Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-30, #763

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-30, #763. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-30, #763. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 96, 1 Ruwah Dal 1863, 30 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1509] ---

Ôngka 96, 1 Ruwah Dal 1863, 30 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Venisia Itali - Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta - Gupêrnur Enggal ing Ngayogyakarta - Kongguru - Wêdharan Bab Pasugihan - Ajênging Kagunan - Bab Andamêl Tempe Kêdhêle - Bab Pulisi Èstri - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Venisia Itali

[Grafik]

Gêdhong San Marco ing Venisia kitha Itali.

--- 1510 ---

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta, ing Taun 1870 dumugi 1915

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.

Kamantrèn Andesraya, arsitèk majibi yêyasan gêdhong sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksawahana, majibi sawarnining titihan, kapal kareta sasaminipun.

Kamantrèn Rêksawarastra, majibi kagungan dalêm pusaka dêdamêl ingkang sinêbut kyai.

Kamantrèn Rêksabusana, majibi agêm-agêman dalêm.

Kamantrèn Rêksapustaka, majibi sêrat-sêrat.

Kamantrèn Tarulata, majibi têdhan kapal, sukêt sapanunggilanipun.

Kamantrèn Subapandaya, majibi sawarnining pangunjukan, sês sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksasugata, sêpèn, majibi olah-olah dhaharan.

Kamantrèn Rênggasasana, majibi sawarnining pêpasrèn, palênggahan sasaminipun.

Kamantrèn Rêksapradipta, tukang lampu, majibi sawarnining dilah.

Kamantrèn Langênpraja, golongan bêksan, wirèng, ringgit sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksabaksana, majibi sawarnining têdha tumrap abdi agêng alit.

V. Namaning Yêyasan Enggal.

Sajumênêng dalêm kaping IV ugi kathah yêyasan gêdhong-gêdhong, bangsal-bangsal sapanunggilanipun sami kaparingan nama enggal, kados ta: purwasana, gêdhongipun para putra kakung ingkang taksih timur, manggèn pêngkêran sisih wetan. Pracimasana, gêdhongipun para putri dalêm, manggèn pêngkêran sisih kilèn. Dirgasana, gêdhong panjang bêbanjêngan inggil sungsun kalih, perangan nginggil kangge kantoran pêpatih dalêm parimatan tuwin nindakakên lêbêt wêdaling arsa kas nagari sapiturutipun sabên dintên, manggèn sawetan pandhapi agêng. Balepèni, kagêm kantoran dalêm padintênan, manggèn sawetan paringgitan. Balewarni, kagêm lêlangên kalênengan sapanunggilanipun, manggèn sakilèn paringgitan. Bausasra, pawon agêng sajawining pawon pêngkêran, kangge rêrakit têdha cadhong padintênan tuwin pasamuwan bilih wontên damêl. Kartisana, gudhang agêng parimatan barang-barang pirantos iyasan warni-warni, manggèn sajawining cêpuri iring kilèn amung iyasan dalêm gêdhong drahgundêr sarta sêtabêl piyambak ingkang botên kaparingan nama têmbung Jawi, nanging kanamakakên sarta mawi sêratan aksara Walandi mungêl: Kapalêri, artilêri, kangge gêdhong kapal, mariyêm dalasan dêdamêlipun, manggènipun ing pamedan ngajêng Pura Mangkunêgaran iring wetan, panggarapipun watapis[1] nêm wulanan laminipun sawêg rampung, babaripun wontên ing taun 1874.

--- 1511 ---

VI. Bab Pangadilan.

Wêkdal samantên bêbadan pangadilan Mangkunagaran punika wontên tiga. 1. Pangadilan kasatriyan, mligi namung nindakakên utawi ngurus prakawis tumrap santana dalêm, kantoranipun wontên ing Prangwadanan, sawetan kantor dirgasana kasêbut nginggil. 2. Pangadilan pulisi. 3. Pangadilan pradata, pasowananipun ing bangsal balemangu, manggèn satêngahing pamedan cêlak regol agêng ngajêngan sisih kilèn. Putusan prakawis pulisi wontên rol, dipun pangarsani asistèn residhèn. Putusan prakawis ing pradata wontên bangsal balemangu blak-blakan kemawon, dipun pangarsani bupati pêpatih dalêm, lidipun para wadana kaliwon, sadaya namung sami lênggah lesehan.

[Grafik]

Gêdhong Pracimasana.

Pranatan prakawis sipil kapisambut, jaman samantên tiyang dipun gugat prakawis bab sambut, bilih botên sagêd nyaur putusanipun dipun kunjara, sabên sambutan f 50.- kinunjara laminipun sawulan, sambutan sampun sah botên kenging katagih malih. Nanging ingkang ngingoni nagari, dede ingkang gigat utawi nyambutakên.

Sawatawis taun bangsal balemangu wau karembak, lajêng iyasa bangsal enggal nama bangsal trisana ugi taksih blak-blakan, bangsalipun jajar tiga majêng mangetan. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1512 ---

Gupêrnur Enggal ing Ngayogyakarta

Tumrap ing Ngayogyakarta tuwin Surakarta, jumênêngan gupêrnur punika, katingal langkung pinahargya (manawi kala rumiyin residhèn), wontênipun makatên, amargi ing praja kêkalih wau sami wontên natanipun tuwin pangeran adipati agêng, dados tumraping praja kêkalih wau, satunggal-satunggalipun wontên natanipun kêkalih, ingkang sami mêngku praja piyambak. Manawi kapiridakên kawontênanipun praja, pangastaning pusara tamtu awrat.

[Grafik]

Makatên ugi tumrap satunggal-satunggaling karajan, kawontênaning pangagêng praja wau inggih tansah pinèngêtan wontên ing buku nitik karaton, ingkang badhe botên kasupèn ing salami-laminipun.

Ing ngriki badhe nyariyosakên cêkakan ing bab jumênêngan gupêrnur enggal ing Ngayogya. Wiwit wontên pawartos badhe kèndêlipun Paduka Tuwan P.R.W. Geseler verschuir, gupêrnur ing Ngayogya, lajêng wontên pawartos ingkang badhe anggêntosi. Sakawit pawartos wau warni-warni, dados sawêg mêdal saking pangintên-intên, nanging dangu-dangu lajêng gumathok, bilih ingkang badhe anggêntosi H.H. Cock, resident ter beschikking gupêrnur Jawi Wetan ing Surabaya.

