Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-01, #462

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-01, #462. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-01, #462. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Nomêr Lêbaran

Ôngka 18-19, 30 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]

Bumi awoh rikêji

Lampiraning Kajawèn nomêr lêbaran 1860 / 1930

--- [273] ---

Ôngka 18-19, 30 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

Nomêr Lêbaran

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan saking gagana

[Grafik]

Kantor Bale Pustaka (ingkang dipun kubêng ing garis pêthak), dipun tingali saking gagana. Dunungipun kantor Bale Pustaka punika gandhèng kalihan kantor palis, wontên ing iring kidul, kapara wingking, marginipun saking margi agêng dhagêng[1] kantor Bale Pustaka miturut lampahing jêmparing têtêngêr.

--- 274 ---

Bakda Riyadi

Siratulrahmi

Bakda riyadi ing taun punika anyarêngi dhawahing pêpetangan sarwa enggal, têrangipun: tanggalipun sapisan ing wulan Sawal punika, anyarêngi wulan Walandi tanggal kaping 2 Marêt. Tumraping tanggal ênèm punika, mêngku kajêng sarwa ngênèmakên samukawis, upaminipun manahing tiyang, ing tanggal ênèm punika ugi araos kadhawahan kabêgjan, awit mênggahing tiyang nyambut damêl, ing wêkdal wau wancinipun anampèni pituwas, ingkang minôngka epahaning kangelan ing dalêm sawulan, lan malih mênggahing wulan Pèbruari ingkang kapêngkêr nama satunggiling wulan ingkang umuripun manjila botên kados sasamining wulan, inggih punika namung umur 28 dintên, caraning pêpetangan, nama manggih bêbathèn. Lan malih mênggahing wulan Pèbruari wau wulan ingkang taksih cêlak kalihan taun enggal, dados kawontênanipun inggih taksih sarwa enggal, inggih bab punapa kemawon, pinanggihipun ewah-ewahan wontên tumapaking taun enggal. Mila gambiraning manah wontênipun ing bakda riyadi punika, tamtu beda kalihan padatan.

Tanggalipun sapisan ing wulan Arab, ugi sarêngan kalihan wulan Jawi, punika kados pasêmon, bilih sayuking pamanahan tumraping Jawi lan Arab katingal manunggil, inggih sanadyan tiyangipun beda, nanging paugêranipun agami botên wontên nalisiripun, dados Jawi lan Arab, ing tanggal sapisan wulan Sawal punika sami sêsarêngan mulyakakên. Lêlampahan ingkang pinanggih kados makatên wau kados amêngku raos atêgês pêpeling, murih sawarnining umat Islam sami angèngêtana dhatêng wajibipun ingkang kêdah katindakakên.

Mênggahing wulan Tionghwa, ing bakda riyadi punika dhawah ing tanggal kaping 3 Jigwik, punika ugi wulan ingkang cakêt kalihan taun enggal, kapetang wulan ingkang kaping kalih. Ing ngriku taksih katingal tabêting bôngsa Tionghwa ingkang nêmbe mêngkêrakên suka-suka, ingkang araos pamuji murih wilujênging jagad, awit têtela sawarnining pamuji ingkang sami mêntas dipun lampahi, namung isi pamuji pangajap sae, inggih punika: umur panjang lan sugih bêgja. Punika gathukipun kalihan bakda riyadi ugi anggayut kawilujêngan, lan mênggahing dayanipun, pinuji murih ajênging cara pangudining pados kaskaya sagêda sêsarêngan tuwin giyak kados bôngsa Tionghwa.

Mênggahing pranatamôngsa nuju dhawah môngsa kasanga tumindak 2 dintên. Môngsa kasanga punika candranipun: wêdharing wacana mulya, têgêsipun wancining gangsir sami ngênthir, garèng sami ngèrèng. Sanadyan ungêling sato gêgrêmêtan punika namung anêtêpi kodrating sato ingkang tanpa ngakal budi, nanging botên uwal saking nalar ingkang atêgês sae, kados ta ngênthiring gangsir amêngku kajêng sênêng ing gêsangipun, makatên ugi pangèrèngipun garèng, ugi [u...]

--- 275 ---

[...gi] botên wontên bedanipun, sadaya wau anocogi adamêl sasmita rahayuning budi, awit ungêlipun amêngku kajêng kados ambagèkakên badhe wêdaling rijêki ingkang sampun gumêlar ing pasabinan. Mila mênggahing petang, manawi môngsa kasanga sampun tumindak 25 dintên, kalêrês wancinipun paman tani adamêl gubug. Punika dados pratôndha anganguk-anguki badhe konduripun Dèwi Sri dhatêng ing lumbung.

[Grafik]

Mêmanisi riyadi.

Kawontênan ingkang kapratelakakên ing nginggil wau, kenging dipun grêba katunggilakên gumêlêng dados pamuji kawilujênganipun jagad saisinipun sadaya, sinêngkalan: mumbul raos èsthining janma.[2] Mênggahing kajêngipun: mêmuji mugi kêkajênganing têtiyang ing môngsa punika sagêda lulus kasêmbadan, wêkasan cêtha angalela. Sanadyan namung grêban, nanging nama dhapur pamuji, wajib dipun sarêngi ing ucap: amin, amin, amin, ya rabil ngalamin. Kabula.

Makatên ugi tumraping para lêngganan tuwin para maos Kajawèn, tamtu ugi sami kagungan wawasan kados saraosing andharan ingkang kasêbut ing nginggil. Tuwuhing raos ingkang kados makatên wau, kalêmpakipun ugi andadosakên santosaning pamuji, sêsarêngan kalihan pamujinipun administrasi, redhaksi tuwin sanès-sanèsipun, ingkang gêgayutan kalihan Kajawèn. Wêdaling pamuji saking administrasi sapanunggilanipun:

Ha. Mugi para lêngganan sapanunggilanipun, sami dinirgakna ing yuswa, sumrambah dhatêng garwa putra dalah sakukubanipun sadaya. Tuwin sami lêstantuna angrênggani wontên ing jaman karamean kanthi suka pirênaning panggalih.

Na. Cinakêtana ing kasarasan, sinrêtu godhaning sakit, murih sagêd katumusan raos rahayu ing budi, ingkang andadosakên kawilujênganing lair batos.

Ca. Tinênggaa kabêgjan ing salaminipun, ingkang nuntuni damêl kasambadaning karsa.

Wohing pamuji tigang prakawis wau, tamtu badhe anumusi dhatêng Kajawèn, awit:

Ha. Panjanging yuswa, ugi atêgês panjanging umuripun Kajawèn, lan suka pirênaning panggalih ugi adamêl kamajênganing Kajawèn.

Na. Kasarasaning sarira, badhe anumusi kasarasaning [ka...]

--- 276 ---

[...sarasaning] Kajawèn. Punapa mênggah kasarasaning Kajawèn, botên liya isi karangan ingkang damêl panujuning panggalihipun para maos.

[Grafik]

Sêpur kilat saking Surabaya dumugi Ngayogya.

Ca. Kabêgjanipun para lêngganan, punika sanadyan botên kapratelakakên panjang, sampun atêgês prayogi tumrap Kajawèn, amargi saupami Kajawèn punika têtanêman, para lêngganan ingkang nanêm, tamtu kemawon kacêkaping rabuk siramipun tansah lumintu tanpa kêndhat.

Kados sampun cêkap ing bab atur kasugênganipun Kajawèn dhatêng para lêngganan tuwin para maos sadaya. Ing sapunika gêntos angraosi ing bab kawontênan ing bakda riyadi. Kados ing pundi-pundi sami kemawon, tumrap para têtiyang ingkang agami Islam, dhawahipun dintên wau sami ngrumaosi manggèn wontên ing dintên kamulyan, limrahipun sami anglampahi nglêbur dosa, sintên ingkang kaprênah anèm, sami mrêlokakên sowan dhatêng para ingkang kaprênah sêpuh, wosipun sami ngabêkti tuwin anglairakên kalêpatan, lêbura wontên ing dintên wau. Bab makatên punika botên ngêmungakên tiyang ingkang cêlak, sanadyan ingkang têbih, malah ingkang sanès nagari pisan, pundi ingkang kalêrês anèm, saya ingkang pêprênahanipun taksih cakêt, tamtu sami mrêlokakên dhatêng. Manawi ngantos botên sagêd dhatêng, raosing manahipun gumèndhêl awrat kados gadhah sambutan, awit ngrumaosi bilih tindak-tandukipun salêbêting sataun taksih kêmomoran rêrêgêd. Beda manawi sampun dipun lampahi ahlal bihalal, raosing rêrêgêd kados botên anabêti malih. Sarèhning tata ngadat makatên wau sampun têtê-

--- [0] ---

[Grafik]

Sêkar Dewata.

