Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-05, #715

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-05, #715. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-05, #715. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 89, 6 Rêjêb, Dal 1863, 5 Nopèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiyêr - Sampun Tilar Kaprayitnan - Tiyang Jawi ingkang Sugih Anggitan - Kasugihan - Adpêrtènsi - Suling tuwin Gêgayutanipun tumraping Gêndhing Jawi - Turunan Sêrat - Bôngsa Walandi punapa Bôngsa Majênun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Gambuh]

Darapon aywa tambuh / mring lêlakyan kang sok mawèh limut / dêdalane mung kudu anênitèni / nênangi ninging tyas ayu / kayungyun yêming dumados //

dene kang luwih prêlu / lambarana berawaning kalbu / lire kudu bisa pangawak jaladri / bêbasan: lamun mandhukul / paprasên aja kadangon //

yèn lêgok gya dèn urug / mrih warata nora katon brênjul / dadi têtêp ajêg tanpa owah gingsir / jênêng wus bêbètèng kukuh / mungsuhe kandhêg anjomblong //

janma kang praptèng ngriku / nyata antuk wahyuning Hyang Agung / yèn lastari iku kêna dèn arani / wus angambah ing dalanggung / kang anjog ing taman pirdos //

wit ana kang sung tuduh / apa ta kang inganggêp swarga gung / sajatine tan lyan mung têntrêming ati / ya têntrêming ati iku / kang ambuka kaking raos //

anggêre lan salugu / têgêse tan nganggo mirong laku / ngèlingana yèn kang sinêbut kasukcin / iku ya mung tyas rahayu / dudu japa dudu ngèlmon //

--- 1398 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiyêr.

VI.

Garèng : Wah, Truk, barêng tak pikir mêmêt, kok iya rame, dhing, bab owah-owahaning têmbung-têmbung: Indhiya Nèdêrlan, lan Inlandhêr didadèkake: Indhonesiah lan Indhonesiyêr kuwi. Nanging aku mêksa rada gumun, Truk, dene Tuwan Sutarja ora ngandikakake panêmune tukang ngêcoprès, aliyas tukang adol carita, aliyas manèh: layang-layang kabar. Biasane iya tukang-tukang ngoprès kiyi, sing sok mèlu-mèlu ngrêmbug nganti ngalur-alur ing bab kaya ngono - kaya ngono kuwi. Nèk watakane pancèn jujur, iya gawe anglêring pikiran, nèk watakane griyal-griyul, panêmune iya pancèn sok sê... mongkol. Priye: Truk, Tuwan Sutarja apa iya ngandikakake panêmune siji-sijining koran...

[Grafik]

Petruk : Iya ngandikakake pisan. Pangandikane jarene ora ngêmungake koran-koran ing tanah kene bae, sanadyan ariwarti-ariwarti ing Surinamê utawa ing nagara Walônda iya padha mèlu ngrêmbug. Lan uwis mêsthi bae, iya ana sing anocogi, iya ana sing suthik sungkan babarpisan.

Garèng : Sing anocogi, kuwi wis gênah para sing ora wajib aku nolak, saupama arêp... nraktir mi gorèng utawa saoto Madura, dene sing ora cocog mau, nèk cêdhak wajib kêkudu... nayab omahe.

Petruk : We, hla, wong gêmblung, ana kok banjur arêp olèh-olehan ajêgan. Wis, wis, saiki tak caritakne pangandikane Tuwan Sutarja mungguhing bab panêmune [panêmu...]

--- 1399 ---

[...ne] layang-layang kabar tumrap owahing têmbung-têmbung Indhiya Nèdêrlan, lan Inlandhêr dadi: Indhonesiah lan Indhonesiyêr mau. Kaya ta: ariwarti Keng Hwa Po ing tanggal 16 Dhesèmbêr taun 1931 kang diwêtokake ana ing Mênadho, kuwi nacad bangêt mênyang bôngsa têlèk-têlèk wong bumi anggone padha gilapên marang têmbung: Indhonesiah.

Garèng : Iki bênêr bangêt, Truk, sanadyan jênêngane rada mambu: bakpao, utawa: poyunghai, gênah iki sobat, cêkake kêna di... utangi pawitan, Truk. Mungguh sing digawe waton anacad para têlèk bôngsa inyong kuwi kêpriye.

Petruk : Sing kanggo wêwaton, layang kabar mau ngèlingake tulisane Tuwan Dr. D. van Hinloopen Labberton ing kalawarti de Taak tanggal 29 Oktobêr taun 1921, ing kono tuwan mau nyêbutake, yèn jajahaning Nèdêrlan têlung nagara, kuwi siji-sijine kudu anduwèni jênêng dhewe-dhewe. Dene tumrap Indhiya Nèdêrlan sing dipilih kanggo jênênge, yaiku: Indhonesiah, jalaran miturut pangandikane tuwan mau, têmbung iki mathuk bangêt karo têgêse. Indhonesiah kuwi têgêse: pulo-pulo Indhiya, kang didunungi bôngsa, kang miturut kawruh, dijênêngi: Indhonesiyêr, lan basane diarani: basa Indhonesiah. Nganti pirang-pirang abad lawase, bôngsa mau cêcampuran karo bôngsa Hindhu, kang anjalari saya beda wong-wonge, têgêse: ana sing irunge ambangir, ana sing pèsèk, ana sing mripate siwêr, ana sing nyambêl gorèng utawa sing kriyip-kriyip, ewasamono bôngsa Indhonesiyêr mau têtêp lêstari dadi bôngsa Indhonesiyêr, lan basane iya ora owah dadi basa Hindhu utawa basa liya-liyane, nanging isih têtêp dadi basa: Indhonesiah.

Garèng : Yah, iya wis lumrah bae, paribasane rak ana, arêpa dianggon-anggonana ali-ali êmas, panganggo sing kêmrompyong kaya arêp tayuban, anggêr sapisan wis dadi lutung, iya têtêp dadi lutung bae, mulane aku sok gumun nyang bangsane dhewe kiyi, sok ana sing dupèh wis bisa: pêrdhom-pêrdhom, banjur kêpengin diarani bangsane: pan dhêplor.

