Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-09, #687

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-09, #687. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-09, #687. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 55, 3 Mulud Dal 1863, 9 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [853] ---

Ăngka 55, 3 Mulud Dal 1863, 9 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tapanuli - Sêrat Sariswara - Ilatbaya - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Manggih Kamulyan ing Purug - Adpêrtènsi - Pangudaraos Wanci Bangun Enjing - Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tapanuli

[Grafik]

Sêsawangan margi ing rêdi sacêlakipun têlaga Toba, Tapanuli, Sumatra.

--- 854 ---

Kagunan Jawi

Sêrat Sariswara, Jilid I. Karanganipun Ki Hajar Dewantara, kaêcap ing pangêcapanipun J.B. Wolters,1931.

Sakalangkung agênging manah kula, dene panjênênganipun Ki Hajar Dewantara sampun sagêd andamêl buku: Sêrat Sariswara, jillid I, ingkang agêng sangêt paedahipun tumrap dhêdhasaring raos kabangsan. Sadaya ingkang kasêbut ing Sêrat Sariswara wau sabagean agêng tansah kula luhurakên kalihan kula pêpuji sagêda kados tujuning panggalihipun sang pêngarang. Namung sarèhning Sêrat Sariswara wau badhe dados têtalêsing pagajaran bab karawitan laras jawi, mila kula botên pakewêd urun pamanggih, sanadyan namung sakêdhik, ananging kula manah prêlu, inggih punika ingkang kasêbut ing Sêrat Sariswara kaca 10 dumugi kaca 11 garis tiga wêlas saking nginggil.

Ing ngriku nyêbutakên bab pamathok suwantêning laras. Pamathokipun miturut slendro pathêt nêm, sanga, manyura, kawujudakên ăngka: 1, 2, 3, 4, 5. Sampun têrang ăngka wau manawi cara musik kilenan dipun wastani: do, re, mi, fa, sol, la, si. Dados têgêsipun panjênênganipun sang pêngarang sumêdya andamêl do, re, mi Jawi.

Anggènipun damêl pathokan suwantên mawi ăngka punika kula botên rujuk sangêt, jalaran wilahaning găngsa ingkang sampun kalampah wontên ing golonganing para ahli gêndhing ăngka wau sampun dados namaning wilahan satunggal-tunggal. Kados ta ing laras slendro ăngka 1 dados wujuding: laras barang (utawi manis), 2 gulu, 3 têngah, 5 gangsal, 6 nêm.

Ing laras pelog:

Ăngka 1 dados wujuding: laras panunggul, 2 gulu, 3 têngah, 4 pelog (inggih punika antawising: gangsal lan têngah) 5 gangsal, 6 nêm, 7 barang (antawisipun 1 lan 6).

Dados manawi pathokaning suwantên laras ing Sêrat Sariswara wau dipun sêrat mawi ăngka, lajêng cawuk kisruh ruwêd kalihan ăngka ing nginggil punika. Awit ăngka ing nginggil punika sampun kalampah sangêt lan sampun tumancêb dhatêng pangrêtos tuwin raosipun ingkang sami ahli gêndhing. Malah sampun wontên pintên-pintên atus gêndhing ingkang kasêrat mawi ăngka wau, inggih punika:

1. Buku Nut Gêndhing Slendro, dening Jakub lan Wigya Rumêksa, wêdalan Bale Pustaka, seri nomêr: 196, sampun sumêbar ing ngakathah.

2. Buku Pasinaon Nabuh Gamêlan, karangane para liding komisi pasinaonan nabuh gamêlan ing pahêman Radya Pustaka Surakarta, 1924.

3. Ingkang sampun sumêbar dados cathêtanipun para niyaga satanah Jawi.

Awit saking kawontênan ing nginggil punika, kula ngaturakên pamrayogi dhatêng Ki Hajar Dewantara, [Dewanta...]

--- 855 ---

[...ra,] supados suwantêning laras ingakang dipun sêrat mawi ăngka wau prêlu kêdah dipun santuni. Manawi panjênênganipun Ki Hajar nayogyani dhatêng pamrayogi kula, santunipun ăngka pathokaning laras wau kula inggih sampun gadhah pamanggih kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Băngsa kula Jawi punika wiwit jaman kina sampun gadhah kêdaling suwantên laras, nanging dèrèng dipun tata, pramila inggih dèrèng dados pathokan ingkang têtêp. Saking pamanggih kula barang kina wau kula tata, kula dadosakên kadosdene do re mi, lajêng kula aturakên panjênênganipun Ki Hajar, inggih punika: suwantêning lambe anirokakên wilahaning găngsa,kados ta:

ning (suwantên i, lêrês) | ning (wulu cêcak, limrah ee) | nung, nang, nong, nèng,

Panata kula makatên:

a. Ing slendro pathêt 9, utawi pelog 5, sarta 6,

ning , kangge wilahan têngah, | ning, kangge wilah gulu, | nung, kangge wilah barang, | nang, kangge wilah nêm, | nong, kangge wilah gangsal,

b. Ing slendro pathêt manyura, utawi pelog barang sarta manyura,

ning, kangge wilahan gangsal, | ning, kangge wilahan têngah, | nung, kangge wilahan gulu, | nang, kangge wilahan barang, | nong, kangge wilahan nêm.

Dene wilahan pelog (4) punika nganggea: nèng

Namung ing găngsa pelog punika lèrag-lèrègipun larasing wilahan botên gampil kados ing găngsa slendro, sabab antawisipun satunggal lan satunggalipun larasing wilahan punika wontên ing pelog botên sami têbih cêlakipun. Samantên kemawon kados sampun nyêkapi.

Bab laras salêbêting pathêt nêm slendro punika pancèn rungsit sangêt, dados katranganipun botên cêkap karêmbag wontên ing ngriki.

Sadaya ingkang kula sêrat: ning, nang, nung, sapanunggilanipun wau kenging kawujudakên mawi pêpêthan kados ing ngandhap punika:

[Grafik] = ning | [Grafik] = ning | [Grafik] = nung | [Grafik] = nang | [Grafik] = nong | [Grafik] = nèng

Botên langkung sadaya ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika mugi dadosa panggalihanipun ingkang kawogan. (Badhe kasambêtan)

Katandhan, Kodrat, S. Sastra Suwignya.

Karangan ing nginggil punika, redhaksi Kajawèn dèrèng sagêd mastani lêrês lêpatipun, makatên ugi tumrap panjênênganipun Ki Hajar Dewantara, anggèning ngarang pathokan, bokmanawi sampun kagalih murih gampil dipun sinau ing ngakathah. Ewadene redhaksi Kajawèn namung nyumanggakakên dhatêng ingkang wajib anêrangakên.

Red.

--- 856 ---

Bab Tanêman

Ilatbaya

Ilatbaya punika satunggiling thêthukulan ingkang limrahipun botên dipun tanêm ing tiyang, sanadyan dipun tanêma, inggih namung kangge pagêring pakarangan, dados nama botên kangge adèn-adèn, utawi kangge pasrèn. Malah limrahipun băngsa Jawi, ilatbaya punika kaanggêp tanêman ingkang nyarangi pakarangan, mila sabên katingal tuwuh lajêng dipun pêjahi.

Sarèhning sampun limrah, liatbaya punika dipun anggêp kados makatên, pinanggihipun botên nate dipun têngênakên ing tiyang.

[Grafik]

Tanah Ostraliah, ingkang mawi garis-garis, pasitèn ingkang kêtuwuhan ilatbaya.

