Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-17, #695

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-17, #695. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-17, #695. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 75, 15 Jumadilawal Dal 1863, 17 Sèptèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50

Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm

Isinipun: Tatwawara - Petruk ing salêbêting pakèwêd - Catur Budya - Caranipun tiyang sasadean - Darmawisata dhatêng grojogan Durga - Obat nyamuk - Bêcik kêtitik ala kêtara - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Dhandhanggula]

Yèn miturut ujar ingkang dakik | jare kana-kene iku padha | donya kerat padha bae | nora beda saglugut | apa bênêr gone ngarani | yèn bênêr kayaparan | bênêre jar iku | yèn luput paran luputnya | mara padha cupana ingkang patitis | aja agurayangan ||

măngka lamun dulu tata lair | kana iku têtêp iya kana | dene kene iya kene | lah kok dianggêp jumbuh | tan prabeda ujare sami | apane ingkang padha | ah apa tan umuk | yèn wong cubluk bokmanawa | banjur ngandêl marang ujar kang ngapusi | dening tan klêbu ngakal ||

suprandene kang andhandhanggêndhis | mêksa dadi tunggale sinasar | nêmpuh byat anekadake | ngrasuk budining punggung | milu-milu wani ngarani | yèn kene karo kana | tan beda sarambut | saupama tinakonan | lah kandhakna apa ta kang dèn arani | padha ing kene kana ||

ngong wangsuli mênggah ingkang sami | tumrapipun ing ngriki lan ngrika | punika dhandhanggulane | lawan kang mêlang-mêlung | dados inggih ingkang mastani | nyatanipun kawula | botên sah mung bingung | bingung gêsang sapunika | benjing bilih badhe dumugi ing janji | mung bingung bêng-ubêngan ||

--- 1174 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Petruk ing salêbêting pakèwêd

III.

Garèng : Nèk tak gagas-gagas apa sing wis kok kandhakake lagi anu kae, pancèn iya anèh bangêt, dhing, ingatase mung wong kaya dhapurmu ora enak mêngkono, kumpul karo băngsa pêthongkrong kok ora katon nyêle kang anjalari ditêndhang kluwar. Nanging pancèn iya ora kêna dipaido kuwasaning Pangeran kuwi, sanadyan kaelokan dunya iku wis kêna diarani ora ana babarpisan, ewadene kadhang kala sok ana lêlakon-lêlakon sing anèh ora kalêbu ing nalar babarpisan. Wong aku dhewe wis tau ngalami, yaiku mangkene:

Aku kiyi turu banjur ngimpi, nang kanane kuwi aku praon nganggo prau jungkung ana ing bêngawan, dhasar wancine padhang purnama, kawuwuhan barêngane ... jiwa manis têrbayang-bayang. Wah, sênêngku kala samono katog têmênan. Kocapa, satêngahe lagi sênêng-sênêng mau, praune jungkung jêbul nungkêp. Aku kêthindhihan ing prau, nganti ora bisa polah babarpisan, kala samono iya kêplêpêkên têmênan, kawuwuhan kaya-kayane banyuning bêngawan lumêbu irung lan cangkême. Barêng gregah aku nglilir, jêbul ... ponakanmu sing sapihan turu mêngkurêp ana ing raiku kambi ... ngompol. Hara, Truk apa kiyi dudu lêlakon sing anèh bangêt, hla wong ingatase mung arêp kompolan bae, kathik nganggo dipucuki dongèng sing ngalur-alur. Mulane aku iya ora pati gumun, dene kowe bisa slamêt kuwi. Wis, saiki caritakna banjure kêpriye.

[Grafik]

Petruk : Barêng kira-kira jam 9.30 banjur diwiwiti balapane asu. Kala samono Lănda sing kajibah niti priksa para sing padha ana ing tribinê kono, wis ora kobêr manèh, ewasamono atiku lan makne Kamprèt isih mêksa durung bisa jênjêm, nanging isih tungkul sêndêlap-sêndêlip bae.

Garèng : Wayah, kathik kaya wong sing mangan rujak [ruja...]

--- 1175 ---

[...k] lomboke rawit sakati kae, banjur sêndêlap-sêndêlip, ... ning iya irunge. Wis, wis, Truk, wong aku kiyi durung tau wêruh carane balapan asu kuwi, mulane caritakna nyang aku kêpriye mungguh laku-lakune.

Petruk : Ing kono dianani papan kang wangune bundêr pinagêran ing bêthèk mubêng, dadi kayadene ana ing kêmidhi jaran kae. Ing têngah-têngah ana palang kang mawa piranti kanggo ngubêngake, sing digawe pring. Pungkasaning pring kabênêr ana ing papan sajabaning bêthèk, ya kuwi papan pambalapan, digantungi pêpêthan truwèlu. Asu sing arêp padha dibalapake kuwi wis padha disadhiyakake ana ing papan sacêdhake kono. Sauwise, pêpêthan truwèlon kang gumantung ing pring mau diubêngake kanggo nglêlèdhèk asu-asu sing arêp padha dibalapake. Sanalika kono asu-asune padha diêculake, kang banjur amburu pêpêthan truwèlon mau. Iya mêngkono kuwi carane balapan asu, êndi sing rikat dhewe playune, iya iku sing mênang.

