Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-19, #700

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-19, #700. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-19, #700. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 84, 18 Jumadilakir, Dal 1863, 19 Oktobêr 1932, Taun VII.

Kajawèn.

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 150, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pulo Bali - Sampun Tilar Kaprayitnan - Susuh Sandawa Dalah Cêcariyosanipun - Barang ingkang Kina tuwin Bab Pangaji-aji Warni-warni - Èwêding Pamilih - Bab Têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pulo Bali

[Grafik]

Sawangan talaga Batur kaprênah wontên sukuning rêdi Batur, ing Pulo Bali.

--- 1318 ---

Pawartos Wigatos

Sampun tilar kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 83

Saking pintêr tuwin alusing pambujukipun Sèh Kadham Sèh, utawi saking wasising para among dagang Syarafi, inggih punika upamia ing tanah Jawi makatên kasêbut preyalan, ing ngakathah lajêng sami nularakên arta utawi wisêl bêbêktanipun dhatêng têtiyang wau, mawi arta jêne dahab (sovereign).

Wontên malih anggèning botên kesah dhatêng kantor bang wau, amargi kaajrih-ajrihan yèn botên gadhah wanci, jalaran sampun mangsanipun bidhal dhatêng Mêkah tur malih panggenanipun kantor wau têbih sangêt, utawi wontên ingkang obrolan yèn ing dintên punika pinuju katutup. Malah sawênèh wontên ingkang kasanjangan yèn ing ngriku mêsthi botên sagêd têtêmbunganipun, lan malih ing pundia panggenan rêgining arta jêne punika têmtu sami kemawon.

Bilih sampun kalintonan ing dintên sanès lajêng kabêkta piyambah[1] dhatêng bang paktore wau, ing ngrika kasêbut dening pribumi: bang Holandha utawi sarekah Holandha. Dados ngangge patrap makatên punika, untungipun sagêd ambal kaping kalih. Anyêlani sakêdhik: bang Holandha wau nalika wulan Mèi têngahan sampun kapindhah ing sacêlaking pêkên anyakêti panggenaning para syaraphi, para among dagang lan griyaning para sèh, inggih punika ing kantor bang, ingkang suwau kangge bang Osmani (Ottaman Bank).

Sadèrèngipun wontên sarekah Holandha punika, rêginipun inggih punika kursipun arta Jawi ing pêkên utawi ing toko-toko, ing dalêm satunggal jêne dahab ngantos 14,15 trêkadhang ngantos 16 rupiyahan utawi langkung. Ing wêkdal punika preyalan utawi para among dagang kapêksa angandhapakên kurs wau, jalaran rumaos kadhêsêk, ananging sarana lampah kados kasêbut ing nginggil kathah sangêt arta Jawi utawi wisêl-wisêl ingkang dhumawah ing pribumi.

Kadamêla ing sagrêdêgan wontên tiyang kaji gangsal utawi nêm atus ingkang sami dhatêng, lan upami karacak [ka...]

--- 1319 ---

[...racak] sakêdhik-kêdhikipun pambêktanipun arta ing sabên jêmaah sadumugining tanah Arab dados rêsikipun wontên tigang atus rupiyahan, bilih sadaya wau kalintokakên ing pêkên, toko-toko utawi dhatêng syarapi, kaoting panampinipun tinimbang ing sarekah Holandha kintên-kinên wontên bôngsa kalih utawi tigang rupiyahan ing dalêm satunggal tiyang. Dados dununging arta ingkang dhumawah ing pribumi ngrika kados ugi atêgês adamêl rugining jêmaahipun piyambak ing saonjotan punika wontên sèwu rupiyahan langkung.

[Grafik]

Unta ingkang nuju lumampah wontên ing sagantên wêdhi.

Sajatosipun bab punika botên sagêd kacêthakakên sayêktos, amargi ing ngakathah jêmaah botên mangrêtos kursipun ing wêkdal punika, trêkadhang namung nampi lêlintuning artanipun kalayan jêne dahab, reyalan arta kurs-kursan wau. Upami wontên ingkang tinakenan wangsulanipun ing ngakathah inggih namung: wikana, gih, mung disukani sêmantên niki, kula takèk-takèkake, criyose gih pun lêrês...

Kados ugi ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn nomêr 23 wulan Marêt, jêmaah ingkang sami dhatêng ing Hejas wau sagolongan agêng tuwin ing ngakathah bôngsa tani utawi bôngsa kriya, upami wontêna bôngsa priyantunan ugi namung sakêdhik. Dados bab kurs-kursing arta utawi kawontênaning pambujuk-pambujuk wau ing ngakathah kirang mudhêngipun, punapa malih tinaman ing pangajrih-ajrih kasêlak bidhalan dhatêng Mêkah wau, sami enggal pitadosipun.

Bidhalipun dhatêng Mêkah ngangge lori, inggih punika motor bês, ananging wujudipun botên nyênêngakên kados ing tanah Jawi. Kajawi tanpa aling-aling, dados samargi-margi tansah kanginan, lênggahanipun atos, wêwah-wêwah sawênèh payonipun wontên ingkang kajêng.

