Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-20, #689

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-20, #689. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-20, #689. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 58, 14 Mulud Dal 1863, 20 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [901] ---

Ôngka 58, 14 Mulud Dal 1863, 20 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasir Putih - Patilasan - Katrangan Kula Bab Sêrat Hariwara - Bab Sêkar - Kawontênanipun ing Bopên Dhigul - Adpêrtènsi - Laku Jantraning Jaman - Kabêsmèn Salêbêtipun Kapal Dempo - Darmawisata (Petruk) - Bab Buku - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pasir Putih

[Grafik]

Sawangan margi agêng Pasir Putih, ing saantawisipun Bêsuki kalihan Panarukan, Jawi Wetan.

--- 902 ---

Cariyos Kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 48.

Bab mimbar, mimbar ing masjid Kitha Agêng punika miturut dêdongenganipun mimbar saking nagari Palembang nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Agung ingkang ngadhaton nagari Plèrèt ngabên kasêktèn kalihan Adipati Palembang, cêkakipun Adipati Palembang kawon, lajêng nyaosi pisungsung, inggih punika mimbar. Kacariyos ingkang sinuhun lajêng anjèrèng sap asta mimbar kabuntêl dipun bêkta piyambak, wêkdal samangke mimbar wau taksih, kajêng wungle wujudipun cêmêng mawi dipun ukir sae.

[Grafik]

Sawangan ing sela canthèng sacêlakipun pasarean ing Kutha Gêdhe.

Bab ringin sêpuh dêdongenganipun waringin tanêmanipun Kangjêng Sunan Kalijaga, saking karsanipun kagêm pratôndha karaton Mataram, ing samangke waringin taksih.

Bab ajad dalêm sêkul abrit, manawi Jumuwah, miturut dêdongenganipun nalika Gusti Kangjêng Panêmbahan tindak saking Nglipura kèndêl wontên dhusun Thithang lajêng dipun sêgah sêkul abrit gudhangan kangkung, eca anggènipun dhahar lajêng pangandika: Kowe ngladènana sêga abang saturun-turunmu. Dumugi sapriki taksih lêstantun.

Bab sêkar tlasih, sêkar tlasih punika ingkang dipun unjukakên sabên bakda Jumuwah ingkang dipun bêkta abdi dalêm jajar dhondhong, miturut dêdongènganipun, Kyai Agêng Pamanahan tindak lêlana kèndêl wontên sak ngandhapipun wit waru, wontên tiyang nyaosi unjuk-unjukan dhawêt uwoh tlasih, kraos eca anggènipun ngunjuk, lajêng pangandika: [pa...]

--- 903 ---

[...ngandika:] Kowe besuk sak turun-turunmu ngladènana kêmbang tlasih, saha panggenan wau dipun paringi nama dhusun Karangwaru, dumugi sapriki taksih lêntantun[1] sabên Jumuwah.

Bab abdi dalêm dhondhong, miturut dêdongenganipun, nalika Kangjêng Sunan Kalijaga, tindak lêlana dumugi dhusun Dhondhong Kilènpraga, dhawuh dhatêng tiyang nini brintik, anggendhong kajêng agêng lajêng dipun irit dhatêng nagari Mataram, lajêng ngandika kalihan Gusti Panêmbahan: Aku nitipake wong kang anggendhong bakal bêdhug iki lêstaria ngladèni sak turun-turune, lajêng dipun paringi kuwajiban rêrêsik pasareanipun rama dalêm, dalah cêpuri sak panunggilanipun, ing wêkdal samangke bêdhug utawi abdi dalêm dhondhong taksih lêstantun.

[Grafik]

Capuri pasarean ing Masjid Agung ing Kutha Gêdhe.

Ngaturakên, Gusti Kangjêng Panêmbahan Senapati, wiwit ngasta pusara praja nagari Mataram, wontên taun Jemawal[2] 1509 dumugi taun Be 1529, lajêng surut sinarèkakên wontên ngandhapipun rama dalêm, Kangjêng Kyagêng Mataram, inggih Kyai Pamanahan.

Kula ngaturakên pasarean Kitha Agêng têbih cêlakipun saking nagari Ngayogyakarta wontên nêm kilo mètêr, lêrêsipun kidul wetan.

Pasarean Panitikan, saking Kitha Agêng kilèn têbihipun, satunggal satêngah kilo mètêr, ingkang sumare, I. Kangjêng Ratu Pakubuwana sapisan ing Kartasura, II. Kangjêng Pangeran Tumênggung Balitar, III. Kangjêng Pangeran Balatèr, kathah malih panunggilanipun.

Pasarean Gambiran, lèr kilèn Kitha Agêng têbih cêlakipun sakilo mètêr, ingkang sumare, I. Kyai Agêng Jurukithing, II. Kyai Dhadhaptulis, kathah malih panunggilanipun.

Pasarean Karangturi sawetan Kitha Agêng, têbihipun sakilo mètêr, ingkang sumare, I. Kyai Agêng Karanglo, II. Kangjêng Ratu Pambayun.

Pasarean Wotgaloh, lèr wetan, saking Kitha Agêng têbih cêlakipun sakawan kilo mètêr, ingkang sumare, I. Kangjêng Pangeran Purbaya, putranipun Gusti Kangjêng Panêmbahan, ing ngriku kathah panunggilanipun, dèrèng sagêd nêrangakên satunggal-tunggalipun. Tamat.

Ki Mas Martahastana. Tèmpèl, Kutha Gêdhe.

--- 904 ---

Katrangan Kula Bab Sêrat Hariwara

Katur Redhaksi Kajawèn

Ing sakawit, kula sumêrêp Sêrat Hariwara saking pamitran kula, ciptaning manah kula sêrat wau prayogi sangêt kasumêrêpan ing ngakathah, mila kula panjurungakên dhatêng Kajawèn. Makatên punika namung saking dêrênging manah kula rêmên dhatêng Sêrat Hariwara, katêmahan kula lajêng ngaturakên uluk-uluk dhatêng redhaksi Kajawèn, ananging kula botên pisan-pisan mangrêtos dhatêng tatacaranipun angêdalakên sêrat cap-capan. Sasampunipun uluk-uluk wau kula kintunakên dhatêng redhaksi Kajawèn, lajêng wontên waris putranipun suwargi R.M.T. Purbadipura, asma R. Wiradat, suka sêsêrêpan dhatêng kula, manawi anggèn kula badhe ngaturakên Sêrat Hariwara dhatêng Kajawèn wau nama nrajang pranatanipun tiyang ngêdalakên sêrat cap-capan. Enggalipun R. Wiradat lajêng suka palilah dhatêng kula supados Sêrat Hariwara kapacak wontên ing Kajawèn. Dene bab palilah wau ugi sampun kula wrat wontên irah-irahanipun ngèngrèng Sêrat Hariwara ingkang sampun kula aturakên redhaksi katiti tanggal kaping 4-7-'32 kapêngkêr punika.

