Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-24, #697

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-24, #697. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-24, #697. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 77, 22 Jumadilawal Dal 1863, 24 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1205] ---

Ăngka 77, 22 Jumadilawal Dal 1863, 24 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah - Atax - Hariwara - Adpêrtènsi - Pakêmpalan Susilarini ing Tuban - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Bab Kabangsan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Mijil]

Sakabèhe kang sira sipati | kang samar kang mêlok | yêkti nora oncat saking wite | kudu mawa sabab witing dadi | marmaning ngaurip | paribasanipun ||

tan bêbakal wus pêpak pêsagi | ginadhuhan gêdhong | isi sabab kang anêrangake | sakabèhing kaanan mênuhi | yèn kabuka bangkit | narbuka tyas punggung ||

nora pangling mring sakalir-kalir | sênêng tyase bolong | anarawang sintrune sêsintrèn | nanging ewuh gonira ngulati | yèn srana piranti | kabèh nora gathuk ||

kongsi karya binglênging sujanmi | ana ngetan ngulon | ngalor ngidul ngêndi dêdalane | kayaparan mungguhing pamikir | kêkêran mrih kongkih | wênganing kang pintu ||

pintokêna mring kang ahli budi | budinên samêngko | ngèlingana wong tuwa kandhane | pangudining kawruh kang prêmati | saksine samangkin | linèlèr ywa kadung ||

besuk biyèn kalawan saiki | apane kang seos | yèn nganggoa têmbung besuk têmbe | têmah apês kwasane mring ngêndi | rèhning apês dadi | ya têtêp mung mahluk ||

--- 1206 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah

II

Petruk : Kang Garèng, rungokna saiki tak caritani sabab dening apa, tumrap pitulungane pakumpulan kang arêp diêdêgake iki, yaiku sing dijênêngi: Parte Tionghwa Indhonesiah, bangsaku ora butuh, nanging nèk anggone niyat arêp ambantu mênyang pêrgêrakane wong bumi mêtu saka ati suci têmênan, kenene ora bakal nulak, lo, kuwi mangkene, Kang Garèng: sabênêre mono umume-aku kăndha umume, lo Kang garèng, awit mêsthine iya akèh bae băngsa Tionghwa pranakan sing angaku têmênan nyang wong bumi, nganti paribasane gêlêm ngisor galêng dhuwur galêng, têgêse: gêlêm ambiyantu kanthi sakuwat-kuwate nyang wong bumi-kok iya mokal bangêt, yèn băngsa Tionghwa anduwèni sêdya arêp ambantu mênyang kamajuane bangsamu bangsaku kiyi.

[Grafik]

Garèng : Kliru, Truk, tumrap jaman saiki kiyi, ora ana barang mokal. Hla nèk jaman biyèn, kuwi pancèn iya nyata, yèn isih ana sing mokal-mokal, kaya ta: dhèk biyèn sabên uwong mêsthi mokalake, manawa krungu kabar ana priyayi disowani... dhir wadhêr, turne mung sabab durung nicil pajêge mung... nêm cicilan. Awit ing jaman biyèn priyayi kuwi mula nyata rumasa dadi putra wayahe rama guprêmèn têmênan, wong iya kêpriye, dhahare dicatu sabên sasi, tur... ganêp, Truk, kawuwuhan rama iya ora mundhut urunan barang-biring, mulane nèk ana kabar priyayi disowani dhir wadhêr, iya [i...]

--- 1207 ---

[...ya] dimokalane têmênan. Nanging nèk jaman saiki, kabar sing kaya mêngkono kuwi... panèn. Malah ing taun ngarêp kiyi, nèk ora kabênêran, yèn ana priyayi slamêt marga tansah disingkiri dhir wardhêr, kiraku banjur ana sing ngarani: gênah priyayi sing gêlêm nyuthiki kêdhêle sing wis twèdhê han.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja sok gawe ciliking atine wong mêlèk mêngkono, karomanèh, Kang Garèng, ana unèn-unèn muni mangkene: bêbaya sing wis disumurupi sadurung-durunge, kuwi prasasat dudu bêbaya manèh. Sabab kenene banjur bisa sadhiya kanggo nanggulangi bêbaya sing arêp nêkani mau. Êmbuh banjur nyinau pêncak cimandhik, êmbuh banjur nglakoni kanuragan warna-warna, kaya ta lêmbu sêkilan, pêtak ambyah, brajamusthi, utawa... jaran guyang.

Garèng : Hara ta, kok banjur nglantur mêngkono omonge, nèk jaran guyang kuwi rak kanggo... mas jêng mas jêng kae. Ora, Truk, anggonku ngandhakake kaya ing ngarêp mau, mung arêp ambuktèkake, yèn ing jaman saiki kiyi ora ana barang sing mokal. Mulane iya ora kêna kok mokalake, yèn pakumpulan: Parte Tionghwa Indhonesiah anduwèni sêdya arêp ambantu kanthi sakuwat-kuwate mênyang kamajuane tanah kene. Karo manèh, kowe dhewe rak iya wis kêrêp ngalami, ta Truk, sêsrawungane băngsa Tionghwa karo bangsane dhewe kuwi sok bisa rapêt bangêt, nganti kaya sadulur tunggal sakringkêl kae, malah rama bae, nalikane isih jumênêng astèndana, sabên bakda riyadi rak ora susah ambuwang dhuwit kanggo mrêcon utawa kuwih-kuwih blèk, lo, kuwi ora liya, iya sabab mitra-mitrane băngsa Tionghwa akèh, Truk.

Petruk : Aku iya prêcaya, Kang Garèng, yèn wong padha wonge sok bisa sêsobatan nganti kênthêl bangêt, apa manèh mênyang bangsane asistèn wadana, wadana lan sapiturute, iki sathithik-sathithik padha anduwèni panguwasa, mulane iya kudu disobat, sèh, sabab iya... tau sêndhiri.

Garèng : Hara, saya ora karuwan omongmu kuwi, Truk, Truk, caritakna bae, mungguh sababe, dene kowe sajake rada ora prêcaya nyang ancase pakumpulan Parte Tionghwa Indhonesiah, sing katone nyang mataku mlisdring anarik ati.

Petruk : Lo kuwi mangkene, Kang Garèng. Sanyatane sajêrone aku anggagas mênyang ancase pakumpulan mau, aku banjur kèlingan dongènge manuk bango karo kodhok kae. Lo, kuwi jarene mangkene: Ana sawijining manuk bango nêmoni kodhok, calathune bango: Dèn ngantèn kodhok, kula niki nèk andêlêng têng sampeyan têka mêlas bangêt, awit botên suwe malih gêdhong (blumbang) sing sampeyan ênggèni niki mêsthi bakal asat gêrèng, hla, mangke gèk pripun sampeyan sabrayat. O, nèk kula êmpun ngrasakake ngotên, [ngo...]

--- 1208 ---

[...tên,] têrus mawon kêmrocos ilu, e nas, êluh kula. Si kodhok banjur amangsuli mangkene: Cuwèt, dèn bèi bango, kula piyambak, susahing manah kula inggih ngantos dugi ing brutu sayêktos, gèk saniki mawon, jalaran kirange têdha kula êmpun rumasa, yèn slênthêk-slênthêg kula êmpun rada suda, nganti êmas bapakne thole, nèk dalu sok supe wangsul.

Garèng : Wiyah, wiyah, Truk, nèk andongèng kuwi ambok aja kakehan bumbune mêngkono, wong rasane banjur rada kasinên. Wis, dicêkak bae, kêpriye wusanane.

Petruk : Sauwise bango mau banjur nuduhi nyang kodhok, yèn ora adoh antarane saka kono ana balumbang sing banyune ora tau asat, lan si bango saguh amboyongi kodhok sacindhil abange saka siji mênyang blumbang sing dikandhakake mau. Uga iya wis kalakon, kodhok-kodhok ing kono padha diusungi ing bango tut siji, nanging ora diêlih ing blumbang liya, ngalihe mau nyang... têlèhe si bango. Dadi liding dongèng, aja guru-guru prêcaya nyang pitulungane lawananmu, sing luwih kuwat katimbang awakmu dhewe.