Garèng : Wèh, hla kok kaya kowe sakancamu lagi cilike kae. Nèk ana Walănda nunggang kreta, kowe sakancamu sok balapan ngoyak karetane, sing rikat dhewe, kuwi duwe pangarêp-arêp bisa olèh ... têgêsan srutu.

Petruk : Nèk dipikir-pikir, Kang Garèng, dhèk cilike kowe aku kuwi pancèn iya wis ngênggoni bangêt nyang ekonomi, kayadene unimu mau, pancèn iya nyata, saka kêncêngku nyang kaekonomian, udud bae wis narima sing twèdhêhan (tweedehandsch) yaiku têgêsan, mêngkono uga kowe, saka anggonmu ngukuhi bangêt nyang ekonomi, dalasan ngêmut kêmbang gula bae, iya narima sing wis, twèdhêhan, alias sing wis dilamodi wong liya.

Garèng : Hut, sêmbrantên, kathik mêlèhake sing iya-iya. Wis, wis, kok banjur ngandhakake cara Sundhane jaman bahêlah mêngkono, wong nang wêtêng rasane mungkuk-mungkuk, kok, luwih bêcik saiki banjurna caritamu.

Petruk : Kang kapisane, balapane bisa kalakon bêcik, têgêse: asu-asu sing dibalapake padha kalakon amburu pêpêthan truwèlon, nganti bisa kasumurupan asu sing rikat dhewe playune. Nanging sing kapindho, kaping têlune lan sabanjure, asu-asune sing arêp padha dibalapake, anggêr jêdhul diwêtokake, tandang lakune ora beda kayadene nèk kowe ing dina blanjan bali saka kantor dilalah blanjane kurang kae, yaiku bakyu lan kowe banjur padha ... cakar-cakaran.

Garèng : We, hla saya edan, Petruk kiyi. Wong arêp ngandhakake yèn asune padha kêrah bae, kathik dipadhakake kayadene dhiajêng nyonyahku nèk maido nyang aku sabab balanjane kurang. Wis, aja mêlèh-mêlèhake nyang kaananku sing agawe sudane kapriyayènku, mêngko sing ora wêruh mundhak padha ngarani aku sakloron, priyayi doyan padu, ha - sa - ru. Sauwise, Truk, kowe lan bojomu ana ing tribinê kono apa nganti têkan sabubare.

--- 1176 ---

Petruk : Ora, Kang Garèng. Ing sarèhne atiku, apadene atine adhimu makne Kamprèt tansah: dhag, dhig, dhog, slê-nit, bae, mulane sajêrone para nonton padha rame anggêguyu asu sing padha kêrah, lan ayage Walănda paniti priksa lagi ribut angguyu nganti mak: ngag, ngag, ngono kae, aku sakloron tanpa pomat-pamit banjur: kleyos, nêdya mêtu saka ing tribinê kono. Tumêkane ing ngarêpe Walănda sing jaga tribinê, lakuku tak dhêngak-dhêngakake kaya priyayi gêdhe têmênan, si Lănda kiyi anggone ngingêtake nyang aku sakloron sajake kaya wong sing gumun, nanging wêdi kae. Batine gênah mangkene: hla wong bêndara gêdhe kok diaturi mriksani tongtonan ora gênah mêngkono, iya mêsthi bae jêlèh bosên, mulane durung nganti bubar iya wis kondur. Buktine yèn duwe batin mangkono mau, barêng aku sakloron liwat, Walănda iki urmate nyang aku sakloron nganti andhêngkluk bangêt, aku iya nyara priyayi gêdhe manèh, banjur mèsêm sarta manthuk muni mangkene: napên, iki karêpe goeden avond, têgêse: slamêt bêngi.

[Grafik]

Sawangan umbul ing Pasar Gambir

Garèng : Wèh, anggêpe kathik kaya raja Jênggi mêngkono. Mêsthine barêng têkan ing sajabaning tribinê atimu iya mak plong bangêt, Truk.

Petruk : Wah Kang Garèng, barêng têkan ing jaba tribinê, cara Landane: reaksi (reactie) ne anggonku sakloron ngampêt ati dhêg-dhêgan mau banjur numusi, kringêtku gêmrobyos, dene adhimu makne Kamprèt kêbêlêt warna-warna. Mulane aku sakloron saka kono sing dijujug ing umbul, prêlu golèk hawa sing adhêm, ing kono aku lan makne Kamprèt padha thênguk-thênguk nganti bubar.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2005 ing Jayengan. Wisêl f 3.- ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal kaping 3 lan 4 taun 1933. Dados panjênêngan sampun kintun pambayaran malih, manawi taun 1933 dèrèng têlas, nyusahakên.

Lêngganan nomêr 3811 ing Sriwêdari. f 3.- punika botên kangge kw 3 lan 4, nanging kangge kw 1 lan 2 taun ngajêng (1933). Kajawèn nomêr pintên ingkang botên katampi.

Lêngganan nomêr 3927 ing Purwasari. f 2.- sampun katampi. Dhuplikat nomêr 72 sampun kakintun.