Sarèhne bab Sêrat Hariwara Purbadipuran punika ing samangke panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka (putra kakung ingkang sêpuh Purbadipuran) dèrèng marêngakên dhatêng sêdya kula macak Sêrat Hariwara wau, kula ugi namung sumarah dhatêng kaparêngipun Dr. R. Ng. Purbacaraka.

Bab slura-sluru kula tuwin R. Wiradat, punika namung saking kirang mangrêtos kasêmbuh kirang cêkap prasabênanipun dhatêng waris ing Purbadipuran ingkang wontên ing Batawi dening têbih. Botên langkung namung nyuwun pangapuntên.

Martasutrasna.

Kasêbut nginggil punika kula sampun angakêni lêpat.

wg.R. Wiradat

Ing sapunika sampun cêtha dhodhok sèlèhipun ing bab punika, namung kantun gumantung sakaparêngipun ingkang kagungan panguwaos. Manawi ing bab isinipun Sêrat Hariwara wau, ingkang sapunika sampun kakintunakên dhatêng redhaksi Kajawèn, mirid umumipun ing Jawi, nama kawruh Jawi Kina, dados sadèrèngipun wontên Sêrat Hariwara, kawruh wau sampun sumêbar, kathah ingkang sampun sumêrêp, namung beda Sêrat Hariwara punika sinawung ing sêkar. Prayogi manawi kapacak ing Kajawèn.

Nanging sarèhning sampun wontên uluk-uluk saking waris kados makatên, tuwin sêrat bangsaning pêpetangan ingkang kados makatên punika sampun wontên saha sampun sumêbar, kados ta Sêrat Primbon tuwin ing almênak warni-warni ingkang kina pisan, dados saupami botên kawêdalakên, botên dados punapa.

Red.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3064 ing Warujayèng. Oktobêr 1932.

Lêngganan nomêr 3102 ing Purwadadi. Botên sade.

Lêngganan nomêr 1025 ing Gêntèng. Wontên, rêgi f 1.80.

Lêngganan nomêr 5236 ing Rêmbang. Lêrês.

--- 905 ---

Bab Tanêman

Bab Sêkar

Sami-sami têtanêman ingkang kaangkah pamêdalipun, sanadyan sêkar punika kalêbêt golongan lumintu wêdalipun, nanging katingalipun sajak botên sapintêna, kados namung sambèn kemawon. Wontênipun makatên, awit tumraping bôngsa Jawi, sêkar punika namung kangge sarana tuwin kabêtahan sawatawis, kados ta kangge prêluning layon sapanunggilanipun, utawi kangge bucalan, ingkang tumônja dhatêng bangsaning lêlêmbat, dene ingkang tumônja dhatêng tiyang, namung kangge cundhuk, gêlung lan sapanunggilanipun, utawi namung mêndhêt gandanipun, upaminipun kangge ukup utawi sêbar patilêman. Dados ingkang tumônja dados sêsawangan, kenging dipun wastani botên sapintêna.

[Grafik]

Sêkar ingkang kapitongtonakên ing Rotêrdham.

Nanging mênggah sajatosipun, mila sêkar-sêkar wau namung tumônja kados makatên, bokmanawi jalaran namung saking dèrèng mangrêtos, utawi saking kamanah botên sapintêna, awit limrahing sêkar Jawi, ingkang nama kacêlak dhatêng tiyang namung bangsaning sêkar gambir malathi, kanthil, kananga. Sêkar-sêkar wau manawi katitik saking wujud, nama botên sapintêna.

Beda kalihan kawontênanipun sêkar ingkang asli saking ngamônca, punika tanahipun môncawarni tuwin wujudipun inggih nêngsêmakên. Satunggal-satunggaling tanah pinanggih pintên-pintên warni, kados ta bangsaning rêgulo, punika wontên pintên-pintên dasa warni, bangsaning tluki, sruni tuwin sanès-sanèsipun, dene warni-warnining sêkar saking tanah ngamônca wau kenging dipun wastani atusas[3] warni.

Ing sakawit, tumrapipun bôngsa Jawi sanadyan sampun [sa...]

--- 906 ---

[...mpun] kêdunungan watak ugi rêmên dhatêng sêsêkaran, nanging raosipun sêngsêm dhatêng sawangan, dèrèng sapintêna, bokmanawi pancèn saking adining sêkar-sêkaripun botên sapintêna. Nanging manawi dipun manah, ing bab sêngsêmipun inggih sampun wontên, tandhanipun ing sêrat-sêrat kina ugi sampun wontên panyôndra tumraping patamanan. Dados kintên-kintên namung pinanggih saking bedaning raos kemawon.

Sarêng bôngsa Jawi bribik-bribik saya supêkêt pasrawunganipun kalihan bôngsa ngamônca, dangu-dangu inggih katularan rêmên nyawang dhatêng adining sêkar-sêkar ingkang kangge rêrêngganing balegriya, awit mênggahing wujudipun pancèn nêngsêmakên.

Dangu-dangu bab sêngsêmipun tiyang dhatêng sêsêkaran saya katawis, botên tarimah namung nyawang kemawon, malah tumut migunakakên piyambak, nelad sacaraning bôngsa ngamônca, nyumbang pangantèn, tiyang kasripahan, tiyang manggih kanugrahan tuwin sanès-sanèsipun, sami sarana kintun sêkar, tur rêgining sêkar wau botên sakêdhik, wontên ingkang rêgi ngantos dasanan rupiyah, panumbasipun dhatêng juru sade sêkar bôngsa ngamônca. Dene bôngsa ngamônca wau anggèning sade sêkar nama panggaotan yêktos, bêbathènipun ing sabên wulan ngantos atusan.

