Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01-12, #254

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01-12, #254. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01-12, #254. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 4, 30 Rêjêb Taun Alip 1858, 12 Januari 1929 Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [49] ---

Ăngka 4, 30 Rêjêb taun Alip 1859, 12 Januari 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sairib lan Tanah Swèdhên

[Grafik]

Ing sabrebetan gambar punika kados gambaripun sawangan ing tanah Eropah, dene yêktosipun sirahing lêpên Batangsitalang, Lubukbasung, Sumatra. Ing papan ngriku kêrêp dipun dhatêngi ing para lêlana.

--- 50 ---

Raos Jawi

Sugih

Mênggah prêlunipun tiyang sami purun nyambut damêl ngrêkaos punika, sagêda kacêkapan sandhang têdhanipun. Dene tiyang ingkang lumuh nyambut damêl (kêsèd)

[Grafik]

Batosing tiyang punika: ngêndi dununging pamarêm.

sampun tamtu kemawon gêsangipun ngrêkaos. Tiyang ingkang rêkaos nyandhang nêdha punika kawastanan tiyang mlarat. Kosokwangsulipun tiyang ingkang sagêd nyandhang nêdha ngantos tandho-tandho kenging kangge jagi-jagi manawi măngsa pacêklik inggih wontên, punika kawastanan tiyang sugih. Sarèhning tiyang gêsang punika ingkang dipun padosi namung sakeca, măngka margining sakeca jalaran saking sugih, punapa tiyang manawi sampun kadunungan sugih lajêng gadhah manah marêm. Saking pangintên kula têka dèrèng. Wontên ungêl-ungêlan makatên: kasugihan dipengini wong akèh, nanging sing sugih durung marêm. Dados manungsa punika sanajan sampun mubra-mubru, bandhanipun kathah, tamtu taksih gadhah panjăngka. Makatên ugi ingkang tinitah mlarat, masthi inggih gadhah panjăngka. Nanging tiyang mlarat jangkanipun barang ingkang rèmèh (ingkang sakêdhik pangaosipun), manawi tiyang sugih jangkanipun barang ingkang sakalangkung kathah pangaosipun, dados saking pangintên kula bingah susahing manungsa punika sami. Yen makatên ing pundi dunungipun manah marêm. Mila lêrês ungêl-ungêlaning lare: sami mawon, amargi sajatosipun kasugihan tuwin kamlaratan punika saking alusipun karsaning Gusti Allah, satêmênipun sami kemawon. Tandhanipun manungsa namung ngangge sacêkapipun, susah sami susah, bingah sami bingah, sakit sami sakit, [saki...]

--- 51 ---

[...t,] pêjah sami pêjah, pundi ingkang nama beda, rak inggih botên wontên. Ingkang ngrêkaos punika tiyang pados panarimahing manah. Manawi makatên sakeca tiyang narimah, punapa inggih... Mugi kauningana, kita tinitah manungsa kawênangakên nampik milih saboboting badan kita, sampun ngantos narimah waton gêsang, mindhak dipun wastani botên ngaosi dhatêng gêsang kita.

Mangsuli ing nginggil, tiyang sagêdipun sakeca, kadumugèn ingkang dados sêdyanipun, punika jalaran saking purun ngrêkaos anggènipun nyambut damêl. Dados ingkang kawastanan tiyang mangrêtos punika, inggih tiyang ingkang wêkêl anindakakên pandamêlan wajibipun. Amargi tiyang sami mangrêtos, bilih nyambut damêl punika tuking kabingahan, ngantos jaman sapunika sakalangkung rêkaos tiyang ngupados padamêlan. Nanging sarèhning pikiring manungsa punika sabên sanès tiyang sanès, têka inggih botên namung sakêdhik ingkang dados kosokwangsul, inggih punika ingkang sampun angsal padamêlan lajêng sapurun-purun panggarapipun, botên ajrih kèndêl anggènipun nyambut damêl, ungêlipun: mandar sakeca. Măngka manut andharan ing nginggil, sakecaning manungsa (tuking sakeca) amargi saking nyambut damêl. Lho, rak gèsèh-gèsèh pamanggihipun sadhèrèk kathah. Mila kula amborongakên para sarjana ingkang ngimpun amênggak tindaking tiyang ingkang kalèntu. Awit anggèn kula mastani, manungsa punika gampil anggèning nglêrêsakên tindakipun ingkang lêpat, nanging langkung angèl botên kados manungsa. Wontên piwulang: sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin wibawa mukti, sing mukti wibawa isih ngrêsula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih, sing singgih kapengin kuwasa manèh, bola-bali karêpe manungsa ora karu-karuan.

Andharan punika sigêg samantên kemawon, amargi kula piyambak botên sagêd mêndhêt wohipun.

Dahat punggung.

Sinta, ing Gunung Gambar. Ngawèn.

Kawruh Sawatawis

Pêpèngêt

pangkur anggayuh utama | sira padha dèn wêdi trêsna asih | ngêmong marang wong tuwamu | luwih utama urmat | lamun durung bisa mangkono ta kulup | aywa nganti ambêbeka | anêranyak wani-wani ||

kèh-akèhe pra pamudha | yèn katunggon wong tuwa malah sêdhih | awit samubarang kayun | yèn klèru pinalangan | rumangsane wong tuwa ngribêdi laku | banjur sira sru sawiyah | iku gènira bilai ||

mula padha yêktènana | luwih bêcik sira

--- 52 ---

padha ambudi | rukune marang sadulur | atut runtut sakarsa | lamun durung bisa nglakoni sarêmbug | budidaya aywa ngantya | sulaya bèncènging pikir ||