Ing tanah Jawi ngriki bilih wontên salah satunggiling pakêmpalan utawi wontên tiyang sawatawis ingkang sarujuk badhe amêng-amêng ing sanès panggenan, ing môngka ngrêsakakên ngangge motor bês têmtu bês wau lajêng kasewa borongan, ing wingking waragadipun dipun bagi rata, dados wontên mayaripun sawatawis tumraping sewan.

Badhe kasambêtan, Nik.

Cariyos Wigatos

Susuh sandawa dalah cêcariyosanipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83.

Tindak kados makatên punika pikantukipun lajêng damêl katêtêganipun têtiyang ingkang sami badhe tumandang ing damêl. Wusana lajêng katindakakên ing saprêlunipun.

[Grafik]

Ôndha panjatos ingkang kagulung.

Pirantos ingkang kangge ngundhuh punika ôndha panjatos sakalangkung kiyat, kenging kagulung kenging kaulur, panjangipun dipun kaduki, amargi andhapipun tiyang ingkang ngundhuhi punika wontên ingkang ngantos satus mètêr. Manawi ôndha kaulur mangandhap, poking ôndha ingkang wontên ing nginggil dipun cancang kêdah wontên ing kêkajêngan, tiyangipun ingkang badhe ngundhuh lajêng mandhap, andhanipun montang-manting, katingal amutawatosi, nanging tumrap tiyang ingkang tumandang, inggih sakeca kemawon. Sadumugining ngandhap, tiyang wau katingal gumandhul, ing ngandhap alun mulak-mulak nyuwara gumêlêgêr. Inggih ing panggenan ingkang sakalangkung mutawatosi punika panggenaning susuh lawèt, sami pating trèmplèk wontên ing parang curi, utawi wontên rong-rongan ingkang andhêlik. Angsal-angsalanipun lajêng kawadhahan ing cangklong, ingkang mawi tangsul kasrempangakên ing pundhak.

Samôngsa angsal-angsalanipun sampun kathah, lajêng wangsul minggah, angsal-angsalan wau lajêng dipun kalêmpakakên, wusana dipun pilihi manut undha usuking awon saenipun. Miturut katrangan, susuh sandawa wau ing dalêm sakatosipun rêrêgèn f 20,-

Mirid tumindaking damêlipun para tiyang ingkang ngundhuhi susuh, punika satunggiling padamêlan ingkang sakalangkung mutawatosi, kados ta ing bab mandhapipun urut ôndha, manawi tiyang ingkang botên kulina tamtu singunên, wah ing ngandhap sagantên mulak-mulak ingkang sakalangkung ngajrih-ajrihi, saupami wontên apêsing badan, ngantos kaplèsèt saking pancadan, tamtu dados tinja urang. Mila ing bab piyandêl, bilih ingkang nguwasani susuh lawèt punika ratuning lêlêmbat, saupami dipun pitadosa inggih ragi wontên èmpêripun. Nanging tumrapipun kawruh kanalaran, kapitadosan wau namung anggayut dhatêng gawat tuwin rumpiling panggenan, têgêsipun pancèn nyamari yêktos. Dados ing bab wilujêngan sapanunggilanipun, wosipun pados wilujêng, adhêdhasar kasantosaning manah.

--- 1321 ---

Mila tindak wau saupami dipun ewahi sarana ngicali kapitadosan kados ingkang sampun tumindak, sagêd ugi adamêl uwasipun tiyang ingkang sami tumandang ing damêl, wêkasan tiwas sayêktos.

Sarèhning kapitadosan ing ngriku punika lèrègipun dhatêng kawilujêngan, tiyang tamtu ajrih angewahi. Lan mênggahing kapitadosan wau, lêlajênganipun wontên cêcariyosan ingkang elok, gêgayutan kalihan ing bab wontênipun susuh pêksi lawèt. Cêcariyosanipun makatên:

Ing jaman kina ing tanah ngriku wontên karajan agêng nama Wanakêrta, ratunipun putri, jêjuluk Prabu Kalasêkti. Sang nata putri wau gêrah, lajêng dhawuh pados jampi, dene jampi wau ingkang kacêtha ing wangsit, padosa sêkar sagantên ingkang tuwuh wontên ing parang curi.

Dhawuh dalêm nata wau lajêng dipun tindakakên dening bupati nama Mas Tumênggung Arungbinang. Ngupadosipun Mas Tumênggung Arungbinang sakalangkung rêkaos, mawi adhêdhasar lampah ngambah parang curi, botên nêdha botên tilêm ngantos pintên-pintên dintên, nanging botên manggihakên ingkang dipun wastani sêkar sagantên. Wusana sarêng sampun pitung dintên, dipun panggihi tiyang èstri anèm, inggih punika bangsaning lêlêmbat, sagah ambiyantu ngupadosakên, nanging mas tumênggung kapurih ngrabi piyambakipun. Kalampahan mas tumênggung sagêd angsal sêkar sagantên, manggènipun tumemplok ing paranging guwa. Salajêngipun sarêng sêkar wau dipun dhahar sang nata, gêrahipun waluya. Sang nata lajêng dhawuh, guwa panggenaning sêkar wau kanamakakên guwa dhahar, dene sêkar wau dipun sabdakakên dadosa susuh pêksi lawèt. Kajawi punika, Mas Tumênggung Arungbinang dipun êlih nama Kyai Surti, kados ingkang sabên-sabên kaucapakên wontên ing ujub ing kalanipun wilujêngan.

