Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12-31, #765

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12-31, #765. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12-31, #765. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 105, 3 Pasa, Dal 1863, 31 Dhesèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab kêmpaling sipat-sipatipun sajatining manungsa - Bab rumêksa kasarasanipun tiyang ing pundi-pundi panggenan - Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok - Kawontênan ing Bofên Dhigul - Lêlampahan-lêlampahan ing salêbêtipun taun 1932 - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Gambuh]

Si Gambuh pijêr tutur | nora bosên anggêpe lir wiku | sajatine mung saka gone nêtêpi | wajibe wong dadi sêpuh | kudu ngrêti adon-adon ||

bêbasan yèn tan uwur | iya sêmbur orane ya tutur | têlu iku yèn suwunga salah siji | ina sinêbut wong sêpuh | mundhak mung dadi gêguyon ||

marma tan ketang-ketung | tansah dènnya mangun wulang-wuruk | kang sinêdya manjinga măngka pêpeling | miwah panggugahing kalbu | ywa darung dupèh dadyanom ||

mung sarwa băndha sanggup | kaduk wani rêringa kapungkur | nora wêruh tatakramaning ngaurip | kang padha ngarêpkên luhur | utamaning lair batos ||

lah iki ana ngilmu | tinggalane para ahli laku | he sakèhe anak putu têmbe wuri | yèn sira kapengin wêruh | arah rahsaning dumados ||

ywa mangan iwak jantung | limpa ginjêl ati miwah paru | sakèh iwak jêroan kudu sinirik | ing kono lamun winahyu | sira mêsthi nuli kraos ||

--- 1654 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng Lan Petruk

Bab kêmpaling sipat-sipatipun sajatining manusa

III.

Garèng : Ma, lagi anu rama wis mitêrangake wêwatêkane sêsipatan sing têlung warna, yaiku: 1e kang kaya angganing sato galak, 2e kang kaya angganing rajakaya lan 3e kang kayadene setan. Hla, saiki, ma, kapriye mungguh wêwatêkane wong kang asli, yaiku băngsa kapangeranan.

[Grafik]

Sêmar : Hla, kiyi Nala Garèng, wêwatêkane iya têmtu rada ngèmpêri sêsipataning Pangeran, kaya ta: ora gêlêm saupama kinêrèh (kinawulakake) ing sapadhaning titah, nanging malah dhêmên kawasa marentah ing sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, aja nganti ambutuhake ing liyan, kapengin waskitha bisaa mangrêti ing sajatining kabèh kang dumadi, bungah lamun sinêbut wong pintêr, nanging prihatin manawa tinitaha bodho, lan sapêpadhane.

Petruk : Wah, ma, sing kok ngêndikakake kabèh iki, rak ora kêna saupama dilêbokake wêwatêkane manusa lumrah, amblês ambalêbês sing duwe wêwatêkan kaya mêngkono kuwi iya ... pinci upamane.

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, le ora gênah kuwi têka langganan têrus-têrusan, wong kene lagi ngrêmbug bab kasampurnaning wong ngaurip, ana kok banjur mak: plênong, nyandhak araning kêrtu, apa kiyi gênah arane.

Petruk : Mêngko, Kang Garèng, aja kok banjur guru-guru muring-muring, tak têrangne dhisik. Rama dhèk mau ngandikakake bab wêwatêkane wong kang asli, kuwi jarene ora gêlêm saupama kinêrèh ing sapadhaning titah, nanging malah dhêmên kawasa marentah ing sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, ora ambutuhake ing liyan, lan sapiturute, lo, kiyi kabèh rak dudu sêsipatane wong lumrah, nanging sing mangkono kuwi

--- 1655 ---

mêsthine iya bangsaning: ratu. Hla, saiki apa sing kira-kira padha panguwasane (ajine) karo ratu, saupama krêtu mono rak iya pinci, ta, dadi saupama tumrape wong mono, iya wakil raja upamane.

Garèng : O, iya pancèn wong kênclung, ana wakil raja kathik dipadhakake pinci bae. Karo manèh, Truk, aku kok ora ngrêti gathuke karo apa sing dingandikakake rama.

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, saupama wong lumrah wêwatêkane: ora gêlêm kêrèh, nanging malah mung arêp marentah sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, ora ambutuhake liyan, lan sapadhane, yak, apa besuk nèk mati arêp ngubur awake dhewe, awit sabên uwong mêsthi banjur padha nyingkiri kabèh. Seje karo wong têlung prapat ratu, têgêse: wong sing panguwasane prasasat ratu, hla, iki arêpa mêngkena-mêngkene iya kêna-kêna bae. Awit balane ... ora kurang, sèh. Kaya ta marentah nindakake apa-apa, sasanadyan[1] kawulane ora gêlêm kabèh, iya bisa main: tidhak frêdhuli, dhawuh nyuda utang anjabêl panguripane para abdine, sanadyan para niyaka ora mupakat, para abdine padha mèwèk-mèwèk, iya bisa-bisa bae, ta, ngandika: ora bêrduli ...

Sêmar : O, kowe aja kaliru tămpa, Truk, wis mêsthi bae yèn wong lumrah iya ora bakal bisa nèk mung ngênggoni sipating băngsa Kapangeranan thok bae, nanging sipat patang warna kuwi salawas-lawase tansah lumèngkèt ing manusa, malah dhasar wis kinodrat, yèn uriping manusa ana ing donya iki têmtu kadunungan sipat kang mangkono, ewadene nadyan mangkonoa, manusa bisa mangrêti ing pigunane watak mau, kuwi malah nêmahi ing kabêcikaning manusa ing donya tumêka ing akir, mulane manusa kudu ngrêti ing olah kridhane panganggone.

Garèng : O, ma, dadi nèk aku ora kaliru ing panămpa mungguhing pangandikamu, watak papat, yaiku 1e kang kaya angganing sato galak, 2e kang kaya angganing rajakaya, 3e kayadene setan, lan 4e anêtêpi kasucian băngsa Kapangeranan, kuwi tansah lumèngkèt ajêgan.