--- 1177 ---

Bab Sêkaran

Catur Budya

[Dhandhanggula]

Manglocita sêdyaning pakarti | mrih tumonton saiyêg pra kadang | sêmbèn sinambi ngalèyèh | timbang suwung alêngung | balunglungan ngraoskên atis | kasêmpyok paribaya | ing krisis dunyèku | ing mangke Pak Gênjur nêdya | wèh palupi mring pra kadang-kadang sami | praptaning don kaharjan ||

nadyan sibu basane tan mathis | paripaksa yun mudhar suwara | labêt kapêpêt angêne | puluh-puluh Pak Gênjur | duk riyine sêkolah nyakdhil | tan ajêg lêbunira | mila mangke pêngung | dèn kathah aksamanira | andêrpati bèbèk lit kang sabèng warih | rêringa tyas suh brastha ||

guladrawa pinasthika kaki | aywa lali mring sanggitan wuntat | prihên rumasuk angêne | ancur gêdhah sutèngsu | dèn karasa sumusup kongsi | wanara krêsna pindha | bon-aboning ratu | katungkul micara dora | sêsongaran iku tan pantês pinêtri | ngêdohkên saniskara ||

tumanggapa mring kawan prakawis | ing bêbudèn aywa tinêbihan | dhingin budi kapriyayèn | tatakrama myang lungguh | pamicara luwês pakarti | sawiyah singkurana | dêdalan piangkuh | busana sapantêsira | lamun măngsa mirah boga dèn nastiti | tan tilar ing wêweka ||

tindak-tanduk wèh rênaning kapti | sabiyantu tan ajrih kecalan | amrih guna bèrbudine | kabudayan tumanduk | don-adone pamara branti | budiman budya cipta | kacipta sawêgung | yèku pêpanthan kaarjan | ambawani ing silarja pangastuti | mangayu-ayu bagya ||

lire budi sastra kang winarni | kudu sukci sinasaban sarak | wikan têpa palupine | sabar satitahipun | tan tumolih karoning Widhi | tinitah langip langyat | kalorehan pandum | kacêndhak budi kitanya | abot ènthèng wit wus dadi bêbanèki | sinanggi tyas lêgawa ||

irèn dahwèn tinêbihan sami | sungkan kêsèd datan linakonan | tan suminggah sabarang rèh | tan bangkit mêndat mêntul | ngamandaka umuk sumingkir | lire budi sudagar | petung kartinipun | pait tan gêmi myang tata | ngeman lampah sabarang dèn ijir aji | bêbasan cukêng ngamal ||

ring riningkês catur upayèki | basa budi binabar atunggal | sinêpuha pêpathine | yèn ta sira kalamun | anglungguhi sawiji-wiji | budi kapriyantunan | ring mukminun iku | budi tani sarwa blaka | budi sastra sabarang akarya ririh | lirnya budi sudagar ||

sarwa ngeman sinasaban gêmi | ajar-ijir jinajar sabanjar | jêjêr rinêgêm dunyane | marma lamun angukut | catur budi binabar dadi | abon-abon sanyata | sarwa budi mêngku | mêngku kasusilan arja | bêtuwahe wong cêkak budine nênggih | sirna punang darajat ||

yèn rinasa ngaurip puniki | nora bakal langgêng salaminya | yèn tan nabêt ing wurine | sirna atinggal tutul | duta rama labêt mring aji | wong anom dèn tumanggap | mring sanggitan iku | aywa ganas ing pangucap | pon-êmpone dadya tumusing sak sêrik | praptèng candhala murka ||

Pak Gênjur. Sala

--- 1178 ---

Piwulang Sae

Caranipun Tiyang Sêsadean

Sintêna kemawon tamtu sampun mangrêtos, bilih tiyang sêsadean punika, pajêngipun kêdah nocogi kalihan pikajênganipun ingkang tumbas, inggih punika nocogi kabêtahanipun. Dene ingkang dipun wastani nocogi wau, yèn tumraping têtêdhan, nggih cocoging raos, yèn sandhang pangangge, inggih cocogipun kalihan mathuking têtiyang ing nagari ingkang dipun sadèni, makatên ugi tumraping kasênêngan, punika wontên kala mangsanipun ngantos ngeram-eramakên, awit sintêna ingkang botên nindakakên kasênêngan kados makatên, lajêng dipun wastani tiyang nyalênèh.

[Grafik]

Têtiyang sade tinumbas sayuran wontên ing pêkên.

Adat kalimrahan ingkang kados makatên punika, tumrapipun para tiyang sêsadean, dipun wigatosakên sangêt, saha dipun tindakakên tumuntên, awit manawi botên cekat-cèkêt, kuwatos manawi sêlak ewah mangsanipun, măngka ewahing măngsa, punika inggih atêgês ewahing punapa-punapanipun.

Dene pinanggihipun ing ngakathah, bab kados makatên punika tumrap ingkang tumbas, namung anut ing grubyug kemawon, dados pinanggihing kawigatosanipun wontên ing tiyang ingkang sêsadean. Mila bêgja sangêt tiyang sêsadean ingkang sagêd nuju dhatêng kalamăngsa, awit kalamăngsa punika wontênipun namung ewah-ewah.

--- 1179 ---

Sintên ingkang purun migatosakên, ewahing kalamăngsa punika tamtu katingal cêtha sangêt, upanipun[1] tiyang nyandhang ngangge, sakêdhap-sakêdhap tansah santun gagrag, manawi nuju wontên gagrag enggal, têtiyang sami rêrêbatan badhe angênggèni gagrag, isin manawi botên angêmori.