Lajênganing cariyos, Kyai Surti sasampunipun kalampahan ngrabi lêlêmbat, lajêng mrênyanyang.[2]

Miturut dêdongengan punika, dumadosing susuh lawèt wau mawi gêgayutan cêcariyosan elok. Nanging mênggah sajatosipun, susuh wau kadadosan saking ilêring pêksi lawèt. Mênggah cocogipun kalihan kanalaran, nyatanipun dene ing Grêsik ugi wontên susuh ingkang kados makatên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4451 ing Boaran. Lêrês panjênêngan. Dados f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal 1 taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 3572 ing Krajan. Pamundhut panjênêngan, kaping 12/10 sampun kula kintunakên. Nanging... sampun duka, awit administrasi sawêg arungan damêl.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 372 ing Bangilan. Tatwawara wontên ingkang pêthikan, wontên ingkang damêlan. Benjing manawi kasêmbadan inggih kawêdalakên dados buku.

Raos Jawi

Barang kina tuwin bab angaji-aji warni-warni

Tumraping bôngsa Jawi dèrèng patos katingal ing bab pangaji-ajinipun dhatêng barang kina. Nanging tumraping pusaka, inggih punika dêdamêl, utawi patilasan, katingal ing pangaji-ajinipun. Kados ta dhatêng dhuwung sapanunggilanipun, punika pangaji-ajinipun ngantos mawi sarana dipun kutugi sabên ing dintên sae, limrahipun sabên malêm Jumuwah utawi Anggara Kasih. Dene lèrèging pangaji-aji wau, manawi dipun padosi, sèlèhipun namung angaji-aji dhatêng dêdamêl wau, botên wontên ingkang tumônja dhatêng sanèsipun malih.

[Grafik]

Têtiyang Grêsik wontên ing sêndhang suci.

Môngka manawi dipun petani, pangaji-aji wau pancènipun ugi mawi angèngêti dhatêng ingkang ngangge kala rumiyinipun, tamtunipun tumrapipun gêgaman, manawi pancèn asli turunan, inggih saking bapa, êmbah sapanginggil. Nanging nyatanipun botên kocap babarpisan.

Sapunika ing bab patilasan, punika pangaji-ajinipun tumuju dhatêng ingkang gadhah patilasan, upaminipun patilasan ing dhusun Sêpi, bawah Grêsik, ing ngriku tansah dados pajirahanipun tiyang kathah, prêlu pados brêkah, amargi ing ngriku punika, kala rumiyin nate kagêm musawarataning para wali. Ing kalanipun badhe musawaratan, para wali sami asêsuci wontên i[3] sêndhang, ingkang sêndhangipun wau lajêng katêlah nama sêndhang Suci, malah katut dados namaning dhusun. Pangaji-aji ingkang makatên punika kenging dipun wastani botên mêlok.

Wontên malih ingkang jiyarah dhatêng pasareyan, punika mênggahing sêdya, salugu tumuju dhatêng ingkang sumare.

Tindak sadaya wau, manawi dipun manah lêbêt, lèrèging kajêngipun sami anggêpok raos kabatosan. Dene mênggah pikantukipun, tamtunipun gumantung wontên ingkang sami nglampahi piyambak-piyambak.

Sayêktosipun pangaji-aji ingkang kados makatên [maka...]

--- 1323 ---

[...tên] punika, saya dangu saya suda, malah tumraping para neneman kathah ingkang sampun botên nindakakên. Manawi tumrap bangsaning tirakatan, sanadyan taksih kathah ingkang nindakakên, nanging tumanjanipun lajêng dhatêng kasênêngan, punika limrah.

Nanging tumrap pangaji-aji dhatêng barang ingkang dipun wastani kina, punika raosipun lajêng pinanggih beda, ing ngriku ingkang dipun èngêti lajêng tiyang ingkang ngangge, utawi kanggenipun barang wau. Kados ta upaminipun tiyang gadhah tilaran barang warni ajang, punika manawi ajang wau dhumawah ing anak putu, lajêng sagêd nuwuhakên rêraosan: ajang iki dhèk biyèn diagêm êmbah. Sanadyan tumrap ingkang sanès ahli waris, upaminipun tiyang manggih panjang jaman Majapait, inggih sagêd angraosi: iki dhèk biyèn tau dadi ajange wong jaman Majapait. Makatên sapanunggilanipun. Dados botên wontên pangaji-aji ingkang araos lêbêt kados ing bab pangaji-aji tumrap dhatêng gêgaman, patilasan tuwin pasareyan.

[Grafik]

Jôntra kina ing nagari Walandi, ingkang nuju katindakakên ing damêl.

Cêcariyosan ing bab barang kina, tumrapipun bôngsa Jawi, katingalipun botên patos kawigatosakên. Môngka manawi mirid dêdongengan kina, inggih wontên barang-barang ingkang dipun aji-aji wau, nanging limrahipun namung pinanggih wontên ing karaton. Dados tumraping tiyang limrah, anggènipun botên nindakakên, bokmanawi jalaran saking botên patos dipun gatosakên. Awit saupami dipun wastani botên gadhah, nama anèh, amargi barang ingkang sagêd tumurun punika botên namung ingkang barang mas intên kemawon.