Lampiraning Kajawèn nomêr lêbaran 1860 / 1930.

--- 277 ---

p tumindak, pancèn nyata sampun gêsang wontên ing raos, tiyang ingkang nama kuwajiban botên sagêd suminggah malih, lan saupami sumingkir dhatêng tindak kados makatên, malah lajêng dipun wastani dados tiyang botên nêtêpi kalimrahan.

Mênggahing goyat-gayutaning tata ngadat, dangu-dangu tamtu saya ewah, dene sababipun warni-warni, wontên ingkang kabêkta saking pasrawungan tuwin pancèn ngicali adat ingkang kados makatên wau. Wusana lajêng tuwuh utawi kacara, ing kalanipun bakda riyadi cêkap namung kintun karcis dhatêng para ingkang kaprênah sêpuh. Punika manawi dipun tingali sabrebetan katingal prayogi sangêt, lan sampun nyêkapi ing kabêtahan. Nanging manawi dipun raos lêbêt, gagrag ingkang kados makatên wau, raosipun beda sangêt kalihan tatacaranipun tiyang ahlal bihalal. Awit mênggahing ahlal bihalal, katingal anggambarakên kawontênanipun lair lan batos. Saya malih tumrapipun karcis ingkang mawi dipun sêrati aksara p.f. punika saya kêlantur ing lêpatipun. Wusana bab makatên punika namung gumantung wontên raosing panggalihipun piyambak-piyambak. Nyumanggakakên.

Ing sarèhning bakda riyadi punika nama dintên ingkang minulyakakên, minôngka pungkasaning atur, Kajawèn anglairakên raosing manah, salêbêtipun sataun ingkang kapêngkêr, manawi wontên kêlodak-kêladuking isinipun Kajawèn, môngka adamêl kirang rênaning panggalih, mugi icala wontên ing dintên riyadi punika, lan salajêngipun angagêma panggalih mêngku, angapuntên dhatêng sawarnining kalêpatan, wêkasan adamêl lulus kawilujênganing sadayanipun. Amin.

Bingah-bingah Nuju Bakda Riyadi ing Pasisir Sagantên Kidul

Ing satunggal-satunggalipun nagari punika gadhah tatacara piyambak-piyambak ing kalanipun nuju bakda riyadi. Dene ingkang dipun wastani tatacara wau, tatacaranipun bingah-bingah. Tumrap nagari ing tanah Jawi ingkang têngah-têngah, kajawi sampun angênggèni tatacara kalimrahanipun dintên agêng, kados ta ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta dipun wastani Garêbêg, ing ngriku mawi pasamuwan agêng-agêngan, makatên ugi tumrap pasisir môncanagari, caranipun inggih sampun saiirib kemawon, nanging sadaya wau kalêbêt tatacara pasamuwaning para priyantun narapraja. Sami ngawontênakên pasowanan, para priyantun sanagari sami sowan kalêmpakan wontên panggenan ingkang dipun tamtokakên, limrahipun wontên dalêming pangagêng.

Nanging mênggahing kalimrahan, sanadyan têtiyangipun alit, inggih gadhah tatacara piyambak, kalanipun bakda riyadi wau sami bingah-bingah basiyar wontên papan ingkang rame, ingkang adhakan wontên ing kitha, sami numpak bèndi, dhokar, sawênèhipun [sawênèh...]

--- 278 ---

[...ipun] wontên ingkang namung dharat, jalêr èstri sami mangangge tigasan, sarwa mompyor sami pangangge ingkang pancèn dipun pijèkakên kangge bakda riyadèn. Mila manawi nuju dhawahipun dintên riyadi wau, margi-margi ing salêbêtipun kitha katingal abyor kados sêkar sataman. Têtumpakan pating glèdhèg tanpa kèndêl, sami mubêng-mubêng wontên salêbêting kitha, saya sarêng jamanipun wontên taksi, sumêbuting lampahipun taksi wontên ing margi-margi, pating brubut anêngsêmakên.

[Grafik]

Sawangan ing Parangtritis.

Manawi nuju dhawahipun ing bakda riyadi punika, bab caraning nyandhang ngangge botên ngêmungakên lare-lare kemawon ingkang sami mêmpêng, sanadyan tiyang sêpuh pisan botên badhe kantun. Malah ingkang kaduk birai tuwin kasamêktan, dhawahipun dintên ingkang dipun mulyakakên wau, anggènipun nyandhang ngangge paribasan babak anganyari, sakêdhap-sakêdhap santun, ngantos adamêl sulaping pandulu.

Kajawi ing kitha-kitha, tumrap pasisiripun sagantên kidul ing pintên-pintên panggenan, ugi dados papaning karamean kalanipun bakda riyadi wau. Sanadyan dununging pasisir wau têbih saking kitha, upaminipun pamancingan, punika pasisiripun kidul nagari Ngayogyakarta, inggih dipun dhatêngi ing tiyang kathah, tur kanthi ngêdalakên waragad botên sakêdhik, ewadene kalanipun ing dintên wau, ical raosing kasusahan tuwin karibêdan, wontênipun namung sênêng.

Sayêktosipun mênggahing kasênêngan, tiyang botên sagêd ngukur kanthi ajining donya brana, amargi raosing sênêng punika kados pêpindhaning tuwuhipun kasarasan batos, pinanggihipun namung ing môngsa kala, mila kalanipun tuwuh namung damêl prayoginipun ingkang ngawaki, pikantukipun adamêl karahayon. Dene tuwuhipun kasênêngan wau marginipun warni-warni, wontên ingkang saking pamirêng, wontên ingkang saking pandulu tuwin sanès-sanèsipun, nanging tumrap raos ingkang pinanggih wontên ing bakda riyadi, limrahipun pinanggih ing sêngsêm wau saking pandulu, awit têtela têbaning pandulu kalanipun bakda riyadi, bêbasan dipun umbar kados angganing lare tanpa pamong, mila katoging sênêng ing ngriku dados lam-laming ngakathah.

Mênggahing Pamancingan, kados para maos sampun kathah ingkang nguningani dhatêng kawontênanipun, nanging bokmanawi botên wontên awonipun kapratelakakên ing ngriki. Pamancingan punika prênah sakidulipun lêrês nagari Ngayogya. Ing kala rumiyinipun margi ingkang dhatêng Pamancingan punika sanadyan sampun wontên, nanging taksih rêkaos, amargi anglangkungi lèpèn agêng ingkang dèrèng mawi krêtêg, nama Opak, dados mawi [ma...]

--- 279 ---

[...wi] nyabrang. Lèpèn wau manawi toyanipun nuju agêng, botên kenging dipun sabrangi, jalaran saking ilinipun santêr utawi lèpènipun wiyar, môngka ingkang kangge nambangi namung sasak gethekan. Nanging ing sapunika, marginipun dhatêng Pamancingan wau sampun sae, ing lèpèn Opak sampun dipun krêtêg.

Nanging mênggahing para maos kados botên kêkilapan. Mênggahing tiyang, kasênênganipun sagêd pinanggih ing saênggèn-ênggèn, botên dupèh papan sêpên, pasitèn sungil, lajêng nêbihakên kasênêngan, trêkadhang malah angosok-wangsul, papan ingkang sêpên sungil wau sagêd adamêl sêngsêming manah, awit mênggah tiyang ingkang ahli ngêmatakên dhatêng sawangan kodrat, èdi pèninipun botên kawon kalihan sawangan yêyasan ingkang nama linangkung. Kados ta kawontênanipun ing Pamancingan, tumrap tiyang ingkang badhe mriku, ing sakawit ngambah margi ingkang tanpa sawangan babarpisan, nanging dangu-dangu saya ngambah ing papan ingkang nêngsêmakên manah, lampahipun saya ngangsêg murugi parêdèn ingkang katingal anggamêng, pandhukuling parêdèn alit-alit kados dados ancêring papan ingkang badhe dipun purugi. Dangu-dangu parêdèn wau saya cêtha saya mirêng suwara jumêgur, kumrapyak kados angorêgakên siti. Nanging kawontênan ingkang kados makatên wau malah damêl gambiraning manah, awit mangrêtos manawi lampahipun sampun dumugi ing Pamancingan, saha mangrêtos bilih swara ingkang jumêgur wau swaraning alun sagantên, malah tinampi kados ambagèkakên. Sadumugining Pamancingan lêrês, sagêd ningali lumahing sagantên angalangut tanpa têpi, ombakipun tansah gumulung oyak-oyakan. Dene ing pinggir, gêgisikipun pasir waradin, inggih ing ngriku punika papan padusanipun têtiyang ingkang sami sênêng-sênêng.

