Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-12, #699

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-12, #699. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-12, #699. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 82, 11 Jumadilakir Dal 1863, 12 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1285] ---

Ăngka 82, 11 Jumadilakir Dal 1863, 12 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Toya Grojogan - Susuh Sandawa dalah Cêcariyosanipun - Sampun Tilar Kaprayitnan - Tiyang Jêpitu Manawi Gadhah Damêl - Pucung Lagu Kêthoprak - Adpêrtènsi - Wedang Srêbat tuwin Roti Tape - Bab Kawontênanipun Konggrès P.P.B.B. - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Toya Grojogan

[Grafik]

Sawangan toya grojogan ing Mandirade, ingkang kintên-kintên 4 km. têbihipun saking Sumênêp, Madura.

--- 1286 ---

Cariyos Kina

Susuh Sandawa dalah Cêcariyosanipun

Ingkang dipun wastani pêksi sandawa punika bangsaning sriti, sawênèh dipun wastani pêksi lawèt, limrahipun manggèn wontên ing papan sêpên ingkang cakêt kalihan sagantên.

Kintên-kintên sataun sapriki, redhaktur Kajawèn nate sowan ingkang bupati ing Karanganyar, dipun pangandikani bilih badhe kaparingan karangan ing bab dêdongenganipun pêksi lawèt, saha sampun kaparingan gambaripun. Nanging ngantos sapriki karangan wau dèrèng kaparingakên. Kalêrêsan redhaksi Kajawèn lajêng angsal cêcariyosan ing bab pêksi lawèt wau. Katranganipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Pasareanipun Malik Ibrahim. Sacêlaking ngriku kathah susuhipun pêksi lawèt.

Mênggah pêksi sandawa utawi lawèt punika ingkang dipun pigunakakên susuhipun. Saking cêcariyosanipun tiyang ingkang mangrêtos, susuh wau pigunanipun kangge jampi kiyat, malah wontên ingkang cariyos, manawi tiyang ingkang taksih anèm botên kenging nêdha, awit pancèn inggih namung kangge jampinipun tiyang sêpuh. Dene ingkang nindakakên ngangge jampi punika băngsa Tionghwa, mila ingkang andagang wau inggih băngsa Tionghwa. Tumrapipun băngsa Jawi panganggenipun namung tiru-tiru kemawon.

Ingkang sampun kasumêrêpan, susuh sandawa punika kangge abên-abênan bumbu ciu. Manawi tumrap băngsa Jawi panganggenipun jampi sarana dipun êmor ing sêkul êtim, wontên ingkang dipun mor sop, tuwin sanès-sanèsipun. Dene mênggah raosipun botên wontên, lan mênggahing daya, sarèhning băngsa Jawi botên sapintêna anggènipun migunakakên, dados botên sagêd mratelakakên cêtha. Nanging saupami botên gadhah daya utawi botên wontên damêlipun yêktos, mokal, awit susuh sandawa wau awis rêginipun lan dados padagangan yêktos.

Ing nginggil sampun kacariyosakên manawi pêksi sandawa utawi lawèt wau manggènipun wontên ing papan sêpên sacêlaking sagantên. Dene ingkang sampun pinanggih umum, manawi tumrap pasisir lèr, pamanggènipun wontên ing nagari Grêsik. Manawi pasisir Kidul, wontên ing Karangbolong, bawah Babupatèn Karanganyar.

Ingkang pinanggih wontên ing nagari Grêsik, pêksi wau rêmênipun manggèn wontên ing griya suwung, lan [la...]

--- 1287 ---

[...n] sarèhning têtiyang ing Grêsik punika mangrêtos dhatêng bab padagangan susuh sandawa wau, mila lajêng sami nyadhiyani panggenan. Anggènipun nyadhiyani, limrahipun têtiyang ing ngriku griyanipun mawi lotèng. Lotèng wau lajêng dipun tutup ngantos katingal pêtêng, namung dipun dèkèki complong-complongan kangge margi pêksi, awit panggenan ingkang kados makatên punika ingkang dipun kraosi.

Nanging ragi wontên anèhipun, pêksi wau inggih dèrèng tamtu purun manggèn jênak. Mênggah saking gugon-tuhoning tiyang, pêksi makatên punika purunipun manggèn kanthi gêgayutan kalihan kabêgjanipun tiyang ingkang gadhah griya. Tandhanipun wontên. Ing Grêsik wontên tiyang ingkang misuwur agêng kabêgjanipun, griyanipun ajêg tansah dipun ênggèni ing pêksi lawèt. Malah sabên damêl griya inggih lajêng dipun ênggèni ing pêksi. Saya anèhipun malih, griya wau samăngsa dipun ênggèni ing tiyang sanès, pêksinipun lajêng pindhah saking ngriku. Bab makatên punika têtela namung saking gugon-tuhon, nanging tiyang sami pitados. Dene lajênging pangandêl, pêksi wau dipun wastani sanès sabaènipun, dipun anggêp kadosdene lêlêmbat, mila inggih botên sêpên ngawontênakên bangsaning wilujêngan.

Saking kathahipun tiyang ingkang gadhah papan padununganing pêksi wau, tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu mastani bilih ing ngriku punika kathah griya suwung, nanging nyatanipun griya-griya ingkang sami suwung wau malah isi băndha agêng.

Têtiyang ingkang sami gadhah griya kados makatên punika trêkadhang samanggènipun[1] têbih saking ngriku, griya ingkang dados kandhanging pêksi lawèt namung dipun ulat-latakên kemawon.

Mênggah pangundhuhipun susuh, sataun sapisan, nangguh wancinipun pêksi sami nigan. Wontênipun dipun tangguh makatên, awit pêksi ingkang nêmbe nigan punika susuhipun taksih enggal, dados pangundhuhipun wau nalika susuhipun taksih tigan enggal, mila pinanggih susuhipun taksih pêthak lan rêsik, punika dipun wastani susuh ingkang nomêr satunggal. Nanging mênggah sanyatanipun, tindak kados makatên punika nama nyiksa sato kewan, inggih atêgês mêjahi wiji.

[Grafik]

Wujuding susuh lawèt ingkang sampun kaklêmpakakên.

Kawontênan inghang[2] kados makatên punika dangu-dangu kauningan dening ingkang wajib, lajêng nindakakên awisan, tiyang kengingipun ngundhuh susuh lawèt namung măngsa sabibaring pêksi ingkang nêtês sampun sagêd mabur, dados susuh wau sampun suwung. Badhe kasambêtan.

--- 1288 ---

Pawartos Wigatos

Sampun Tilar Kaprayitnan.