Manawi tumrap bôngsa Eropah, ngaji-aji barang kina punika katingal kawigatosakên, kados ta ingkang pinanggih wontên ing nagari Walandi, ing ngriku wontên satunggiling jôntra ingkang umuripun sampun 400 taun, inggih punika jôntra ingkang pinanggih sêpuh piyambak ing nagari Walandi. Ngantos sapriki pirantos wau taksih dipun angge, saha ingkang nindakakên turunipun ingkang damêl jôntra sakawit.

--- 1324 ---

Jôntra ingkang kados makatên punika tamtu lajêng sagêd anênangi dhatêng raos angèngêti dhatêng lêluhur. Malah kadosdene araos gêsang.

Wontên malih mriyêm kina kêkalih ugi ing nagari Walandi. Mriyêm wau kala ing kina, pirantos kangge suka sasmita, samôngsa mungêl, nandhakakên wontên bêndungan bêdhah. Nanging sarêng sapunika ing nagari Walandi sampun botên nguwatosakên bêbaya ingkang kados makatên, jalaran sagantên-sagantên sacakêting dharatan sampun dipun sat, mriyêm wau lajêng botên kangge, mriksanana gambar ngandhap punika.

Mriyêm wau sanadyan botên gadhah jiwa, lajêng katingal kadosdene tiyang ingkang sampun jompo. Ing ngriku katingal, kala taksih kangge ing damêl, mriyêm wau tamtu dipun wigatosakên sangêt dening tiyang sanagari.

Dados cêtha bilih ngaji-aji barang kina punika beda kalihan raosing pangaji-aji ingkang lèrèg dhatêng kabatosan. Tumrap ngaji-aji barang kados gadhah raos gêsang.

Ha.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang nuju sami lêlumban numpak baita wontên ing talaga Rano, Palembang. Toyaning talaga wau katingal akimplah-kimplah kadosdene bangawan ingkang toyanipun nuju bêning.

--- 1325 ---

Panglipur Manah

Èwêd ing Pamilih

Mijil

aku besuk manawa arabi / tak milih sing jêmpol / nanging rèhning jaman kaya ngene / bangêt ewuh ênggonku amilih / kabèh-kabèh apik / sarta bêsus-bêsus //

yèn miturut jamane saiki / yèn rabi cah wadon / durung sastra lan kabisan duwe / mêsthi ewuh nèng jaman saiki / ora wurung kèri / lan tan bisa kumpul //

luwih enak aku tak amilih / bocah kang wus boncoh / maca nulis etung sapadhane / apês bae tamat ôngka kalih / kaya wus nyukupi / yèn urip nèng dhusun //

tur ya uwis sathithik mangrêti / marang unggah-unggoh / yèn mung nyambêl masthi bisa bae / dikon gawe bêstik kang angglabit / masthi banjur inggih / awit wis sinau //

nanging bocah ing jaman saiki / adat sing kalakon / kabisan sing kaya ngono kuwe / malah banjur rada ngêgrêg-grêgi / tur bisa ik rong ik / iku jur kumayu //

yèn anyandhang dadak nganggo milih / moh lurik lan blongsong / masthi jaluk luwih pêpadhane / apês bae jaluk klambi paris / tapih garis miring / sandhal rada dhuwur //

môngka masthi bae banjur suthik / ngliwêt mênyang pawon / yèn diêtag mêtu wangsulane / nyêkêl munthu iku muni jijik / wêgah mambu trasi / we aku rak kojur //

yèn mangkono tah anggagas salin / apa ya kang notog / dene pijêr kandhêg -kandhêg bae / nganti bingung wis wis ing saiki / bêcik golèk malih / lah tak rabi babu //

rumasaku tan ana tumandhing / bayare satenggok / upamane têkan êdhis lèrèn / celengane masthi wus sasênik / cukup kanggo urip / nganti têkan besuk //

salagine ngrumat bocah masthi / bisa dadi jêmpol / awit uwis kulina watake / para bocah ingkang isih cilik / ngêmban masthi wasis / awit uwis tau //

ning cacade rabi babu kuwi / nèng pawon ra enjoh / awit durung wêruh ing carane / mungguh patrape wong angladèni / olah-olah apik / masthi bae kidhung //

upamane kon anjangan bêning / trasine sabathok / yèn mangkono masthi dadi rèwèl / upamane dikon gawe bêstik / duduhe sak kwali / mung marahi nêpsu //

yèn mangkono tak amilih koki / iku masthi katog / dikon olah apa-apa bae / masthi bisa dadi enak gurih / sapa diladèni / masthi jur ngêthêkut //

nanging cacade wong rabi koki / masthi ngajak boros / awit olah-olah bumbu akèh / prêlune mung karbèn bisa gurih / awit manuh kriyin / kala durung cucul //

nanging enak ora ana malih / rabi bakul êndhog / yèn kapênêr bathine lwih akèh / sabên dina dodol sugih dhuwit / sêsambènku masthi / nyêplok dhog sathekruk //

ning kocanpa[4] bakul êndhog kuwi / yèn nyang pasar adoh / sasat aku tunggu omah bae / ora wêruh cara mrentah rabi / ngono

