Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-19, #747

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-19, #747. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-19, #747. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 93, 20 Rêjêp Dal 1863, 19 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1461] ---

Ăngka 93, 20 Rêjêb Dal 1863, 19 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Ewah-ewahaning Balănja - Bab Rumêksa Kasarasaning Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan - Greja - Turunan Sêrat - Adat Cara ingkang Anggumujêngakên - Adpêrtènsi - Sampun Dados Tatacara - Lairipun Rugi, Nanging ing Batos Bathi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Sinom]

wus lumrahe para mudha | dhêmêne mung mêmancahi | tan kêna barang kumlebat | janji nora dèn sênêngi | banjur muni ngêcuwis | kabèh unine mung ngrêmuk | dene lamun uninga | sabarang kang dèn sênêngi | sanalika tan pêgat ingalêmbana ||

nora nganggo subasita | nalare pilêrên gêring | têgêse nir kasujanan | têtela budine nisthip | mung asor dèn karêmi | beda karo kang wis tutug | mangan lombok myang uyah | wirang nglakonana nisthip | sari ratri angandhut tyas kasujanan ||

kabèh kanthi duga-duga | nora anggêr bisa muni | toging ngêndon andaleya | iku sinirik tan apti | yèn nuju anyipati | barang apa kang kadulu | sawuse winêruhan | nora ge-age maoni | sumêlange lamun kongsi tundha bima ||

bok katitik budi rucah | ina dènira dumadi | kêplase tekad mangkana | wajibing janma marsudi | bêbudèn kang utami | mangun mangunah mrih pundhuh | pindha watêking kisma | mung manggung wèh dana mintir | para umat kabèh samya kasawaban ||

brêkahe sang bumintara | karya slamêt amênuhi | tangèh tumêkaèng kana | yèn jamake pra taruni | lagi budine rêsik | iku wus arang tinêmu | kang tinêmu samangkya | mung kêpengin dèn arani | jêmpolaning satriya Indhonesiah ||

aja padha duwe tekad | lan lagean ora apik | mundhak marahi duraka | bêcike manungsa iki | kudu bisa ngenaki | marang sasamining mahluk | ujarmu rungkêbana | sanadyan têkaning pati | patinira iku cinadhang ing swarga ||

--- 1462 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Ewah-ewahaning Balănja

III

Garèng : Ambanjurake rêmbuge ing ngarêp, Truk, lagi anu aku rak wis kăndha, yèn astèndana klas 200 gelo, kuwi saka anggone daya-daya kêpengin supaya anake têlu bisaa olèh pangajaran sing pêng-pêngan, yaiku kanggone saiki pangajaran kulonan, nganti anggone mêthongsot dadi ratuning ondêr dhistrik, mung narima migunakake sangune cagak urip 110 rupiyah. Iki, Truk, durung kêpetung dhuwit pulisi, sing tak gawe sathithik rata-rata sêsasine mêksa ana f 10.-

[Grafik]

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, dhuwit pulisi kuwi ora kêna mèlu dipetung, awit mêngkone rak dibalèkake...

Garèng : E, Truk, kowe aja lali: dara astèndana kuwi priyayi, mêsthi gêdhe lingsême, hla nèk olèh prakara, iya wani nyuwun baline dhuwit, nanging nèk ora olèh...

Petruk : Dadi iki rak salahe dhewe, ta, kêbangêtên anggone adol pak wira. Wong wis gênah ana pranatan bisa olèh balèn dhuwit sing dipigunakake kanggo kaprêluan kapolisèn, lumuh anjaluk, bonggane dhewe.

Garèng : O, wong endah-endah dudu priyayi, iya ora ngrêti nyang watak-wataking priyayi, nèk jênêng priyayi kuwi, wah, gilapên bangêt nyang têmbung: dipaido. Aja manèh nganti dipaido, lagi dingêndikani pandhuwuran mangkene bae: zeg, assistent, ada banjak ini wang poelisi, lo, kuwi jarene raine rasane kaya disuwèk-suwèka. Mulane sing akèh-akèh dhuwit pulisi mau iya banjur dianggêp kayadene dhuwit sêdhêkah bae, têgêse: dhuwit wis ilang. Hara, kêkèrène

--- 1463 ---

pira saiki, apa ora mung kèri f 110.- - f 20.- = f 90.-, iki durung kêpetung dhuwit sing kanggo nêtêpi prajane, saupama sêsasine iki tak gawe f 30-...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, aku tak takon, kanggo anêtêpi prajane têka kok kandhakake kudu ngêtokake sêsasine f 30- lo, iki kanggo sing kêpriye...

Garèng : O, wong kowe biyèn anggone dadi priyayi dhuwur-dhuwure mung têkan kawêdanan, yaiku dadi... tahanan, mulane iya ora wêruh kang diarani prajaning priyayi. Ngrêtia, Truk, wong dadi priyayi, apa manèh astèndana, kuwi kêrêp diaturi jagong mrana-mrene, hla, kuwi nèk arêp nêtêpi prajane, ora pisan-pisan kêna nolak manawa diaturi... pat-patan upamane.

Petruk : Lo, lo, lo, Kang Garèng, kiyi rak dadi larangane nagara, kaya-kaya dhèk biyèn rak wis ana sirkulèr saka pandhuwuran sing nglarang bab mêngkono-mêngkono kuwi.

Garèng : Sing dilarangi kuwi rak bab ngabotohan, sing sok nganti lali banjur notohake blanjane juru tulise lan upase kae. Balik kiyi jênênge rak kêsukan, têgêse: mung kanggo sênêng-sênêng bae, mulane bêgrotênge sêsasine mung tak gawe f 30.-, hara, pikirên, Truk, kèri pira saikine, apa ora mung kèri f 90.- f 30 = f 60.-, durung bêgrotênge kanggo apês ambalêbês jaran loro, iki tak gawe sêthithik f 10.- lan aja lali dhuwit tamu, wong iya cilik-cilik dadi malaekate ondêr dhistrik, têmtune tamune iya ambrubul, saupama kiyi tak gawe sêsasine f 20.-, hara, sing kanggo pêthenthengan urip dadi bêndara asistèn apa ora mung f 60.- f 10.- f 20.= f 30.-

Petruk : Aku iya ngandêl mungguh tumrape asistèn wadana, nanging rak ora kanggo priyayi Jawa umume, têgêse ora kanggo punggawaning nagara kang kagolong sêkal A umume.

Garèng : Iki aku malah anjupuk golongan sêkal A sing wis rada pantês balanjane, ewasamono, saka anggone daya-daya supaya anake bisa olèh pangajaran sing pêng-pêngan, mêksa wis kobol-kobol, apa manèh sing kagolong ing sêkal A sangisore, dadi kayadene pangkat: mantri kabupatèn, mantri pulisi, mantri buk odhêr, mantri ukur, mantri lêmut, mantri plik-plikêr, cêkake kabèh sing kalêbu pangkat mantri, mêsthi iya saya rê... muk, malah luwih-luwih mêngkurêp kêndhile ajêgan tumrap punggawa-punggawa sêkal A sing sangisore manèh, yaiku bangsane dara carik-carik kae. Ing măngka, ora prêduli anak astèndana, utawa anak carik, kuwi bayarane sêkolah utawa pondhokan bocah, prasasat ora ana bedane, ewasamono sanadyan dilakoni pati gêni ajêgan, mêksa ditrajang. Lo, samono pambudine para punggawaning nagara sêkal A supaya anake bisa olèh wulangan kulonan. Dadi sêsorahe salah sijine warga I.E.V. sing sajak duwe maksud, yèn mung bangsane dhewe kang ngudi kawruh lan bêbudèn kulonan, kuwi kliru bênggala,

--- 1464 ---

awit uga bangsane dhewe ngudi mêngkono, nganti dilakoni nêkêk gulu têmênan.

Petruk : Wis, wis, rungokna Kang Garèng, tak banjurne sêsorahe warga I.E.V. sing mèlu-mèlu mrotès mau. Jarene: para Walănda pranakan kuwi salawase rak tansah tuhu sêtiya nyang nagara...

Garèng : Aku iya ngandêl, Truk, pancèn iya wis wajibe mêngkono. Ora, Truk, aku tak nyêlani sathithik. Aku kiyi sok gumun nèk ngrasakake anakmu Si Kamprèt kae, yèn wis ngomongake kowe, wah, iya kêtara bangêt yèn gêdhe atine, pêthunthung, lan pêthenthengan bangêt, katon bangêt, yèn Kamprèt kuwi nyang bapake trêsna lan mituhu bangêt. Emane, Truk, nyang biyunge têka le sok ora mrêduli, sok ora gêlêm ngaruhake, apa manèh yèn karo sanak sadulure biyunge, sajake banjur kaya: tidhak mau tau sêbêlah matah babarpisan. Mulane ponak-ponakane bojomu, sêngite nyang Kamprèt iya nganti andalit bangêt. Kira-kiraku ing besuk manawa Si Kamprèt wis kelingan, banjur niyate arêp ngumpuli karo sanak sadulure sing saka biyunge, bisa uga mung diêmprêti bae.