Petruk : Wiyah, wiyah, kok banjur mrono parane, iya ora jangji aku. Wis, wis, tak banjurne manèh. Jalaran saka panêmu kaya sing wis dingandikakake Tuwan Labberton mau, mulane panjênêngane banjur anyêbutake, yèn panêmuning wong kang anggandhèngake têmbung-têmbung: Indhonesiah lan Indhonesiyêr karo angên-angên, lêpas saka Nèdêrlan, kuwi panêmu kala duk kaliru lan panêmu gêblêg.

Garèng : Wah, cocog bangêt aku, Truk. Iki pancèn iya Walônda pradan têmênan, saupama ing kene kiyi kabèh Walandane kaya Tuwan Labberton, wèh, iya suwarga donya têmênan, cêkake aku banjur rabi... nyonyah.

Petruk : Yak, kok banjur le arêp rabi nyonyah bae. Lo, kuwi koran sing anocogi owahing têmbung Inlandhêr dadi: Indhonesiyêr. [I...]

--- 1400 ---

[...ndhonesiyêr.] Nanging koran-koran sing ora cocog, miturut pangandikane Tuwan Sutarja, iya bal-balan, kaya ta: Neerlandia, De Rijkseenheid, De Tijd, Haagsche Post, Nieuwe Rotterdamsche Courant, Deli Courant lan Surinamer, mungguh sing dadi wose anggone ora nocogi mau, sabab têmbung-têmbung Indhonesiah lan Indhonesiyêr kuwi dianggêp ambêbayani tumrap katêntrêmane rasa manunggaling praja Nèdêrlan. Mulane kayadene layang kabar Neerlandia, iya ditobatake turun pitu têmênan, migunakake têmbung-têmbung mau. Jalaran omonge, nèk uwong wis ora migunakake manèh mênyang têmbung: Indhiya Nèdêrlan, jarene iki kêna dianggêp sawijining sasmita, lêpasing Indhonesiah saka praja Nèdêrlan.

Garèng : Wah, hla, kiyi pikiran sing gêblêg têmênan, dadi karêpe supaya dilarangi wong migunakake têmbung Indhonesiah, nanging kudu nganggo têmbung: Indhiya Nèdêrlan. Layang kabar mau apa ora ngèmuti, barang sing dadi larangan, kuwi sok malah akèh sing sok banjur kêpengin nêrak. Buktine kowe lagi têtanggan karo bôngsa Arab kae. Omahe ditutupi rapêt, karêpe rak anglarangi aja nganti tôngga-tanggane wêruh ing sajêroning omahe. Nanging wusanane kowe banjur agawe bolongan ana ing tembok, lan sabên jam papat sore kowe mêsthi anjêngking ngintip ana ing bolongan tembok mau, prêlune nèk-nèke ana... Sripah adus.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja mêlèhake sing iya-iya mêngkono, wong aku i... sin. Miturut pangandikane Tuwan Sutarja, Kang Garèng, panêmune Neerlandia kaya ing dhuwur, kuwi uga dadi panêmune layang-layang kabar: De Rijkseenheid, De Tijd lan Deli Courant, nanging Indische Gids amadoni panêmu sing kolot kiyi, lan anuduhake yèn têmbung-têmbung mau ora ngêmungake dianggo dening para kawula kang kalêbu golongan: tidhak prêdhuli, sanadyan golongan sing: ngonokna-ngènèkna nurut bae, iya wis migunakake têmbung-têmbung mau. Hla, nèk saiki sing ngusulake gantining têmbung: Inlandhêr dadi: Indhonesiyêr kuwi priyayi pangrèh praja, Indische Gids anduwèni panêmu, yèn golongan Indhonesiyêr ora pisan-pisan anduwèni sêngit nyang pêlandan.

Garèng : Sabênêre iya kliru, Truk, nèk ana pikiran bangsane dhewe dianggêp sêngit nyang pêlandan, nèh apa-apane ora padha ditiru, kaya ta: kawruhe sing muluk-muluk, kapintêrane sing mêncit-mêncit, dalasan anggone ngêlak bae lan... anjogèd rangkul iya ditiru.

Petruk : Hara, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Wis, wis, Kang Garèng, kaya-kayane wis cukup anggonku lan kowe padha rêmbugan ing bab usule Tuwan Sutarja. Nèk andêlêng garêngsênge wong-wong bumi saindênge jajahan kene, kang saikine nyata wis ora sondèl nganti tumêka ing balung sungsum diarani: inlandhêr mau, kênduk-kênduke kaya-kayane ana pangarêp-arêpe bakal dituruti, dhing. Lo, kiyi gagasanaku dhewe. Iya lan orane, hla, kuwi: wallahualam.

--- 1401 ---

Pawartos Wigatos

Sampun tilar kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Ananging wontên ugi akal-akal ingkang katindakakên dening sawênèhing mukim-mukim supados angsala kauntungan saking jêmaah piyambak, upaminipun suka pitêdah dhatêng bangsanipun ingkang nêmbe dhatêng wau, bilih wontên ingkang bêtah punapa-punapa, kapurih tumbasa dhatêng satunggiling toko, jalaran ing ngriku bab rêgi-rêgi langkung miring tinimbang ing sanèsing panggenan, sarta malih piyambakipun ingkang sagah dados mutawif.

Ananging kawunina,[1] para jêmaah têmtunipun sami botên sumêrêp sarta kintên-kintên babarpisan botên anggraita, yèn sadèrèng-dèrèngipun mukim wau sampun kontrak aliyas saeka-praya kalihan toko-toko ing bab arta komisi, inggih punika bab epah-epahan. Rèhning ingkang sêsadean wau kapêksa nyukani epahan sarta malih rèhning sumêrêp bilih jêmaah kathah ingkang miturut dhatêng sarêmbagipun mutawif arta komusi lajêng kalêbêtakên ing rêgi-rêgining barang, dados akal kados makatên punika, kintên-kintên sagêd kathah pêpajênganipun tur tanpa kecalan epahan.