Garèng : Iya ora mèmpêr, Truk, apa băngsa Tionghwa sasat diarani sok ngêmploki bangsane dhewe, kathik dipadhakake putra wayahe Prabu Dewata Cêngkar bae.

Petruk : Iya ora yèn aku ngarani mêngkono, mung bae sabên uwong rak bisa nêksèni, ana ing kene kiyi sapa sing nglêmpèt wêtênge lan sapa sing gêndhut. Mulane mungghing gagasanaku, saupama bisa kalakon băngsa Tionghwa banjur ambantu kanthi sakuwat-kuwate mênyang pêrgêrakane wong bumi, adile băngsa wong bumi iya kudu ambantu sakuwat-kuwate mênyang kang dikarêpake dening băngsa Tionghwa, dadi saupama wong bumi nêdya ambudidaya supaya kaanane pangadilan ing kene kiyi aja nganti dibedak-bedakake kaya saiki kiyi, băngsa Tionghwa mêsthine iya bakal ambantu kanthi sakuwat-kuwate, nganti bisane katurutan têmênan. Dhasar băngsa Tionghwa kuwi umume abăndha abandhu, pitulungane iya mêsthi... cêsplêng. Dene yèn karêpe wong bumi mau wis bisa kalêksanan, adile wong bumi iya banjur kudu ambantu kanthi sakuwat-kuwate apa sing disêdyakake băngsa Tionghwa, sanadyan sing dinêdyakake mau... wêwênang anduwèni lêmah. Ing sarèhne umume băngsa Tionghwa kuwi sugih, wusanane wong bumi bisa nguthut... saya ngêmut driji.

Garèng : Wayah, Truk, sanadyana saiki bae rak iya wis akèh, ta, wong tani sing kêcathil lêmahe dening bangsane dhewe sing sugih... sulapan.

Petruk : Mula iya mêngkono, nanging kiyi rak wis cukup, aja nganti diwuwuhi manèh sing bakal saya matèni kaum tani. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

--- 1209 ---

ATAX

Redhaksi Panji Pustaka, Kajawèn tuwin Parahiyangan mêntas kapurih nyobi numpak Atax dening Borneo Sumatra Handelmaatschappij. Lampahipun Atax dipun wiwiti saking kantor Bale Pustaka dhatêng Batawi, wontên Batawi mubêng-mubêng têrus dhatêng Koningsplein, Tanah Abang, Mistêr Kornèlês pungkasan kidul, wusana wangsul dhatêng Bale Pustaka malih. Wiwit bidhal dumugi wangsul wau dangunipun 40 mênit.

Mênggah Atax punika raosing tumpakanipun sakeca, anglêr, botên wontên gogragipun, sami kadosdene numpak oto. Sanadyan wujudipun sairib Demmo, arodha tiga, nanging lampahipun beda, awit Atax inggih sagêd mundur, manawi menggok sagêd rikat, botên mutawatosi. Dene rikating lampah sagêd 80 km. saêjam, dados rikatipun sampun nyamèni kados oto limrah, tur mitadosi, mila lampahan ingkang samantên têbihipun, sagêd dipun lampahi namung 40 mênit.

Papaning palinggihan kobèt, damêl sênêngipun ingkang numpak, sanadyan nyalonjorakên suku, inggih sagêd, mila tumrap tiyang ingkang numpak ngantos dangu, bêtah kemawon.

Mêsinipun Atax punika mitadosi, kajawi sarwa santosa, traping pamasangipun kaprênah wontên sangandhapipun ingkang nglampahakên lêrês, dados anggampilakên lampah saha tinêbihan ing bêbaya.

[Grafik]

Kala Pasar Gambir kawontênakên têtandhingan bab kapitadosan tumpakanipun bangsaning motor pit, ingkang kanamakakên: betrouwbaarheidsrit, têtandhingan wau dipun adani dening pakêmpalan Motorverkeer tuwin Koninklijke Vereeniging Java-Motorclub. Margi ingkang dipun ambah: Batawi, Bogor, Jasingah, Rangkasbitung, Pandhegêlang, Serang, Tangêrang, Batawi malih. Ing ngriku ingkang unggul Atax ingkang mawi mêsin Raleigh.

Mila Atax punika pantês dipun wastani têtumpakan ingkang mitadosi. Mriksanana adpêrtènsi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan K. ing Kêpung. Panumbasipun dhatêng ingkang asmanipun kapacak ing tapihipun buku.

Lêngganan nomêr 2337 ing Pacingkêrêp. Kawrat ing V.A. 1928 tuwin 1929. Botên badhe kapacak malih.

Lêngganan nomêr 2481 ing Gombong. Lêrêsipun panjênêngan kêdah prasabên rumiyin, nanging sarèhning punika sampun kalajêng kadamêl inggih sampun, benjing malih sampun makatên.

Lênggan nomêr 5382 ing Batawi. Waosan ingkang panjênêngan dangokakên inggih badhe kadamêl buku.

Lêngganan nomêr 3669 ing Karanganyar. 1. Mundhuta dhatêng toko buku Tan Khoen Swie ing Kadhiri. 2. Ingkang wontên ing toko buku Vorkink ing Bandhung.

--- 1210 ---

Bab Sêrat Hariwara

Sing Ala Katara, Sing Bêcik Katitik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Bab Sêkaran.

Dr. R. Ng. P. mamèrakên sêrat karangan Purbadipuran ingkang sinawung sêkar atharik-tharik, ingkang maibên sintên, manawi kula malah ngosok wangsul, dhatêng sêkaran Purbadipuran coplok sayêktos, saking rêmên kula, Sêrat Sri Karongron ngantos kula tilêmi, ingkang cumanthèl manah: kêlun-kêlun kukuse dhoyong mangidul enz. mênggahing Sêrat Rama: kukusing dupa kumêlun enz. Punika dhenga piliha kemawon, punika sayêktos, botên ngunjuki, ngunjuki prayantun sampun tilar donya kangge punapa. Mila kula botên andhungkap dhatêng suwargi êmbah ngandika dèrèng kenging dipun pamèrakên, punika punapa namung katandhing kalihan sêkaran ingkang sampun dipun ajêngi ing kathah.

Dr. R. Ng. P. dorakakên kulina kula dhatêng Purbadipuran, amargi: 1. Kala samantên kula sawêg dados jajar sarati, Purbadipuran kaliwon damêl, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking padamêlan, babarpisan botên wontên. 2. Umur kula dede barakanipun. 3. Saba paran wontên ing prêgadringan inggih botên. Sabab, 3 bab punika lêrês, malah ingkang ăngka 1 sagêd ngiras-ngirus kangge ngrèmèhakên kula, mokal jajar sagêd kulina dhatêng prayagung kaliwon, nanging kacelik, kula kulina yêktos, wiwit kula nama Gajahseta (gusti bèi nimbali: Gajahputih), lajêng Gajah Mangundara (cangkinganipun lajêng: Dara Gajah) lajêng Dêmang Amongdênta, kêrêp dipun dangu kawruh kula nyêpêng liman, dening panjênênganipun R.M.T. Purbadipura priksa ingkang nurunakên kula srati. Dalah kala mardiguna damêl pasinaon jogèd wontên ing Purbadipuran, kula malêbêt dados murid, saking trêsnanipun suwargi, dèrèng wancinipun nyinau main sampur, kaparêng nyarirani mulang main sampur kula. Dene kalèntu kula nyêbut bakyu Purbaningsih (rak kenging ta: kula nyêbut bakyu, tiyang kakungipun Puspakartikan, kamas kula nak sanak yêktos) kalêrês ingkang rayi Dr. R. Ng. P. punika kula akêni, sarta inggih botên kalêbêt anèh, malah manawi sapunika ragi limrah, dèrèng tamtu kulina kalihan ingkang sêpuh inggih kulina dhatêng anakipun, makatên ugi kosokwangsulipun.

Bab anggènipun suwargi êmbah R. Ng. Prajapustaka dipun wastani ewa, botên sarju dhatêng suwargi R.M.T. Purbadipura, punika bokmanawi namung tuwuh saking pangothak-athik raosing lare. Manawi kula, bêtèkipun tiyang tuna ing budi, ngucap botên sae angèngingi prayantun ingkang sampun suwargi, punika adamêl kawrataning manah, wajibipun kêdah ngraosi saenipun. Mila saupami watak kula punika rêmên mêmancèni dhatêng tiyang ingkang sampun suwargi, malêsi gêntos ngatingalakên kuciwanipun punika baud sangêt, nanging kajawi kapirare, manawi sagêd sampun ngantos kalêbêt ing golonganipun tiyang ingkang dèrèng [dè...]

