Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-23, #690

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-23, #690. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-23, #690. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 59, 17 Mulud Dal 1863, 23 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 919 ---

Kawruh Sawatawis

Sêkatèn ing taun Dal

Pasamuan utawi karamean sêkatèn wulan Mulud, ing sabên sataun-sataunipun wontên taun warni wolu, kados ta ing taun Alip Ehe sapiturutipun, punika tumrapipun ing karaton dalêm Surakarta, ingkang kenging dipun wastani agêng piyambak, amung bilih dhawah ing taun Dal, dados sabên wolung taun namung wontên sapisan, karamean sêkatèn wulan Mulud ingkang sanèsipun taun Dal, sadaya kawontênanipun nama kalêbêt ajêg. Wondene sêkatèn ing taun Dal ingkang kula wastani agêng piyambak wau jêjlèntrèhanipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Blaking papan sakatènan ing Surakarta.

Kawontênanipun pasamuan, karamean, pêpasrèn, isarat-isarat kagêm tata ngadating karaton sapiturutipun, kathah kawontênan sarwa enggal ingkang mêdalipun namung sabên wolung taun sapisan pêndhak sêkatèn wulan Mulud ing taun Dal kemawon, inggih punika tumrap isarat tata ngadat karaton, wêkdal dintên ngajêngakên dhawahing dintên bakda garêbêg Mulud, dados wontên dintên Akat Paing tanggal kaping 11 Mulud, ing saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun: tabe-tabe, sakalihan pramèswari dalêm gusti kangjêng ratu, sanadyan namung sakêdhap dening prêlu kagêm isarat tata ngadating karaton, kaparêng anjênêngi saha ngasta adang sêkul, dangdangipun wasta Kyai Mrica, ing dintênipun bakda sêkulipun kapatêdhakakên waradin dhatêng para abdi dalêm agêng alit dumugi kawula dalêm, ngantos [nganto...]

--- 920 ---

[...s] namung kabagian sakêpêl dumugi saupa-saupa minăngka ngalap bêrkah dalêm karaton. Pawonipun ingkang kadamêl pirantos adang wau iyasan enggal dadakan, bibar bakda kabongkar rêsik, nuntên bongkaranipun kalabuh dhatêng nawi.

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta dipun tingali saking sisih lèr.

Ing surambi masjid Agêng, sakêmputipun linangse ing sinjang sarwa pêthak byur. Ginarwe ing plisir saistha kajêng apu, têngahing surambi kalêrês manggèning dhampar pinarakan dalêm, ginubah ing sinjang sarwa sutra sêsêkaran maneka warni.

Dintênipun garêbêg siyang, sabibaripun para tamu pangagêng-pangagêng Walandi ingkang anjênêngi pasamuan bakda (pasamuan opisil) nuntên ing ngandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, jêngkar saking pasewakan sitinggil, têdhak ing surambi masjid Agêng tindak dharat, jinajaran abdi dalêm agêng alit, ginarêbêg para luhur putra santana dalêm. Sarawuh dalêm ing surambi, nuntên matêdhakakên dhawuh dhatêng kangjêng radèn pangulu tapsiranom, wiyosing dhawuh timbalan dalêm, dikakakên andongani ajad dalêm, mêmulya eyang dalêm Kangjêng Nabi Adam… Palêsthaning donga ing saandhap sampeyan dalêm jêngkar saking surambi angêdhaton, ugi tindak dharat.

Wontênipun karamean ing alun-alun salêbêtipun sêkatèn pitung dintên pitung dalu, agêngipun kadamêl tikêl kalihan sêkatèn sanèsipun taun Dal.

Ungêlipun mariyêm-mariyêm ing alun-alun minăngka pakurmatan, kajawi mariyêm alit-alit tuwin mariyêm palayangan padatan, ing bakda taun Dal tambah ungêlipun mariyêm agêng-agêng kalih sami pusaka [pu...]

--- 921 ---

[...saka] karaton, satunggal Kyai Syuhbrastha, satunggalipun Kyai Sagarawana, inggih ingkang ugi karan Kyai Nangkula-Sadewa.

Lajêng sapunika kathahipun têtiyang ningali ing wêkdal dintênipun bakda, sanadyan sabên bakda Mulud padatan inggih sampun kenging dipun wastani dasanan èwu tiyang gunggung kêmpalipun, nanging taksih langkung kathah bilih taun Dal, ing pangintên-intên sagêd tikêl kalih utawi tiga racak-racak, awit bakda Mulud taun Dal têtiyang ningali botên ngêmungakên têtiyang wêwêngkon nagari Surakarta kemawon, dalah saking sanès-sanès nagari, pasisir bang kilèn bang wetan punapadene Jawi Têngah, inggih ewon ingkang mrêlokakên ningali, katitik saking papan ing alun-alun, palataran surambi masjid Agêng tuwin sanès-sanèsing panggenan, sami bêntêt kêbak tiyang, prasasat botên wontên sêlanipun sakêdhik-kêdhika kangge malampah.

Wondene têtiyang ningali bakda Mulud taun Dal, punika tumrap têtiyang padhusunan sarta kaum kolot sasaminipun, ingkang kêlimrah prêlu ngalap bêrkah utawi sami adamêl pangèngêt-èngêt tumrap awakipun piyambak-piyambak, dados botên namung prêlu anggèning badhe bingah-bingah, ningali têtingalan maneka-neka thok: punika botên. Wujudipun ngalap bêrkah utawi adamêl pangèngêt-èngêt wau makatên: wêkdal bakda samăngsa sampun mirêng ungêlipun mariyêm agêng kêkalih kasêbut nginggil, tiyang-tiyang wau lajêng sêsarêngan sami nandangi padamêlan bêktanipun piyambak-piyambak, dipun garap dadakan ing sakala ngriku, ingkang kêlimrah adhakan sami dondom-dondom, damêl kanthong alit kangge wadhah arta tuwin sakajêngipun, utawi kêlimrah ugi sami nampar upat-upat pêcut, kadamêl angèn rajakaya sasaminipun. Ujaring kaol tumrap kaum kolot ingkang agêng kapitadosanipun, kacariyos padamêlan ingkang kagarap wau, ngalap bêrkah minăngka kangge pamuji, supados sabên bakda Mulud Dal awakipun ajêg sagêd ningali. Sawênèh kaol nyariyosakên, angsaripun sagêd awèt ênèm.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan, tigang dasanan taun sapriki, wontênipun kapitadosan bab ngêcakakên isarat sarana dondom-dondom sapanunggilanipun wau, lajêng wiwit suda-suda, dumugining jaman sapunika saya suda kathah, kenging binasakakên namung kantun satunggal kalih. Măngka jaman kawandasanan taun mrika, taksih kapetang ewon wontênipun, namung babing pahargyan agêng, tata ngadat karaton ingkang mêdalipun namung sabên sawindu sapisan pêndhak taun Dal, punika ingkang taksih lêstantun ajêg botên suda botên ewah. Botên langkung namung sak măngsaborong.