Sanajana ing tanah ngriki ing dhusun-dhusun ugi botên kirang ingkang anyambi dados blantik, blantik upaminipun manawi panuju wontên pêkênan maesa utawi lêmbu.

Ananging rêmbag kathah-kathah wau, wosipun angêmungakên mungêl bilih waragad kangge wongsal-wangsul namung f 252,50, dados: sadhengaha jêr sampun gadhah arta samantên, sampun têmtu sagêd kesah tanah Arap wongsal-wangsul. Rêmbag makatên punika, têtiyang lajêng angugêmi sarta angangge waton: yèn wus duwe dhuwit f 252,50 wus bisa munggah khaji. Rèhning kalimrahanipun rêraosan, bisa munggah khaji punika kanggenipun bôngsa muslimin agêng sangêt prabawanipun, pramila botên anggumunakên yèn sawênèh lajêng cekat-cèkêt angwontênakên waragad samantên wau.

Kajawi punika, ing pundia panggenan kemawon tumrapipun tukang apus-apus têmtunipun sakalangkung sagêd mawas dhatêng kandêl tipisipun ing bab kapitadosaning mêmangsanipun, inggih punika sadhengaha ingkang badhe dipun apusi. Saking pintêring pangikaling basa, singa tinaman ing aji-ajinipun prasasat manggèn ing pêpêtêng. Upami ing wêkdal punika wontên ingkang angèngêtakên, satêmah trêkadhang lajêng lêpat panampi, arumaos kamunasika, botên sanès ugi jalaran saking ampuhing pangaribawa wau.

Pramila karangan punika kasukanan nama: sampun tilar kaprayitnan, awit botên sande kapitunan.

Ing ngriki ugi kasêbutakên, mênggah kathahing para mukim kaetang dalah ingkang sami ngaos, tuwin jalaran saking katêlasan arta sangu, utawi malih amargi saking sabab sanès-sanèsipun,

--- 1402 ---

yèn miturut panjanging pakabaran kintên-kintên wontên tiga sêkawan ewunan.

Ing suwau sampun kasêbutakên bilih ginèndèng saking malèsèding jaman, ngantos pamêdal, pangasilan tuwin samudayanipun sarwa kirang, lajêng ngawontênakên tindak ingkang neka-neka, ingkang satêmah anjalari damêl kapitunaning sadhengaha, ingkang kirang wêweka.

[Grafik]

Griya-griya ing Mêkah, ing papan ingkang inggil.

Dados kadugi botên anggumunakên sangêt-sangêt yèn sawênèha para mukim ing Hejas wau, lajêng wontên ingkang nindakakên patrap angupados pangasilan awarni komisi, ingkang lajêng adamêl kalonging sangu-sanguning bangsanipun piyambak ingkang taksih lêma-lêma sarta ingkang taksih gampil kèlunipun punika. Mandar wontên ugi ingkang kaajak dhatêng panggenaning dukan-dukan ingkang sade panganggening pribumi ngrika, upaminipun toko ingkang sade: top egal mislah, umamah, inggih punika saèmpêr kadosdene blangkon lan sapanunggilanipun.

Rèhning ing ngriku pamrihipun ugi botên sanès kajawi namung angarah epahan, pramila lajêng ambêbujuk supados tumbas pangangge wau, apêsipun mêndhêta sêrban utawi umamah, kadosdene jêmaah sanèsipun, supados ing têmbe sawangsulipun ing griyanipun, kenginga kangge anèh-anèhan utawi kangge pameran, lan malih minôngka tôndha yêkti, nyata-nyata sampun nate sêjarah dhatêng tanah suci... sapanunggilanipun.

Dados trêkadhang sêsrawungan ingkang makatên wau, kenging katêmbungakên: ambucal pace wasana amanggih kudhu: têgêsipun ing ngriki, mandar anambahi kalonging sangunipun.

Pramila kasêbutakên makatên jalaran upaminipun para jêmaah wau tumbas piyambak ing toko-tokoning pribumi ngriki, kenging ugi rêgi-rêgining dêdaganganipun kacêngkrèkakên, ananging botên mawi kawêwahan komisi. Kajawi makatên rèhning pribumi rumaos bêtah dhatêng sêsrawunganing para jêmaah, kenging kasêbutakên mèh sadaya syarafi, tuwin tiyang dukan-dukan sami sagêd têtêmbungan Mlajêng, malah wontên ugi ingkang mangrêtos cara Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan, nadyana satêmbung kalih têmbung upaminipun, ananging sagêd mangrêtosakên ingkang kakajêngaken.

Badhe kasambêtan, Nik.

--- 1403 ---

Kamajêngan

Tiyang Jawi ingkang sugih anggitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Kêre. Inggih punika kangge tutup lawang utawi aling-aling. Pandamêlipun, wiwit ngongoti dumuginipun ngênam utawi nênun, katindakakên sarana pirantos. Mila angsal-angsalanipun sagêd langkung kathah, tiyang satunggal ing sadintên sagêd angsal 9m2.

Tênunan. Modhèling tênunan kados wêdalan saking Textielinrichting. (Dep: v: L.N.H) namung langkung sae malih. Amargi angsal-angsalanipun tikêl ping 5 tinimbang ingkang wêdalan saking dhepartêmèn lanbao. Nalika kula sawêg sumêrêp sakêclapan, gadhah pangintên manawi tênunan saking dhepartêmèn, upami sagêda damêl inggih nyengkok saking Bogor. Jalaran tênunan ingkang kados makatên kula sampun nate sumêrêp manawi wontên salêbêtipun pêkên malêm. Jêbul pangintên-intên kula wau lêpat, amargi mirid saking katranganipun, pancèn tênunan saking anggitanipun piyambak. Anggènipun nganggit tênunan cara kados makatên sapriki sampun tigang dasanan taun dangunipun, kintên kula langkung rumiyin tinimbang ingkang wêdalan saking dhepartêmèn lanbao. Kalêrêsan nalika punika wontên tênunan modhèl saking Textielinrichting gadhahanipun Radèn Pangulu Adnan ing Klathèn. Wontênipun ing ngriku amargi badhe dipun dandosakên, supados kaewahan murih sagêd rikat angsal-angsalanipun. Dados kula sagêd nandhing bedanipun kalihan ingkang anggitanipun pak khaji.