--- 1326 ---

iku masthi / rêkasa atiku //

yèn mangkono aku luwih bêcik / rabi uwong dodol / kaya-kaya ora ana manèh / dodol sêga gudhêg iwak pitik / bèn asor sathithik / tuna-tuna tuwuk //

awit cukup pawitan sathithik / kanggo nêmpur uwos / godhong kayu cukup golèk dhewe / êmung kari wuwuh tuku pitik / tur yèn nuju laris / rong jam uwis mantuk //

sanajan tunaa kae mêsthi / mangan dhadha mênthok / yèn mênêri lagi nuju jèblèk / sêga gudhêg lawan iwak pitik / turahe sakwali / aku malah sukur //

ning cacade bakul sêga kuwi / masthi bangêt kotor / godhong-godhong dilap nèng tapihe / nèk kapênêr dilapake klambi / nganti mambu têngik / ra tau di wasuh //

yèn mangkono aku iya suthik / rabi kaya ngono / luwih bêcik rabi tani bae / sandhang pangan trima mung sathithik / ora milih apik / waton bae cukup //

ning kocapa yèn kon garap sabin / aku ora enjoh / awit aku ora tau tate / mluku garu macul ambanjari / masthi disrêngêni / dening marasêpuh //

yèn mangkono aku dak golèki / sing darah kêdhaton / iku masthi alus gaweane / tur awake masthi tansah rêsik / awit mung ambathik / srimbit ngalor ngidul //

masthi bae yèn turun priyayi / gunêm ora trocoh / tur anake bisa antuk radèn / masthi bae kajèn kanan keri / awit isih asli / apêse mas agus //

ning kocapa turun radèn kuwi / pangan ora dhokoh / ora arêp anggêr matêng bae / masthi jaluk ingkang apik-apik / gawe kasar suthik / nèk ngono rak kojur //

yèn mangkono aku masthi suthik / rabi darah kraton / apa milih uwong ngêmis bae / sanajan ta ora duwe dhuwit / masthi bisa bukti / awit olèh jaluk //

luwih susah rasaning wong ngêmis / awit tansah ngloyong / esuk sore tansah mlaku bae / tur akèh cah cilik kang gêthing /[5] akèh kang moyoki / apa ora rikuh //

kabèh-kabèh ora anocogi / rasaning tyas ingong / apa iya ngalam donya kene / ora ana wong kang anocogi / karo ati mami / lah rak sida wurung //

yèn mangkono aku ora rabi / awit bisa ngêtog / nguja ati sakarêp-karêpe / ora bakal ana kang nyrêngêni / sênênging ati /[6] masthi bisa tutug //

nanging kabèh kang uwis dak pikir / dosa mring Hyang Manon / awit tansah mikir anèh-anèh / anggêgagas ingkang ora apik / ngècèr-ècèr pikir / lan wong kang katuju //

môngka bojo iku kang maringi / iya mung Hyang Manon / nadyan aku golèk salawase / masthi datan olèh kang nocogi / karo ati mami / yèn durung jinurung //

yèn mangkono dak pasrah Hyang Widi / gonku golèk bojo / masthi Gusti bakal marêngake / sapa ingkang pasthi bojo mami / masthi dak arêpi / kanthi suka sukur //

Kula pun G.

--- 1327 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiêr.

II.

Petruk : Ambanjurake rêmbuge lagi dina Sabtu kang kapungkur, kang Garèng, miturut pangandikane Tuwan Sutarja, dupèh têmbung Indhonesiêr kuwi kêrêp digandhèngake karo angên-angên: lêpas saka Nèdêrlan, utawa kêrêp uga sok ditêgêsake: ngomunis, têmtune banjur akèh sing padha gumun: ingatase P.P.B.B. kuwi pakumpulane para priyayining pamarentah, têka arêp ngaturake usul nyang pamarentah, supaya ing wèt, undhang-undhang lan layang-layang opisil, kaparênga migunakake têmbung-têmbung: Indhonesiah, lan Indhonesiêr, lo, kiyi apa P.P.B.B. ora banjur kayadene anduwèni trajang: ngomunis, ora-orane iya sajak arêp ambantu angên-angên: lêpas saka Nèdêrlan.

[Grafik]

Garèng : Wah, iki anggone golèk-golèk nganti têkan jêrohane babarpisan, saya le ora mèmpêr, padhane rak mêngkene kae, ana para mudha, iya lanang iya wadon, padha sinau... anjogèd. Sabab miturut panêmune para mudha mau, saiki kiyi jamane padha ngudi nyang kaluhuraning kabangsan, dadi iya wis mêsthi banjur ngudi mênyang kaluhurane kagunane dhewe. Apa iya ora diarani golèk-golèk sing nganti ngêpok têkan ngêrose pisan, saupama banjur ana wong ngarani: wah, para mudha-mudha kiyi gênah kandhidhat... royal, para nonoman-nonoman lanang ing besuk mêsthi ngiyib nyang... tayuban, dene sing wadon-wadon ing besuk gênah dadi... tlèdhèk. Hara, apa mèmpêr kiyi. Wong mau rak ora mikir sathithik-sathithika [sa...]