Tumrapipun băngsa Jawi, ingkang dipun wastani ilatbaya punika namung sawarni, inggih punika ingkang gèpèng, wontênipun dipun namakakên makatên, bokmanawi dipun iribakên kados ilating baya. Sarèhning namanipun mirid saking wujud, mila tumraping thêthukulan sanès, ingkang bangsanipun punika, lajêng dipun wastani thêthukulan sanès băngsa. Măngka mênggahing salugunipun, miturut katrangan ingkang pinanggih ing pangudi, bangsaning ilatbaya punika warni-warni sangêt, langkung saking satusan, băngsa ngamănca mastani cactus. Dados mênggahing golonganipun agêng botên beda kadosdene klapa, anggrèk, sukêt, tuwin sanès-sanèsipun.

Pinanggihipun wontên ing pagudi tuwin cocoging kalihan raos, thêthukulan wau lajêng dipun anggêp sae lan nêngsêmakên, mila thêthukulan kados makatên punika lajêng kathah ingkang dipun tanêm wontên ing pot-pot ingkang pèni, dipun pasang wontên ing papan ingkang prayogi. Dene ingkang dipun anggêp nêngsêmakên, kajawi godhong (inggih witipun) beda-beda, sêkaripun inggih beda-beda malih, tur măncawarni. Tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, botên ngintên manawi tanêman ingkang kakintên sanês bangsaning ilatbaya, jêbul bangsanipun, kados ta wit suru, bangsaning tanêman ingkang sêkaripun mêdal ing godhong, kayu urip tuwin sanès-sanèsipun.

Dene mênggahing damêlipun, ing nginggil sampun kacariyosakên: botên wontên, kajawi namung kangge pagêring pakarangan, samantên punika, limrahipun namung tumrap pakarangan ing dhusun-dhusun, awit wujudipun botên sae, namung ngangkah kiyatipun tuwin gampiling pananêm. Saking gampiling gêsangipun ilatbaya punika sagêd gêsang tanpa pilih siti, malah sanadyan dipun gantung kemawon, waton kêbunan inggih sagêd gêsang.

Padhusunan-padhusunan ingkang apagêr ilatbaya, limrahipun namung padhusunan ingkang pasitènipun cêngkar, wontên ugi pakampungan ing salêbêting kitha [ki...]

--- 857 ---

[...tha] ingkang ugi apêpagêr bangsaning ilatbaya, inggih punika suru. Tumrap pagêr ilatbaya ingkang sampun kawak, saèstu santosa sangêt, sagêd rapêt tuwin mitayani, awit witipun kêbak êri, êrinipun landhêp gêtasan, manawi ngèngingi tiyang, araos gatêl, gampil coklèk wontên salêbêting tatu. Uwitipun botên dipun doyani ing rajakaya, mila kenging dipun wastani kalis ing sabab.

[Grafik]

Wana ilatbaya sasampuning rêsik tinêmpuh ing kewan alit.

Pancènipun ilatbaya punika migunani kangge pagêr, nanging manawi botên dipun upakara, sagêd ngămbra-ămbra tanpa watês, wusana adamêl kapitunan.

Tamtunipun para maos dèrèng pitados ing bab ngămbra-ambranipun tanêman ilatbaya, punika inggih mèmpêr, awit tumrapipun tanah Jawi pancèn botên wontên cêcariyosanipun. Dene tanêman ilatbaya ingkang damêl kapitunan, pinanggih wontên ing Ostraliah, cêcariyosanipun kados ing ngandhap punika:

Nalika jamanipun tanah Ostraliah sawêg enggalan kadhatêngakên băngsa Eropah, wontên băngsa Inggris nama Dr. Carlisle dhatêng ing ngriku ambêkta pêthetan ilatbaya, kajêngipun inggih namung badhe kangge sênêng-sênêng kemawon, pambêktanipun namung wontên ing êpot, kanthi dipun prêtèni sae sangêt, nandhakakên manawi tanêman wau kaanggêp adi. Sadumugining Ostraliah, tuwan wau lajêng abikak kêbon wontên ing laladan Queensland tuwin New Shout Wales kala samantên juru kêbonipun tuwan wau rêmên sangêt dhatêng tanêman ilatbaya, lajêng dipun tangkar-tangkarakên, pamanggihipun, manawi nuju măngsa katiga, ilatbaya wau kenging kangge lintuning pakan lêmbu.

Sarêng ilatbaya wau sampun katanjakakên, gêsangipun katingal subur, cocog kalihan pasitènipun. Botên lami tanêman wau sampun katingal ngămbra-ămbra. Wusana lami-lami ilatbaya wau sampun saya ngămbra-ămbra sangêt, ngantos ngedap-edapakên, sagêd angèbêki pasitèn ingkang jêmbaripun 25.000.000 bau, malah dangu-dangu jêmbaring pasitèn ingkang kêtuwuhan ilatbaya wau ngungkuli pasitèn ingkang dipun garap ing tiyang satanah Ostraliah. Badhe kasambêtan.

--- 858 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

Sababipun makatên: têtiyang bucalan ingkang dèrèng kamardikakakên saha taksih manggèn ing kampung A, sêdyanipun botên badhe pindhah dhatêng sanès kampung, ananging ing sarèhning karsanipun panjênênganipun Tuwan Asistèn Residhèn Mèstêr But kampung A punika kakobrakakên, nanging manawi têtiyang bucalan ingkang manggèn ing kampung punika têtêp botên pindhah inggih kenging, dene prakawis rêsiking margi kasanggi piyambak, cakruk pulisi panjagi katêntrêman ing kampung A kasuwak. Lurah kampung A kadadosakên lurah Tanah Merah (Lurah kampung C saha B), lurah kampung C dados pêmbantu, dene lurah kampung B katut ing golongan kamardikan ingkang kaping tiga. Lurah Tanah Merah lajêng pindhah ing kampung C. Dados ramening têtiyang bucalan ing kampung A pindhah anyarêngi têtiyang bucalan ingkang kawangsulakên dhatêng tanah wutah rahipun punika, jalaran cakruk kasuwak saha lurahipun sampun pindhah dhatêng kampung C.

Wiwit tanggal 18 dumugi tanggal 21 Pèbruari 1932, polahipun têtiyang bucalan ingkang sami usung-usung barang-barang (pindhah griya) saha têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên ngusungi barang dhatêng palabuhan, punika mèh kenging kabasakakên kadosdene gabah dipun intêri.

Têtiyang bucalan ingkang badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun ing malêm badhe bidhalipun ingkang dêdunung ing kampung A sami ngungsi nyipêng ing kampung C, kajawi sadhèrèk sawatawis kalêbêt kula piyambak. Ing dalu punika ing kampung A sêpên sangêt, ing adat kalimrahanipun wontên găngsa mungêl, utawi manawi lumampah ngubêngi kampung A taksih sok mrangguli tiyang main trup, ananging ing dalu punika sêpên nyênyêt.

Ing dalu punika kula botên sagêd tilêm, kintên-kintên jam kalih dalu kula mêdal nêdya pados rèk dhatêng griyanipun sadhèrèk Mastur (ing wêkdal punika kalêrês katêlasan rèk) kalêrês piyambakipun anggodhog wedang badhe kangge damêl wedang kopi. Kula pitakèn punapa dèrèng tilêm. Wangsulanipun bilih piyambakipun botên sagêd tilêm.

Sasumêrêp kula kampung A ingkang sisih têngah sampun botên kadunungan tiyang, bokmanawi sapêngkêr kula griya-priya punika inggih dipun risak kados kampung sanès-sanèsipun.

Miturut wicantênipun têtiyang bucalan ingkang manggèn ing Kauman botên nêdya badhe pindhah, pancèn inggih wontên èmpêripun jalaran Kauman punika cêlak kalihan kampung C, dados bilih wontên têtiyang Papuah nêdya damêl rêrêsah sagêd enggal katulungan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 859 ---

Wulang Sae

Manggih Kamulyan ing Purug

Ing karangan punika nyariyosakên lêlampahanipun Radèn Cakradiwirya, anggèning manggih kamulyan wontên ing Sumatra. Mênggah mula bukaning cariyos:

[Grafik]

Kêbon sata ing kabudidayan Medhan Dhèli.