Wontênipun padagangan sêkar ngantos sagêd kados makatên punika, kajawi saking adining sêkar, ugi wontên gêgayutanipun kalihan kawruh, awit juru sade sêkar punika kajawi sagêd milih utawi mangrêtos dhatêng awon saening sêkar, inggih sagêd mangun murih sêkar wau saya asri wontên ing sawangan, sarana saking sagêd anggèning matrapakên utawi sagêd mêmantês dhatêng undha-usuking warni tuwin sanès-sanèsipun, punapa malih sagêd nuju dhatêng prêlu, upaminipun sêkar ingkang kangge pahargyaning pangantèn, punika inggih katingal sêmu awujud sêkar kabingahan, kosokwangsulipun tumrap dhatêng tiyang kasripahan, katingal kados wujud abela susah.

[Grafik]

Sindhanglayah, papan panggenan nanêm sêkar.

Dados mênggah lampah panggaotan, tumraping sêkar, bakuning bêbathèn pinanggih wontên ingkang nanêm tuwin ingkang nyade, inggih punika ingkang andagang, mila limrahipun tiyang ingkang nanêm, tansah gêgayutan kalihan tiyang ingkang nyadèkakên, mila pinanggihipun ing jaman sapunika, mèh ing sabên kitha wontên tiyang dagang sêkar, malah tumrap kitha ingkang agêng ngantos kathah. Badhe kasambêtan.

--- 907 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

Ing wêkdal punika pulisi panjagi katêntrêman sampun wontên. Adêgipun pulisi panjagi katêntrêman punika ngajêngakên taun 1929, jalaran wontênipun pulisi panjagi katêntrêman punika ing wingking badhe kula cariyosakên.

Dhuh, para maos, bilih panjênêngan sadaya ngawuningani piyambak kawontênanipun sadhèrèk Darsana nalika wangsul saking minggat saha anggèning nyariyosakên lêlampahanipun, bokmanawi para maos sagêd angrêntahakên êluh.

Nalika sadhèrèk kêkalih punika nêdya wangsul dhatêng Tanah Merah sangunipun têdha saha pil sampun têlas, amila lampahipun lajêng kandhêg, jalaran sakitipun sadhèrèk Suhada sangêt. Kados punapa susahipun sadhèrèk Darsana sarêng sumêrêp mitranipun sakitipun sangêt, saha sakêdhap-sakêdhap sadhèrèk Suhada kapidhara. Sadhèrèk Darsana lajêng pados gêgodhongan kangge lèmèk saha eyub-eyub. Botên antawis lami sadhèrèk Suhada tilar donya.

Sasampunipun sadhèrèk Suhada tilar donya, sadhèrèk Darsana lajêng nêrusakên lampah. Ing sarèhning tigang dintên botên kalêbêtan upa, dados kawontênaning lêlampahanipun sampun tamtu mêmêlas sangêt. Sadhatêngipun ing kampung D lajêng anjujug ing griyanipun tiyang bucalan ingkang cêlak margi, inggih punika margi saking wana dhatêng kampung D ingkang sisih wetan. Wontên ing griya ngriku lajêng dipun sukani têdha. Sasampunipun nêdha lajêng nyariyosakên lêlampahanipun. Sasampuning têlas cariyosipun lajêng lapur dhatêng pulisi panjagi katêntrêman ing Tanah Merah. Pangruktining sadhèrèk Suhada saha lapuripun sadhèrèk Darsana dhatêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul sampun kula cariyosakên ing nginggil, dados botên prêlu kula cariyosakên malih. Namung sapunika anyariyosakên sadhèrèk Darsana nalika kapriksa dening pulisi panjagi katêntrêman (Rust en Ordebewaarder). Anggènipun mriksa punika, kula pinuju badhe nuwèni sadhèrèk Darsana. Pamriksa ingkang kula mirêngakên kados ing ngandhap punika.

Sasampunipun kapitakenan nama saha asal-usulipun, pulisi panjagi katêntrêman lajêng pitakèn malih. Supados gampil pulisi katêntrêman kula santuni P. Dene sadhèrèk Darsana kula santuni D.

P. Punapa sampeyan nêdya ngesahi tanah pambucalan badhe dhatêng tanah Papuah ingkang dados wêwêngkoning karajan Inggris.

D. Botên.

P. Kenging punapa sampeyan pintên-pintên dintên kesah nasak-nasak wana kalihan sadhèrèk Suhada, ingkang samangke tilar donya wontên ing wana.

D. Awit kula saha sadhèrèk Suhada rumaos sumpêg manahipun, dados golonging rêmbag nêdya jajah tanah Papuah.

--- 908 ---

P. Kenging punapa yèn sampeyan badhe nêdya anjajah tanah Papuah botên nyuwun palilah dhatêng pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul.

D. Saking pamanggih kula kêkalih, ningali kawontênan, ingkang taksih cêlak kalihan Tanah Merah ngriki botên dados awisan. Amila kula kêkalih botên nêdha sêrat palilah.

P. Punapa sampeyan botên nate mirêng, bilih sakiwa têngênipun Tanah Merah punika wontên watêsipun, ingkang kadamêl dening saradhadhu, saha sampeyan nalika lumampah wontên ing wana botên anglangkungi watês punika.

D. Inggih anglangkungi, ananging kula botên mangrêtos bilih punika watês tanah pambucalan.

Têlas-têlasaning papriksan sadhèrèk Darsana dipun paringi pangapuntên dening pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Tanah Merah, saha lajêng kamardikakakên wangsul dêdunung ing Tanah Merah, tuwin ing têmbènipun piyambakipun dados golonganing têtiyang bucalan ingkang nurut, tôndha pasaksènipun sampun purun dados tiyang bêrah ambubak wana kangge patêgilan, ingkang kawontênakên dening parentah.