P.K. 585.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4888 ing Kêpuh. Kajawèn nomêr 53 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1495 ing Surakarta. Sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1311 ing Pêrdhagangan. Wisêl sampun katampi. Kajawèn nomêr 55 têlas.

Lêngganan nomêr 2442 ing Madiun. Dumugi 30-9-'32

Lêngganan nomêr 3895 ing Boton. Sampun katampi.

--- 922 ---

Panglipur Manah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58

[Dhandhanggula]

mundhak-mundhak kamajuan iki | damar gantung nganggo lênga patra | prandene kurang padhange | tansah kudu ingêsur | lampu kumpan lênga gasolin | padhange têkan dalan | ewadene durung | agawe marêming manah | nuli thukul diyan listrik yèn wong ngardi | ngarani damar setan ||

ewadene ora anduwèni | durung masthi yèn atine padhang | amadhangi sêsamine | mring sakèhing pra makluk | malah klêbu bêbasan nguni | têtêp kalingan padhang | têmah nyanuk-nyanuk | mungguh tumraping wong nendra | anèng klasa jinèrèng gumlethak siti | prandene sêsênggoran ||

nora kaya enake saiki | turu kasur tur ranjange tosan | santosa brukut klambune | prandene kagum-kagum | sugih impèn tan enak guling | mungguh wong alêlungan | kang kapenak mlaku | bêbasane ngulêr kambang | satitahe tur bêtah mangangkah yêkti | katêkan kang sinêdya ||

balik mêngko wus sarwa linuwih | kapenake tan kaya montoran | sêpur kilat sêsamine | tur nèh sinambi ngantuk | uwis têkan liyan nagari | ewadene tangisan | narocos adus luh | yèn pilihane manungsa | nora kaya wibawane dadi pyayi | mukti alaming kuna ||

balik alam lakune saiki | basa wirya sasat wus tampikan | tiwas mung ngrusak atine | kajaba tambah bingung | rina wêngi cik-ancik êri | mung tansah têrataban | bêja nora gêmblung | tumibane kalatidha | ewuhaya ngreka budayaning budi | dalane karaharjan ||

yèn winawas kamajuan iki | kang kalaku baya wus utama | sanyata gêdhe uwohe | dene wus wancinipun | amêmiyak pêtênging budi | kang misih anèng jaman | palimêngan punggung | gumregah wêruh pêpadhang | dumadakan pêpêtênge anglimputi | ngluwihi saking ngêkat ||

kalamăngsa yèn lagi nêkani | wus mangkono salakuning jaman | sajak angèl piyakane | tur akèh sing wis baut | pintêr-pintêr maca lan nulis | kamanungsane jêmbar | mrasuk balung sungsum | bêbasan nora kainan | parandene ubayane balenjani | pinêngkok ing bêbaya ||

jaman bosên tan kaya saiki | pindha janma ngingu sato kewan | duk maksih sênêng-sênênge | ngalor-ngidul dikurung | dirumati kalawan bêcik | nanging samêngko ora | bosêne wus thukul | sirna kamanungsanira | ngon-ingone ginêtak kalawan wani | ambyar kasiya-siya ||

puluh-puluh mung kari nglakoni | amênangi jaman ora enak | wus bêjane dhewe-dhewe | nora kêna tinutuh | sapa lena bakal katali | lali ana pêpadhang | sulap nunak-nunuk | gêdhe cilik nora beda | èpèh dahwèn jail muthakil digoni | amrih sangsarèng liyan ||

titi tamat panitraning tulis | Saptu Paing ping nêm likur tanggal | Paningron paringkêlane | Sapar wuku Kulawu | măngsa kasa ingkang lumaris | Dal windu Sancaya |[1] wanci jam sapuluh | tinêngran angkaning warsa | kagunaning gunjing pangèsthining urip | katandhan Bocah ladak ||

--- 923 ---

Bab Tanêman

Bab Sêkar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih aslining sêkar wau saking tanah ngamănca, ing nagari hawa asrêp, dados tumindakipun nanêm inggih wontên ing tanah parêdèn, dipun tindakakên dening tiyang ahli.

Panggaotan wau saya dangu saya sumêbar, tuwin para ahli nênanêm nuntun dhatêng têtiyang tani, dangu-dangu inggih lajêng wontên ingkang nindakakên, nanging sarèhning suburing tanêman wau wontên siti parêdèn (pasitèn hawa asrêp) mila limrahipun namung dipun tindakakên dening tiyang parêdèn.

Têmtunipun ing sakawit inggih botên sapintêna, nanging dangu-dangu inggih wontên ingkang katingal dados panggaotan agêng, kados ta ingkang pinanggih ing tanah Priyangan, wontên tiyang siti nama Kaji Husèn ing Sindhanglayah, Cianjur, akêbon sêkar ngantos andadosakên ing kasugihanipun, bêbathènipun ing dalêm sawulan ngantos sagêd tigang èwu rupiyah, gadhah oto momotan piyambak pintên-pintên, sabên dintên kangge ngêmot sêkar kabêkta dhatêng kitha-kitha ingkang nampèni sêkar-sêkaripun wau, oto tumpakanipun piyambak rêgi kawan wêlas èwu.

Kamajênganipun tiyang siti ingkang samantên punika pantês angsal pangalêmbana.

[Grafik]

Apêl nuju sêkar amrok.

Sapunika mangsuli dhatêng ing bab sêngsêming sawangan dhatêng bab sêkar, tumrap raosing tiyang, kados ing pundi-pundi sami kemawon, upaminipun tiyang ningali wit-witan ingkang nuju sêkar, amroking sêkar wau pinanggihipun wontên ing sawangan, sagêd nuwuhakên raos têntrêm, saya manawi ingkang dipun sawang wau pancèn salugu papan ingkang maligi isi sêsêkaran, [sêsê...]

--- 924 ---

[...karan,] punika saya kiyat panarikipun, upaminipun ningali papan ingkang pancèn kangge mitongtonakên sêkar, ing ngriku sagêd nyumêrêpi adining sêkar warni-warni. Saya tumrap ingkang pinanggih ing kêbon sêkar, katingal kados gumêlaring papan katêntrêman.

Sanyata sêkar punika agêng pigunanipun.

Kajawi nanêm sêsêkaran, ugi kathah têtiyang ingkang nanêm sayuran, awit sayuran punika condhonging gêsangipun inggih botên beda kadosdene sêsêkaran, wontên ing hawa asrêp. Mênggah pamêdalipun, tumrap ingkang sampun agêng inggih undha-undhi kemawon, nanging tumrap ingkang dèrèng sagêd ambucal, gampil panyadenipun sayuran. Dados mênggahing wosipun, sasampunipun sagêd nanêm, inggih kêdah mangrêtos dhatêng panyadenipun, punika sampun limrah dados gêgandhenganipun ulah siti kalihan dagang.

[Grafik]

Kêbon kobis ing parêdèn tanah Priyangan.

Umumipun ing bab sayuran, punika pinanggih ing nagari pundi-pundi, sanadyan ing nagari ingkang têbih saking papan hawa asrêp, inggih wontên sayuran, dumuginipun ngriku sampun timbal-tumimbal saking tanganing bakul, mila rêginipun inggih sampun awis.