--- 1211 ---

[...rèng] gadhah tatakrami. Wontên piridan sakêdhik, pêthikan saking Sêrat Pranacitra, ingkang suraosipun sairib kados atur kula, inggih punika aturipun patihipun Tumênggung Wiraguna, nalika mambêngi sang bupati, murih sampun niksa dhatêng mayitipun Bagus Pranacitra, ungêlipun:

yèn kadugèkêna tyas kang runtik | mring jisim karsa pinurak-purak | nuhun kewala karsane | kirang utamèng ngèlmu | amba datan amêmancèni | mokal yèn kalêmpita | paduka wus mêngku | saliring rèh kautaman | inggih măngsa kilapa paduka kyai | sangêt atur kawula ||

Lan malih kula prêlu ngaturakên tăndha saksi ing bab sae supêkêtipun ingkang sampun sami suwargi, ingkang dipun wayangakên ing panjênênganipun Dr. R. Ng. P.

Suwargi êmbah R. Ng. Prajapustaka punika tangkêpipun kalihan suwargi R.M.T. Purbadipura sae, kabêkta saking: taksih wontên gêgayutanipun sanak, inggih tunggil nagari, tunggil kawulaning nata Jawi, inggih dados besan, malah dumugining diwasanipun, wontên sêrat ingkang kenging kangge pangèngêt-èngêt dhatêng anak putu, murih èngêt dhatêng saenipun ingkang sampun sami suwargi, sêrat wau kula pêthik kados ing ngandhap punika.

Bapak Mas Ngabèi Wirapustaka, kula sampun nampèni sêrat sampeyan katiti 11/9-'17 suraos bapak rumaos rah sampeyan sampun nunggil kalihan rah kula, sarta kintun sajarah sampeyan saking Kaliabon, atur kula nuwun, mugi nglastantuna tunggil rah dumugi ing têpêt loka, asarêng punika kula ngintuni sajarah kula saking jalêr èstri, kalayan rêringkêsan.

13/9'17 Purbadipura.

Suraosing sêrat ingkang kados makatên punika, tumrap ingkang purun ngraosakên, tamtu nuwuhakên ucap sukur ing Pangeran, dene wontên pangandika dumugi ing têpêt loka punapa, wah ingkang ngandika wau ing sapunika sampun suwargi. Nanging kosokwangsulipun, manawi katêntrêmanipun ingkang sampun wontên têpêt loka wau dipun ongkrèh-ongkrèh, tamtu adamêl trênyuhing manah, samantên wau manawi purun trênyuh.

Sapunika kula ngambali lajênging wangsulan kula dhatêng Dr. R. Ng. P. ing bab babagan sêkaran, ing ngriku wontên ungêl-ungêlan: têgêsipun, bapak prasasat botên nate nyithakakên damêlanipun piyambak, punapadene damêlanipun tiyang sanès, saya botên, sabab kajawi botên priksa cara-caranipun, utawi botên kuwawi ambayar waragadipun, inggih saking botên kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat... lan salajêngipun.

Wangsulan kula: Punika pancèn nyata, dene manawi wontên tiyang ingkang kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat, punika inggih sampun mèmpêr. Inggih sampun malih tiyang kala barakanipun ingkang sampun sami suwargi, botêna gadhah rekadaya makatên, cacak tiyang ing jaman sapunika, ingkang sampun murwat balanjanipun, inggih botên anèh manawi taksih gadhah tindak kêpêksa pados kasil, inggih sanadyan sarana tindak kadospundi kemawon.

--- 1212 ---

Ing bab rêmbag ingkang anggayut sêrat kabar Bramartani, kula botên sambêt, awit punika lajêng anggêgayut babagan sanès, manawi dipun ulur saya ngămbra-ămbra.

Sapunika kula mangsuli mulabukaning rêmbag. Ing sakawit, jêjêripun: Tuwan Martasutrasna badhe manjurung Hariwara Purbadipuran, wosipun badhe ngluhurakên asma Purbadipuran, nanging dipun palangi ing panjênênganipun Dr. R. Ng. P. botên lila, dening waris. Jêbul Martasutrasnan wau sampun sarêmbag kalihan Radèn Wiradat, ingkang rayi Dr. R. Ng. P. Salajêngipun Radèn Wiradat inggih sampun ngrumaosi lêpat.

Mirid wawasan kula, panduwanipun Dr . R. Ng. P. dhatêng badhe wêdalipun Hariwara Purbadipuran punika dhapur kacelik, awit sêrênging panggalih bokmanawi kagungan pangintên, bilih Hariwara wau badhe dipun wêdalakên ing tiyang sanès, jêbul ingkang rayi piyambak sampun nyondhongi. Wusana lajêng ngămbra-ămbra kados makatên, sêdya utami ing bab badhe ngluhurakên asma, malah pinanggih ngosokwangsul.

Sapunika wontên pitakenan kalih prakawis: 1. Sintên ingkang miwiti lajêng dados rêmbag kados makatên punika, tuwin 2. Wêwarah: sing ala katara, sing bêcik katitik, punika dhumawah sintên.

Kangge panutup.

Wosing atur kula ingkang kathah-kathah punika wau, namung parlu:

1. Rumêksa supêkêt rakêt rukunipun ingkang sampun sami suwargi, sampun ngantos kaarubiru.

2. Rakêt rukunipun pitêpanganing pawongmitran, manawi kajêmbarakên malih supêkêting kabangsan.

3. Ngicali raos-rumaos ingkang kirang prayogi. Ewadene manawi pangajêng-ajêng kula wau, panjênênganipun Dr. R. Ng. P. botên kaparêng nambadani, inggih namung kula sumanggakakên.

Gajahan Surakarta kaping 13 Sèptèmbêr 1932.

Pun Dutawijaya.

Wara-wara

Katur sanggyaning para prayantun lêngganan Kajawèn.

Ngaturi uninga, administrasi sampun ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal kaping 4 ing ngajêng punika. Awêwaton saking pangamukipun jaman maleisê, amila blangko enggal kakintunakên. Pangangkahing manah amurih sagêd kobèt, sampun ngantos para ingkang nampi kacuwan ing panggalih jalaran katêlasan nomêring Kajawèn. Wasana sumăngga.

Administrasi.

--- [1213] ---

[Iklan]

--- 1214 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan Susilarini ing Tuban

Ingkang pinanggih wontên ing jaman sapunika, ing pundi-pundi tuwuh pakêmpalan wanita, tumrap nagari ingkang botên wontên pakêmpalanipun kados makatên, wanitanipun dipun wastani botên majêng, kêgolong kolot. Ucap ingkang kados makatên wau pancèn yêktos, têmtu cocog kalihan kawontênanipun. Manawi nyumêrêpi tăngga kanan kering sampun sami ngambah jaman pakêmpalan, katêtangining manah wau botên namung kandhêg ing batos kemawon, inggih lajêng tumandang.

[Grafik]

Makatên ugi ing nagari Tuban, ing sapunika ugi tuwuh wontên pakêmpalan wanita, nama Susilarini, ancasing pakêmpalan wau badhe ngrukunakên para wanita ing nagari ngriku, kados ta tumindak tulung-tinulung ing kalanipun wontên kasusahan, punapadene nyinau nyêpêng kabêtahaning balegriya.

Kajawi punika, pakêmpalan Susilarini ugi ngêdêgakên wulangan ing bab maos lan nyêrat dhatêng ingkang cotho ing sastra, padamêlan tangan, olah-olah tuwin sanès-sanèsipun. Wulangan sadaya wau lajêng katingal mênggah gênging pigunanipun, makatên ugi tumraping para warga, lajêng botên ngawontênakên manah èwêd-pakèwêd, awit nama nunggil warga, anèm sêpuh sagêd supêkêt.