Kala tanggal 7 Nopèmbêr kapêngkêr, kalampahan Paduka Tuwan H.H. Cock sakalihan sampun rawuh ing Ngayogyakarta. Sadumuginipun ing sêtatsiun Ngayogya dipun papag dening para pangagêng nagari. Sasampunipun têtabikan kalihan para ingkang mapagakên, lajêng bidhal dhatêng gupêrnuran.

[Grafik]

Enjingipun kawontênakên pahargyan pasrah-pasrahan padamêlan praja, dipun jênêngi dening para pangeran saking Kasultanan tuwin pangagênging kadipatèn Pakualaman, militèr komandhan dalah para upsiripun, pêpatih dalêm nata, para bupati tuwin para priyantun sanès-sanèsipun, makatên ugi para Walandi parkêlir.[2]

Sarampunging prêlu tuwan gupêrnur sowan malêbêt karaton tuwin dhatêng Pakualaman.

Têtêpan gupêrnur enggal punika, tumraping wêwêngkonipun, nama amanggih pangrèh enggal. Mênggahing pangajêng-ajêng namung mêmuji, mugi angayêmana dhatêng sadayanipun.

--- 1513 ---

Jagading Sato Kewan

Kongguru

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat cêcariyosan ing bab kewan ingkang nama kongguru, nanging namung cêkakan. Mila ing ngriki prayogi nyariyosakên sawatawis, murih kauningan ing para maos.

Kongguru punika sajatosipun kewan ing tanah Ostraliah tuwin kapuloan sakiwatêngênipun, sanès kewan ing tanah ngriki. Nanging tumrapipun bôngsa Jawi inggih sampun kathah ingkang sumêrêp, sumêrêpipun wau kajawi wontên ing gambar-gambar, ugi nate nyumêrêpi dipun bêkta ing tiyang kumidhi. Dene kewan wau limrahipun namung dipun pitongtonakên makatên kemawon, botên dipun mainakên, amargi kongguru wau satunggiling kewan ingkang botên sagêd anjilma. Jalaran saking wujud tuwin saking lampahing kewan, tiyang Jawi lajêng sagêd namakakên piyambak, dipun wastani kêdhongklang, kintên-kintên kapiridakên saking anggènipun lumampah kêdhingklangan.

Pinanggihipun wontên ing tanah Ostraliah, kewan wau kapetang dados amaning tanêman, anêdhani gêgodhongan utawi pala kêpêndhêm. Ing kalanipun nêmpuh têtanêman rikat sangêt, sakêdhap kemawon sampun andadosakên karisakan agêng.

Rekadayanipun têtiyang ingkang sami karisak tanêmanipun, anggèning nanggulangi sarana dipun sanjatani, wontên malih sarana dipun jaring, dene ingkang kathah namung dipun sanjatani punika. Nanging mênggah kongguru wau, tumraping tiyang botên wontên damêlipun punapa-punapa, amargi ulamipun botên eca, wacucalipun botên kapetang golongan adi. Dados pigunanipun, namung manawi sagêd kacêpêng gêsang, kenging dipun ingah kangge aneh-anehan. Wontênipun namung karekadaya makatên, amargi kongguru ingkang kaingah gêsang, punika botên kalap ing damêl punapa-punapa tur kêsit sangêt. Purunipun lajêng miturut manggèn ing kandhang, jalaran saking kêpêksa, tuwin sampun kêsayahên saking anggènipun gronjalan nêdya oncat.

Sayêktosipun tiyang badhe ngangkah nyêpêng kongguru gêsang-gêsangan, punika angèl sangêt, lêrês kongguru punika mripatipun kêgolong botên awas, nanging têngèn sangêt, sabên mirêng krusêk sakêdhik kemawon lajêng oncat, dene kesahipun wau botên malajêng, namung mancolot. Pancolotipun kongguru punika inggil tuwin bablas, sapancolotan têbihipun ngantos sagêd kawan mètêr. Mriksanana gambar. Mila awis tiyang sagêd nututi pancolotipun, sanadyan sagawon pisan, awis ingkang sagêd ambujêng.

Tata gêsangipun kongguru punika nyata saking kamirahaning Pangeran, awit manawi mirid saking sukunipun sakawan, ingkang kangge damêl namung kalih, suku wingking [wing...]

--- 1514 ---

[...king] kalih, tumrap sukunipun ngajêng botên kangge punapa-punapa, awit namung alit, wujudipun kados suku thekle, botên nate kangge tumapak, manawi kongguru wau kèndêl, patrapipun kados tiyang linggih, sukunipun ngajêng dipun gantung. Dene dununging kêkiyatan, kajawi sukunipun wingking agêng, ugi dipun biyantu ing buntutipun ingkang sakalangkung agêng. Agênging buntut wau kadosdene tuwak, lan ugi dados pirantos anduwa pancolotipun, mila sagêd bablas. Lan anèhipun malih, kewan wau manawi tilêm mangkurêp, buntutipun katalêsêpakên wontên sangandhaping badan, prêlunipun manawi wontên punapa-punapa lajêng sagêd anduwa tumuntên.

[Grafik]

Kongguru punika manawi gadhah anak, sasampunipun lair, lajêng sumèlèh wontên ing kanthong, dados lajêng manggèn wontên ing sajawining wêtêng. Dhumawahipun wontên ing wadhah ngriku dèrèng sampurna, nanging salajêngipun sagêd ngantos agêng, sawêg mêdal sampun sagêd pêplajêngan. Ing salêbêtipun wontên wadhah wau, cangkêming anak tansah tumèmpèl ing panthiling biyung, pangombenipun botên sarana nêsêp, nanging tansah kilèn wêdaling toya susu piyambak. Tumrap ingkang dèrèng sumêrêp, sintên ingkang ningali wujuding gambar punika, tamtu gumun, kakintên kewan punapa, awit manawi mirid anggèning wontên ing gêgana, pantêsipun bangsaning ibêr-ibêran. Dene sajatosipun, inggih kongguru wau, jalaran saking inggiling lumpatipun, ngantos katingal kados mabur.

Kados makatên tata gêsangipun kongguru.

--- 1515 ---

Wulang Sae

Wêdharan Bab Pasugihan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.