Radèn Cakradiwirya bin Radèn Cakrawijaya punika darah saking Bathara Katong, Panaraga, Madiun. Nalika taksih alit katilar ngajal rama ibunipun, lajêng dipun pupu bapa pamanipun kabêkta dhatêng nagari Sêmarang, dagang. Kalêbêtakên sêkolah ăngka II ing nagari Sêmarang. Sarêng mêdal lajêng nyambutdamêl dados lètêrsètêr pangêcapan lokomotip ing Sêmarang. Sarêng sampun umur 20 taun, nyambutdamêl kondhèktur sêpur trèm S.J.S. Umur 25 taun, kesah dhatêng Dhèli, Sumatra.

Sadumugining Dhèli Radèn Cakradiwirya nyambutdamêl dhatêng D.S.M. Medhan, dados mandhor bêsar, laminipun 15 taun. Sarêng sampun umur 40 taun, lajêng nêdha kèndêl malêbêt dhatêng kêbon Dhèli Tuwa, Dhèli Maskape Medhan, tanêmanipun sata lan kopi, pikantuk 14 taun, lajêng nêdha kèndêl.

Radèn Cakradiwirya gadhah manah ngêrdatin kapengin nuntun kadang-kadang tiyang băngsa Jawi, ingkang sami kamlaratan tuwin kasangsaran wontên ing Dhèli, Sumatra. Têtiyang ingkang badhe dipun pitulungi wau pakaryanipun sami nèmpèl dhatêng padhusunanipun tiyang Batak Toba, utawi Batak Karo, tansah dipun alap damêlipun tanpa kabayar, namung kasukanan têdha kemawon. Radèn Cakradiwirya sangêt wêlas ningali bangsanipun tiyang Jawi ingkang sami kawêdalakên saking kêbon-kêbon. Utawi saking tanah Jawi dhatêng tanah Sumatra dagang sinjang utawi sanès-sanèsipun, tuwin wontên ingkang nusul sanak sadhèrèkipun botên pinanggih, sami kalunta-lunta, dagang tuna, wusana sami katêlasan sangu.

Kacariyos Radèn Cakradiwirya sarêng ningali bangsanipun tiyang Jawi kasêbut ing nginggil, sangêt wêlasipun. [wêlasi...]

--- 860 ---

[...pun.] Manahipun kados dipun gugah, wusana angsal wêwêngan, badhe ambelani bangsanipun murih gadhah tekad manah majêng. Radèn Cakradiwirya lajêng sowan ngarsanipun Tuwan Asistèn Residhèn ing nagari Siantar. Saha gadhah panuwun, badhe nyuwun siti ingkang têbih saking kabudidayan, ingkang kasuwun siti wana, badhe kangge padhusunan, prêlu kangge panggenanipun tiyang Jawi ingkang botên gadhah panggenan, utawi panggêsangan. Tuwan asistèn amarêngakên, nanging têtiyang wau badhe kakengingakên arta pajêg padamêlan sabên taun. Radèn Cakradiwir[1] sagah.

Radèn Cakradiwirya lajêng kesah dhatêng Medhan amboyongi anak rabinipun, kabêkta dhatêng griya pêrdagangan Siantar.

Anggènipun yasa dhusun punika dipun namakakên dhusun Bandar Jawa, kapêndhêt saking bêbukanipun ingkang babat tiyang saking pulo Jawi, Radèn Cakradiwirya sasampunipun manggèn ing pêrdagangan antawis 4 utawi 5 wulan, lajêng kesah mlampah-mlampah dhatêng dhusun-dhusun tuwin pakampungan, prêlunipun têtiyang Jawi ingkang tanpa dunung, ingkang sami kasangsaran wontên ing tanah Sumatra, sami kapurih dhatêng pêrdagangan, Bandar Jawa, kasukanan siti kangge griya. Tiyang 1 pikantuk bagean wiyar 50 metêr, panjang 100 metêr. Panuntunipun Radèn Cakradiwirya. Sarana mitulungi têdha sawatawis. Saya dangu saya kathah, têtiyang ingkang dhatêng ing dhusun Bandar Jawa, têtiyang wau sami kapurih nanêm pantun gaga, jagung, kacang, uwi, gêmbili, talês, bangsaning palawija ingkang genjah. Badhe kasambêtan.

S.M.

[Iklan]

--- 861 ---

Panglipur Manah

Pangudaraos ing Wanci Bangun Enjing

[Sinom]

Manah oyag madyaning rat | ngusap sêsinome kèksi | ing wanci bangun raina | tyas kagugah gênging kingkin | adan ngraras ngrêrêpi | ngulari doning panglipur | darapon aywa tansah | rangu-rangu sinamuning | samudana marna asrining bawana ||

sumirating bang-bang wetan | ramyang-ramyang milangoni | sumunu wênês kawuryan | bramarkata anartani | tataning rat tulyasri | bawaning bawana minggu | yayah manadukara | langêning gita sêsanti | liyêp-liyêp yun miyosing sayêm praba ||

jênggrênging giri Maendra | kawuryan ngêngrêng rêspati | mênggêp soring mega malang | katawêng ing ima nipis | bang dadu asmu wilis | kadya kang gêdhah sinawung | ngênguwung ujwalanya | lir netyaning janma luwih | kawistara munggwing sasêlaning imba ||

prabawaning ambêg darma | ujar wuruke si kaki | kêtitik nèng solahbawa | noraga luhuring budi | wlas asih mring kaswasih | nityasa dana têtulung | mulung tan kawistara | rila tan karana pamrih | tyas lêgawa nuhoni bawa lêksana ||

tan ngêpak gunaning janma | anggung mêngku pangaksami | nimpuna rèh tatakrama | manis aris wahyaning ngling | tan jail drêngki srèi | ewan dahwèn myang adigung | adigang adiguna | datan pisan anglabêti | kang kacipta mêmardi arjaning jana ||

sinêbut janma utama | kang pantês pinuji-puji | kinamulèn linulutan | tan pêgat pinundhi-pundhi | sawabe ambêrkati | yogya ywan dadya panunggul | ênggêl darajadira | watêke ayêm ngayomi | tansah mayu ayuning praja mandhala ||

emane kang ngura gita | tog-togane lagi criwis | ywan tinari nglakonana | mangsuli mangke rumiyin | sawêg ithu ngrêrêpi | nglêluri darapon antuk | brêkahing kaki wrêdha | bok adhakan migunani | nênangi tyas manuh mardi martotama ||

ya ta katon ing pracima | jênggrênging arga kêkalih | èsthanya lir janma kêmbar | têtruka mêmindha rêsi | sasana sasêlaning | ardi Mrapi lan Mêrbabu | winangun pacrabakan | kinubênging udyana sri | rinarêngga mimba bukit Ngendramarta ||

kumêndhung kukusing dupa | mulêg pucaking Mêrapi | yayah ngayuh dirgantara | samana sang pindha rêsi | mangsah mangun sêmadi | kang pininta jroning nungku | têntrêm arjèng kanang rat | tulus panjênêngan aji | pajampua mêmayu yuning kawula ||

anon taru tumaruna | kawuryan asmu nglêlêntrih | tan obah lamun cinăndra | kadyangganing mahamuni | nêdhêng maladi êning | nêgês karsaning Hyang Agung | paran puwaranira | roganing jaman mlas asih | wèh ruhara sèsining rat tan kayaa ||

kêtuju kang wus mardika | mardikanira pribadi | andadak kobêr anggagas | gagasan pating clêkuthik | nêrithik tharik-tharik | ingothak-athik sok mathuk | pêthuk pathokan cêtha | pêsthi panduming dumadi | dumadining kadadyan mawa jalaran ||

darunaning rèh duhkita | kadaut sukanya ngênting | kaduking suka wit lena | anglirwakkên pangabêkti | wajib dera dumadi | darma lumaksanèng tuduh | tuduh rèh ingkang murba | misesa [mise...]