Tindak ingkang kados makatên punika tamtu kemawon lajêng katingal gênging paedahipun, para wanita lajêng sagêd mindhak kawruhipun warni-warni, ingkang rumiyin dèrèng sagêd olah-olah, lajêng sagêd nindakakên saha nyumêrêpi cara pangolahing dhêdhaharan ingkang sarwa miraos, sagêd ngirid waragad tuwin sanès-sanèsipun. Kasêmbadaning sêdya wau, satunggal-satunggaling warga têtêp kenging sinêbut dados guru bale griya, sagêd nênunthun dhatêng têtiyang ingkang dados kukubanipun.

Pakêmpalan Susilarini punika ingkang dados pangayomanipun R.A.A. Kusumabrata. Dene ingkang kapilih dados warga pangrèh: pangarsa Nyonyah Ngumar Said, mudha pangarsa Nyonyah Mukadar, panitra Nonah Umi Sri Totayi, artaka Nyonyah Subirman, juru nupiksa Nyonyah Mardiman, Nyonyah Truna Husada tuwin Nyonyah Sastradiarja.

Dumuginipun sapunika, warganing Susilarini sampun wontên 53, ingkang sami kagambar nginggil punika.

Pinuji Susilarini saya katingala majêng, kadumugèna ingkang sinêdya.

R.N.

--- 1215 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Nalika panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk, manawi wontên tiyang ingkang kataman sakit malarilah[1] cêmêng punika ing sakawit namung kauja pangombenipun puhan cuwèr saha toya Walandi, têtêdhan saha jampi botên pinaringan, ananging sarêng sampun ragi mayar lajêng pinaringan têtêdhan kawiwitan saking ingkang alus, minggah-minggah ngantos sagên[2] nêdha kados adat sabên, anyarêngi ewah-ewahan têdha punika inggih dipun paringi jampi, sarana pangupakaranipun Dhoktêr Dhêruk kados makatên punika, têtiyang bucalan ingkang katrajang sêsakit punika sagêd katulungan. Sapindhahipun Dhoktêr Dhêruk saking Bopên Dhigul, bilih wontên tiyang bucalan ingkang katrajang sesakit punika dipun suntik, miturut cariyos, suntikan punika suntikan sarêm, punika têka inggih sagêd mitulungi. Inggih wontên satunggal kalih tiyang bucalan ingkang katrajang sêsakit punika kalajêng tiwas, jalaran botên miturut rêrigênipun dhoktêr. Miturut pangupakaranipun, sami-sami sêsakit, miturut katranganipun salah satunggiling juru pangupakara tiyang sakit punika rêkaos piyambak. Ananging kadospundi pambudinipun kaelokaning umat ingkang kula aturakên ing nginggil, tiyang Papuah sêpuh punika lajêng nilar tiyang bucalan ingkang sakit punika mlêbêt dhatêng wana. Botên antawis dangu wangsul ambêkta godhong, godhong punapa punika dipun pitakèni botên walèh, godhong punika lajêng dipun wênyêt, sabagean kauntalakên, tuwin sabagean kablonyokan ing wêtêngipun ingkang sakit. Ing sanalika tiyang bucalan punika lajêng saras saha pulih kados waunipun, anamung badanipun risak jalaran lami botêtên[3] nêdha punapa-punapa, ananging prakawis raosing badan lajêng sêgêr. Samantên kaelonkanipun.[4]

[Grafik]

Tihiyang[5] Papuah nuju sami numpak baita.

Sasampunipun tiyang bucalan punika kajampenan dening tiyang Papuah sêpuh lajêng kaêtêrakên wangsul dhatêng Tanah Merah. Tiyang Papuah sêpuh punika lajêng kaanggêp mitraning tiyang bucalan, kangge pasaksènipun, sabên-sabên tiyang Papuah punika dhatêng Tanah Merah nêdya nglintokakên punapa-punapa, panyipêngipun tamtu wontên ing griyanipun tiyang bucalan ingkang kapitulungan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 1216 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kabangsan.

Tumrap tiyang ingkang saras pikiranipun tuwin kandêl kamanungsanipun, têmtu rumaos agêng sarta sênêng manahipun, dene bangsa Jawi samangke sampun wiwit anggadhahi grêngsêng kandêl raosing kabangsanipun. Mênggah kawontênanipun sapunika mila inggih sampun wontên antawisipun bangsa kula ingkang sampun kandêl sayêktos raosing kabangsanipun, ngantos kenging dipun paribasakakên, sanadyan gumlundhung sirahipun wontên ing bantala, kintên-kintên inggih botên badhe nilar kabangsanipun wau. Botên ngêmungakên kandêl raosing kabangsanipun kemawon, malah tumrap sawênèh, kabangsanipun wau sumrambahipun dhatêng bangsa Jawi sawêg dipun wiwiti kemawon, dados dèrèng patos dangu, inggih sampun têmtu, bilih kabangsanipun dèrèng kenging dipun sêbut sampun sampurna.

[Grafik]

Wibisana.

Dumuginipun samangke ingkang sampun kacêluk kandêl raosing kabangsanipun, punapadene sampun sampurna kabangsanipun wau, inggih punika bangsa ing praja-praja Europa umumipun, praja Amerika, Jêpan lan ugi wontên sanès-sanèsipun malih.

Kalampahipun bangsa-bangsa wau sami kandêl raosing kabangsanipun sarta kabangsanipun kenging dipun wastani sampurna, punika botên cêkap ing salêbêtipun sadasa utawi kalih dasa taun, nanging pintên-pintên dasa taun, malah kenging dipun wastani pintên-pintên atus taun. Mênggah salah satunggal cara panggulawênthah, murih tiyangipun kandêl raosing kabangsanipun, upaminipun kemawon, wiwit alit dipun sinau lan dipun prêdi, supados trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Ing sarèhne tumrap manusa punika inggih kala lare wau sagêdipun rumasuk sadaya wulangan ingkang dipun sinau, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih katrêsnanipun dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun wau lajêng sagêd rumasuk dumugi ing balung sungsumipun sayêktos, ingkang anjalari kandêling raos kabangsanipun. Dados ragi beda kalihan bangsa piyambak kala tigang dasa taun sapriki, ingkang rumasuk sayêktos ing balung sungsumipun punika jêbul anggènipun... ajrih Walandi mêndêm. Punika jalaranipun botên sanès amargi wiwit alit tansah dipun gulawênthah: "Ayo, aja nangis, kae lo ana Landa mêndêm."

Samangke mênggah sampurnaning kabangsanipun bangsa-bangsa kasbut nginggil. Sayêktosipun anggèning sagêd ngantos samantên sampurnanipun wau, kalampahipun ugi botên namung saêdêg saênyêd kemawon, nanging inggih ngantos pintên-pintên taun laminipun, inggih punika sarana cêcampuranipun kalihan bangsa-bangsa sanès. Awit sanyatanipun kabangsan ingkang sampun dipun sêbut sampurna tumrap jaman samangke, punika botên margi saking angsal-angsalanipun bangsa satunggal, nanging kenging kula wastani: dhasaripun rohing bangsa piyambak, kawêwahan kaklêmpakan wohing pikirananipun (geestelijk product) bangsa-bangsa sanès. Dados upaminipun kemawon kabangsanipun bangsa Walandi, punika dhêdhasaripun mila inggih nyata rohipun bangsa Walandi piyambak, nanging lajêng kawêwahan kawruhipun bangsa-bangsa sanès, kados ta upaminipun: ing babagan kagunan krawitan, nyengkok saking bangsa Rum (Itali), ing babagan kagunan yêyasan, angliyêr saking bangsa Yunani (Griek), babagan ilmu palintangan saking bangsa Arab, makatên sapiturutipun.

Nitik andharan inginggil punika, saupami bangsa ngriki kapengin badhe nyampurnakakên kabangsanipun [kabang...]