Sadèrèngipun kula nyariyosakên têtiyang bucalan sanèsipun, kula badhe nglajêngakên cariyos lêlampahanipun sadhèrèk Amat bin Husin. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 909 ---

Panglipur Manah

Laku Jantraning Jaman

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

[Mijil]

yèn nganggoa ikêt wus katitik / bêcik katon mêlok / nèng samuwan ngegla ketok dhewe / wêwirone alus amalipis / tan pating cakênthing / tôndha wonge besus //

saking sabar tlatèn ngati-ati / dadi pilihan wong / ing satêmah misuwur jênênge / nanging balik têkane saiki / kabèh padha wasis / nadyan gunung nang nung //

malah brêgas wuwuh mêrak ati / awit nganggo blangkon / sami mawon desa nagarane / nadyan nganggo karo mlayu bangkit / sapa sing ngarani / yèn wong desa kluthuk //

sajatine tan bisa pribadi / ora gawe gawok / yèn pyayi ya jaman ing kunane / ora ana sing diblônja nagri / mung lungguhe sabin / kongsi run-tumurun //

suprandene omahe katitik / lir bopati anom / balik prapta jamane samangke / kabèh pyayi diblônja nagari / arang kang duwèni / omah lir tumênggung //

mung klêpêran kang apindha paksi / sasat kêna jontrot / yèn pintêra jaman ing kunane / nora bisa ngungkuli saiki / nadyan bisa luwih / akèh pujôngga gung //

ora kaya pintêre saiki / samubarang enjoh / yèn pujôngga mung kari têmbange / pangudine têkan pucuk ardi / kabèh padha wasis / nanging ora payu //

yèn uwonga sing têmên pinilih / têkan ngarsèng manon / ing samêngko sing akèh umuke / obrol goroh mung watone wani / muni nèng ngarêping / panggêdhe digugu //

nanging ana wong bêcik kêtitik / ala katon mlorok / yèn wong têmên tinêmu jatine / yèn wong goroh garowah sayêkti / bêjane sing lali / layak kèh wong bingung //

mungguh èstri crita purwa nguni / yèn lakine layon / bela obong nglabuhi bojone / gumilire jamane ing nguni / yèn lanange lalis / dènnya arsa labuh //

salamine nora gêlêm laki / sasat mèlu layon / balik mêngko tan ngono jatine / durung mati nora dèn eringi / nantang pêgat wani / nitir turut lurung //

wit kalingan angkaraning budi / nandhing sakèhing wong / nadyan pintêr linuwih samine / mula ènthèng laki karo anggris / wadat anglakoni / anggêr ngukup pulus //

kang mangkono bêcike saiki / pancèn luwih onjo / yèn nagara tan kaya samangke / ngêndi-êndi rêja kêbak janmi / murah sarwa-sarwi / nanging kèh wong nganggur //

duk kunane akèh praja sêpi / arang mrangguli wong / tur sathithik praja pamêtune / wonge cilik pangane sathithik / suprandene luwih / têntrêm jroning kalbu //

ora kaya ingkang luwih bêcik / jamane samêngko / ngêndi-êndi wonge ewon kêthèn / pamêtune uga angluwihi / nanging tan brêkati / malah kèh rêrusuh //

mungguh tumrap tani nguni-nguni / ayêm guyêm yêktos / nadyan cilik sathithik wêtune / nanging bisa simpên tumpuk pari / rasane nuwuki / ing sasomah cukup //

nora kaya kang luwih utami /

--- 910 ---

kang kalaku mêngko / paman tani akèh bèrbudine / nandur pari nora simpên pari / wong liya tan ngudi / jêbul numpuk pantun //

yèn panganggo kang linuwih kêris / dhasar nyata nyontok / ning samêngko wonge trêsna kabèh / dililakke marang kantor panhis / prandene sing nulis / nora nyêngklit dhuwung //

duking kuna omah payon wêlit / ayêm rasèng batos / nora samar diobong tanggane / miwah koyok kècu lawan maling / suprandene bangkit / têkan anak putu //

ora kaya bêcike saiki / akèh omah gêdhong / magrong-magrong tur nganggo payon sèng / ewadene kumrangsang mring ati / arang kang lêstari / kongsi run-tumurun //

nganggo damar cukup lênga klêntik / mêlik-mêlik katon / nora padhang ning padhang atine / nora bisa ngungkuli saiki / kabèh sarwa manis / kang ginadhang bagus // Badhe kasambêtan.

Bocah ladak.

Kabêsmèn salêbêtipun kapal Dempo

[Grafik]

Tandangipun opsir 2 ingkang nuju tumandang ing damêl anyirêp kabêsmèn wau, mangangge panganggèn topèng gas badhe lumêbêt ing palkah[4] ingkang kabêsmi.

--- 911 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

V.

Ing ngarêp wis tak kandhakake: wong kuwi nèk lagi kapisanan nonton yarbèrês ing Bandhung, sabab saka papan lan gêdhonge pancèn sêngaja wis diyasani, tur mula iya apik-apik lan cèkli-cèkli, dhêmêne pancèn bisa kêpati-pati têmênan, nanging lawas-lawas, yaiku nèk wis kêrêp nonton, tak pêsthèkake banjur ora dhêmên, nanging... trêsna. Dadi padha kayadene aku karo Makne Kamprèt kae. lagi kêtêmuku kang kapisane, cêkake iya sèwu dhêmên dadi siji têmênan, saupami bisaa mêngkono nang ngêndi-êndi tak kanthongi ajêgan, nanging suwe-suwene, sanadyan rupane ora malih-malih, malah saya mundhak kêmpong perot, dhêmêne iya banjur ganti: trêsna, mêlas lan asih. Kèlingan nèk wis tak paido, banjur muni mangkene: aku wis rumasa salah, mas, iya diparingi ngapura bae. Wah, hla kuwi saka wêlasku rasane atiku kayadene dikrikiti coro. Nèk kèlingan anggone ngopèni aku sabên dinane, saka trêsnaku, ambok ya diijoli wong wadon sêjinah dilanjari siji manèh, ayake iya durung tak êculake. Apamanèh nèk wis macak, thik anggone pupuran lêlamatan, saka asihku, ambokmanawa sanadyan Dèwi Ratih diudhunake ana ing Ngrêcapada, kiraku iya durung ngungkuli karo Makne Kamprèt.

[Grafik]

Mêngkono uga panganggêpku, -kiraku iya panêmune wong-wong liya- tumrape yarbèrês, sanadyan papan lan omah-omahe, ora malih-malih, rupane ajêg bae, ewasamono ora anduwèni bosên. Ana ing ati iya bênêr ora anduwèni dhêmên, nanging mêksa iya... trêsna. Awit iya ngêmungake ana ing yarbèrês ing Bandhung, dudu ana ing Pasar Gambir ing

--- 912 ---

Batawi, dudu ana ing yarmarêk ing Ngayoja, Pakalongan, lan ing Surabaya, utawa ana ing pasar malêm ing Sêmarang, Surakarta, Magêlang lan ing nagara liya-liyane ing sakurêbing jagad kiyi, sing ajêg mêsthi anane konggrès... wong ayu. Jalaran saka iku, mulane aku banjur ora pati wani nonton suwe-suwe ana ing yarbèrês, jalaran aku kuwatir nèk-nèke aku lali, yèn aku kala samono ora ana ing... suwarga.