Sapunika dumugi ing pangrêmbag jaran panolih, saking kojah manawi sêkarat têmtu ambêgingèh sarta pêjahipun sirah dados kèngêr, punika sayêktosipun ugi namung wiraosan, botên kok nyêdir dhatêng kapal, punika lêpat, lêrêsipun mêndhêt pêpiridan tiyang sami dene tiyang. Cêkakipun wontên dêdongengan tiyang jaman kina, ingkang nama: Jaran Panolih, punika misuwur anggènipun gadhah wêwatêkan awon, dados caraning samangke: jêmpol, nanging jêmpoling awon, larasipun kados punika.

Kantun nyuraos bulus jimbung, punika inggih lugu candhala panyamah (ngasorakên) cêkakipun wontên tiyang sugih dumadakan gadhah sêsakit bêlang, watakipun tuwin lampahipun ugi awon, punika sok dados raosan: wong pasugihane bulus jimbung, suraos nyamah, sabab bulus ing Jimbung, baku bêlang-bêlang sayêktos, punika saking kawakipun, pramila agêngipun ugi angedap-edapi. Dados pasugihan bulus jimbung maksud dhatêng kêkiyasan. Dene wontên kojah: nèk sakarat gulung koming nyang pacêrèn, punika maksudipun: tiyang ingkang botên limrah tiyang, manawi pêjah nistha, botên linayat tiyang ingkang para luhur utawi tôngga têpalih. Gampilipun asring dipun gulawênthah mawi kuli, sabab botên wontên tiyang wêlas (sudi). Dene wontên kojah samôngsa bêlang sampun dumugi ngirung, punika cariyosipun sampun mangsanipun badhe kairid dhatêng ing Jimbung (cêlak kitha Klathèn). Iyak punika andupara sangêt, cêkakipun makna: pangala-ala ingkang sangêt.

Samantên mênggah dunungipun pasugihan kintên kula sampun cêkap, sapunika kantun ngraosi dumadosipun pitêmbungan wau, o, punika gampil angèl, gampilipun bôngsa kula Jawi punika ahli sangêt dhatêng wirasat (prêsêmon) punika sampun misuwur ing jagad, sabab sêrat-sêrat kina sampun nelakakên, pinanggihipun para mangudi kawruh sami nêtêpakên manawi cultuur Jawi sampun inggil (luhur) emanipun pinanggihipun ing samangke têka asor drajatipun. Lo punika sampun kagèt, gampilipun jaman cultuur sampun kapêngkêr. Pramila sampun cuwa ing panggalih nututi gêsanging jaman samangke. Gêsang jaman samangke ngajêngakên kasarasaning badan. Dados bêtahipun inggih namung barang kasar-kasar, bêbasan rêbatan sêga sapuluk dipun tohi nyawa. Punika tumrap raos kêjawèn baku botên cocog, pramila bab kawontênanipun tindak jantraning gêsang ing samangke kula sumanggakakên dhatêng ingkang kawogan. Margi kula rumaos cupêt ing kawruh, tuna ing budi, pramila angêgungna pangaksama kemawon.

Sumadi, Pangarasan.

--- 1516 ---

Bab Kagunan

Ajênging Kagunan

Saya dangu ajênging kagunan ing tanah ngamônca saya katingal linangkung, pinanggihipun wontên ing tanah ngriki, ingkang dipun sumêrêpi ing ngakathah sampun warni-warni sangêt. Satunggal-satunggaling kagunan wau ajênging gagrakipun, têtiyang ing jaman sapunika kathah ingkang sami nyumêrêpi. Kados ta:

Bab gambar, rumiyin tiyang sampun anggumuni dhatêng tiyang sagêd anggambar (motrèt), wujudipun têka sagêd plêk, nanging kala samantên inggih nama dèrèng sapintêna. Dangu-dangu saya mindhak-mindhak, lajêng sagêd dados gambar idhup, ing sapunika dumugi gambar sagêd wicantên.

Bab dilah, mindhak-mindhakipun ngantos dumugi dilah èlèktris. Sontan-santuning gagrag bab dilah punika inggih warni-warni sangêt.

Bab tilpun, punika inggih tansah mindhak-mindhak, rumiyin kalanipun sawêg wontên tilpun enggal-enggalan, sanadyan suwaranipun taksih krêsêk-krêsêk samar, nanging têtiyang sampun sami gumun. Dene lêting tiyang ingkang wicantên samantên têbihipun, têka sagêd mirêng, suwaranipun rambatan turut kawat. Dangu-dangu pirantosipun saya sampurna, tiyang tilpun sagêg dumugi nagari têbih-têbih, dipun wastani intêrlokal. Wah, kala samantên gambiraning manahipun tiyang ingkang sagêd tilpun, tanpa upami, upaminipun saking Batawi dhatêng Surabaya, namung sakêdhap sampun dumugi. Saya anggumunakên malih manawi bab wau dipun gagas dening tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, têbihipun Batawi kalihan Surabaya, lajêng dipun etang kanthi ukuran lumampah dharat, tamtunipun inggih ngêlangut sangêt. Wusana malah lajêng wontên tilpun tanpa kawat, punika saya mêgah-mêgahakên.

[Grafik]

Ewadene bab tilpun wau sanadyan sampurnanipun kados makatên, tiyang mêksa taksih gêla, amargi suwara punika sagêdipun angyêktosi dhatêng ingkang gadhah suwara, namung manawi sampun kulina. Dados saupami badhe prêlu wicantênan kalihan satunggiling tiyang, taksih kenging dipun apusi, [a...]

--- 1517 ---

[...pusi,] sarana akên-akênan. Wusana bab kados makatên punika ing sapunika sampun kasêmbadan. Dados saupami tiyang badhe nagih sambutan lumantar tilpun, môngka ingkang nampèni tilpun kalêrês tiyang ingkang dipun tagih, inggih kantun ngacungakên tangan kemawon, tiyang ingkang dipun tagih botên sagêd selak malih. Makatên ugi tumraping tiyang ingkang badhe pêpanggihan kalihan mitra, inggih sagêd pêpanggihan. Mriksanana gambar.

[Grafik]

Bab tumpakan, ingkang kina piyambak tandhu, mindhak-mindhak ngantos dumugi mêsin mabur. Têtumpakan mêsin mabur wau pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun onjo piyambak, bab rikating lampah botên wontên ingkang nyamèni. Nanging wantuning kagunan punika tansah kaudi, caraning pangudi inggih botên kêndhat-kêndhat, kadosdene Prof Picard ngudi badhe nyampurnakakên ing bab lampah anggêgana, sampun sagêd nyobi anggêgana ingkang inggilipun sampun sagêd 16.000 mètêr, salajêngipun taksih dipun udi langkungipun sampurna malih. Dene wigatosipun kangge sarana ngudi kawruh.