gih punika pamberatnya | kalakuan watak salah mangrêti | ewan dahwèn cidra rêmbug | ngrêmbug alaning liyan | panastènan tur jail lan adu-adu | lêga bungah dadi drêdah | anênacad mêmoyoki ||

ngrèmèhkên marang sasama | langkung bingah yèn kănca nandhang sakit | langkung cuwa yèn pikantuk | kabêgjan suka arja | rêbat unggul tan rumaos lêpatipun | ninggal duga tanpa têpa | awrat nulung mring sasami ||

pangrêsula tanpa kêndhat | gugon tuhon ngindhakakên pawarti | bandrèk jina makarti dur | punapa pedahira | dhuh Gustiku kang murbèng wisesa ulun | mugi paring kamirahan | mring kawulanira sami ||

sagêda berat sadaya | kalakuan watak kang wus winarni | kaparêngakên dumunung | ngèstokkên wulang-wulang | ingkang murih suka raharja pinangguh | tan liya saking priyăngga | sagêda rukun binudi ||

sampun malih băngsa papa | nadyan para agung binathara ji | yèn taksih dipun kalulut | tan sagêd nguwalêna | kalakuan wêwatak ingkang kasêbut | tangèh langgêng suka arja | ingkang masthi bosah-basih ||

R. Singgih. Ngêmplak, Manisarja (Klathèn)

Jagading Wanita

Konggrès Wanita Indhonesiah ing Ngayogyakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3.

Miturut khukuming agami Islam, bageaning waris èstri namung sapalihing bageaning waris jalêr. Nanging sanyatanipun ing patêmbayatan kita kêrêp botên makatên, awit: pun bapa utawi biyung sadèrèngipun tilar ingkang kêrêp sampun ambage bandhanipun, lan pambagenipun wau ingkang kêrêp dhatêng anak jalêr lan dhatêng anak èstri timbang. Kajawi punika: kalanipun emah-emah anak èstri angsal bêktan barang-barang ingkang majaji awujud rajabrana, pangangge lan sapanunggilanipun, têrkadhang lajêng dipun damêlakên griya. Tiyang sêpuh panjaginipun dhatêng anak èstri ugi beda kalihan dhatêng anak jalêr. Bêbasanipun wontên: anak wedok laki, wong tuwa mèlu laki. Kajawi punika: gunganing anak èstri limrahipun anglangkungi gunganing anak jalêr.

Bab wêwênangipun tumraping anak kadospundi. Punika ugi sami, sadaya ingkang magêpokan kalihan anak dados rêmbagipun tiyang kalih: badhe angislamakên, badhe anyêkolahakên, badhe mantu lan sapanunggilanipun, sadaya wau dados rêmbagipun tiyang kalih. Utawi wêwênangipun [wêwênangipu...]

--- 53 ---

[...n] srêngên lan amulasara anak ugi sami. Dados tumrap sadaya ingkang kula aturakên wau wêwênanging priya lan wanita sami.

Sapunika kula badhe ngaturakên bedaning lênggahipun priya lan wanita ingkang anuwuhakên pangrêsulaning para wanita kaneman intellectueel wau.

Bab pamilihing jodho. Priya wênang amilih jodho, wanita kêrêp kapêksa ing tiyang sêpuh. Punika ing jaman samangke kêrêp dados pangrêsulaning para wanita kaneman. Kadospundi kawontênanipun bab punika.

Miturut khukuming agami Islam jalêr èstri yèn badhe emah-emah kêdah mêdal saking rilaning manahipun piyambak-piyambak. Dados lare èstri botên kenging dipun pêksa. Dhawuhing khukum lare èstri ingkang badhe dipun emah-emahakên kêdah dipun tantun rumiyin, lan lare wau kêdah cariyos purun punapa botên. Nanging tumraping kênya dipun anggêp isin yèn anglairna purunipun, dados yèn kèndêl kemawon (kalihan tumungkul anguthik-uthik siti) kenging dipun anggêp purun.

[Grafik]

Rêpat tutupan.

Nanging wontên walining lare èstri ingkang wênang amêksa, inggih punika: bapa utawi êmbah jalêr saking bapa, kawastanan wali mujbir. Ewadene wêwênangipun punika namung tumrap dhatêng para kênya (prawan), dados tumraping răndha utawi tumraping lare ingkang ngakên yèn sampun dede kênya (pangakên makatên punika kêdah dipun andêl, botên kenging pinaibên) wali mujbir ical wêwênangipun amêksa. Kosokwangsulipun, yèn lare èstri gadhah kajêng badhe emah-emah kalihan salah satunggiling tiyang jalêr, walinipun ugi wajib anglêksanani, kajawi yèn pacanganipun wau kawon inggil kuphunipun (dlajadipun). Yèn pacanganipun tunggil kuphu, măngka wali mêksa mogok, lare èstri wênang atilar wali, wênang anikah sarana wali khakim, inggih punika sarana dipun walèni ing pangulu.

Sanyatanipun ing patêmbayatan kita Jawi kadospundi, kawontênanipun punapa inggih cocog kalihan pranatanipun agami wau. Limrahipun [Limrahipu...]