Para maos têmtunipun sampun mirêng utawi maos sêrat kabar padintênan, lan ugi ing Kêjawèn taun 1932 nomêr 17 ing kaca 270 anyêbutakên kawontênanipun sawênèhing jêmaah haji ingkang kataman ing apus bab anggèning nguculakên arta panumbasing tikêt-tikêt kapal ing wusananipun sadumugining margi nêmbe kadêngangan bêblithuk wau.

Sumăngga kagaliha. Kawontênan makatên wau, jêmaah taksih wontên ing tanah ngriki, kenging kasêbut wontên ing tanah wutah rahipun piyambak, dados ugi taksih cakêt kalihan sanak kadangipun piyambak, ewasamantên badalsèh sampun sagêd anandukakên pambujuk.

Gèk kadospundi, sasampuning dumugi ing Ejas, bilih sampun têbih lèr, têbih kidul, têbih sanak kadangipun tuwin botên gadhah pitêpangan. Têtêmbunganing pribumi ngrika kemawon kintên-kintên awis ingkang mirêng, punapa malih dhatêng tumanjaning pambujuk-pambujuk ingkang sakalangkung alus, lêmês lêmbat-lêmbat wau, kadugi botên mudhêngipun.

Para maos têmtunipun ugi botên badhe kêkilapan kawontênanipun ing Mêkah, watawis kalih taunan kapêngkêr, nalika tikêtipun jêmaah-jêmaah, kadugi ugi botên sanès namung saking alusing ginêm apus-apus lajêng katitipakên ing satunggiling badalsèh. Pungkasanipun têtiyang wau sami kapiran piyambak, jalaran sarêng katêdha wangsul ing wancining baita-baita sampun dhatêng ing palabuhan Jedah, jêbul tikêt-tikêt wau sampun kasade.

Sanajana sanalika punika ugi kawontênan wau kalapurakên dhatêng ingkang kuwajiban, sarta sanajana ingkang kadunungan lêpat sampun kaukum sapantêsipun, ananging kadospundi mêmêlasipun jêmaah-jêmaah ing wêkdal punika, para maos sagêd andugi piyambak.

Kadêrêng saking kawontênan-kawontênan kasêbut ing nginggil, kamanah kados botên lêpat bilih ing kajawèn ngriki badhe ngêwrat sawatawis bab ingkang gêgayutan kalayan panas pêrihipun sawênèhing jêmaah, ingkang sami kataman ing apus-apus, pamrihipun sagêda amêwahana awas lan prayitna dhatêng sadhengaha, ingkang kaconggah sajarah dhatêng tanah suci wau.

Anggaliha, bilih ing pundia panggenan kemawon ing wêkdalipun punika sakalangkung rumpilipun, dados prayogi sangêt bilih sampun gampil-gampil uculing barang darbèkipun sadèrènging pramana sayêktos dhatêng dunung tuwin tumanjaning arta dalah melikipun. Amargi kabêkta saking rumpil lan ugi kabêkta saking sudaning pamêdal tuwin pangasilan, satêmah lajêng anjêdhulakên tindak utawi ihtiyar kathah lan neka-neka, ingkang kadhang-kadhang mahanani dhatêng kapitunaning liyan.

Pramila karangan punika mugi kaanggêpa kados pitêdah tuwin sêsêrêpan, botên sanès kajêngipun namung anjagi, supados jêmaah băngsa kula sampun kêsangêtên anggèning gita-gita pitados [pita...]

--- 1289 ---

[...dos] dhatêng sawênèhing rêmbag, ingkang kadhang-kadhang wohipun amung adamêl kauntunganipun ingkang suka pitêdah.

Murih gampilipun sarta sampun wongsal-wangsul ngangge têmbung: tiyang tanah ngriki, pramila cêkapa kasêbut ngangge tiyang Jawi. dados bilih ing karangan ngriki wontên têmbung: tiyang Jawi, kajêngipun botên ngêmungakên pribumi Jawi Têngah kemawon, ananging mêngku têgês : sadaya jêmaah asli saking tanah ngriki.

[Grafik]

Jêmaah-jêmaah kaji nuju wontên ing palabuhan Jedah.

Sapunika kula wiwiti saking malêbêtipun ing palabuhan Jedah rumiyin.

Sawêg kemawon dumugi ing dharatan sampun wontên tiyang ingkang anêdhani arta kathahipun satêngah rupiah utawi tigang tangsul, mawi matrapakên solah tanduk lan suwantên kadosdene sampun mêsthinipun. Sanjangipun: kangge bea malêbêtipun ing kitha. Ananging bilih ing wêkdal punika ing ngriku wontên salah satunggiling pangagênging palabuhan, utawi malih bilih ingkang dhatêng wau tiyang Indhi, Mêsri, Mahgrabi, saha sanès-sanèsipun jêmaah, patrap anêdhani bea wau, têka botên wontên.

Kajawi punika wontên ing ngriku kathah sangêt pribumi ingkang sami ngêmis. Wondene patrapipun babar pisan botên miripi kados ing tanah Jawi, dados angangge ngathung tuwin mêlasasih, ananging anjawil-jawil, trêkadhang anggondhèli. Rèhning jêmaah, punapa malih băngsa pawèstri, nêmbe kacakêtan kemawon sampun risi, dene tansah angêtut saha wêwah-wêwah sêmu ajrih, pramila lajêng kasukanan. Badhe kasambêtan.

Nik.

--- 1290 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Tiyang Jêpitu manawi Gadhah Damêl

Ingkang pinanggih ing dhusun Jêpitu, tanah rêdi Sèwu, Ngayogya, tiyang badhe gadhah damêl punika, ing sadèrèngipun apêsipun kirang 2-2 1/2 wulan sampun sadhiya toya. Awit mênggahing toya, tumrap ing ngriku langku prêlu tinimbang bêtah sanèsipun, amargi panggenaning toya têbih. Wăntên ingkang 2-3 pal, malah wontên ingkang têbihipun panggenan toya punika langkung 5 pal, mila kirang sawulan utawi kalih wulan sampun tandho toya. Wragading toya punika sagêd ugi tikêl kalihipun waragad sanèsipun, punika ingkang têbih kalihan talaga. Yèn anggèning gadhah damêl ragi rowa, sanajan sampun tandho makatên, ugi yèn sampun dumugi ing damêl, ingkang ngangsu botên cêkap manawi namung tiyang 4-7, tur kêdah milih tiyang ingkang rosa, lan tabêri. Măngka tiyang samantên punika, sabên dhatêng saking mêndhêt toya, têmtu lajêng dipun ingoni, dene tirahanipun sanajan kathaha kados punapa inggih lajêng dipun bêkta mantuk. Upami dhatêng saking ngangsu botên lajêng kapurih nêdha, tamtu lajêng mogok, botên purun ngangsu malih.