--- 862 ---

[...sa] ananing dhiri | kabêsturon kalulun ardaning nala ||

kawilêt dêrênging karsa | kasasar tan nurut garis | gêgarising kasusilan | nèng ngisor kumudu mlangkring | nèng têngah ngolang-ngaling | nèng ruhur pijêr bêbawur | kolêg ring kamelikan | lêkase nguthila wêgig | têgêl tega ninggal dhasar kang prayoga ||

gya dilalah karsa Allah | wêwêlake têka tilik | kalabêndu amêkanjar | bêgja lamun gêlêm eling | nalăngsa tyas marsudi | mardawaning budi ayu | yuwananing kotaman | tinuman têmên angèsthi | mêmalarsih aksamèng Hyang Suksmanasa ||

[Grafik]

kasaru bawaning sata | binarung swaraning pêksi | sêsauran mawurahan | èsthanya lir mudyastuti | kawasaning Hyang Widhi | murba misesèng tumuwuh | têmên tan kasamaran | osiking sagung dumadi | dyan sinigêg byar wijiling hyang baskara ||

mugut dera ngudarasa | sanityasa asêsanti | pudyastuti jaya-jaya | jayaning ambêg utami | pracadi angantêpi | kasidèn sidaning wahyu | wahyaning sih aksama | nugrahanirèng Hyang Widhi | berating kang mêmala têmah mulyarja ||

sinartan santi mahargya | tumanggaping warsa Jawi | warsa Dal windu Sancaya | ing măngsa dhêstha marêngi | sangkalanirèng warsi | tinrap purwakaning kidung | ngêngudang widadaa | wahyaning pustaka warti | Kajawèn kang măngka pandaming kajawan ||

pinêtha lir taman sêkar | prasaja nging sarwa pèni | anjrah puspa măncawarna | nêdhêng babar sari-sari | ruming gănda nênangi | raos Jawi adiluhung | tan lyan sing kadibyannya | myang kotamaning rêdhaksi | dènnya tansah marsudyasrining udyana ||

pinuji dinirgakêna | ing yuswa nir kawis-kawis | winantu suka raharja | jinurunga ing sakapti | wèta mong angêmbani | ing Kajawèn kang sumambung | puwara kang mangripta | tan pêgat minta aksami || Sandiraga ing Dhepok Ngargadahana ||[2]

--- 863 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

II.

Sajêrone aku têmbangan mijil kêthoprak, ujug-ujug atiku mak slênit, kèlingan manawa kănca-kancaku nunggang otobis kuwi dudu băngsa Jawa kabèh, nanging băngsa sênenjong godhog, têgêse: ana băngsa Jawa, Sundha, Madura, Batak, lan băngsa Padhang. Dadi sanadyan mijilku kêthoprak anglêr - ning rumasaku dhewe, lo - kawuwuhan suwaraku galik-galik kathik cêmêngkling - nanging iya rumasaku dhewe manèh - ewadene tumrape băngsa liya-liyane mau, kiraku pandakwane seje, nèk-nèke bae padha ngira, yèn aku lagi: ambaung, utawa: ngalup. Buktine: salah siji priyayine putri enggal-enggal dhawuh nyêtop, aku kapêksa nuruti, jalaran pirantine kanggo nyêtop mau... gorengan pupu pitik.

[Grafik]

Sanadyan wujude otobis wis kaya... gombal, nanging lakune isih gancang, lan ambrêngênging motore bisa ajêg, ambuktèkake yèn mêsine isih kagolong nomêr wahid. Jalaran saka iku kabèh-kabèh atine padha mantêp, bungah lan sênêng, sarta anêmtokake, yèn kira-kira jam 8 wis mêsthi bisa kiyah-kiyah ana ing yarbèrês Bandhung. Apamanèh aku, gagasanaku iya banjur anglangut. Ing sarèhne gorengane pupu pitik wis labas, ora prêduli, apa kancaku ngarani aku lagi: pujian, utawa lagi: cokèk, mêksa tak wiwiti ngêthoprak manèh, nanging saiki lagune ganti: pocung, mangkene:

Kaya pucung dhadha sêsêg nganti mlêndhung | mung saka anggagas | satêkaku Bandhung mêsthi | bakal nêmu kabungahan dhahar eca ||

Ujug-ujug gone [go...]

--- 864 ---

[...ne] mitraku tak jujug | tur băngsa Walănda | aku mêsthi ditampani | kanthi bungah wahnea disubya-subya ||

enak-enuk sêsuguhe aku mathuk | apês bêstik kênthang | saladhahe ora kèri | bakal bathi nèng paran ora kelangan ||

mêngko mêtu gonku dandan nomêr satu | manganggo kêmplingan | apêse kaya priyayi | malah kadhang dikira rada pangeran ||

lêngkung-lêngkung lakuku kaya tumênggung | sapa wong sing nyawang | mêsthi anggêblag mêcicil | saka eram wêruh wong bagus têmbean ||

Ora mung aku dhewe sing bukak swarah mau, liyane iya akèh sing padha jêrat-jêrit, malah ana sing têmbangan cara Sundha lan kêndhangan mangkene: kacidhak têing, acêk, êntêk mèrèk-mèrèk acêk, blagêndhung tak dhung tak dhung tak lan sapiturute. Cêkake kabèh bae padha anglairake sênêng lan bungahing atine, ora ana siji-sijia sing ulate ambèthêm. Mung kadhang kala aku sok eling nyang pangandikane rama sing mangkene kae: yèn kowe lagi bungah, matura sêmbah nuwun marang Sing Kuwasa, nanging yèn lagi nandhang susah, nyuwuna pangapura marang Sing Kuwasa. Nanging pikiran sing kaya mêngkono kuwi, tumuli enggal-enggal tak semplang, awit wong iya mung nyêpêt-nyêpêti nyang pikiran bae. Nanging dilalah, lidok, dèn bagus sêbêl ujug-ujug banjur rawuh, nanging luwih bêcik tak caritakne saka kawitan bae, cikbèn rada gamblang.

Ing ngarêp wis tak caritakake, yèn lakune motore ajêg lan apik, iku mula iya mangkono, nanging barêng têkan desa Cisomang, sing dohe kira-kira 35 pal saka Bandhung, motore cara Banyumase katon: ngonggor pisan, mulane iya kudu diglontor banyu. Sauwise rampung, rekane mono iya arêp tumuli pangkat, nanging dumadakan banjur: plêthat-plêthêt, ngêdên ora uwis-uwis, ewasamono mêksa ora obah saka panggonane. E, la, beka, ing sakawit diarani, yèn motore mung arêp ngunjal napas bae, mulane kănca-kănca iya ora padha cilik atine, malah dianggêp kaya dene ngaso anggone mêntas dioyog-oyog dening otobis, nganti kabèh padha krasa yèn ing sajêroning wêtênge padha dhangsah, yaiku... gorengan pupu pitik, jêruk kêprok, jambu bol kanthi sobat-sobate liya-liyane manèh. Kala samono wis jam satêngah pitu, lan wis rada pêtêng. Ewasamono ora ana wong sing padha cilik atine, malah kosokbaline: ana sing padha jêjogedan, dhangsih-dhangsih, lan nyara cakalele barang. Nanging barêng wis antara saêjam motore isih andhêkêm bae, kanggo lêlipur sathithik, aku banjur ajak-ajak kănca-kănca mangkene: nyonyah-nyonyah dhan tuwan-tuwan - aku mêsthi nganggo basa Indhonesiah, awit wong-wonge gadho-gadho - mari kita orang sama minum-minum dhan makan-makan dhi hotèl (warung), sêmuanyah saya nyang bayar - nanging sadurung-sadurunge aku wis wêruh apa sing wis didagangake ana ing kono, yaiku: pisang gorèng, oncom, sing isih mêntah, iwak asin iya isih mêntah, lan isih ana manèh liya-liyane,

--- 865 ---

nanging kabèh-kabèh sarwa mêntah. Ewasamono bawane wong padha ngêlih, anggonku kudu ambayari iya ora sathithik, iya iku gunggung kumpul 14½... sèn.