Makatên ugi tumrap rêrêngganing griya sapanunggilanipun, ugi sami kemawon. Mênggah wosipun sadaya punika namung saking kêpêksa badhe ngêmori jaman.

Bab makatên punika sadadyan[2] tumraping lare ugi tumut kasrambah, kados ta manawi nuju thukul satunggiling kasênêngan, upaminipun nuju wancinipun lare rêmên kêcik, punika sabên lare inggih sami rêmên kêcik, limrahipun dipun wastani ngusum kêcik. Malah tumraping dolanan wau wontên ingkang anjalari dados kamajênganipun tiyang sêsadean, amargi ingkang dados kasênêngan wau ugi sarana tumbas.

Tumrap caraning sêsadean, tamtu kemawon majêngipun ugi katindakakên dening among dagang. Nanging pinanggihipun wontên ing têtiyang tanah ngriki, sanadyan sami sêsadean, trampilipun pinanggih beda-beda, wontên ingkang kamajênganipun sarana sade têtêdhan, wontên ingkang sarana sade dolanan tuwin sanès-sanèsipun, punika pinanggih wontên ing tiyang satunggiling nagari (băngsa), pundi ingkang sampun nama kêpulungan, botên sagêd dipun tulad ing tiyang nagari sanèsipun malih, sanadyan wontêna ingkang nulad, inggih botên lulus. Wontênipun makatên, tiyang ingkang sampun kêpulungan tumrap satunggiling padagangan, punika anggèning nindakakên ingar-ingir ingatasing padaganganipun inggih langkung kulina.

[Grafik]

Patamanan ilat baya ing Utrecht nagari Walandi.

Upaminipun tiyang Batawi, punika kêgolong kulina sangêt dhatêng bab sêsadean bangsaning tanêman. Pakulinanipun sade tanêman wau ngantos sumêbar dumugi pundi-pundi, saya malih manawi nuju wontên pasar malêm sapanunggilanipun, sami mrêlokakên sêsadean wontên ing papan ngriku, lan sêsadeanipun wau sagêd anocogi kalihan kasênêngan ing kalamăngsa punika, mila dhatêngipun tiyang ingkang tumbas inggih kumrubut.

Kados ta kalanipun tiyang rêmên palêm, punika anggènipun nyadèni palêm wontên ing papan karamean [karame...]

--- 1180 ---

[...an] ngantos atusan, tur warni-warni, makatên malih mawi sagêd ambumboni rêmbag ing bab tanahing tanêman, pangupakara tuwin sanès-sanèsipun. Pikantukipun lajêng anggêgèndèng dhatêng manahipun tiyang ingkang badhe tumbas. Dados tiyang wau anggèning sêsadean mawi kawruh.

Bab kados makatên punika pancèn nyata, awit saupami panyadenipun namung awur-awuran, tamtu botên sagêd nênarik manah. Makatên malih tiyang ingkang sêsadean wau ugi mangrêtos dhatêng ombyak karêmênaning tiyang, kados ta ing măngsa punika nuju kathah tiyang rêmên dhatêng tanêman bangsaning ilat baya (cactus), punika têtiyang Batawi ugi lajêng sade tanêman kados makatên punika, panyadenipun ilat baya wau mêndhêt ingkang taksih alit-alit, pucukan lajêng dipun tancêbakên ing pot alit-alit. Sarèhning kalamangsanipun anocogi, panyadenipun wau ugi sagêd majêng. Lan malih sarèhning tanêman wau nuju dipun rêmêni ing ngakathah, tumrap tiyang ingkang rêmên nanêm, pinanggihipun pananêm wontên ing patamanan, inggih katingal sae.

Kados makatên tumindaking lampahipun tiyang sêsadean. Dene minggah-minggahipun dumugi ingkang nama among dagang, tamtunipun lajêng nama kawruh yêktos.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Maharaja Kapurtala (ngajêng sisih kiwa), satunggiling raja ing Indhu, ingkang misuwur kasugihanipun, nalika tumêdhak saking kapal "Oldenbarneveld" wontên ing palabuhan Tanjung Priuk.

--- 1181 ---

Kawruh Sawatawis

Darmawisata dhatêng Grojogan Durga

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74

[Grafik]

Wujuding wit dalah sêkar kopi.

Watawis saêjam wontên ing têngahing pakopèn, para among lampah kapanggih Walandi mandhi sênjata, (sajakipun Walandi Indho) ingkang pitakèn dhatêng guru ingkang ngêtêrakên kula sakănca, dhatêng pundi sêdyanipun. Têtêmbunganipun botên patos ngrêsêpakên. Sarêng sampun dipun wangsuli kathah-kathah lajêng kesah, saha nêdha supados para among lampah sampun ngantos mêthik sêkar kopi utawi kopinipun. Kula sakănca lajêng têrus lumampah, hawanipun ing pakopèn ngriku saya dangu saya mindhak sakeca, botên bêntèr, botên asrêp. Kintên-kintên jam sawêlas siyang para andon lêlana sami mêdal saking pakopèn, marginipun mangandhap sakêdhik dumugi ing pakampungan alit. Wusana lajêng têrus jèjèr-jèjèr ngambah margi ingkang namung cêkap tiyang satunggal, nusup-nusup kambêngan tuwin glagah. Lampahipun rêkaos, sakêdhap-sakêdhap kabluwok ing kalèn, ingkang botên katingal, jalaran katutupan ing bêbondhotan. Ing sisih kiwa tuwin têngên katingal juranging sukunipun rêdi Kêlud, cêtha ngalela, kathukulan kambêngan. Lampah kula sakănca têrus ngilèn lajêng ngalèr ngetan, wêkasan dumugi lèpèn lahar ingkang kêbak sela. Lajêng nungsung lèpèn wau kanthi ngatos-atos, [nga...]