[Grafik]

Pasiraman toya tawa ing pasisir sagantên kidul.

Ing sacêlakipun Pamancingan, wontên rêdi alit amunggul, ing ngriku wontên pasareanipun tiyang linangkung, nama Sèh Maolana Magribi tuwin sasèn-sanèsipun.[3] Ing ngriki botên badhe nyariyosakên dhatêng kawontênanipun ingkang sumare, namung prêlu nyariyosakên mênggahing sawangan saking papan ing ngriku. Sintên ingkang wontên pucaking rêdi wau, sagêd nyumêrêpi sawangan ingkang sakalangkung anglam-lami, manawi nyawang ngidul ngilèn, sagêd nyumêrêpi lumahing sagantên, manawi ningali mangalèr, ningali dharatan katrajang ilining lèpèn Opak, menggak-menggok kados tapaking sawêr. Manawi nuju wanci enjing, ijêming padhusunan tuwin pasabinan, kalanipun kasorotan srêngenge, kados kancana rinajawrêdi. Cêkakipun sêngsêming sawangan ing ngriku punika tansah kandhêg wontên ing gèdhèg.

--- 280 ---

Sayêktosipun kawontênaning papan pasiraman ing Pamancingan punika tansah dipun dhatêngi tiyang tanpa kêndhat, dene sajatosipun ugi mawi gêgayutan ing bab tirakat. Malah botên ngêmungakên ing Pamancingan kemawon, sanadyan pasisir kidul sanès-sanèsipun ugi makatên, kados ta ing bawah Cilacap, Karanganyar, tuwin sanès-sanèsipun, manawi nuju dhawahipun bakda riyadi, kathah tiyang ingkang sami mrêlokakên bêsiyar dhatêng pasisir. Tindak makatên punika ugi sampun dados tatacara. Malah ugi ing bawah Karanganyar wau wontên guwa pasiraman nama guwa Batujajar, punika manawi nuju dintên bakda riyadi wontênipun tiyang ingkang dhatêng ing ngriku ngantos ewon, mawi dipun wontêni têtingalan warni-warni, sarana mawi bayaran, makatên ugi pajajanan, utawi jajanan idêran, ngantos kados pasar malêm, dene pambikakipun wiwit bakda lêrês ngantos dumugi bakda Sawal.

[Grafik]

Ombaking sagantên kidul ing Pamancingan.

Nalika dhawahipun ing dintên riyadi, upyêkipun tiyang kanan kering ngriku rame sangêt, malah sanadyan ingkang têbih-têbih pisan ugi dipun lampahi nênumpak, tamtu kemawon anggènipun nyandhang ngangge sami dipun kêtog. Ingkang sami ngangge sinjang latar pêthak katingal pating plerah kados wana kêbêsmi. Ingkang mangangge ijêm katingal kados pêksi bèthèt nêmpuh pajagungan.

[Grafik]

Pasisir sagantên kidul Cilacap.

Tumraping para neneman, jalêra, èstria, tamtu wontên ingkang nyandhang manganggenipun manjila anjarag purih katingal, yèn jalêr, sinjang latar pêthak sawitan, soganipun kaduk mramong, rasukan biru bikakan, mawi dhasi abrit, ing kanthonganing rasukan dipun pasangi kacu sutra ijêm, sandhalan taksih enggal, kêtitik saking kêcingkruking lampah sajak ngraosakên malicèting suku, kaca mripatanipun katingal nganggrang kados suwiwining kapal udharah, panthêlênging kaca mripat awangun kados mripatipun Radèn Dursasana, mila lêpasing pandulu tansah blas-blasan kados atawi bagus. Tumraping èstri kajawi mompyoring pangangge sarwa ngalela, dipun sêmbuh mawi gêbyaring ma-

--- [0] ---

[Grafik]

Rêdi Brama tuwin dhasar kinêmulan ing mega.

Lampiraning Kajawèn nomêr lêbaran 1860 / 1930.

--- 281 ---

s intên, cundhuk sêkar saha agêgônda sarwa marbuk arum, manawi dipun sawang kados widari[4] ngejawantah. Dene tumrap para wanita ingkang prasaja, panganggenipun sarwa kêlêm, nanging mênggahing côndra kados lading panyukuran ligan.

Têtiyang ingkang sami dumugi ing Batujajar wau sami malêbêt dhatêng ing guwa, wosipun ingkang kathah-kathah sami nindakakên gugon-tuhon, tiyang ingkang mlarat nêdha sugih, inggih sampun sugih nêdha supados sugih sangêt, tiyang botên gadhah anak nêdha gadhah anak, ingkang kêkathahên anak supados anak-anakipun sami dados tiyang, prawan nêdha gangsar tumuntên laki, tiyang sadean nêdha laris, malah sawênèh wontên tiyang ingkang nêdha supados ênèm ing salaminipun. Mênggah sarananipun, sami adus wontên ing sêndhang salêbêting guwa, mila suwaranipun kalanipun makatên punika pating kêcupuk, pating carêblung. Dene kadumugèning sêdya wau walahu alam.

Mênggah wigatosing kawontênan ingkang kados makatên wau, atêgês mulyakakên dhawahipun dintên bakda riyadi.

Panèn ing Môngsa Bakda Riyadi

Ingkang dados bakunipun têdha bôngsa Indhonesiah punika sêkul, ugi wontên ingkang nganggêp bakuning têdhanipun: jagung, nanging panganggêp ingkang makatên wau kabêkta jalaran saking pasitènipun têtiyang ingkang dêdunung ing ngriku mathukipun dipun tanêmi jagung, dados panganggêpipun baku saking kêpêksa utawi saking kulina. Nanging saupami sagêda inggih badhe botên nyêpênakên dhatêng sêkul.

Pasitènipun ing tanah Jawi punika kenging dipun wastani siti kancana, wontênipun dipun upamèkakên makatên, kabêkta saking lohipun. Dene ingkang dipun wastani loh punika, sitinipun manawi dipun tanêmi, asiling pamêdalipun kathah, lan mênggahing cocogipun, bakuning pamêdal ingkang dipun wastani loh wau, pamêdaling pantun, awit botên wontên tanêman baku mênggahing tiyang Jawi kajawi pantun. Wontênipun tanêman sanès, kados ta kênthang kacang bangsaning palawija, punika namung mêndhêt sasêlaning tanêman pantun. Dene bab wontênipun tanêman rosan, sata tuwin sanès-sanèsipun, inggih punika têtanêmanipun kabudidayan-kabudidayan ngamônca, jalaraning kathah, botên liya inggih mirid saking lohing siti ingkang kenging katanêman pantun, bakunipun mêndhêt saking siti malumah ingkang koncoran toya.

Sintên ingkang sampun anjajah ing tanah Jawi, tamtu nyumêrêpi: wiwit saking Bantên dumugi Banyuwangi, botên sêpên sawangan tanêman pantun. kalanipun taksih ijêm wujud tanêm dumugining wanci badhe anjêbrol, katingal damêl asrêping pandulu, dene kalanipun pantun jêne, sêngsêmipun wontên ing paningal anêrusi damêl ayêming manah, kados ningali sumêbaring rajabrana wontên ing papan têntrêm, brêkatipun badhe mikantuki dhatêng rakyat.