Sêmar : Iya, iya, bênêr, Nala Garèng. Wah, nèk anakku siji kiyi nyang pangajaran agama pancèn iya cathekan bangêt. Ora adoh pêthèkku, nèk Nala Garèng ing besuk mêsthi bisa jumênêng ... juru ngêdum brêkat. Wis, wis, tak banjurne katêranganaku. Murih gampange dingrêtèni, katêranganaku kiyi tak dhapuke awarna sanepa, anjukuk salah sawijining sato kewan, lan liyane kang kira-kira bisa runtut kaya ta: hawa nêpsu, tak sanepakake sato galak awujud asu, kapinginan tak sanepakake awujud cèlèng, dene sajatining manusa, tak sanepakake hakim (dhoktêr tukang anggulawênthah ngajar ing kalakuaning kewan).

Garèng : Aku wis nyandhak, ma, asu kuwi wujud wadhaging badane pancèn iya ora beda karo wêdhus upamane, mung wêwatêkane sing beda jalaran asu kuwi galak gêlêm nyakot, nanging wêdhus [wê...]

--- 1656 ---

[...dhus] ora galak. Rak iya mêngkono ta ma, apa dudu: gandrik, putune Kyagêng Sela, kathik ora bisa nyandhak wêjangane si rama. Dene cèlèng kuwi wujude pancèn iya kaya kewan lumrah bae, nanging adat kalakuane dhêmên bangêt andhukir-dhukir ing ngêndi-êndi panggonan, marga saka dening lobane mênyang pangan, ngluwihi kewan liya-liyane, dadi saupama manungsa mono, iya Petruk kuwi, apa mèmpêr, wong sadhiyane wong saomah, batihe rong jinah, barêng klimpe, iya dilabasake nganti ludhês babarpisan.

Sêmar : Wiyah, wiyah, ambok aja bukak wadi mêngkono. Bênêr aturmu nyang jênêng ingsun, Nala Garèng, dadi cêkake, sing kacathêt ala, kuwi dudu wujuding badan wadhage, nanging adat kalakuane, yaiku: asu anggone duwe watak galak, lan cèlèng anggone duwe watak kêtha angăngsa-ăngsa mênyang pangan. Măngka watak rong warna iki padha kasandhang ing manusa. Ewasamono wataking kewan warna loro mau manawa diwulang dening wong kang wus putus ing kawruh kêkewanan, bisa dadi padha tutut, migunani ing manungsa. Lah ing mêngko sajatining manungsa sing disanepakake hakim mau, yèn bisa anggone nata ing kanêpson lan kapenginan sing disanepakake asu lan cèlèng, wis têmtu uga bisa runtut bêcik, kêna padha kaalap pigunane kabèh.

Garèng : Atas namane Petruk lan aku dhewe, ma, paringe wêjangan rama, apadene suguhane sing anjlêgabit-anjlêgabit, wis tak pundhi ana ing pucuking êmbun-êmbunan, sarta wis tak lêbokake ana ing ... wêtêng. Tak suwun marang kang Kuwasa, muga-muga tansah sêmpulur lan ngundhung-undhung rêjêkimu, supaya manawa Petruk lan aku sowan mrene, aja nganti mulih nglênthung.

Sêmar : Lho, lho, kok banjur padha rahab, turahane suguhan padha dibuntêli lan dibrêkat, o, iya pulo-pulo, wis takdiring Pangeran, ginanjar diparingi anak loro selo, karo-karone padha dêlap.

Bab buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku: Bêbukaning Paramasastra Jawi, kangge murid ing pamulangan ăngka kalih, ingkang ngimpun, Radèn Sasrasumarta, ing Prabalingga, 3 iji, saking toko buku J.B. Wolters, Groningen, Den Haag, Batavia Gang Schott 5.

Paramasastra punika namung kapêndhêt ingkang sakintên maedahi lare Jawi ingkang wiwit sinau basa Jawi, ing perangan kapisan mawi mitêrangakên ing bab panyêratipun têmbung Jawi mawi aksara Jawi tuwin Latin. Makatên ugi bab tuntunan sêkaran sawatawis. Buku wau isi 95 kaca, satunggal buku rêgi f 1,25. Sintên ingkang kaparêng mundhut, mundhuta dhatêng toko buku wau.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Wangsulan redhaksi

Lêngganan nomêr 5960, ing Sêrèn. Karangan botên kapacak, amargi bab kados makatên sampun kêrêp kapacak.

Lêngganan nomêr 5131 ing Ngablak. Kajawèn mêntas macak karangan kados makatên, langkung panjang.

Tuwan P. ing Munthilan. Karangan panjênêngan sanès waosan lare.

Tuwan S.K.W. ing Banyudana. Babagan punika sampun nate kapacak ing Kajawèn.

--- 1657 ---

Bab Kasarasan

Bab rumêksa kasarasanipun tiyang, ing pundi-pundi panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102

Dene kuli-kuli ingkang nyambutdamêl ing kabudidayan utawi tumut kuli angkatan saradhadhu (expeditie) ingkang pikantuk cadhong sêkul pêthak awis pikantuk lawuh daging utawi sayuran enggal (sêgêr) punika kasarasanipun sagêd ewah. Kuli-kuli wau sagêd kataman sêsakit ingkang dipun wastani avitaminose, amargi têtiyang wau kêkirangan vitamine. Manawi têtiyang wau nêdhanipun kêkirangan vitamine saèstu lajêng sagêd thukul sêsakit ingkang sagêd aniwasi. Langkung-langkung têtiyang ingkang nyambutdamêl awrat, măngka têtêdhanipun kirang vitamine, punika thukulipun sêsakit langkung enggal tur ambêbayani. Saradhadhu utawi kuli-kuli ingkang tumut angkatan (expeditie) kêkesahan têbih mêdal wana-wana, limrahipun sami ambêkta sangu uwos pêthak gilingan, punika botên jalaran saking uwos pêthak sae warninipun dipun pilih tiyang wau, nanging uwos gilingan punika pancèn kiyat dipun simpên utawi dipun tandho dangu, beda kalihan uwos tuton, punika manawi dipun simpên dangu sakêdhik lajêng mambêt apêg utawi lajêng dipun têdha bubuk. Daging utawi sayuran ingkang dipun angge sangu têtiyang wau adat daging ing blèg (conserven) ulam utawi sayuran ing blèg punika sampun dipun stoom ambêntèri ingkang langkung saking bêntèr, prêlunipun bacterie utawi kewan lêmbat-lêmbat ingkang sok wontên ing ulam utawi sayuran wau sami pêjah, dados kiyat dipun simpên botên bosok. Ananging saperangan agêng vitamine ingkang wontên ing ulam utawi sayuran wau ugi risak utawi ical babarpisan. Mila têtiyang wau ingkang ngantos wulanan kêkesahan botên nêdha sanès kajawi sêkul pêthak tuwin ulam lan sayuran (conserven) mêsthi badan kêkirangan vitamine, ingkang lajêng sagêd nuwuhakên sêsakit ingkang dipun wastani vitaminose utawi bèri-bèri wau.