Kocapa, barêng wis kira-kira jam 10.30 mênit, ing măngka motore isih kêndak-kênduk bae, srapate kănca-kancaku wis padha malih akèh. Para priyayi putri ayune wis ilang 50%, jalaran saka ciliking panggalihane banjur padha ambêsêngut bênggala, priyayi-priyayi kakung baguse wis suda 100%, jalaran sing akèh padha eling nyang têmpat tidhure, dene aku dhewe rumasa nyluntrut kaya clurut kêcêmplung kalèn, jalaran kèlingan... gudhêg sing ana ing omah.

Rahayune kala samono ana grobag motor liwat sing saguh anggawa aku sakănca mênyang Bandhung, mung bae kenene kudu gêlêm narima diusung kayadene barang lumrah, têgêse: kajaba priyayi putri loro sing olèh papan ana ing sandhinge sopir, liya-liyane kudu dimomot ana ing grobag buri sarana ditutupi krudhuk irêng, tur ora kêna ngucap barang-barang, awit wong iya lagi dadi barang. Yèn nganti kapêndhakan pulisi, grobag motor dianggo ngangkuti manusa, wis mêsthi bisa uga dicêkêl. Wah, rasaning atiku kala samono, rumasa luwih asor katimbang... babi. Jalaran babi, nèk dimot ing grobag, sanadyan nganggo diêrut pisan, isih bisa: uwig, uwig. Balik kene kathik dikon ora kêna nyuwara babarpisan, tur iya ora kêna obah-obah. Ing măngka wis rada wêngi thik wêtênge ora klêbon apa-apa, mêsthine iya rada masuk angin. Biasane aku kiyi nèk masuk angin, sing nyuwara sok ngisor dhuwur: plêkèthèk, oik, kathik dikon ngêngkên, wis mêsthi bakal mulês.

Dilalah barêng têkan ing Padhalarang, diêndhêgake ing pulisi. Salah sijining mas upas ana sing pitakon, kathik nganggo dibarêngi migunakake pênthunge: supir, iku grobag ngêmot apa, thok. Iki: thok, unèn-unèn jalaran gathuke pênthunge mas upas karo sirahe salah sijining kancaku. Tujune cangkême kancaku mau lagi kêbak gorengan oncom, ajaa rak bêngak-bêngok kèlingan ingkang ibu têmênan.

Barêng si supir wis mangsuli, yèn motore ngêmot kalapa, kêna ambanjurake lakune. Têkan ing Bandhung kira-kira jam 12 bêngi, mêtune saka grobag padha pating kêyunggut kaya rêjuna... kalah main. (Badhe kasambêdhan)[3]

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4761 ing Salatiga. 1 Ingkang angsal sêsêbutan radèn, warènging nata. Anakipun lajêng sinêbut: mas, 2. Tumrap Surakarta tuwin Ngayogyakarta, ingkang angsal sêsêbutan radèn punika botên mawi pilih pancêr. 3. Tiyang ingkang botên gadhah naluri nata, botên sagêd ngangge sêsêbutan radèn, kajawi ganjaran. Dados botên kenging dipun kapengini. Upaminipun, tiyang punapa kenging ngakên turunipun si anu, manawi pancèn sanès turunipun. 4. Tiyang ngakên-akên punika kenging kemawon, nanging manawi wontên sababipun inggih dados botên prayogi, lan pangraosipun piyambak kemawon kadospundi.

Lêngganan nomêr 1361 ing Banyumas. Bale Pustaka botên amanggihakên pèngêtan kados ingkang panjênêngan dangokakên.

Lêngganan nomêr 376 ing Blora. Botên katêtêpakên, nanging kenging ngangge.

--- 866 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

RADÈN MEMED SASTRAHADIPRAWIRA TILAR DONYA. Kanthi botên kinintên-kintên, kala ing dintên Slasa tanggal 5 wulan punika, kantor Bale Pustaka tampi pawartos saking Bandung, bilih Radèn Memed Sastrahadiprawira, ambtenaar Bale Pustaka ingkang manggèn ing Bandung tilar donya.

[Grafik]

Wontênipun adamêl kagèt, amargi kala ing dintên Jumuwah, Radèn Memed Sastrahadiprawira wau dhatêng ing Bêtawi katingal sêgêr kasarasan, botên kirang satunggal punapa. Dene mulabukanipun sakit ngantos dumugi ing janji, nunggil dintên Jumuwah wau wangsul saking Bêtawi, sadumugining Bandung kêraos sakit, dintênipun Sabtu dipun prayogèkakên ing doktêr malêbêt dhatêng griya sakit, saha kalampahan malêbêt, ing dintênipun Ngahad dipun bêdhèl. Ing dintênipun Sênèn sampun katingal dhangan, malah ing dintênipun Slasa sampun kenging nêdha. Nanging kados sampun pinarêngakên ing Pangeran, ingriku dumadakan lajêng kêraos lêsu, salajêngipun anjalari dumugining janji. Inna lillahi wainna illaihi roji'un.

Anggènipun tilar donya Radèn Memed Sastrahadiprawira punika sawêg ngumur 37 taun, tilar anak 7, ingkang 3 sampun sami sêkolah, sanès-sanèsipun taksih sami alit-alit.

Nunggil dintên kalihan anggèning Bale Pustaka tampi pawartos, Bale Pustaka lajêng utusan nglayat dhatêng Bandung. Enjingipun, dados ing dintên Rêbo, sagêd anênggani panguburing layon, kanthi anglairakên bela sungkawaning para kanca sadaya. Bidhaling layon kathah ingkang ngiringakên, ingkang bupati ing Bandung ugi rawuh.

Satilaripun Radèn Memed Sastrahadiprawira, Bale Pustaka rumaos kecalan juru ngarang basa Sunda ingkang onjo.

Botên langkung redactie Kajawèn namung ndhèrèk mêmuji, mugi-mugi rohipun ingkang sampun murwèng kasidan tinampia wontên pangayunaning Pangeran. Para ahli warisipun sami manggiha panglipur.

Amin! Amin! Amin!

TANAH NGRIKI.

Pakêmpalan Muraatul Ichwan nanêm kapas. Pakêmpalan dêdhasar Islam nama Muraatul Ichwan ing Gombong, gadhah sêdya badhe nanêm kapas wontên ing pasitèn 20 bau, saha sapunika badhe pados wiji kapas ingkang sae.

Sawarnining kabêtahan punika samangsa sampun ambêtahakên yêktos, lajêng katingal tandangipun. Manawi ngèngêti jaman ingkang sampun kapêngkêr, tanêman kapas punika mèh botên dipun prêlokakên babar pisan, sintêna kemawon ingkang nyumêrêpi tanêman kapas, anganggêp sapele. Nanging ing sapunika raos nakatên wau wiwit badhe ngosok wangsul. Mugi kasêmbadan.

Suntikan mayit mèh dados gara-gara. Ing Pagêrbarang, Têgal, wontên tiyang pêjah ingkang mayitipun kêdah dipun suntik, nanging tumindaking pulisi tuwin punggawa kasarasan sami dipun pênggah[4] dening ahli-waris, ngantos nuwuhakên pasulayan rêmbag.

Wasana ngantos dipun sêpuhi dening assistant wadana tuwin pèlpulisi, sagêd kêlampahan kanthi têntrêm. Ing salajêngipun pulisi ngudi katêntrêman, sintên ingkang dados pangajênging prakawis punika.

Lêlampahan kados makatên punika têka tansah wontên kemawon, mangka manawi mirid kawontênan, pinanggihipun sampun dangu. Kintên-kintên punapa jalaran para têtiyang ing padhusunan taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos. Salajêngipun mugi sampun wontên sabab satunggal punapa.