Gilingan rokok. Pirantos punika kenging kangge nglinting rokok saking krêtas (cigaret).

Timba, saking sugihipun anggitan, dalasan timbanipun inggih kadamêlakên pirantos sagêdipun mikantuki. Pirantos punika anggumunakên, timbanipun sakêd[2] lampah kalih, sagêd minggah mandhap piyambak, sagêd nyidhuk lan nyuntak piyambak. Sanajan timbanipun agêng-agêng, sablèk lisah patra, cêkap katindakakên tiyang satunggal kanthi botên rêkaos.

Ingkang kula gêlarakên ing nginggil punika sadaya dèrèng napis, kula pêndhêti ingkang prêlu-prêlu kemawon. Amargi kajawi punika, taksih kathah pirantos-pirantos ingkang sagêd kangge prêlu sanèsipun. Nalika kula dhatêng Sarawadèn, ing griyanipun pak khaji wau, wontên kônca kula satunggal wêdalan saking sêkolahan tukang. Kala nyumêrêpi sadaya pamanggihipun pak khaji, sangêt ing gumunipun. Saya malih tumrap kula, ingkang babarpisan botên anggadhahi dhêdhasar patukangan, wontênipun namung gèdhèg-gèdhèg kemawon. Saking ing manah bêbêg, e dene samantên kêncênganing katekadanipun.

Griyanipun Pak Khaji Adam punika agêng anjênggarang, wontên lojènipun banjêngan, ananging ing pundi-pundi kêbak pirantos warni-warni, ngantos botên wontên papan ingkang sêla. Eman, dene kapintêran ingkang samantên, botên angsal pambiyantu [pambiya...]

--- 1404 ---

[...ntu] saking sanès golongan, malah kasumêrêpanipun ing umum kemawon sawêg sapunika, sarêng kapacak ing kalawarti punika. Bab punika karaya-raya kula andharakên wontên ing Kajawèn ngriki, kanthi pangajab murih Pak Khaji Adam, tiyang Jawi ingkang tanpa sêkolahan tanpa tuntunan punika sagêda kasumêrêpan ing umum.

Sa-ta.

Kasugihan

Sintêna kemawon tamtu mangrêtos ingkang dipun wastani kasugihan, sanadyan caranipun tiyang badhe sugih pisan, inggih mangrêtos, nanging adhakanipun botên sagêd anglampahi. Dene sababipun warni-warni, wontên ingkang jalaran saking botên kacêkaping gêsangipun, dados malah nama tiyang kacomprengan, lajêng kadospundi caranipun anggèning badhe nindakakên rekadaya, amargi ingkang badhe dipun tata botên wontên. Wontên malih ingkang jalaran saking ngêbrèh, botên sagêd anggêmèni pamêdal ingkang lêrêsipun kenging dipun gêmèni. Tuwin sanès-sanèsipun malih.

[Grafik]

Griyanipun tiyang sugih ing Grêsik kalanipun nuju gadhah damêl.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, mênggah têtelanipun, tiyang badhe sugih punika, ing sabên dintênipun kêdah sampun abêbadhe, inggih punika tumindak ngindhak-indhakakên bandhanipun, dados mênggahing sèlèhipun, kêdah sarana among dagang sapanunggilanipun.

Nanging mênggah gawatipun tiyang among dagang, punika inggih satunggiling tindak ingkang angèl dipun lampahi, dados mathukipun kêdah dipun tindakakên dening tiyang ingkang mangrêtos dhatêng ubêding among dagang.

Satunggil-satunggiling panggaotan, punika limrahipun kados ênggèn-ênggenan, kabêkta saking nalurinipun, kados ta nagari panggenaning sinjang, panggenaning sês, panggenaning wowohan tuwin sanès-sanèsipun, punika majênging padagangan inggih kêdah sarana dagang kados caraning nagari wau.

Ing sapunika ngraosi ing bab sugih-sugihipun têtiyang ing Grêsik, punika tumrap wawasanipun têtiyang ingkang dèrèng sumêrêp, tamtu pakèwêd anggènipun mastani, têtiyangipun ing ngriku dêdagangan punapa, mênggahing pangintên namung sagêd nêtêpakên, kabêkta jalaran ing ngriku punika nagari amangku palabuhan, limrah manawi têtiyangipun prigêl alampah dagang.

Sayêktosipun panggaotanipun têtiyang ing ngriku punika pancèn warni-warni, tumindakipun katingal kêlêm, nanging sajatosipun kathah ingkang sugih-sugih. [sugih-su...]

--- 1405 ---

[...gih.] Gêsangipun sabên dintên katingal prasaja, griyanipun agêng-agêng, katingal sami suwung. Nanging manawi nuju kalanipun gadhah damêl, griya agêng ingkang katingal suwung wau lajêng padhang sumêblak pindha kaswargan.

Mênggah sajatosipun, griya ingkang padatan katingal sêpên asingup, punika pancèn mêngku kajêng, inggih punika prêlu kangge sadhiyan murih dipun ênggèni pêksi sêndawa, limrahipun pêksi wau lajêng manggèn wontên ing lotèng. Susuhing pêksi wau ingkang lajêng dados padagangan agêng, kados ingkang sampun nate kacariyos ing Kajawèn nomêr 83-84.

Dados mênggahing cêthanipun, kasugihan punika pinanggihipun kêdah saking tumindaking pangudi ingkang tansah lumintu. Tôndha yêktinipun kados kasugihanipun tiyang ing Grêsik wau, anggèning katingal namung kèndêl, sajatosipun tansah tumindak ing damêl.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 202 ing Pujon. Sêrat Damarwulan ingkang kasade dening Bale Pustaka punika, adhapur pakêm padhalangan ringgit krucil. Dados campuran, wontên ingkang katêmbangakên, wontên ingkang botên.

Lêngganan nomêr 1876 ing Juwana. Wontên rêgi f 2.50.

Lêngganan nomêr 4242 ing Sala. Ing wulan Sèptèmbêr administrasi botên nampi arta saking panjênêngan, namung kala 19 Ogustus, wontên f 1.50 tumrap kuwartal punika.

