit pès tumandang mêjahi tikus-tikus ing griya. Kajawi punika ugi nindakakên rêrigên badhe andandosi margi-margi ingkang jêblog, awit ugi dados sarana nanggulangi sêsakit wau.

Kados têtiyang ing pakampungan inggih lajêng sami mangrêtos, bilih rêrigên wau migunani sayêktos. Lan ugi rumaos bêgja, dening jalaran saking wontêning sêsakit wau lajêng sagêd manggih margi sae.

Guru-guru sêkolahan dhusun sanès punggawa nagari. Kawartosakên, hoofdbestuur P.G.H.B. mêntas ngaturakên sêrat paturan dhatêng Departement Pangajaran, suraosipun nyuwunakên kindertoeslag dhatêng para guru dhusun, wusan[8]

angsal wangsulan awaton staadblad, guru sêkolahan dhusun punika sanès punggawa nagari. Bab punika hoofdbestuur lajng gadhah atur dhatêng Raad Kawula. Kodos punapa gêlanipun para guru dhusun, dene manggih panganggêp kados makatên. Botên langkung pinuji mugi angsala pamarêm, kados ingkang dados krêntêging manah.

ASIA.

Tindakipun Jendral Ma Chan San. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Ma Chan San sami buyar dening kadhêsêg wadya Jêpan, ingkang ngêpang wadya Tionghoa, malah wadya-wadya ingkang kêplajêng lajêng asrah badan. Nanging wadyanipun Jendral Ma wau ugi wontên ingkang nêmpuh Oshan, inggih punika satunggiling sêtasiun sêpur ingkang wêkasan. Wontên ingriku lajêng anjarah rayah. Wadya Jêpan lajêng mangsah gêntos, sarêng sampun pêrang tigang jam, sagêd ngawonakên mêngsah. Jendral Ma Chan San lajêng anggêlêngakên wadyanipun ingkang sampun pating blêsar, lajêng sagêd madêg santosa malih.

Brandhal nêmpun Acheng. Sagolonganing brandhal cacah 6000 nêmpuh dhatêng panggenan-panggenan ingkang tiyangipun kathah, jalaran sami kêkirangan têdha. Tumrap brandhal ingkang gadhah mriyêm lajêng campuh kalihan wadya Jêpan, nanging golongan brandhal kawon. Brandhal tiwas 50. Para brandhal sanèsipun saya rêsah, anjarah rayah samargi-margi.

[Grafik]

EROPA.

Tiyang ingkang nangani tilas nata ing Sêpanyol dipun cêpêng pulisi. Kacariyos nalika Alfonso tilas nata ing Sêpanyol dumugi Marseille dipun tangani ing tiyang. Dene ingkang nangani wau sawênèhipun kuli bangsa Spanyol nama Gonzales Macanares. Inginggil punika gambaripun tiyang wau nalika dipun cêpêng ing pulisi.

[Grafik]

Layonipun president Doumer nalika wontên ing kreta. Para maos kados taksih èngêt dhatêng bab sedanipun President Doumer ing Prancis. Inginggil punika gambaripun layoning sang president wau nalika kaêmot ing kreta badhe kabêkta dhatêng greja Notre Dame.

--- 804 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

18.

Botên dangu ambikaki wadhah barang-barang malih, nuwèni bokmanawi wontên barang ingkang kasupèn, lajêng nglêmpak-nglêmpakakên prabot panyêratan, bokmanawi badhe kangge wontên ing purug. Patrap kados makatên punika kenging kangge tôndha saksi, bilih tiyang sêpuh punika tumrapipun dhatêng anak putu namung kêbak katrêsnan.

Sayêktosipun manawi dipun manah, sababipun anggèning Radèn Ayu Prawira muwun punika botên mantuk ing nalar, awit saupamni muwuni putra ingkang badhe kesah, Radèn Ayu Prawira sampun kêrêp pêpisahan kalihan putra, yèn ta nyamarakên prakawis anggèning putra dipun cakot ing sagawon, inggih botên mèmpêr, awit lêlampahan kados makatên punika sampun kêrêp pinanggih, nanging inggih botên ambêbayani. Dados mênggahing pamuwunipun wau, anggadhahi raos kados sasmitaning Pangeran, ingkang tiyang botên sagêd anggayuh. Lan malih sanadyan Radèn Ayu Prawira sampun kêtrucut pangandikanipun ingkang raos kados nyupatani dhatêng putra, nanging ugi lajêng nyêlêt kanthi angandhasakên panalôngsa, mugi Pangeran maringana pangapura dhatêng Radèn Sumarta, sampun ngantos anêmahi ingkang botên-botên.