Nanging tumrap sayuran ingkang gampil-gampilan, sanadyan ing papan hawa bêntèr inggih sampun wontên ingkang nanêm, kajawi tumrap sayuran ingkang pancèn botên jodho dipun tanêm wontên ing papan ingkang hawanipun bêntèr, kados ta kobis, punika sanadyan dipun tanêm wontên ing pundi-pundi sagêd gêsang, nanging pinanggihipun botên ngiribi babarpisan kalihan ingkang dipun tanêm wontên ing papan hawa asrêp, makatên ugi tanêman sanès-sanèsipun.

Sintên ingkang sampun nate nguningani ing kêbon sêkar utawi sayuran tamtu karaos sênêng ing panggalih, wujudipun ngantos botên mèmpêr manawi tanêman wau dados padagangan, katingalipun sajak kados têtanêman ingkang dados pasrèn, awit sarwa nêgsêmakên. Nanging mênggahing nyatanipun, tanêman ingkang gumêlar ing ngriku punika prasasat donya sumêbar, kantun mêndhêti kemawon.

Cobi mriksanana wujuding gambar tanêman kobis ing nginggil punika.

--- 925 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58

Sawangsulipun sadhèrèk Amat bin Husin saking nyobi nêdya minggat, punika lajêng damêl griya wontên ing kampung A, dunungipun wontên ing sangajênging kantor pulisi panjagi katêntrêman. Sarêng sampun dados saha sampun dipun anggèni sawatawis wulan lajêng kasade dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan asli saking Bantên. Sadhèrèk Amat bin Husin sasampuning griyanipun kasade lajêng pindhah dhatêng kampung C, mondhok ing griyaning mitranipun.

Ing sarèhning sadhèrèk Amat bin Husin punika tiyang lêgan, manawi gadhah pikajêng punapa-punapa sampun tamtu botên wontên ingkang anggondhèli, beda kalihan ingkang anggadhahi bojo, manawi badhe nindakakên punapa-punapa kêdah têtimbangan.

Kajawi punika, sadhèrèk Amat bin Husin punika anggènipun tadhah[2] sêdya badhe kesah saking tanah pambucalan rumiyin piyambak. Amila sarêng wontên salah satunggaling tiyang bucalan ambêkta gambar tanah Papuah (Nieuw Guinea) lajêng nyambut saha katamatakên margi ingkang nuju dhatêng tanah Papuah ingkang dados wêwêngkoning karajan Inggris. Sarêng sadhèrèk Amat bin Husin sampun mangrêtos marginipun lajêng damêl golongan nêdya ngesahi tanah pambucalan. Pados kănca kaajak ngesahi tanah pambucalan punika gampil sangêt, jalaran ing wêkdal wau kathah tiyang bucalan ingkang putêk ing manah. Sababipun têtiyang bucalan anggadhahi manah judhêg punika warni-warni, kados ta:

1. Têtiyang bucalan punika radin-radin anggadhahi pamanggih, bilih botên badhe sagêd wangsul dhatêng tanah wutah rahipun.

2. Ing salami-laminipun botên badhe sagêd sêsrawungan kalihan kulawarga ingkang kantun wontên ing nagarinipun.

Jalaran sanès-sanèsipun rêkaos anggèn kula badhe angandharakên, namung kula nyumanggakakên dhatêng para maos, kadospundi putêking manahipun têtiyang bucalan, ingkang sami manggèn ing têngahing wana, ingkang suwaunipun sami manggèn ing nagari ingkang rame. Langkung-langkung têtiyang bucalan ingkang botên gadhah anak bojo, inggih têtiyang bucalan ingkang botên gadhah tanggêlan punika, ingkang kathah anggadhahi manah judhêg. Saking judhêging manah lajêng anuwuhakên tekad ingkang agêng anasak wanawasa, ingkang sêdyanipun badhe angoncati tanah pambucalan.

Sasampunipun sadhèrèk Amat bin Husin angsal mitra ingkang kaajak angesahi tanah pambucalan, paminggatipun lajêng dipun adani malih. Ing golongan punika anggadhahi prajanjian makatên: têtiyang bucalan ingkang sêsarêngan punika kêdah anggadhahi têgêl, liripun bilih wontên salah satunggiling tiyang bucalan ing golongan punika nandhang sakit, ing măngka sakitipun sampun botên sagêd dipun ajêng-ajêng sarasipun,

--- 926 ---

punika kêdah têgêl anilar. Jalaran bilih botên makatên badhe dados sabab andhêging lampah.

Sadhèrèk Amat bin Husin nalika badhe bidhal punika mêntas dipun tuwèni mas ajêng malariah tropika (sakit malariah tropika), saha sakitipun dèrèng saras babarpisan, dados wiji sakit malariah taksih wontên. Wontên ing satêngahing margi sakitipun sadhèrèk Amat bin Husin kambuh, ananging wilujêng jalaran tandhonipun pil taksih wontên, saha taksih sagêd anêrusakên lampah. Sanadyana taksih sagêd anêrusakên lampah sampun tamtu kanthi rêkaos, sampuna bangsanipun tiyang agêng tekadipun sampun tamtu mopo wangsul ing margi.

Sanadyana sadhèrèk Amat bin Husin punika kados makatên, ing sarèhning sêsakit malariah punika bilih dèrèng ical babarpisan, kambuhipun enggal sangêt, saha kambuhan punika langkung rêkaos katimbang kalihan nalika sawêg kataman, sampun tamtu kemawon nalika kataman badanipun taksih kiyat, ananging sarêng kambuhan punika badanipun sampun ringkih. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

Kawartosakên Kalayan Opisil, Pambikakipun Lotre

Central Comite voor steun aan werkloozen.

[Grafik]

--- 927 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional

I

Garèng : Ora Truk, nèk tak gagas-gagas sing nganti mulêd bangêt, anane malèsèd kiyi sathithik-sathithik têka iya ana bêcike, dhing, wong sajake kabèh-kabèh padha banjur owah, padha salin salaga. Sing biyèn padha dhêmên ropyan-ropyan dhêmên main royal, saikine arêp migunakake dhuwit sakêthip bae, anggone ambolak-balikake kêthipe iya saêjam dhewe. Kang mangkono kuwi pancèn iya mèmpêr, jalaran saiki kiyi golèke dhuwit pancèn iya rada ngrêkeos, wah, sabanjure kiraku kêna diarêp-arêp têmênan, yèn băngsa inyong kiyi bakal wêruh bangêt nyang ajine dhuwit. Apamanèh bangsane bêndara-bêndara priyayi, wah, kiyi anggone salin salaga iya rada diêmat têmênan. Dhèk biyèn nèk ana wong sêsumbar: hêk-hêm, aku priyayi, hèh, wêruh kowe. Sabên uwong iya banjur ngawêt buntute sanalika. Dadi dhèk biyèn ngaku: aku priyayi, kuwi pancèn iya: anjêjak, nanging nèk jaman saiki ditakoni nyambutgawene bae, ana sing mangsuli mangkene: kula makatên narimah ngabdi dhatêng kangjêng gupêrnêmèn. Hara, sajake wangsulane rak kaya wong sing isin kae, sêmune ing batin ana banjure mangkene: saupami kasagêdan kula punika anyêkapana, wah, mêsthi... bablas. Apamanèh yèn ana sing mituturi: dipotonga blanjane 10%, ora dadi apa sèh, asal kêndhile ora tau mêngkurêp bae, sanadyan lêlawuhane têrus-têrusan kudu narima: ... iwak asin.