[Grafik]

Pêksi ingkang sakit bèri-bèri

Punapa sêsakit bèri-bèri punika thukulipun jalaran têtiyang nêdha têtêdhan ingkang kirang vitamine wau.

Sadèrèngipun kula nêrangakên bab sêsakit punika, prayogi nyariyosakên yèn ing taun 1894 Prof. Eijkman, dhirèktur Geneeskundig Laboratorium ing Bêtawi, nyipati piyambak saha damêl cobèn ing Laboratorium, ngingah ayam pintên-pintên ing lêbêt kandhang prêlu kangge ing ngriku. Ayam-ayam [A...]

--- 1658 ---

[...yam-ayam] wau sabên dintên dipun têdhani sêkul pêthak langkungan saking griya sakit, asring ayam-ayam wau ing kandhang sami sakit, sèmpèr suku utawi suwiwinipun, dangu-dangu ayam ingkang sakit wau sami pêjah. Ing satunggiling wêkdal ing griya sakit botên wontên langkungan sêkul pêthak, lajêng kapêksa Laboratorium ngawontênakên gabah, dumadakan ayam ingkang sèmpèr wau satunggal kalih wontên ingkang sagêd ngadêg, dangu-dangu sami ganggas saras. Ing satunggiling wêkdal malih ing griya sakit wontên langkungan sêkul pêthak, ayam wau lajêng pikantuk têtêdhan sêkul pêthak wau, dumadakan sawatawis dintên ayam-ayam wau kathah ingkang sami sakit sèmpèr, sêsakit ayam sèmpèr punika mèmpêr kadosdene sêsakit bèri-bèri tiyang, mila sêsakit ayam wau dipun wastani sêsakit bèri-bèri ayam, bokmanawi jalaran ing sêkul pêthak ingkang dipun têdha ayam wau botên wontên jasat ingkang sagêd andayani sarasipun ayam sakit wau, ananging ing gabah wontên utawi ngandhut jasat wau.

Prof. Eijkman anggènipun nyinau lan angudi bab thukulipun utawi ingkang anjalari ayam-ayam sakit wau, kanthi titi saha sarèh patitis, ngantos pinanggih manawi sêkul pêthak wau pancèn botên ngandhut utawi botên katutan siliripun uwos, dados tanpa jasat ingkang sagêd andayani saras utawi sêgêring badan wau. Sapêngkêripun Prof. Eijkman papriksan utawi pangudinipun bab sêkul utawi uwos pêthak gilingan ingkang anjalari ayam sami sakit sèmpèr wau, dipun lajêngakên dening Dr. Grijns kanthi titi saha patitis, pinanggihipun yèn ing siliripun uwos wau pancèn lêrês ngandhut jasat ingkang badan tiyang utawi kewan ambêtahakên sangêt.

Salajêngipun para dhoktêr ing Amerikah, angudi saha damêl papriksan tuwin cobèn, pinanggih manawi ing têtêdhan-têtêdhan wau wontên satunggiling jasat ingkang prêlu sangêt kangge gêsang (groei) saha sêgêring badan. Mila manawi tiyang nênêdha kaoncatan jasat ingkang migunani gêsang utawi sêgêring badan wau, tiyang punika katingal susut, dangu-dangu ringkih wêkasan sagêd tiwas.

Sêsakit bèri-bèri tiyang punika 40 taun kapêngkêr para dhoktêr mastani sêsakit ingkang nular (infectie ziekte) ananging sajatosipun sêsakit wau thukulipun jalaran tiyang ingkang sakit wau têtêdhanipun botên sagêd sontan-santun saha têtêdhan wau botên enggal utawi sêgêr.

Papriksan-papriksan ingkang sampun nyata saha wujud manawi sêsakit bèri-bèri wau sababipun saking têtêdhan sêkul pêthak gilingan punika ingkang damêl tuladha, inggih punika papriksanipun dhoktêr Vonderman insêpèktur dhoktêr, yèn ing pundi-pundi pakunjaran ingkang cadhongipun sêkul ingkang sae, têgêsipun sêkul ingkang katingal rêsik pêthak, ing ngriku kathah tiyang ukuman ingkang kataman sêsakit bèri-bèri punika. Ing pakunjaran ingkang cadhogipun sêkul abrit awon pikantukipun saking nutu pantun, dados sabên-sabên pikantuk uwos enggal tur mangkak, ing kunjaran ngriku tiyang-tiyang ukuman awis ingkang katrajang sêsakit bèri-bèri wau.

Sumadirja

Ind. Arts.

--- 1659 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Manawi dipun tingali sabrebetan, bakuning sabab ingkang pinanggih wontên ing pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, cêtha bilih sampun awujud pêrangan rêrêmpon, sawarnining rêmbag-rêmbag ingkang pinanggih wontên ing măngsa punika, namung tumănja kadosdene bumbu, têgêsipun namung kangge jangkêp-jangkêpipun kemawon. Wontênipun dipun upamèkakên makatên, amargi sawarnining rêmbag wau, wohipun dèrèng katingal.

[Grafik]

Gambar ingkang kiwa: Tuwan Corkran, têngah Nyonyah Pawley.