Mênggahing para ulah têtanèn, punapadene parentah, dhatêng bab lulusing ulah siti, punika

--- 282 ---

botên kêndhat tansah dipun anthèni[5] pambudidaya murih indhaking pamêdalipun, sarana nindakakên rêrabuk, pangolahing siti, ngajêgakên angsalipun toya, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang wosipun angudi ing bab kaindhakan. Upaminipun bab rabuk, punika warni pintên kemawon ingkang dipun cakakên kangge cobèn-cobèn, wontên ingkang nocogi wontên ingkang botên. Tumrap ingkang nocogi lajêng dipun cakakên saha lajêng têtêp nama satunggiling indhakan kawruh, pikantukipun nyata damêl indhaking pamêdal. Makatên ugi ing bab pangolahing siti, punika ugi tansah mindhak-mindhak caraning pangolah. Dene ingkang langkung gawat punika ing bab toya, awit satunggal punika manawi ngantos kêkirangan, agêngipun kasatan, ing bumi botên wontên thukulan ingkang gêsang. Sampun malih bangsaning pantun, ingkang bêbasan gêsangipun namung nyambut siti sakêdhap, sanadyan waringin gurda pisan, manawi koncatan toya inggih anggègrègi pêjah ngarang. Mila ing bab toya punika dados têtanggêlan ingkang awrat piyambak, tumrap parentah ngantos ngawontênakên babagan pakaryan piyambak, inggih punika irigasi.

[Grafik]

Wadhuk ing Kêdhungpadhang, ondêr dhistrik Rêjasa, Nganjuk.

Nyatanipun bilih toya punika dados prakawis baku tuwin dipun wigatosakên sangêt dening têtiyang tani, botên kirang kêkêrêngan tuwin rajapêjah ingkang jalaranipun saking rêbatan toya oncoran dhatêng sabin.

Dene mênggahing bab tumindaking pakaryan toya punika sampun katata ngadil, nanging kala-kala ugi taksih tuwuh pasulayanipun tiyang tani kalihan kabudidayan, awit salah satunggalipun tansah wontên [wo...]

--- 283 ---

[...ntên] kemawon ingkang kêtuwuhan manah botên narimahakên. Lêlampahan ingkang kados makatên punika sampun kabêkta wontên lampahing kodrat, gêsangipun tiyang wontên ing donya namung kapurih rukun utawi pasulayan. Dene bab lêrês lêpatipun, sampun badhe katingal piyambak wontên ing tiyang ingkang agêng kamurkanipun.

[Grafik]

Têtiyang nuju wilujêngan wontên sapinggiring wadhuk ing Kêdhungpadhang, ondêr dhistrik Rêjasa, Nganjuk.

Kajawi punika tumrap priyantun pangrèh praja ingkang dados wêwakiling parentah wontên ing balabag, inggih punika priyantun ingkang nyumêrêpi kawontênanipun sabên dintên, inggih tanpa kêndhat lan tansah musawaratan kalihan têtiyang ing wêwêngkonipun ngudi bab kacêkaping toya, rekadayanipun warni-warni, wontên ingkang nyantosani bêndungan, wontên ingkang damêl wadhuk. Punika manawi kasêmbadan sagêd ngindhakakên oncoran toya, ngêlêbi pasitèn ingkang rumiyinipun botên nate kilèn, wusana sagêd dados sabin lan ngindhakakên pamêdal kathah.

Ing bab rekadaya ingkang kados makatên punika botên kirang têtuladanipun, kados ta ing Wanagiri, bawah Kadipatèn Mangkunagaran, Surakarta, punika pintên atus bau kemawon indhaking pasitèn ingkang lajêng koncoran toya wadhuk, saha lajêng dados sabin. Tuwin sanès-sanèsipun.

Wontên malih padamêlan makatên wau ingkang nêmbe kalampahan, kados ta ing dhusun Kêdhungpadhang, ondêr dhistrik Rêjasa, Nganjuk. Punika têtiyangipun ing ngriku sami ngudi sangêt murih sagêd angsal oncoran toya ingkang langkung saking padatan, awit mênggah kawontênanipun ing ngriku tansah kêkirangan toya [to...]

--- 284 ---

[...ya] kemawon. Wusana sêdya wau dipun santosani sayêktos, têtiyang ing ngriku sagêd damêl wadhuk, sarana angsal urunan saking irisi[6] tuwin rêrigên saking priyantun pangrèh praja ingkang ambawahakên, kalampahan wadhuk wau ing sapunika sampun dados, toyanipun sagêd ngoncori pasitèn kanan keringipun ngriku ngantos 400 bau, môngka ing sadèrèngipun wontên wadhuk, siti 400 bau wau sabên dipun tanêmi tansah botên dados kemawon. Samantên mênggahing bab kamajêngan têtanèn ing tanah Jawi.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika têtêp mênggahing ucap, bilih tanah Jawi punika loh jinawi, nanging tamtu kemawon wontên kalamôngsa ingkang tuwuh botên prayogi, kados ta môngsa pacêklik, inggih punika mangsanipun kêkirangan têdha. Dene jalaranipun botên sanès inggih saking gêgayutan bab têtanèn, awit botên kamêdalan. Mênggahing wos-wosing sababipun jalaran kêkirangan toya, kabêkta saking katiga panjang, sarêng jawah, dhawahing jawah botên ajêg. Kawontênan ingkang kados makatên punika tamtu kemawon dados panggalihanipun ingkang wajib. Nanging manawi dipun manah panjang, dipun pêndhêt radin-radinipun, tumrapipun tanah Jawi, pacêklikipun namung pinanggih wontên ing perangan alit, inggih punika wontên ing pasitèn-pasitèn ingkang dhêdhasaripun awon, kados ta ing Rêdikidul, Wanagiri, saurutipun ingkang sêsambêtan kalihan pasitèn wau. Ewadene ing bab kêkiranganing têdha ing panggenan wau, manawi dipun timbangakên kalihan lohing pasitèn sanès-sanèsipun, dèrèng nama sapintêna, tuwin saupami tumindak caraning tulung-tinulung, nama sagêd tumindak botên rêkaos.

Ing sapunika mêndhêt wawasan kêlimrahipun ingkang pinanggih wontên ing môngsa salêbêtipun bakda riyadi punika, ing pasabinan-pasabinan ingkang angsal toya, pantunipun sampun sami sêpuh, malah wontên ingkang sampun dipun ênèni. Môngsa panèn punika mênggahing juru tani, nama satunggiling môngsa ingkang prayogi piyambak, tumrap ingkang sugih badhe wêwah simpênanipun, tumrap ingkang sêdhêng, rumaos kêjogan gêsangipun, dene tumrap tiyang ingkang mlarat, rumaos manawi môngsa panèn punika satunggiling pitulungan, ingkang dados sarana ngêntas saking kasusahan, awit saupami nyênyambut, inggih wontên ing ngriku anggènipun sêmados badhe nyauri.

Bingahipun têtiyang tani ing môngsa panèn sagêd kêtitik wontên ing ombyakipun ing pasabinan, saênggèn-ênggèn katingal wontên tiyang rubung sami mêthik pantun. Tiyang jalêr èstri anèm sêpuh manawi enjing anglur dhatêng sabin, sontên mantuk kanthi mèyèk-mèyèk ambêkta pantun angsal-angsalanipun. Botên wontên ulat ingkang katingal pêtêng, pasêmonipun malah kaduk èsêm. Saya tumraping tiyang pêpacangan, môngsa bibar panèn punika adhakan kêcara dados mangsanipun badhe dhaup, awit wancinipun nuju wontên waragad, lan kalampahanipun sagêd adamêl kamayaran. Makatên ugi tumrap tôngga têpalih ugi sami nuju tinêngga ing rijêki.

--- 285 ---

Môngsa ingkang tumindak wiwit ing bakda riyadi punika, sanadyan sêsulakipun anyarêngi wontên môngsa kêkirangan têdha, nanging ugi sinarêngan tumapakipun môngsa panenan, sêsarênganipun wau saèstu badhe mênang daya ingkang badhe anggêlar kamirahan, awit mênggahing awis têdha kenging kaupamèkakên daya pêjah, dene môngsa panèn atêgês daya gêsang ingkang badhe nyirnakakên daya pêjah, wêkasan tuwuh adamêl rahayuning bumi saisinipun.

Wilujêngipun ing bakda riyadi, inggih atêgês wilujêngipun sadaya.

Dipun ambali malih: wilujêng, wilujêng, wilujêng.