Mênggah anggènipun ngurmati tamu, prasaja sangêt, inggih punika namung wedang, sêkul, jangan, ulam ayam punika kangge tanah Jêpitu taksih kangge mirah. Lah punapa punika botên mayar. Malah cangkiripun trimah gêntosan, upami cangkir 1 sagêd cêkap kangge tiyang 5-10.

Sumbangan ngrika taksih mayar sangêt, kathah-kathahipun tiyang nyumbang f 0.15, malah kathah ingkang namung f 0.075. Dene ingkang nyumbang punika sanès tiyang èstri, nanging tiyang jalêr ngiras anjagong, dados sanadyana nyumbang manawi botên mara piyambak inggih botên sumêrêp raosing têtêdhanipun. Dados upami batih 4 badhe kapengin sêkulipun ingkang gadhah damêl wau, kêdah nyumbang sadaya.

Dene para tamu, manawi dhatêng dhog, lajêng dipun sêgah wedang sapacitanipun, lajêng dipun têdha têlas. Lajêng tilêm utawi tilêman. Upami wontên tamu ingkang dhatêng satunggal malih, ugi lajêng dipun sêgah wedang sapacitanipun, lajêng dipun têdha têlas. Têrus tilêman, makatên salajêngipun. Dados anggènipun angladosi botên dipun sarêng, ugêr dhatêng ugi lajêng dipun wêdali.

Tiyang ngrika kajawi gadhah prêlu, utawi gadhah damêl mantu, têtakan, milujêngi tiyang pêjah, wontên malih ingkang langkung dipun rowakakên, lan dipun pêng, inggih punika gadhah damêl ingkang dipun wastani: besanan. Besanan punika saking lingga: besan: besan punika tiyang sêpuhipun anak mantu.

Sampun jamakipun manawi tiyang gadhah besan enggal punika tuwi-tinuwi. Ingkang kathah ambêkta angsal-angsal, upami: gêndhis, tèh, têtêdhan sawatawis. Malah yèn têbih, anggènipun ambêkta [a...]

--- 1291 ---

[...mbêkta] angsal-angsal wau ngantos pangaos f 2.50 dumugi f 5.-.

Nanging tumrap tiyang Jêpitu botên makatên. Manawi badhe tuwi besanipun punika ngêntosi yèn sampun gadhah sangu kathah. Sanajan satunggalipun sampun gadhah, yèn satunggalipun dèrèng gadhah, ugi sande anggènipun badhe tuwi. Sarta yèn badhe tuwi punika ngabari rumiyin, upami A gadhah besan B, pun A badhe tuwi B, punika a takèn dhatêng B: Aku suk anu arêp tilik, kowe bisa nămpa apa ora. Yèn B sampun gadhah samukawis, ugi lajêng nyagahi. Nanging manawi dèrèng gadhah, B mangsuli: tilika suk anu wae. Dene yèn sampun sami gadhahipun, lajêng rêmbagan bab dintên

Yèn sampun dumugi ing wêkdalipun A upami tuwi B. Ing dintên sadèrèngipun A dhatêng panggenanipun B, pun B sampun ngundangi sanak sadhèrèk utawi tăngga têpalihipun, dipun jak manggihi besanipun. Sarta panggenaning B wau ugi mawi sumbang-sumbangan punapa, inggih kados caranipun gadhah damêl sanèsipun. Panggenanipun A ugi makatên.

Pun A wau lajêng ngirid tiyang ingkang ambêkta têtêdhan, upami: sêkul saadunipun, jênang, jadah, panggang, lan sanès-sanèsipun, kawadhahan ing jodhang karêmbat. Bêbêktanipun A wau apês 3 jodhang. Lan A wau ugi ambêkta kulawarga sawatawis. Wăntên ing ngriku lajêng sami pêpanggihan. Lajêng sanès dintên pun B ugi lajêng tuwi dhatêng panggenaning A gêntos. Bêbêktanipun ugi kados pun A wau, malah trêkadhang langkung kathah lan sae.

[Grafik]

Kawontênanipun tanah pasisir kidul, Ngayogyakarta.

Yèn gadhah damêl makatên punika, wragadipun sagêd tikêl 3 kalihan manawi mantu sapisan ingkang agêng-agêngan.

Sondhèr Wiyoga.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1903 ing Cêpaga. Sampun cuwa ing panggalih, panjurung botên kapacak.

Tuwan D ing Bugisan. Sampun sok manjurung kasêrat sastra Latin, utawi kasêrat molak-malik.

Tuwan H ing Ngendraprastha. Karangan ingkang kados makatên punika sampun kathah ingkang sumêrêp. Karangan Taman Bocah kêmulukên.

Tuwan Dj ing Nganjuk. Anggèn panjênêngan badhe kintun potrèt, punika manawi dipun êmot sampun kasèp. Mila sampun kakintunakên kemawon.

--- 1292 ---

Raos Jawi

Pucung Lagu Kêthoprak

Kula nuwun bola-bali kula nuwun | bali nuwun kula | kula nuwun bola-bali | yèn ambanyol ngura-ura awak dhawak ||

ngulur-ulur angên-angêne wong punggung | angajak gêguywan | mring kang kêsdu ananggapi | anaruwe maring karangan punika ||

sangêt sokur kang manggita atur nuwun | măngga pra sudara | mugi sampun wigah-wigih | alêledhang mring Kajawèn kang wèh brăngta ||

wiyosipun amba kalilana matur | wigatining sêdya | urun wêdha anambahi | isèn-isèn ing Kajawèn yèn tinămpa ||

mêdalipun Kajawèn ing dintên Sabtu | tanggal gangsal wêlas | Madilawal Dal puniki | ping pitulas Sèptèmbêr wulan Walănda ||

nomêripun pitung dasa gangsal mungguh | munggwèng tatwawara | miturut ujar kang dakik | ana kene: donya kerat tan prabeda ||

gih puniku wigatining atur ulun | sagaduging manah | kapengin badhe ngêcupi | linêpatna tulah sarik tawang towang ||

mênggah ulun mirid nalaripun têmbung | kene lawan kana | têka dipun anggêp sami | têgêsipun kemawon sampun abeda ||

lamun têmbung: kene-cêlak têgêsipun | dene têmbung kana | punika atêgês: têbih | kadospundi dene kok dèn anggêp padha ||