Petruk : Nalikane isih cilik anggonku mulang nyang Kamprèt supaya trêsna nyang biyunge iya tanpa ana kêndhate, dene saiki wis gêdhe tuwa dhewe, mêksa ora dhêmên bae, kuwi aku ora arêp mèlu-mèlu manèh, cikbèn ing besuk dirasakake dhewe. Yah, yah, Kang Garèng, wong kenene lagi ngrêmbug prakara protèse I.E.V. kok banjur nyandhak ing bab bêbudène Kamprèt. Sabanjure warga I.E.V. mau banjur ngandhakake, yèn sêkal B sida diundurake nyang sêkal A. Ing wusana wis mêsthi yèn para Walănda-Walănda pranakan ora bakal bisa kêconggah manèh nênuntun anak-anake mênyang kawruh kulonan, sabab saka mundure pamêtune kuwi.

Garèng : Nèk kanggone wong Jawa, Truk, wis biyèn-biyèn le ora kêconggah kuwi, ewasamono iya mêksa dikêconggah-kêconggahake, sanadyan nganti dilakoni tarethekan, awit sing sapa kêpengin anggayuh mênyang kaluhuran, iya kudu wani lara. Rak iya mêngkono, ta, Truk. Wis, wis, rêmbuge dilèrèni samene bae dhisik.

Buku Babaran Enggal

Bale Pustaka mêntas ambabar buku waosan lare ingkang sakalangkung nêngsêmakên:

1. Si Kênthus, jilid I. Serie no. 282, aksara Latin 61 kaca, rinêngga ing gambar kathah. Isi dongèng lêlampahaning angkrok sagêd tata janma, dêdongenganipun lucu, ngêmu piwulang. Rêgi f 0.40.

2. Rasasmita Serie no. 992 aksara Latin 76 kaca. Isi dêdongenan gêgambaranipun lare alit nganton[1] dumugining diwasa, ngatingalakên kadadosaning lare wêkêl kalihan kêsèd, rêgi f 0.30.

3. Pak Punuk Serie no. 1040 aksara Latin, mawi sêkar, 24 kaca. Isi dêdongengan ingkang sarwa adamêl gujêng. Rêgi f 0.12.

4. Ngêdol maratuwa Serie no. 1031, aksara Latin 61 kaca, rinêngga ing gambar. Sêrat punika dêdongenganipun lucu, sagêd dados pangimuring manah pêpêt, nyênêngakên lare, rêgi f 0.25.

--- 1465 ---

Bab Kasarasan

Bab Rumêksa Kasarasanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 92.

Toya ingkang kasaring wontên ing jêdhing saringan pasir lan krikil wau, sasampunipun rumêsêp ing pasir lajêng rêrêgêding toya ingkang kantun utawi tumèmplèk ing sêla-sêlanipun pasir, lajêng sagêd dados kadosdene kêndhangan ingkang alus lan tipis sangêt. Ing kêndhangan wau manut papriksanipun para dhoktêr ingkang ahli, kathah sangêt kruma utawi lêlêmbat asli saking kewan alit-alit, utawi têtuwuhan bangsaning lumut, inggih punika ingkang sagêd nanggulangi wisa sêsakit ingkang wontên ing toya wau, mila toya ingkang sampun kasaring punika dados tawar, rêsik botên wontên wisanipun sêsakit. Toya ingkang sampun kasaring wau dipun ilèkakên dhatêng jêdhing ingkang langkung agêng, namanipun reinwaterbak, saking ngriku toya dipun pompa manginggil dhatêng jêdhing ingkang kintên-kintên 10 m inggilipun (watertoren). Toya ing watertoren wau dipun jagi sarana pipa-pipa ingkang sambêt kalihan griya-griya ing kitha ingkang sampun majêg (abonnement).

Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika, suraosipun gampil nyaring toya ingkang makatên wau, ananging manawi tiyang limrah ingkang nindakakên padamêlan wau, inggih botên sagêd kadadosan ingkang sae utawi sampurna. Mila kêdah Ingenieur ingkang sampun ahli ingkang sagêd nandangi bab punika. Manut ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, manawi kapêksa botên wontên toya sanès, kajawi toya lèpèn wau kaangge ngombe:

I. Cêkap toya wau dipun saring mawi saringan koolfilter, sasampunipun toya kasaring lajêng dipun godhog, dipun simpên ing gêndul ingkang rêsik, mawi tutup ingkang rapêt.

II. Toya lèpèn kangge adus cêkap dipun tawar mawi prusi.

Ngawontênakên toya ngombe sarana damêl sumur (grondwater).

Toya jawah ingkang rumêsêp ing siti, têrus amblês dumugi sap-sapan siti ingkang rapêt, toya botên patos sagêd lajêng amblês, dados mandhêg ing ngriku. Toya ingkang mandhêg utawi kèndêl wau dipun wastani (grondwater), lampahipun utawi rumêsêpipun toya saking nginggil siti, dumugi ing sap-sapan siti lêmpung ingkang atos (rapêt) manawi langkung lêbêt, toyanipun inggih langkung sae lan rêsik, awit toya punika prasasat dipun saring. Manawi saringanipun langkung kandêl lan lêbêt, pikantukipun toya inggih langkung dangu lan rêsik. Mila toya ingkang mêdalipun saking sumur ingkang lêbêt, toya wau awis ngandhut wisa sêsakit. Manawi langkung lêbêt malih, saking sumur bur, toya tanpa wisa sêsakit.

Ing lêbêt siti punika sap-sapan siti ingkang lêmpung [lê...]

--- 1466 ---

[...mpung] rapêt wau wontên kalih tigang sap utawi langkung, dados toya ingkang wontên ing ngandhap sap I, dipun apit siti sap 1 lan 2. Toya ingkang ngandhap siti sap 2 dipun apit siti sap 2 lan 3 salajêngipun. Toya ing sap-sapan ing nglêbêt siti wau gandhèng kalihan toya ingkang dhatêng saking sap-sapan siti têbih, mila ing ngandhap utawi ing nglêbêt siti, punika wontên toya ingkang dhatêng utawi mili saking pundi-pundi. Trêkadhang toya ingkang gandhèng wau dhatêng utawi mili saking papan sap-sapan siti ingkang langkung inggil. Mila yèn tiyang damêl sumur bur, samăngsa pipa sampun amblês, dumugi utawi anggêpok toya ing papan sap-sapan siti ingkang lêdhok utawi andhap, toyanipun mêdal ing pipa muncrat manginggil kadèsdene[2] toya mêdal saking fontain, toya umbul. Kadosdene kalampahipun tiyang damêl sumur bur (artesische put) pipa ingkang dipun blêsakên ing siti sasampunipun anggêpok utawi dumugi ing papan toya ing sap-sapan siti wau, toya lajêng mêdal utawi muncrat ing pipa manginggil. Rèhning toya (artesisch water) wau mêdalipun saking nglêbêt siti ingkang lêbêt sangêt, watawis 50 m. utawi langkung, mila toya wau rêsik saèstu, botên ngandhut wisa sêsakit, awit toya punika wontên ing sap-sapan ingkang lêbêt, botên sagêd katutan utawi kamoran rêrêgêd saking jawi nginggil siti.

[Grafik]

Sumur bur, pipa kaamblêsakên ing nglêbêt siti.

Artesisch water punika rèhning wêdalipun saking nglêbêt utawi ngandhap siti, asring bêntèr, saha sok kamomoran walirang, tosan, utawi dat-dat sanès, ingkang wontên ing nglêbêt siti wau, mila asring toya bur lajêng mambêt, saha tiyang botên purun utawi botên doyan ngombe, jalaran saking pipa ingkang kangge ngêdalakên toya wau risak, borot. Dados rêrêgêd ing kiwa têngênipun pipa toya ingkang kamomoran dat warni-warni wau sagêd lumêbêt ing pipa katut mêdal amor toya ingkang sae saha rêsik, wusana dados mambêt. Krêkadhang[3] toya ing sap-sapan siti (artesisch water) wau ing rêdi sagêd cakêt utawi cêthèk, mèh papak kalihan siti ingkang lêdhok. Ing rêdi punika ngantos toya wau sagêd ambobol siti, lajêng dados bêlik (bron).

Limrahipun toya wau kajawi tanpa rêrêgêd utawi tanpa wisa sêsakit, warninipun bêning sangêt, saha dipun ombe eca raosipun.