--- 1217 ---

[...sanipun] piyambak, mênggah pamanggih kula inggih kêdah adhêdhasar rohipun bangsa piyambak, sarta kêdah sagêd ngaos dhatêng kawruh-kawruhipun bangsa sanès. Anggèn kula mastani kêdah sagêd ngaos wau, pikajêngipun supados bangsa kula sagêd nimbang pundi ingkang sae lan cocog kalihan dhêdhasar rohipun bangsa piyambak, tuwin pundi ingkang botên. Ingkang pancèn sae sarta cocog kaanggea, dene ingkang botên mugi sampun dipun opèni. Dados upaminipun makatên: babagan techniek kawruhipun bangsa kilenan, punika pancèn nyata sampun onjo, tumrap bangsa kula pancèn inggih sae, tur inggih botên badhe adamêl kapitunan tumrap dhêdhasar rohing bangsa, malah inggih maedahi sangêt, lo, punika inggih sampun wajib bangsa Jawi kêdah angliyêr. Kosokwangsulipun: kêlonan ngadêg upaminipun, inggih punika kagunanipun jogèd bangsa kilenan ingkang limrahipun dipun wastani: dhangsah, punika botên cocog kalihan dhêdhasaring rohipun bangsa Jawi, amila langkung sae kasampirakên ing pagêr kemawon, makatên sapiturutipun.

Dados miturut punapa ingkang kula andharakên inginggil, sampun cêtha wela-wela, bilih murih kasampurnaning kabangsanipun bangsa piyambak, kula sadaya kêdah ngaos dhatêng bangsa-bangsa sanès. Amila kula inggih lajêng botên maibên, dene wontên satunggaling nasionalis ingkang sampun mantêp sayêktos, têka taksih migunakakên pitulunganipun bangsa manca. Kados ta anggènipun ngêdalakên kalawarti, punika antawising para pambantunipun wontên sarjananipun bangsa manca. Ingkang makatên punika mênggahing kula, lêrês sangêt, awit kêdah ngèngêtana, bilih sanadyan ing golonganipun piyambak, bangsa kula punika inggih anggadhahi mêngsah, kosokwangsulipun sanadyan ing golonganipun lawanan, ingkang pancèn dados mitraning bangsa kula inggih botên kirang. Wontên paribasan Walandi ingkang kintên-kintên makatên: "Wong nyêkêl maling iku ya kudu nganggo maling." Mênggah paribasan punika kenging kula têgêsakên makatên: "Sawijining bangsa kang arêp ngrêbut kalungguhaning bangsa liya, iku iya kudu migunakake kêkuwatan utawi kapintêrane bangsa liya mau."

Dados mênggahing nasionalis migunakakên pitulunganipun bangsa manca wau, botên kenging dipun wastani kirang kanasionalisipun, nanging malah kêdah dipun sêbut awas lan waspada. Ngèngêtana kemawon cariyosipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Liripun tumraping Bathara Rama kados botên gampil ngawonakên Sang Dasamuka, saupami rayi Nata Ngalêngka Sang Wibisana botên lajêng atur pambiyantu dhatêng Sang Rama. Awit inggih Sang Wibisana wau, ingkang nyumêrêpi pêjah gêsangipun: R. Kumbakarna, Patih Prahastha, R. Hindrajit lan sasaminipun, cêkakipun inggih Sang Wibisana wau ingkang nyumêrêpi sadaya wêwadosipun ing praja Ngalêngka, ingkang lajêng anjalari ungguling juritipun Sang Bathara Rama.

Amila mênggahing kula botên mêsthinipun upami lajêng amaoni dhatêng tindakipun nasionalis anggènipun angrangkul dhatêng bangsa manca, malah kosokwangsulipun wajib ngalêmbana dhatêng kawicaksananipun, ingkang pantês dipun tiru dening para têlèk bangsa kula sadaya.

[Grafik]

Sêkolahan A.M.S. ing Surakarta.

Makatên ugi ada-adanipun Tuwan Dr. Satiman anggènipun ngêdêgakên pamulangan A.M.S. ing Surakarta, saupami kanthi migunakakên para guru bangsa manca, anampi para murid ingkang sanès bangsa ngriki, punapadene anggènipun purun manggènakên pamulangan wau wontên ing gêdhong A.M.S. ingkang samangke suwung, punika mênggahing kula botên kenging dipun wastani kirang kanasionalipun, nanging anggènipun badhe andhasari kandêling raos kabangsan ingkang kanthi wawasan tuwin petangan prêmati, murih benjang kêdadosanipun saya adamêl kêkiyatan ajênging kabangsan. Para maos ngèngêtana andharan inginggil, sadhengah gêgayuhan ingkang wontên salêbêting alam karingkihan punika prêlu sangêt kêdah sagêd nyambung ingarênggang, mêmanuh ing kawêningan. Dados anggènipun angajêngi pitulungan wau botên nama satunggaling kanisthan, nanging malah dados jangkêping prabot pangudi murih kandêling raos kabangsan, sabab wohing pikiran ingkang dados pêpakêming bangsa-bangsa punika kêdah sumêbar saha karasuk dhatêng sadhengah bangsa ingkang nêdya ngajêngakên siti wutah rahipun. Sarèhning kêlampahanipun sadaya wau kêdah mawi pirantos sagêda anggayuh sawarnining dêdamêl (wohing pikiranipun para wicaksana)

--- 1218 ---

mila botên prêlu dipun sumêlangakên sangêt-sangêt, bab panggenan ingkang katampi dening sadhèrèk Dr. wau.

Kajawi punika para maos tamtu sampun sami anggalih, bilih bangsa Jawi punika satunggiling bangsa ingkang cacah jiwanipun (miturut statistiek) saya ngrêbda, sarta raosing bangsanipun, nadyan manggih kawontênan ingkang kadospundi-kadospundi, nanging taksih têtêp mantêp dèrèng ewah gingsir. Punika satunggiling tandha saksi, bilih bangsa Jawi kenging kaajêng-ajêng kamajênganipun tumrap raosing kabangsan.

Punapa malih kula sadaya kêdah ngèngêti, yèn samangke taksih bêtah pitulungan, jalaran kajawi ingriki guru-guru dèrèng anyêkapi, ugi dèrèng anggadhahi pamulangan luhur sambêtipun pamulangan têngahan ingkang dipun kajêngakên. Dados mênggahing cêngkorongan, taksih kathah kabêtahan ingkang awujud pitulunganing liyan.

Wasana panutuping obrolan kula punika, sadaya ngamal, sadaya tindak ingkang tinujokakên dhatêng kabêtahaning bangsa, tumindakipun botên kenging grusa-grusu, nanging dipun larasa kanthi jêmbaring wawasan rumiyin, murih sagêd lajêng saiyêg sêsarêngan nyambut damêl. Mangga sami tumindak sêsarêngan, mangga sami adamêl ngamal ingkang kenging pinuluk dhatêng bangsa, mangga sami ngluhurakên tuwin ngajêngakên bumi kalahiran, nanging mawia lambaran katrêsnan lan kawaspadan. Makatên bêbundhêlaning manah lan tekadipun pun PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Abên gêlut. Satunggal-satunggaling nagari punika sok wontên cara ingkang nyalênèh. Dèrèng dangu ing Tuban wontên têtingalan abên gêlut, yèn caraa kilenan bokmanawi dipun wastani worstelen, nanging punika namung gêlut lugu, mawi ambanting. Tiyang ingkang ningali ewon. Gêlut kados makatên punika sampun wontên sawungipun punapa.

Bangsaning abên-abên punika pancèn dipun rêmêni tiyang, wiwit ngabên kêcik.

Pulo Bali dipun wigatosakên. Miturut pèngêtan, kawontênanipun bangsa ngamanca ingkang dhatêng pulo Bali, ing taun 1931 wontên 85, ing taun punika saya mindhak kathah. Wontênipun para ngamanca wau sami mrêlokakên dhatêng pulo ngriku, awit ingriku kathah sêsawangan adi, ingkang dèrèng ewah kados ing kinanipun.

Samantên pinanggihing pangaji-ajinipun para ngamanca, dhatêng barang yêyasan kina, wajib dipun telad.

Mambêngi papriksan mayit. Adj. Beheerder pagantosan ing Slawi nalika kêpêjahan anak, sarêng badhe kapriksa dening punggawa pès, punggawa pès wau dipun pambêngi ing para tamu, ngantos dipun jorogakên, malah kêpalanipun dhusun ngantos dipun gêbagi, salajêngipun dados rame, para tamu sami surak saha kêplok, pot-pot kathah ingkang risak, malah ambèn ingkang kangge andèkèk mayit dipun gerak-gèrèt ngantos risak.