Dene ing salêbêtipun pasulayan wau, manawi dipun petani, taksih pinanggih sabab warni-warni, ingkang salugunipun botên beda mêmala, inggih punika pasulayan rêmbag ing golonganipun piyambak-piyambak, ing bab among dagang tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sarèhning sadaya wau katutup dening kawontênan agêng, dados botên katingal. Ewasamantên, sarèhning kawontênan wau mawi anggayut dhatêng sanès praja, tuwuhipun inggih dados rêmbagipun ngrika-ngriki. Kados ta ing bab kawontênanipun tiyang awon ing laladan Tiongkok, punika sayêktosipun namung tansah ngrêsahi adamêl kirang têntrêming nagari kanan keringipun, awit ingkang dipun wastani tiyang awon, inggih punika brandhal, cacahipun botên sakêdhik, gêgrombolanipun botên beda kadosdene barisan, malah ugi wontên kala mangsanipun golongan brandhal wau tumut angêmori damêl wadya praja utawi lumawan piyambak dhatêng mêngsah, ingkang kajêngipun ambelani praja. Manawi tumindak damêl, botên baèn-baèn, upaminipun ambegal kapal lumampah, anjarah- rayah momotan, utawi tiyangipun, ingkang pikajênganipun badhe pados têbusan. Tiyang ingkang dipun tahan punika limrahipun băngsa ngamănca. Kados ta dèrèng dangu mêntas wontên băngsa ngamănca nama Nyonyah Pawley tuwin Tuwan Corkran sami dipun tahan ing tiyang awon băngsa Tionghwa, nanging kawusananipun sagêd uwal saking tahanan wau dening pakêmpalanipun băngsa Jêpan. Tamtunipun bab makatên punika ugi anggayut dados sêsambêtaning pasulayanipun praja Tiongkok [Tiong...]

--- 1660 ---

[...kok] lan Jêpan.

Pancènipun makatên bêtahing donya punika tata têntrêm, mila tumrap pasulayaning praja kêkalih wau tansah dipun rêmbag dening praja sanès murih dados rukun, nanging pinanggihipun tansah salenca kemawon. Ing sapunika madêg kumisi malih badhe ngrukunakên pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok wau, mawi nyuruhi Amerikah tuwin Sopyèt Ruslan, supados urun rêmbag. Nanging pamanggih makatên punika botên dados panujuning praja ingkang pasulayan kalih pisan, wosipun sami anduwa, botên anyondhongi manawi kumisa[2] wau din[3] mori ing praja Amerikah tuwin Sopyèt.

[Grafik]

Ministêr babagan prakawis sajawining praja Mansukuo, nuju badhe sowan nata Jêpan.

Ing sapunika ing sêmu katingal, Tiongkok katingal rukun kalihan Ruslan. Ing bab punika anjalari bingahipun rakyat Tiongkok, nanging kosok wangsulipun, Jêpan botên kadugi sangêt. Ing wusananipun wanuhipun praja agêng kêkalih wau malah nuwuhakên pangraos, bilih sadaya wau namung badhe andadosakên jalaraning ramèn-ramèn. Mila pinanggihing rukunipun praja Jêpan kalihan Tiongkok, taksih katingal lăngka kalampahanipun.

Ing sapunika tumrap Mansuriah, kawontênanipun inggih taksih upyêk kados adat kemawon, ing golongan wadya Jêpan Mansuriah ing Propènsi Kirin, malah kêgolong mêmêngsahan ingkang sakalangkung agêng, jendral golongan Tiongkok nama Pèng Can Ai mêntas marak-marakakên dhatêng golongan-golongan rakyat, mratelakakên bilih campuhipun kalihan mêngsah tanpa kèndêl, punika sajatosipun araos dados urub-urub, murih anênangi dhatêng manahing rakyat, supados purun ambiyantu, awit mênggah wawrating mêngsah pancèn botên kenging sinanggi sêsakecanipun. Ing sapunika golonganing wadya Tiongkok wau sarwa ringkih, dening sampun lêlawanan kalihan mêngsah salêbêtipun sataun. Punika tumraping golongan Tiongkok samia mangrêtos, bilih tindak sadaya wau wosipun ambelani băngsa lan siti wutah rahipun.

Ing nginggil sampun kacariyosakên ing bab kasujananipun praja Jêpan dhatêng bab gandhèngipun Tiongkok [Tiong...]

--- 1661 ---

[...kok] kalihan Ruslan. Ing sapunika wontên pawartos saya cêtha, Tiongkok kalihan Ruslan sawêg ngawontênakên rêmbag ingkang dipun timbang wontên ing Mosko tuwin Nanking nêdya botên badhe têmpuh-tinêmpuh. Dene pinanggihipun rêmbag ing Polkênbon anggèning badhe ngrukunakên, saya cabar.

Dumugi samantên pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil.

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 103

Adêgipun pulisi panjagi katêntrêman

Kacariyos sarêng ing Tanah Merah sampun wontên pangarsa kampung ingkang dipun akêni dening parentah saha punggawanipun, kawontênan ing Tanah Merah lajêng ewah. Ing sakawit botên wontên kuwajiban têtiyang kampung kêdah rundha kampung, ananging sarêng angèngêti salah satunggiling tiyang bucalan purun anindakakên lampah nistha, inggih punika purun anjêboli tanêman, mandung saha sasaminipun, mila lajêng dipun wajibakên têtiyang bucalan kakengingakên rundha thèthèk (anjagi katêntrêman kampung ing wanci dalu).

Nindakakên kuwajiban makatên punika botên sadaya tiyang bucalan purun anindakakên, jalaranipun warni-warni, inggih punika :

Wontên ingkang jalaran botên kiyat mêlèk ing wanci dalu lajêng dados sakit.

Wontên ingkang jalaran gadhah anak bojo, yèn katilar ing wanci dalu ajrih.

Wontên ingkang sabab botên sarujuk wontênipun rundha ing wanci dalu, awit nalika wontên ing nagarinipun sampun botên sarujuk wontênipun rundha punika. Kajawi punika botên prêlu kajagi, awit gadhah kamantêpan bilih têtiyang bucalan punika botên badhe purun anindakakên lampah nistha, jalaran sadaya tiyang ingkang sami kabucal punika angsal pasinaon sadaya.