rak gih klintu yèn makatên anggêpipun | yèn mênggahing kula | inggih masthi botên sami | têmbung donya-punika aksaranira ||

ingkang ngayun asandhangan taling-tarung | taling-têgêsira: eling-jarwa dhosoknèki | nanging rèhning mawi tarung yêktinira ||

dèrèng tamtu lastarine elingipun | apan maksih kathah | kang pinikir mring si eling | yèn ngêmungna eling mring siji kewala ||

tan kêcukup butuhe kang ngundhung-undhung | anak bojo ngomah | panrima dèn wèhi eling | yèn narima sukur bagya kamayangan ||

dene têmbung: kerat aksarane ngayun | mung mawi sandhangan | taling botên dèn sisihi | têgêsipun: eling têrus tanpa kănca ||

tanpa butuh tan mikir mring garwa sunu | tan mikir mah-omah | datan mikir pajêg krisis | têrus eling praptèng ngarsaning Pangeran ||

mung puniku gèn kula ngêcupi têmbung: | donya lawan kerat | lah sumăngga ing pamanggih | lêrês lêpat mung Allah kang langkung wikan ||

klilan mundur saking ngarsanta priyantun | kang kasdu nupiksa | mung lêpat amba kang mugi | pra nupiksa mugi ngêgungna aksama ||[3]

A. N. Sarteosatram.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1293] ---

[Iklan]

--- 1294 ---

Jagading Wanita

Wedang Srêbat tuwin Roti Tape

Karanganipun sadhèrèk Purwadijaya bab wedang srêbat ing Kajawèn ăngka 71 = 1 Jumadilawal 1863, punika kula mathuk sangêt. Malah wulan Juli ingkang kapêngkêr punika kula sampun wiwit wedangan mawi srêbat, ugi kula angge nyêgah tamu punapa. Pancèn raosipun inggih sêgêr, dhatêng kasarasan inggih wontên dayanipun. Bokmanawi inggih saking gadhah daya angêt. Kangge sak kula ingkang gêgriya ing dhusun têbih toko sampun nama nyêkapi, tur inggih irit. Dene panumbas kula bumbu manawi pinuju dintên pêkênan. Salêbêtipun sapêkên tumbas bumbu namung 5 sèn. Dene bumbunipun wontên gèsèhipun sakêdhik kalihan andharanipun sadhèrèk Purwadijaya, nanging botên dados punapa, bakunipun nuju dhatêng pangiridan.

Mênggah bumbu ingkang kula aturakên wragad 5 sèn wau kados ing ngandhap punika:

Jae sabribil, adas sabribil, mêsoyi sabribil, mrica sabribil, cêngkèh sabribil, jêruk purut sêre sasèn, waron sasèn, panggodhogipun ugi botên sanès kalihan andharanipun sadhèrèk Purwadijaya. Wosipun kemawon kula mangayubagya sangêt, dene nuju dhatêng pangiridan. Awit wêkdal malèsê punika prêlu kănca wingking ugi ngrêtos dhatêng tanjanipun pangiridan saha gêsang prasaja.

Kajawi punika wontên ing dhusun ugi sagêd dhahar roti damêlan piyambak (sêpekuk suwadesi) inggih punika roti tape. Dene pandamêlipun makatên:

Tape pangaos sasèn, dipun icali sontrotipun, lajêng dipun girah mawi toya wantah (tawa) utawi jarang supados rêsik. Lajêng ngublak tigan ayam mêntah dalah sapêthakipun 3 iji, gêndhis kalapa sacêkapipun, pathi pohong sacangkir, santên kanil sacêkapipun, lajêng dipun carup kadadosakên satunggal nama jladrèn, dene tapenipun lajêng dipun wênyêt dados satunggal kalihan jladrèn wau mawi sendhok. Manawi sampun radin sadaya lajêng dipun wadhahi cithakan ingkang sampun dipun usar-usari lisah klêntik, salajêngipun dipun pan (manawi dèrèng kagungan pan, cêkap kuwali dipun tutupi layah, layahipun kalumahakên). Manawi sampun katingal jêne sumringah lajêng dipun êntas. Dene pandhaharipun manawi sampun asrêp, awit manawi taksih bêntèr dèrèng kenging dipun iris, taksih kêmpukên. Roti tape wau wayu kalih dintên taksih eca. Atur kula wau sadaya namung kangge ular-ular dhatêng para sadhèrèk ingkang manggèn ing dhusun kados kula, bokmanawi kêrsa nyobi, amung trimah lowung. Sampun kula aturakên kangge pangiridan, awit sawêg mangsanipun kêdah nindakakên pangiridan. Punapa malih kula ugi ngajêng-ajêng para sadhèrèk ingkang sami kagungan rekadaya ingkang murih dhatêng iriding kabêtahan, wasana kula namung nyumanggakakên.

R.A. Dirjasastra, ing Têmon.

--- 1295 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Kawontênanipun Konggrès P.P.B.B.

I.

Garèng : Truk, sanadyan kowe kuwi bangsane bêsluwit, nanging ing sarèhne pagaweanmu sabên dina mung nyorak-nyorèk ana ing layang kabar, dadi iya rada-rada mambu jurnalis, têmtune ana ing konggrèse bêndara-bêndara juru tulis, mantri astèn dana, wêdana utawa gusti-gusti kangjêng, kala tanggal 9 tumêkane tanggal 11 Oktobêr kiyi, iya mèlu mêthongkrong nonton. Wèh, mendah le sêmruwêng, sêmangêr, umyung. Sarta ing sarèhne sing padha konggrès mau para priyayi pangrèh praja, mêsthine iya rame bangêt anggone padha jor-joran akèh-akehan... inggih sêndika lan sêmuhun dhawuh.

[Grafik]

Petruk : Kliru Kang Garèng, kliru, iki konggrès dudu konpêrènsi. Ana ing konpêrènsi, kuwi ana sing bêlănja 1000 - nanging: sèn, tur gampang dijabêle, ana sing blănja 1000 - tapi guldhên (rupiah) kathik kuwasa anyabut nyawa, mulane iya mèmpêr yèn ing kono rada murah: nun ingggih sêndika. Balik ana ing konggrès, kabèh-kabèh, iya sing mung pangkat rumput utawa wit ringin pisan, rak padha warganing pakumpulan, dadi iya: sami mawon. Karo manèh, Kang Garèng, ing jaman saiki kiyi aja kok padhakake jaman Majapaitan, kalane para luhur isih padha rêmên mirêngake suwarane dhewe, sanadyan suwarane mau: klokor-klokor utawa sêrak, lan ora sondèl bangêt mirêngake têmbangane bawahe sanadyana suwarane galik-galik turut usuk. Nèk kala samana isih panèn: nok noknon inggih, kuwi mula iya mèmpêr, nanging nèk jaman saiki, [sa...]