Tindak kados makatên punika kajêngipun angajèni mayit, têmahanipun malah ngosokwangsul. Mugi sampun ngantos kapanjang-panjang.

Kakukum jalaran damêl declaratie botên salêrêsipun. Tuwan J. Warnast, hoofdpolitie agent ing Padang, kaukum kunjara sêtaun, jalaran kalêpatan damêl declaratie botên salêrêsipun.

Punika kenging kangge tuladha, tiyang sampun gumampil damêl declaratie, nama botên namung wartos kemawon, sampun wontên kanyatahanipun.

Rêgining barleyan mlorot sangêt. Dèrèng dangu wontên pawartos rêgining barleyan radi mindhak, nanging sapunika mandhap sangêt. Pagantosan guprêmèn manawi anggantos barang barleyan dipun andhapakên 25%, malah sanès wêkdal sagêd ugi mandhapipun ngantos 50%. Wontênipun makatên, kacariyos ing Afrika Kidul mêntas wontên kadurjanan barleyan ing pamêlikan.

Bab punika prêlu dados pêpèngêt tumrap ingkang sami ambêtahakên, sampun ngantos kapitunan.

Directeur Keng Po dipun tahan ing kunjaran. Tuwan Houw Djin Seng, directeur Keng Po, dipun tahan wontên kunjaran, jalaran rêndhêt anggènipun masrahakên arta Rode Kruis fods f 5000.- Arta wau asli saking para langganan. Tuwan wau prakawisipun lajêng dipun bantu dening Mr. Phoa.

Raosing pawartos punika katingal ing bab prakawis babagan arta. Nanging mênggah ing nyatanipun dèrèng cêtha.

--- 1219 ---

Kawêdalakên saking A.M.S. Wontên murid A.M.S. kawêdalakên saking pamulangan, amargi kasumêrêpan angewahi bijinipun nalika wontên Mulo. Anggènipun sinau murid wau sampun 3 wulan.

Lêlampahan kados makatên punika prayogi dados pêpèngêtipun para mudha, sampun ngantos nêrak dhatêng bab makatên punika. Nanging manawi ngèngêti dhatêng kawigatosanipun, têtela lare wau jalaran saking majêng tuwin kajêng, eman dene wontên sabab ingkang ngalang-alangi.

Bab rêdi Slamêt. Miturut wêca ingkang mawi wêwatos saking ahli rêdi latu, ing sapunika rêdi Slamêt tuwuh kawahipun enggal kaprênah kidul kilèn. kawah wau sambêt kalihan sirah lèpèn Gung, inggih punika lèpèn ingkang dhatêng laladan Têgal. Dados saupami wontên jawah, lèpèn wau badhe kilèn lahar ingkang wutah saking kawah wau. Ing bab punika ingkang wajib sampun andhawuhakên, samangsa ing rêdi Slamêt pêtêng, ngawiwi tiyang wontên ing lèpèn.

Dados pawartos ingkang botên-botên cêtha doranipun.

Kamajênganipun siti tanah ngriki. Sampun dangu Tuwan F. de Ruyter de Wildt ing Poenten, nindakakên cobèn-cobèn nanêm appel Eropa wontên pasitèn nginggilipun Malang. Sarêng uwoh, wohipun botên nguciwani, wontên ingkang satunggal ngantos wawrat satêngah pun, raos lan gandanipun botên kawon kalihan appel wêdalan ngamanca. Bab punika nuwuhakên gambiranipun para ahli nênanêm ing Eropa, kathah pangalêmbana ingkang tumuju dhatêng tuwan wau.

Ingriki botên prêlu ngalêmbana dhatêng saenipun pasitèn tanah Jawi, sampun katingal piyambak.

Lêbêting pajêg siti kêndho. Kawartosakên, lêbêting pajêg siti ing Priyangan Kêndho, para pangrèh praja ambiyantu tindaking para lurah. Ing bawah Bandung bakuning pajêg f 128.000, sawêg malêbêt f 59.000. mangka têlasing taun kantun 3 wulan malih.

Rêkaosing manahipun tiyang kuwajiban narik pajêg punika bokmanawi sami kemawon kalihan ingkang dipun tarik.

Pitulungan mikantuki. Wontên pawartos, parentah badhe maringi sambutan arta dhatêng Tuwan Sitsen ing Ngayogya, prêlu kangge damêl griya alit-alit, ingkang dipun tindakakên dening tamatan murid P.J.S. tuwin pamulangan kriya tiyang siti ingkang dèrèng angsal padamêlan. Griya wau manawi sampun dados, lajêng dipun lotrèkakên, angsal-angsalaning arta kangge damêl griya malih.

Tindak makatên punika manawi sagêd kasêmbadan, têmtu dados pitulungan agêng sangêt.

Bêtah padamêlan. Gemeente Magêlang mêntas ngêwrat pariwara wontên sêrat kabar, pados onderopzichter tuwin opzichter. Ingriku tiyang ingkang gadhah panêmbung wontên 210. Tiyang samantên wau wontên ingkang insinyur.

Samantên bêtahing têtiyang dhatêng padamêlan ing mangsa punika.

Nêdha dipun giri-giri. Parentah ing Makassar sarêng nindakakên kêncêng ing bab pangetanging pajêg kanthi suka sumêrêp ukumanipun, lajêng wontên tiyang 60 sami ngaturakên pratelan, gunggunging pajêg wontên f 12.000.

Limrah, sawarnining tindak rêndhêt punika nêdha dipun kêncêngi.

Gagragipun tiyang pados arta. Juragan demmo B.O.B. ing Bêtawi gadhah ada-ada, para ingkang numpak dipun sukani pêthuk, manawi sampun nglêmpak pêthuk wau badhe dipun lintoni bêbingah.

Caranipun pados arta ing jaman sapunika wontên-wontên kemawon. Dangu-dangu ngantos kados lare alit.

Saya wiyar têbanipun. Kawartosakên, 1. Tuwan Suprapto, tilas murid Mulo Taman Siswa ing Ngayogya, 2. Tuwan Suyono tuwin 3. Tuwan Abudiman, sami tilas murid Mulo Guprêmèn ing Pêkalongan, tiga pisan wau bidhal anglajêngakên sinau dhatêng Asrama barati Santi Nikatan, yasanipun Sang Tagore. Kintên-kintên sinaunipun 5 taun.

Tindakipun para mudha punika mugi manggiha woh sae, lan manawi kêlampahan makatên, sagêda nulari dhatêng ingkang kantun.

AUSTRALIA.

Lindhu agêng ing Nieuw Zeeland. Ing Nieuw Zeeland mêntas wontên lindhu agêng, karisakanipun kathah, sasampunipun lindhu tanpa kèndêl, wêkasanipun wontên sela ingkang wawratipun 600.000 ton malorod saking rêdi ingkang inggilipun 200 kaki. Kapitunan kintên-kintên wontên 50.000 pondsterling.

EROPA.

Golongan bêrah muring-muring. Pangagênging Centrale Bond ing nagari Walandi nama Tuwan Esoeld, sasampunipun mêntas parêpatan, lajêng dipun tangani ing tiyang kathah saha dipun banting-banting, wontên panuntun sanèsipun ingkang nandhang tatu, rahayunipun lajêng sagêd oncat. Dene wontênipun ngantos dipun makatênakên Tuwan Esoeld wau mratelakakên wontên ing parêpatan, bilih panggêsanganipun tiyang sakulawarga punika cêkap f 80.-

Samantên muring-muringipun tiyang dipun garap mirah.

[Grafik]

Paargyan grondwet ing Jerman. Ing gêdhong Rijksdag ing Berlin, Jerman mêntas dipun wontênakên paargyan, mèngêti grondwet. Ing kala punika tumindaking paargyan sakalangkung agêng. Inginggil punika gambaripun Pres. Hindenburgh (ingkang têngah), nalika anjumênêngi paargyan.

--- 1220 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

44.