H.I.S. tuwin pamulangan Schakel ing Imagiri botên saèstu ngadêg. Rancangan adêging pamulangan kêkalih ing Imagiri ingkang kapratelakakên kaangkah ngadêg wontên ing wulan punika, nangnig[5] sande, jalaran botên angsal murid. Wontênipun makatên amargi têtiyangipun ingriku sami gêla dumèh pamulangan partikêlir.

Warni-warnining pamanggih tiyang ngantos botên ngèngêti jaman.

Wawasan ingkang tumuju dhatêng pers pêthak. Parêpatan afdeeling Raad Kawula kathah warga ingkang mrayogèkakên, mugi parentah sampun gêga-gêganên dhatêng suwaraning pers pêthak ingkang suraosipun amitênah tuwin badhe ngenggokakên ebah-ebahan kabangsan ngriki.

Têmtunipun pamrayogi makatên wau inggih dados panggalihan.

Paargyan pambikaking H.B.S. kabangsan ing Kêdiri. Pambikaking H.B.S. Taman Siswa ing Kêdiri dipun paargya nyarêngi mèngêti adêging pamulangan Taman Siswa sampun 10 taun, manggèn wontên pamulangan Taman Siswa.

Adêging H.B.S. punika mugi andayanana agêng dhatêng para ingkang sami nyêdyakakên.

Padvinder S.I.A.P. ing Padang Panjang sami dipun cêpêng. Pangagênging padvinder S.I.A.P. cacah 3 sami dipun cêpêng ing pulisi, dipun kunjara, jalaran baris. Sanès dintên padvinder S.I.A.P. nindakakên baris malih, ugi sami dipun cêpêng saha dipun kunjara. Wontênipun makatên awit ingkang wajib ingriku sampun ngawontênakên awisan, botên ngengingakên baris sapanunggilanipun.

Sawarnining lêlampahan ingkang raosipun kados makatên, tumrapipun ingkang kataman, wajibipun namung ngajêng-ajêng dhawahing ngadil.

--- 867 ---

Tiyang bajang sanès tiyang. Mirid saking papriksanipun Dr. Dammerman, tiyang bajang punika bangsaning kêthèk, sanès tiyang. Nanging tiyang bajang ingkang kapriksa punika prabotipun taksih kênèmên tuwin botên jangkêp. Papriksanipun taksih kalajêngakên.

Pikantuking papriksan makatên punika sampun nyuda raosing dosa sawatawis dene botên utang nyawa tiyang.

Nama tumut kêjugang piyambak. Kawartosakên, Tuwan Van Wijk, hoofdredacteur Java Bode dipun kèndêli saking padamêlanipun, kalêpatakên anggèning Tuwan De Wit (kancanipun piyambak) kenging prakawis, jalaran saking tuwan wau nglapurakên dhatêng pokrul jendral.

Samantên pinanggihing tindak ngadil, ngantos sagêd dhumawah wontên babagan sasêlaning prakawis.

Pulisi nggropyok kalangan ngabotohan. Pulisi ing Surabaya mêntas anggropyok kalangan ngabotohan, dipun tindhihi dening hoofdcommissaris. Ingkang dipun gropyok gêdhong Soer. Sportvereeniging ingkang sampun madêg 10 taun. Pulisi sagêd ambêskup pirantos main rolèt tuwin arta f 600.-

Mirid tumindaking damêl tuwin buktinipun, têrang bilih ingriku punika kalangan ngabotohan agêng.

Nyuwak sêpur. Jalaran saking botên sumbut angsal-angsalanipun, kala tanggal 1 Augustus 1930 sêpur ing Makasar - Takalar kasuwak, tuwin sapunika pakaryan sêpur badhe nyuwak sêpur Jatibarang-Karangampèl tuwin Tulungagung-Tugu.

Sawêg jamanipun sapunika sêpur kêkirangan momotan.

Loterij kados dipun sêngkakakên. Kajawèn mêntas martosakên, panyadening loterij sampun têlas salêbêtipun sawatawis dintên. Ing sapunika wontên pawartos malih, panggêbagipun benjing tanggal 13 wulan punika.

E, dene balapan kemawon, damêl gêlanipun tiyang ingkang badhe kêpengin sugih, ingkang dèrèng angsal arta kangge tumbas.

Bupati Ciamis dipun trêsnani têtiyang ing bawahipun. Ingajêng kawartosakên, ingkang Bupati ing Ciamis benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe pènsiun. Sarêng wontên pawartos makatên punika, wontên tiyang kirang langkung 200 sami sowan dhatêng kabupatèn, nyuwun supados ingkang bupati têtêp wontên Ciamis rumiyin, sampun nilar nuju mangsa kados makatên, awit têtiyang ingriku rumaos ngongkang sangêt. Ingkang bupati mirêng atur makatên punika ngantos ngêdalakên waspa, wusana lajêng ngaturakên telegram dhatêng parentah, nyuwun sandening paturan nyuwun pènsiun, saha panjênênganipun piyambak badhe sowan dhatêng Bogor.

Samantên awratipun tiyang dipun trêsnani têtiyang ing bawahipun.

Jawah dwangschrift. Wontên pawartos, parentah ing Indramayu andhawahakên dwangschrift dhatêng têtiyang ingkang sami dèrèng mbayar pajêg taun 1931 cacah 700. punika dèrèng kapetang calonipun ing taun punika.

Wah, inggih ragi rèbyèg.

H.I.S. lan Schakelschool Mohammadiyah Bêngkalis. Wiwit tanggal 1 Juli sêkolahan wau sampun kabikak, saha damêl gambiranipun ingakathah, awit ngèngêti ing Bêngkalis punika dèrèng wontên sêkolahan H.I.S. Dene ingkang dados panuntunipun inggih punika Tuan Zainudin, Boscharhotect, Tuan zal Jaksa landraad lan Tuan M. Salim Cipir.

Wondene griyaning sêkolahan wau sawêg dipun wiwiti kagarap.

Lulus saking pamulangan luhur pangadilan. Tuwan S.A. Hakim asli saking Pakantan, Tapanuli, Tuwan Sudarsono, saking tanah karajan Jawi tuwin Tuwan Iskandar Suriaatmaja saking Cirêbon, sami lulus saking pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, têtêp sami angsal sêsêbutan Mr.

Wontênipun tiyang pados padamêlan. Miturut pratelan saking Arbeidbemiddeling ing Surabaya, salêbêtipun taun 1931 wontênipun têtiyang ingkang pados padamêlan, bangsa Eropa 7.527, tiyang siti 18.458, Tionghoa 1.076. Juru suka padamêlan nêdha tiyang bangsa warni-warni wau 1949.4250 tuwin 215, dene ingkang angsal panggenan 1558.3426 tuwin 150.

Miturut petangan kados makatên punika, katingalipun inggih lumayan. Nanging pêpetangan wau bokmanawi dèrèng kalêbêt indhaking angguran ing taun punika.

ASIA.

Jendral Ma Chan San andhadhalakên mêngsah. Wadya Jêpan ingkang ngêpang wadyanipun Jendral Ma Chan San kenging dipun tanggulangi kalihan wadya kapalan, ngantos sagêd ngundurakên wadya mêngsah sadaya. Malah sapunika Jendral Ma Chan San sagêd sambêtan damêl kalihan wadya manasuka Tiongkok ing laladan sanès.

Gronwet enggal ing Siam. Sri Nata ing Siam sampun nayogyani wontênipun gronwet enggal saha sampun katindakakên.

EROPA.

[Grafik]

Kasangsaran auto, Pangeran Lobkowitz seda. Nalika balapan auto ing Berlin, autonipun Pangeran Joego Sliavie, Lobkowitz, mancolot saking margi, jalaran kêrikatên, auto rêmuk, sang pangeran seda. Inginggil punika gambaring auto ingkang rêmuk.