Ingkang limrah tiyang badhe mêndhêt toya saking ngandhap siti wau sarana damêl sumur, sadèrèngipun tiyang andhudhuk siti badhe sumur punika, kêdah niti priksa, punapa ing panggenan siti wau toyanipun sae utawi botên. Awit siti ing rêdi utawi siti cakêt sagantên utawi rawa, punika beda. Kathah toya sumur ing siti cakêt sagantên botên sae dipun ombe, raosin[4]

asin,

--- 1467 ---

pait ragi gêtir. Manawi damêl sumur ing siti parêdèn utawi ing èrèng-èrèng lèpèn punika dhudhukanipun siti kêdah ingkang lêbêt, manawi kirang lêbêt, botên sagêd mêdal toyanipun. Dene manawi ing tăngga têpalih utawi kiwa têngênipun pakarangan sampun wontên sumur ingkang mêdal toyanipun sae, punika inggih gampil, lajêng sitinipun dipun dhudhuk, kadamêl sumur kemawon. Mados papan ingkang têbih saking jumblêng: 10 m. Damêl sumur ingkang prayogi punika ing măngsa katiga, awit ing măngsa punika toya grondwater mandhap, utawi sumbêr lêbêt, dados damêlipun sumur kapêksa kêdah lêbêt murih pikantuk toya wau. Beda kalihan ing măngsa rêndhêng toya sumbêr minggah agêng, dados sumur cêthèk, ing măngsa katiga sumur wau sat botên wontên toyanipun. Tembok srumbung sumur kêdah kadamêl ingkang lêbêt ngantos dumugi ing toya ingkang mêdal saking sumbêr, lan tembok wau kêdah dipun plêstèr sêmèn, jawi lêbêt ingkang radin rapêt sae, supados toya ingkang rêgêd rumêsêp ing saubêngipun srumbung, sampun ngantos lumêbêt ing sumur. Kajagi sampun ngantos toya rêgêd ing siti lumêbêt ing sumur, tembok srumbung kadamêl 3/4 m. sanginggilipun siti, lan lambe tembok srumbung ing nginggil kadamêl radi wiyar miring dhatêng Jawi (pinggir). Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts.

Greja ing Itali

[Grafik]

Gêdhong greja ing Itali ingkang kasuwur.

--- 1468 ---

Kawruh Sawatawis

Turunan Sêrat Anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V, ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 92.

Namaning wowohan

[Sinom]

ginantyan ingkang wowohan | wowohan kang mungging kawi | wowohan kang lunga rangkat | wowohan kang ngaso margi | wowohan kang bondhèti | wowohan kang kaduk purun | wowohan kasamaran | wowohan asta amidih | lan wowohan sujanma cidrèng ubaya ||

wowohan punjuling kathah | wowohan ginarap ririh | wowohan kang ngawut wuta | wowohan kang aningali | wowohan tangguh ati | wowohan ingkang ginunggung | wowohan takêr bêras | lan wowohan mêgat margi | wontên malih wowohan satriya mojar ||

wowohan prabu sineba | wowohan kala sawiji | wowohan tan arsa ngambah | wowohan têmbe ningali | wowohan kang aisin | wowohan ingkang aduduh | wowohan tilik kadang/ wowohan angsalnya têbih | wontên malih wowohan ingkang gawokan ||

têgêse para wowohan | kang samya munya ing ngarsi | kapundhung kang lunga rangkat | durèn kang ngaso ing margi | kilayu ambondhèti | kuwèni kang kaduk purun | sawo kang kasamaran | pijêtan asta kapidih | mungguh maja têgêse kang punjul kathah ||

kaleca cidrèng ubaya | srikaya tinangguh ati | timun ingkang ngawut wuta | têsmak kang ginarap lirih | kathilêng kang ningali | pêlêm wowohan ginunggung | jêruk kang takêr bêras | gêdhang ingkang nyêgat margi | nênggih wuni têgêse satriya mojar ||

tangkil kang prabu sineba | jirak kang kala sawiji | sarangan tan arsa ngambah | gowok kang nêmbe ningali | asêm ingkang aisin | êlo ingkang tuduh-tuduh | malinjo tilik kadang | năngka angsale têbih |[5] nênggih jambu têgêse ingkang kawogan ||

Ulêsing kapal

[Asmaradana]

asmaradana ginupit | angetang ulêsing kapal | sarta lawan bêndanane | wong agung ing purnasada | lakune gula napas | têkênira dhawuk luyung | kandhêg ngalosot ing lêmah ||

kopyahnya alus aputih | arasukan abang-abang | sêsumpinge kêmbang durèn | ana gănda gêndhis kobar | asabuk bang lalaka | akampuh sêkar palumpung | alinggih ing dami luwas ||

ambêdhah ing pajêg wêsi | anyênthal tinapuk ing tal | anggulung dodole sawo | mendah aja kumaita | doyan cabuk ilêran | kalis ingkang janjam biru | lêmah dhawuk kasèmbukan ||

kang nandhani janjam kuning | sarêntêg kamaladara | bungah-bungah yèn binopong | ulatira andêlalak | cacade sok amancal | èsême lir napas madu | irêng-irêng angsung brăngta ||

nulya bêndana winilis | akêkasih rajawana | lakune anyampar wangke | duk lintange pamanahan | tindake baya ngangsar | dhandhang kêkaring [kê...]

--- 1469 ---

[...karing] angaub | mambu pêpêndhêman upas ||

akathah kang buntêl mayit | pinêndhêm ing kala luwang | cêguk anggêrêng swarane | ginotong ăndha mustaka | kalabang kapipitan | sinundêp ing sujèn têrus | gondrèk ngilo kang amangan ||

kêcapipun angêthêmil | riniba rum tugèng toya | urip atine ginorok | ki bêndana katututan | tiba kasandhung watang | kapapag baya kapranggul | tinunggu binaya rêksa ||

cinăndra ing wisnumurti | sinanjata pêpanahan | marodhol wutah atine | durga ngêrik kang angêrah | tlutur ki sonyataka | ingularan sampun suwung | wusing ngancik ing traju mas || Badhe kasambêtan.

Panglipur Manah

Adat Cara ingkang Anggumujêngakên

Satunggal-tunggaling panggenan utawi dhusun, têtiyangipun sami gadhah adat cara piyambak-piyambak. Mênggah sajatosipun botên prêlu kacariyosakên ing ngriki, sabab sadaya para maos masthi botên badhe kêkilapan, ananging wontên adat cara ingkang anggumujêngakên, badhe kula cariyosakên ing ngriki sakêdhik, lowung kenging kangge mêwahi sêsêrêpan sawatawis. Dene anggèn kula sagêd mastani: anggumujêngakên, inggih anggumjêngakên tumrapipun ing têtiyang ingkang pancèn botên sami ngangge adat cara wau, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Jogèd Sundha

Rikala kula taksih dêdunung ing salah satunggaling kitha dhistrik bawah Kabupatèn Cilacap ingkang sisih kilèn, satunggaling wêkdal kula kesah jagong dhatêng panggenanipun mitra kula ingkang dêdunung ing dhusun parêdèn, piyambakipun gadhah kajat (gadhah damêl) sarana ngawontênakên têtingalan nayuban. Sarêng dalu sawêg ramenipun para tamu sami nayuban, kula rumaos sayah linggih, lajêng mêdal saking tarub dhatêng plataran. Ing plataran ngriku kula sumêrêp kathah tiyang jalêr anèm utawi sêpuh sawêg sami anjogèd. Manawi ingkang nayuban ing pêndhapi [pê...]

--- 1470 ---

[...ndhapi] panjogèdipun kèndêl, găngsa ugi kèndêl, têtiyang ingkang anjogèd ing plataran, ugi sami kèndêl, dene manawi ing pêndhapi găngsa wiwit mungêl malih, ing plataran ugi sami miwiti anjogèd malih gêntosan utawi sêsarêngan, makatên salajêngipun.

Ing sarèhning kawontênan ingkang kados makatên punika kula sawêg sumêrêp kapisanan, sarêng kula wangsul lumêbêt ing pêndhapi malih, kula lajêng cariyos dhatêng salah satunggaling bêbau dhusun ingkang pinuju jagong, bilih ing plataran kathah têtiyang sami anjogèd, sarta pitakèn, punika têtiyang punapa. Wangsulanipun ingkang kula takèni makatên: Ingkang sami anjogèd punika têtiyang ningali, pancèn sampun dados adat caranipun ing ngriki, bilih wontên têtingalan nayuban, têtiyang jalêr anèma, sêpuha, utawi sanadyan saking sanès dhusun ingkang têbih sawatawis, sami prêlu dhatêng ningali prêlunipun badhe tumut anjogèd ing plataran.

Wondene anggèn kula nyipati piyambak adat cara kasêbut nginggil, sapriki kintên sampun sadasa taun laminipun, dados saupami wêkdal samangke wau adat cara wau suda utawi ical babarpisan, ugi wontên èmpêripun, amargi têtiyang ing parêdèn, sanadyan têbih saking kitha, ugi sami ngudi dhatêng kamajêngan, dados majêng-majêng têmtu wêwah kaprawiranipun.