Bab anggêgana sampun katingal kados ingkang kacariyosakên wau. Ing sapunika ing bab ambêlês sadhasaring sagantên. Satunggiling tiyang ahli nama Prof. William Bebee, sampun angadani damêl pirantos kangge silêm dhatêng sadhasaring sagantên. Pirantos wau waja adhadhapur bundêr, kandêlipun 1 1/2 dim. Wujudipun mriksanana gambar, Prof. William Bebee ingkang têngên.

Pirantos wau kalampahan sampun kacêmplungakên ing sagantên Atlantik, Prof. William Bebee wontên ing nglêbêt. Pirantos wau mawi dipun kanthèni tilpun, dipun gandhèng kalihan kapal ingkang ambêkta, prêlu kangge suka pawartos dhatêng kapal, salajêngipun kawartosakên dhatêng New York sarana radhio.

--- 1518 ---

Nalika silêming pirantos dumugi 700 mètêr, Prof. Bebee nyariyosakên, ing nglêbêt sagantên sakalangkung pêtêng, dening botên kasorotan srêngenge. Nanging kewanipun ing ngriku sami gadhah cahya kadosdene konang. Kewan-kewan wau sami ngrubung pirantosipun Prof. Bebee. Sadumuginipun ngriku, pirantos wau sangêt anggènipun gêtêr. Kajêngipun badhe ambêlês malih ngantos 1000 mètêr, nanging botên sagêd, jalaran pirantosipun kalêbêtan toya.

Sanyata bilih kagunan punika tansah saya majêng. Dene mênggahing nalar, sanadyan ing tanah ngriki punika têbih saking tanah ngrika, kintên-kintên inggih badhe katularan.

Jagading Wanita

Bab Andamêl Tempe Kêdhêle.

Ingkang winastan tempe punika para maos tamtu sampun sami priksa. Ing sarèhning sapunika sampun jamanipun angirid, pandamêlipun lêlawuhan dhêdhaharan inggih kêdah angirid. Tempe punika mênggah kangge lawuh dhahar inggih sampun kenging winastan madya, punapa malih yèn tumrapipun para ingkang ahli anyêgah ulam ambêkan kenging winastanan ingkang miraos piyambak.

Ing sajatosipun, tempe kêdhêle ingkang murni punika raosipun gurih tur sagêd katandho ngantos tiga utawi sakawan dintên, sarana kaêlèr. Ananging yèn kacampuran sanèsipun (adhakan kacampuran ampas tahu), punika sok botên kenging katandho. Kasèp pangolahipun sadintên sadalu kemawon lajêng bosok. Bakul tempe punika sok wontên ingkang purun anyampuri tempenipun, jalaran ingkang tumbas sok pados ingkang mirah, ingkang sade pados bêbathèn, punika sampun tamtu makatên tindakipun. Bilih angèngêti tempe ingkang murni saha sae panggarapipun, sagêd katandho tiga sakawan dintên, para priyantun ingkang karêm dhatêng tempe kêdhêle langkung prayogi andamêl piyambak. Kajawi punika, sok sintêna tiyangipun ingkang nêdya damêl tempe sagêd anindakakên. Sajatosipun para bakul tempe yèn kapitakenan caranipun andamêl tempe sok botên purun anêdahakên, jalaran ajrih yèn dipun jori. Ananging ing sarèhning bab andamêl tempe kêdhêle punika ugi winastan sêsêrêpan, prêlu ugi kasumêrêpan ing ngakathah.

Pirantosipun bilih badhe andamêl tempe sagantang punika, kados ta: blèg lisah patra kalih iji, kukusan agêng satunggal, cêpon (tompo utawi rinjing) satunggal, tambir (tampah agêng) satunggal, siwur saha solèt dêling.

Blèg lisah patra punika satunggal kangge anggodhog kêdhêlenipun, dene satunggalipun kangge amadhahi asêmanipun.

Kukusan punika kangge anyaring toya asêman.

Cêpon kangge anggilês.

--- 1519 ---

Tampir[3] kangge angêlèr krècèk (krècèk punika kêdhêle sampun kagodhog, kaasêman saha karagenan).

Siwur saha solèt dêling kangge angudhak.

Sasampunipun pirantos punika pêpak lajêng tumbas kêdhêle têrus kagodhog ngantos matêng, ananging botên kenging kêtanêkên, yèn ngantos kêtanêkên, bilih kagilês lajêng rêmuk. Godhogan kêdhêle punika lajêng kakèndêlakên ngantos anggadhahi raos kêcut (limrahipun watawis tigang dasa nêm jam), toya ingkang kangge angrêndhêm kêdhêle ingkang ngantos kêcut punika winastan asêman. Bilih sampun anggadhahi toya asêman punika, pangrêndhêmipun kêdhêle ingkang kagodhog kaêsokan toya asêman (anggènipun ngêsokakên asêman sasampunipun asrêp) kêcutipun langkung enggal, inggih punika kalih wêlas jam. Kêdhêle ingkang sampun raos kêcut wau lajêng dipun wadhahi ing cêpon lajêng kagilês (panggilêsipun las-lasan ngantos sami pêcah) sarampunging kagilês lajêng dipun pususi ngantos rêsik (ical ilêripun). Badhe kasambêtan.

H.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pulisi Èstri

II.

Garèng : Ambalèni rêmbuge lagi dina Sabtu kang kapungkur, Truk, aku pancène iya mula mupakat, saupama ing kene dianakake pulisi wadon, mung bae iya aja pulisi sing kanggo jaga dalan, awit kiyi, nèk ora kabênêran, ora kok banjur agawe têntrêming dalan, nanging rak malah bisa uga agawe ora karu-karuwan, jalaran si supir motor, kusir dhokar, suradhadhu baris, cêkake kabèh sing padha ngambah ing dalan kono, rak banjur tansah ora kobêr andêlêng ing ngarêp, nanging tungkul anyawang... mas ajêng upas. Hara, apa iki ora luwih angrugèni katimbang bêgêblug... pitik upamane.