Ing kala punika kathah tiyang ingkang sami tuwi, martosakên ing bab lêlampahanipun Radèn Sumarta. Radèn Sumarta mangsuli bilih botên dados punapa, dene anggènipun dhatêng Batawi, namung salugu jêjampi, ingkang botên sapintêna dangunipun, dados botên prêlu kawigatosakên sangêt-sangêt. Bidhalipun badhe piyambakan kemawon, botên usah dipun untapakên tiyang kathah.

Mênggahing kabatosanipun Radèn Sumarta, anggènipun dhatêng Batawi punika malah sangu kabingahan, dening badhe nilar balegriya ingkang araos damêl supêk, saha wontênipun ing Batawi lajêng badhe kapanggih kalihan tiyang ingkang dados woding manah, inggih punika Nonah Dhorah.

Tumrapipun Radèn Ngantèn Sumarta, botên mangrêtos, punapaa têka inggih gampil têmên wêdaling tangisipun. Saya sarêng sumêrêp bidhaling guru laki numpak sêpur, sumêdhoting manah kados araos botên badhe pinanggih malih. Inggih lêrês Radèn Ngantèn Sumarta trêsna lan bêkti dhatêng guru laki, nanging manawi ngèngêti lêlampahanipun kados makatên, pisahipun kalihan guru laki punika malah kados manggih papan ombèr, saha malah gadhah pangajêng-ajêng, bokmanawi benjing sawangsulipun ingkang jalêr sagêd èngêt. Nanging anèh têmên, têka raos ingkang kados makatên punika lajêng malik, linintu isi tangis.

Sabidhaling sêpur, Radèn Ngantèn Sumarta saya sangêt ing panangisipun, lajêng dipun salamur ngêkêp-ngêkêp anak, dipun ambungi minôngka dados panambak tangis.

Radèn Ayu Prawira lajêng ngandika kados ngêngimur: Wis ayo dhuk mulih, ing ngomah sêlak ora ana uwong.

Radèn Ngantèn Sumarta mangsuli: Kula piyambak inggih botên mangrêtos bu, manah kula têka karaos botên sakeca, kintên-kintên dangu icalipun.

Wis lumrah dhuk, wong katêmbèn ditinggal bojo iku rasane kaya ngono.

Sajatosipun, sanadyan Radèn Ayu Prawira piyambak sagêd ngêngimur kados makatên, nanging ing galih inggih trataban. Dados anggèning ngandika kados makatên wau namung kangge ngêngimur manahipun Radèn Ngantèn Sumarta kemawon, ing batosipun inggih botên beda.

10. Pinanggih malih

Gêntos kacariyos, amangsuli Nonah Dhorah ingkang wontên ing Batawi. Salêbêtipun kalih taun, Nonah Dhorah pamanahanipun sampun santun, botên angèngêti dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr. Wontênipun makatên, amargi Nonah Dhorah lajêng amanggih lêlampahan, ingkang lajêng nyupèkakên dhatêng pamanahan warni-warni, kados ta: sarêng anggènipun wontên ing Batawi sampun sataun, lajêng dipun tilar ngajal bapakipun, namung sakit sawatawis dintên. Sarêng Nonah Dhorah tampi pawartos saking pangagênging nagari bab ngajaling tiyang sêpuhipun, manahipun lajêng pêpês, rumaos manawi ing donya punika namung isi kasusahan, sampun lola, botên gadhah sanak kadang, sarta ngrumaosi bilih katrêsnan ingkang têtêp punika namung wontên ing tiyang sêpuh. Ing ngriku lajêng nuwuhakên piduwung, ing bab anggèning wangsul dhatêng Batawi anglajêngakên sêkolah punika namung atêgês ngècèr-ècèr lampah ingkang adamêl kapitunan.