--- 54 ---

[...n] anak èstri ingkang badhe dipun emah-emahakên ugi mawi dipun tuntun, nanging tiyang sêpuh sadèrèngiun anantun, sampun yakin yèn anakipun botên badhe ambalela. Limrahipun anakipun ugi botên ambalela, nanging manut miturut, dening agêng kapitadosanipun dhatêng kawaskithaning tiyang sêpuh. Yakining manah: sadaya purbaning tiyang sêpuh mêsthi sae lan lêrês. Makatên tekadipun lare èstri jaman wingi. Nanging lare èstri jaman sapunika ingkang golongan intellectueel beda tekadipun: kajêngipun bab jêjodhoan botên purun pinurba ing tiyang sêpuh, sagêda jêjodhoan ingkang cocog kalihan ganthaning manah. Jaman wingi tiyang sêpuh anggène pados mantu ngangge ukuraning manahipun piyambak. Sarèhning anak manut miturut, dados tansah kalêrêsan pamilihipun. Lajêng kaprêgok lare jaman sapunika, ingkang botên purun pinurba, gadhah ukuran piyambak, gèsèh kalihan ukuraning tiyang sêpuh, angawontênakên kalèntu tampi lan pasulayan. Upaminipun: tiyang sêpuh ukuranipun bagus - anak ukuranipun brêgas. Tiyang sêpuh ukuranipun sugih - anak ukuranipun singgih. Tiyang sêpuh ukuranipun sugih, bagus brêgas - anak ukuranipun kaduga lan lêga. Yèn salingsingan rêmbag makatên punika lajêng kadospundi, punapa kajênging lare punika lajêng kêdah dipun turut kemawon. Punika botên. Bab punika kula namung badhe ngaturi ancêr-ancêr sakêdhik: tiyang sêpuh mugi ingkang pramana pamawasipun dhatêng tekading lare èstri sapunika, sampun kagèt dening santuning salaga ingkang kabêkta dening lampahing jaman wau. Sarèhning jêjodhoan punika babagan ingkang pêrmati sangêt lan dados margining bêgja lan cilaka, rêmbaging lare kêdah dipun ajèni, dene lare ingkang badhe nyanggi kadadosanipun. Makatên ugi rêmbaging tiyang sêpuh kêdah dipun ajèni, dene tiyang sêpuh sampun kathah kupiyanipun. Dados rêmbaging lare lan rêmbaging tiyang sêpuh sami awratipun, mila bab punika tiyang sêpuh prayogi ambudia golonging rêmbag kalihan anakipun. Tiyang sêpuh botên kenging amêksa lare sungkan. Kathah tiyang sêpuh ingkang kasêsa angemah-emahakên anakipun èstri, ingkang dèrèng kajêng lan dèrèng cêkap umuripun, dening kuwatos bokbilih anakipun (yèn kadangon botên emah-emah), kalampahan ambêdhat wêwêngkoning kasusilan, punika sasat anyukani "certificaat-ongeschikt" dhatêng awakipun piyambak tumrap anggène dados pamonging lare.

II. Bab panikahipun: pangantèn jalêr nikah piyambak, pangantèn èstri dipun nikahakên ing wali, punika lajêng sok dipun gandhèngakên kalihan paningsêt lan tumbasan. Lajêng nuwuhakên pangintên yèn pangantèn èstri dipun tangsuli lan dipun tumbas ing pangantèn jalêr. Punika klèntu: ingkang dipun singsêti punika rêmbagipun. Tumbasan punika dede yatra kangge anumbas pangantèn èstri, nanging urunan kangge têtumbas prêluning gadhah damêl. (Badhe kasambêtan)

--- 55 ---

Kagunan Jawi

Pakêmpalan Ringgit Tiyang Jawi Golonganing Militèr

Mênggah ing băngsa Jawi, jogèd punika tansah manjing dhatêng kasênêngan, ingkang adhêdhasar kagunan Jawi lêrês, awit manawi dpun parinci, pigunaning jogèd punika mêngku paedah warni-warni, kados ta nuwuhakên kaprigêlan, kasarasan, malah manawi dipun alusakên malih sagêd manjing dhatêng kasusilan. Makatên malih mênggah ing bab ringgit tiyang, punika gumêlaripun wontên ing pawayangan ngriku lajêng sagêd ngêtingalakên dhatêng unggah-ungguhing basa, tatakrama, tuwin sanès-sanèsipun, dados mênggah ing băngsa Jawi, lêrês sangêt anggènipun sami rêmên dhatêng cêcariyosan ringgit, punapa dene manawi kawujudakên ringgit tiyang, ing ngriku lajêng cêtha anggènipun mujudakên pêpêthaning tiyang ingkang dados ringgit. Ingkang pawakanipun lurus, dados alusan, ingkang gothot dados bangsaning sinatria ingkang prawira ing prang.

Ing ngandhap punika gambaring pakêmpalan ringgit tiyang golongan militèr griya sakit băngsa Jawi ing Wèltêprèdhên. Punika dados tăndha saksi nyata, bilih băngsa Jawi punika tansah kêdunungan raos ingkang kados makatên punika, awit mênggahing golongan militèr, pancènipun sampun ragi bênggang dhatêng raosing kajawènipun, ewadene botên, kalaning dados ringgit ambucal panganggening militèr, kêtingal taksih awujud jawinipun lugu, namung wontên titikipun sakêdhik mênggahing tabêting militèr, ing ngriku kêtingal adêging [adê...]

--- 56 ---

[...ging] badan kêtingal gagah-gagah kados adêging prajurit, ewadene malah mantêsi. Pakêmpalan wau nama J(avansche) T(ooneel) V(ereeniging R(oode) K(ruis). Dene mênggahing ancasipun, anindakakên pirukunan, ingkang tumănja dhatêng kasusahan, tuwin kabingahan. Pinuji pakêmpalan wau mugi amanggiha wohipun, tanpa sambekala.

Piwulang Sae

Madusita

Ha: ati mulya anguripi raganira. Marganira kudu bangkit mêkak hawa.

Na: nacad janma anèng sajroning pajagongan. Tăndha misih kurang budine tan mêmpan.

Ca: clathu sêru mung gawe kagèting bocah. Ora bêcik iku crawak aranira.

Ra: rahayuning budi wèh têntrêming jagad. Marmanira marsudia karaharjan.

Ka: kapintêran dadi sumbêring agêsang. Mula sira kang srêgêp pangudinira.