Petruk : Wiyah, le ora mèmpêr mêngkono, Kang Garèng kiyi, ana yèn wong wadon sing didadèkake upas dalan, têka prasasat diarani yèn luwih angrugèni katimbang bêgêblug pitik, lo, kiyi rak ora gathuk babar pisan.

Garèng : Hla, kiyi rak pikiranamu sing bundhêl kuwi, banjur angarani yèn ora gathuk, nèk timbanganaku, wah, gathuk pisan. Kowe wêruh dhewe, Truk sapira rugine wong sing padha ngingu pitik kalane ana bêgêblug pitik, esuk, sore, bêngi, subuh, luhur, asar, magrib, isa, cêkake tanpa môngsa anggone pitik-pitik padha: thêk, klêsêt, thêk klêsêt. [klêsê...]

--- 1520 ---

[...t.] Sanadyan iki rugine mêsthi ora sathithik, nanging rak mung mandhêg nyang wong-wong sing ngingu pitik, sing karêm nyang iwak pitik, lan ana ing pitik-pitik bae. Balik wong wadon didadèkake pulisi dalan, nèk ora kabênêran bisa nuwuhake... kiyamat. Jalaran, nèk ora kabênêran, saka anggone kêtungkul anyawang... mas ajêng upas mau, rak bisa kalakon, nèk cara unèn-unèning main bilyarêt, padha karambol, nanging dudu bal karo bal, sing karambol (bênthukan), kuwi motor lan dhokar, dhokar lan grobag. Hara, apa iki ora rugi bêsar bae, durung karambole: Pak Krama karo Bok Krama, sinyo Hèndrik karo Nonah Mari...

[Grafik]

Petruk : Wis, wis, wis, kok banjur saya anggêdabrul mêngkono. Nèk mungguh timbanganaku, kaya-kaya wis mathuk, saupama sing didadèkake pulisi dalan kuwi wong wadon. Ewasamono ing sarèhne kowe ora rujuk, iya wis, aku tak ngalah. Mungguh wawasanaku, pancèn iya ana, Kang Garèng, pagaweaning pulisi sing mathuk bangêt saupama ditindakake dening wong wadon, kaya ta: pulisi sing diwajibake nunggoni parêpatan. Dhasar wong wadon kuwi umume, tandang tanduke alus, arêpa ngelikake wong-wong sing padha rêbutan lumêbu ana ing papan parêpatan, mêsthine têmbung-têmbungane iya alus, sanadyana anjorog-jorogake wong sing ora enggal nurut prentahe, têmtune nang gêgêr utawa dhadha, rasane iya ora: mak dhêg, ngêg, kaya ngrontog-ngrontogake maras kae, nanging nang ati malah mak: sir, sir, ngono kae. Apa manèh yèn nyêtop juru sêsorah, sing sêsorahe ngliwat-ngliwati watês, têmtune suwarane iya ora kasar thik, klokar-klokor sajak ngêmu brèndhi utawa jênèwêr, nanging nang kuping mêsthi iya lilêr-liyêr,[4] saya nêpsu, suwarane saya diêlikake, ana ing kuping saya cêmêngkling turut usuk. Luwih-luwih yèn sabab tansah diwancahi prentahe, kang anjalari saya jaja bang mawinga-winga, lo, kuwi ora kok banjur amêdèni wong tuwa, nanging malah saya mêrak ati...

--- 1521 ---

Garèng : Hla, kiyi rak malah saya gawe ora urus babar pisan. Luwih manèh kanggone para jurnalis, sing umume papan palungguhane ora adoh saka pulisi, kang diwajibake nunggoni parêpatan mau, anggone gawe pêrslah nyang korane rak bisa saya nyilakani sing gawe sêsorah utawa gawe repot parêpatan.

Petruk : Mêngko sik, mêngko sik, Kang Garèng, kandhamu kiyi sajake kowe kayadene andakwa marang para jurnalis, yèn sok kêrêp agawe pêrslah sing ora cocog karo sing dirêmbug.

Garèng : Ora andakwa, Truk, nanging mula iya têmênan, kaya ta: nalikane P.P.P.K.I. nganakake parêpatan angrêmbug anggone arêp cancut taliwônda tumrap bakal anane ordhonansi kanggo sêkolahan-sêkolahan partikulir, lo, iki parêpatan wadi, ewasamono esuke ing salah sawijine layang kabar Walônda ana pêrslahe sing ngalênthar bangêt, nanging upama sêlikuran mono, sing dicêkêl gunggung ana 18, barêng dijalukake manèh olèh... Lônda, dadi nyêplike mung ana 7, têgêse: anggone gawe pêrslah mau rada ngalor-ngidul...

Petruk : Wiyah, kiyi jurnalise rak ora nunggoni parêpatane P.P.P.K.I mau, dadi anggone gawe pêrslah iya nyara kowe nèk sore lungguh lêngêr-lêngêr ana ing ambèn kae, banjur anggagas: Saupama aku mênang lotre aku mêsthi tuku omah gêdhong sing kiwa têngêne ana papilyune, ing omah gêdhe: êmbok tuwa, ing papilyun sisih têngên: êmbok pênêngah, ing papilyun sisih kiwa: êmbok ragil, wah uripku mêsthi pursêkot suwarga têmênan. Mêngkono uga gagasane jurnalis Walônda, sing sanyatane ora nunggoni parêpatane P.P.P.K.I. mau, kuwi mangkene: saiki parêpatan P.P.P.K.I sing dirêmbug bab iki, adêge mêsthi mêngkene, sing ditindakake bakal mêngkono. Dadi pêrslahe mau mung mêtu saka utêking yu yu dhewe bae, mulane iya banjur rada ngalor ngidul. Nanging iki ora kêna yèn banjur kok padhakake karo pêrslah ing jurnalis sing pancèn nunggoni parêpatan, dupèh lungguhe ing kono cêdhak karo pulisi wadon...

Garèng : Iya, nanging si jurnalis rak bisa anduwèni gagasan: Wèh pulisi sing nunggoni parêpatan kok ngèsès, wah, gêlunge le mèphèt, wah tapihe le kanjat, wah, wirone le anjalirit, wah, slope le anjinggring, mendah nèk lumaku mêsthine: sê... blak,...sê ...blak. Wusanane lali anggone gawe pêrslah, banjur mung main antêm jakob bae. Hara, apa iki ora nyilakani parêpatan bae.

Petruk : Wiyah, wiyah, hla kuwi rak nèk kowe sing dadi jurnalis, anggêr wêruh gêlung gondhèl iya banjur lali sakabèhe, nganti têkane... nyaur utang pisan.