Pamanggih ingkang makatên punika inggih lêrês, nyatanipun salêbêting sêsrawunganipun têtiyang bucalan sawêg wulanan kemawon dangunipun botên wontên ingkang ngangge kori. Ananging ing sarèhning sêsrawunganipun manungsa punika botên ajêg, amila inggih botên anèh, bilih kawontênan ing Tanah Merah inggih lajêng wontên tiyang bucalan ingkang purun nindakakên kanisthan. Ing sakawit yèn wontên tiyang manggih barang punapa kemawon kapasrahakên dhatêng warga pangrèh rad kampung, nanging danguning dangu botên makatên, salajêngipun ngantos wontên pandung-pandungan.

Têtiyang bucalan ingkang botên purun rundha kampung ingkang botên wontên sababipun, kasêrêg dhatêng magis rad saha kaukum sapantêsipun.

Ing Dhigul punika sarêng paprentahan kaasta ing priyantun B.B. lajêng kayasakakên pakunjaran.

--- 1662 ---

Ing suwau pakunjaranipun wontên ing tangsi saradhadhu. Pakunjaran punika ingkang kathah kaisenan têtiyang bucalan ingkang botên purun mêdal nyambutdamêl umum, ananging sarêng têtiyang bucalan sampun botên sami tampi arta pitulungan saking parentah malih, inggih punika sampun dados jaman bêrah dhatêng parentah, ukuman botên mêdal nyambutdamêl umum botên wontên.

Angèngêti sasrawunganipun têtiyang bucalan ingkang botên ajêg punika, golonganing têtiyang bucalan ingkang sarujuk nyambutdamêl kalihan parentah wontên ingkang anggadhahi ada-ada angawontênakên badan kapulisèn, inggih punika pulisi panjagi katêntrêman (Rust-en Orde Bewaarder).

Sabagean saking têtiyang bucalan ingkang sarujuk nyambutdamêl dhatêng parentah angawontênakên parêpatan angrêmbag bab panyuwunipun palilah dhatêng parentah dipun sarujuki lan botênipun. Sababipun badhe ngawontênakên pulisi panjagi katêntrêman punika wontên kalih prakawis:

I. Angèngêti dhatêng sêsrawunganipun têtiyang bucalan sampun mèh sami kalihan sêsrawungan ing nagari rame.

II. Parentah tamtu badhe ngawontênakên pulisi kangge anjagi katêntrêman ing Tanah Merah, katimbang kawontênakên pulisi ingkang sanès tiyang bucalan, langkung sae kawontênakên pulisi tiyang bucalan piyambak.

Kajawi kalih prakawis punika, wontên ing salêbêting parêpatan wontên ingkang mêwahi rêmbag supados kasuwunakên arta ganjaran kangge têtiyang bucalan ingkang sami kadadosakên pulisi panjagi katêntrêman (mila namung kasuwunakên arta ganjaran, awit ing wêkdal punika tiyang bucalan taksih tampi arta pitulungan saking parentah).

Badhe kasambêtan, Aris Munandar.

[Grafik]

Tiyang Sugih

Tiyang sugih punika pinanggihipun wontên ing Eropah, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun, manawi sugihipun sangêt, dipun wastani miliyonèr. Tumrap nagari Walandi pinanggih wontên 1200. Sanadyan praja Jêrman, ingkang nuju kêmlaratan, cacahing miliyonèr malah mindhak. Tumrap băngsa Jêrman, ingkang pinanggih sugih piyambak, tilas nata rumiyin.

Ingkang pinanggih ing Amerikah, gunggunging băngsa miliyonèr wontên 45.000. Kranjingan, ingkang ugul[4] piyambak nama Tuwan D. John Rockefeller, artanipun wontên 250.000.000 dhollar. Pajêgipun kala taun 1931 wontên 7.435.170 dhollar.

Gambar ingkang sumandhing punika gambaring wayahipun tuwan Rockefeller, nama Nonah Blanchette ingkang nêmbe palakrama angsal Tuwan Terry Hooker. Tamtunipun inggih sugih.

--- 1663 ---

Ngobrol Ing Dintên Sabtu

Lêlampahan-lêlampahan ing salêbêtipun taun 1932

Wêdaling Kajawèn ing dintên punika kalêrês dhawah ing tanggal 31 December 1932, dados dhawah ing tutuping taun. Kados limrahing ariwarti utawi kalawarti ingkang sampun sami tumindak, ingriki prêlu amèngêti utawi adamêl wawasan tumrap lêlampahan-lêlampahan ingkang sampun kadadosan ing salêbêtipun taun 1932 wau. Nanging ing sarèhning kadadosan-kadadosan wau warni-warni sangêt, badhe kirang papanipun saupami kaandharna sadaya. Amila ingriki namung amilih salah satunggal angandharakên kawontênan ingkang sakintên prêlu kasumêrêpan utawi kawigatosakên dening akathah. Dene saking pamanggih kula, ingkang kula anggêp langkung prêlu katêrangakên, inggih punika: kadadosan-kadadosan ingkang gêgayutan kalihan lampah morat-mariting kaeconomiean, ingkang anjalari dados pêpêtênging bawana.

Mênggah utaminipun kados langkung prayogi bilih kula wiwiti saking tanah kilenan rumiyin. Awit punika ingkang dados tuking rêmbag ingatasipun bab wau, sarta ingkang kula anggêp tumuwuh wontên ing praja Duitschland.

Kados para maos sampun sami anguningani, bilih kala wontên pêrang agêng ing donya, karajan Duitschland kasor yudanipun, satêmah lajêng maanani praja Duitschland kêdah anglintoni wragad2 minangka lêlintunipun anggèning kasoran dhatêng praja-praja mêngsahipun, saha lajêng kêpêksa sugih sambutan dhatêng praja-praja wau, inggih punika: Inggris, Pêrancis tuwin Belgie. Saking kathahing sambutanipun ingkang kêdah dipun bayar, dados bilih pêmbayaring sambutanipun wau kêdah dipun wontênakên sadaya, sampun tamtu kemawon praja Duitschland badhe katêlasan akal budi tuwin kêkiyatan. Mila murih sagêdipun anyêkapi kabêtahan tumrap samudayanipun, lajêng anggadhahi pênêmbung dhatêng nagari-nagari ingkang dipun sambuti punika, supados paniciling sambutanipun kenginga dipun undurakên. Wontênipun Duitschland anggadhahi panêmbung makatên wau, prêlu badhe tata-tata.