Da: drêngki srèi dadya bubuking sarira. Mrih raharja adarbea ambêk darma.

Ta: tapabrata yèn rusak nyudakkên drajad. Wèh rubeda cupêt sêdyane tan dadya.

Sa: samubarang yèn kasêsa nora arja. Gawe cêla kaduwung ing wurinira.

Wa: watêk arja jatmika sêmu prasaja. Dadi tăndha nyata pilihaning janma.

La: laku sabar madhêp rila mring Hyang Suksma. Iku tăndha ngukuhi tekad kang nyata.

Pa: piangkuhmu karya witing karusakan. Murih slamêt kang bisa ngêsorkên raga.

Dha: dhasarana andhap asor mring sasama. Mrih prayoga salamêt ing uripira.

Ja: jaganana jêjêging ati ywa gograg. Lamun gigrik garagap gêmpal tyasira.

Ya: yayah kadya taru sinêrang maruta. Sayêktine mobat-mabit angganira.

Nya: nyênyampahi marang ing sêsaminira. Yèn winalês agawe kuwuring nala.

Ma: madat, main, mangani kalawan minum. Raga rusak kanisthan ingkang pinanggya.

Ga: graitaning sujanma kang punggung mudha. Anggung gawe anggunggung dhiri priyăngga.

Ba: Bangkit ngampah murka angkaraning manah. Alêgawa ngênguwung tyase ngumala.

Tha: thika marta wèh ayuning jiwaraga. Lamun wignya nglakoni bisa yuwana.

Nga: ngèmohi jaman matèni ing pasaban. Marmanira kang bisa nglêboni jaman.

Pak Jaya. Ing Pajawaran, Banjarnagara.

--- 57 ---

Waosan Lare

Bocah Kêmbar

XV. Patine naga cakar

[Durma]

blêng malêbu wong anom nyang ênggon naga | isih turu kapati | ngorok sêsênggoran | nganti ngorêge omah | ambêgane kaya angin | gumrubug nywara | lan gumludhug mêdèni ||

awak gêdhe ngrênggunuk kaya barongan | sasat prabatang ringin | buntut nglawèr dawa | sikil papat nyrêkakah | kuku ketok mingis-mingis | yèn ta anggruwak | mêsthi agawe pati ||

barêng naga mambu gandane wong cêdhak | irung mêgar mêdèni | kaya gêronggongan | lan cangkêm mangap ngêblak | kaya lawang guwa curi | siyunge cêtha | ketok pating cêringih ||

suwarane gumlêgêr gawe taratab | banjur mêlèk mandêlik | abang amêngangah | kaya srêngenge kêmbar | buntut banjur kopat-kapit | obah galebag | brêg nywara gêgirisi ||

sarta ngakak sikil papat angadêg nyat | mundur ngancang-ancangi | wong anom amulat | barêng disandêr endha | gumêbrug nywara mêdèni | lan tansah ngakak | buntute kopat-kapit ||

ambêganing naga cakar nganti nywara | kumrangsang kêmpis-kêmpis | napas kaya mawa | sumlêngêt kêna awak | uwong anom amêcicil | pijêr anyawang | polah sing gêgirisi ||

naga cakar nakur lêmah nganti growah | kumêbul anglilipi | anyepak anujah | buntut anyabêt lêmah | mak brêg bêngkah lindhu bumi | nuli narajang | cakare mingis-mingis ||

uwong anom ditubruk endha mangiwa | mung kêna ditibani | sabêt buntut kontal | gumlethak ana lêmah | galiyêr mèh ora eling | nuli garegah | andheprok kêmpis-kêmpis ||

bêbature macan luwak tikus padha | marani karo nangis | bandarane kăndha | kaya-kaya anggêsah | his, enggal lungaa kuwi | anu apa ta | dene ngewuh-ewuhi ||

wis ta kana padha anaa kadohan | aja padha nyêdhaki | mêngko yèn katrajang | polahe naga cakar | kabèh nuli mlayu gênjrit | tikus gragapan | lumayu ciyit-ciyit ||

mak nyat ngadêg bocah anom nata awak | mèpèt ana ing pinggir | durung nganti tata | lêsune isih krasa | ditubruk mak bruk ngendhani | dadi mung kêna | tembok jugrug ngurugi ||

naga kirig mak bul sasat ampak-ampak | pêtênge malêpêgi | wong anom anggêblag | saka le ora kuwat | banjur ambarangkang ngisis | nèng jaba tiba | sumaput ora eling ||

barêng gregah linggih isih mêgap-mêgap | nanging banjur nyat tangi | karo ngungak-ungak | ing sajêroning omah | barêng pêtênge wis nisip | blêng bali mara | sêdyane anyêdhaki ||

naga barêng wêruh yèn mungsuhe têka | banjur ditubruk wani | uwong anom tiba | kalêbu ing kakahan | mak nêt mèpèt diêbruki | obah rêkasa | tujune banjur eling ||

yèn tangane isih anyêkêl gêgaman [gê...]