S. ing P. K. 3170.

[Iklan]

--- 1471 ---

[Grafik]

Sampun dados tatacara, sêtudhèn enggalan punika mawi dipun bagèkakên dening sêtudhèn sêpuh, ingkang dipun wastani Ontgroening sarana mawi patrap ingkang anggumujêngakên tuwin nganyêlakên. Ing nginggil punika gambaripun Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, putra dalêm nata ing Surakarta (têngên) nalika dipun Ontgroen wontên ing pamulangan luhur têtanèn ing Wageningen, suku dipun rut sami suku, lajêng dipun ajak lumampah sêsarêngan.

--- 1472 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Lairipun rugi, nanging ing batos bathi.

Sampun sawatawis rambahan punika Petruk lan Garèng tansah angrêmbag ing bab protèsipun pakêmpalan E.I.V. tumrap ada-adaning nagari anggènipun badhe ngundurakên kawontênanipun schaal B dhatêng schaal A. Ada-ada ingkang makatên punika, manawi ing têmbe èstu katindakakên, ing sakawit têmtu badhe anggonjingakên jagadipun para Walandi pranakan, nanginhg danguning-dangu mbokmanawi malah dados saenipun tumrap bangsa wau. Mênggah têrangipun makatên:

Manawi dipun manah, sayêktosipun wiwit rumiyin mila kawontênanipun bangsa Walandi pranakan punika tansah adamêl èwêding pamarentah Hindia Nederland ngriki. Jalaran saupami bangsa wau kasamèkna kalihan Walandi ingkang tulèn, kados inggih sampun wajibipun, kadar bangsa pranakan punika pancèn anak turunipun. Ewasamantên ingkang makatên punika mêksa dipun anggêp kirang adil tumrap para Walandi totok, awit limrahipun bangsa Walandi pranakan punika dipun lairakên tuwin dipun agêngakên wontên ingriki. Têgêsipun: tumrap kawontênan tuwin panggêsangan wontên ingriki punika kanggenipun bangsa Walandi pranakan botên badhe adamêl kapitunan punapa-punapa. Dados inggih beda sangêt kalihan kawontênanipun para Walandi totok, ingkang botên kulina babarpisan dhatêng panggêsangan wontên ing tanah ngriki punika.

Saupami bangsa Walandi pranakan wau lajêng kasamèkakên kalihan têtiyang siti, tumrapipun jaman rumiyin, inggih botên kenging dipun wastani adil, awit sanajana dipun lairakên, punapadene dipun agêngakên wontên ingriki, dados sampun kulina dhatêng kawontênanipun ing tanah ngriki, nanging ing sarèhne ingkang anggulawênthah, ingkang ngagêngakên, bapakipun, inggih punika bangsa Walandi totok, têmtunipun panggêsanganipun inggih kathah anggènipun nulad dhatêng bapakipun bangsa Walandi totok wau. Amila inggih lajêng kenging kula wastani, bilih ing jaman rumiyin kawontênanipun bangsa Walandi pranakan punika pancèn inggih beda kalihan tiyangipun pribumi.

Jalaran saking punika, pancènipun makatên kawontênanipun bangsa Walandi pranakan wau kenging dipun sêbut gêsang mangro. Pikajênganipun: badhe gêsang cara Walandi grès kadar ingkang ngopèni wiwit alit pancèn bangsa Walandi tulèn, mila inggih sampun mungguh kemawon. Manawi badhe gêsang cara tiyang siti, kadar pancèn dipun lairakên sarta dipun agêngakên wontên ingriki, amila pancènipun inggih botên andadosakên alangan punapa-punapa. Ewasamantên, ing sarèhne ing kala samantên kawontênanipun Walandi pranakan wau langkung anyakêti dhatêng Walandi totok katimbang dhatêng têtiyangipun siti, amila kados inggih sampun mathuk, saupami kalênggahanipun lajêng langkung dipun cakêtakên dhatêng Walandi totok katimbang dhatêng tiyang siti, têgêsipun: kalênggahanipun Walandi pranakan lajêng langkung dipun inggilakên sawatawis katimbang têtiyang pribumi. Langkung malih sarêng umumipun para Walandi pranakan ing kala punika sami dados punggawaning nagari, ngantos wontên salah satunggiling sarjana Walandi Tuwan Dr. Bierens de Haen ingkang nyariyosakên bilih Walandi pranakan punika kenging kaupamèkakên "cêcagak adêgipun pamarentah Walandi," kados inggih sampun mungguh sayêktos, saupami para bangsa Walandi pranakan wau sawatawis lajêng dipun inggilakên drajadipun katimbang tiyang siti. Nanging inggih tumrap jaman rumiyin. Mbokmanawi inggih jalaran saking sabab-sabab kasêbut inginggil, ing wusana ing tanah Indonesia ngriki, lajêng dipun lairakên pranatan ingkang dipun wastani ing tiyang schaal B punika.

Tumrap ing jaman samantên, wontênipun schaal B pancèn inggih sampun mathis sangêt. Awit ing jaman samantên mila inggih nyata, bilih sadaya-dayanipun bangsa Walandi pranakan punika pancèn inggih beda katimbang kalihan tiyangipun siti. Nanging mênggahing jaman samangke, jalaran saking kamajênganipun tanah ngriki saha têtiyangipun, ingkang anjalari kathah cacahipun têtiyang siti ingkang botên ngêmungakên sagêd anjajari kalênggahanipun para Walandi pranakan, malah sagêd anyamèni dhatêng Walandi tulèn pisan, mênggahing kula, wontênipun schaal B ing samangke, botên badhe nguntungakên malah kosok-wangsulipun badhe adamêl kapitunanipun para Walandi pranakan.

Badhe wontênipun lêlampahan ingkang makatên wau, sajakipun para Walandi pranakan sadèrèng-dèrèngipun sampun sagêd anyumêrêpi. Buktinipun: para Walandi pranakan lajêng sami saekapraya ngêdêgakên pakêmpalan I.E.V., ingkang sêdyanipun badhe ngiyatakên barisanipun, kanthi uluk-uluk: "Jêjêg lan rubuhe I.E.V. barêng-barêng karo bandera Walandi."

Uluk-uluk ingkang makatên punika pancènipun sampun nama utami sangêt, anelakakên luhur saha jêmbaring sêsêrêpanipun ingkang kados panuntunipun. Awit ingriku uluk-uluk wau kadosdene anggadhahi maksud, ngêmungakên sumendhe dhatêng

--- 1473 ---

krêsaning pamarentah, têgêsipun kawontênanipun bangsa Walandi pranakan wontên ingriki, punika tansah anjagèkakên sih pitulunganipun pamarentah. Ananging jalaran saking tansah majêngipun têtiyang pribumi, ingkang saya dangu saya andhêsêk dhatêng kalênggahanipun bangsa Walandi pranakan, pamarentah badhe botên nama adil, saupami taksih lêstantun ambedak-bedakakên bangsa pranakan lan têtiyang siti, ingkang sadaya-sadayanipun prasasat tanpa wontên bedanipun malih, sarana wêwaton, dupèh ingkang satunggal taksih kalêbêt putra-wayahipun. Amila ing wusana inggih lajêng botên anggumunakên, bilih pangkat-pangkat ingkang suwaunipun ngêmungakên kasadhiyakakên kangge bangsa Walandi pranakan, saya dangu saya dipun isi dening têtiyang siti.

Mbokmanawi jalaran saking ingkang makatên wau, danguning-dangu ingkang dados uluk-uluking pakêmpalanipun lajêng dipun ewah makatên: "Jêjêg rubuhing bandera Walandi barêng-barêng karo I.E.V."