--- 1182 ---

[...tos-atos,] awit upami kaplèsèd dhawah kintên kula inggih kraos saèstu. Sêpatunipun para andon lampah kathah ingkang bêdhah. Sakiwa têngênipun lèpèn wau juranging sukunipun Rêdi Kêlud katingal mênggêr. Sakêdhap-sakêdhap kula sadaya sami nyawang manginggil, jalaran manawi kaglundhungan sela saking ing jurang wau mêsthi thêk sêg kemawon.

Ing wêkdal punika toyanipun lèpèn lahar alit kemawon, ing sawatawis panggenan katingal jêne (ijzerhoudend), lèpèn wau mili saking wetan, jurang kiwa têngênipun manawi kasawang saking katêbihan kados gathuk pindha gapura. Watawis tigang dasa mètêr saking ngandhap, jurang-jurang wau katingal gasik, êmbokmanawi katrajang lahar kala anjêblosipun rêdi Kêlud. Kintên-kintên jam satêngah satunggal para among lampah dumugi ing grojogan Durga, inggilipun băngsa tigang dasanan mètêr. Inggih grojogan punika ingkang lajêng mili dados lèpèn lahar. Ing ngriku kula sadaya prasasat wontên salêbêting guwa, kiwa têngên ngajêng wingking jurang atusan mètêr inggilipun. Manawi andhangak katingal langit ingkang kinêmulan mega angêndhanu, saèmpêr tutupipun guwa wau. Lampahing mega angrêgêmêng, jurangipun kados ebah badhe nangkêp, mahanani wêdaling gagasan ingkang neka-neka. Ing ngriku hawanipun sêgêr sangêt, tinambahan sumamburating toya grojogan apindha riris, ngengingi badan kraos anyês damêl icaling sayah. Sawênèhing para mudha sami adus wontên ngandhap grojogan wau.

Sasampunipun kèndêl sawatawis dangunipun, para andon lampah lajêng sami nginggahi jurang satêngênipun grojogan Durga, sarana mènèk ăndha, (ing ngriku sampun wontên andhanipun watawis gangsal wêlas mètêr). Sarêng sampun dumugi nginggil, para mudha wau sami ambrangkang, minggah jurang menggak-menggok. Wusana minggah ăndha malih lajêng ambrangkang turut undhak-undhakan. Sarêng sampun lajêng minggah ăndha malih, samandhapipun saking ăndha, sitinipun wradin, nanging marginipun nasak-nasak kambêngan saha glagah. Wêkasan lajêng anjojrog. Para among lampah wau sami kakèrèk dhadhung satunggal-satunggal ambrangkang mandhap lajêng minggah ngubêngi punthuk, rêkaos sangêt, awit siti ingkang kaidak gampil jugrugipun, selanipun pating glundhung, mila inggih nyamari sangêt. Watawis satêngah jam sadaya sawêg dumugi jurang wiwitipun grojogan Durga mili mangandhap. Wontên ing ngriku sêsawangan botên kirang asri, ing pundi-pundi katingal jurang, kêbak thêthukulan lêdhung-lêdhung, ijêm royo-royo, damêl lam-laming paningal. Raos sayah ical, jalaran kaslamur endahing sêsawangan alam, ingkang damêl gumun tuwin ngungun. Miturut sanjanging para kănca saking grojogan Durga dhatêng pucaking Rêdi Kêlud punika kantun lampahan gangsal jam. Sarêng sampun kèndêl sawatawis dangunipun, para andon lêlana lajêng mantuk mêdal badhak, ningali bêndungan sela bêton kangge anahan sela êmbokbilih Rêdi Kêlud anjêblos malih. Kintên-kintên jam sakawan dumugi Panataran, lajêng numpak bis têrus dhatêng Blitar.

Minăngka panutuping andharan kasêbut ing nginggil, kula namung mêmuji mugi dadosa tambahan sêsêrêpaning para nupiksa, ingkang kapengin mriksani [mriksa...]

--- 1183 ---

[...ni] grojogan Durga, utawi tindak dhatêng Kêlud, margi miturut sanjanging guru kula, inggih margi ikang[3] sampun kula aturakên punika, margi dhatêng Rêdi Kêlud ingkang cêlak piyambak. Namung kadospundi mulabukanipun grojogan Durga punika kula botên mangrêtos, pramila bilih para maos wontên ingkang priksa bab punika, mugi karsaa ambèbèr wontên ing udyana Kajawèn ngriki. Sadèrèngipun kula matur nuwun, saha sami angêgungna samodra pangaksama, êmbokmanawi wontên lêpat kula.