--- 58 ---

[...gaman] | pêdhang sing mingis-mingis | kono sanalika | dhadhane naga cakar | kêna dijojoh anjondhil | galebag tiba | polahe ngolang-aling ||

lan gêtihe abang ketok balabaran | malahan nganti mili | naga kaya-kaya | kakuwatane ilang | bocah anom amarani | amêdhang gêjras | naga nglabak mèh mati ||

ping pindhone sumiyut nibani pêdhang | gulu pêdhot saiki | êndhas galundhungan | gêmbunge galebagan | pêthit tansah mobat-mabit | kaya angarah | arêp amalês pati ||

nanging ora pisan bisa amalêsa | wusana nganti mati | wong nom nuli enggal | nyandhak êndhasing naga | banjur disigar byak wani | angêthok ilat | dibuntêl kacu dhamis ||

sabanjure dikalungke gulu brêgas | kocap si tikus pithi | bangêt gone bungah | ketok alincak-lincak | anèng gêmbung naga mati | karo nyuwara | tansah acuwat-cuwit ||

macan nganti mênging tikus kon mudhuna | nanging ora mraduli | saya lincak-lincak | wong anom nuli kăndha | bok ya cikbèn tikus pithi | abungah-bungah | saka sukur ing ati ||

lah wis kono enggal padha tutugêna | nonton naga sing mati | yèn wis ayo padha | tumuli bali mrana | mênyang ênggone sang putri | ngaturi priksa | yèn naga uwim[1] mati ||

wise ngono kabèhe nuli budhalan | sowan mênyang sang putri | kocap dhèk samana | sang putri lagi lênggah | ngungkêp-ungkêp angrungkêbi | bantal katara | bangêt anggone nangis ||

awit mirêng mênyang suwaraning naga | kaya ngorêge bumi | wong nom mêsthi tiwas | lan ora suwe têka | mênyang ênggone sang putri | ing kono bakal | naga nguntal sang putri ||

bocah anom nuli nyêdhak anyuwara | kula nuwun sang putri | ngaturi uninga | pun naga sampun pêjah | sapunika kadospundi | kula sumăngga | kula namung sadrêmi ||

barêng putri mirêng ana wong nyuwara | jênggirat lênggah nuli | karo usap-usap | lan namatake cêtha | yèn wong anom isih urip | nuli ngandika | isih kêmoran tangis ||

kang ngandika punapa punika nyata | yèn naga sampun mati | wong anom akăndha | yêktos wartos punika | măngga ta dipun priksani | alah mung kăndha | kanyatakna prayogi ||

sêmu bungah sang putri ya banjur tindak | nyang goning naga mati | sauwise têkan | tumuli angandika | kalawau kadospundi | dene klampahan | naga pêjah gumlinting ||

uwong anom banjur upyêk gone kăndha | wiwit pêrang sakawit | nganti têkan bubar | tangane suraweyan | tikus banjur anyambungi | sampuning pêjah ./ nuntên kula krikiti ||

macan nyêntak kowe kuwi pancèn tuman | mari-mari yèn mati | luwak iya kăndha | pancèn-pancèn uwis ta | salawase tikus kuwi | mung gawe wirang | calak cangkol andadi ||

wise ngono sakabèhe padha bungah | nuli ngaso saiki | putri asarean | uwong anom acêdhak | wusana turu kêpati | kaya kêblabak | ing sayah angluwihi ||

--- [59] ---

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun kêrêp ngêwrat ing bab kawontênanipun nata ing Afghanistan. Ing nginggil punika gambaripun sang prabu nalika sawêg mêdhar sabda ing bab pigunaning radhio.

--- 60 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Jawi Têngah

III.

Garèng : Wis, Truk, mara banjurna dongenganamu, nanging caraning andongèng kudu kayadene kowe nèk lunga kantor kae, têmtune rak iya ora mrêlokake tuku bakmi utawa lèrèn dhomino dhisik. Rêtine: têrusna anggonmu carita, aja nganggo disêlani thèthèk bêngèk.

Petruk : Lho, kuwi rak gumantung nyang kowe dhewe. Aku mêsthi carita têrus, anggêre kowe aja dêlap bae.

Garèng : Wiyah, sing dak dêlapi apa bubulmu kuwi, gênah jarit siji bae gêntenan karo Bokne Kamprèt, anggêpe ngunèkake uwong kathik dêlap. Nèk wong dhêmên nyêlani omonging liyan, kuwi jênênge rak calak, wis rupaku kaya tungkakmu, nèk omong kalira-kaliru mêngkono. Wis, nuli wiwitana, kupingku dak jêpipingne.

[Grafik]

Petruk : Iya bêcik. Dhèk anu aku janji arêp nyaritakake lêlakonku ana ing Banyumas. Nanging sadurunge, ing kene aku arêp anglairake gêdhening panuwunku marang Radèn Sugendra mantri guru ing normal sêkul ing Purwakêrta, anggone tansah paring pitulungan lan ngancani lakuku salawasku ana ing Purwakêrta utawa manèh ana ing Banyumas. Saking gêdhening panuwunku marang panjênêngane, mulane barêng wêktune pêpisahan, ing măngka aku butuh buku wêwacan, nang sêtatsiun iya banjur glêthêk tuku bae. Saking sêmrenohku utawa mantêping atiku mêmitran karo panjênêngane mau, sanalika kono panjênêngane iya banjur tak aturi ambayari buku sing dak tuku mau.

Garèng : Wah, Truk, kuwi pancène kurang anggonmu ngatonake sêmrenoh utawa sêmanakmu, pantês-pantêse agême èrloji banjur suwunên pisan.

Petruk : E, kurang ajar, Kang Garèng kiyi gênahe nglulu uwong. Wis, tak banjurne, rungokna. Esuke kira-kira wayah jam 9 aku lunga mênyang dalême priyayi kasbut ing dhuwur, sauwise ana ing kono ditraktir wedang mèlêk sanyamikane, [sa...]

--- 61 ---

[...nyamikane,] aku banjur diajak andêlêng kaanane pamulangan normal, kang andadèkake ngunguning atiku. Ora mung ngungun jalaran saka adi, bakuh lan jêmbaring omah sêkolahan, nanging uga ngungun jalaran saka panjagane para kang wajib tumrap kasarasaning murid-murid ing kono, kabèh-kabèh sarwa jêmbar lan isis, iya kamar-kamare, papan dhahar utawa papane ulah raga, apa manèh barêng aku dituduhi barang-barang gawean tangan gaweane para murid, hla, kuwi saking gumunku nganti aku malompong suwe ora kèlingan apa-apa, iya sabab saka apike barang-barang gawean tangan mau. Saka anggonku malompong mau, upamane kalasamono cangkêmku kok sori wedang soklat kambi mèlêk, bokmanawa banjur iya dak êlêgi bae.