Jêjodhoan Wurung

Ing wanci sontên anuju wulan purnama, saangsluping hyang bagaskara, ing têmbing kilèn katingal sumamburat abrit sulak jêne, sadaya wêwarnèn ingkang gumêlar katingal rêmêng-rêmêng damêl sumamaring pandulu, ing têmbing wetan sasêlaning mega pêthak ingkang ngampak-ampak katingal Hyang Côndra mungup-mungup, sêmunipun sajak sêlak kêpingin nyawang isèn-isèning jagat raya.

Ing margi agêng sacêlakipun satunggiling toko Tionghwa katingal wontên rêgêmênging tiyang lumampah wira-wiri kados wontên ingkang dipun êntosi, dene ingkang lumampah wau satunggiling jêjaka taksih tumambirang, panganggenipun sêtelan pêthak mawi kopyah cêmêng modhèl Padhang, sakêdhap-sakêdhap nilingakên jamipun kalihan garundêlan: We, lha, wis mèh jam pitu, mêngko gèk ambalenjani. Botên dangu saking margi alit simpangan kamirêngan sripit-sripiting pawèstri lumampah. Sarêng jêjaka wau cêtha ing paningal lajêng nguwuh lirih: Lho, Sudarsi, kok suwe têmên, jarene jam pitu kurang saprapat. Olèhku ngêntène nganti cêcêngklungên… dèrèng rampung anggènipun wicantên kasêlak dipun sêlani dening sang pindha Ratih kalihan mèsêm manis kilang: Aja dadi atimu ya Sudarsa, kowe ora ngrasakake, mau mêntas ana dhayoh, lagi bae mungkur, wah dalane jêbloge ora kira-kira.

Pawèstri wau watawis umur pitulasan taun sawêg nêdhêng-nêdhêngipun birai, tur inggih sêmbada ing warni, dêdêg lêncir, pakulitan jêne nêmu giring, dene anggènipun pêpanggihan kalihan jêjaka wau dhapur cêcolongan, dhatêng ibunipun apawadan badhe dhatêng toko.

Tiyang kêkalih wau lajêng lumampah gêgancangan, nanging sarèhning sêlak kaslêpêk ing wanci, mila lajêng nyadho kemawon, anuju dhatêng griya gambar idhup ing Pasarbaru.

Kacariyos, Rara Sudarsi manggènipun ing Bêtawi dèrèng dangu, watawis sawêg kalih taunan, sampun cêpêng damêl dados juru sêrat wontên ing Balepustaka. Sanadyan pamêdalipun taksih sakêdhik, nanging sampun nama cêkap kangge gêsang kalihan ibunipun. Wiwit alit mila rara Sudarsi sampun kulina ngraosakên pait gêtir, mila

--- 286 ---

wontênipun samangke inggih botên nate anggrantês, sadaya ubat-ubêting bale griya kacêpêng piyambak sagadug-gadugipun.

Ibunipun Rara Sudarsi punika sampun warôndha, ingkang pêputra Mas Jayasukarta, mantri pananggap ing Klathèn bawah Surakarta. Rumiyin kapêndhêt semah dening Sutan Iskandar, asli saking Padhang, wontên ing Klathèn cêpêng damêl ing kantor asistenan ngantos patutan kalih, satunggal jalêr, satunggal èstri inggih pun Sudarsi punika. Wontêning lêlampahan anggènipun bêbrayan botên sagêd lêstantun, kêrêp sêling-sêrêp sarta tukar pabên, wêkasan pêgatan. Nalika samantên pun Sudarsi sawêg umur sataun, dene Sutan Iskandar lajêng mantuk dhatêng Padhang kanthi ambêkta anakipun ingkang sêpuh, jalaran wontên ing Klathèn rumaos sumpêg, utawi malih rikuh kalihan tilas semahipun. Ibunipun Sudarsi inggih lajêng mupus sumendhe ing pêpêsthèn, niyat botên badhe emah-emah malih, trimah momong anakipun èstri, lêstantun manggèn ing griyaning tiyang sêpuhipun.

Sarêng Sudarsi ngancik umur nêm taun lajêng kasêkolahakên ing H.I.S. partikêlir ing kitha ngriku. Bawanipun lare tansah pinrêdi dening ibunipun, tur pancèn lantip ing budi, pasinaonipun botên nate kantun, tansah kinanthenan ing prihatos saha pangatos-atos. Takdiring Pangeran, kalanipun Rara Sudarsi sawêg wontên ing klas gangsal, êmbahipun jalêr dhumawah ing sakit sangêt, wasana kalajêng ngajal. Botên gantalan wulan êmbahipun èstri lajêng nututi murut dhatêng kalanggêngan. Wiwit nalika punika gêsanging ibunipun Sudarsi rêkaos sangêt, kompal-kampul kados baita kecalan kêmudhi. Tujunipun ibunipun Sudarsi satunggiling pawèstri ingkang têtêp mantêp ing budi, wontênipun tansah sabar saha tawêkal. Pun Sudarsi taksih kalêstantunakên anggènipun sêkolah, waragad mêndhêt waragad arta tilaranipun tiyang sêpuh, sasêlot-sêlotipun kasambi bakul sinjang sapanunggilanipun, kangge cagak gêsang.

Kacariyos, Rara Sudarsi sampun tamat pasinaonipun, saya agêng warninipun saya mindhak sae, polatan jatmika, tondak-tandukipun[7] sarwa ririh, rèrèh, ruruh, punika saking brêkah pamrêdinipun ingkang ibu, ingkang botên kêndhat tansah nyulang-nyulangakên dhatêng tumindaking kasusilan. Ancasing sêdya pancèn inggih badhe anglajêngakên sinau, nanging sarêng ngèngêti kawontênanipun lajêng mupus, jalaran wêlas ningali ibunipun tansah kongah-kangih botên ngetang saya rêkaosing badan, sok ugi botên dados damêlipun [damêlipu...]

--- 287 ---

[...n] sanak kulawarga, sampun narimah.

Kalih taun laminipun Rara Sudarsi nganggur wontên ing griya, ngrêrencangi ibunipun sinambi bêrah dondom-dondom, lowung kangge tambêl bêtah. Sanadyan Rara Sudarsi rumaos rupêk saha pêtêng jagadipun, nanging tansah kinandhut ing dalêm batos. Wasana lajêng wontên wêwêngan, awit saking lantaran satunggiling mitranipun suwargi êmbahipun ingkang wontên ing Batawi, Rara Sudarsi katampèn dados juru sêrat wontên ing Balepustaka… sigêg.

Amangsuli cariyos ing ngajêng, sampun watawis satêngah taun Rara Sudarsi anggènipun mêmitran kalihan Sudarsa, dhasar mitra nunggil sapadamêlan, sêsrawunganipun mindhak dintên saya rumakêt, wêkasan tuwuh dados katrêsnan. Ibunipun ugi botên kêkilapan dhatêng galibêding anakipun, kêrêp kemawon dipun pamiti dhatêng toko utawi sanès-sanèsipun, mantukipun sok ngantos dalu. Ingatasipun dados ibu rumaos wajib anjagi dhatêng kawilujênganing anakipun, saya anak èstri ingkang sampun diwasa, kenging kaparibasakakên satru mungging cangklakan, mila ing satunggiling dalu lajêng dipun wicantêni makatên: Ora ta, dhuk tak sawang-sawang, kowe saiki kok ora kaya adat sabên, kêrêp lunga ijèn ing wayah bêngi. Wêruha, sanadyan kowe jênêng wis manjing ing jaman kamajuan, nanging ya aja ninggal kautamaning kasusilan, saya ana ing kutha gêdhe kaya Bêtawi iki. Iya bênêr ora apa-apa, nanging sisip sêmbire, ya, dhuk, barang kuwi aja sok digêgampang. Rara Sudarsi sakêdhap kèndêl kemawon kalihan tumungkul, wasana lajêng kawêdal raosing manah ingkang suwau tansah kinandhut ing dalêm batos: Kasinggihan ibu, sajatosipun kula badhe matur dhatêng ibu ajrih. Anu ibu, kula gadhah têpangan, kônca nunggil sakantor, inggih walèh-walèh punapa, larenipun pancèn sae bêbudènipun. Ibunipun wicantên: O, ya kuwi, dhuk, paribasane: êduk sêsandhingan gêni, manungsa mono akèh laline, sisip sêmbire bisa ora bêcik dadine. Aku ora arêp malangi anggonmu sêsrawungan karo bocah iku, mung panjalukku bokya sing blaka bae, ora liya sing dak eman rak iya mung awakmu. Rara Sudarsi tansah tumungkul kemawon, pamêthêting lambe saya amêwahi manisipun, ing batos anglêrêsakên pangandikanipun ingkang ibu. Ibunipun lajêng wicantên: Iya ta, dhuk, yèn pancèn kowe wis mantêp têmênan, aku [a...]