Soeh.

Obat Nyamuk

Bokmanawi para maos botên kêkilapan dhatêng têmbung obat nyamuk, inggih punika panumbasipun dhatêng toko, ingkang mêsthi rêgi f 0.20 utawi f 0.25 ing sawadhahipun.

Bab ingkang kula aturakên ing nginggil punika, mênggahing tiyang ingkang ngudi kasarasan kados prêlu dipun wontên-wontênakên, ing măngka mênggahing jaman malèsèd punika, kula botên nama nyalênèh upami urun wudhu ing Kajawèn mriki, awit Kajawèn punika têbih (jajah) têbanipun, sabab ingkang maos botên ngêmungakên sadhèrèk ing kitha kemawon, sanajan sadhèrèk ing padhusunan inggih botên sakêdhik ingkang maos.

Mênggah ingkang badhe kula andharakên ing ngriki inggih punika obat nyamuk ingkang swadhèsi, awit mèh sabên tiyang mangrêtos, inggih punika sêkar kluwih. Dene sêkar kluwih punika cara panggenan kula tiyang mastani: tombol. Tombol wau botên susah tumbas ugêr dhatêng ngandhapipun uwit kluwih kemawon mêsthi angsalipun, tombol 5 utawi 6 iji sagêd cêkap sêdalu. Punika punapa botên nama ngirit. Pèngêt, tombol wau kêdah kaêpe rumiyin, sampun kagaringên sarta sampun kêtêlêsên, sabab upami kêgaringên, lajêng botên sagêd kados upêt. Yèn kêtêlêsên botên mêmpan.

[Grafik]

Wusana mugi-mugi andharan kula punika wontêna ingkang karsa nyobi, lowung. Awit ingkang nyêrat punika inggih sampun nindakakên. Wosipun namung tumănja: ngirit.[4]

Purwadi Jênar Wlèri - Kêndhal

Red.

--- 1184 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bêcik kêtitik ala kêtara

Tumraping dongèng paribasan inginggil punika têmtu sagêd nêmahi sayêktos, inggih punika lêlampahan sae punapadene lêlampahan awon, sanadyan dipun umpêtakên saklangkung rêmpit, satêmah mêsthi inggih lajêng sagêd kasumêrêpan ing tiyang. Ing wusana ingkang lampah sae inggih badhe angsal ganjaran, kosokwangsulipun ingkang lampah awon inggih botên badhe linêpatakên saking bênduning Pangeran. Para maos têmtunipun botên badhe kêkilapan dhatêng cariyosipun R. Damarwulan. Kadospundi caranipun Kyana Patih Lugêndèr anggènipun badhe ngumpêtakên dhatêng kêsaenanipun R. Damarwulan, kados-kados sampun botên nguciwani, ewasamantên danguning dangu inggih mêksa kauningan dening Sang Rêtna Ratu Ayu. Kosokwangsulipun kados Kyana Patih Lugêndèr inggih botên kirang anggènipun badhe ngêdhèng-êdhèngakên tuwin mamèr-mamèrakên dhatêng kautamèning anakipun kêkalih, R. Layang Seta tuwin Layang Kumitir, nanging dhasaripun inggih pancèn awon, ing wusananipun mêksa sagêd kajodheran.

Makatên mênggahing wontên ing dongèng, inggih dongènga saking Amerika, Europa, Afrika, punapadene saking tanah Arab pisan, punika liding dongèng mêsthi inggih: "Sapa sing bêcik mêsthi kêtitik, sapa sing ala mêsthi kêtara."

Nanging tumrap ing jaman rame, jaman matêrialismê (kadunyan), jaman unggul-unggulan, malah kenging kula wastani: jaman pameran punika, sajakipun sadaya-sadaya lajêng santun sarengat. Sêmunipun ing jaman ingkang makatên punika, ingkang ragi dipun têngênakên sangêt dening sawênèhing tiyang, jêbul malah têmbung: "ethok-ethok". Mênggah têmbung ethok-ethok punika sami kalihan têmbung rewa-rewa, têgêsipun botên sanyatanipun, dados inggih namung tiru-tiru kemawon. Kados ta upaminipun: ethok-ethok priyayi gêdhe, punika nyatanipun inggih sanès priyayi luhur, nanging sadaya solah tingkah, tandang tandukipun ingkang dipun tiru, dipun emba priyantun luhur sayêktos, dados upaminipun kemawon: lênggahipun inggih wontên ing kursi ngadhêpakên meja, dhaharipun inggih roti mêrtega lan kèju, sêsipun srutu, unjuk-unjukanipun kopi lan melk, malah manawi kalêrês ngunjuk wedang kok lajêng badhe dhawuh kalihan tiyang, punika inggih mawi dipun lagokakên cara priyantun luhur sayêktos, kados ta makatên: "Sri-pit, hek-hem, Kromopawiro ..." Lho, solah ingkang makatên wau sadaya inggih ngêmungakên manawi wontên ing sangajêngipun tiyang kathah, dene manawi kalêrês piyambakan, inggih lajêng nyara lageyanipun piyambak. Inggih ingkang makatên punika, ingkang kula wastani: ethok-ethok priyayi luhur.