Nanging kosokwangsulipun praja-praja ingkang sami dipun sambuti wau, inggih punika: Inggris, Pêrancis tuwin Belgie, jalaran kathahing arta kangge wragading pêrang, ugi kêpêksa gadhah sambutan, inggih punika dhatêng Amerika. Amila karajan tiga wau botên sagêd anglêksanani panêdhanipun Duitschland anggèning nêdha mundur bab cicilaning sambutanipun, kajawi ta manawi Amerika ugi suka kalonggaran purun ngundurakên sambutanipun karajan têtiga wau.

Mênggahing Amerika, kabêkta saking anggènipun gêgayutan prakawis wontênipun dêdagangan kalihan Duitschland, punika sajatosipun ambêtahakên sangêt dhatêng gêsangipun nagari Duitschland. Jalaran saking punika Amerika inggih lajêng amituruti punapa ingkang dados panêdhanipun karajan têtiga ingkang sami nyambut wau, ingkang salajêngipun ugi anglêksanani panêdhanipun karajan Duitschland.

Awit saking angsal kalonggaran makatên wau, praja Duitschland lajêng sagêd ambêkan saha sagêd tata-tata amêmule ing karisakanipun.

Wiwit kina-makina karajan Duitschland punika onjo piyambak ingatasipun padamêlan babagan pabrik-pabrik. Ingkang makatên wau jalaran kabêkta saking tanahipun ngriku sugih pêlikan warni-warni, kadosta: tosan, waja, arêng sela lan sasaminipun. Ananging tumrap pamêdal babagan têdha, kadosta, gandum, mêrtega, kèju lan sapanunggilanipun, punika kirang sangêt saha kapêksa andhatêngakên saking praja-praja sanès, upaminipun saking: Nederland, Denemarken, Polen lan sapiturutipun.

Sarêng praja Duitschland rumaos angsal kalonggaran, saking pangatos-atosipun, lajêng anuwuhakên budidaya adamêl ada-ada ingkang ing têmbung manca dipun wastani: "Autarkie" têgêsipun: sadaya-sadaya ingkang dados kabêtahan badhe dipun wontêni utawi dipun sêdhiyani piyambak. Tumrap ing praja Duitschland akalan ingkang makatên punika sagêd kasêmbadan, awit parentahipun nagari ngriku punika ingkang kathah-kathah sami wontên ing tanganipun para tuwan tanah (landjonker), ingkang lajêng sami ada-ada angajêngakên tanêman gandum, adamêl mêrtega lan kèju piyambak, lan sapanunggilanipun. Ing wusana kêlampahan suda sangêt anggènipun andhatêngakên barang-barang têtêdhan saking praja-praja sanès. Dados

--- 1664 ---

arta ingkang mêsthinipun kêdah kablanjakakên dhatêng sanès praja, samangke sagêd lumêbêt wontên ing nagarinipun piyambak.

Manawi dipun sawang sakêclapan, trajangipun karajan Duitschland ingkang makatên wau, mila inggih katingal pêng-pêngan sangêt, sabab lajêng katitik kadosdene sagêd jumênêng pribadi, tanpa gumantung dhatêng kêkiyataning liyan. Nanging salugunipun tindak ingkang makatên punika sêmu-sêmunipun kados badhe mangsulakên kawontênanipun ing jaman kina, ingkang jalaran saking kirang ing sêsêrêpan, kirang sampurnaning pasrawungan, cêkakipun saking kiranging sampurna ing samudayanipun, satunggal lan satunggaling praja kêpêksa kêdah namung gêsang sacêkapipun piyambak. Nanging ing jaman modern punika, ingkang sadaya-sadayanipun kenging kawastanan sampun sarwa sampurna, satunggal lan satunggaling praja ingkang sampun tata, kêdah samad-sinamadan sadhengah ingkang dados kabêtahanipun.

Kadosdene Duitschland satunggiling praja ingkang kathah pabrik-pabrikipun, ing kala rumiyin ingkang dados kiranging têtêdhan andhatêngakên saking sanès-sanès praja, nanging kosokwangsulipun bab barang-barang wêdalan ing pabrik-pabrikipun, satirahipun ingkang dipun angge piyambak, lajêng kasade mêdal dhatêng nagari sanès-sanèsipun. Nanging awit saking tuwuhing ada-ada enggal ingkang larapipun namung badhe mikantukakên dhatêng prajanipun piyambak, inggih punika badhe ngadani ngawontênakên kabêtahan têdha piyambak, botên prêlu andhatêngakên saking praja sanès, punika kajawi wêdaling panggaotan ing pabrik-pabrikipun suda dening kalong kangge angwontênakên kabêtahan têdha wau, ugi lajêng adamêl kirang sênêng ing nagari sanès-sanèsipun, ingkang suwau purun alêlayanan kalihan Duitschland. Ing wusana nagari sanès-sanès wau lajêng sami anggraita, bilih Duitschland anggadhahi kajêng sasêkecanipun piyambak, barang-barang dêdaganganipun kapurih numbasi praja sanès, nanging botên purun gêntos têtumbas dhatêng barang2 dêdaganganipun praja sanès, ingkang pancènipun dados kabêtahanipun. Satêmah praja-praja wau lajêng satêngah mbekot dhatêng barang-barang dêdaganganipun Duistchland. Ing mangka suwaunipun praja-praja ing Europa punapadene Amerika, punika sami sagêd anyade barang-barang dêdaganganipun ingkang awarni bangsaning têtêdhan dhatêng nagari Duitschland.