Nyonyah Dhorah piyambak inggih botên mangrêtos, punapa inggih anggèning tăngga wau gêthing dhatêng piyambakipun, wêwinihipun saking Nyonyah Dhorah, awit Nyonyah Dhorah piyambak botên rumaos nate ngrèmèhakên utawi damêl kirang rênaning tangganipun wau. Malah manawi mirid lêlampahan ingkang pinanggih, nyonyah tăngga wau katingal anggènipun minihi damêl sêrik, lumuh kasoran. Kados ta manawi sumêrêp Nyonyah Dhorah têtumbas punapa-punapa, sanès dintên inggih lajêng tumbas ingkang kapara ngungkuli. Manawi Nyonyah Dhorah têtumbas barang idêran, măngka pangawisipun botên kadadosan, tiyang ingkang idêr wau lajêng dipun ampirakên, pangawisipun Nyonyah Dhorah lajêng dipun jori. Manawi Nyonyah Dhorah tumbas daging sakilo, nyonyah tăngga wau tumbas kalih kilo. Makatên sapanunggilanipun.

Makatên ugi Nyonyah Dhorah mirêng, tăngga wau nate ngraosi, bilih sintên ingkang kadhatêngan Nyai Kucing punika tamtu badhe karisakan. Nanging mênggah sajatosipun, nyonyah tăngga wau tiyang kêkirangan, tindakipun sêsongaran, tuwin anggènipun ngêjori, punika namung tuwuh saking manah drêngki.

Ing sapunika Nyonyah Dhorah, sarêng sumêrêp kawontênaning tangganipun wau kados makatên, lajêng rumaos gampil manawi badhe gêntos malês sêsongaran, kintên-kintên botên badhe kêkirangan margi.

Sarèhning sampun têrang bilih gêthinging tăngga wau jalaran saking gadhah manah mèri, mila panuthukipun gampil kemawon, waton Nyonyah Dhorah anyandhang ngangge sarwa gumêbyar, tamtu araos ngiris-iris manahipun nyonyah tăngga wau. Măngka mênggahing Nyonyah Dhorah botên kêkirangan arta. Dados anggènipun Nyonyah Dhorah rêraosan badhe têtumbas barang, punika yêktos.

Nyai Kucing mirêng ginêmipun nyonyah Dhorah punika sakalangkung bingahing manah, rumaos angsal margi anggèning badhe nawèkakên barang kêmpitanipun. Ing ngriku Nyai Kucing lajêng nêdahakên anting-anting barlian agêng-agêng, cahyanipun gumêbyar ambalêrêngi, kalihan wicantên: Punika anting-anting barlian, botên nguciwani, manawi panjênêngan ingkang ngagêm, pantês sangêt.

Adhuh, ana anting-anting athik samono gêdhene. Yèn diênggo iba abote.

Pundi wontên tiyang kawratan ngangge anting-anting. Kula aturi mundhut ta, mirah kemawon. Wah, manawi panjênêngan ingkang ngagêm tamtu pantês sangêt, iba anggènipun gonèl-gonèl.

Ana kae sorote kok kuning.

O, manawi sorot biru, rêginipun măngsa angsala tigang èwu. Sarèhning punika sorotipun jêne, rêginipun namung nêm atus.

Nanging aku apa pantês nganggo anting-anting gêdhene samene.

Dipun cobi kemawon, ta. Agêm panjênêngan anting-anting kula aturi ambikak. Manawi sampun dipun agêm, kula aturi ngilo.

Nyonyah Dhorah lajêng ambikak anting-antingipun mutyara, santun ngangge anting-anting barlian, gulunipun lajêng gela-gelo kalihan gumujêng. Wicantênipun: Lo, kok ya ènthèng bae. Apa ya pantês.

Gêlar yêkti kula aturi ngilo, punika lo kaca ing bipèt, kula aturi andangu piyambak, kaca wau tamtu botên dora.

Nyonyah Dhorah lajêng mara dhatêng sangajênging kaca, gela-gelo kalihan mèsêm. Wusana wicantên: Apa ya wis pantês têmênan ta, mak.

Tiyang panjênêngan punika kalung usus, punapa ingkang panjênêngan agêm namung sarwa mantêsi. Sarêng anting-anting punika panjênêngan agêm, lajêng katingal, pantêsipun rêgi sèwu.

Yak, kowe kuwi têgêse rak ngombèni aku, ta.

O, botên, nyonyah, namung salugunipun.

Iki anggone pancèn iya ora abot, mung sarèhning gêdhe iki, iya rada ana kacèke. Wis, cêkake barang iki aku dhêmên, tinggalên dhisik, tak pikire, yèn kadadean, tak bayar. Yèn ora, tak balèkake. Sesuk paranana.

Prayogi, nyonyah, botên dados punapa. Manawi prakawis pantês, kula sampun matur, pancèn golèng-golèng yêktos. Dene prakawis rêgi, kenging kirang saking nêm atus.

Nyonyah Dhorah ningali jam sampun jam kalih langkung saprapat, wancinipun ingkang jalêr mantuk saking padamêlan. Lajêng wicantên: Iki wis jam loro liwat saprapat, mak, bojoku wis mèh mulih, kowe êndang balia, aja nganti kêpêthuk dhèwèke.

Botên dangu Nyai Kucing wangsul, lajêng jêdhul kêtungka dhatêngipun Tuwan Sumarta.

Sampun padatan, Tuwan Sumarta sabên wangsul saking padamêlan ulatipun pêtêng. Ing bab kados makatên punika tumrap Nyonyah Dhorah sampun botên dipun raosakên, saking sampun kulina. Nanging sagêdhagan punika, Tuwan Sumarta botên namung pêtêng ing ulat kemawon, malah katingal ambrabak nêpsu, badanipun gumêtêr. (Badhe kasambêtan)

--- 149 ---

Nomêr 38, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Wangsulan

[Dhandhanggula]

Ing dhèk Sêtu aku uwis janji | arêp mêdhar ing bab pitakonan | ya Dhandhanggula têmbange | dene pitakon iku | sêmut irêng nak-anak sapi | mêngko aku tak kăndha | ning mung trima nurun | awit ing V.A. wis ana | kacèke mung mêngko ditêmbangke iki | coba mêngko rungokna ||

sêmut irêng anak-anak sapi | iku dadi sêmoning dongengan | putri Wandhan caritane | kulite irêng mulus | apêparab Dèwi Sapudi | kono banjur digarwa | Brawijaya Prabu | ing têmbene apêputra | miyos kakung Dyan Lêmbu Pêtêng kang nami | misuwur sanagara ||

kêbo bongkang: iku anyêmoni | Kyai Agêng Kêbo Kanigara | Kêbo Kananga karone | padha putraning ratu | Brawijaya ing Majapait | wong loro banjur padha | ana Pêngging iku | ing sarusaking nagara | madêg kraton ing Dêmak satriya kuwi | kasilêp ora kocap ||

nyabrang kali bangawan nyêmoni | yèn satriya loro mau padha | nyulayani nyang ratune | lumuh manut miturut | anglakoni cara Islami | Ki Kanigara muksa | anèng Mrapi gunung | dene Ki Kêbo Kananga | asrah pati Sunan Kudus kang nyedani | rampung tanpa prakara ||

kang mangkono kanggo ngupamani | sampurnaning pati kaya nyabrang | keyong sacarak sungute | iya pasêmon mungguh | angarani Mas Grèbèt kuwi | uwong mung asli desa | nyata keyong iku | kewan kang cilik lan nisna |[6] dene ing Pêngging akèh umbul banyu mili |[7] goning kewan kuciwa ||

ewadene ing têmbene buri | Jaka Tingkir bisa madêg nata | iku kanggo ngupamakke | keyong kang cilik iku | duwe sungut sacarak luwih | dadine ora timbang | timun godhong wolu | dadi pasêmon kang cêtha | tumrap marang Panêmbahan Senapati | darah ora katara ||

nanging têmbe dadi ratu luwih | kang jalaran dadi putra angkat | Sultan ing Pajang rekane | lan para gêdhe wolu | ngangkat mênyang Sang Senapati | kaya ta Ki Mataram | Jru Martani têlu | Kiyai Tumênggung Mayang | Ki Panjawi Pangran Madepandhan tuwin | Ki Buyut Wirasraba ||

lan manèhe Kyai Juru Kithing | kawolune Adipati Batang | wis ganêp wolu cacahe | dadi kono tinêmu | gone ngangkat Sang Senapati | dipindhakake kaya | ngangkate wong wolu | măngka barang kang diangkat | ora murwat dene êmung timun siji | tur wuku ora mingsra || (Ana sambungane)

--- 150 ---

Iwak Lodan Mabur

Lo, kok anèh, ana iwak lodan kok bisa mabur, mêsthine mung dongèng umuk-umukan, aja kogugu.