[Grafik]

R. Damarwulan.

Wontên malih, inggih punika: ethok-ethok bêcik atine. Punapa tiyang ingkang makatên punika pancèn sayêktos sae manahipun, kula botên sagêd matur. Amung kemawon manawi wontên kasusahan punapa-punapa, limrahipun tiyang ingkang "ethok-ethok bêcik atine" wau, mêsthi lajêng enggal-enggal suka pitulungan, samantên punika manawi anggènipun suka pitulungan wau ayagipun badhe kasumêrêpan ingakathah. Manawi wontên tiyang ngêmpalakên dêrma kangge punapa kemawon, anggènipun ngrogoh kanthong wani lêbêt, asal namanipun sagêd mêntèrèng wontên ing sêrat kabar. Makatên sapiturutipun.

Dados anggènipun "ethok-ethok priyayi luhur" utawi "ethok-ethok bêcik atine" punika botên dipun tindakakên kanthi lair batos, ngêmungakên kangge pameran, utawi anggadhahi melik, cikbèn ... enz.

Punapa malih tumrap kasaenan umum, wontên ing jaman kadunyan punika, botên langka kemawon

--- 1185 ---

ingkang sok lajêng "ethok-ethok bêcik atine". Sanadyan sayah tuwin kangelan, punapadene sok ngantos kecalan arta kathah, pathokanipun asal sagêd kasumêrêpan ing umum, inggih mêksa dipun lampahi.

[Grafik]

R. Ayu Adipati Mr. Cornelis.

Kosokwangsulipun inggih botên kirang kemawon tiyang ingkang botên migunakakên dhatêng têmbung "ethok-ethok" wau, nanging sadaya ingkang dipun tindakakên sarana lair batos, manah jujur tuwin suci, kanthi botên pisan-pisan anggadhahi manah sanès-sanèsipun, kajawi namung angèngêti dhatêng kamanungsanipun. Tiyang ingkang têmên-têmên makatên punika, kula sadaya wajib sami angurmati tuwin angluhurakên, kanthi botên mawang tiyang tuwin bangsa, amung ngèngêtana dhatêng paribasan Walandi ingkang mungêl makatên: "Eere wien eere toekomt" Têgêsipun: ngajènana sapa sing pantês diajèni.

Amila inggih adamêl agêng manah kula, dene dumuginipun sapriki têtiyang siti taksih purun amèngêti dhatêng swargi Tuwan Deventer tuwin nyonyahipun ingkang samangke taksih sugêng. Jalaran sakalih-kalihipun, sanadyan bangsa Walandi, katingal sangêt, bilih têmên-têmên sae panggalihanipun, dados botên nama namung "ethok-ethok" kemawon. Pintên-pintên lêlabêtan ingkang sampun dipun sumêrêpi ingakathah mênggah tumraping bangsa kula piyambak. Buktinipun samangke wontênipun sêkolahan-sêkolahan Deventer ing pundi-pundi panggenan.

Lah, samangke sintên tiyang ingkang sampun têpang saha sampun mirêng pawartos kawontênanipun R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis tumrap trajang utawi padamêlanipun dhatêng kasosialan, têmtu sami lêga sarta bingahing manah, dene panjênênganipun wau dipun aosi sangêt lêlabêtanipun dening Pamarentah, buktinipun kalampahan ngantos dipun paringi tandha kaurmatan bintang. Bintang ingkang dipun paringakên wau têtela sanès bintang ingkang kêsasar, sabab sadaya ingkang sampun dipun tindakakên wau padamêlan ingkang sarwa kanthi suci. Têgêsipun botên saking anggèning pados alêmbana tuwin katingaling asmanipun. Kados ta: anggènipun talusupan dhatêng ing kampung-kampung prêlu anggêlarakên sêsêrêpan bab saening pangupakaranipun bayi, kasarasaning badan, lan sasaminipun, ingkang migunani sangêt tumrap gêsang lan panggêsanganipun tiyang ing kampung-kampung. Amila mênggah raosing manahipun ngakathah lair batos sami mangayubagya mênggah sih kadarmanipun pamarentah anggènipun sampun angèngêti dhatêng lêlabêtan utami sarta suci, ingkang kaparingakên ing Panjênênganipun R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis wau. Ingkang punika Redaktie Kajawèn wajib botên purun kantun andhèrèk bingah saha ngaturakên widadaning kasugêngan tuwin tansah amêmuji mugi-mugi lêlabêtanipun Sang Minulya wau saya murakabana dhatêng sawêwêngkon ingriku lumèbèripun dhatêng ingakathah.

Miturut andharan inginggil dados têtela, bilih têtiyang ngriki punika botên ambedakakên tiyang tuwin bangsa, punapa malih bab agêng aliting dêrajatipun. Manawi tumindakipun kasosialan wau kanthi suci saèstu, sampun têmtu sanadyan botên mawi dipun pamèr-pamèrakên, danguning dangu mêsthi inggih kasumêrêpan. Awit sanadyan jaman samangke punika nama jaman pameran, ewadene paribasan "Bêcik kêtitik ala kêtara" kadhangkala inggih sok sagêd numusi.