--- 1296 ---

[...iki,] iya jaman kamajuan kiyi, para luhur rak wis padha kêmpling-kêmpling, wis padha sagêd ambedakake suwara sing cêmêngkling lan suwara sing blero, lan uga wis padha ngrumaosi, yèn pangkate, sanadyan kurang saonjotan bae wis têkan ing pangayunaning Pangeran, mung silihan bae, esuk utawa sore bisa dijabêl nyang sing kagungan. Mulane nèk jaman saiki iya wis prasasat ora ana priyayi luhur, sing sênêng saupama priyayi bawahe padha sarujuk anyumanggakake: caturana dhewe. Ewasamono saakèh-akèhe iya isih ana bae sing kalêbu êndhog wukan. Upamane bae ing dina riyadi kêpengin madêg prabu anom, ngangkat priyayi loro minăngka abdi dalêm gandhèk, andhèrèkake pitrah dalêm mênyang mêsjid...

Garèng : Lo, lo, lo, kok banjur nglindur mangkono, wong ditakoni kaanane konggrès, omongane têka banjur nglantur-nglantur. Wis saiki caritakna mungguh wawasanamu kaanane konggrès.

Petruk : Sanyatane mono cara Banyumase aku: sêmadancagla (têmbung sing kèri kiyi diwaca miring), dene wargane pakumpulan jarene kurang luwih ana nêm èwunan, nanging sajêrone dianakake konggrès kiyi, sing ngrawuhi mung clêmang-clêmong bae.

Garèng : Wiyah, hambok dikandhakake sing ngrawuhi sathithik, hla nèk calêmang-calêmong kuwi rak omong sing alot kae, kathik dicampur adhuk ora karuan mêngkono. Bab sathithike sing padha rawuh kuwi, nèk aku ora bisa maido, awit iki jênêngane konggrès, dudu... cacaran desa. Hla nèk cacaran desa, hla kiyi, nom tuwa, jaka prawan, răndha dhudha dalasan sing lagi... kêbêlêt bangêt, mêksa ora kêna mangkir. Beda karo konggrès, sing ngrawuhi rak mung sing kêpilih dening apdhèlinge. Kaya ta: siji-sijining apdhèling ngirimake utusan siji utawa loro, mulane iya mung katon sathithik, nanging kowe kudu ngèlingana, yèn utusan siji mau makili kănca warga-wargane sathithik-sathithike satus.

Petruk : Iya, Kang Garèng, aku iya prêcaya, yèn apdhèling-apdhèling mung bisa ngirimake utusan siji utawa loro, nanging ing Batawi kene bae, ing sarèhne kutha gêdhe mangkene, têmtune rak iya akèh, ta, wargane, ewasamono saka pandêlêngku sing padha ngrawuhi kok mung blêntang-blêntèng bae, apa ing batine padha mêngkene gagasane: măngga, dara-dara blêstir, kula pasrahakên dhatêng panjênêngan sadaya, manawi sae wohipun, kula andhèrèk nêmpil, manawi wontên rêkaosipun, măngga panjênêngan borong piyambak.

Garèng : Lo, kowe aja kaliru tămpa, Truk, aja pisan-pisan ngira, yèn para wargane sing ana ing Batawi kene padha ngêpringake mênyang apa sing dirêmbug ana ing konggrès kono, wah, kuwi ora babar pisan, kabèh-kabèh mêsthi daya-daya kêpengin padha mirêngake apa sing dirêmbug ana ing kono, mung bae kowe ngrêtia, pagaweane priyayi pangrèh praja kuwi akèh bangêt, hla wong kêna diunèkake sadina sawêngi dhinêse [dhinê...]

--- 1297 ---

[...se] 32 jam, mulane iya ora kobêr bangêt nèk dikon konggrès-konggrès. Kajaba ta, yèn ing konggrès kono dianani... tayuban.

Petruk : Wiyah, apa ing konggrès kono mung arêp angrêmbug B.B.L. ing sarèhne kaplêsirane sêkal A dianggêp tanpa ana waragade, kudu dirêmbug supaya ing tayuban, dhuwit tombok lan pêkacir, kudu di... sowak. Kajaba kuwi, Kang Garèng, aku prêcaya, yèn pagaweane priyayi pangrèh praja kuwi akèh, nanging sadina sawêngi kuwi mung ana 24 jam, ana têka kok kandhakake, yèn dhinêse priyayi pangrèh praja 32 jam, lo, kuwi kapriye.

Garèng : Malah ora 32 jam bae, nèk dipadhakake karo wong lumrah, dhinêse ing dalêm sadina sawêngine kêna diunèkake 40 jam. Dene sababe mêngkene: Takêre wong urip kuwi, supaya bisa têntrêm uripe, kudu diperang mangkene: 8 jam kanggo nyambutgawe, 8 jam manèh kanggo gêguyon karo anak bojone, turahane sing 8 jam kanggo turu. Lo, kuwi nèk tumrape wong lumrah. Beda karo mungguhe priyayi pangrèh praja, 8 jam kanggo nyambutgawe, nulas-nulis upamane, 8 jam sing pancène kanggo gêguyon karo anak bojone, kudu kanggo ngurus prêkara, turne lan sapiturute, iki wis jênêng nyambutgawe 16 jam, le rugi sabab ora bisa gêguyon karo anak bojone wis 8 jam, iki ora kêna dilironi karo 8 jam sing pancène kanggo turu, awit sawayah-wayahe priyayi pangrèh praja kêna dilarak saka têmpat tidhure, upamane ana: omah kobong, kècu, rajapati, lan sapêpadhane. Dadi sing 8 jam kanggo turu mau iya kanggo nyambutgawe manèh, kang anjalari banjur rugi 8 jam manèh, hara, kabèh mau gunggung kumpul apa ora ana 40 jam ing dalêm sadina sawêngine.

Petruk : Nèk dietung mêngkono, aku iya ngandêl, mula priyayi pangrèh praja pagaweane tanpa ana watêsane. Malah iya ana sing andhinêsake 40 jam têmênan, nganti sok angèl golèk-golèkane, kajaba ta ana ing panggonan sing mung disumurupi wong siji loro, lan ora pisan-pisan kêna diuningani dening... dara dèn ayu.