[Iklan]

--- 1406 ---

Kagunan Jawi

Suling tuwin gêgayutanipun tumraping gêndhing Jawi

Para maos têmtunipun botên kêkilapan, suling tumrapipun rêricikaning gamêlan Jawi. Yèn nitik dhatêng gamêlan Jawi, istingarah suling punika sajak gagrag enggal, liripun nelad gagrag blaas instrument, sabab gamêlan Jawi punika sampun kawêntar golonganing slaginstrument, ewadene suling cêtha kabudayan Jawi lugu. Ingkang kula angge pasêksèn sêrat kina, ingkang taksih mawi basa Jawi, angojahakên suling. Gampilipun ing salah satunggiling sêrat anggitanipun êmpu Sêdhah ing Mamênang, wontên ukara ingkang suraosipun nyôndra ungêling suling. Ing môngka jaman samantên têtiyang Jawi dèrèng canthuk kawung[3] kalihan bôngsa Walandi. Kados punika panglaras kula, yèn suling dêlês kabudayan Jawi.

[Grafik]

Dados manawi makatên, gamêlan ingkang pêpak, kêdah botên atilar suling, ewadene kathahing gamêlan kenging sinêbut cotho dhatêng suling. Makatên punika saking panaliti, sabab ingkang kiyat tumbas, dèrèng têmtu dhêdhasar rêmên dhatêng gêndhing. Utawi ingkang baku bêtah, botên gampil kasêmbadan, sababipun tukang suling, ugi katut damêl, ananging botên angèn swara. Tandhanipun kula sampun nate mrangguli tiyang bêtah suling, sampun milih langkung saking 5 iji, dèrèng manggih ingkang salaras dhatêng gamêlanipun. Gampilipun suling bêngkêtan ingkang dipun idêr-idêrakên namung suling jajanan, kangge dolananing lare kemawon.

Rèhning suling wau rêricikaning gamêlan, dados pandamêlipun ugi kêdah ugêr guru lagu, upaminipun guru wilahaning gambang utawi sanèsipun, emanipun bab punika dèrèng jêjêg paugêranipun, taksih ogal-agil, katôndha ningali ingkang sampun kagiyar ing ngakathah, ngangkani wilahan pinanggih beda-beda, punika adamêl pakèwêd ingatasipun ingkang rêmên nalusur, ingkang sinau ugi makatên. Tujunipun gamêlan gampilan punika sampun kenging kasêbut sampurna, dados pangrêbdanipun namung nurun ingkang sampun wontên, punika kula dèrèng narimah, sabab punika gapil[4] katriwalipun, ingkang kula pikajêngakên pambudinipun dhatêng kawruh, punika sagêd langgêng, makna botên sagêd risak, lumintu wontên, sipat kinarsakakên.

Dene gamêlan punika cêtha kaindhakanipun bôngsa Jawi ingkang sami ulah swara (têmbang) pramila lajêng wontên têmbung gêndhing-gêndhèng, punika sabab sajinis, gampilipun swara cangkêm lan swara gôngsa. Dados paugêran têtêp, angèn swara cangkêm (têmbang), môngka lajêng beda-beda purugipun, punika nama dèrèng kacêpêng êpokipun.

Badhe kasambêtan

Sumadi - Pangarasan.

--- 1407 ---

Kawruh Sawatawis

Turunan sêrat anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Tangguhing pêksi prêkutut

[Pangkur]

kunêng malih winursita / tangguhipun pêksih[5] sawiji-wiji / pinirsa sisik lan cucuk / wulu kalawan netra / pasêmone myang solah kalawan patut / punika dipun waspada / tanahnya sawiji-wiji //

kalamun sira tumingal / ana pêksi wungu sikile kèksi / têrus lawan gênthanipun / myang tlapukane pisan / gih puniku Pajajaran tangguhipun / puniku dipun waspada / yèn sira anangguh pêksi //

yèn pêksi ijo kumilat / trusing gêntha myang tlapukanirèki / tangguhira Majalangu / yèn pêksi sêmu abang / sikilira atêrus myang gênthanipun / trus malih ing talapukan / cucukira ngêmprit gantil //

puniku tangguhe Tuban / lamun pêksi sikile sêmu putih / têrus marang gênthanipun / sarta cucuke cêndhak / gih puniku mring Mataram tangguhipun / yèn pêksi bawuk sukunya / trus gêntha tlapukannèki //

yèku tangguh marang Pajang / lamun pêksi sukune sêmu putih / ing pasêmone kulawu / trus ing gêntha tlapukan / yèku marang Sidayu ing tangguhipun / lamun pêksi sêmu abang / têrus gênthanira tuwin //

miwah têrus mring tlapukan / abang mudha Dêmak tangguhing pêksi / pitung prakara kang tangguh / poma dipun waspada / ingsa Allah saking titahing Hyang Agung / pinasthi dening Hyang Suksma / anggonên dimèn amanis //

Patrapipun tiyang sêsabin.

[Dhandhanggula]

enjing pasang angidêr-idêri / lampahnya sang dyah asêsingkalan / sampun anggalêng sinome / moncrot-moncrot sang ayu / ing pêpadon ataping alis / pêpilis têtebokan / dinulu wèh patut / agêgônda lêlawêdan / sampun alus kang kiswa dipun garoni / sigra nglèrakên rupa //

pêpaesan dinulu amanis / gilar-gilar warnane gumawang / pan sampun lumah jiwane / kakung tan pêgat rapuh / enjing sontên marêk ing rabi / sakalangkung sihira / marang gawarnipun / tan pêgat pinapaesan / duk samana kinudang sajroning ati / Gusti muga tulusa //

baya pantês kinarya wêwinih / pêpantêse kalamun pêputra / gustiku tiru ibune / pantês yèn karya tuwuh / kumuridên rasaning ati / kasawur lali buyar / kang ati akusut / cumumbi kumala-kala / mèh rong sasi kadaut rasaning ati / gusti ngalih panggonan //

duk samana kakung nyangkramani / srênggaranira abêbanjaran / tinurut pinggir sinjange / kakung tan pêgat rawuh / pawèstrine wus dèn têmêni / sigra apulang raras / warna nglayung-layung / kasorotan dening surya / gya tinoyan sang dyah ayu sigra nglilir / warna ijo tumeja //

Badhe kasambêtan.