Manawi dipun tingali namung sakêclapan, uluk-uluk kalih warni wau kados-kados pancèn inggih sami têgêsipun. Ananging manawi dipun gagas panjang sajakipun lajêng anggadhahi pikajêng kosok-wangsul. Uluk-uluk ingkang kasêbut rumiyin, kados ingkang sampun kula aturakên ingajêng, anggadhahi maksud: sumendhe dhatêng pamarentah, nanging uluk-uluk ingkang kantun, kados-kados anggadhahi raos: pangancam. Ewasamantên ing sarèhne punika dhawah ing gagasan kula piyambak, kados manawi wontên lêpating gagapan kula wau, para ingkang rumaos kapranan, mugi paringa gênging pangaksama. Jalaran saking punika amila ing bab uluk-uluking pakêmpalan I.E.V. ingkang angka kalih wau, botên badhe kula andharakên ingkang langkung panjang malih. Kados sampun cêkap samantên kemawon.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih lêstantunipun schaal B botên badhe nguntungakên, nanging kosok-wangsulipun malah badhe adamêl kapitunanipun para Walandi pranakan. Punika têrangipun makatên:

Wontênipun schaal B punika, jalaran saking bedaning tatanan, inggih ing bab wênangipun angsal pènsiun lan sasaminipun, lajêng nuwuhakên golongan kalih, ingkang sajatosipun taksih gêgayutan sanak, nanging kêpêksa satunggal lan satunggalipun lajêng sami plengos-plengosan. Jalaran ingkang kagolong schaal B wau, ngrumaosi langkung dipun sakecakakên, langkung dipun opèni ing gêsangipun katimbang kaliynn[6] golongan schaal A. Jalaran saking punika lajêng ngrumaosi langkung inggil kalênggahanipun, langkung inggil drajadipun. Rumaos ingkang langkung luhur wau, wusananipun botên namung dumunung wontên ing para ingkang sami cêpêng damêl wontên ing golongan schaal B kemawon, nanging lajêng saya sumêbar lan sumrambah dhatêng anak putunipun ingkang babar pisan botên gêpok-senggol kalihan schaal B wau, têgêsipun: ingkang babar pisan botên nyambut damêl dhatêng nagari saha angsal wêwênang kados bangsanipun ingkang wontên ing schaal B. Mangga, raos ingkang makatên punika, punapa botên malah adamêl kapitunaning badanipun piyambak. Ingriki lajêng kenging kula samèkakên kalihan tiyang ingkang anggadhahi sêsêbutan radèn upaminipun.

Punika manawi botên kalêrêsan, radènipun wau sok malah adamêl kapitunanipun piyambak. Liripun makatên:

Dupèh anggadhahi sêsêbutan: radèn, punika lajêng ngrumaosi langkung inggil lan langkung luhur drajadipun katimbang tiyang limrah. Manawi ing têmbe angsal padamêlan ingkang pantês, kados anggènipun anggadhahi rumaos langkung inggil lan langkung luhur wau, inggih botên patos adamêl kapitunaning saliranipun piyambak. Nanging sarêng manggihi alam ingkang kados makatên, inggih punika jaman ingkang sarwa rêkaos pados pangupajiwa, sarta lajêng kêpêksa nilar padamêlanipun ingkang pantês wau, salajêngipun saking anggènipun ngrumaosi unggul lan luhur drajadipun, lajêng isin saumpami nindakna padamêlan ingkang pancènipun kêdah dipun tandangi dening tiyang limrah. Ing wusana lajêng dhawah kapiran kapirun. Makatên ugi para ingkang kalêbêt golongan schaal B wau.

Dumugi samantên obrolan kula bab punika, wusana murih botên anama jugag, ingriki lajêng kula sambêti wawasan sakêdhik, inggih punika saenipun tatanan enggal bab icaling schaal B.

Schaal B ical, punika sajatosipun tumrap jaman samangke dados satunggiling budidaya agêng, têgêsipun pamarentah têtêp sipat adil lan wicaksana, sabab saupami botên lajêng wontên ewah-ewahan makatên, botên wurung golongan schaal B tansah manjêr banderanipun, ingkang pikantukipun namung adamêl karugianipun piyambak. Sanajan ingriki botên katêrangakên malih punapa sabab-sababipun, nanging para golongan schaal B tuwin ingkang sami taksih dados golongan schaal A, têmtu sampun ngraos utawi sagêd nglaras piyambak-piyambak mênggah glagading jaman ingkang sami badhe dipun alami.

Mila kula ngucap sukur lair batos, dene kula sadaya kajawi rumaos dipun ayomi yêktos dening pamarentah, ugi rumaos badhe saya sagêd supêkêt kalihan para golongan schaal B, ingkang mahanani santosaning nyambut damêl sêsarêngan, tumuju dhatêng pangrêksa murih saya langkung tata têntrêm lan krêta raharjaning jagad. Wontênipun kula gadhah pikiran makatên wau, awit kula gadhah kayakinan, bilih bangsa golongan schaal B botên badhe awrat manahipun angêbyuk utawi anggolong dhatêng bangsa golongan schaal A. Samangke kantun angyêktosi kemawon kadospundi nyatanipun. Anggêr para golongan-golongan wau ngrêtos dhatêng ubênging jinantra, inggih botên badhe têbih kados pambatangipun pun PÊNTHUL.

--- 1474 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Barang-barang warisan hotel. Parentah nêtêpakên pambagening barang-barang têtilaranipun Hotel Koningsplein tuwin Bellevue ingkang sami katutup. Barang-barang wau kawarisakên dhatêng tatanan ingkang ambiyantu golongan angguran tuwin dados ngamalipun para ingkang kataman crisis ing mangsa punika.

Inggih sanadyan nganggur, manawi ingkang dhawah sakeca inggih sakeca kemawon, tandhanipun tansah botên kasêpênan pambiyantu.

[Grafik]

Tuwan Purwadarminta. Ing Kajawèn mêntas ngêwrat pawartos ing bab anggènipun Tuwan Purwadarminta badhe dados guru basa malayu wontên ing Jêpan. Mirid katrangan sawatawis, ing kala alitipun Tuwan Purwadarminta punika sêkolahipun kagolong dhêdhêl tansah pêdhot-pêdhot, dene wusananipun sagêd lumêbêt dhatêng Normaalschool ngantos lulus. Salajêngipun Tuwan Purwadarminta lajêng kabuka nyinau basa warni-warni, saha wohipun katingal ingkang pinanggihipun sapunika wontên tandha yêktinipun.

Samantên wohing antêp ingkang cundhuk kalihan kalamangsanipun.

Melik anggendhong lali. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa tilas upas, 1. Sarman, 2. Atmasuwita tuwin 3. Dikin, sami kalêpatan prakawis ngêculakên pasakitan sarana nampèni bêsêl. Sarman kaukum 2 taun, Atmasuwita 1 taun tigang wulan, dene Dikin luwar.

Tiyang cêpêng damêl ingkang gêgayutan kalihan prakawis ingkang kenging dipun salusupi bêsêl, pancèn nyamari, ewadene adhakan dipun trajang, dening arta punika lêgi.

Lulus examen procureur. Mas Subêkti adj. hoofdjaksa ing Malang, lulus examen procureur, kanthi angsal biji 7. Tuwan Subêkti wau asli wêdalan saking Osvia Blitar.

Wilujêng.

Tiwas jalaran kapengin sugih. Ing distrik Pêgatan, Bandung, wontên tiyang siti kêpengin sugih, lajêng anglampahakên ngluwêng. Sasampunipun kalih wulan, lajêng tiyang wau dipun tuwèni, sampun awujud kêrongkongan.

Samantên panyabêting daya pêpenginan manawi angèngingi tiyang ingkang kirang jêmbar sêsêrapanipun.

Nyuda cacahing Gemeente. Manut pawartos, cacahing Gemeente ing tanah ngriki badhe namung kakantunakên 6, mêndhêt nagari ingkang agêng-agêng kemawon. Tumrap ingkang kasuwak badhe karangkêp B.B. Rêrigên punika pikantukipun badhe ngindhakakên pamêdal nagari.

Manawi cêtha makatên, dados nagari badhe angsal kukupan kathah.

Bab sudan pènsiun. Mirid pawartos, pènsiun ingkang badhe kasuda, namung tumrap ingkang ing dalêm sataun langkung saking f 6000.- sudanipun 12%. Lan ingkang kasuda wau wiwit pènsiun taun 1920.

Sanadyan bab punika wau sawêg nama pawartos, ewadene inggih sampun damêl sênik-sênik. Awit rumaosipun para pènsiunan sampun linêpatakên ing aradan.

Ingkang angsal pris kêpala. Kawartosakên, pris kêpala ingkang nêmbe kabikak, dhawah hoofdredacteur Cahya Sumatra, tuwin letterzetter 6. Lotipun 1/4.

Jaman kados makatên angsal arta samantên, inggih sêgêr yêktos. Mila sintên ingkang botên kêpengin tumbas lot.

Foto-en Kuntshandel-Studie Indonesia ing Surakarta. Ing Surakarta mêntas wontên bikakan Foto en Kunsthandel Studie Indonesia, gadhahanipun tiyang siti. Nalika pambikakipun dipun jênêngi ing para agêng tuwin tamu sanès-sanèsipun kirang langkung 150. Dene nyatanipun sarwa botên nguciwani.

Nyatanipun pakaryan kados punika, pinanggihipun wontên ing tiyang siti taksih nama langka. Mangka manawi nitik kalihan kawontênan ingkang dipun tindakakên dening bangsa ngamanca, katingal sami majêng. Manawi ngèngêti makatên punika tuwin ngèngêti jamanipun, kintên-kintên têmtu majêng.

Polikliniek M.N. Surakarta mawi bayaran. Wontên pawartos, kabêkta saking jamanipun, wiwit benjing tumapakipun taun 1933, para têtiyang jêjampi dhatêng polikliniek M.N. kêdah sarana mawi bayaran, kapetang sabên sarêsèp f 0.10.