[Grafik]

Petruk : Kok iya lumrah, wong kuwi nèk dêdêge cupêt kaya Kang Garèng kiyi, iya anak turune Si Suta lumrah bae, utawa sing turunan sahohah, sing nganti sok kudu diaturi: kangjêng pisan, lo kuwi lumrahe atine iya sok cupêt, watake: jail mêthakil, dahwèn lan opèn. Dhêmên nèk andêlêng wong susah, panas manawa wêruh wong bungah. Kayadene kowe kuwi, Kang Garèng, sajake têka malah anggêguyu, [ang...]

--- 928 ---

[...gêguyu,] lan ngerang-erang marang para priyayi sing saikine padha pating jêmpalik kuwi. Pancène rak malah kudu wêlas...

Garèng : Hara, petruk kiyi rak kaliru tămpa bangêt, wis mêsthi bae yèn aku wêlas, nanging sajêrone wêlas mau ana bungahe, jalaran, sabab dening jaman malèsèt kiyi, para priyayi sajake kaya padha dielingake nyang Sing Kuwasa, nèk salirane kuwi, sanadyan luhure pangkate sêtêngah malaekat, nanging sanyatane mung manusa blaka, têgêse: bisa ngêlu, bisa mulês, bisa kapêksa kudu... ngêmplang utange. Pangkate bisa saya muluk, nanging iya bisa dijabêl. Pamêtune bisa saya sathekruk, nanging iya bisa saya mungkrêt. Dadi cêkake, ora beda karo wung lumrah, iya bisa bêgja, bisa cilaka, malah bisa... kêbêbêlên barang. Nèk wis gênah têtela mêngkono, sawênèhe para bêndara priyayi, sing sajêg jêmblêg angrumaosi putra wayahe eyang Yamadipati, rak banjur kagungan kayakinan, yèn salirane kuwi ora beda karo para bawahe, têgêse: padha-padha titahing Ngabathara. Ing sarèhne wis ngrumaosi padhadene mahluk, wusanane sing mêsthi nèk ana bawahe ora pati brangkangan utawa panyêmbahe ora pati andharindhil, ora kok banjur anjêthuthut utawa mlerok bênggala, nanging iya mung ayêm bae, awit rumaose: kae karo aku rak iya padha-padha mahluk. Nèk kabèh rata wis bisa mangkono, cêkake kêna diarêp-arêp, yèn ing tanah Jawa kuwi para priyayine ora ngêmungake pintêr-pintêr, nanging kajaba kuwi, sing ditêngênake iya ora anggone ngrumaosi, anak dewa putune bêndara Gusti Allah, nanging sing ditêngênake... kamanungsane, hara, nèk dipikir mêngkene, apa iya ora ana bêcike malèsèd kuwi.

Petruk : Wiyah, wiyah Kang Garèng, hambok aja kêbangêrêk mêngkono. Nèk digagas dawa mêngkono, sanyatane sing dielingake karo Sing Kuwasa, ora ngêmungake para dara-dara priyayi bae, nanging kabèh sajagad abuh kiyi, dadi iya para partikulir, para tani, para among dagang, dalasan anane pangajaran bae iya olèh labragan, tandhane: akèh bae sêkolahan-sêkolahan sing diprithili, sing diungkrêt, malah ana sing dilabasake babar pisan.

Garèng : Nèk mung didêlêng saprepedan, apamanèh mungguhe tanah Jawa kene, sing anane pangajaran lagi kênduk-kênduk arêp maju, katone iya sawiyah-sawiyah bangêt, awit kayadene banjur ana komandho: sêtop, samene bae, aja muluk-muluk, mêngko mundhak hêrè... wèl. Nanging nèk digagas sing rada anjalimêt, wajibe kenene kudu ngucap: Alkamdulillah, dene ana prithilan pangajaran, ora 25 utawa 30 taun kang kapungkur. Saupama iki ditindakake 25 utawa 30 taun sing wis kapungkur, rak iya kojur ora ilok têmênan, awit pintêr-pintêre wong Jawa kala samana rak isih jênêng: satêngah madon. Balik saiki, wong Jawa sing wis olèh pangajaran sing dhuwur-dhuwur kuwi, rak wis bal-balan. Dadi barêng sakèhing pangajaran padha [pa...]

--- 929 ---

[...dha] diprithili lan didibuntungi,[3] iya ora kewran, malah banjur cekat-cèkêt nêdya ditandangi dhewe. Buktine: kajaba saiki sakolahan rêndhah duwèke bangsane dhewe wis sasayahira, pamulangan Mulo kabangsan prasasat wis pating tlècèk. Malah jarene ora watara suwe manèh ing Kêdhiri arêp dianani H.B.S. kabangsan, lan ing Surakarta arêp didêgi A.M.S. iya kabangsan. Ing măngka nèk andêlêng bakal guru-gurune iya băngsa kampi kabèh, wong iya bangsane insinyur, mèstêr, dhoktêr lan sapêpadhane. Ewasamono, Truk, ing sarèhne sing padha mulang kuwi kabèh padha băngsa Indhonesiyêr, ing têmbe para muride cara Landane apa ora padha kithal.

Petruk : Wah, kiyi rada angèl anggonku arêp mangsuli. Mulane aku banjur malês duwe pitakonan: sakolahe para murid kuwi, niyate arêp ngudi dadi Walănda, apa mung ngudi mênyang kapintêran. Nèk sakolahe mau arêp ngudi dadi Walănda, kêpingin ngênggoni jênêng: Wèlêm Petrus utawa Jakob, cara Lăndane iya kudu: cas cis cus bangêt mulane iya kudu sakolah sing ngêmungake diwulang ing băngsa Walănda bae, sokur bage bisa sakolah ana ing nagara Walănda pisan, dadi bisa saya kompêlit, bisa ngiras-ngirus sinau mangan: roti mêrtega lan kulit kênthang barang. Dene nèk sakolahe mau mung arêp ngudi nyang kapintêran, dadi ora prêlu bisa cara Walănda sing nganti ngèsès, cukup anggêre ngrêti bae, kaya-kaya ing sakolahan-sakolahan kabangsan mau wis ora ngapirani. Mulane saiki mung kèri milih bae, kêpengin isih jênêng: Jawa dêlês, nanging kapintêrane ora pati kalah-kalah bangêt karo băngsa Walănda, apa kêpenging dadi jêkèk Walănda... gadhungan.

Têtumpakan Atax

[Grafik]

Ing sisih punika têtumpakan bangsaning Demo kados ingkang sampun ragi kalimrah ing tanah ngriki, nanging sanès malih. Inggih punika ingkang dèrèng dangu kapitontonakên wontên ing Batawi dening Borsumy, ingkang andhatêngakên têtumpakan wau.