[Grafik]

Gêdhong dhepartêmèn panggaotan praja ing Bandhung.

Sadurung-durunge wis padha dirêmbug, antarane jam 12 lan jam 1 aku kabèh padha ngumpul ana ing alun-alun sangarêpe Mêsjid Gêdhe. Mungguhing rumangsaku, nèk têkaku tak gawe thèng jam 1 iya durung kêpancal, isih têtêp jênêng wong têmên, wong sing isih nêtêpi ing jangji, dudu bangsane wong sing diundang tahlil jam 8 têkane jam 10, sing ora susah oman-amin, nanging mung kèri ngêmplok bae, alias dudu bangsane wong sing anduwèni panêmu, nèk jam kuwi ana rong warna: jam Lônda lan jam Jawa. Jam Lônda, kuwi jam sing nêtêpi janjine têmênan. Dadi nèk ditêtêpake jam 8, iya jam 8 têmênan. Dene nèk jam Jawa, kêna kasèp nganti... loro utawa têlung jam.

Ing sarèhne kala samono lagi jam 11.30, sêdyaku arêp milang-miling- nanging ora golèk tandhing, sing lênggut-lênggut kuru aking ananging arêp andêlêng apa-apa sing anèh-anèh ana ing Bandhung kono. Anane gêdhong-gêdhong sing cara Banyumase padha: sêmangêr-sêmangêr, ora prêlu tak caritakake ana ing kene, awit mula iya akèh bangêt, kaya ta: gêdhong pamulangan luhur kanggo insinyur, gêdhong dhepartêmèn panggaotan, romah sakit wong lara dicokot asu edan (Instituut Pasteur) lan isih ana manèh sobat-sobate, bakal ngêbak-êbaki papan bae, saupama tak sêbutna kabèh. Dene sing prêlu arêp tak caritakake ana ing kene, sing saiki lagi dadi kêmbang lambene wong Bandhung, yaiku... dhemo.

Mungguh kaanane dhemo, pancène mono ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, jalaran saikine ing ngêndi-êndi panggonan wis ana. Nanging kaanane dhemo ing Bandhung prêlu tak caritakake sathithik, awit sabênêre, dhemo ing Bandhung kuwi upama wayanga mono kêna dipadhakake [dipadhaka...]

--- 913 ---

[...ke] karo Prabu Niwatakawaca, têgêse: sêparo sabrangan (buta) sêparo satriya. Mêngkono uga dhemo, sêparo motor, dadi barang sing wêton sabrang, lan sing saparo dhilman, sanadyan jamane êmbah Gajahmada, nèk dhilman iya wis ana, dadi sing sêparo kêna diunèkake wêton kene. Malah sanadyan kusire, kusir dhemo ing Bandhung kuwi sing akèh-akèh iya bangsane Prabu Niwatakawaca, têgêse sing sêparo buta sing sêparo wong kene, dadi iya kêna disêbut: bêndara tuwan. Ewasamono tandang-tanduke ora beda karo kusir: Pak Krama lumrah. Sanadyan sing nunggangi mung bangsane aku lan bangsane mas prawira mêthit bae, nanging tandang-tanduk solah-tingkahe, iya tansah ngênggoni tatakrama. Nèk ditakoni utawa diprentah iya ora tau lali anggone mangsuli: yah mênir, saya tuwan. Tumrap bangsaku dhewe iki wajib kanggo conto bêsar. Ing jaman saiki kiyi jamane wis malih ora karuwan. Sanadyan bangsane: bêndara tuwan Lônda sing kulite kuning kaya ulêsing kèju, wong sing duwe sêsêbutan nganti rete-rete: Bêndara Radèn Mas Panji Ngabèi Kenthol Ngantèn, nanging nèk ora duwe êndhil, iya mêsthi bakal diêpringake ing uwong, mulane ing jaman saiki kiyi, wajibe uwong aja ngèlingi dhisik mênyang: anak turune Kumbakarna, utawa anak turune êmbah Janaka, iki kabèh wajib disampirake nyang pagêr dhisik, sing prêlu diudi luwih dhisik, iya golèke pangupajiwa, kudu wani cancut taliwônda, cancut arane wong acincing- ning iya aja kêdhuwurên- taliwônda arane wong cawêtan, mungguh karêpe: jaman saiki kiyi aja wêdi nyambut gawe kasar alus, anggêre sarana tindak khalal bae.

[Grafik]

Otobis nuju kèndêl ngaso.

Wis, wis, bukuku pèngêtan kiyi tak lèrènane samene bae dhisik. Mung siji sing isih prêlu tak kandhakake, yaiku ulihku sakônca-kancaku saka Bandhung nyang Batawi. Lakune otobis sing ditunggangi nganti tumêkane ing Batawi ginanjar slamêt, sanadyan sadalan-dalan kêrêp mandhêg. Iki rada mèmpêr, wong iya saka Bandhung, mulane si otobis iya sajak rada... bèsèr.

Buku Enggal

Bale Pustaka sampun ambabar sêrat padhalangan ringgit purwa sambêtipun ingkang sampun, jilid XXIII isi lampahan Krêsna Kêmbang, Krêsna Pujôngga, Krêsna Begal, Sômba Rajah, Bambang Sutija.

Jilid XXIV isi lampahan Sômba Ngênglêng, Bomantara, inggih Boma Suruhan, Sugatawati, Sugatawati dhaup kalihan Sômba, Jaladara Rabi, Satyaki Rabi.

Jilid XXV isi lampahan Gajah Putih Asrati Putri, Suyudana Rabi, Dèwi Dursilawati Ical, Pêksi Anjalirêtna.

Jilid XXVI isi lampahan Suryaputra Rabi, Bambang Danasalira, Kumbayana, Durnatapa.

Jilid XXVII isi lampahan Côndhabirawa, Pandhawa Putêr Puja, Darmabirawa, Arjuna Têrus.

Sêrat Padhalangan punika, mênggah pigunanipun sampun kasumêrêpan ingakathah, rêginipun sabuku f 0.24.