Satêmêne dongengan sing elok-elok iku akèh, tumrape bocah mêsthine wis kêrêp padha krungu, kaya ta dongèng Timun Êmas nalika dioyak-oyak gajah mata sanga, kuwi Timun Êmas anggêr arêp kêcandhak banjur nyêbar sangune, kaya ta nyêbar wiji timun banjur dadi patêgalan timun, wohe andadi. Gajah mata sanga banjur kandhêg pangoyake, kêtungkul mangani timun, mangkono sabanjure. Pungkasane timun êmas nyêbar trasi, dadi sagara êmbêl, gajah mata sanga têrus nyabrang, wusana mati kêblabak ing sagara êmbêl.

[Grafik]

Coba pikirên, dongèng kuna kuwi rak anèh ta. Dene lumrahe bocah, sabên ngrungokake dongèng kaya mangkono mau padha bungah, nanging satêmêne durung ngrêti, yèn iku mung dongèng. Suwe-suwe barêng wis gêdhe iya banjur ngrêti dhewe, lan sabanjure gênti dadi tukang dongèng kaya mangkono manèh. Dadi têgêse wis lumrah, dongèng iku dongènging bocah, sing nganggêp umuk iku wong sing wis ngrêti, awit yèn bocah didongèngi sing nyata-nyata, malah ora ngrêti, lan ora sênêng atine.

Ing saikine aku tak ambanjurake dongèng iwak lodan sing bisa mabur mau, wah, gêdhene dudu mênus, yèn ngêlangi ana ngawang-awang anglêr, swarane mêdèni, anggêrêng kaya wong kadhêmên, malah ing bab anggone ambêbayani ngungkuli iwak lodan lumrah, awit yèn nêlèk, têlèke bisa ngrusakake kutha.

Dongèng iki yèn tumrape bocah cilik mêsthi anggugu, awit bangsane aneh-anehan iku tinêmune ana ing dongèng malah lumrah. Panggagasing bocah malah saya mulur, kaya ta ngrasani ing bab pamancinge, kapriye. Malah trêkadhang muni: wong saiki ana kapal mabur, mêsthine ya ana iwake lodan mabur. Nanging mungguh nyatane, iku mêsin mabur prajurit anggêgana Amerikah, ing kono miranti gêgaman pêrang. Iya kuwi bom, lakune rikat bangêt.

Mangkono iku tinêmune dongèng iwak lodan mabur.

--- 151 ---

Rukun Olèh Gawe

I. Jago kelangan babon

Wayah esuk, ana jago kluruk, suwarane ngêbaki desa, kaya anggugah wong sing isih turu. Jago mau anggone mlangkring cêdhak karo babone.

Jago kluruk manèh: blêg, blêg, blêg, kukuk kluruk.

Babone nyaru: Wis, ta, wis. Iki isih wayahe wong turu, aja sêru-sêru, mundhak disrêngêni.

Jago: Yèn sing ngrungokake klurukku iki wong kêsèd, mêsthine nêpsu, nanging yèn Pak Kasan, malah bungah, la kae galo, banjur adan. Wis ta, tinimbang kowe kalêbu golongan kêsèd, wis mudhuna, ngliwêt, ngliwêta kana.

Babon ngrasa yèn gunême jago mau kamoran pangoso, wah manèh jago mau pancèn kêrêng, dadi iya banjur mêdhun, arêp ngêliwêt, ulate anjabrut.

Wong nyambut gawe kanthi ora sênêng kuwi pancèn ora bêcik, wah manèh isih rêpêt-rêpêt, dadi tuna dungkap.

Saudhune babon, ora suwe jago krungu suwara klubuk, klubuk ngira yèn sing wedok nêmu bêbaya, banjur mêdhun. Têmênan, babon kêcêmplung jêmbangan, jago banjur nulungi karo muni: Genea, ta. Kok nganti kêcêmplung.

Babon mangsuli karo andharêdhêg: Wong isih patêng[8] ngene kok dikon thêruthukan, yèn kêcêmplung jêmbangan ngene iki kapriye.

Jago: Wis ta, aja nêpsu ya dhuk. Saiki ngisisa ana ngisor pêlêm kono, bèn garing. Ora usah ngliwêt.

Babon banjur thênguk-thênguk ana ngisor pênam,[9] jago nunggoni saka kadohan karo kluruk ora lèrèn-lèrèn.

Ing dhèk samana isih pêtêng, jago lan babon ora ngèlingi mênyang bêbayaning awake. Ora suwe ana luwak kêthêmêk-kêthêmêk nyêdhaki babon karo muni mangkene: Mas ajêng, dene enjing-enjing sampun siram, tuwin wontên ngriki piyambakan, punapa botên ajrih. Babon ditakoni mangkono mau ora bisa mangsuli. Mung andharêdhêg. Luwak ora sabar, babon banjur ditubruk digondhol. Jago krungu sambate sing wedok: Adhuh wong lanang, aku digondhol luwak, tulungana.

Jago kang tansah adol bagus, barêng krungu sêsambat mangkono mau banjur alok-alok: pêtog, pêtog. Nanging wis kasèp.

Ora suwe akèh wong padha mêtu anggawa pênthung, karo alok: Luwak, luwak. Na, ngidul, ngidul. Pancèn pitike sing anèh, isih pêtêng mêngkene wis mêdhun.

Jago thênguk-thênguk dhewe karo mrêbês mili.

--- 152 ---

Dhêdhasaring Bocah

Bocah iku kang pancèn wis duwe dhêdhasar, wiwit cilik wis ana titike, kaya ta bocah sing pancèn duwe dhasar gêmi, cilik mula iya wis ketok, yèn dêduwèn kêkêt, disilih kancane ora olèh, lagi didêmok bae wis nêpsu. Bocah sing kaya ngono kuwi pancèn ora nyênêngake, mêsthi digêthingi kănca-kancane. Mungguhing titik, iku calon dadi bocah gêmi, tumrap wong tuwane kari nênuntun, murih aja duwe watak nyêngit. Nanging priye ta, gêmi iku pancèn watake cêdhakan karo kaya mangkono mau.

[Grafik]

Ing saiki tumrap dhasare bocah sing besuke dadi kriya sapanunggalane, iku wiwit cilik iya wis dhêmên thak-thik, malah yèn kabênêran, isih bocah bae wis duwe kabisan sing agawe gumuning wong tuwa.

Ana uga kabisan mau kajaba saka dhêdhasar, iya jalaran saka pakulinan utawa kacara. Ing karangan iki ana gambare sinyo ing tanah Eropah kang bisa anggawe pêpêthan asu, sing digawe wêdhi. Wujude plêk kaya asu têmênan. Bocah kang kaya mangkono mau pancèn wis duwe dhêdhasar bisa gêgawean, lan kabisane mau iya jalaran saka pakulinan utawa kacara.

Mungguhing bocah Jawa, kang tinêmu ing bocah desa, iku akèh sing duwe dhêdhasar bisa anam-anam. Bisane mau sing akèh jalaran saka kulina lan kacara, kaya ta yèn kalane angon, iku sok padha sêsambèn gawe wayang sukêt dondoman, iya iku kêmbanging sukêt dondoman diênam, ana sing dipêtha satriya, buta, petruk sapanunggalane. Yèn pagaweane mau dititik, ketok tandhane bocah bisa anam-anam, dadi ora anèh yèn besuke dadi wong kang pintêr mênyang pagawean kang kaya ngono.

Saya manèh tumrap bocah kang dhêmên orak-orèk anggambar, akèh bae besuk ing gêdhene dadi tukang anggambar têmênan.

Kabèh mau mung dadi titik dhêdhasaring bocah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


malariah. (kembali)
sagêd. (kembali)
botên. (kembali)
kaelokanipun. (kembali)
Tiyang. (kembali)
nistha. (kembali)
Lebih satu suku kata: de ing Pêngging akèh umbul banyu mili. (kembali)
pêtêng. (kembali)
pêlêm. (kembali)