--- 930 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Putra Nata Siam badhe dhatêng tanah ngriki. Wontên pawartos, Pangeran Pariabrata, ingkang kawartosakên calon badhe gumantos nata saha badhe dhatêng Eropah, badhe mampir dhatêng tanah ngriki rumiyin, lajêng sawêg bidhal dhatêng Eropah.

Punapa tanah ngriki punika dipun panggalih dados tanah panglipur.

[Grafik]

Tandhingan sepak raga ing Bêtawi. Kawartosakên, dintên Minggu sontên ingkang kapêngkêr ing alun-alun Deca Park, Bêtawi Centrum kawontênakên tandhingan bal, inggih punika Keung Wah mêngsah kalihan S.V.B.B. kawontênanipun seri.

Inginggil punika gambaripun para sawungipun Keung Wah.

Arta krêtas ingkang badhe katarik wangsul dhatêng Javasche Bank. Awit saking wara-waranipun president tuwin directeur Javansche Bank, arta krêtas ingkang wêdalan taun 1897 dumugi 1924 badhe katarik wangsul, botên kagiyarakên malih. Sintên ingkang anggadhahi arta wau supados anglintokna dhatêng kas-kas bank, ngantos dumugi tanggal 31 Maret 1934. Langkungipun saking titimangsa punika, namung badhe dipun bayari dening Javansche Bank Betawi, nanging ugi sagêd nêdha pitulungan dhatêng bank sanès-sanèsipun, namung lêlahanan.

Sintên ingkang sugih arta wajib migatosakên bab punika.

Ngèndêli punggawa. Konggres J.C.J.L. ngèndêli punggawa 29 juru mudi tuwin 13 masinis, margi wontên kapal 12 kang kasade.

Sintên ingkang nyana manawi kawontênanipun jaman kados makatên, kongsi kapal sagêd ambruk.

Kadurjanan kajêng. Pèlpulisi ing Malang kidul mêntas nyêpêng durjana kajêng 4, sampun nêgor kajêng jati nèm 185 wit, ingkang inggilipun 130 m. Mlêbêtipun durjana dhatêng wana sarana ngrisak pagêr salatara.

Kajêng samantên kathahipun punika arak sasat tiyang badhe dados dagang kajêng.

Pasabinan dipun têmpuh ing ama tikus. Ing bawah Tasikmalaya wontên pasabinan dipun têmpuh ing ama tikus, ingkang risak langkung saking 20 bau. Departemen Tatanèn sampun aparing racun tikus saha sampun kacobi, dayanipun dèrèng katingal.

Kalamangsa punika manawi sawêg botên sae. Dalah tikus kemawon inggih nyarêngi kados makatên.

Kopral kominis. Kawartosakên ing Bogor wontên kopral 6 katahan, amargi sêsorah kominis, sami dipun cêpêng, nanging ingkang 3 dipun luwari amargi praskawisipun botên têrang..

Yak, dene wontên-wontên kemawon.

Tiyang ambalela ing Acèh. Wontên pawartos, ing tanah Alas wontên pakêmpalaning têtiyang ingkang nêdya badhe ambalela. Bab punika kadênangan dening pangagêng militèr, pangajêngipun dipun cêpêng. Kajawi punika taksih wontên tiyang 10 malih sami dipun cêpêngi. Ing pakêmpalan wau mawi nyorahakên ngèlmu warni-warni, malah mawi ngawontênakên dêdamêl punapa. Pangajênging pakêmpalan sampun dipun patrapi paukuman 6 taun, sanès-sanèsipun wontên ingkang 3 utawi 2 taun. Ing bab kajênging ambalela dèrèng kasumêrêpan.

Wiji kados makatên punika tumrapipun ing tanah Acèh taksih wontên kemawon.

Pantun kojur. Ing bawah distrik Paiton, Kraksaan, kathah tiyang ingkang dipun bêslah jalaran pajêgipun taun 1931 dèrèng sah. Sarêng pantun dipun lelangakên, sadhacin namung pajêng f 0.75. Wêkasan adamêl bingungipun para tani, lajêng nêdha pitulungan dhatêng P.S.I.I. Probolinggo. Sapunika sampun têpang rêmbag kalihan ingkang wajib.

Sêmantên rêkaosing manahipun tiyang gadhah pantun ing jaman sapunika.

Pangiritan Nagari. Parêpatan I.K.P. ngawontênakên mosi, nyuwun dhatêng parentah, supados panindaking pangiritan sarana mawi mawang dhatêng cacahing kulawarga.

Panyuwun kados makatên punika, manawi kasêmbadan badhe murakabi yêktos.

Sêsakit kewan ing Jawi Têngah. Mirit pèngêtan kawontênanipun kewan-kewan ingkang sakit, ing Jawi Têngah kapetang botên sapintêna, tuwin pundi ingkang kataman sêsakit muruh utawi tracak, ugi sagêd saras. Sapunika tumindaking pangrêksa tumrap kewan katingal saya kawigatosakên.

Punika nandhakakên manawi tiyang saya mangrêtos dhatênfg dayaning pangrêksa, pinuji sagêda lêstantun makatên.

Bangsa Portêgis minggat saking papan pambucalan. Wontên bangsa Portêgis bucalan cacah 8 ing Timur Dilly bawah Portêgis, sami minggat dhatêng Timur Kupang bawah Walandi. Para miruda nêdya nglajêngakên lampah dhatêng tanah Jawi, naging pangagêng ing Kupang botên nayogyani. Wusana lajêng [la...]

--- 931 ---

[...jêng] sami nêdya nglajêngakên lampah dhatêng Prancis utawi Sêpanyol.

Tiyang nêdya badhe mardika punika pancèn limrah.

Student Jêpan wontên ing Surabaya. Ing Surabaya kadhatêngan student-student pamulangan luhur dagang ing Osaka, dipun pangagêngi Prof. Ogata. Dhatêngipun ing tanah Jawi prêlu sinau dhatêng kawontênanipun. Ingkang dipun dhatêngi proefstation ing Pasuruan, sêkolahan warni-warni lan sanès-sanèsipun.

Tanah Jawi punika pancèn pangawak punapa?

Pinanggihing papriksan ing pucak rêdi Mêrbabu. Tuwan J. van Berkum, ingkang naliti pucaking rêdi Mêrbabu, prêlu ngudi sêsêrêpan ing bab patilasan kina, namung sagêd manggih lumpang utawi kuwali. Papriksanipun taksih kalajêngakên.

Punika rak barangipun tiyang kina jaman malèsèt kala samantên.

Dhukun têgêlan. Wontên tiyang èstri kalih ing dhusun Poleon, Buton, dados dhukun, nindakakên panganiaya dhatêng tiyang èstri ingkang nuju sakit ngantos tiwas. Mayitipun lajêng dipun kêlèti, prêlu kangge nulak setan. Dhukun wau lajêng kacêpêng saha kaukum nyadasa taun.

Tindaking dhukun punika têka ngantos kados makatên, mila kandêl tipising panganggêp dhatêng dhukun, wajib dipun singkiri.