Garèng : We, hla kurang ajar, kathik banjur mêlèh-mêlèhake barang sing ora mèmpêr mêngkono, karo manèh sing kaya ngono kuwi rak kalane jaman wong lanang isih têmênan kae jumênêng: guru laki, malah ing kala samono jarene: saya akèh simpênane, iya saya: gêsêkik (geschikt) awit banjur ora tungkul andhuwêl ana ing ngomah bae. Nanging ing jaman saiki, rak wis ganti programah, nèk ana priyayi, sanadyan ing golongan pangrèh praja pisan, kathik wani sawiyah-sawiyah karo dèn ayune, kiraku dening dèn ayune mau bisa kalakon di... talak pitu. Nanging rêmbuge padha dilèrèni samane bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 1298 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pêrang catur. Comite nama "Panyuluhan Umum" ing Madiun mêntas ngawontênakên Openbare debat-vergadering, ingkang dipun tindakakên dening Mr. Ali Sastroamijoyo tuwin Tuwan Suraji. Jêjêring rêmbag ing bab badhe ambikak topèngipun Mr. Ali. Têmpuking damêl kathah tiyang ingkang sami surak-surak ngantos nyilêpakên ingkang mêdhar sabda. Wusana kabibarakên.

Punapa anggènipun surak-surak wau saking ambingahi sumêrêp tarunging bangsa sami bangsa.

Ki Hajar Dewantoro. Wontên pawartos, dèrèng rangu punika Ki Hajar Dewantoro panuntuning Taman Siswa sampun angintunakên kawat dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, anelakakên pamanggihipun ing bab gêgayutanipun kalihan ordonansi pangawasan sêkolahan preman. Dening wosipun botên anyondhongi ing ordonansi ingkang suraosipun angèngingi sêkolahan preman wau.

[Grafik]

Angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok mindhak. Angsal-angsalanipun arta beya palabuhan Tanjungpriok ing wulan Sèptèmbêr kintên-kintên mindhak f 20.000 tinimbang ing wulan Augustus. Mênggah pêpetanganipun wulan Sèptèmbêr f 1.512.000. Augustus f 1.494.000.

Lumayan.

Pulisi dados begal. Sampun sawatawis dintên pulisi ing Banjarharjo, Brêbês, nyêpêng tiyang nama Citra, pulisi dhusun ing Dhukuhjêruk, amargi kadakwa ambegal tiyang Kubangjêro ingkang mêntas wangsul saking jagong.

Punika nama lucu, pulisi dipun cêpêng dening pulisi ing bab prakawis kadurjanan. Samantên kiyating jaman rêkaos.

Kabucal dhatêng Digul. Kawartosakên Tuwan A.J. Patty gembonging ebah-ebahan ingkang kabucal dhatêng Ruteng, Flores, ing sapunika kapindhah dhatêng Digul.

Tuwan Patty punika wontênipun ing jagat ebah-ebahan tansah katingal. Ing sapunika badhe manggèn ing papan ingkang kenging dipun wastani papan pamijèn.

Tindak salingkuh ing panyadean candu Rêngasdhêngklok. Mantri O.R. ing Rêngasdhêngklok katahan ing pakunjaran, jalaran nyalingkuhakên arta tuwin candu, sadaya rêrêgèn f 1100.- ingkang f 300 wujud arta.

Tumraping papan panyadean candu, manawi wontên salingkuhan kenging dipun upamèkakên kados menda dipun umbar ing kacangan. Inggih tiyang punika manawi sawêg kataman ing pêpêtêng.

Kasêrêg ing prakawis malih. Mêntas rame kawartosakên ing bab anggènipun Tuwan Simon Silaban kaukum jalaran persdelict. Ing sapunika saluwaripun saking paukuman, kasêrêg malih jalaran angrèmèhakên mantri Boschwezen wontên ing sêrat kabaripun dipun ungêlakên: orang utan.

Tiyang punika manawi sawêg kojur, wontên-wontên kemawon.

Sakalangkung mêmêlas. Ing dhusun Pangarengan, bawah Sindanglaut, Cirêbon, wontên tiyang manggih lare alit umur 1 taun wontên têngah wana. Lare wau taksih gêsang, nanging badanipun kêra sangêt, kêbak tilas dipun cokoti lêmut. Sarêng dipun udi sagêd manggihakên biyungipun, cariyos manawi lare wau pancèn kabucal, amargi piyambakipun botên nyambutdamêl, pados têdha rêkaos, tinimbang nyumêrêpi pêjahing anak, aluwung dipun bucal.

Sintên kemawon têmtu ngêrês ing manah.

Ajrih dhatêng pajêg sata. Wontên pawartos, sudagar sês ing Kudus nama Amir, ingkang cirinipun padangan cap Amir, sarêng mirêng badhe tumindakipun pajêg sata, Handelsmerkipun lajêng dipun sade dhatêng N.V. Muria, ugi ing Kudus, gadhahanipun bangsa Tionghoa kalayan rêgi f 15.000.- Awit rumaos badhe kawratan ambayar pajêg.

Tindak makatên punika pinanggihing wawasan kenging dipun wastani ajrih dhatêng ayang-ayangan, nanging ugi mêngku kajêng sadhiya payung sadurunge udan. Mênggah nyatanipun, sabên wontên ingkang susah inggih wontên ingkang sakeca.

Papriksan mawi saksi kathah. Lurah dhusun ing Haurkuning, Sumêdhang, dipun rampungi wontên ing landgerecht, kaukum 1 1/2 taun, jalaran artanipun kas kirang f 200.-. Sêksining prakawis wau ngantos wontên tiyang 172. Sakawit lurah wau appel, nanging wusananipun inggih narimah.

Prakawis pawartos tiyang ngangge arta punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika limrah. Nanging bab saksi ngantos samantên kathahipun tur artanipun namung sakêdhik, punika nandhakakên bilih arta ingkang kalêbêt punika kêklêmpaking karingêtipun tiyang ringkih, jêbul sarêng nglêmpak dipun antêm krama.

Pawartos sarwa suda. Parentah ing tanah ngriki ngaturi uninga dhatêng Minister van Kolonien. Bilih ing bab ngandhapakên pènsiun prêlu katindakakên kathahipun 10 pCt. Pangiridan punika badhe sagêd angsal 4 yuta rupiyah. Lan malih jalaran tumindaking pamranata dèrèng rampung, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1933 balanja wiwit kasuda 10 pCt.

Pawartos warni kalih punika mênggah limrahipun sami mastani botên sakeca. Sanadyan dèrèng kêlampahan, prêlu dhêg-dhêgan rumiyin.