--- 1328 ---

[...thithik-sathithika] marang owahing jaman. Mulane aku rada kêpengin krungu mungguh sing dadi alasane Tuwan Sutarja tumrap pandakwa-pandakwa sing ora enak kuwi, mara Truk, tuturna nyang aku.

Petruk : tindake P.P.B.B. duwe usul supaya angganti têmbung: Inlandhêr dadi: Indhonesiêr, kajaba kanggo nuruti kêkarêpane rakyat wong bumi saumume, awit kaum: nun inggih sêndika, tumêkane kaum: tidhak pêrdhuli, pisan uga rak wis salaras karo kuwajibane priyayi pangrèh praja, kanggo anggayuh sêsrawungan kang bêcik antarane sawarnaning bôngsa kang dêdunung ana ing tanah kene kiyi, luwih-luwih kanggo anjaga katêntrêmaning atine wong kang saikine rada garuh...

Garèng : bênêr bangêt, Truk, iki wangsulan sing maton têmênan. Awit jarene kaprêcayane rakyat mênyang para priyayine kuwi saiki rada kobol-kobol, têgêse: wong cilik wis ora pati prêcaya nyang priyayine, hla, saiki murih wong cilik bisa prêcaya manèh nyang priyayine kaya sing uwis-uwis, si priyayi sathithik-thithik iya kudu nocogi karêpe wong cilik. Ngrêtia, Truk, jalaran saka tansah owah-owahing paprentahan ing kene kiyi, kang anjalari pagaweane priyayi pangrèh praja saya suwe saya ngundhung-ngundhung, luwih manèh tumrap pagawean tulisan, sing pancène dhèk biyèn kudu kliling anjajah bawah wêwêngkone, saka akèhe pagawean tulisan, kapêksa kudu anjingkrung ngadhêpake garapan tulisan umbruk-umbruk, sanandyan ora lali pacitan bakaran budin, ning iya nganggo mêrtega, lo, wong iya priyayi. Nanging saya kurang anggone ngulilingi jajahane mau, rak saya kurang têpunge wong cilik mênyang priyayine. Saya kurang têpunge wong cilik nyang priyayi, iya saya kurang katrêsnane. Paribasane Walônda bae wis ana, yaiku: onbekend maakt onbemind, têgêse: nèk ora têpung iya ora trêsna. Dhèk biyèn bae aku kêpriye, sadurunge têpung karo bakyumu makne Poniyêm, wah, anggonku nacad rete-rete: hla, prawan kathik kêndhêrag-kêndhêrêg, klêlar-klêlêr, nanging barêng wis têpung, wis ngrasakake èsême, wis nitèni lakune sing: sêmplak-sêmplak, apa manèh barêng wis di: êmas, êmas, saikine ambok diijoli wong wadon sing kaya widadari, kanthi ditomboki motor lan dhuwit f 10,00, kiraku iya mêksa: dhêg-dhêgan dhing.

Petruk : O, Hla sambêr gêlap, wong tuwa ora urus têmênan ane, ana kok banjur sajak arêp owah pikirane mêngkono.

Garèng : Lho, kuwi aku mung arêp anggambarake anane jaman saiki. Sing wong bêbojoan kang trêsnane prasasat mimi lan mintuna, nèk ora kabênêran, sok bisa kêpelut nyang sing ora-ora, mêngkono uga tumrape priyayi pangrèh praja. Dhèk biyèn wong cilik mênyang para priyayi kuwi, ora mung wêdi, nanging uga anduwèni trêsna. Awit sêsrawungane priyayi lan wong cilik kuwi dhèk biyèn rada rapêt, nganti sabên wong bawahe mêsthi wêruh: wêwatêkane, tatacarane, dalasan tingalane bae, bawahe