Dipun saut ing ombak sêgantên kidul. Kawartosakên Nyonyah Van Eersel nalika lêlumban wontên sêgantên Kidul, sacêlakipun Surabaya dipun saut ombak. Lajêng wontên pitulungan sarana nguncali blèg lisah pèt kothong 2, nanging malah saya manêngah, wusana botên katingal. Botên dangu lajêng wontên motor mabur madosi, kalangan wontên ing gêgana, nanging ugi tanpa damêl. Sarêng sampun 3 1/2 jam nyonyah wau minggir piyambak, kabêkta ing ombak, lajêng dipun pitulungi dening tiyang siti, dipun pasrahakên dhatêng warisipun.

Wah, dene ngantos kados lampahan Sêmbadra larung. Sukur dene sagêd pinanggih.

Pancèn ulig-uligan. Sampun sawatawis dangu wontên bangsa Mexico ngakên professor nama Polecek lajêng nindakakên apus, kalampahan sagêd ngapusi toko mas intên, wusana lajêng kacêpêng saha kaukum. Tuwan wau satunggiling dintên cariyos sakit untu lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z. Sadumugining C.B.Z. pulisi ingkang ngêntosi wontên ing jawi. Wusana tuwan wau kesah botên kasumêrêpan, dipun padosi dèrèng pinanggih.

Punika namanipun tiyang ngulur-ulur dosa.

Pamulangan luhur pangadilan. R.R. Sudarsini, M. Sunaryo tuwin Utomo sami lulus candidaat examen perangan kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi.

Sanadyan sawêg perangan kapisan, raosipun sampun angagêngakên manah, punapa malih punika wontên calon Srikandinipun.

Guprênur Jawi Têngah tindak pêpriksa. Guprênur Jawi Têngah mêntas papriksa dhatêng bale dhusun Pucungrêja, Muntilan tuwin dhatêng onderdistrik Ngaluwar (Salam). Mênggah wigatosipun kajawi nindakakên prêlu, ugi kaparêng nampèni sowanipun sintên kemawon.

Rawuhipun pangagêng ingkang makatên punika têmtu amaanani prayogi, awit sawarnining raos kabêtahanipun ngathah[4] badhe sagêd kalair.

Karajan Jawi ing Surakarta nyuda pajêg siti. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana marêngakên badhe nyuda pajêg siti.

Sukur.

Salêbêtipun 14 jam kêdah kesah. Tuwan Gathot kalihan Muhammad Yamin, ingkang nuju mêdhar sabda wontên Sumatra nalika wontên ing Fort de Kock dipun wuwuhi dening Resident, supados sumingkir saking ngriku salêbêtipun 24 jam, tuwin dipun awisi amêdhar sabda wontên ing tanah Sumatra.

Punika nama manggih sandhungan ing lampah.

Parêpatan kabibarakên. Ing Gorontalo mêntas wontên parêpatan P.I. dipun dhatêngi tiyang 1500 dipun bibarakên dening pulisi, amargi wontên sêsorah ingkang dipun awisi. Mr. Iskak ingkang mêdhar sabda dipun bêkta pulisi, nanging inggih lajêng dipun mardikakakên. Bibaring parêpatan linut ing lêlagon Indonesia Raya sakalangkung rame.

Cooperatie ing Surabaya manggih rubeda. Ing Surabaya sampun wontên cooperatie kabangsan 210. Ing sapuinika wontên pawartos, cooperatie sadaya wau badhe kenging paos f 50.- Ing sapunika Dr. Sutomo sawêg rêrêmbagan kalihan Mr. Sartono.

E, wontên-wontên kemawon.

ASIA.

Jêpan tuwin Machu Kuo. Sanadyan commissie Volkenbond sampun pêpanggihan ingkang wêkasan, nanging minister babagan sajawining praja Jêpan botên mupakat ngwangsulakên Mansyurie dhatêng Tiongkok ingkang mêngsah Jêpan. Malah botên niyat badhe rêrêmbagan babagan Mansyurie kalihan Volkenbond utawi Tiongkok.

EROPA.

Taksih mogok. Pogokan ing Belgie mrèmèn dumugi papan pamêlikan arêng ing Campine, wontên tiyang 10.000 sami tilar padamêlan.

Bab nyambuti arta dhatêng Oostenrijk. Parepatan ing Volkenbond nayogyani suka sambutan dhatêng Oostenrijk sadasa yuta ponsterling, nanging wakil Jerman kèndêl kemawon.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Sang Raja Victor Emanuel ing Itali, nuju ambikak pirantosing têtanèn.

--- 932 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

26.

Sasampunipun wicantên makatên, sêsupe lajêng dipun angge, wontên ing driji manis, awarni sêsupe êmas mripat bêrliyan, lajêng dipun sawang kanthi nêbihakên drijinipun. Nonah dhorah lajêng wicantên: Kowe kuwi pancèn pintêr milihake barang bêcik. Athik srêg kaya diukur, lèmu ngukur drijiku dhèk apa.

Êlo, ya sabên dina ta Dhorah.

Botên dangu kêtungka dhatêngipun tukang musik. Sasampunipun wiwit mungêl, ingkang sarêng sami gambira ing manah.

Nonah dhorah tuwin Radèn Sumarta taksih sami cakêtan. Radèn Sumarta lajêng wicantên: Dhorah, pancène kowe gênti awèh slamêt mênyang aku. Aku wis olèh pagawean ana Dhepartêmên Pangrèhpraja, balănja têlungatus rupiah.

Nonah Dhorah: Slamêt, slamêt Sumarta. Dadi blanjamu malah akèh saiki.

Iya, nanging pancèn wis wayahe aku tămpa undhakan balănja. Lan manèh ana pangalêmbana saka panggêdheku dhèk biyèn, dadi aku rumasa isih ana wong kang nrêsnani mênyang awakku. Kajaba kuwi, ing saiki aku wis pisahan karo bojoku. Mung kuwi kang andadèkake pamarêmku lan kowe.

Nonah Dhorah lajêng ngucap kados wicantên piyambakan: Mêsakake. Nanging kapriye manèh yèn kaanane pancèn ora nyênêngake, iya malah bêcik mangkono. Urip ana ing donya iku mung sadhela, yèn uripe arasa nêmu siksa, prêlune apa, satêmêne ora pisan-pisan aku ngrujuki ing bab anggonmu pêgatan, nanging tinimbang urip tansah angganyang ati, iya malah bêcik pêgatan. Anu, Sumarta, pagaeanmu saiki apa, lan apa kowe wis wiwit tapak nyambut gawe.

Tapakku nyambut gawe sesuk. Aku ditêtêpake manggon ana golongan arsip.

Nonah Dhorah tanpa kèndêl atêtakèn warni-warni, nanging pitakènipun wau kados êmbyang-êmbyangan kemawon. Awit mênggahing wosipun, sadaya namung tumplêk araos bingah, jalaran saking anggènipun pêpanggihan kalihan Radèn Sumarta. Wusana lajêng kêtungka panyêluking tamu kathah ingkang sami ngajak bingah-bingah. Sarêng sampun pêpanggihan, lajêng miwiti bingah-bingah sakatogipun.