--- 914 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Tamu bangsa Indu. Kolonel Gurdial Singh Dhielan, upsiripun Maharaja Patiala ing Indu, mêntas maratamu dhatêng Mangkunagaran dipun sugata lêlangên ringgit golèk, dene wontênipun ing karaton kasugata badhayan tuwin srimpèn.

Cêtha bilih karajan Jawi punika tumrapipun tanah manca saya katingal.

[Grafik]

Pakêmpalan Putri Budi Sêjati. Para putri warga "Putri Budi Sejati" ing Surabaya nalika dhahar sêsarêngan maargya anggèning nunggilakên pamulangan manggèn ing Plampitan. Kawontênanipun sarwa swadheshi.

Angsal-angsalanipun pasar malêm kabangsan ing Surabaya. Angsal-angsalaning pasar malêm kabangsan ing Surabaya dumugining sabibaripun wontên f 17.338.20.

Jamanipun kados makatên angsal-angsalan samantên punika nama botên sakêdhik.

Campuh sami pêthutipun. Ing bawah kaondêran Batujaya, Krawang wontên benggol nama Bisan campuh kalihan benggol nama Jêmar; Jêmar dipun bacok pêjah ngênggèn. Bisan lajêng dipun tahan wontên kaondêran. Sarêng dalu benggol-benggol kancanipun Bisan cacah 7 sami dhatêng ing tahanan, pakunjaran karisak. Bisan dipun pêjahi. Salajêngipun dados prakawis agêng.

Durjana pasulayan sami durjana, têmtunipun inggih rame. Mugi sadaya sagêda kacêpêng.

Sêrêgan ing kalangan P.P.P.H. ing Ngayogya. Ing wêkdal punika ing kalangan P.P.P.H. wontên rêmbag rame golongan prakawis payêrêg,[5] ingkang araos pandakwa awon dhatêng Tuwan Martodirêjo, loco-voorzitter Hoofdbestuur P.P.P.H. Tuwuhing prakawis wau saking Tuwan Driyowongso. Pikantuking papriksan, lêpatipun malah dhawah dhatêng Tuwan Driyowongso, lajêng dipun kèndêli saking anggènipun dados secretaris Hoofdbestuur P.P.P.H. botên hurmat. Dene Tuwan Martodirêjo linêpatakên ing pandakwa awon, têtêp amajibi padamêlanipun lami.

Sok makatên lêlampahaning tiyang, salaminipun tansah kataman awon lan sae. Sakêdhap dipun lokakên awon, malah lajêng saya sae, makatên kosokwangulipun. Mila pawitan èngêt punika gêgaran ingkang mikantuki.

Darma ing utami. Pabrik sês Sampurna ing Surabaya ingkang mêntas sadean wontên pasar malêm kabangsan pêpajêngan f 1333.52. Pêpajênganipun sadaya wau kadarmakakên dhatêng pakêmpalan pangangguran tiyang siti tuwin Tionghoa, sêpalih edang.

Têmtunipun kadarman makatên punika katampi kanthi gambiraning manah lan sagêd anjalari ecaning sêsipun.

Directeur pangupajiwa praja badhe anggêgana dhatêng nagari Walandi. Paduka Tuwan Ir. De Iong, Directeur pangupajiwa praja sampun bidhal saking Bandung dhatêng Bêtawi nitih mêsin mabur, wontên ing Bêtawi ngêntosi mêsin mabur Eckstar badhe bidhal dhatêng nagari Walandi.

Lampah anggêgana pinanggihipun ing sapunika saya limrah, nanging mêksa mawi pilih-pilih, awit waragadipun taksih angêt sangêt, mila limrahipun namung katindakakên ing kalanipun wontên prêlu sangêt. Nanging botên sande têmtu saya limrah.

Ambêskup sêrat sêbaran wados. Sampun nate kawartosakên ing Sumatra sisih Wetan wontên golongan communist dipun cêpêngi. Ing sapunika pinanggih wontên sêrat sêbaran ingkang sampun sumêbar kala ing wulan Januari. Sêrat sêbaran wau kasêrat sastra Tionghoa, nanging namung tumrap wontên ing Sumatra sisih wetan, saha wontên sêrat instructie, asli saking Penang, sadaya kakintunakên dhatêng procuseur Generaal.

Babagan kados makatên punika têka tansah wontên kemawon.

Tiyang awon (bangsaning durjana) ing tanah ngriki. Miturut katrangan saking parentah, ingkang gêgayutan kalihan rantaman babagan Justitie, kawontênaning jiwa ing tanah ngriki wontên 60 yuta, ingkang kagolong tiyang awon wontên 40.000. Manawi kapirit kalihan kawontênanipun, cacahipun tiyang awon samantên wau botên kathah, awit pêpetanganipun sabên jiwa 15.000 tiyangipun awon namung satunggal. Lan malih ingkang kathah namung nglampahi kadurjanan alit, tumrap ingkang kadurjanan agêng têtêp 15.000.

Sukur manawi kawontênanipun kados makatên, botên sangêt-sangêt adamêl panalangsa.

H.B.S. kabangsan ing Kêdiri. H.B.S. kabangsan ing Kêdiri manggèn ing griya agêng botên nguciwani, papanipun kobèt, hawanipun sakeca. Miturut pawartos, benjing bikakipun tanggal 1 Augustus dipun sarêngakên mèngêti adêging Taman Siswa sampun 10 taun. Malêming pambikakipun mawi paargyan sawatawis, mawi dipun sêsorahi Ki Ajar Dewantara, lajêng wungon. Enjingipun bikak mawi nanêm wit waringin minangka pasêmon akajêng: tuwuh saking kodrat pribadi, utawi atêgês kawruh lan kawaskitan. Ing sapunika ingkang nglêbêti sampun wontên 55, asli saking Aceh, Delil, Batak, Padang, Palembang, tanah Jawi tuwin Celebes. Bangsa Tionghoa 6, wontên ingkang èstri.

Pananêmipun wit kawruh wau mugi sagêda ngrêmbaka.

Warung P.P.P.B.I. ing sêkatenan Ngajogya. Warung P.P.P.B.I. sasampunipun kabikak, kathah sangêt ingkang sami mrêlokakên rawuh, tansah sêk-sêkan. Ingkang lêlados para jurnalis, Mr. tuwin Ir. tiyang siti. Pinanggihipun ingriku ingkang rawuh namung golongan tiyang siti, tumrap golongan ngamanca botên wontên.