Nanging sarêng Duitschland nindakakên "autarkie" inggih punika nêdya anyêkapi kabêtahanipun kalihan dayanipun piyambak wau, satêmah praja-praja kasêbut nginggil, lajêng sami kêpêksa kandhêg botên sagêd nyade barang-barangipun, ingkang tansah tumandho-tandho. Awit saking punika nagari-nagari wau, ing sarèhning barang dêdaganganipun ngantos tumandho-tandho, sampun têmtu kemawon lajêng botên prêlu nindakakên padamêlan padagangan malih, ingkang wusananipun lajêng maanani kathahing kaum angguran ingkang sami botên nyambutdamêl.

Kula mêndhêt minangka kangge upami praja Duitschland, punika namung kangge cêthanipun. Mênggah sajatosipun ingkang nindakakên makatên wau, sadaya karajan ing Europa tuwin ing Amerika, langkung-langkung mênggahing praja Inggris. Malah ingriku dipun wontênakên pranatan, miturut prajanjian ing Ottawa (Canada), ingkang nêtêpakên lêbêting barang-barang manca sarana dipun paosi awrat. Dados ingriku pikajêngipun mikangsalakên, murih migunakakên barang-barangipun piyambak.

Jalaran praja-praja ing Europa tuwin Amerika sami botên pêpajêngan barang-barang dêdaganganipun, dados inggih lajêng botên sagêd têtumbas barang-barang kabêtahanipun dhatêng praja sanès. Ing mangka ingkang sampun-sampun praja-praja wau sami ambêtahakên sangêt dhatêng barang-barang dêdagangan saking sanès praja, kadosta ingkang awarni: gêndhis, sata, kinini lan sapanunggilanipun. Dene barang-barang punika ingkang sabagean agêng asalipun saking tanah Indonesia. Ing sarèhning praja-praja wau sami botên purun anampèni malih barang-barang dêdagangan wêdalan Indonesia, ing tanah Indonesia inggih lajêng tumut anandhang kadadosan ingkang mandhêg punika. Têgêsipun: barang-barang tumandho-tandho, pabrik-pabrik sami tutup, têtiyangipun lajêng kathah ingkang sami botên nyambutdamêl. Cêkakipun tanah Indonesia lajêng sakalangkung morat-marit mênggah lampahing kaeconomieanipun. Satêmah tanah Indonesia lajêng kêkirangan arta sangêt, jalaran arta ingkang lumêbêt prasasat botên wontên, ngantos kalampahan Pamarentah piyambak, saking kiranging pamêdalipun, tumut kêcingkrangan arta. Wusana pados pêpulih sarana ichtiyar warni-warni, kadosta: nyuda blanjaning punggawanipun, ngindhakakên paos-paos, ngawontênakên paos enggal lan sapiturutipun.

Minurut[5] andharan inginggil kawontênanipun ing tanah Indonesia ing salêbêtipun taun 1932, awit saking tumandho-tandhoning barang-barang dêdagangan têtêdhan ingkang botên pajêng kasade wau, wontênipun têtêdhan sanyatanipun langkung nyêkapi, nanging sêbab botên pêpajêngan, wontênipun arta kirang sangêt. Ingkang makatên wau amila para kawula ingriki sajatosipun botên kêkirangan têdha, namung kemawon jalaran langkaning arta botên sagêd tumbas barang-barang sanèsipun.

Dumadakan anyarêngi kalamangsanipun karajan Jêpan pasulayan kalihan Tiongkok, ingkang anjalari kapitunan agêng tumrap lampahing among dagang Jêpan. Awit lajêng kecalan lêlawananipun dagang ingkang agêng, inggih punika Tiongkok. Sarêng Jêpan anyumêrêpi glagat utawi kawontênanipun ing tanah Indonesia kêkirangan arta, paribasanipun kadosdene bubuk angsal êlèng. Sanalika Jêpan angsal pamanggih

--- 1665 ---

anjêmbarakên pêkênipun dhatêng tanah Indonesia, saha sumêdya ngêjori barang-barang dagangan Europa sarana milahakên rêrêgèning dêdaganganipun. Ingkang makatên wau inggih sagêd kalêksanan, jalaran:

1e. Barang-barang dêdaganganipun ingkang pancènipun sagêd kasade dhatêng Tiongkok, saha lajêng dipun bekot, satêmah tumandho-tandho, ing samangke sagêd dipun kintunakên sarta kasade wontên ing tanah Indonesia. Dados ingkang pancènipun ingkang suwau namung dados tandhon kemawon, lajêng sagêd kasade sapajêng-pajêngipun.

2. Jalaran mêdhaking rêrêgèn arta yèn. Katingalipun ing sajawining praja Jêpan, barang-barang dêdaganganipun wau wontên ing nagarinipun piyambak, Jêpan, sajak langkung awis tinimbang ing sajawining praja, ngantos Jêpan kadakwa anglampahakên politiek "Dumping". Namung mênggah nyatanipun botên makatên. Awit ing salêbêtipun praja ajining arta yèn kados taksih têtêp ajêg kemawon, ngêmungakên ing jawi ajining arta yèn wau pancèn mandhap sangêt. Amila sawarnining dêdaganganipun ingkang sami kasade wontên ing sajawining praja, lajêng sagêd mirah sangêt.

3e. Bab lampahing bêrahan. Para kaumipun bêrah ing tanah Jêpan punika bayaraning panyambutdamêlipun inggih saklangkung mirah. Dados pawitan ingkang kangge ngepahi kaum bêrahipun wau, sagêd amêwahi kathahing barang dêdaganganipun.

Minangka panutuping obrolan punika, mênggahing pangrêmbag, tumrapipun tanah Indonesia ing wêkdal samangke, nama angsal pitulungan, sabab saupami Jêpan botên andhatêngakên barang dêdaganganipun ingriki, sampun tamtu kawontênaning têtiyangipun sangsaya badhe langkung rêkaos, dening sampun katêrangakên ingajêng: "kêkirangan arta". Sapunika sarêng wontên barang-barang Jêpan ingkang rêginipun mirah sangêt, satêmah sagêd anggonjingakên barang-barang dêdagangan Europa lan sanès-sanèsipun, awit lajêng botên pêpajêngan, kawon dhêsêk kalihan dagangan Jêpan, amila kêlampahan toko-toko sanèsipun wau lajêng sami kilak tumut nyadèkakên barang Jêpan. Dados kaprigêlanipun Jêpan ingkang makatên punika, kenging kawastanan prasasat ambiyantu kacingkranganipun tanah Indonesia, inggih sanajan badhe kadospundi kadadosanipun ing wingking.