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bangsa Walandi punapa bangsa majênun ?

Sajatosipun ingkang badhe kula obrolakên ing dintên punika barang ingkang sampun wayu, barang ingkang sampun bosok. Ing sarèhning kula namung dipun pasrahi adamêl obrolan ing dintên Saptu, amila inggih botên sagêd, saupami: thak, thêk, kêdah angrêmbag prakawis-prakawis ingkang mêntas kalampahan. Jalaran saking punika kula lajêng kêpêksa asring ngobrolakên prakawis-prakawis ingkang sampun wayu utawi sampun bosok. Nanging kula gadhah kapitadosan, bilih botên sadaya ingkang wayu utawi bosok punika, asal wayu utawi bosokipun wau botên kêladuk, mêsthi botên kangge. Kados botên langka kemawon barang ingkang wayu utawi bosok jêbul malah dipun sênêngi ingakathah. Kados ta: wayuning gudhêg utawi dhèndhèng-ragi, kados-kados malah ingkang dipun anggêp gandêm. Punapa malih tempe, punika ingkang dipun kanggèkakên jêbul malah ingkang... bosok. Jalaran saking punika kula lajêng wani ngobrolakên barang ingkang wayu utawi bosok punika, manawi-manawi lajêng sagêd dipun anggêp kadosdene gudhêg utawi tempe wau. Mangga samangke kula wiwitanipun.

[Grafik]

Inggih punika (ing têngah) wujudipun tiyang majênun.

Dèrèng dangu punika ing ariwarti Locomotief ngêmot gêgubahaning satunggalipun titahing Pangeran. Manawi nitik isining gêgubahan, ingkang katingal nganèh-anèhi, sajakipun ingkang damêl wau bangsaning Walandi, nanging inggih bangsa Walandi ingkang jail mêthakil, thik kawêwahan drêngki. Manawi ningali ingkang nandha-astani wontên ing sagandhaping gêgubahan wau, cêtha wela-wela namaning tiyang bangsanipun piyambak, amung kemawon sanajana bangsa piyambak, têmtunipun inggih ingkang sampun jumênêng... majênun.

Mênggah cêkak aos wosing gêgubahan ingkang kapacak wontên ing ariwarti Locomotief wau, kados ingandhap punika:

Balanjanipun kaum bêrah bangsa tiyang siti, punika saupami kasuda 50% sayêktosipun botên dados barang-barang, awit gêsangipun punggawa-punggawa gubêrnêmèn bangsa tiyang siti punika, sagêd dipun damêl mirah sangêt, beda kalihan bangsa Eropa, sadaya-sadayanipun pancèn awis waragadipun. Amila punggawa-punggawa tiyang siti botên prêlu tiru-tiru kadosdene punggawa Eropa, botên susah mawi sêtelan pamlbeach, botên susah nêdha ingkang sarwa mêrtega, melk...

Sampun, sampun, botên prêlu dipun lajêngakên, mindhak nuwuhakên sêsakit tai basu (t.b.c.) kemawon. Jalaran saking andharan ingkang natoni manahipun para punggawa gubêrnêmèn tiyang siti saumumipun wau, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih sakathahing sêrat kabaripun bangsa tiyang siti lajêng amastani: andharan nasar, andharan ngayawara utawi andharanipun tiyang nglantur, ingkang têmtu anjalari jaja bang mawinga-winganipun jagading kaum bêrah tiyang siti sadaya.

Nanging mênggahing kula, bawanipun tiyang sabar tuwêkal, thik lumuh dhatêng rêgêjêgan, inggih botên wani manawi amastanana kados ingkang kacariyosakên inginggil wau. Ewasamantên ing sarèhning gêgubaganipun[6] wau ragi nyangklak sangêt tumrap bangsa kula tiyang ngriki, amila wani kula inggih namung amastani: bilih gêgubahan wau damêlanipun Walandi drêngki, utawi manawi tiyang Jawi, inggih bangsanipun majênun.

Anggèn kula mastani gêgubahan damêlanipun Walandi ingkang drêngki, liripun makatên:

Kula akêni bilih kamajênganipun bangsa ngiriki punika sabagean agêng saking dayanipun bangsa Walandi. Sagêdipun bangsa Jawi anggadhahi kawruh saha kasagêdan mawarni-warni, ngantos wontên ingkang [ing...]

--- 1409 ---

[...kang] dados Ingenieur, Meester ing babagan pangadilan, Doktêr, Inspecteur, Referendaris, Commies lan sasaminipun, cêkak aos sagêdipun kathah bangsa kula sami anggadhahi pangkat ingkang dakik-dakik sarta sathekruk blanjanipun, punika ingkang sabagean agêng inggih jalaran saking parimirmanipun bangsa Walandi. Ingriku dados têtela bilih umumipun bangsa Walandi pancèn mrayogèkakên sarta mangayubagya dhatêng kamajênganing bangsa-bangsa tanah ngriki, buktinipun sami purun ngliyêrakên sadaya kawruh tuwin kasagêdanipun, ngantos samangke kathah têtiyang siti ingkang nyamèni, malah sawênèh wontên ingkang ngungkuli kasagêdaning para gurunipun wau. Ing wusana dayaning kawruh tuwin kasagêdan saking para Walandi wau lajêng anjalari ewahing gêsangipun para ingkang sami anêcêp kawruh-kawruhipun. Têgêsipun bangsa ngriki ingkang suwaunipun narimah nêdha sêkul jangan kalihan sambêl, lajêng gantos nêdha: bestiek-bestiekan, sop-sopan lan sasaminipun. Ingkang suwau narimah lumampah tanpa lambaran, samangke lajêng sami slop-slopan utawi sêpaton. Cêkakipun bangsa ngriki wau lajêng ing sadaya-dayanipun kathah ingkang sami ngemba gurunipun, inggih punika bangsa Walandi. Tumrap bangsa Walandi ingkang jujur manahipun, têmtu ngraos sênêng saha agêng manahipun, dene para muridipun sampun samantên anggèning sami nêcêp wulanganipun, ngantos kenging dipun paribasakakên anyamèni dhatêng gurunipun.