Pinuji ewak-èwèk sagêda mêntas saking awake dhèwèk.

--- 915 ---

Examen politie opzener. R.M. Mursada lulus examen pulitie opziener ing politieschool ing Sukabumi. Rumiyin R.M. Mursada wau hoofdagent. Sêsarênganipun ingkang lulus wontên 24, sadaya Walandi, dados golongan nyêle.

Wilujêng.

Ngakên turun Nabi. Wontên pawartos, ing Mêntok wontên Arab ngakên turun Nabi ingkang taksih cakêt, utawi ngakên kados guru agêng. Kathah tiyang ingkang sami kèlu. Lajêng wontên tiyang sagêd sowan dhatêng guru wau gadhah pitakenan warni-warni, nanging guru wau botên sagêd mangsuli, wusana kêbadharan, nyatanipun tiyang wau namung tiyang limrah kemawon. Sarêng badhe dipun cêpêng ing pulisi lajêng oncat.

Warni-warni akalipun tiyang badhe pados panggêsangan wontên ing jaman malèsèd.

Diploma kêplanggrang. Ing Bêtawi kathah murid wêdalan Mulo ingkang namung sarwa pakèwêd, kados ta: ingkang diploma A nglajêngakên sinau botên sagêd. Ingkang diploma B, manawi bijinipun botên sae inggih botên sagêd nglajêngakên sinau dhatêng A.M.S. malah kakênipun ngungkuli ingkang A.

Wosipun punika namung dados bukti rêkaosipun tiyang sinau utawi pados padamêlan wontên ing jaman sapunika.

Kasangsaran motor. Sagolongan patroli pèlpolisi ing Malang inggih punika asistèn wêdana, mantri polisi tuwin agèn 2 sami nganglang numpak sêpedah motor ngangge grobagan. Lampahipun minggah rêdi sakidul Malang, wusana lampahipun sêpedah numbuk palang ingkang prêlu kangge malangi lampahing kadurjanan kopi, motor anjêmpalik. Asistèn wêdana tatu nglêbêt tuwin balungipun iga putung 6, mantri pulisi tatu rêkaos ing pipi, agèn kalih namung tatu sakêdhik.

Samantên apêsing kawula. Dados palang ingkang kangge rumêksa kawilujêngan wau, malah dados margining kasangsaran.

Kabêsmèn ing kapal Dèmpo. Ing bab kabêsmèn ing kapal Dèmpo, sarêng katindakakên papriksan, wontên pêthi kabêsmi namung sakêdhik ingkang dipun bêskup. Miturut papriksan pêthi wau gadhahanipun tiyang ingkang, katingal, mokal yèn gadhaha tindak cidra. Ewadene barang wau kakintunakên dhatêng Bandung supados dipun priksa dening ahli jampi.

Dados mênggahing panggrayangan prakawis, botên kenging ulap dhatêng sintêna kemawon.

Kajênging Indianisatie. Miturut katrangan saking wêwakil parentah, kajênging Indianisatie punika kathah ingkang sêling sêrêp. Mênggah kajêngipun botên kok bangsa Indo tuwin Walandi ingkang cêpêng damêl badhe dipun santuni tiyang siti, nanging pangkat-pangkat wau dipun balanja kados ukuran gêsang ngriki miturut bangsanipun.

Têmtunipun katrangan kados makatên wau sampun ragi adamêl pamarêmipun ingkang kasamaran.

Pinanggihing pangiridan punggawa. Wiwit tanggal 1 Januari 1931 gunggungipun punggawa nagara bangsa Eropa tuwin tiyang siti ingkang dipun suda, sampun mèh 5000. Cacah samantên wau ingkang 4269 pènsiun, 581 wachtgeld tuwin non-activiteit. Miturut pêpetangan golongan C 5 1/2, B. 9%, tuwin A 8 1/2 %. Punika benjing taun 1933 kêdah mindhak dados 7%, 12% tuwin 11 1/2 %.

Indhikan makatên inggih ngêdhêg-êdhêgi.

Lagu ingkang tansah dados raosan. Wontên pawartos, satunggiling asistèn wêdana ing Sêmarang gadhah damêl têtakan mawi ramèn-ramèn, nalika ingkang bupati rawuh utawi kondur mawi dipun kurmati lêlagon Indonesia Raya. Bab punika lajêng dados rêraosing ngakathah.

Bokmanawi tuwuhing lagu wau sampun kamanah mawi ngêtrêpakên êmpan lan papan.

Usul matêsi lêbêting cita saking ngamanca kaduwa. Commisie economie mêntas parêpatan angrampungi rêmbag ing bab panyuwunipun pabrik cita Twente, supados tanah ngriki matêsi lêbêting cita saking ngamanca, botên kaparêngakên.

Pawartos punika sagêd adamêl lêganing ambêganipun ingkang sami sêsêg sawatawis.

Pabrik sêmèn Indarung angsal pangayoman saking Parentah. Mirit pawartos, wontên sulak-sulakanipun bilih pabrik sêmèn Indarung, Sumatra, angsal pangayoman saking parentah, murih botên kadhêsêk saking Jêpan.

Bêja among dagang ingkang angsal pangayoman saking Parentah.

Lulus pandadaran A.M.S. babagan basa wetanan. Wontên murid Taman Siswa ing Ngayogya lulus pandadaran nglêbêti dhatêng pamulangan A.M.S. babagan basa wetanan.

Punika satunggiling kamajêngan Taman Siswa.

ASIA.

Pamulangan anggêgana. Tiongkok andhatêngakên guru nyinau anggêgana 14, wontên ingkang Dhoktor tuwin tiyang ahli ing bab kawruh anggêgana.

Bangsa Jêpan ingkang pados ulam pinanggih ing pundi-pundi. Wontên juru pados ulam bangsa Jêpan pintên-pintên dipun cêpêng dening Parentah Sovyet (Rus), amargi jalaran ngambah laladan sacêlakipun dharatan Sovyet.

[Grafik]

Parêpatan ing Lausanne. Ing pundi-pundi sampun sumêbar pawartos ing bab parêpatan ing Lausanne, inggih punika parêpataning para wêwakil karajan ingkang badhe ngrêmbag bab pasulayan, ura-ura, nyambutdamêl sêsarêngan, rukun tuwin pêdhami. Gambar ing nginggil punika gambaring para wêwakil, saking kiwa manêngên, Tuwan: Baron van Neurath (Jerman) Marconi (Itali) Von Papen (Jerman) Remsay Mac Donald (Inggris) tuwin Heriot (Prancis).