--- 1522 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Raja Karangasêm manggih kasangsaran. Raja Karangasêm, Bali, ingkang nuju dhatêng tanah Jawi, wangsulipun saking Surakarta lajêng dhatêng Surabaya, nalika lampahipun auto wontên antawising Malang kalihan Surabaya, autonipun numbuk grobag. Raja Karangasêm nandhang tatu sakêdhik kenging pêcahan kaca, pandhèrèkipun ugi wontên ingkang kêtaton. Sasampunipun dipun bêbêt, lajêng kondur dhatêng Bali.

Dhatênging susah punika sok tanpa antan-antan, nanging sanadyan bingah ugi makatên.

[Grafik]

Pangarsa H.B. Muhammadiyah. Tuwan Haji Hisyam, mudha pangarsa H.B. Muhammadiyah sapunika, kaangkat dados pangarsa.

Wilujêng.

Pitulungan tumrap golongan angguran. Kawartosakên, Directeur Justitie kaparêngakên dening parentah ngangge arta f 1397.18 kangge ambiyantu Eerste auto-technische cursus, tumrap para angguran neneman ing Surabaya.

Rêrigên pitulungan tumrap golongan angguran, kenging dipun wastani botên nguciwani, nanging sarèhning kawontênanipun ingkang dipun tulungi tansah gumarudug tanpa kêndhat, katingalipun taksih kirang kemawon. Nanging inggih sampun nama lowung.

Ewah-ewahan asistèn-residhèn Billiton. Kawrat tatanan enggal, ing Billiton botên dipun dèkèki asistèn-residhèn mandhiri, salajêngipun badhe kalêbêt laladan paresidhenan Bangka.

Punika satunggiling pangiridan laladan. Tamtunipun tumrap sanès panggenan ugi badhe wontên tindak kados makatên.

Juragan auto ambruk. Juragan auto ing Cirêbon ingkang misuwur, kesah nilar sambutan f 15.000 jalaran kapitunan.

Tiyang among dagang punika bêbasanipun kêdah mawi toh pati, manawi bêgja, sagêd andêrbala, manawi apês, inggih sangsara, nanging adhakanipun awis ingkang purun dhadhag, manawi dhawah apês, lajêng ngoncati. Dados mênggahing nalar, tiyang punika namung nêdya pados sakeca thok.

Bank enggal. Wontên pawartos, benjing tanggal 1 Januari 1933 ing Ngayogya badhe wontên bank enggal, saking ada-adanipun golongan Kristen tiyang siti, apawitan f 200.000 sarana nyade aandeel rêgi f 10.-

Kasêmbadaning sêdya punika pantês pinuji. Dene kasêmbadanipun wau botên sanès namung tuwuh saking karukunan.

Demo tuwin atax botên angsal papan. Demo tuwin atax ingkang mlêbêt dhatêng kitha Klathèn sami botên pajêng, amargi kêduwa saking karukunanipun para kusir, wêkasan demo tuwin atax sami angoncati.

Wohing karukunan punika manawi kalêrêsan sok anggumunakên.

Jiwa bangsa Siam ing Bandung. Pangeran Paribatra saking Siam, kanthi putri 5 tuwin abdi 9 sami têtêp manggèn ing Bandhung.

Katingalipun sang pangeran ing sapunika sampun têntrêm ing panggalih.

Kasangsaran ing rêdi Mêrbabu. Ing pucak rêdi Mêrbabu pinanggih wontên mayit tiyang jalêr anèm anyandhing buku-buku. Sarêng dipun titi, ingkang ngajal wau sawênèhing murid N.I.A.S. ing Surabaya, nama Jakawidaya asli saking Surakarta. Anggènipun minggah dhatêng rêdi punika pancèn sampun dados karêmênanipun, sabên kalamangsa liburan lajêng minggah dhatêng rêdi, malah sadèrèngipun sampun nate miggah[5] dhatêng rêdi Kêlut. Dene anggèning tiwas wau dèrèng kasumêrêpan sababipun.

Kasênêngan minggah rêdi makatên punika, pancèn botên kenging dipun paibên, awit satunggal-satunggaling tiyang punika gadhah kasênêngan piyambak-piyambak. Malah tumraping Eropa, kalêbêt dipun wigatosakên. Dene wontênipun tiwas, punika nama manggih sangkala.

Kuli dhatêng Dèli pajêng malih. Kawartosakên, kantor kuli ingkang nama Adek, tampi palilah kaparêng ngêdêgakên papan pados kuli wontên Ngaglik, Kutaarja, kanthi kontrak.

Mirid kawontênan kados makatên punika, nandhakakên bilih sampun wontên srêming-srêmingipun, ing tanah sabrang badhe wontên padamêlan. Inggih atêgês mlèsèdipun badhe sumisih. Ewadene pinanggihipun ing raos, sajak taksih nyamut-nyamut.

Sewan siti saya mlorot. Pasitèn No. 1 ing Kulonpraga, ingkang rumiyin sewanipun f 40.- sapunika namung f 25.- salajêngipun manut undha-usuking pasitèn. Sabin No. 3-4 kaangge sami.

Mandhaping sewan siti nama dèrèng sapintêna, awit nama taksih wontên ingkang nyewa, tinimbang botên. Saya malih tumrap ingkang sampun wujud pamêdal, punika botên trimah mlorod, malah sok botên pajêng. Saya mêmêlas.

Landgerecht ing Sêmarang. Wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr kapêngkêr, wontênipun prakawis ingkang kapriksa Landgerecht ing Sêmarang wontên 11.500 langkung, kintên-kintên dumugining tutup taun sagêd 14.000. Ing taun 1931 namung 10.000 prakawis.

Sarêng majêng, jêbul majênging prakawis, nanging nama majêng ugi.

Parêpatan pasar malêm. Ing salêbêtipun wulan December badhe wontên parêpatan ing bab rêmbag pasar malêm satanah Jawi, badhe ngudi murih tatanipun sagêd sami. Ingkang dados pangajêng comite Pasar Gambir.

Wah, badhenipun sawarnining pasar malêm têmtu botên nguciwani, dening tatanipun sarwa badhe sami. Sukur manawi jamanipun sagêd lajêng nocogi.