Ing salêbêtipun bingah-bingah punika, Nonah Dhorah tanpa pisah kalihan Radèn Sumarta, tansah gêgandhengan dhansah kados pêpindhaning lung mulêt ing rambatan, namung kala-kala Radèn Sumarta inggih ngecani manahing liyan, gêntos ngajak dhansah dhatêng tamu sanèsipun. Wantunipun ingkang sami bingah-bingah ngriku para pangajaran, sanadyan wontên têmbung panggarap, nanging wêdalipun sinamun ing pasêmon.

Sayêktosipun Nonah Dhorah sampun angraos piyambak, bilih supêkêtipun kalihan Radèn Sumarta wiwit punika, botên araos kados supêkêting sadhèrèk. Saupami kala punika Radèn Sumarta angambali gadhah panêmbung dhatêng Nonah Dhorah, tamtu lajêng tinanggapan têtêp dados pacangan.

Radèn Sumarta piyambak inggih sampun karaos, bilih kawontênanipun Nonah Dhorah sampun ewah. Wăntênipun Radèn Sumarta dèrèng purun anglairakên raosing manah, saking taksih wontên ingkang dados pangajêng-ajêng malih, inggih punika ngêntosi têtêpipun angsal palilah saking parentah ing bab anggènipun nyuwun kasamèkakên băngsa Eropah. Purunipun anglairakên panêmbung, samăngsa sampun sami drajatipun.

12. Jodho saking tiyang sêpuh

Mangsuli cariyos ing papan ingkang mêlasasih, inggih punika ing griyanipun Radèn Sumarta ing nagari S, ing sapunika katingal sakalangkung sêpên. Rintên dalu lawangipun botên nate kabikak, dilah-dilahipun inggih botên nate kasumêd, griya wau katingalipun kados griya suwung. Ingkang dados têtêngêr bilih ing ngriku taksih dipun ênggèni tiyang, sabên sontên katingal wontên tiyang nyurung kretan alit isi lare, wira-wiri wontên sangajêng griya.

Sadaya mitranipun Radèn Sumarta botên wontên ingkang dhatêng ing ngriku, awit para mitranipun wau, namung nganggêp mitra dhatêng Radèn Sumarta piyambak, tumrap dhatêng sanès-sanèsipun namung dipun anggêp kados juru lêlados.

Ing kala punika Radèn Ayu Prawira kalihan mantunipun sami nuju olah-olah. Suwita tilêm ngalepus wontên ing èmpèr wingking, dipun iyun wontên ing bandulan dening rencangipun.

Radèn Ngantèn Sumarta wicantên kalihan mèsêm: Dene ibu anggènipun olah-olah kathah têmên, kados badhe wontên tamu.

Radèn Ayu Prawira mangsuli: Tumrape wong pasa, olah-olah samene iki durung sapira.

Karsanipun ibu namung gudhang-gudhangan, punika têka kathah têmên olah-olahanipun. Ingkang badhe nêdha sintên. (Badhe kasambêtan)

--- 113 ---

Nomêr 29, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Wah, sangêt andadosakên bingahing manah kula, tuwin sangêt panuwun kula, dene kathah para mitra ingkang suka paring sêsêrêpan bab pratikêlipun nyulap. Bab sulapan ingkang waunipun kula botên mangrêtos babar pisan, wasana lajêng sagêd mangrêtos, awit anggènipun nêrangakên para mitra ingkang sagêd cêtha tur gamblang.

Sapunika gêntos kula ingkang nyulap, nanging sanajan punika sapele, ugi wontên gunanipun sakêdhik, kasumêrêpan para mitra kathah. Katêranganipun kados ing ngandhap punika:

Wontên sawênèhing tukang sulap, mêndhêt pisang wêtah (dèrèng dipun oncèki) ingkang dipun sadhiyakakên ing bangku, dipun têdahakên tiyang ingkang sami ningali, nanging saking têtêbihan. Lajêng mêndhêt lading, wêwayanganing pisang kairis, rambah kaping kalih utawi tiga, nanging anggènipun ngiris ngolah-ngalih. Sarta pisang lajêng kasukakakên sawênèhing tiyang ingkang ningali, kapurih ngoncèki. Sarêng pisang dipun oncèki têka saèstu tugêl kados kairis. Pancèn inggih ragi anggumunakên.

Nanging katêranganipun gampil kemawon, makatên: ing sadèrèngipun nyulap, pisangipun wau kacublês mawi dom, pisangipun kêdah milih ingkang kathah plênik-plênikipun cêmêng, supados manawi kacublês mawi dom botên katawis. Inggih punika pisang susu. Mênggah amblêsing dom, kakintên sampun ngantos têmbus ing kulit sisihipun. Dom lajêng kagarit-garitakên mubêng supados daginging pisang sagêd tugêl. Hara, kănca sami nyobia.

Kula pun Kuslan, Mangunsari, Salatiga.

--- 113 ---

Dongènge Wong Srêgêp lan Wong Kêsèd

[Asmaradana]

kacarita jaman riyin | ing desa Karangkêsaba | kang ngênggoni mung wong loro | kang siji aran Si Suta | siji aran Sadăngsa | Si Suta bêcik ing laku | lan srêgêp ing barang karya ||

balik Si Sadăngsa iki | beda kalawan Si Suta | ora bêcik klakuane | datan nate nyambut karya | sabên ana ing ngomah | gawene mung mangan turu | sing rêkasa mung èstrinya ||

--- 114 ---

kocapa ing saiki |[5] Si Suta mênyang ing wana | karo anggawa jarane | nênêm kanggo anggêgawa | lèh-olèh saka wana | esuk-esuk budhal mlaku | datan suwe têkan wana ||

Suta banjur milang-miling | ora suwe wêruh ana | wit jêruk kang akèh wohe | Si Suta ora sarănta | trus diundhuh sadaya | tan ana kari kang jêruk | dimomotake ing jaran ||

Si Suta trus mlaku malih | ora suwe banjur têkan | kali asat kèh iwake | Si Suta banjur anggagas | pêparinge Pangeran | kang tumiba ing awakku | sawise muni mangkana ||

Iwak banjur dijupuki | dimomotake ing jaran | banjur mlaku alon-alon | ora kocap ana ngalas | momotane nêm jaran | iwak kayu lawan jêruk | têrus bali têkan ngomah ||

satêkane ngomah nuli | wêwarta nyang anak kapat | padha bungah sakabèhe | mêngko kocap bok Sadăngsa | krungu warta Si Suta | olèh rêjêki sathekruk | trus kongkon karo sing lanang ||

sing sing lanang banjur mangsuli |[6] wis kono ngliwêta enggal | sing wadon trus mênyang pawon | iya banjur olah-olah | sing lanang banjur nyandhak | arite kalawan wadung | sêdyane arêp diasah ||

dilalah kêrsaning Widhi | yèn wong lagi kêpalangan | goning tansah turu bae | ya ora kurang jalaran | Dăngsa barêng nyang jaba | kabênêr sing wadon mêtu | ambuwang kumbahan jangan ||

mak pyuk banjur angênani | mênyang mripate sing lanang | nganti ora bisa mêlèk | bali manèh têturonan | liding dongèng mangkana | wong kêsèd nêmu têngadur | wong srêgêp kèh rêjêkinya.