Ewah-ewahan ingkang kados makatên punika têmtunipun adamêl kagètipun ingkang sami kataman, dening salaminipun namung lêlahanan. Nanging yèn kamanah panjang tuwin kacocogakên kalihan kabêtahanipun ugi taksih nama pitulungan ingkang agêng sangêt.

Wohing pandamêl. Tuwan Mohamad Anom, mantri pulisi ing Bêtawi kapriksa wontên ing Landgerecht, kadakwa prakawis nangani dakwa Hasan, gêgayutan kalihan prakawis nonah Beckering. Mantri pulisi wau kadhêndha f 25.- saha pangkatipun taksih kagantung.

Lêlampahan kados makatên punika punapa botên sampun cêkap kangge kaca bênggala.

Redacteur dipun prajaya. Tuwan J. Al Bahry, redacteur sêrat kabar Al Haq ing Bogor, nalika wangsul saking padamêlan wanci jam 6 sontên, dipun têmpuh ing tiyang sêkawan sami ambêkta dêdamêl landhêp, Tuwan J. Al Bahry kabacok kaping 9, wontên ingkang tatu sangêt. Dene mênggah sababipun, gêgayutan kalihan bab pasulayan rêmbag ing golongan Al Irsyad kalihan Baalwi, tuwan wau golongan Al Irsyad. Tiyang 4 ingkang nêmpuh wau ingkang 2 bangsa Arab, sampun kacêpêng.

Rêkaosipun tiyang dados redacteur punika manawi kêtanggor kalihan tiyang okol makatên punika, prakawis pasulayan rêmbag, lajêng dipun walês maratangan.

--- 1475 ---

Ambradhat nyonyah bangsa Eropa. Ing Surabaya wontên satunggiling nyonyah bangsa Eropa, nuju kêkaring wontên pêkaranganing sositeit, dipun purugi tuwan-tuwan bangsa Eropa lajêng dipun krudhuki andhuk kabêkta numpak auto. Sadumugining jawi kitha nyonyah wau sagêd ngrêbat pistol ingkang dipun bêkta pun tuwan, salajêngipun nyonyah wau sagêd oncat, saha lajêng lapur dhatêng pulisi. Miturut pawartos, nyonyah wau pancèn bojon pulisi. Mênggah kajênging tuwan ingkang ambradhat wau dèrèng kasumêrêpan.

Têka kados gambar idhup.

Tikus dados tandhaning kathah sêsakit pès. Ing salêbêtipun kitha Garut pinanggih saya kathah bangke tikus. Ing bab punika Dr. Paryono, inggih punika doktêr ingkang tinanggênah nindakakên pananggulang sêsakit pès, lajêng ngêncêngakên rêrigên anjampèni tiyang ingkang katrajang ing sêsakit pès.

Ingkang sampun pinanggih, ing pundi papan ingkang katrajang sêsakit pès, mangka kathah tikus pêjah, nandhakakên manawi ingriku sêsakitipun mubal. Mila wajib dipun sumêrêpi, tiyang prayogi migatosakên, sampun nganggêp manawi bangke tikus punika botên atêgês punapa-punapa. Samangsa wontên tikus pêjah, supados lajêng lapur dhatêng ingkang wajib.

Rekadaya ing jaman malèsèd. Ing Cirêbon wontên bangsa Eropa nama Groeneveld ngicuk-icuki tiyang padhusunan supados botên ambayar pajêg, saha piyambakipun lajêng ngakên dados lurah. Pangicuk-icuk wau pasah, têtiyang mituhu. Nanging wusananipun tuwan wau dipun cêpêng, katahan ing kunjaran. Ewadene mêksa puguh, botên purun mangsuli pitakenan, manawi sanès panjênênganipun I.K. Wicaksana. Nalika tiyang wau dipun cêpêng, têtiyang ingkang kapilut sami ambelani, nanging lajêng kasirêp ing pulisi.

Punika satunggiling kawanèn ingkang tuwuh wontên ing jaman malèsèd.

Kasangsaran anggêgirisi. Ing margi agêng antawising Blaraja-Tangêrang, wontên autobus saking Serang badhe numbuk lare lumampah nugêl margi, autobus nêdya nyimpangi, nanging katungka wontên auto momotan saking ngajêng. Saking tuna dungkaping lampah, lajêng tubrukan, kalih pisan rêmuk. Sopir auto momotan tatu sangêt, suku putung. Sopir autobus wilujêng, nanging tiyang ingkang numpak cacah 11 sami nandhang tatu rêkaos, wontên 1 ingkang tiwas.

Lêlampahan kasangsaran ingkang kaos makatên punika tansah wontên kemawon, dene jalaranipun botên sanès namung kabêkta saking sêmbrananipun sopir, inggih punika kêrikatên anggènipun nglampahakên tuwin sêmbrana sanès-sanèsipun. Mila pinuji mugi para sopir angèngêtana, bilih ing kalanipun nglampahakên, dados satunggiling tiyang ingkang nanggêl kawilujênganipun têtiyang ingkang sami numpak.

Kawontênanipun tiyang angguran. Miturut pèngêtanipun saking Arbeidsbemiddeling ing Ngayogya, ing salêbêtipun wulan October, wontênipun tiyang angguran bangsa warni-warni, ingkang sampun tumanja angsal padamêlan, bangsa Eropah 12, tiyang siti 56. Dene ingkang dèrèng angsal padamêlan, bangsa Eropah 269, tiyang siti 1596 tuwin 47 bangsa Tionghoa.

Caranipun pêpetangan nama dèrèng nglêgakakên, nanging inggih sampun nama lowung.

Kamajênganipun P.K.N. Ing sapunika P.K.N. ing Ngayogya ngawontênakên cursus controle tumrap cooperatie P.K.N. ing salaladan Ngayogya, makatên ugi ngawontênakên cursus sêsêrêpan tumrap warga pangrèh.

Tumandangipun damêl P.K.N. saya dangu saya katingal. Mugi wohipun sagêd murakabi.

Kasanjata. Wontên pawartos, nalika tanggal 14 wulan punika, ing Samadu Tapatuan, Acèh, wontên satunggiling tiyang Acèh kasanjata dumugi ing tiwasipun dening saradhadhu jalaran tiyang wau badhe mrajaya patroli.

Prahara ing gêdhong Tataan Lampung. Wontên pawartos, ing tanggal 14 wulan punika, ing laladan kolonisasi Gêdhong Tataan katrajang ing prahara; ngantos angrêbahakên griya 34 wuwung. Wontên tiyang satunggal ingkang pêjah, 2 ingkang sami nandhang tatu rêkaos, lan 3 tatu ragi ènthèng.

Kapitunan katapsir f 2000.-

Kuli kapal ngamuk. Ing Samarinda wontên satunggiling kuli ngamuk wontên ing kapal "van Swoll", natoni saradhadhu bangsa Europa satunggal, mantrus kalih, ingkang satunggalipun pêjah, lan ugi natoni satunggiling sêtirman kapal wau.

Tiyang ingkang ngamuk wau sampun kacêpêng.

Pulisi èstri. Miturut Ind. Crt. Directeur B.B. anakèkakên dhatêng pangagêng-pangagêng nagari bawahipun, punapa kamanah prêlu ngawontênakên pulisi èstri. Maksud ingkang makatên wau jalaran saking usulipun Volkenbond, kangge minangka nanggulangi panyadean èstri.

ASIA.

Kasangsaran ing West Indie. Jalaran saking wontên prahara nêmpuh West Indie, adamêl karisakan agêng. Tanêman pisang ing Jamaika risak babar pisan. Têlênging prahara nêmpuh Santa de Laur. Tiyang ingkang katiwasan 1000. Wontên mayit atusan sami kêsangsang ing wit-witan. Gênging kasangsaran wau jalaran saking katêmpuh alun saking sagantên, minggah dharatan, lêbêting toya ing dharatan ngantos 21 kaki. Sanak kadang sami pêpisahan dadakan, lajêng larut kerut ing toya. Kathah tiyang sami pêjah nglalu. Wontên baita 70 sami kèrêm.

Rêmbag bab golongan Paria. Kawartosakên Sang Gandhi badhe siyam malih ngantos dumugi ngajal, manawi ngantos dumugining taun baru para golongan Paria botên kakengingakên malêbêt dhatêng candhi Guruvaju.

Sanadyan Sang Gandhi gadhah sêdya badhe siyam malih, nanging bangsa agêng Hindhu kina têtêp botên ngewahi kêkêncênganipun. Nata ing Malaber têtêp anduwa dhatêng panêdhanipun Sang Gandhi.

EROPA.