--- 1329 ---

padha wêruh kabèh. Jalaran, dhèk biyèn priyayi kuwi ora tungkul jingkrung nulis ana ing kantorane, nanging akèh wêktune kanggo nglilingi tanah wêwêngkone, sawanci-wanci bisa tlusupan turut desa, nganti priyayi jaman biyèn kuwi apil bangêt mênyang kaanane desa-desane, ngêndi desa sing akèh wong burêng, sing akèh wonge sugih, wong sing mlarat-mlarat, malah priyayi jaman biyèn iya priksa bae desa sing akèh wonge jing... sêmêlir. Dhèk biyèn kuwi, iya Truk, nganti têtingalane priyayi sing ambawahake, wong-wonge padha wêruh kabèh, awit biasane nèk dhong tiba dina wiyosane, wong-wong bawahe sok bisa olèh kasênêngan, jalaran biyasane ing dina iku ing kawêdanan utawa ing ngasistenan, sok dianakake: tayuban, utawa wayangan. Dadi kala samono wong cilik kuwi, sathithik-sathithike salapan dina sapisan mêsthi sok wêruh nyang priyayine, mulane iya sok manjing katrêsnane. Barêng saiki, sabab saka akèhe pagaweane tulisan, iya wis arang bangêt kaliling nyang desa-desa bawahe. Sanadyan kalilinga, wêruhe wong-wong bawahe iya mung saklebatan, wong iya nang ngêndi-êndi mung nitih motor, bisane wong-wong bawahe nitèni, nèk rada nganèh-anèhi, upamane bae: brêngose caplang, utawa sok kagok Walônda, banjur sok diparabi: dara wêdana caplang, dara wêdana pêrdhom, lan sapiturute. Nèk jaman saiki kiyi, lagi wujude bae wong-wong bawahe sok ora wêruh, apa manèh wiyosane priyayine wêruha. Kajaba jaman saiki kiyi kasênêngane dara-dara priyayi kuwi wis beda, jalaran saya mungkrêt-mungkrête blanjane, iya wis mêsthi bae ora bisa, yèn nuju wiyosan saiki dikon: tayuban utawa wayangan. Ing sarèhne nyara kuna, jalaran saka tumpuk-tumpuking pagawean lan saya suwe saya dithèthèli blanjane, wis ora bisa manèh, mulane saiki iya kudu golèk dalan liya, supaya bisa disênêngi nyang wong-wong umume. Saiki wong-wong umume wis ora sondèl diarani: inlandhêr, panjaluke supaya disêbut: indhonesiêr, mulane apa iya wis ora mêsthine, yèn saiki pakumpulan P.P.B.B. sing wajib usul marang nagara prakara gantining têmbung-têmbung mau. Dadi P.P.B.B. yaiku pakumpulane para priyayi pangrèh praja, sanadyan namung saupit kae, rak wis jênêng awèh marêm marang rakyat, sing saikine sajak wis ora sondèl bangêt diarani: inlandhêr. Iki têgêse: sathithik-sathithik P.P.B.B. wis awèh dalan baline kaprêcayaning rakyat mênyang para priyane.

Petruk : Iya, nèk pancèn ana pikiran mêngkono. Têgêse: ana pikiran sing nêtêpake, yèn priyayi pangrèh praja lugu dadi panuntuning rakyat, iya wis mêsthine, yèn ratyat[7] kudu anduwèni asih lan prêcaya mênyang sing ambawahake, hla, nèk priyayi mau mung dianggêp amtênar lugu, karêpe: anggêre nindakake kuwajibane bae, ora prêlu nutar-nuturi, ora prêlu nuntun-nuntun nyang sing dibawahake, kaya-kaya rak iya ora prêlu kudu sêmang nganggo diprêcaya lan nganggo ditrêsnani dening bawah wêwêngkone. Ning prakara kiyi dijugag samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

--- 1330 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Sêkolahan pangadilan luhur. Rara R.A. Soepratini lan R.A. Soemiah, sami lulus candidaat-examen ingkang kapisan, ing sêkolahan pangadilan luhur ing Bêtawi.

[Grafik]

Pahargyan P.P.B.B. nalika tutuping Congres badhe pêpisahan (andum damêl).

Sultan Asahan. Ing dintên Rêbo kala wingi punika Sultan ing Asahan, tindak dhatêng Bogor prêlu audentie ngadhêp Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral. Sêrat kabar Javabode martosakên, ing taun ngajêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral badhe tindak dhatêng tanah sabrang, inggih punika: Molukken, Celebes lan Ternate.

Nyatunggalakên pakaryan sarêm lan candu. Wontên pawartos, budget-commissie angrêmbag bab badhe nyatunggalakên pakaryan sarêm lan candu. Ingkang sami mêdhar sabda: paduka tuwan Ir. De Jong, Directeur G.B., Paduka Tuwan De Leeuw, Directeur Financien. Dene bab tatanan enggal wau ingkang nêrangakên paduka Tuwan Muhlenfeldt, Directeur B.B. Bab provincie dening paduka Guprênur Shnitzler, bab candu dening paduka Tuwan Steimetz saha bab sarêm dening Inspecteur pakaryan sarêm.

Wohing pangrêmbag sarujuk.

Kabudidayanipun Nationalisten. Wontên pawartos, kaum Nationalisten ing Jakarta badhe ngêdêgakên satunggiling drukkerij, prêlu kangge nyithak sêrat kabar ariwarti.

Kangge kaprêluwanipun kabudidayan wau, kabaripun badhe ngawontênakên Naamlooze Vennootschap ingkang sarana ngawontênakên pokok f 50.000 saha kabage-bage dados andeel, ing saandeelipun rêgi f 2.50.

Ingkang anindakakên para ingkang sampun ahli bab wau. Dene ingkang badhe mandhegani sêrat kabaripun Ir. Soekarno, kabiyantu dening Moh. Jamin lan Abd. Manap.

Bilih sampun sagêd kêklêmpak arta f 15.000, ing taun ngajêng badhe kawiwitan.

Pocotan punggawa. Ing kantor afd. Herbarium departement Landbouw wontên 12 punggawa ingkang sampun dipun sukani sumêrêp badhe kapocot saking padamêlanipun wiwit wulan Janauari[8] 1933. Punggawa 12 wau anggènipun nindakakên padamêlan sampun dangu watawis 10 taun dumuginipun 20 taun. Ingkang makatên punika radi nama anèh, jalaran punggawa ingkang sampun nyambut damêl 30 taun, dados sampun pantês dipun pènsiyun, botên dipun kèndêli, wusana tiyang ingkang dèrèng wancinipun pènsiun sampun badhe dipun pocot.