Garèng : Wis ora urus, ana kenene anggone ngrungokake têmênan, têka disambungi sing ora-ora mêngkono.

Petruk : Lho, kuwi aku mung arêp ngatonake, yèn gaweane para murid mau ora mung barang cêpethe-cêpethe bae, nanging pancèn apik têmênan. Ing kono dadi cêtha bangêt, yèn murid-murid normal sêkul ing Purwakêrta, kuwi ora mung olèh tuntunan kabutuhane wong dadi guru, nanging uga diwulang ing bab pagawean tangan, prêlune manawa ing têmbe ana apêse dadi guru, sabab saka kapintêrane nyang pagawean tangan mau, uripe iya ora bakal kapiran.

Garèng : Wah, kuwi padha karo aku, sinau kuwi ora mung bab siji bae, nanging ya kudu rangkêp-rangkêp, dadi ana sing dijagakake tuwane, kaya ta: nalikane aku ajar dadi mênjait, kuwi dak rangkêpi sinau nyuwara ringik-ringik, prêlune yèn ana mrucute anggone dadi mênjait, banjur tansah bisa ngumbar suwara ringik-ringik turut trêtêpan.

Petruk : Wiyah, kuwi rak lageane wong ngêmis. Sauwise tutug anggonku andêlêng pamulangan normal, aku nuli ambanjurake lakuku sarana dikancani dening Radèn Sugendra kasbut ngarêp, prêlu arêp anjêmbarake têbane Kajawèn, lakuku sakloron mênyang Sokaraja, sadalan-dalan aku prasasat ora apa-apa, malah sing agawe propagandhah tumrap anane kalawarti Kajawèn, iya Radèn Sugendra mau, kang iku tak pindhoni anggonku matur nuwun bangêt, lan ing sajêroning ati aku prasêtya, yèn ing têmbe aku kêsasar nyang Purwakêrta manèh, panjênêngane dak suwun karsa angurmati aku motong pitik.

Garèng : E, hla, wong kurang ajar têmênan, ana wong dipitulungi, ora kok banjur mrêsèni, malah anjaluk disêmbêlèhake pitik. Wis, banjurna bae critamu.

Petruk : Esuke. Kira-kira jam 6 aku pangkat nyang Banyumas, kalasamono iya dikancani Radèn Sugendra manèh. Tumêkane ing Banyumas, Radèn Sugendra dak suwuni pitulung agawe propagandhah Kajawèn marang para guru ing kono, dene aku dhewe sumêdya sowan kangjêng bupati ing Banyumas. Saka pandongamu, kanthi gampang tanpa kangelan apa-apa, aku bisa ngadhêp ngarsa dalêm ingkang bupati, sarta ing kono ditămpa [di...]

--- 62 ---

[...tămpa] kanthi rênaning panggalih dalêm.

Garèng : Lho, Truk, omongmu kang kèri kiyi sajake kok ana buntêlane, mara kandhakna sing gênah.

Petruk : Ora, Rèng, salawase aku kluyuran mênyang Jawa Têngah sarta mêruhi tatacarane siji-sijining apdhèling kuwi, kok banjur tuwuh gagasanaku warna-warna, kaya ta: umume bocah saiki kiyi padha ora gêlêm dadi priyayi, kuwi pancèn akèh bangêt sabab-sababe. Upama dak caritakake kabèh, bok têkan ucule ja-majuja saka rantene, bokmanawa iya ora bakal rampung. Salah sawijine sabab-sabab mau, kayadene mangkene: priyayi Jawa arêp anglungguhi kapriyayène, kuwi tumrap ing saapdhèling-saapdhèlinge, ora banjur bisa nindakake, mêsthi andadak nyinau dhisik, kapriye cara-carane ing kono, sanadyan padha ing Jawa Têngah, iya mêksa beda-beda, upamane ana priyayi kapindhah nyang apdhèling liya, kuwi anggone narèthèk takon kapriye cara-carane sing wis tumindak ing panggonan kono, iya nganti pirang-pirang dina têmênan. Wêruha, Rèng, ana apdhèling sing wis modhèrên, wis ngeropis, kuwi nèk arêp kêtêmu panggêdhe iya kapenak, ora beda karo sing wis dak caritakake ing dhuwur. Ana sing cara-carane têngah-têngah, yaiku: nèk ngeropis bangêt-bangêt diewani, nèk cara Jawa bangêt-bangêt dirisèni. Ana manèh sing cara-carane isih Majapaitan, hla, kiyi sing rêkasa canggah udhêg-udhêging rêkasa, mara, pikirên bae, nèk kurang dêrês sêmbahe dipleroki, nèk rada kidhung têmbunge sathithik, diènjêpi, malah jarit bae, sing ora mèlu apa-apa, sok uga mèlu diaruh-aruhi. Seje têmên karo amtênar Walănda, nang ngêndi bae carane iya sami mawon. Nanging, Rèng, cangkêmku saiki kok wis rada ail, besuk manèh bae padha dibanjurake.

Pawartos Wigatos

Ngaturi uninga. Ngaturi uninga.

Palêthèking taun 1929 punika inggih palêthèking kwartal kapisan, para lêngganan kaaturan angintunakên rêgining Kajawèn ing kwartal kapisan wau. Lan kauningana, manawi dumugi tumapakipun wulan Pèbruari dèrèng ngintunakên arta rêgining Kajawèn, pangintuning Kajawèn kêpêksa badhe kakèndêlan. Dene manawi kalampahan makatên, tumrap lêngganan ingkang tamban pambayaripun tamtu badhe cuwa ing galih, awit tampining Kajawèn badhe jugag.