Parêpatan darah Citrosoman. Pambantu Kajawèn ing Tuban kirim pawartos, kala dintên Ngahad tanggal 9 wulan punika, para darahipun Kangjêng Pangeran Citrosoma damêl parêpatan wontên ing griyanipun R.M. Heru, ing Kauman, Tuban. Ingkang karêmbag: 1. Ngluhurakên drajating para lêluhur ing jaman kina ing bab lêlabêtanipun, 2. Ngiyatakên ichtiar ngawontênakên studiefonds dhatêng para turun, 3. Pilihan warga enggal.

Ing jaman sapunika bangsa Jawi saya katingal ing bab karukunanipun tunggil warga. Punika manawi kasêmbadan, pancèn agêng sangêt pigunanipun.

Pêrang-pêrangan ing jumantara. Wontên kabar tanggal 16 wulan October punika ing Surabaya badhe dipun wontênakên pêrang-pêrangan ing jumantara. Ingkang tumut pêrang-pêrangan wau: 4 mêsin mabur Fokker, 1 mêsin mabur kangge ngusungi barang-barang lan 4 mêsin mabur pambujêng. Dene ingkang dados têtindhihing pêrang-pêrangan wau Mayor Ilgen.

Dèrèng dangu punika mêntas dipun wontênakên pêrang-pêrangan lautan, ing tanggal 16 wulan punika pêrang-pêrangan wontên ing jumantara, wohipun: ha - di, aku wêdi.

--- 1299 ---

Resident ambêdhag. Resident ing Serang, Tuwan De Kanter, ingkang kawartosakên ambujêng sima ing wana Ujung Kulon, sarta dipun kuwatosakên ical, samanke sampun kondur. Anggènipun ambujêng sima tanpa damêl.

Lo, samantên gawatipun padamêlan amtenaar Walandi ing golongan pangrèh praja. Padamêlanipun mila inggih kathah sayêktos. Murih sagêdipun èncèr panggalihipun sarta waras saliranipun, kadhangkala kêdah dipun salundingi sport, upaminipun kemawon: tennis, ambêdhag sima lan sasaminipun.

Pèlpulisi nyênjata kancanipun piyambak. Wontên kabar wontên sawênèhing pèlpulisi ing Bandawasa nyanjata kancanipun piyambak, sabab mèri anggènipun angsal katêrangan prakawis kadurjanan. Ingkang dipun sênjata dumugi ing tiwas.

Wah, sajakipun badhe wangsul kados jaman purwa malih. Kaotipun: rumiyin pêjah-pêjahan margi... thukmis, samangke sabab kawon arum namanipun.

Pangiridan ing Volksraad. Benjing tanggal 14 October punika pangiridan Volksraad badhe ngawontênakên pakêmpalan. Pangarsa Tuwan Dr. Meyer Ranneft, lid tuwan-tuwan Fruin, De Hoog, Van Baalen, Prawoto, Thamrin, Kan, Dwijosewoyo tuwin Hart.

Wah, botên wontên ingkang kalangkungan, ing pundi-pundi kêdah dipun wontêni pangiridan. Wontên pamirêngan ngantos: bosên.

Pakunjaran dados griya sakit. Saking Surabaya kawartosakên, bilih wiwit wulan punika pakunjaran ing Pasuruan kaicalan saha kagantos dados griya sakit tumrap têtiyang ewah. Ingriku dipun sadhiyani panggenan kangge tiyang ewah cacahipun 400.

Wontênipun ewah-ewahan ingkang makatên punika nuwuhakên pitakenan warni kalih, inggih punika: icaling pakunjaran ing Pasuruan wau punapa satunggiling tandha yêkti sudaning kadurjanan, punapa ing taun ngajêng minangka kangge anyadhiyani sawênèhing tiyang, ingkang kêsupèn ing purwa duksinanipun,jalaran... dipun cêngklong malih blanjanipun.

Amsterdam-Bêtawi salêbêtipun 5 dintên. Wontên kabar, bilih ing taun 1934 ngajêng punika sagêd kaajêng-ajêng lampahipun mêsin mabur ingkang lumampah saking Bêtawi dhatêng Amsterdam (nagari Walandi) badhe saya karikatakên, ngantos ing dalêm sajam rikating lampahipun 230 km. Manawi sagêd kalampahan makatên, Amsterdam dhatêng Bêtawi badhenipun namung lampahan 5 dintên.

Têka samantên kamajênganipun ngèlmu techniek. Amila inggih botên kenging dipun paibên, manawi sok lajêng wontên tiyang ingkang nyariyosakên, bilih jagad punika saya dangu saya mungkrêt. Mangga sami dipun panggalih punapa inggih botên anggumunakên. Bangsa Walandi ingkang dhatêng rumiyin piyambak wontên ing tanah Jawi, inggih punika ingkang dipun pangagêngi dening Tuwan Houtman, ing kala taun 1596, lampahipun saking nagari Walandi mriki kirang langkung wontên 14 wulan. Sarêng tiyang lajêng sagêd migunakakên baita kapal ingkang sarana stoom utawi motor, tuwin sagêd nyêlakakên margi sarana andhudhuk susukan Suez, ing antawisipun Afrika kalihan Europa, tanah Jawi dhatêng nagari Walandi sagêd dipun lampahi kirang langkung namung sawulan. Samangke sarêng jaman mêsin mabur punika sagêd dipun lampahi kirang langkung 10 dintên. Lo samangke lajêng wontên kabar, nagari Walandi dhatêng tanah Jawi namung badhe lampahan 5 dintên. Mangga punapa punika botên anggumunakên.

[Grafik]

Inginggil punika gambaripun Bestuur Jaarmarkt saha wakil-wakil sêrat kabar nuju wontên ing kampung pêrtukangan ing salêbêting Jaarmarkt wau.

EUROPA.

[Grafik]

Kaukum kisas. Inginggil punika gambaripun pangadilan nuju mriksa prakawisipun têtiyang Nazi gangsal ingkang adamêl dahuru wontên ing Berlin, kaukum kisas, nanging salajêngipun ukuman wau kaewahan ukum kunjara salaminipun gêsang.

ASIA.

Badhe ngangkat mas saking sadhasaring sagantên. Kawartosakên, ing Tokio wontên pakêmpalan badhe ngadani ngangkat mas saking sadhasaring sagantên, sarana dipun salulupi. Barang-barang wau asli sumimpêt wontên ing kapal pêrang Rus nama "Nachimoff" ingkang kêlêm rikala pêpêrangan Jêpan-Rus. Barang-barang ingkang wontên ingriku kintên-kintên rêrêgèn 200 yuta rubel.