--- 288 ---

[...ku] iya milu bungah, nanging prayogane, aku ya kudu sumurup bocahe, saiki wis nêngah-nêngahi sasi Pasa, besuk dina lêbaran bae konên katêmu karo aku, ngiras pantês padha mangan enak kanggo mulyakake dina riyaya.

Kirang sadintên dhawahipun bakda riyadi ing margi-margi Pacinan andalidir tiyang ingkang langkung, sêpuh anèm, jalêr èstri, ingkang sugih dumugi ingkang mlarat pisan tumplak blak pinanggih wontên ing ngriku, sadaya nêdya têtumbas punapa ingkang dipun kajêngakên. Ing pêkên-pêkên tiyang ingkang sami blônja pating sriwêt pating sliri kados sêmut, panganggenipun môncawarni, winawas katingal abyor kados sêkar sataman. Suwaranipun tiyang tawi lan awis-awisan rame sangêt.

Dalunipun, raosing paningal lan pamirêng saya rêsêp malih, mèh sabên griya katingal padhang arêgêng, para têtiyang sami kadunungan raos sênêng, wiwit sontên ngantos dumuginipun enjing, sadalu muput kamirêngan suwaranipun mêrcon saha long rame sangêt, pating jalêdhèr, pating jalêdhor. Ing dalu wau Rara Sudarsi tansah kalisikan kemawon, kajawi kêbrêbêgên suwaraning mêrcon ugi saking pangônta-antaning manah enggala gagat bangun raina badhe dhawah ing dintên ingkang sakalangkung wigatos…

Pêpadhangipun ing sisih wetan sampun katingal sumamar, mratandhani bilih sampun ngancik gagat enjing, suwaraning mêrcon saya anggantêr kados asung pambagya basuki dhatêng Hyang Surya ingkang badhe mijil anêlahi bawana. Rara Sudarsi ingkang taksih mujung lajêng dipun gugah dening ibunipun: Dhuk, dhuk, tangia dhuk, wis mèh byar, lha kok nglepus bae. Sang pindha Ratih lajêng guragapan tangi, ucêk-ucêk mripat, katingal lêsu marlupa kabêkta saking sangêting aripipun, nanging malah katingal manis angrêspatèni. Sarêng kèngêtan bilih sampun ngancik ing dintên ingkang dipun mulyakakên, lajêng niyat dhatêng pakiwan sêsuci, têrus tata-tata ubarampèning pestan ingkang badhe kawontênakên ing dintên punika.

Surya sampun malêthèk, para têtiyang sami mangangge sarwa sae, sami mrêlokakên dhatêng ing griyanipun kulawarga ingkang kaprênah sêpuh, atur pamuji sugênging sariranipun, ngiras nyuwun sawab pangèstu brêkah, pinaringana sêgêr bagas kasarasan, tinêbihna ing pôncabaya, cinêpakna rijêkinipun. Ing griyanipun Rara Sudarsi katingal rêsik gumrining, ing kamar têngah sampun kasadhiyan meja pasagi panjang mawi taplak pêthak sakursinipun, saha tinatanan rêrampadan cara Jawi, sadaya sarwa rêsik angrêspatèni dhatêng paningal. Tiyang sagriya sampun sami dandan, punapa malih Rara Sudarsi anggènipun angadi warna dipun pêng, tapih gringsing, ramping sumingsêt ing badan, rasukan sêmbagi paris rumamyang biru ênèm, têmpukipun kalihan pêthaking kotang adamêl lamlaming paningal, pupur lamat-lamat malah amantêsi.

Botên antawis dangu wontên sabawanipun tiyang lumêbêt pakarangan: Kula nuwun. Manahipun Rara Sudarsi sênag-sênig. Sarêng kaungak, têtela ingkang nyabawa wau tiyang ingkang dado-

--- [0] ---

[Grafik]

Sela karang sacêlakipun Tanjunglayar.

--- 289 ---

s woding manahipun, lajêng ingacaran lumêbêt, katêpangakên kalihan ibunipun. Kacariyos sadangunipun sami jêjagongan omong-omong sinambi angrahabi nyênyamikan, pun Sudarsa sumêrêp potrèt kêkalih jalu kalihan wanita, kapasang jajar wontên ing temboking kamar, sarêng kawaspadakakên, ingkang satunggal kok kathah èmpêripun kalihan potrèting bapakipun nalika taksih ênèm, manahipun kraos ragi botên sakeca, pangunandikanipun: mêngko Sudarsi kuwi gèk adhiku dhewe, bapak biyèn ngandika yèn aku iki kalairan ing Klathèn sarta isih duwe ibu sarta adhi wadon. Pêpuntoning tekad lajêng nêrangakên dhatêng ibunipun Sudarsi, kalihan anjatosakên asal-usulipun piyambak. Sarêng ibunipun Sudarsi dipun jarwani asal-usulipun Sudarsa lajêng anjêngêr, sakêdhap botên wicantên punapa-punapa, lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr katingal gawang-gawangan kados dèrèng dangu. Ing sanalika wau manahing ibunipun kados dipun rujit-rujit, wasana lajêng wicantên sêrêt kalihan ambrêbês mili: O, ya talah, dadi samene kaelokaning lêlakon, wêruha, ya, gèr, Sudarsa karo Sudarsi, wis karsane Hyang Maha Agung kowe ing dina lêbaran iki padha katêmu sadulurmu dhewe, ora liwat anggonmu trêsna-tinrêsnan aja siwah kaya mau-mau…

Mênggah suraosing cariyos punika kenging kangge têpa palupi, bilih tiyang jêjodhoan punika kêdah botên kenging nilar tiyang sêpuh, mênggah prêlunipun, sampun ngantos wontên lêlampahan ingkang badhe andadosakên kirang prayogi. Punika para anèm wajib angèngêti.

Ariyadi Wanita

Lampahing dintên ingkang badhe dhawah dintên riyadi araos rikat sangêt, saya manawi sampun dhawah tanggal kur-kuran, inggih punika ingkang dipun wastani malêman, lampahing dintên kados dipun sêngkakakên, kados ta: salikur, lajêng tiga likur, salawe, pitu likur, wusana sanga likur. Ing ngriku sampun mrêpêk sangêt dhawahipun dintên riyadi.

Tumraping para wanita, bakda riyadi punika dados satunggiling kasênêngan ingkang linangkung, nanging inggih dados rêribêd ingka[8] agêng. Sanadyan ing ngriki dèrèng kacêplosakên mênggah kajênging kasênêngan tuwin karibêdan, nanging para wanita kados sampun botên kêkilapan. Ewadene ugi prayogi kapratelakakên ing ngriki.

Manawi namung dipun sawang sabrebetan, gêsangipun tiyang jêjodhoan punika sakecanipun wontên ing wanita, rêkaosipun wontên ing kakung. Rêmbag ingkang kados makatên punika inggih sampun lêrês, awit nyatanipun wêdaling kaskaya ingkang dados lantaran kuwawining mêngku bale griya punika [puni...]

--- 290 ---

[...ka] saking tiyang jalêr. Umun-umun sampun mêdal saking griya pangkat dhatêng padamêlan, siyang sawêg mantuk, malah wontên ingkang ngantos sontên. Balik wanita namung ngeca-eca wontên ing griya kemawon. Saking sakecanipun, malah sok sagêd nyambi angglindhingi wajik, kangge makani kucing. Nanging salugunipun rêmbag makatên punika namung prêlu badhe kangge ngasorakên drajating wanita. Cobi manawi dipun galih panjang, wanita punika nama dados biyungipun tiyang sagriya, kajibah manah bot repot utawi prayogining anggènipun mêngkoni bale griya. Mênggah caraning sopir, sagêd nyêtiri oto murih sae lampahipun, sumêrêp lokak kocaking bènsin murih nyêkapi kangge angayati lampah, sampun ngantos kandhêg ing margi. Punika tumrap para kakung tamtu mangrêtos.