--- 868 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

22.

Radèn Sumarta ing sanalika kèndêl kemawon, mripatipun kêlop-kêlop nyawang lintang ing langit, ing batos anggagas, bilih ciptanipun nonah Dhorah ingkang kados makatên punika sampun layak kemawon, lan Radèn Sumarta sagêd nêpakakên kalihan lêlampahanipun piyambak, ing salêbêtipun gêsang anglampahi siksa tanpa kêndhat. Nanging manawi dipun timbang, lêlampahanipun Nonah Dhorah punika dèrèng paja-paja kados lêlampahanipun Radèn Sumarta piyambak, awit tumrap Radèn Sumarta wajib mawi mikir dhatêng ibu, bojo tuwin anak, sabên dintên namung manggih rêridhu. Balik Nonah Dhorah namung kawajiban mikir badanipun piyambak, wênang milih jodho ingkang dados condhonging manah.

Raosing batosipun Radèn Sumarta ingkang kados makatên punika, kados-kados badhe dipun lairakên dhatêng Nonah Dhorah, nanging lajêng manah botên prayogi, awit nonah Dhorah piyambak nuju wontên salêbêting prihatos. Wusana Radèn Sumarta lajêng munggêl rêmbag, santun rêmbag sanès, ucapipun: Apa ulihmu mênyang pamondhokan ora kasèp, Dhorah. Lan apa kowe wis kuwat nunggang sêpedhah, yèn durung, apa tak golèkake oto bae.

Dhêngkulku isih krasa lara sathithik, Sumarta, nanging ora dadi ngapa. Satêmêne kang dadi sênênging atiku, yèn aku bisa bêbarêngan malaku karo kowe nganti têkan Salêmbah. Kowe nuntun sêpedhah, aku mlaku. Yèn dhêngkulku ora krasa apa-apa, dohing Salêmbah iku ora tak pikir. Nanging iya ayo coba, mêngko yèn aku ora kuwat, nunggang oto bae utawa dhilman.

Radèn Sumarta mangsuli sêmu bingah: Ana sing luwih prayoga manèh, Dhorah, bêcike kowe nungganga sêpedhah, aku sing nuntun dadi sikilmu ora usah ngêncot, awit yèn dhêngkulmu koobah-obahake, mundhak saya lara.

Bênêr, Sumarta, nanging anggonmu nuntun têkan Salêmbah, lo.

Bok têkan jaban langit pisan, ya tak tuntun.

Nonah Dhorah botên ngintên, bilih têmbung sêsêmbranan punika dados pamêcut tumrap raosing manahipun Radèn Sumarta, mila Radèn Sumarta inggih sagah kemawon, wusana lajêng lumampah.

Ing samargi-margi lampahipun tansah dipun sambi gêgujêngan, botên wontên bosênipun, malah saupami dipun ujaa, botên nêdya angèndêli. Ginêmipun ingkang sami nêmbe karênan punika tansah rumakêt kados nunggiling gêndhis kalihan manisipun, botên kenging pinisahakên, tumanduking ulat manis tansah lêlintonan, yèn ta katingala, ing dhadhanipun sami kèbêkan kabingahan, dene ingkang dados titik, kala-kala sêsêging napas katingal. Ing ngriku Nonah Dhorah nglairakên ginêm, rumaos sênêng sangêt manawi sabên sontên Radèn Sumarta mêthuk dhatêng pondhokanipun, lajêng ngêtêrakên dhatêng panggenan ajar miyano ing gang Pasarbaru, lan wangsulipun ugi ngêtêrna.

Wêdharing ginêmipun Nonah Dhorah ingkang makatên wau, inggih lajêng dipun sagahi dening Radèn Sumarta kanthi gambiraning manah, saha lajêng rumaos, anggènipun wontên ing Batawi manggih kasênêngan tanpa upami, badhe kadumugèn anggèning rêrentengan kalihan tiyang ingkang dados woding manahipun.

Sanadyan lampahipun punika têbih, nanging wantunipun tansah kêslamur ing sênêng, rumaosipun sakêdhap kemawon sampun dumugi, Radèn Sumarta ngantos katingal mak grêg, saha wicantên kalihan taksih nuntun sêpedhah: Êlo, athik wis têkan kene, e, dene gêlis têmên.

Apa anggonmu nuntun wis saêjam iki isih kurang ta, Sumarta. Malah saupama dhêngkulku wis ora lara, aku wis mudhun mau-mau. E la, wis mèh satêngah sanga, aku kudu tumuli mulih.

Radèn Sumarta mangsuli sajak kêmba: O, kowe iku jênêng ana sajroning gênggêman, winêngku tatananing pamondhokan, Dhorah.

O, iya pancèn mangkono, Sumarta, yèn slamêt, sêsasi êngkas, aku wis dadi wong mardika.

Wusana Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng pêpisahan, sadaya solahipun ingkang mêntas dipun lampahi, tansah karaos nabêt wontên ing manah.

Sontênipun malih, Radèn Sumarta sampun mêthuk wontên sangajênging griya pamondhokan, sampun nuntun sêpedhah piyambak.

Ing nalika sami sumêrêp, sami gambira ing manah, tansah gêntos anglairakên karênan.

Nanging wontên kuciwanipun sakêdhik, dene kasênêngan kados makatên punika, namung badhe pinanggih sawatawis dintên. Lajêng kadospundi. (Badhe kasambêtan).

--- 105 ---

Nomêr 27, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sakpintêr-pintêrane Wong Goroh, Suwe-suwe kawiyak Wadine

Ana sawijining wong ngingu kucing, rèhning kucing mau wis tuwa banjur ditundhung, kucing mau bangêt susahe, yèn arêp awor kucing liyane bakal dikuya-kuya, awit kucing mau nalika ngèngèr tumindak sawênang-wênang.

Sêdyane kucing lunga mênyang alas. Barêng tumêka ing alas, wêruh grumbul, ana ronge tikus. Ing kono kucing banjur mêthêngkruk ana sajabane rong tikus. Tikus-tikus wêruh ana kucing banjur padha andhêlik, ananging barêng didêlêng, nganti suwe mênêng bae, banjur ana sawatara kang gêlêm nyêdhaki, mloya-mlayu ana ing kiwa têngêne kucing, sanajan wêruh tikus kaya ngono, mênêng bae ora gêlêm anyaruwe, wusana suwe-suwe tikus duwe pangira, bokmanawa iku dudu sabaène kucing, banjur padha nyêdhaki, sarta pitakon, têmbunge: Aku ora mangrêti, dene ana tikus, mloya-mlayu, kowe mênêng bae, mungguh seje-sejene kowe, aja manèh tikus nyêdhak, sanajan adoh diburu.

Kucing mangsuli: Tikus, saprene kira-kira wis ana sataun, gonku nglakoni ora mangan tikus, kagawa saka umurku wis tuwa, cêpak ing pati, dadi olèhku nglakoni iki, mung kapengin pinaringan dalan kang padhang, yèn aku tinakdir ing janji, kang dak gêdhèkake, sajrone aku tuwa iki, mung gawe kabêcikan, nulungi sanak sing nêmu susah, sakadarku. Ngrungu têmbunge mangkono mau, tikus anêsêk. Kucing nêrusake gone omong: La, têkaku ing kene iki, barèse mung ngeman marang kowe kabèh, bisaa jaga-jaga, awit wêruha, sawah iki besuk dina Ngahad ngarêp, dadi pitung dina êngkas, arêp dipaculi wong kang duwe sawah, arêp dirah tikuse, amarga ngrusak têtandurane wong tani, aku krungu dhewe olèhe rêrasanan. Kang iku masa bodhoa kowe, olèhmu arêp maekani, wêktu iki aku dhewe durung olèh panêmu kang prayoga tumraping awakmu. Bakal kasambung.