[Grafik]

Tuwan Harold Lloyd. Sintên ingkang sampun srawungan kalihan gambar idhup, têmtu mirêng dhatêng namanipun tuwan punika, utawi nate nyumêrêpi gambaripun. Misuwuring namanipun tuwan wau sampun waradin dumugi pundi-pundi. Dalah têsmakipun kados ingkang dipun angge, punika sarêng dipun tiru ing sanès, gagragipun lajêng dipun namakakên "Harold Llyod". Inginggil punika gambaripun tuwan wau sarimbit nalika wontên ing London.

--- 1476 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

60

Tuwan ingkang gadhah griya sarêng ginêmipun dumugi ngriku lajêng kèndêl, kanthi anggagas tuwin pados margi murih Tuwan Sumarta sagêd nampèni ginêmipun. Sarèhning Tuwan Sumarta ngantos dangu botên anyambêti ginêm, tuwan ingkang gadhah griya lajêng anglajêngakên ginêmipun: Ing saiki kowe pêpisahan karo Dhorah. Tinêmune gunêming uwong kang gêthing mênyang kowe, angarani lungane mau jalaran kotundhung. Gêthinging wong akèh mau saya suwe saya manjing. Malah tumraping wong wedok, kowe dianggêp wong kang ambêg siya bangêt. Dadi kowe aja gumun, yèn bojoku gêthing mênyang kowe, amarga katut saka dayaning wong akèh. Bêgja anamu ing kene isih ditampani bêcik dening bojoku, awit kowe isih dikira bisa ngowahi padatanmu, hara coba kowe nindakna kaluputan manèh kang luwih saka iku, bojoku ngingêtake mênyang kowe bae mêsthi ora sudi.

Tuwan ingkang gadhah griya satêlasing ginêmipun, Tuwan Sumarta lajêng ngajak tabikan kalihan wicantên: Bangêt panrimaku, Pit. Kowe iku mitraku têmênan, gêlêm pitutur ing sabênêre, tanpa pakewuh. Pituturmu iku rasane mèh padha bae kaya pituture ibuku mênyang aku, ing sadurunge aku kawin karo Dhorah. Nanging sajrone aku kataman pêpêtênging rasa katrêsnan, pituture ibuku kang bênêr bêcik mau, ora tak anggêp bênêr babarpisan. Malah dhèk samana, ibuku mau tak anggêp wong kampung kang bodho bangêt.

Dadi saiki kowe wis ngrumasani mênyang kaluputanmu Wim.

Ngrumasani bangêt, Pit. Banjur gèk kapriye anggonmu bisa nglêbur kaluputanku kang uwis-uwis.

Ya mung kudu manut kalamangsane, Wim, awit wong ngrumasani mênyang kaluputane, iku wis dadi jalaran ngambah dalan bênêr. Ing sadurunge bêcik mêmikira kapriye bakal kapenake kang kolakoni, bokmanawa isih akèh dalan kang kêna koanggo andandani kaananmu kang rusak, utawa kang koanggo anambani tatumu. Sanadyan karusakan utawa kang tatu mau bakal nabêt ninggali cacad, nanging jênêng waras, kowe bisa bêbadra panguripan anyar manèh. Yèn atimu durung têntrêm, uripmu bakal ora tata, lan urip kaya mangkono iku jênêng sangsara. Ing saiki wis wayah bêngi, yèn kowe arêp mangan, pangane bèn digawa jongos mrene bae.

Bangêt panarimaku, Pit. Pituturmu kang akèh-akèh tak tarima bangêt, rasane kaya dadi têtambaning susahku. Coba saiki tak turokne, sukur yèn sesuk aku olèh wêwêngan padhang.

Sasampunipun têtabikan, tuwan ingkang gadhah griya lajêng mêdal.

21. Kêpêgatan sih

Ngantos sadalu muput, Tuwan Sumarta botên ngêliyêp babarpisan, gagasanipun ngămbra-ămbra botên kantênan. Ing sakawit èngêt dhatêng ibunipun, saha lajêng mangrêtos, bilih anggèning ibunipun kirang sêsêrêpan, jalaran saking botên sêkolah. Nanging pituturing tiyang sêpuhipun wau, sarêng dipun raos, sadaya araos lêbêt tuwin atêgês sae. Salajêngipun sagêd amastani, bilih kawruhipun saking pamulangan punika dèrèng nyêkapi kangge sanguning gêsang.

Kajawi punika, Tuwan Sumarta ugi ngèngêti sambutanipun dhatêng biyung, inggih punika sambutan ingkang botên sagêd sah dipun sauri kanthi tindak kadospundi kemawon. Ing sapunika Tuwan Sumarta mangrêtos, bilih ibunipun punika sanès tiyang bodho, mila lajêng saya karaos-raos èngêtipun dhatêng tiyang sêpuh, ingkang salaminipun tansah nindakakên pangeman.

Sasampunipun makatên lajêng ngèngêti dhatêng bojonipun sakawit, wontênipun namung wêlas, eman dene botên sagêd damêl panujuning manah.

Wêkasanipun lajêng èngêt dhatêng Dhorah, pancènipun pinanggih sarwa nyakitakên manah, saya manawi ngèngêti têtêmbunganipun ingkang raos kaduwung jalaran tumut tiyang Jawi. Têtêmbungan kados makatên wau dipun tampi sakalangkung nyakitakên manah. Nanging kosokwangsulipun, Tuwan Sumarta piyambak inggih tumut kalêpatan, malah damêl wêwinih kalêpatan agêng.

Ing ngriku lajêng tuwuh gêgambaraning lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, kados ta nalika sawêg sami ngwutahakên katrêsnan, raosing kasênênganipun tanpa upami. Saya ing nalikanipun anglampahi jêjodhoan rukun. Lêlampahan sadaya wau, tumamanipun dhatêng Tuwan Sumarta saya anênangi èngêtipun dhatêng kalêpatan. Ing sapunika Tuwan Sumarta mangrêtos cêtha dhatêng wêwatêkanipun Nyonyah Dhorah. Saupami Tuwan Sumarta sabar, anggènipun jêjodhoan tamtu lêstantun rukun. Măngka tindakipun Tuwan Sumarta angosokwangsul, dhatêng ingkang èstri malah sarwa sêrêng, mila pinanggihipun lajêng kados makatên. (Badhe kasambêtan)

--- 181 ---

Nomêr 46, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Dluwang diobong bisa malih dadi dluwang guntingan.

Lumrahe tukang sulap iku klambine ora barès, apamanèh băngsa Indhu, pating gêdhobyoh.

Mungguh nyulap kaya bab ing dhuwur iku rekane mangkene: ing sadurunge mêtu ing kalangan, angguntingana dluwang dhisik, kira-kira saraup, upama 3 warna: abang biru putih, gêdhene guntingan dikira-kira aja gêdhe-gêdhe, dluwang mau nuli lêbokna lêngêne klambimu kang têngên. Sawise mangkono nuli mêtu karo nyêkêl kawat 2 kilan dawane, diobat-abitake nganggo tangan têngên, prêlune kanggo samudana, supaya tangan têngên bisa nêkuk mandhuwur, dadi dluwange ora wutah lan sing nonton ngira manawa dluwang ora ana jêro lêngên. Sawise têkan kalangan, nuli anjupuk dluwang 3 warna kang wis disadhiyakake upama ana meja. Dluwang iki disunduki lan nuli diobong, ing kono sing nonton saya ngandêl manawa kawat mau gêdhe gawene, awit tanpa kawat uga kêna. Dadi mung kanggo tutup wadi.

Sawise dadi langês, kawat dicêblokake, langês dirêmêt, karo mubêng-mubêng sawatara suwene, nuli muni: in, twè, dri, tangane têngên nuli diubêngake, wis mêsthi bae dluwang padha runtuh, pating klêpyur apik. Anggone ngubêngake sing nganti tuntas, kariya mung sawatara, mêsthine ya mung dikira kapinujon kacêmplung lêngên. Wis cukup mung iku.

Iki gampang bae ora ragat, mara jajalên, nanging poma klambimu kang ămba lêngêne, upamane jas.

Bocah Pare: Sunarka.

Dolan-dolan Nuju Liburan

Jamane nuju mlèsèd, lumrah sabên uwong padha rêp ngirid butuh. Wong kang yèn nuju mangan kaduk iwak, rada disuda. Ana kang pangiride sarana nyuwèkake pamamahe iwak, awit suwening pamanah mau dianggêp sawijing tindak pangirid. Kabèh mau bênêr.

Saiki nyritakake Dèn Sastra, kuwi kêgolong priyayi rada ana, sugih anak.

--- 182 ---

Yèn nuju liburan, mrêlokake dolan karo anake, prêlu kanggo ambêbungah bocah.

[Grafik]

Adate yèn dolan-dolan mau nunggang taksi, milih sing brêgas, banjur mubêng-mubêng, mêngko lèrèn ana resturan. Suwe-suwe anak-anake padha matuh, samăngsa dijak lungan, yèn ora nunggang taksi, banjur padha rèwèl.