Nanging sampun dados kalimrahan wontên ing donya punika, inggih tumrap bangsa punapa kemawon, makatên ugi tumrap bangsa Walandi, mêsthi wontên ingkang sae saha jujur manahipun, nanging ugi wontên ingkang jail mêthakil tuwin drêngki, têgêsipun: wontên bangsa Walandi ingkang lair-batos suka-rêna manahipun, dene para muridipun, inggih punika têtiyang siti, sami majêng-majêng ngantos anyamèni saliranipun, nanging ugi wontên ingkang mêcucu, botên narimah saha botên rila sangêt, dene bangsa ingkang rumaosipun kêdah tansah sangandhaping talapakanipun têka badhe anjajari dhatêng kaluhuranipun. Amila ing batos inggih tansah ewa, tansah jêlèh, tansah ambêdhêdhêg padharanipun, manawi sumêrêp bangsa ngriki sajak badhe anyamèni saliranipun. Bawanipun sampun katempelan manah drêngki, ing wusana inggih lajêng tansah ambudidaya sagêdipun adamêl kapitunaning têtiyang tanah ngriki. Kalêrêsan dene lajêng wontên ada-adaning nagari badhe ngewahi pranatan blanjaning para punggawanipun; murih têtiyang siti sampun ngantos nyamèni dhatêng kaluhuranipun, bangsa Walandi ingkang drêngki wau lajêng ngakên nama Jawi nglêbêtakên karangan ing Locomotief ingkang isinipun kados kasêbut nginggil. Lo, punika namung gagasan kula. Awit rak inggih mokal, ta, manawi tiyang Jawi lajêng ngasorakên bangsanipun piyambak. Amila kula lajêng anggadhahi gagasan, bilih gêgubahan ing Locomotief punika sanès damêlanipun tiyang Jawi, nanging damêlanipun Walandi, nanging inggih bangsanipun Walandi ingkang drêngki.

Kula amastani, bilih gêgubahan ing Locomotief wau damêlanipun bangsa majênun. Awit bangsa majênun wau cariyosipun kalêbêt salah satunggaling umat, ingkang sampun angêmohi kadonyan. Nanging kauningana, bilih tekadipun majênun anggènipun angêmohi dhatêng kadonyan wau, namung tumrap dhatêng awakipun piyambak, têgêsipun tekadipun ingkang makatên punika, namung tumrap dhatêng awakipun piyambak kemawon. Beda kalihan majênun ing Locomotief, saupami ngantos dipun gêgaa gêgubahanipun, ingkang kula botên pitados babarpisan manawi angèngêti dhatêng kaluhuraning kawicaksananipun Pamarentah, têmtu botên ngêmungakên sang pindha majênun wau piyambak, ingkang angsal kapitunan, nanging ugi lajêng anyrambahi dhatêng sadaya punggawaning nagari saumumipun.

Manawi dipun manah ingkang langkung panjang, wohing pikiranipun sang pindha majênun punika, lajêng têrang sangêt anelakakên dhatêng cêkaking bêbudèn, cupêting wawasanipun. Jalaran piyambakipun botên angèngêti, bilih sampun dados kalimrahan, sadhengah bangsa punika, manawi saya mindhak kawruhipun, mindhak pasrawunganipun, sampun têmtu inggih lajêng mindhak kabêtahanipun, ingkang salaras kalihan jaman, ingkang dipun ênciki. Ing mangka kula sadaya bangsa pribumi, kajawi niyat dipun gulawênthah dening pamarentah murih kamajênganipun, anggèning tansah pasrawungan kalihan bangsa mawarni-warni tur ingkang dipun anggêp mulya sampun dangu sangêt. Inggih saking anggènipun tansah dipun gulawênthah dening pamarentah murih kamajênganipun, tuwin anggèning sampun dangu pasrawunganipun kalihan bangsa warni-warni ingkang dipun anggêp mulya wau, kabêtahan tuwin panggêsanganipun lajêng gêsang piyambak murugi dhatêng panggenan ingkang sami dipun ambah dening pasrawunganipun.

Kajawi punika ingkang anggumunakên sangêt, têka pikiranipun sang pindha majênun botên anggadhahi raos, saupami punggawanipun pamarentah têtiyang pribumi punika kalampahan kados dene usulipun, inggih punika dipun suda blanjanipun ngantos 50% botên kenging botên gêsang utawi kawontênanipun têmtu namung untab-untaban kemawon kalihan gêsang utawi kawontênanipun... mantri ukur jalan ingkang ambêkta têkên. Manawi punggawaning pamarentah makatên sadaya kawontênanipun, sintên ingkang badhe angsal kalingsêman utawi badhe dipun êlokakên dening sanès, botên liya inggih pamarentah piyambak, ingkang asipat adil paramarta tur wicaksana.

--- 1410 ---

Ewasamantên sarèhning kula sadaya sami ngrumaosi dados kawula, dados manawi pamarentah kagungan karsa badhe ngêlongi utawi nyuda blanjanipun para punggawa têtiyang siti ngantos 50% upaminipun, dening kêpêksa saking anggènipun badhe anyêkapakên begrootinging nagari, botên langkung kula inggih namung andhèrèkakên amin kemawon, têgêsipun botên badhe suwala. Namung kemawon pamarentah inggih kêdah angagêma adil sarta kawicaksananipun; agêgayutan kalihan lampahing ngalitakên begrooting wau, pramila benjing salajêngipun inggih kêdah anglêstantuna dhatêng ancas murih kacêkaping begrooting. Dados saupami wontên padamêlan nagari ingkang sagêd katindakakên dening têtiyang pribumi, sampun ngatos[7] lajêng kaparingakên dhatêng bangsa sanès ingkang ngakên gêsangipun botên sagêd irid kados bangsa kula.