Kajawi R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis wau, ing tanah ngriki têmtunipun inggih wontên malih putri, inggih bangsa Jawi punapadene bangsa Sabrang, ingkang atrajang dhatêng kasaenan umum. Dene dumuginipun samangke dèrèng ingaosan dening nagari, inggih punika dèrèng dipun pèngêti ingkang awujud ganjaran bintang, punika botên kok sabab wontên ing tanah ngriki botên dipun aosi utawi dipun rêgèni, nanging bokmanawi pancèn dèrèng dhawah mangsanipun, utawi anggènipun tindak kasosialan wau namung gêlaripun kemawon, têgêsipun botên klayan têmên-têmên kanthi sucining manah.

--- 1186 ---

Sarèhning sadhengah kawontênan utawi tindak tanduk ingkang ngêmu kajêng melikakên dhatêng kaluhuran punika botên sêpi têmtu kasandhang dening kawula, mila botên kenging botên lêlampahanipun satunggal-tunggaling tiyang wau badhe manggih kawusanan, sarta wusananipun inggih warni-warni, wontên ingkang nocogi kados pangajêng-ajêngipun, sawênèh malih wontên ingkang malah adamêl gêla, dening mrucut ingkang kinajêngakên.

Tumrap ing tanah ngriki warni-warni gêlar tuwin lampahing pangudi murih utamining gêsangipun, nanging mênggahing kabatosan wontên ingkang tumindak nistha lan asor, utawi wontên ingkang tumindak utami sarta suci.

Sampun kathah kemawon, wontên satunggiling panuntun, ingkang swaranipun kados gêlap ngampar, nanging sarêng dipun iming-imingi kamuktèn, lajêng cêp tanpa sabawa pindha orong-orong kêpidak, bêbasanipun. Punapa malih sarêng sagêd kêlampahan dados luhur saèstu, o, lah dalah, dhatêng bangsanipun mungkur gangsir, lo, kok samantên ukuraning kaluhuranipun.

Wontên malih, satunggiling bangsa manca, bilih nuju wontên ing parêpatan, wah swaranipun ngantos angontragakên bantala, ewasamantên sarêng swara wau dipun lintoni kaluhuran, kok inggih lajêng angglèntèr dolanan piyambak, aring botên nangis acêcengeran.

Minangka tutuping obrolan kula punika, kula tansah angajêng-ajêng tuwuhing pitulungan saha tindak ingkang utami tumraping raos lair batin, ngantos kêlampahan dumugi punapa ingkang kinajêngakên dhatêng bangsa lan nusanipun pun

PENTHUL

Kabar Warni-Warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah Ngriki

[Grafik]

Rara Siti Mariyam. Rumiyin Kajawèn sampun nate martosakên ing bab anggènipun Rara Siti Mariyam anglajêngakên pasinaonipun dhatêng nagari Walandi. Ing sapunika sampun kasêmbadan lulus angsal hoofdacte. Kala dintên Kêmis kapêngkêr, Rara Siti Mariyam wau sampun wangsul ngajawi numpak kapal Dempo. Wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Wangsulipun Rara Siti Mariyam wau têmtu adamêl agênging manahipun bangsa Jawi, saya malih tumrap para wanita.

Dr. enggal. Tuwan Marzoeki, rumiyin Ind. Arts, lulus examen Arts ing Leiden.

Satunggiling bêbathèn tanah ngriki. Mugi tuwan Dr. enggal wau samangsa dumugi ingriki sagêd nindakakên pitulungan ingkang murakabi ingakathah.

Lindhu ing Ambon. Kala tanggal 9 wulan punika ing Ambon wontên lindhu agêng, kêraosipun tansah lumintu. Ing Talêhu wontên giya ambruk cacah 60. Têtiyang sami ngili, kasangsaran botên wontên.

Dene tansah wontên-wontên kemawon.

Dunungipun Verkeersdepartement. Miturut pawartos, ing bab adêging Verkeersdepartement, badhe kawontênakên ing Bandhung.

Wêwahing departement enggal wau têmtu adamêl indhaking arjanipun kitha Bandhung.

Borotan ing pagadhean. Beheerder pagantosan ing Pangkalan Brandan nalika dipun priksa ing pangagêng parimatanipun arta kirang f 6000.- Dakwa ngakêni, arta têlas kangge main.

Punika nocogi, panganggenipun arta gampil, telasipun gampil tur inggih anggampilakên papriksan. Hêm, tumrapipun jaman kados makatên, arta samantên punika inggih botên sêkêdik.

Badhe nyatunggalakên paresidhenan. Wontên pawartos, paresidhenan Prabalingga tuwin Malang badhe dipun dadosakên satunggal.

Pinanggihipun ing jaman pangiridan, kathah ewah-ewahan ingkang pikantukipun sarwa ngêngirangi. Pundi ingkang ngirid, inggih punika ingkang badhe tumindak.

Ambekot Bintang Timur. Pangrèh agêng P.G.H.B. mêntas ngrampungi rêmbag, mêdhot anggènipun maos Bintang Timur, amargi ngêwrat pakabaran botên nyata bab pandamêlipun griya P.G.H.B. ing Bêtawi.

--- [1317] ---

 


upaminipun. (kembali)
sanadyan. (kembali)
ingkang. (kembali)
§ Ing Kajawèn rumiyin sampun nate ngêwrat bab kados punika, nanging sarèhning wontên bedanipun sawatawis, inggih kapacak. (kembali)