Barêng jamane rada owah, yèn lungan trima nunggang dhokar. Suwe-suwe disuda manèh.

Dèn Sastra atine saya ngêcêcês, nanging anggone dhêmên ambungahake anak ora owah. Mung sarèhning arêp nindakake wragad sathithik, anake mung arêp dijak dolan dharat bae.

Sawiji dina, ing wayah esuk anak-anake Dèn Sastra wis padha digugahi, kăndha arêp padha dijak dolan. Wah, barêng bocah-bocah krungu dikandhani mangkono mau banjur pating brubut padha dandan, sauwise rampung padha budhal.

Sakawit bocah-bocah padha ngajak nênunggang, nanging bapakne pancèn anjarag arêp ditokake ing dalan sêpi, karêpe arêp dijak dolan mênyang padesan. Suwe-suwe bocah-bocah mau iya banjur padha kalalèn, malah banjur padha ketok bungah, akèh rêrupan kang durung diwêruhi.

Barêng anak-anake wis padha aring lan ketok bungah, banjur ditakoni: Sênêng ora, cah.

Bocah-bocah padha mangsuli barêngan: Sênêng, sênêng. Dalah sing isih pelo iya muni: Cênêng.

Ana sing muni: Ana kae wêtêngku ngêlèh.

Ing kono Dèn Sastra banjur ambukak buntêlan, isi panganan warna-warna, marêgi lan gawe waras. Wah, kabèh padha ketok sênênge.

Barêng wis wayah awan, bocah-bocah padha arêp dijak mulih. Nanging bocah-bocah padha gêla, malah ana sing muni: Aku êmoh mulih, pak, aku krasan. Barêng ana siji sing muni ngono, bocah liyane ya muni: Krasan, krasan.

[Grafik]

Batine bapakne: Bocah iki durung ngrêti jaman malèsèd, wêruhe mung arêp sênêng-sênêng. Nanging wusanane iya banjur padha mulih.

Dadi mungguh tinêmune, kasusahan lan kabungahan iku tinêmu ing ngêndi-êndi.

--- 183 ---

Sarija Têngga Pêksi wontên Sabin

[Mijil]

Nuwun Rama Sêbul kang nglênggahi | Taman Bocah manggon | kaparênga matur ing ngarsane | aparinga kang aksama mugi | mring kula puniki | lare ingkang cubluk ||

namung saking dêrênging kang ati | kêdah badhe mrojol | têmbang Mijil gampil têmbungane | nêmbe punika kula angrakit | namung kangge nglantih | sagêda sêmpulur ||

tangèh lamun sagêda ngiribi | pra sarjana jêmpol | taksih cecrekan cara pêksine | nadyan wontên kănca angèsêmi | botên badhe isin | kula nampi catur ||

sarwa kithal têmbunge katawis | tansah pating brênggol | sukur bage ing têmbe wingkinge | kadumugèn sagêd angèmpêri | para ingkang wasis | lan ingkang pinunjul ||

kacariyos nuju panèn bêlik | wontên lare anom | pun Sarija mênggahing wastane | griyanipun ing dhukuh Gêdari | sabên dintên mêsthi | rencang bapakipun ||

dhatêng sabin mikul goprak dêling | mlampah alon-alon | katitik yèn sênêng ing atine | nyawang mrika-mriki lan anyambi | ura-ura lirih | sarèh lakunipun ||

dumadakan kêpanggih lan Sali | nuntên jawil takon | mênyang ngêndi bocah bagus kowe | dene esuk-esuk wis ngêcuwis | Sarija mangsuli | arêp tunggu manuk ||

gênti kowe Din arêp nyang ngêndi | aku gênti takon | mênyang pasar arêp tuku kare | sing wis suwe ya tak impi-impi | wah thik nyamlêng kuwi | bangêt pengin aku ||

ayo padha pisahan saiki | aku menggok ngalor | sampun dugi ing sabin dununge | pun Sarija blasak angubêngi | kathah pêksi sami | nêdha pantunipun ||

prak, prak, prak, prak, goprak dipun titir | pêksi mibur mak brol | e dudu mênus si êmprit kowe | gawe susah ora uwis-uwis | mêngko ngati-ati | hlah holup, hlah holup ||

ayo kănca padha anglungani | kêtiwasan mêngko | sida kêcêkêl manungsa kae | ora wurung bakal dipatèni | bilai nêkani | e la sida kojur ||

pêksi êmprit sami mabur têbih | pun Sarija alok | lah minggata si pênyakit kowe | wis bêcike lèrèn dhisik iki | kalekaran ngisis | anèng jêro gubug ||

silir-silir angine sumribit | sinambi sêsêndhon | ora suwe têka kirimane | sêga abang nganggo sambêl krambil | karo jangan bêning | saiba sênêngku ||

wontên gubug Sarija alinggih | nyawang ngetan ngulon | mrika-mriki pantun sampun jêne | kathah tiyang jalêr lawan èstri | sami ani-ani | katingal asêngkut ||

wontên ingkang sawênèh drêmimil | sinambi gêguyon | mratandhani yèn bungah atine | tan rinaos bêntèr sayah ngêlih | kangge srana murih | sagêda nglêlipur ||

datan dangu biyungipun ngirim | sarwi anggêgendhong | sêkul lawuh lan srêbat wedange | dugi sabin sadaya tinampi | dening Sarija glis | lan bingahing sêmu ||

ing wasana kula nyuwun mugi | sadaya pra maos | taman sêpuh lan ing taman lare | maringana gunging pangaksami | sarta matur ugi | nuwun rama Sêbul ||

Sucitra, Banyudana (Bayalali)

--- 184 ---

Rukun Olèh Gawe

Candhake Kajawèn nomêr 87

6. Tumandang gawe, luwak mati.

Luwak jumêdhule saka pandhêlikan kaya buta kêluwèn, dhasar nyata mambu jago kang awake anggajih, mula anggone gidro-gidro karo ngilêr, saka bangêt anggone kapengin.

Lakune luwak kaya bingung, awit sajêroning ngomah wis pêtêng, unine: Anggonku tangi mau wis kêsorèn, iki wis pêtêng têmên. E, tak nyumêt diyan dhisik. Êrèke iki mau ana ngêndi, ta. Yake dianggo dolanan bocah. E, coba tak golèk gêni mênyang pawon bae.

Luwak banjur mênyang pawon, arêp golèk gêni. Kocapa êndhog wukan kang ana jêron awu, barêng ngrungu lakuning luwak, banjur tata-tata. Ora suwe luwak têka, mara mênyang luwênging pawon, wêruh ana awu mumbruk, dikira urug-urugan gêni, banjur didamoni, raine mèh têmèmpèl awu. Êndhog banjur ngêdên sarosane, yèn cara uwong: andamoni, mak bul, awune ambyuk mênyang raine luwak, mata loro kêbak awu.

Luwak mundur karo sambat: Adhuh mati aku, mataku klêbon awu kabèh. Sawise ngono luwak banjur mlêbu ngomah, arêp linggih ngambèn. Lagi mak pêthingkring linggih ngambèn, dom banjur marani nocog sarosane, nalika arêp nocog nganggo muni: in, twe, drik, barêng têkan drik, dibarêngi nocog mak cèprêt. Luwak anjola karo sambat: Atho biyung, bokongku kêtumbak. Luwak têrus kêkitrang mlayu mênyang jaba karo muni: Adhuh, luwak mangan lampês, awak lagi apês.

Dom kang isih kêkanthil ana ing bokong anjêgigik karo muni: Ihik, awake dhewe kok digawe parikan.

Watu kang ana ngêmpyak barêng wêruh luwak mêtu banjur mapagake, êndhas luwak diêntêbi, prês, sanalika pêcah, luwak mati ngênggon. Watu calathu: Ta, gene mung sêmono, ayo tangia.

Dom nyambungi, suwarane cumlêring: Aku sing nyogok.

Watu krungu suwarane dom mau kagèt, nganti anjumbul, wusana clathu: Kowe mau ana ngêndi dom.

Dom: Aku anjiwiti bokong, luwak banjur mrene.

Ora suwe êndhog têka, lakune alon bangêt, ambune brêng-brêngan, watu banjur ngêruh-êruhi: Kowe saka ngêndi êndhog, lan sababe apa dene awakmu mambu.

Êndhog: Aku mau sing nglilipi awu matane luwak, la kuwi raine isih gabul. Nanging katiwasan watu, saka bangête anggonku ngêdên, awakku nganti bênthèt, mula mambu.

Wis ta anaa kene dhisik karo si êdom, aku tak ngundang si jago. Watu banjur gumlundhung, gludhug, gludhug, mlêbu ngomah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


ngantos. (kembali)
kadosdene. (kembali)
Trêkadhang. (kembali)
raosipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: năngka angsale atêbih. (kembali)
kalihan. (kembali)