[Grafik]

Ramenipun ing pêkês.[9]

Mênggahing gampiling rêmbag, tumraping wanita ing môngsa riyadi, sênêngipun pinanggih wontên ingkang kasamêktan, sagêd nata kabêtahanipun kanthi tamban-tamban, tur dumugining ing êndon botên nguciwani. Dene ribêdipun pinanggih wontên ingkang kêkirangan, saya cêlak dhawahing dintên riya, saya rupêk papanipun. Nanging punapa tata ingkang sampun kacara punika badhe nyandèkakên sêdya, botên babarpisan, sadaya tamtu kalampahan kalayan prayogi. Mila kalaning ariyadi, botên wontên ucap panggrantês sapanunggilanipun. Wontênipun namung bingah lan sênêng.

Dene grêbanipun, kabêtahan ingkang pinanggih ing bakda riyadi, kêcêkapipun pinanggih wontên ing tumandangipun wanita, awit mênggahing raos, adêging riyadi punika, inggih punika bêtah-bêtahipun, mèh dados wajibing wanita sadaya, kados ta: rêrêsik griya, ngrêrêngga griya, pasugataning tiyang bale griya, kêcêkaping sandhang pangangge, wiwit badanipun piyambak ngantos dumugi rencang, sadaya sami saking rêrigênipun wanita. Dados kenging dipun wastani jalêr mujudakên mêntahipun, wanita ingkang andadosakên gumêlaripun wontên ing praja.

Tumraping wanita ingkang kasêmbadan, wiwit ngancikipun wulan Siyam, sampun wiwit manah dhatêng kabêtahanipun, barang-barang tuwin prabotaning griya sampun nicil dipun rêsiki, dumugining cêlak dintên riyadi sampun katingal rêsik gumrining. Lajêng gêntos manah têtumbas sandhang pangangge, sinjang rasukan, badanipun dipun pêpantês piyambak, sadaya kêdah sarwa tigas. Mirid ing kapitadosan, manawi nuju bakda riyadi punika para lêluhur sami rawuh ngiling-ilingi putra wayah, manawi sumêrêp putra wayah sami nyandhang ngangge sarwa sae tuwin tigasan,

--- 291 ---

lajêng paring sabda: Hêh, anak putuku padha kêcukupan, sandhangane anyar-anyar, muga lêstaria mêngkono sabanjure.

Sabda ingkang kados makatên wau ingkang dipun ajêng-ajêng ing para putra wayah. Dene mênggahing tata lairipun, kalaning bakda riyadi punika sêsrawungan tiyang kathah, tiyang wajib nyandhang ngangge sarwa sae, kajawi tataning kalimrahan sampun makatên, saupami wontên tiyang jêjagongan kalanipun riyadi, môngka panganggenipun lungsêd, agêngipun botên dandos, punika nama kirang tatakrami. Samantên awratipun tiyang wontên praja. Sasampunipun makatên, lajêng nyandhak olah-olah dhêdhaharan rêmikan tuwin sanès-sanèsipun, pangolahipun langkung saking padatan, dipun pêng yêktos. Mangke dhawahipun dintên riyadi sampun mêlanthing. Manawi ingkang ngangge cara kina, mawi ngrampad dhaharan wontên ing meja, dipun waslani[10] bikak meja, ngantos makêndhung-kêndhung, ing meja ngantos katingal pipit tanpa sêla. Kalanipun katamuan, anggènipun ngacarani dhahar dhêdhaharan dhatêng tamunipun ngantos ibut kados tiyang sêsadean. Manawi ingkang sampun angênggèni gagrag enggal, ing ngajêngan namung katingal rêsik kemawon, lumadosing dhêdhaharan namung kalarihakên, limrahing dhêdhaharanipun: nyus, miraos. Manawi botên makatên, sanadyan sadhiya dhaharan inggih namung saprêlunipun kemawon.

[Grafik]

Usrêg ing pawon.

Dene tumrap ingkang botên kasêmbadan, têgêsipun botên kasêmbadan ing ngriki warni-warni, wontên ingkang jalaran saking dèrèng kêcêkap bêtahipun, wontên ingkang jalaran saking botên kêcêkap baunipun, nanging sadaya wau botên sande ugi sami nindakakên prêluning riyadi, tumindakipun wontên ing dintên prêpêgan, inggih punika kirang sadintên. Dhawahipun dintên prêpêgan wau ing pêkên ramenipun anglangkungi, tiyang sêsadean kados dipun sokakên, tiyang ingkang têtumbas kados dipun sêngkakakên, ingkang sade nyêngkrèkakên rêgi, ingkang tumbas nêmpuh kemawon. Pundi ingkang bêtah sinjang, bêtah rasukan, punapadene bêtah kabêtahaning pawon, panumbasipun suk-sukan, kados sêlak botên kumanan, bakulipun ngantos botên kobêr sèlèh susur.

Mangke sadumugining griya, têtiyang èstri lajêng sami olah-olah, tumrap ingkang sugih batih kathah ingkang rêrencang, swaranipun tiyang anggalêpung dhag-dhug, dhag-dhug, imbal-imbalan, tiyang anggêgorèng srang-sèng, ambêtipun dumugi pundi-pundi, paribasan ambêdhah pagêr. Olah-olahan wau prêlu kangge wilujêngan bakda riyadi. Sarampungipun olah-olah wau, kantun tata-tata wêdaling [wê...]

--- 292 ---

[...daling] ambêngan, sasampunipun makatên nama sampun rampung, kantun bingah-bingah kemawon.

Tumrap ingkang priyantun, malêmipun riyadi punika jalêr èstri sampun sami dandan. Ingkang nuju kalêmpakan, tumrap ingkang anèm ngabêkti dhatêng ingkang kaprênah sêpuh, bojo ngabêkti dhatêng gurulaki, wontên ingkang mêmbik-mêmbik nangis, atêgês ngêsrahakên kalêpatan dhatêng ingkang jalêr. Ingkang jalêr sumêrêp tangis ingkang makatên wau inggih sampun tampi kajêngipun. Bathukipun ingkang èstri lajêng dipun êlus-êlus, atêgês suka pangapura. Sadaya sami marêm ing manah. Sawênèh wontên tiyang èstri ingkang kaduk sêmbrana, salêbêtipun ngabêkti kalihan mungêl: mas, anggonku ngunèk-ngunèkakê kowe ing sajrone sataun, lêburên ana ing dina iki. Sarèhning kalanipun dintên makatên wau botên wontên sarusiku, ingkang jalêr inggih lajêng mangsuli: Iya, iya, lêbura ing dina iki, sesuk diambali manèh.

Wusana wilujêng ingkang pinanggih.

--- [0] ---

Talaga rêdi Kèlimutu, Èndhah, Plorès.

Tumusing Manah Guru Alêman

Ing wanci asar andhap Hyang Bagaspati sampun gumlewang ing têmbing kilèn, bêntèripun namung kantun mônda-mônda, ing ara-ara saha sabin-sabin katingal ngênthak-ênthak sêpên, para lare angèn sami anggiring maesanipun, pating pêthangkrik wontên ing gigir, kalihan cêthar-cêthèr ngungêlakên pêcutipun.

Saantukipun saking sabin Pak Wiryasaroja lajêng lèyèh-lèyèh ing èmpèr wingking, sinambi nyêthèti prêkututipun. Ingkang èstri nênggani kalihan nyêsêpi anakipun ingkang taksih bayi, watawis umur kalih lapan. Ing sêmu Pak Wiryasaroja marêm sangêt mirêngakên anggunging prêkututipun, sakêdhap-sakêdhap manggut-manggut, rumaos manawi namung punika wontênipun kanikmatan ing ngalam donya. Sarêng sayahipun sampun sawatawis aring lajêng andêngèngèk, saha wicantên dhatêng ingkang èstri:

Bokne thole, karêpku besuk tibaning dina lêbaran arêp tak mulyakake nganggo ropyan-ropyan ngundangi sanak sadulur tôngga desa.

Ênggih ta pakne, kula ming monat-manut mawon, la, kajêng sampeyan ajêng nganggo napa, simpênane dhuwit gajêge ming kantun sèkêt rupiyah, nèk karêp kula ngotên ênggih slamêtan, climèn mawon, ngarah napa: ta, turahane damêl numbasake sandhangane anak-anake.