Krakatau angot. Dr. Neuman mratelakakên, Krakatau angot malih. Inggiling blêdhosanipun ngantos wontên ingkang 1000 m, lêting pambalêdhos namung 2-3 mênit. Ing sisih wetan kawahipun lami katingal kados tembok mubêng. Pulonipun katingal mindhak inggil.

E, dene botên sampun-sampun.

Sinatriya Cirêbon wungu. Jalaran saking kamajênganing jaman, para satriya kasultanan Cirêbon sami ngêdêgakên cooperatie, prêlu kangge ngiyatakên kêkiyatan ingkang sampun pangawak ringkih. Bab punika dipun biyantu dening Mr. Gatot tuwin Tuwan Otto Subrata.

Ebahing dharah Cirêbon ingkang katêmbèn punika mugi widadoa.[6]

Pêjah jalaran plêmbungan karèt. Anakipun bangsa Tionghoa ing Majalêngka, pêjah jalaran gorokanipun kalêbêtan plêndhungan [plên...]

--- 1523 ---

[...dhungan] karèt. Plêndhungan sarêng mlêbêt, lare botên sagêd ambêgan. Sagêdipun mêdal sarêng lare sampun pêjah, saking rekadayanipun doktêr.

Punika kenging kangge pèngêt para ingkang kagungan putra alit.

Pulas Jêpan. Ing sapunika Jêpan sampun nyadèni pulas bathik, rêginipun kaot 10 pCt tinimbang rêginipun pulas wêdalan Jêrman.

Sapunika kantun naros pilih pundi. Nanging mênggahing adhakanipun, kabêkta saking jaman, tiyang migatosakên ing bab mirah.

Rêrêgèn jagung mlorot. Rêrêgèn jagung ing Pasuruan 100 gêbung namung f 2.50, rumiyin f 4.- Nanging jalaran têtiyangipun kêpêksa mujudakên arta ingkang botên kenging dipun pasoki jagung, inggih kêpêksa nyade kanthi rêrêgèn samantên.

Samantên awising arta ing jaman sapunika, mila prêlu nglêmpakakên arta.

Seda ing Ngayogya. Kawartosakên, Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya, seda, jalaran gêrah sampun yuswa. Layon kasarèkakên dhatêng Girilaya, mawi lampah agêng.

Seda dalêm Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna punika, ing karaton Ngayogya nama kecalan sêsêpuh. Mugi ingkang sampun seda rohipun tinampia wontên pangayunaning Pangeran.

Kêcêpêng botên kanyana. Pulisi ing Bêtawi nalika pados katrangan bab prakawis kroyok pintên-pintên panggenan, botên anjarag nyêpêng tiyang ingkang kadakwa prakawis ura-uru kominis kala taun 1926. prakawisinipun sawêg kapriksa.

Tiyang manawi sawêg dhawah apês.

Pès ing Ciamis. Ing Ciamis kasumêrêpan wontên tiyang katrajang sêsakit pès. Salaminipun ingriku sawêg wontên sêsakit pès sapisan punika. Ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigên kalayan kêncêng.

Sami-sami sêsakit, pès punika panêmpuhipun adamêl kagèt, lan nyatanipun pancèn inggih mutawatosi. Mila sawarnining rêrigên mugi sagêda kasêmbadan tanpa pambêngan.

Prakawis ing kabudidayan. Pulisi kabudidayan ing laladan Ngayogya ing salêbêtipun 10 wulan gadhah sêrêgan 20.000 prakawis. Tinimbang taun kapêngkêr mindhak 500.

Kawontênaning kabudidayan ing Ngayogya, limrahipun tanêman têbu, dados sêrêganipun inggih bab têbu. Manawi mirid cacahing prakawis ngantos samantên, kintên-kintên inggih namung bangsaning prakawis alit-alit, tiyang nêdha têbu sapanunggilanipun.

Pandung saya majêng. Kantor Singer ing Malang mêntas kêpandungan, durjana ngankat[7] brandkast, lajêng dipun risak, isinipun kenging kapêndhêt.

Punika ugi nama satunggiling kamajêngan.

Pakêmpalan Islam enggal. Ing Bogor, Sukabumi tuwin Cianjur, wontên pakêmpalan Islam enggal nama Itichad, sampun gadhah warga 25.000, dhêdhasaripun angêmohi politiek.

Pakêmpalan punika manawi taksih enggal, dhasar kalêrêsan, andadosipun enggal sangêt, nanging widadanipun sok awis-awis. Dene pikangsalipun tumrap tangga têpalih, sok ngalèr-ngidul.

Rancangan klas enggal. Wontên pawartos, pakaryan sêpur tuwin tram ing tanah Jawi tuwin Acèh badhe ngewahi klas, minangka ngandhapakên prabeya. Klas ingkang limrahipun kangge tiyang siti badhe kadadosakên klas 4, kenging dipun ênggèni sawarnining bangsa. Tumrap Sumatra, klas 2 kadadosakên kas 3.

Sampun malih kadadosakên klas 4, sanadyan klas pintên kemawon, ing pangintên dipun ajêngi. Awit bêtahing tiyang namung badhe irid.

Tandha pèngêtan. Wontên pawartos, pakêmpalan ing Bandung nama Vooruit andamêl satunggiling tandha pèngêtan wontên ing rêdi Tangkubanpêrahu; mèngêti murid 3 H.B.S. ing taun kapêngkêr ingkang nuju darmawisata wusana pêjah kenging gas racun wontên ingriku.

Takêran timbangan lan ukuran. Kawartosakên, dening Ijk-kantor ing Bêtawi, matêsi dhumatêng sintên ingkang anggadhahi takêran timbangan lan ukuran ingkang capipun "a" namung kakengingakên kangge dumugi 1 December. Dene salajêngipun kêdah ngangge cap "b".

Mugi sintên ingkang gadhah pirantos wau, migatosakên.

EROPA

[Grafik]

Harold Lloyd awang-awangên. Tuwan Harold Lloyd ingkang misuwur wontên ing film gambar idhup, nalika minggah ing mênara Eifel, Paris, ajrih nglajêngakên, amargi awang-awangên. Mriksanana gambar.

NAGARI WLANDI.

Kapal Johan De wit bidhal dhatêng tanah ngriki. Kapal Johan De wit sampun bidhal saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, minangka lêlintuning kapal P.C. Hooft, ingkang kabêsmi.

AFRIKA.