Makatên malih manawi ngèngêti, anggèning tiyang sêpuhipun tanpa kanthi, pancènipun sampun cêkap sêkolah kados ingkang sampun kemawon, awit tumrap gêgayutanipun kalihan warga, mênggahing Tuwan Be, inggih namung dhatêng Nonah Dhorah thok, nanging sarèhning sadaya punika saking pamardining tiyang sêpuh, anak namung wajib manut miturut. (Badhe kasambêtan)

--- 97 ---

Nomêr 25, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Dolanan ingkang Migunani

Panjurung saking: Sugiri, guru dhusun ing Pêkalongan

Ngèngêti cacah yutan, murih sampun ngantos kêsupèn ing sawatawis lami, punika rekanipun kawaosa pinêtha kadosdene têmbung-têmbunging ukara. Dene murih sagêdipun makatên punika, ingkang rumiyin kêdah ngèngêtana dhatêng têmbung-têmbunging ôngka 1 dumugi 0. Nanging sabên têmbung kaucapna wandanipun ingkang pungkasan kemawon. Kados ta: 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0. Pamaosipun: ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, lu, nga, das. Rèhning wontên wandanipun ingkang kêmbar: lu= 3 kalihan: lu= 8, punika murugakên damêl samaring apilan. Prayoginipun angkanipun, 8 kaucapna: bu. Dados sadaya kaucap: ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, bu, nga, das. Lajêng ngèngêtana nglêgênanipun: ja, ra, la, pa, ma, na, ta, ba, nga, da.

Dados sapunika yèn badhe ngrumpaka murih dadosing têmbunging cacah mênapa kemawon, aksara wau karakêtana ing sandhangan sapêrlunipun. Upami cacah 13 kenging kawaos: jala, juluk, njaluk... 18 = jêbug, jrambah lan sanès-sanèsipun malih. Dene yèn badhe migunakakên carakan, murih jangkêpipun aksara kalih dasa, prêlu kangge kabêtahaning ukara pèngêting cacah yutan. Prayoginipun sabên ôngka kaucapna ngangge satunggaling aksara ngalih iji ingkang nyawarni, kapiliha pundi ingkang prêlu kangge. Kados ta: 1 kaucapna: ja, utawi: ca. Sabab pasanganipun mèh sami, 2= ra, utawi: ga. Sabab sawarni, salajêngipun ingkang warninipun sairib, têrangipun: 1 caja, 2 raga, 3 laha, 4 paya, 5 madha, 6 naka, 7 wata, 8 banya, 9 thanga, 0 sada.

Ugêr aksara punika sampun lumèngkèt ing angên-angên, nadyan ngèngêtana cacah sapintên kemawon, mêsthi botên badhe kèwêdan malih. Upami badhe mèngêti angkaning lot: 5637812490. Punika kenging rineka ukara warni-warni, kados ta: mênang lotre banjur rêpèn ngidung, punapa: mênèk awak bêgja rak ya ngadêg, utawi: mikul arta bêjan rong pêthi sap, lan sanès-sanèsipun malih. Sanajana upami sadaya ôngka wau sawarni, upami: 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1. Inggih mêksa

--- 98 ---

kenging rineka ukara: jajal, jajal cacah jèjèr janji cocog, ja crak-crik. Lan sanès-sanèsipun. Cêkakipun kenging kareka sakajêng-kajêng. Ananging kirang prêlu murih luwêsing ukara, jêr punika dede bakuning ukara ingkang prêlu kasêrat, murih kasumêrêpan ing ngakathah, kadosdening côndrasangkala. Namung maligi kangge apilaning ciptanipun piyambab.[9] Kados ta: apilan bab: bolong rapêting pangrenda, dhakon, petang pananggalan, katêmtuan jam lampahing tumpakan, lan cacah sanès-sanèsipun malih ingkang prêlu kaapilakên.

Gila Wêruh Ulêr

Gambuh

mungguh wong gila iku / pancèn ora kêna rinarêmbug / nadyan tansah dituturi wira-wiri / mêksa ajêg gilanipun / lagi wêruh bae êmoh //

dene sarananipun / ora liya amung tansah emut / wêruha yèn kewan kang gilani kuwi / ora bakal bisa ngamuk / nyundhang bijig lawan nyaplok //

beda lan wêdi iku / isih kêna diwèhi pitutur / apamanèh diistiyari mawarni / mêsthi suda ajrihipun / kapara mari sayêktos //