--- 916 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

25

Kapindhone pakewuh tumrap kulawargane bojoku, awit kulawargane bojoku mau padha wong kuna, upama ana rêmbug ing bab anake arêp dipadhakake Walônda, anggone têtimbangan bae ora rampung sataun. Harak jênêng dadi pakewuh gêdhe.

Sumarta, iki wis jam wolu saprapat.

Yèn ngono ayo êndang bali, mêtu dalane mau bae manèh, ora usah mubêng-mubêng, ulihmu mundhak kasèp.

Tiyang kalih lajêng nyengklak sêpedhah, wangsul dhatêng Salêmbah. Wontên ing margi botên patos ginêman, amargi lampahipun kasêsa, wah malih ing batos sawêg sami kisèn sabab ingkang ngoyag-oyag pikiran. Sadumugining ngajêng griya pamondhokan lajêng sami mandhap, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng têtabikan, araos gumèndhêl têrus ing manah, saha mawa prabawa angoyag katêntrêman.

Sadumugining kamar, Nonah Dhorah taksih dhêg-dhêgan, tilêmipun ing wanci dalu tansah gragapan. Raosing manahipun Nonah Dhorah kala punika botên beda kados nalika badhe dhatêng griyanipun Radèn Sumarta kala ing ngajêng.

Nonah Dhorah tansah anggagas, punapaa têka sarêng mirêng lêlampahanipun Radèn Sumarta, manahipun tansah tab-taban, tur botên piyambakipun anggadhahi pamanahan, bingah manawi Radèn Sumarta pêgatan, awit mênggahing pêgatan, punika satunggiling tindak nistha, botên pantês dipun tindakakên ing tiyang ingkang sumêrêp dhatêng kasusilan. Lêrês Nonah Dhorah punika sênêng sangêt manawi Radèn Sumarta sagêd têtêp wontên ing Batawi, nanging babarpisan botên gadhah pangajêng-ajêng supados wontên lêlampahan kados makatên. Mila sarêng mirêng bilih Radèn Sumarta pêgatan, manahipun Nonah Dhorah saya botên sakeca. Makatên ugi ing bab ngajêngakên dhatêng Radèn Sumarta, punika tumrapipun Nonah Dhorah têbih sangêt, awit sampun dipun anggêp kados sadhèrèk.

Enjingipun, wanci sontên, Radèn Sumarta sampun mêthuk dhatêng Salêmbah, lajêng ngêtêrakên dhatêng gang Pasarbaru, wangsul dhatêng pamondhokan malih, kanthi mubêng-mubêng sawatawis. Nanging salêbêtipun kêkesahan punika botên rêraosan ing bab lêlampahan kados ingkang sampun dipun rêmbag.

Dintênipun Ngahad sami adus dhatêng pasisir, tangkêpipun tiyang kalih kados sadhèrèk kemawon, sami rêksa-rumêksa botên angraosi babagan ingkang magêpokan kalihan raosing batosipun.

Ing satunggilipun dintên, nalika nuju sami pêpanggihan, Nonah Dhorah raosan makatên: Sumarta, bêsuk Kêmis ngarêp iki umurku wis têtêp salikur taun. Aku arêp ramèn-ramèn sawatara ana ing pondhokan. Yèn bisa, kowe mronoa, ya, têkaa wayah surup, tak êntèni.

Radèn Sumarta: Apa kowe iya ngulêm-ulêmi wong saka jaba.

Ora, mung kowe dhewe. Kowe aja rikuh, dupèh kowe lanang dhewe.

Dumugining Kêmis sontên, wanci sêrap Radèn Sumarta sampun dhatêng, dipun papagakên ing Nonah Dhorah mangangge sarwa pameran, tur mangangge pangangge diwasa.

Radèn Sumarta nalika sumêrêp anggènipun mangangge Nonah Dhorah, ngantos katingal malêngak. Nonah Dhorah sumêrêp pasêmonipun Radèn Sumarta kados makatên punika lajêng angèsêmi tuwin pitakèn: Genea kowe mlêngak, Sumarta.

Radèn Sumarta mangsuli: Aku nganti pangling, Dhorah.

Kuwi wis watake wong lanang, dhêmên kagetan. Wis ayo kene, linggihan ing patamanan dhisik, mêngko ngalih mênyang omah, padha mangan enak. Bêngi iki aku ya ngundang musik.

Nonah Dhorah lajêng nyandhak tanganipun Radèn Sumarta dipun ajak linggihan wontên patamanan, salêbêtipun lumampah wau Nonah Dhorah wicantên: Sing kogawa kuwi apa, Sumarta.

Radèn Sumarta: Kuncuping kêmbang sruni abang. Salêbêtipun wicantên makatên punika, Radèn Sumarta kalihan ngulungakên, saha dipun tampèni dening Nonah Dhorah araos rahab, kanthi anglairakên têmbung tarima kasih ingkang linut ing ucap manis.

Nonah Dhorah sasampunipun nampèni sêkar lajêng pamitan sakêdhap badhe andèkèk sêkar wau wontên ing wadhah, botên dangu wangsul malih kanthi sêsêging napas. Wusana tiyang kalih lajêng linggih jèjèr wontên ing palinggihan, rêsêping pasrawunganipun sang kêkalih ngantos botên kenging dipun pindhakakên.

Sasampunipun mapan linggih, Radèn Sumarta wicantên: Aku awèh slamêt, Dhorah. Muga-muga kowe nêmua dalan kang anjog mênyang kautaman. Iki aku awèh tôndha pangeling-eling arupa barang sapele.

Radèn Sumarta lajêng ngulungakên dhus alit, Nonah Dhorah anampèni saha lajêng kabikak kanthi bingahing manah, wusana wicantên: Bangêt panarimaku, Sumarta, barang iki èdi bangêt. Athik ana ali-ali kaya ngene. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. lêstantun. (kembali)
lêstantun.
2. Jimawal. (kembali)
Jimawal.
3. atusan. (kembali)
atusan.
4. kapal. (kembali)
kapal.
5. panyêrêg. (kembali)
panyêrêg.