Sarbini, Salatiga.

--- 115 ---

Kêthèk lan Kucing Pêrang

Dhèk biyèn ana kêthèk lan kucing, padha diingu uwong. Wong sing ngingu iku kêrêp ngalêmbana mênyang kewan ingon-ingone mau, yèn kucing nuju anggêrêng, diêlêm: wah, si bêlang kuwi nèk anggêrêng kaya Patih Prahastha, ketok singêr, kiraku ora ana sing kuwat nandhingi. Dene yèn wêruh ingon-ingone kêthèk, tandange trampil, bisa mêre, diêlêm: si wênara kuwi prigêl bangêt nganti kaya Radèn Anila, dhasar rosa, patut-patute kuwat anjunjung gunung.

[Grafik]

Kewan loro mau sabên krungu dialêmbana, padha gêdhe atine, lan rumasa kaya Prahastha lan Anila têmênan, si kucing tansah gêrêng-gêrêng, ngetokake anggone sêru gêrênge. Si kêthèk mangkono uga, tansah mêre-mêre, rumasa yèn kaya Radèn Anila.

Sawiji dina, kucing liwat sandhing cancangan kêthèk, kêthèk banjur mêre ngêgèt, kucing nganti anjumbul, banjur anggêrêng.

Kêthèk calathu: Êlo kowe Prahastha, wani-wani anggêrêng kaya wedang sêmawah, apa kokira aku wêdi, mara nyêdhaka mrene yèn arêp tak taboki.

Kucing nêpsu, mangsuli karo nyêngkakake gêrênge, kêthèk nganti anjondhil, têmbunge: Kêparat kowe, Anila, ngabani sakênyoh-kênyoh. Kowe durung nganti bisa anggrayang êndhasku, wis kêna tak tapuk cangkêmmu.

Kêthèk: E la, babo-babo, kowe bisa napuk aku sasat bisa napuk angin. Majua. Yèn kowe êmoh maju, gilo tak balang watu. Anggone muni ngono mau karo ambalang têmênan, kucing katiban êndhase nganti muni: ngeong.

Kucing banjur nubruk si kêthèk, kêthèk endha, malah tèplêk ngrangkul gulu kucing, karo muni: Ayo budia.

Nanging kucing pancèn prigêl nalika gulune disikêp si kêthèk, sikile ngarêp sing têngên banjur ditumpangake tangane kêthèk sing kiwa, dinêtake sarosane, gulune digèdhègake, bisa uwal, sikile ngarêp têngên banjur ditapukake rai kêthèk, kêthèk nganti nyuwara: ciyèt, banjur ngunduri. Kucing anggêrêng mapan.

Ing kono kewan loro mau banjur padha sawang-sawangan, ngarah êndi sing kêlimpe, mêsthi tiwas, nanging loro-lorone padha prayitna, mripate awas, kucing anggêrêng, kêthèk plirak-plirik.

Wah, nganti kaya langên wanara.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu ngarêp wayangan manèh.

--- 116 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 57

Tinêmuning kamulyan.

[Dhandhanggula]

Tinêmune lêlakon saiki | uwis cêtha wong kang kasangsara | sok nêmu kabêgjan têmbe | kaya pangeran iku | sapa ngira ngono saiki | dhasar dadi pangeran | rabi putri ayu | mêsthi agawe karasa | samubarang sing uwis tinêmu bêcik | lumrah dadi penginan ||

nanging uwong adhakakan sok lali | yèn kabêgjan iku ora gampang | malah abot patukone | lakon mangkono iku | akèh bae wong kang mêruhi | barêng ana kamulyan | wong apangkat dhuwur | kang dudu asli bandara | banjur gumun gumune satêngah mati | iku kêliru tămpa ||

awit mêsthi saka ora ngrêti | kamulyane yèn saka rêkasa | ora mêruhi susahe | kocap mêngko sang prabu | uwis yuswa sênêng ing galih | bangêt ngeman nyang putra | lan ngraos wis tutug | kaparêng arêp magawan | ngangkat putra kangjêng pangeran dipati | têtêp dadia raja ||

wis kêlakon jumênêng saiki | prabu sêpuh lêrêm pasanggrahan | mung kala-kala rawuhe | ing mêngko prabu mantu | kaparênge andandosi/[7] kabèh diwangun anyar | sarwa bêcik mathuk | sauwise rampung tata | sabên-sabên sang prabu tindak ngidêri | jêro lan jaban kutha ||

dhèk sang prabu nuju mariksani | kaanane ing desa ngadesa | bangêt karasa galihe | awit ing batos emut | mênyang bapa dadi wong cilik | tangèh yèn ngrasakêna | kamuktèning ratu | ing saupama isiha | wong tuwane wis mêsthi diajak mukti | mulya ana nagara ||

sakondure sangsaya anggalih | nuli lênggah karo ingkang garwa | wusana ngandika ngene | wruhanira bok ratu | abot têmên gon sun panggalih | nyang rasaning kamulyan | kang tumiba ingsun | awit ingsun saka ngrasa | angèlingi wong tuwa kang wus suwargi | biyèn bangêt sangsara ||

ing saiki barêng ingsun mukti | wong tuwaku uwis ora ana | dhuh iba gênging galihe | yèn ta mêningi ingsun | dadi ratu mangkene iki | kang iku muga-muga | sira yayi nurut | sun pundhut panrimanira | angakoni bapakku kang mung wong cilik | kang uwis ora ana ||

matur mèsêm kangjêng pramèswari | nama anèh ingkang pangandika | mawi ngintên kae-kae | kula namung jumurung | sampun malih kang sampun swargi | nadyan mangke taksiha | kula mundhi purun | awit nama bapa kula | ing sakala sang prabu lêga ing galih | nuli alon ngandika ||

sèwu bêgja anêrusi ati | dene sira ing ati narima | rasa rikuh ora duwe | iku luwih pitulung | anêrusi rêsiking budi | mung muga lêstaria | kang mangkono iku | awit yèn ta lêstaria | mêsthi akèh pamuji kang anêkani | saka kawulanira ||

sakabèhe kang rasa pamuji | mung numrapi bêcik marang sira | beda yèn ta kaanane | wong ambêg ati angkuh | nyang wong akèh sasat ngêmohi | jalaran mung rumasa | saka gêdhe dhuwur | kang mangkono iku nyata | yèn atine kang bêning lagi kalêmpit | lali sapadha-padha || Arêp disambung.

 


Guru lagu seharusnya 7a : Dal windune Sancaya. (kembali)
gadhah. (kembali)
dibuntungi. (kembali)
ngakathah. (kembali)
Kurang satu suku kata: kocapa ing sapuniki. (kembali)
Lebih satu suku kata: sing lanang banjur mangsuli. (kembali)
Kurang satu suku kata: kaparênge andêdandosi. (kembali)