Pak Kêmis kang cinatur / wayah sore samana pinuju / diundang ing tanggane ngêpung kêndhuri / rampung dongane ki kaum / tumuli didumi godhong //

cêg jinèrèng ronipun / ora nganggo ewuh lan pakewuh / dumadakan ana ulêre nglênggirik / marga saking gilanipun / mênyat kambi buwang godhong //

lumayu ora emut / sipat kuping nrajang têngahipun / ambêng sarta lawuh akèh morak-marik / sikil karo gubrah sêkul / têkan ngomah krênggas-krênggos //

kancane mulih nglênthung / nguman-uman Pakne Kêmis mau / wênèh ana ngira yèn Pak Kêmis kuwi / duwe lara edan taun / nging ana kang ngrêti yêktos //

banjur awèh pitutur / yèn Pak Kêmis gilane saklangkung / marang ulêr satêmah ngapura sami / ring Pak Kêmis dosanipun / kang sêmbrana ngancam batos //

durung lawas panuju / Pakne Kêmis dijaluki tulung / ing tanggane dikon padha amrithili / kacang brul lan kancanipun / kang sumêdya ngancam awon //

Pakne Kêmis asêngkud / nyênêngke ring kang jaluk tulung /[10] cekat-cèkêt ati ora wigah-wigih / supaya enggala rampung / lir gawene dhewe mamon //

mulane sadhela wus / kêbak tenggok kang diadhêp iku / nuli clathu: aku wis olèh sasênik / tangane karo angacung / nudingi kancane lunggoh //

yèku Sura ranipun / kang angancam duk kêndhuri wau / jroning ati Si Sura rumasa isin / kalah rikat tandangipun / ati tansah ngontog-ontog //

gone mrithili iku / lingak-linguk ulêr kang linuru / dumadakan tangane Si Sura nuli / andêmèk ulêr mak kênul / cêg inguncalkên nèng pangkon //

Pak Kêmis banjur jumbul / ora emut tenggoke jinunjung / kinabrukkên ing gundhule Sura nuli / lumayu ajumbul-jumbul / ngok-bêngok ngundang sing wadon //

Hi, hi, kathok-kathokku / bola-bali mung mangkono iku [i...]

--- 99 ---

[...ku] '/ bokne Kêmis wis ngrêti enggal mêtoni / ulêre banjur jinupuk / trus binuwang tiba adoh //

Bok Kêmis amêcucu / plêca-plêcu alise atêpung / dene têka sêmbrana kêpati-pati / ora têpa-têpa iku / gawe dolanan marang wong //

Pak Kêmis isih nruthuk / thuk-êthukan lambe biru kêcu / rai katon abang dluwang lir wong mati / ambêkane kêmpas-kêmpus / anake lanang malompong //

gandi[11] Sura cinatur / sauwise gundhule dikabruk / dilus-êlus amarga karasa sakit / tur tansah padha tinutuh / dening wong akèh ing kono //

malah ana calathu: / upamane Pakne Kêmis mau / nyêkêl arit mêsthi kowe anêmahi / adus gêtih gêgundhulmu / sida ana titir gobyog //

wis cuthêl dongèng iku / rasakêna sajroning atimu / yèn korasa dadi tuladha kang bêcik / bisa salamêt awakmu / suk tak dongèngi kang elok //

Aku pamanmu, Wangon.

Lucon, Ora Lucu

Ana wong bumi têtanggan karo wong ngamônca, jalaran saka kurang anjajahe mênyang sêsurupan, uwong mau nganti rumasa gumun, dene tanggane mau athik bisa caturan nganggo basa, sing dhèwèke ora ngrêti, dalah tatacarane bae iya beda. Saka bangête anggone ngrasakake, samubarang apa kang disumurupi ana panggonaning tanggane mau, tansah disatitèkake, saya disatitèkake manèh ing bab tindaking bocah-bocah tôngga ing sabên dinane, kuwi ora ana sing ngiribi kaya caraning anake, iya ing bab apa bae.

Sawiji dina ana bocah tôngga mau loro kakang adhi jênênge Nyo Klênthêng karo Nyo Ganthêng, padha dolanan ana nglatar, caturane pating cruwèt ora ngrêtèkake. Nyo loro mau banjur padha main dhadhu, gênti ngopyok.

[Grafik]

Tôngga wong bumi mau tansah nyawang bae, nganti andombêlong. Suwe-suwe nyo loro mau ana sing kalah pamaine, banjur nangis.

Barêng nyo mau nangis, wong tôngga mau banjur alok karo angguyu: êlo, barêng nangis kok bisa nangis cara Jawa, kaya tangise thole, aku ya ngrêti. Dadi: ya padha, ta.