W. Marta. Barbir Slamêt, Parakan.

--- 106 ---

Aja Sok Ambeda Bocah

Tumrape wong tuwa, yèn wêruh anake dibeda wong liya, adhakan muring-muringe, malah ayake ora mung uwong bae, sanadyan kewan pitik iwèn, yèn anake dibeda, iya nêpsu.

[Grafik]

Ana banyak saba karo blêngure, sajrone saba mau, banyak bangêt ing sênênge, rumasa pasabane kobèt, ora kêkurangan pangan, arêp lêlangên iya wis cêdhak banyu. Mula si banyak tansah nyuwara kaya dadi tandhaning sênêng.

Nanging banyak mau duwe mungsuh, ya kuwi asu sing tunggal pangengeran, sabên dina asu mau ambeda anake. Dijugugi, yèn mêlayu dioyak. Banyak mau pancène sabar, nanging suwe-suwe iya ilang sabare, la wong anak kok pijêr dibeda.

Sawijining dina, nalika asu anjugugi blêngur, êmbok banyak reka-reka ora wêruh, nanging asu barêng cêdhak, banjur dicocor, mak kêlawèr, gulune mêntiyung nganti kaya senggot, asu kêna dicocor klèngkèngan. Lurahe barêng krungu asune klèngkèngan banjur mêtu, wêruh asune mlayu diburu banyak, malah banjur dipapagake karo dipênthungi sisan, awit lurahe wêruh, yèn asune mau gawene anjugugi blêngur. Malah ora mung trima digêbungi bae, isih disrêngêni akèh-akèh.

Asu kêlèngkèngan karo ngawêtake buntute, ketoke wêdi bangêt, sarta sabanjure wêdi nyêdhaki banyak manèh. Malah sabên lagi kêmlebat bae, banyak wis nêlosorake cocore.

Kuwi pakolèhe wong dhêmên ambêbeda, wong liya bae malah sok mrinani. Yèn maido, coba ambedaa anak apa bae, mêsthi olèh piwalês ora bêcik.

--- 107 ---

Angèle Ngopèni Bocah Cilik

Padha-padha pagawean, tumrape wong wadon, angèle ora kaya ngupakara bocah cilik, dene sing bisa ngrasakake kaya mangkono mau biyung. Aja manèh anggone ngopèni oraa angèl, lagi ngarah ajêg mênênge bae iya wis angèl, anane mangkono, awit bocah cilik iku tangise gampang bangêt, upamane: ngêlèh nangis, arêp turu nangis, tangi turu nangis, kêlaran nangis, cêkake apa bae mung sarwa nangis.

Iba ta judhêging biyung, manawa anake pijêr nangis bae. Nanging satêmêne ora, biyung kuwi niyate mênyang anak mung ngeman thok, sarupaning tangis kabèh mau padha ditulak, yèn jalaran saka ngêlèh, digolèkake sêga karo muni: maêm, maêm. Yèn jalaran saka arêp turu, banjur dilela-lela, iya apa bae mêsthi ditulung kanthi patrap kaya mangkono. Na, biyung kuwi rak trêsna têmênan, ta, mênyang anak.

Saiki ana manèh wong liya kang gawene momong bocah, ya kuwi êmban. Iya kawilang sawijining uwong kang kêdunungan watak kaya biyung, bangêt anggone ngrêksa kaslamêtaning bocah, anjaga aja nganti nangis momongane. Mula tinêmune ing têmbe buri, êmban iku kêdunungan katrêsnan mênyang momongane, ngantia tuwa isih karasa.

Ana manèh sing luwih rêkasa, ya iku pangrêksane juru ngupakara bocah cilik ing romah sakit, wah, kuwi pancèn pêngpêngan têmênan, salawase mung tansah ngarah-arah, rumêksa ing samubarange. Coba nontona gambar sing sumandhing iki, kuwi gambare juru ngupakara bocah cilik, nuju ngopèni bocah kêmbar têlu, bocah mau nuju padha lara. Ewadene bocahe ketok padha aring-aring.

[Grafik]

Nanging bab ngopèni sakabèhe mau, satêmêne sing abot dhewe biyung, awit pangrêksane lan pangemane mênyang anak anêrusi lair batin.

Iya apa ora, cah.

--- 108 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 53.

[Maskumambang]

ora suwe nata miyos lan sang putri | sadurunge lênggah | sang prabu uwis nudingi | lan ngandika êlo sira ||

Wêlas matur tamtu kula ngrumiyini | jalaran kêpêksa | nyaosakên pati urip | pun kula namung sumăngga ||

bangêt bungah sang putri jêroning galih | sauwise lênggah | nuli ngandika sang putri | lah ingsun ambatin apa ||

Wêlas mênêng ora pisan amangsuli | mung ithu ambukak | buntêlan kêtali pati | nganti kêtungka disapa ||

lah kapriye dene ora amangsuli | ya mêngko rasakna | sira mêsthi bakal mati | ayo enggal wangsulana ||

Wêlas nuli maju karo mindhik-mindhik | ambukak buntêlan | barêng byar kabèh anjêrit | wêlas dhewe gundam-gundam ||

mung sang putri dhawah nganti ora eling | nalikane priksa | sirahing guru gumlinting | kabèh bae padha gila ||

wise èngêt sang putri nuli ngrungkêbi | pangkone kang rama | mingsêg-mingsêg nangis lirih | saiki ngaku kasoran ||

Sang putri dhaup lan Wêlas

[Mêgatruh]

pêgat-pêgat sang putri anggone matur | kula sampun angakêni | kawon lan tiyang puniku | kawula nêtêpi janji | ing sakarsa amung borong ||

sang aprabu bangêt rêna nuli dhawuh | hèh wong anom ing saiki | bakal têtêp janjiningsun | tampanana iki putri | sira sun pasrahi momong ||

Wêlas matur inggih sangêt ing panuwun | mung batos botên kêdugi | momong putri putra ratu | kêkathahên nganyih-anyih | sok mêmundhut langkung bobot ||

yèn saèstu kula momong putra ratu | tamtu namung badhe gêring | sawêg manah wêdhak pupur | botên sagêd ngawontêni | tarimah mopo kemawon ||

manthuk-manthuk bangêt kadugi sang prabu | nuli dhawuh sira kuwi | jênênge wong durung wêruh | wong anom sira saiki | sun angkat dipati anom ||

seje dina tinêmuning bawahanmu | mêngko sira sun lilani | nuli mundura malêbu | nèng kadipatèn lêstari | têtêp dadi putra mêngko ||

sanalika Wêlas nangis sênggruk-sênggruk | sang prabu andangu lirih | ana apa sira iku | dene ing samêngko nangis | kaya anggêtuni lakon ||

pangran matur nun inggih kangjêng sinuhun | kawula saking ngèngêti | inggih dhatêng tiyang sêpuh | dene botên amêningi | dhatêng arjaning lêlakon ||

saupami pun bapa mêningi tamtu | agêng manahipun gusti | nata nuli munggêl rêmbug | dhawuh ngirid pangran pati | mêtu saka ing kadhaton ||

pangran mundur para abdi anggarubyug | sakala tandange salin | saka wis katiban wahyu | satindake sarwa lirih | praean ketok mancorong ||

sang aprabu enggal-enggal adhêdhawuh | warata nyang ngêndi-êndi | yèn ing mêngko arêp mantu | dhawuhe wis maratani | rame ing saênggon-ênggon || Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Cakradiwirya. (kembali)
§ Dhawahing pamujinira | kang tumanduk mring redhaksi | wusing manjing kasarira | lir rasaning masuk angin | mung rèhning tanggap warsi | kang araos pamudya yu | tan lyan mung sama-sama | mrih lulusa lumastari | angrênani Kajawèn kaananira ||. (kembali)
kasambêtan. (kembali)
pênggak. (kembali)
nanging. (kembali)