Miturut wara-waranipun Pamarentah, punggawa ingkang kêdah dipun kèndêli langkung rumiyin inggih punika punggawa ingkang sampun nindakakên padamêlan sakêdhik-sakêdhikipun 25 taun sarta umuripun sakêdhik-sakêdhikipun 45 taun. Mangka ing kantor afd. Herbarium wau wontên satunggilipun punggawa ingkang sampun nyambut damêl langkung saking 30 taun, sarta umuripun mèh 70 taun, ewasamantên inggih botên dipun kèndêli. Lo, punika rak nama nyêbal pathokan.

Persdelict Berita. Tuwan Roestam Soeltan Palindih, Redacteur Berita, ingkang kaukum 6 wulan dening landraad ing Padang, ing sapunika nyuwun ampunan.

Angsal-angsalaning panyadean candu mundur. Panyadean candu ing Krawang, katandhingakên kalihan angsal-angsalanipun ing taun ingkang kapêngkêr mundur f 1000.-

Juru misaya ulam bangsa Jêpan. Landrechter ingriki sampun andhawahakên ukum dhêndhan dhatêng juru pamisaya ulam bangsa Jêpan. Pirantos-pirantosing pamisaya ulam wau sami dipun risak. Baitanipun rêrêgèn f 10.000. Bab wau nyuwun ampunan, nanging botên kaparêngakên, awit prakawis angrisak pirantos punika wau, kuwajibanipun pulisi.

Suduk-sudukan. Wontên pawartos, opsir kapal klas 2 Tuwan Tohiti kasuduk saking wingking dening tiyang siti, ugi punggawa kapal ngriku. Opsir Tohiti lajêng gêntos nyuduk tiyang wau. Wusana sampyuh sami tatunipun. Salajêngipun sami kabêkta dhatêng griya sakit ing Pêtamburan.

Wontênipun kadadosan makatên, jalaran punggawa tiyang siti wau kadakwa mandung.

Prakawis èstri. Sawatawis dintên ingkang kapêngkêr, ing wanci dalu wontên satunggiling Walandi pranakan nama Tuwan Van der Meulen, tukang main kroncong ingkang sampun kasuwur ing tanah ngriki. Nalika badhe wangsul dhatêng griyanipun ing Gang Wêdana 2, Sawah Bêsar (Batawi), wontên ing margi dipun kroyok tiyang siti kêkalih, kagolok, kenging sukunipun ngantos tugêl. Tiyang ingkang nganiaya wau dèrèng pinanggih.

Kuli kontrak kawangsulakên. Kantor van Arbeid nêrangakên, bilih ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr cacahipun kuli kontrak ingkang kawangsulakên wontên 2127 tiyang, inggih punika saking Sumatra's Oostkust 1028, saking Acèh 99, saking Tapanuli 16, saking Sumatra's Westkust 384, saking Bêngkulên 196, saking Lampung 26 lan saking Palembang 213. Kuli kontrak Veda arbeiders ingkang kawangsulakên wontên 882 tiyang. Kajawi punika taksih wontên malih kuli kontrk[9] ingkang kawangsulakên inggih punika saking Niew Caledonie 42, saking Britsch Noord Borneo 40, saking Ferderale Maleische Staten lan Straits 12 sarta saking Sêrawak 2.

Kaukum jalaran badhe mêjahi tiyang. Krijgsraad ing Padang sampun andhawuhakên ukuman kujara[10] 5 wulan dhatêng satunggaling saradhadhu bangsa Mênadho nama J. Lilemboto, jalaran saradhadhu wau kalêpatan ngrekadaya badhe mêjahi satunggiling sêrsan mayor ing Acèh.

Nyuda kuli. Kados ingkang sampun kasumurupakên ingakathah pamêdalipun pamêlikan ing Bukit Asêm botên timbang lan wragadipun, wontênipun namung anjalari kapitunan kemawon. Ja-[11]


piyambak. (kembali)
piyambak.
§ Murih cêthanipun mundhuta buku Serie No. 1021 ingkang nyariyosakên patilasan ing Karangbolong, sakalangkung nêngsêmakên, rêginipun namung f 0.20. (kembali)
§ Murih cêthanipun mundhuta buku Serie No. 1021 ingkang nyariyosakên patilasan ing Karangbolong, sakalangkung nêngsêmakên, rêginipun namung f 0.20.
ing. (kembali)
ing.
kocapa. (kembali)
kocapa.
Kurang satu suku kata: tur akèh cah cilik ingkang gêthing. (kembali)
Kurang satu suku kata: tur akèh cah cilik ingkang gêthing.
Kurang satu suku kata: sênênganing ati. (kembali)
Kurang satu suku kata: sênênganing ati.
rakyat. (kembali)
rakyat.
Januari. (kembali)
Januari.
kontrak. (kembali)
kontrak.
10 kunjara. (kembali)
kunjara.
11 Halamana selanjutnya tidak ada. (kembali)
Halamana selanjutnya tidak ada.