--- 100 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 49

Ambatang cangkriman ingkang kaping tiga.

[Maskumambang]

sanalika Wêlas abangêt prihatin / mung ora katara / nanging sajêroning ati / asambat kalara-lara //

satêkaning ngomah ketok mrêbês mili / alinggih dhewekan / cangkêm muni andrêmimil / mangkene anggone kôndha //

ambak uwong anggêr bae bisa muni / jarene cangkriman / dene ora uwis-uwis / apa ngono cara raja //

harak dadi ora kêna diantêpi / yèn kêbo sapia / bisa anggocèki tali / yèn wong anggocèki apa //

apa pancèn ngarah aku cikbèn mati / yèn isiha bapak / kêna tak sambat sêbuti / mêngko sambat mênyang sapa //

dhèk samana Jaka Kawasa nyêdhaki / takon gêlayêman / yak ana apa ta kuwi / dene kôndha galur dawa //

Wêlas nolèh karo nyêntak gone muni / bok ya nganggo nyawang / ulatku rak ora manis / aja koajak sêmbranan //

Ki Kawasa mangsuli karo nyêkikik / ya ora sêmbranan / rak lumrah wong takon kuwi / nganggo guyon sawatara //

saka judhêg Wêlas ora amangsuli / mênêng tanpa kôndha / nuli turu anggalinting / pangoroke sêsênggoran //

dhèk samana wayahe wis rada bêngi / Ki Jaka Kawasa / nuli mara anyadhêki /anyêdhaki ngiling-ilingi lan kôndha //

ketok têmên Wêlas anggone prihatin / ya môngsa wurunga / kowe mêsthi rabi putri / aku sing labuh rêkasa //

Ki Kawasa banjur mêtu amarani / gone putri setan / ing kono miyos sang putri / mabur rikat kaya kilat //

Ki Kawasa enggal-enggal anututi / rai anjrababag / saka bangêt muring-muring / murinani mênyang Wêlas //

barang[12] cêdhak putri banjur digêbugi / nganti sambat-sambat / nglèmprèh kaya ngrasa mati / nanging mêksa bisa oncat //

nuli nyêngka ature sang rajaputri / sauwise têkan / gone ratu setan nuli / bangêt gone sambat-sambat //

dhuh pukulun sapunika kadospundi / kula katiwasan / cangkriman kêbadhe malih / kula tamtu katiwasan //

sanalika ratu setan amacicil / lan ambêngok kôndha / aja samar kowe putri / samêngko sira kôndhaa //

kon ambatang cangkriman wêkasan iki / kowe ambatina / iki lo sirahku iki / wis ayo nuli balia //

aja samar ayo kowe tak tut buri / sang putri abungah / nuli rêrikatan bali / ditêrake ratu setan //

gumarubug lakune digiring angin / lan udan kumrasak / swarane agawe giris / wong sing ngrungu padha samar //

Ki Kawasa ora adoh êtut wuri / ora kawêruhan / saparane mung kêkinthil / asamar yèn kêtilapan //

ketok bangêt sang putri agêng ing galih / rumaos kabêgjan / bakal agawe pêpati / panggalihe bakal lêga //

Kang mangkono Kawasa panas ing ati / ing batin anggagas / tak kapakake wong iki / bèn aja saya andadra // Ana sambungane.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. sagêd. (kembali)
sagêd.
2. Sengkalan: kanthi trêsna ngèsthi sawiji (Sêlasa Pon, 12 Bêsar 1862 A.J., Selasa, 19 April 1932 A.D.). (kembali)
Sengkalan: kanthi trêsna ngèsthi sawiji (Sêlasa Pon, 12 Bêsar 1862 A.J., Selasa, 19 April 1932 A.D.).
3. kula. (kembali)
kula.
4. gadhahanipun. (kembali)
gadhahanipun.
5. ingriki. (kembali)
ingriki.
6. ngriki. (kembali)
ngriki.
7. Akhwat. (kembali)
Akhwat.
8. wusana. (kembali)
wusana.
9. piyambak. (kembali)
piyambak.
10. Kurang satu suku kata: nyênêngake ring kang jaluk tulung. (kembali)
Kurang satu suku kata: nyênêngake ring kang jaluk tulung.
11. ganti. (kembali)
ganti.
12. barêng. (kembali)
barêng.