Adm.

--- 63 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sawatawis dintên êngkas Ver. Jav. Houthandel Mij. badhe ngintunakên kajêng jati bantalan sêpur dhatêng Aprikah kidul, sarana mawi kontrak laminipun tigang taun, ing sabên taun ngintunakên 90 dumugi 100.000 iji. Tataning pangintun, ingkang 70.000 kakintunakên saking Sêmarang, kêkiranganipun saking Surabaya tuwin pulo Munah, sacêlaking Sêlèbês.

Sentralêkas tuwin sêtudhiklib ing Surabaya mêntas damêl parêpatan, angrêmbag murih anggampilakên têtiyang pakampungan sagêd nyambut arta ingkang namung f 5.- utawi f 10.- ingkang jalaran lumuh nyambut dhatêng apdhèling bang tuwin bang dhusun, nanging malah nêmpuh nyambut dhatêng lintah dharat.

Benjing tanggal 28 Pèbruari badhe wontên sêtudhèn cacah 100 dhatêng ing tanah Jawi, numpak kapal Belgenland tuwin ugi wontên malih sêtudhèn 50 kairing ing para propesor, anjajah tanah wetanan, salajêngipun angubêngi donya, sagolongan malih anjajah ing nagari Cina, dene wangsulipun dhatêng Eropah badhe sêsarêngan.

Ing bab badhe bikakipun sêkolahan Mulo ing Pakalongan, burgêrmistêr angusulakên dhatêng Residhèn Pakalongan, kangge sawatawis dangunipun, pamulangan wau badhe manggèn ing tilas sêkolahan H.C.S. ingkang sapunika kangge kantor opperhoutvester mêndhêt kalih guthêk kemawon.

Sampun sawatawis dintên punika ing Batawi wontên băngsa Tionghwa sawatawis sami adus dhatêng padusan ing Tanjungpriuk, wontên tiga ingkang sami baitan ngangge baita alit, wusana sarêng ragi manêngah baitanipun kenging alun, ambalik, ingkang kalih sagêd minggir saha dipun tulungi ing tiyang, nanging ingkang satunggal nama Lauw Siong Pek badanipun lajêng kakên, andadosakên ing ajalipun.

Pangadilan landrad ing Surabaya mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa bongsa Tionghwa, kadakwa malsu mèrêk sigarèt Fleur de Djatiroenggo dipun ewahi dados Dollar de Djatiroenggo, tuwin buntêlipun sairib. Dakwa dipun dhêndha f 500.- utawi kunjara 2 wulan.

Miturut cathêtan, wontêning kasangsaran oto, pit tuwin sanès-sanèsipun, ing Batawi tuwin Mèstêr Kornèlis, ing taun 1926 wontên 800, taun 1927 1200, taun 1928 wontên 1369. Tiyang ingkang nandhang tatu ènthèng, miturut urut-urutaning taun wau 175, 255, tuwin 274. Ingkang tatu rêkaos 171, 182 tuwin 137. Ingkang tiwas 8, 5 tuwin 15.

Pamarentah aparing arta pitulungan kathahipun f 48.000 dhatêng Centraal genootschap voor vacantie-kolonies ing Salatiga kangge yasa griya, ingkang badhe dipun garap wontên ing wulan punika.

Anglêrêsi dhawahing tumbuk dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta yuswa 64 taun, kumisining tumbuk dalêm, anampèni arta f 28.000 saking golongan Eropah, ingkang sapalih saking kabudidayan bawah Kasunanan. Sakawit karancang badhe kangge yasa manara masjid, nanging lajêng dipun ewahi, sapunika kangge damêl gapura ing gladhag, ingkang sinuhun marêngakên.

Ing kapal Prins der Nederlanden ingkang wontên tiyangipun sakit roodvonk sampun dumugi ing Tanjungpriuk. Dene tuwuhing sêsakit wau sasampunipun bidhal saking Suez. Ingkang sakit sakawit lare tuwin tiyang malih satunggal saking Dhèli, lajêng dipun jagi taliti, sadumugining Sabang, dipun priksa ing dhoktêr kumisi. Dumugi Balawan lare wau sampun saras, saha sadumugining Tanjungpriuk dipun priksa malih.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3480, ing Jaganêgaran. Pos wisêl f 1,50 sampun katampèn. Kajawèn nomêr 105 botên wontên, agêng-agênging nomêr 104. Sasampunipun lajêng mêdal nomêr 1, taun 1929.

Lêngganan nomêr 2211, ing Tulungagung. Kwartal 1 saha 2 sampun kabayar.

Lêngganan nomêr 2470 ing Wanakrama. Pos wisêl f 6.- sampun katampèn nuwun.

Lêngganan nomêr 2452 ing Surabaya. Pos wisêl sampun katampèn.

Lêngganan nomêr 2204, ing Surakarta. Pos wisêl saking panjênêngan sampun katampèn sadaya. Dene Kajawèn ingkang mêdal tanggal kaping 2 wulan punika, punika mêdalipun kaundurakên wontên ing tanggal 3, nomêripun 1, dados botên wontên Kajawèn nomêr 105.

--- 64 ---

Wêwaosan

Cariyos Kina

Sèh Jambukarang

4.