Expeeitie[8] dhatêng Lybea. Expeditie ingkang dipun pangagêngi Mayor Bagnold dhatêng Lybea kidul, lampahipun ngambah sagantên wêdhi ingkang dèrèng nate kasumêrêpan. Ingriku manggih kawruh warni-warni.

--- 1524 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

63.

Sustêr lajêng wicantên dhatêng Tuwan Sumarta: Sarèhning sampeyan punika asli têbih, dipun lilani kapanggih kalihan garwa sampeyan. Nanging sampeyan kêdah mangrêtos, bilih kawontênanipun garwa sampeyan punika sakalangkung mutawatosi, èngêtipun namung dhat-dhatan kemawon, tuwin bilih kêkathahên ginêm, badhe andrawasi.

O, kula trimah badhe sumêrêp kemawon, sustêr. Sasampunipun mungêl makatên, Tuwan Sumarta lajêng ngêtutakên lampahipun sustêr.

Satêngahipun lumampah, Tuwan Sumarta pitakèn malih: Punapa bojo kula botên kenging dipun ajêng-ajêng gêsangipun, sustêr.

Sustêr mangsuli kados ngêngimur: Punika namung gumantung kaparêngipun Pangeran, kawula wajibipun namung ihtiyar. Sampeyan kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl rêkaosipun ingkang sakit, lah ing zaal 4B punika panggenanipun. Môngga kula aturi malêbêt. Sustêr ngêntosi wontên ing jawi kalihan bisik-bisik: Alon-alon

Tuwan Sumarta lajêng malêbêt, lampahipun jinjit, murugi patilêmanipun Nyonyah Dhorah, ing ngriku Nyonyah Dhorah katingal gumalinting wontên ing patilêman. Tuwan Sumarta nalika nyumêrêpi wujudipun Nyonyah Dhorah, sakalangkung tumratab ing manah, tilêmipun galangsaran, mripat sakalangkung anggêrong. Napasipun katingal lumampah pêgat-pêgat, dados tôndha bilih taksih gêsang.

Tuwan Sumarta ngadêg anjêgrêg wontên sandhingipun, tanpa kêndhat tansah nyawang rainipun ingkang èstri. Ing ngriku Tuwan Sumarta dipun cêlaki sustêr sarta dipun jawil tuwin dipun cariyosi: Kèndêl kemawon, punika salêbêtipun kantu.

Tuwan Sumarta kados tiyang bingung, sêdyanipun badhe têtulung, nanging botên sagêd. Wusana Nyonyah Dhorah byar ngêlèkakên mripat, lajêng mèsêm kalihan ngacungakên tangan tumuju dhatêng Tuwan Sumarta.

Tuwan Sumarta lajêng nyandhak tanganipun Nyonyah Dhorah saha lajêng jèngkèng tuwin mungêl satêngah anjêrit: O, Dhorah, bojoku. Aku Dhorah, kang têka, arêp mêthuk kowe.

Nyonyah Dhorah ngêlus-êlus ingkang jalêr kalihan tanganipun ingkang sasisih, wusana wicantên pêgat-pêgat: O, guru lakiku, kang tak trêsnani. Wis suwe anggonku ngapura dosamu. Aku wis krasa yèn kowe arêp têka, ya mung kowe kang tak êntèni, prêlu arêp awèh slamêt ninggal kowe.

Dhorah, Dhorèh,[9] kowe aja lunga. Aku aja kotinggal manèh, ya. Sesuk takjak mulih. Mêngko tak wêlingake kreta. Dhuh, Dhorah, bojoku, saiki aku kêtêmu kowe manèh.

Bangêt sukurku mênyang Pangeran, dene aku wis pinarêngake kêtêmu kowe manèh, Wim. Nanging aku kêpêksa arêp andhisiki, ninggal kowe. Besuk kowe tak êntèni ana ngakerat. O, Wim, aku kudu pêpisahan, awit mung pêpisahan mangkene iki kang bisa ngapenakake lakuku. Wim, dosaku ngapuranên, ya.

O, aku Dhorah kang sugih dosa mênyang kowe. Kowe ora duwe dosa mênyang aku. Saiki kowe aja ninggal aku. Aku êmoh kotinggal, Dhorah.

Sing sabar, Wim, sakabèhing kawula...

Dumugi ngriku, wicantênipun Nyonyah Dhorah pêdhot, amargi botên èngêt malih. Tuwan Sumarta nolèh, madosi sustêr, sasmita nêdha tulung. Sustêr ingkang wontên wingkingipun mandêng dhatêng Tuwan Sumarta kanthi karônta-rônta ing manah. Sarêng sustêr sumêrêp Nyonyah Dhorah botên èngêt malih, lajêng nyasmitani dhatêng Tuwan Sumarta, supados mêdal.

Tuwan Sumarta lajêng ngambungi tanganipun Nyonyah Dhorah kalihan sêsambat: Dhorah, aku gawanên pisan. Apa prêluku urip ana ing donya kene, yèn kotinggal.

Nyonyah Dhorah lajêng mêlèk malih, wusana wicantên: Wis, kariya slamêt, Wim, aku...

Dhorah.

Wis têkan janjiku, kariya slamêt, Wim, Kowe-uripa-kanthi tulusing ati. Anakmu-opènana, pitayaa-mênyang Pangeran. Kari-slamêt, Wim-Dhorah èlingana...

Dumugi ngriku, lap, Nyonyah Dhorah lajêng ngêrêmakên mripat ing salami-laminipun. Mêmêlas.

Tuwan Sumarta nyawang kanthi sumêdhot. Botên dangu lajêng jêlèh-jêlèh: Dhuh, Dhorah, Dhorah. O, sustêr, kula aturi nulungi. Pitulungan sampeyan badhe kula èngêti ing salami-laminipun.

Sustêr lajêng nyêlaki, angêmèk-mèki tangan tuwin dhadhanipun Nyonyah Dhorah, wusana gèdhèg-gèdhèg kalihan wicantên: Kaparênging Pangeran sampun makatên, panggalih sampeyan ingkang santosa.

Sustêr, kula aturi mitulungi.

Ing ngriki sampun botên wontên pitulungan malih.

Punapa bojo kula sampun...

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. watawis. (kembali)
2. partikêlir. (kembali)
3. Tambir. (kembali)
4. liyêr-liyêr. (kembali)
5. minggah. (kembali)
6. widadaa. (kembali)
7. ngangkat. (kembali)
8. Expeditie. (kembali)
9. Dhorah. (kembali)