Wusana kula ngucap sukur, dene wontênipun galagat ingkang sajak badhe ngirangakên tata-têntrêming jagad, sagêd kaêndhihakên dening pambiyantunipun Jêpan, ingkang warni mirahing dêdaganganipun wau. Botên langkung namung tata kêrtaning tanah Indonesia ingkang tansah dipun ajêng-ajêng pun

PENTOEL

BATANG GADIS

[Grafik]

Sêsawangan lèpèn Batang Gadis ing Kitha Nopan. Tapanuli.

--- 1666 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Kalawarti "Sendjata Ra'jat". Pakêmpalan P.I. ing Sêmarang, gadhah sêdya badhe ngêdalakên kalawarti kanamakakên "Sendjata Ra'jat."

Dayaning jaman kamajêngan, sintêna kemawon botên nêdya kantun, sanadyan jamanipun sawêg kados makatên, wêdaling kalawarti malah saya ambrubul. Pinuji sêdya wau sagêda kasêmbadan.

[Grafik]

Pisungsung dhatêng nata ing Zweden. Sampun sawatawis dintên Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta tampi bintang saking karajan Zweden. Ing sapunika Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana malêsi ngaturi pisungsung dhatêng Srinata ing Zweden, awarni gambar dalêm, wangkingan tuwin pêdhang. Inginggil punika gambaring utusan dalêm; K.P.A. Hadiwijaya nalika nampèkakên barang dhatêng Tuwan Carl O. de Dardel, konsul Zweden ing Bêtawi.

Suka wilujêng dhatêng Philippina. Tuwan Thamrin pangarsa P.P.P.K.I. mêntas kintun telegram dhatêng Senaat ing Manila, asuraos: atas namaning pakêmpalan ngaturakên pamuji wilujêng anggènipun sampun angsal kasagahan saking Amerika, 12 taun malih badhe kamardikakakên.

Ing Kajawèn sampun nate martosakên bab kamardikan wau kirang 8 taun, punika kalintu, lêrêsipun 12 taun. Pangayubagya ingkang kados makatên wau raosipun anocogi kalihan kajênging jaman.

Durjana nêmpuh pagantosan. Griya pagantosan ing Labuan, Serang mêntas kalêbêtan durjana, sagêd mêndhêt barang-barang mas tuwin salaka. Salajêngipun sagêd nyêpêng tiyang ingkang kadakwa.

Jamanipun saya rupêk, kabêtahanipun saya ngangsêg tumrap tiyang ingkang botên pinaringan èngêt, adhakan lajêng supe. Mugi tumuntêna têntrêm.

Panyadean pakaryan candu. Panyadean-panyadean candu ing tanah Sumatra kathah ingkang badhe dipun suwak. Suwaking griya-griya panyadean candu wau atêgês dados indhaking tiyang nganggur. Pakêmpalan panyêgah madat, nama manggih nang-nangan. Nanging tutuping panyadean wau punapa jalaran saking kathahing tiyang mêdhot, punapa jalaran saking sudaning têtiyang ingriku, dèrèng cêtha, namung mirid ing nalar, inggih jalaran saking kathahipun kuli-kuli ingkang dipun antukakên.

Factorij tuwin koninklijke Petroleum Mij. sami badhe ngindhaki blanjaning punggawa. Wontên pawartos, Factorij badhe ngindhaki blanjaning punggawa ingkang anèm-anèm, wiwit benjing 1 Januari 1933. Makatên ugi Koninklijke Petroleum Mij. benjing 1 Januari 1933 ugi badhe ngindhaki blanjaning punggawa, ing salêbêting sataun. Wontênipun dipun indhaki, awit sampun sawatawis taun botên ngindhaki blanja.

Pawartos indhakan blanja, tumrapipun wontên jaman sapunika, ngantos katingal kados pakabaran anèh. Tamtunipun indhakan wau araos nikmat yêktos.

Badhe nganyut tuwuh jalaran arta. Sawênèhing Luitenant-ajudant ing Ngayogya nama de R. nalika badhe kapindhah dhatêng Larantuka, arta kas ingkang dados tanggêlanipun kirang f 8000,-. Tuwan wau lajêng badhe nglalu sarana natas urat ugêl-ugêl. Rahayu lajêng katututan.

Dayaning arta kados makatên punika adhakan damêl pêpêtêng. Tumrap ingkang nglampahi ngantos sami bingung, wontên ingkang lajêng miruda, wontên ingkang ngakên, tuwin wontên ingkang badhe nglalu. Lah pundi ingkang nama sae.

Pabrik sès krètèk tutup. Pabrik sês krètèk ing Tulung Agung tuwin Blitar sami katutup, cacahipun tiyang angguran wontên 50.000. Sêsulaking kitha ngantos katingal sêpên. Samantên dayaning jaman gumêlar enggal.

Dayaning pajêg sata ing Magêlang. Jalaran saking tumindaking pajêg sata, padagangan sata mandhap sangêt, rumiyin sata ingkang sapikul rêgi f 80.- sapunika namung rêgi f 2.50. Lan malih pabrik-pabrik srutu ing Magêlang ingkang rumiyin sami misuwur, ngantos ngangge bêbau ewon, ing sapunika namung ngangge tiyang dasanan kemawon. Sata-sata sami bêbrêg wontên ing parimatan.

Kawontênan kados makatên punika ing sapunika pinanggih sawêg umum, padagangan pêjah, têtiyangipun kathah ingkang kecalan têdha. Mugi wontên wêwêngan tuwin margi ingkang damêl kamayaran.

 


sanadyan. (kembali)
kumisi. (kembali)
dipun. (kembali)
unggul. (kembali)
Miturut. (kembali)