[Mêgatruh]

anyarêngi nênggih kalamangsanipun | ciptanira Radèn Said | mangkya arsa anggêguru | mring Sunan Purba linuwih | wali punjul ing Cirêbon ||

kang asrama anèng Gunung Jatipunjul | dene kasoking pawarti | sang sunan ugi jêjuluk | Sayid Hidayat linuwih | sinuyudan sanggyaning wong ||

duk ing wau Sunan Purba pan wus wêruh | lamun arsa dèn sowani | cêcalon wali linuhung | marma mèsêm jroning galih | datan kêndhat awêwangson ||

tamuningsun Rahadèn Said puniku | jatine calon linuwih | nadyan tilasing wong mrusul | sunare wus ngatarani | calon wali tanpa bobot ||

ing sumarma Sunan Purba ciptanipun | datan arsa dèn guroni | yèn ta tinampia iku | arane mindho gawèni | mêmulang mring wong wus kaot ||

tan antara Radèn Said nulya rawuh | tinampi sukaning galih | Sunan Purba nulya muwus | jêbèng paran ta ing karsi | adoh-adoh mring Cirêbon ||

Radèn Said umatur lawan mabukuh | wiyosipun sang linuwih | mênggah ta ing prapta ulun | nêdya puruhita yêkti | wikana ngèlmining Manon ||

sarwi mèsêm sunan mulung astanipun | linut pangandika ririh | iki lo kêmiri satus | gawanên mentar sing ngriki | sun anusul alon-alon ||

Radèn Said matur paran marmanipun | dene ta amung kêmiri | punapa ing pedahipun | binêktaa tanpa kardi | tiwas nèng wêtêng mandhokol ||

Sunan Purba alon pangandikanipun | gunane ingkang kêmiri | kênia ginawe ngetung | ngetungi ngèlmunirèki | aywa ta kongsi kaledhon ||

wis ta nuli mangkata mêngko sun susul | nèng madyaning wana wêrit | Dyan Said nulya lumaku | mandhokol ngandhut kêmiri | lampahira alon-alon ||

ciptanira mrih bangkit nuli kêsusul | nanging mêksa tanpa kardi | tindakira angêlangut | datan katon sang linuwih | kongsi praptèng wana sigrong ||

nanging watak wantuning calon linangkung | mung têtêp mantêp ing ati | nadyan ta atêmah lêbur | ngantêpi guru sajati | manut miturut sapakon ||

apan wau tindakira sang linuhung | prapta satêpining kali | têmah kandhêg mangu-mangu | mangkya cipta angêntosi | sinambi têtapa manggon ||

kongsi dangu pirang dina pirang tèngsu | amung têtêp Radèn Said | anganti ing gurunipun | kanthi antèr anyênyambi | tapa mrih sarira luloh ||

wusing tita Sunan Purba datan rawuh | Dyan Said nganguk-anguki | mènèk ing wit arèn luhur | prapta ing nginggil umêncit | ingkang kêmiri ginembol ||

duk ing wau kêmirinira amrucut | wutah kêcêmplung ing kali | Radyan Said dahat gugup | ketang maring guru ajrih | manawi mangke kêbêndon ||

gita-gita tumuli mring kali nyêmplung | gogo ngulati kêmiri | dumadakan duk ing wau | nalikanira nêngahi | gogo kang banjir sumêntor ||

tanpa sangkan praptanirèng we gumrujug | bêbanyakan mawèh giris | Radèn Said têmah katut | kêsêntor praptaning banjir | kombak kombul datan anggop ||

drêsing ranu datan kinira ing kalbu | sang aradèn kerut kèli | ing satêmah bablas katut | tumêka têpining tasik | dahat dènnya kantu kasok ||

jroning kantu antuk parmaning Hyang Agung | rinawuhan Nabi Kilir | alon dènira têtulung | radèn kongsi èngêt malih | têmah ngungun dhêlog-dhêlog ||

Nabi Kilir nulya nabda ririh arum | bagya jêbèng sira iki | lulus tinêmu rahayu | saking parmaning linuwih | kang yogya sira ing mêngko ||

umiringa maring padalêman ingsun | dêdunung ing pulo Êning | Dyan Said sandika nurut | satindak nulya umiring | kongsi praptanirèng êndon ||

Radèn Said nulya antuk wulang luhung | tan limrah samaning janmi | wusing sadaya kacakup | nulya ajêjuluk mangkin | Sunan Kalijaga kaot ||

namanipun mêndhêt sing tabêting laku | dènira tapa nèng kali | kongsi kalalèn kalimput | kang dadya marganing luwih | kabuka wruh ngèlmu kaot ||

lawan malih antuk kanugrahan agung | yèku pinaringan sêking | ingkang nyawabi pinunjul | bangkit nêkakkên sakalir | cipta sarasaning batos ||

ing wusana jêng nabi nulya dhêdhawuh | hèh jêbèng sira samangkin | yogya balia mring dunung | ywa katrêm nèng pulo Êning | yèn dadya pangantos-antos ||

lawan manèh apan sirèku sun tuduh | angulatana Narpati | Sri Darmakusuma iku | apan wus dangu anganti | dènira arsa murwèng don ||

tan lênggana Sunan Kali ing satuduh | riwusira mangastuti | nulya lon pamit umundur | lan tuwuh raosing galih | brangtanira mring Hyang Manon ||

[Asmaradana]

ya ta wau Sunan Kali | nuli tindak angupaya | pan wus lêpas ing lampahe | ing mangkya sampun kawuryan | titiking waliyolah | wadananira ngênguwung | tan surêm salaminira ||

riwusing alami-alami | tindakira kangjêng sunan | pan wus kêtêmu enggale | kalawan Sèh Jambukarang | riwusing sêsalaman | Sèh Jambukarang amuwus | dhuh ingkang nêmbe kawuryan ||

kawula anilakrami | sintên paduka kang asma | saking pundi pinangkane | lan malih rawuh paduka | nawung karsa punapa | dene katara ing sêmu | kadi wontên ingkang karsa || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


uwis. (kembali)