--- 1300 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

49.

Sanalika tuwan pangagêng wau mambêng, saha ing sêmu katingal anggènipun tumut susah, wicantênipun: Mangke rumiyin. Ing sapunika kula piyambak pitados dhatêng sucining manah sampeyan, kula sanès lare. Sampeyan sumêrêpa, piawon wau aslinipun saking sêrat pitênahan, dipun dhawahakên dhatêng pangagêng. Ingkang sabar ing manah, nyonyah, kula kaparênga ngêndhêg sampeyan wontên ing ngriki.

Nuwun, tuwan, pangandika panjênêngan sadaya wau saèstu adamêl asrêping manah kula. Pitados panjênêngan dhatêng katêmênaning atur kula, kula tampi kanthi sukur lan bingahing manah, badhe kula èngêt-èngêt ing salami-laminipun. Nalika wicantênipun Nyonyah Dhorah dumugi ngriku, kèndêl angusapi luh, dipun sambêt ing wicantên ingkang kamoran kêsêsêgên: Nanging anggèn panjênêngan anggondhèli, supados kula lêstantun nyambut damêl wontên ing ngriki, kula botên sagêd. Kula lajêng kalilanna mantuk.

Tuwan pangagêng mangsuli kados ngasih-asih: Kula sampun ngintên, sampeyan tamtu botên purun nyambut damêl wontên ing ngriki malih. Nanging sampeyan manah ingkang panjang rumiyin, ta, ing jaman sapunika tiyang pados padamêlan punika rêkaos.

Kula pitados bilih ing jaman sapunika tiyang pados padamêlan rêkaos. Nanging tumrap tiyang ingkang kajêng nyambut damêl, padamêlan punika wontên lan botên kirang margi.

Dados sampeyan kêncêng badhe mêdal.

Inggih makatên: Tuwan, amargi wontên kula ing ngriki, sampun sarwa rupêk. Malah ing bab punika sampun kula raos wiwit kula sawêg malêbêt dhatêng padamêlan.

Manawi makatên, sampeyan nampènana arta saking kasir f 15.- minăngka petanging padamêlan sampeyan tigang dintên.

Anggèn kula nyambut damêl botên petang dintênan tuwan, sampun, botên dados punapa, nuwun.

Tuwan pangagêng lajêng ngacungakên tangan ngajak tabikan kalihan wicantên: Gêsang sampeyan botên badhe kêkirangan. Têtêping manah sampeyan badhe suka margi padhang ingatasing pados panggêsangan. Ing bab anggènipun ing kantor ngriki klêbêtan sêrat pitênahan, botên dados punapa, ing donya pancèn panggenan awon, nanging wontênipun ing sanès panggenan, sampeyan badhe manggih kasênêngan. Manawi nyonyah purun utawi wontên prêlunipun nyonyah nyênyangkinga nama kula, e, bokmanawi dados jalaran anggampilakên pados padamêlan.

Nyonyah Dhorah mirêng pitêmbunganing pangagêng wau, sanadyan nuju sêdhih, karaos adamêl sênênging manah, wusana mangsuli: Nuwun, tuwan. Pangandika panjênêngan kula tampi kanthi suka bingahing manah.

Sadumugining griya pamondhokan, Nyonyah Dhorah mrêlokakên maos pariwara ing sêrat-sêrat kabar, ing ngriku wontên satunggiling makêlar pados punggawa ing bab sêsêratan, sukur ingkang sagêd basa ngamănca. Nyonyah Dhorah lajêng manah-manah, piyambakipun dèrèng nate nindakakên padamêlan sêsêratan babagan among dagang mawi basa ngamănca, nanging ing bab basa ngamănca, piyambakipun kulina sangêt. Kêkênthêlaning manah, Nyonyah Dhorah lajêng dhatêng kantor ingkang pados tiyang wau, panggenanipun ing Kalibêsar, ugi lajêng pinanggih kalihan pangagêngipun. Nalika nuju pêpanggihan wau, Nyonyah Dhorah ningali ngiwa nêngên, sumêrêp juru sêratipun wontên tiga, sami taksih anèm-anèm, makatên ugi pangagêng wau inggih taksih anèm. Tangkêpipun tuwan pangagêng katingal rumakêt sangêt, ngantawisi manawi panêdhanipun padamêlan badhe katampèn, satêmah ngantos nuwuhakên pakèwêding manahipun Nyonyah Dhorah.

Lajênging wicantênipun tuwan wau: Ing bab balănja botên prêlu dipun rêmbag rumiyin. Nalika wicantênipun makatên, tuwan wau nyambi ngêcrot-êcrotakên plonyo wontên ing kacu, saha lajêng nawèni dhatêng Nyonyah Dhorah. Nyonyah Dhorah mangsuli: Nuwun.

Salajêngipun tuwan wau wicantên malih: Inggih, inggih, prakawis balănja punika gumantung wontên kasagêdan. Sêrat-sêratan ngangge basa-basa mănca punika pancèn botên gampil, dados saupami wontên ingkang sagêd nindakakên, pantês dipun balănja kathah.

Sasampunipun makatên, tuwan pangagêng lajêng nyukakakên sêrat-sêrat ingkang kêdah dipun wangsuli. Sêrat-sêrat wau suraosipun mèh sami kemawon kalihan ingkang sampun-sampun, wah ngengrenganipun taksih wontên, dados anggènipun nyambut damêl botên rêkaos.

Sarêng jaman satunggal, kancanipunn nyambut damêl sami mêdal sêsarêngan, Nyonyah Dhorah nyawang ngantos dangu. Wontênipun nyawang makatên, awit Nyonyah Dhorah mangrêtos manawi kèndêling nyambut damêl punika jam sakawan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


pamanggènipun. (kembali)
ingkang. (kembali)
§ Nut redhaksi: [Mijil] Sêkar pucung dènira ngêcupi | surasèng pasêmon | tatwawara kang rinêmbag mangke | sampun mungguh mênggahing pambudi | dêdalaning dadi | lênggahing asnapun || pêpuntoning tekat datan sami | sumusuping raos | beda-beda punika jatine | mêkaring tyas diwasèng pamilih | sagêdipun lilih | linèlèr linulur || cêkakipun landhêping panggalih | prayogi ginosok | mrih gumêbyar ywa surêm sorote | titi tamat aturing redhaksi | tarlèn mintaksami | nir ing sarusiku ||. (kembali)