Têrangipgên:[8] bilih wontên lowongan pandamêlan nagari, punapa kemawon, mangka dipun suwun dening têtiyang kalih, (bangsa mirah kalihan bangsa awis), punika bilih kasagêdan utawi kawruhipun sami, adil tuwin wajibipun kêdah kaparingakên dhatêng bangsa mirah, awit kajawi balanjanipun namung sakêdhik, padamêlanipun sami:

Makatên cêkaking grayangan kula tumrap bab punika, mirid kawontênaning jaman ingkang sami kasumêrêpan samangke. Dados pamarentah botên gêmpal kaluhuranipun, nagari sagêd tumindak sae, kawula rumaos dipun gulawênthah murih kamajênganipun saèstu. Manawi kalêksanan makatên, botên kenging botên prabaning pamarentah têmtu badhe saya ngujwala anyoroti dhatêng jagad ingkang dados siti wutah rahipun.

Pun PÊNTHUL

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIK[9]

[Grafik]

Mr. M. Djamin. Kamajênganipun bangsa ing tanah ngriki tansah saya katingal. Sakêdhap2 wontên pawartos ing bab bangsa ngriki angsal sêsêbutan Dr. Mr. Ir. tuwin sanès-sanèsipun. Ing sisih punika gambaripun Mr. M. Djamin, asli saking Sulit Air. Tuwan wau Mr. wêdalan nagari Walandi. Ing sapunika dados advocaat tuwin procureur Raad van Justitie ing Padang. Tuwan wau nêmbe dipun paargya cara kabangsan kaangkat sêsêbutan datuk.

P.T.I. saya majêng. Partai Tionghoa Indonesia ingkang têlêngipun wontên ing Surabaya, katingal saya majêng. Ing sapunika sampun madêg pang-pangipun ing Sêmarang, Mojokêrta tuwin Magêlang, malah sajawinipun tanah Jawi ugi sampun wontên.

Mirid sêsulakipun, pakêmpalan enggal punika badhe saya agêng.

Pêpajênganipun candu ing Jawi têngah suda. Ing salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr, pêpajênganipun candu ing Jawi Têngah namung 17.000 tail, mangka kala taun kapêngkêr kados pêpetangan punika wontên 24.000 tail. Sudan wau inkang[10] kathah piyambak ing Kêdu. Mênggah angsal-angsalanipun arta suda f 230.528.70. Pêperanganing angsal-angsalan, Pêkalongan f 64.000, Sêmarang f 162.000, Jêpara tuwin Rêmbang f 135.000, Banyumas f 33.000 tuwin Kêdu f 118.000.

Sarèhning angsal-angsalan samantên petanganipun taksih suda, dados pêpajênganipun candu punika pancèn kathah yêktos. Tamtunipun cacahing tiyangipun nyêrèt inggih kathah sangêt. Dene bab sudanipun wau manawi jalaran pancèn saking mêdhot, inggih malah sukur.

Ministêr sajawining praja Jêpan. Wontên pawartos, benjing tanggal 8 wulan punika ing Makasar badhe kadhatêngan Tuwan Eugene Pepin, bangsa Prancis ingkang nyambutdamêl wontên kantor Ministêr sajawining praja Jêpan. Dhatêngipun tuwan wau badhe anjajah tanah ngriki, prêlu badhe nyumêrêpi ing bab politiek, bab babagan jaman kina, babad nagari tuwin sanès-sanèsipun, dalah bêksa Jawi punapa.

Têmtunipun tindak kados makatên punika inggih wigatos sangêt.

Nyalingkuhakên arta. Pangadilan Justitie ing Sêmarang mêntas ngrampungi prakawisipun tuwan K tilas boekhouder Rijkskas Surakarta, kaukum 1 taun, kalêpatan nyalingkuhakên arta f 12.000. Tuwan wau dèrèng trimah, lajêng appel dhatêng pangadilan luhur ing Bêtawi, malah kawêwahan dados kaukum 2 taun. Paukuman wau ugi kaanggêp tuwan K mirangakên guprêmèn, awit pancènipun kangge têtuladan wontên karajan Jawi, jêbul malah kados makatên.

Tiyang inggih tiyang, têmtunipun inggih namung awon kaliah sae.

Sinau bêksa Jawi. Wontên wanita bangsa Belgie tuwin bangsa Australie sami dhatêng Ngayogya, prêlu badhe sami sinau bêksa. Wanita kêkalih punika sami juru dhansah misuwur. Wontênipun sami badhe sinau bêksa, saking katarik nalika nyumêrêpi gêbyagan bêksa Jawi. Ing sapunika wanita kêkalih wau angsal wulangan bêksa saking G.P.H. Tedjakoesoema.

Tamtunipun wanita kêkalih wau manawi sampun mumpuni dhatêng bêksa Jawi, wontênipun ngrika kenging kangge sarana pados kasugihan.

Arta kêrtas nyaringgit palsu. Kantor pos ing Surabaya mêntas mrêgoki tiyang ambayar arta kêrtas ringgitan kalih lêmbar palsu. Kêrtas wau ciri A.P.191274 tanggal 1 Mei 1920.

Mugi ingkang sami ngatos-atos.

Lare dèrèng ngumur sami pados padamêlan. Jalaran saking rêkaosipun tiyang pados têdha, ing Cipahit, Priyangan, kathah lare-lare sawêg ngumur 9-10 taun sami pados padamêlan. Manawi dipun takèni, anggènipun pados padamêlan punika trimah waton[11]

--- [1653] ---

Catatan kaki:

1. kawuningana. (kembali)
kawuningana.
2. sagêd. (kembali)
sagêd.
3. lawung. (kembali)
lawung.
4. gampil. (kembali)
gampil.
5. pêksi. (kembali)
pêksi.
6. gêgubahanipun. (kembali)
gêgubahanipun.
7. ngantos. (kembali)
ngantos.
8. Têrangipun:. (kembali)
Têrangipun:.
9. NGRIKI. (kembali)
NGRIKI.
10. ingkang. (kembali)
ingkang.
11. Halaman selanjutnya tidak ada. (kembali)
Halaman selanjutnya tidak ada.