Kowe kuwi kok cupêt têmênan budimu, ta, bokne, wingi kang kêbayan mêntas rasanan, ing malêm bakda dhèwèke arêp wayangan ngulêmi wong sadesa. Mara pikirên, ingatase aku iki wis kêjuwara yèn kalêbu cukup, kok ming arêp climèn bae, saiba ujare wong sadesa. Ing ngêndi bakal anggonku andhêlikake raiku. Cêkake, aku êmoh kalah, niyat arêp slamêtan gêdhèn-gêdhenan, prakara dhuwit, suwêng karo ali-ali

--- 293 ---

mu kae bae digadhègake dhisik, besuk yèn wis panèn gampang ditêbus.

Bok Wiryasaroja kèndêl kemawon, jalaran sumêrêp watakipun ingkang jalêr, manawi dipun pambêngi ingkang dados kêkajênganipun ngadat malah lajêng muntab nêpsunipun. Nanging ing batos sangêt anggènipun botên nyuwawèni.

Kacariyos, Pak Wiryasaroja anakipun sampun gumrayah, panggaotanipun tani, sabin gangsal bau, maesa kalih pasang, ingatasipun tiyang dhusun sampun nama cêkap, dhasar wêkêl ing damêl, botên gadhah karoyalan, namung emanipun kasinungan watak …guru alêman. Ingkang makatên wau sampun tamtu lajêng gampil sangêt nuwuhakên kirang dugi lan prayogi, têmahan mêwahi dhatêng kaborosan, ambucal bôndha ingkang tanpa tônja. Mila sanajan kalêbêt cêkap, Pak Wiryasaroja botên nate gadhah simpênan arta kathah, wontên sakêdhik kalih kêdhik inggih lajêng lês. Pangraosipun, sanajan garing yèn garang, lo, samantên dayanipun êndêming manah guru alêman.

Kirang sawatawis dintên badhe dhawahing dintên bakda riyadi, têtiyang sami wiwit rêrêsik griya saha pakawisanipun, ing pêkên umyung suwaranipun têtiyang sade tinumbas, ingkang rame piyambak ing panggenan kuwadean, saya sarêng dumuginipun dintên pungkasaning wulan siyam ingkang kawastanan prêpêgan, untapipun tiyang ingkang sami blônja pados bêtah kados dipun sokakên, pêpêt jêjêl uyêl-uyêlan mèh botên kenging kapiyak, ing dintên wau ramening pêkên namung satêngah dintên, jalaran ingkang kathah kasêlak badhe tata-tata kangge dintên riyadi enjingipun.

Sêngkang saha sêsupenipun bok Wiryasaroja saèstu kalêbêt ing gantosan, pajêng satus rupiyah, sampun têlas katanjakakên kangge kabêtahaning pawon. Pak Wiryasaroja rumaos bilih badhe kacupêtan waragad, jalaran manawi namung ropyan-ropyan kemawon badhe kirang rêgêng, sêdyanipun badhe gambyongan sadalu muput kalihan ambrondong long. Pêpuntoning manah lajêng amanggihi Babah Tan Yu Hok, satunggiling juru potang ing kitha, kalampahan angsal sambutan 100 rupiyah mawi prajanjian badhe ngantukakên kalih bêlah benjing manawi sampun panèn, griyanipun kacêpêngakên.

Pak Wiryasaroja ambadhêdhêg manahipun, rumaos badhe kalêgan manahipun, lampahipun sigrak kados tiyang ingkang mêntas manggih rijêki agêng, lajêng anjujug dhatêng Pacinan, tumbas long rentengan agêng alit, têlas sèkêt rupiyah. Anakipun ingkang taksih alit-alit sarêng sumêrêp bapakipun mantuk ambêkta long, sami lincak-lincak, [linca...]

--- 294 ---

[...k-lincak,] lokipun: Bapak tuku long, bapak tuku long.

Wiwit siyang bêdhug katabuh, suwaranipun andharêndhêng amêwahi rêgênging padhusunan, mèh ing sabên griya tiyangipun sami ibut tata-tata kangge wilujêngan ing sontênipun, makatên ugi ing griyanipun Pak Wiryasarja, sampun kalih dintên umyung suwaranipun tiyang ingkang sami olah-olah, mawi mragad ayam kathah sarta menda kalih, sarêng sontên ki kaum ngantos botên kobêr mantuk, tansah lumintu andongani ambênganipun para têtiyang ingkang gadhah kajat, mantukipun ambêntoyong saking kathahing brêkat, malah ugi wontên ingkang pilalah dipun tilar kemawon.

Ing dalunipun, ing griyanipun Pak Wiryasaroja katingal padhang, anjingglang dilahipun dilah gasolin anggènipun nyewa saking kitha, pancèn manawi sampun gadhah sêdya Pak Wiryasaroja botên ngetang bôndha, tanpa linimbang ingkang bêning kadospundi mênggah kadadosanipun, wosipun namung ambujêng pangalêm, pangonggrong. Wiwit sontên Pak Wiryasaroja sampun dandan malithit, rasukan atela cêmêng, sinjangipun truntum, sawitan kalihan udhêngipun, sanajan tiyang dhusun kagolong sagêd dhatêng traping pangangge, wironipun inggih anjalirit, sabukipun ijêm sinulam ing sêsêkaran môncawarni. Ing pangraos sampun kados Radèn Kakrasana. Jam sanga para tamu kônca dhusun sampun pêpak, racak sami berag-berag, talèdhèk, gamêlan saniyaganipun ugi sampun sumadhiya, kapapanakên wontên ing ngèmpèr ngajêng, Pak Wiryasaroja grapyak sangêt anggènipun manggihi tamu-tamunipun, sakêdhap-sakêdhap gêr, sami gumujêng latah. Pasugatan wiwit kawêdalakên, rumiyin wedang tèh, salajêngipun tansah ambanyu mili botên nguciwani. Suwaraning gamêlan ingkang nganyut-anyut saha pangêliking waranggana saya mêwahi sênêning pajagongan, para tamu katingal sami gambira ing manah. Watawis jam kalih wêlas dalu lajêng wiwit ambrondong long agêng alit, damêl cingakipun ingkang sami ningali, ing batos ngalêm dhatêng kacêkapanipun ingkang gadhah griya. Saya para lare-lare, sênênging manahipun tanpa upami, sami lincak-lincak kalihan surak-surak. Kacariyos, anakipun Pak Wiryasaroja ingkang umur gangsal taun ragi kêcêlakên anggènipun ningali, dumadakan kêblêdhosan long agêng, kenging rainipun, lajêng anjola, sakala botên èngêt, dhawah [dha...]

--- 295 ---

[...wah] gumlinting ing siti. Sanalika ing pajagongan gègèr, punapadene para têtiyang èstri, pating bilulung botên kantênan ingkang badhe dipun tandangi. Pun lare lajêng karompa-rompa kabêkta mlêbêt, êmbokipun kontrang-kantring, sambatipun: O, anakku gèr, kapriye kowe gèr.

Nalika samantên sampun lingsir dalu, badhe kabêkta dhatêng griya sakit ing kitha wanci sampun lungse, mila lajêng kaupakara piyambak kemawon saprêlunipun. Pajagongan ugi lajêng jugag, botên kalajêngakên, para tamu sami pamit wangsul, sêmunipun kathah ingkang jinja, dene mêntas wontên lêlampahan ingkang ngêrês-êrêsi.

Ing dalu wau tiyang sagriya botên wontên ingkang tilêm, dilah gasolin sampun dipun pêjahi, kasantunan dilah teplok, mila katingalipun inggih lajêng pêtêng sêpên mamring, botên kados sontênipun.

Saya ngancik gagat enjing suwaraning long saha mrêcon botên wontên pêdhotipun, adamêl karantaning manahipun Pak Wiryasaroja. Manahipun kados karujit-rujit manawi ngèngêti bilih lêlampahan punika tumusipun botên sanès namung saking badanipun piyambak, saking pokalipun ambujêng ardaning manah,… pados alêm. Ngantos enjing namung dhêlêg-dhêlêg kemawon, pangrintihing anakipun saya amêwahi karêrantaning manah.

Dhawahing bakda riyadi tiyang sadhusun sami berag-berag, panganggenipun sarwa enggal, para lare-lare sami pamèr-pameran, ing dintên wau botên wontên ingkang botên kasinungan manah bingah…

Ing griyanipun Pak Wiryasaroja korinipun minêb sadaya, enjing umun-umun sampun pangkat dhatêng kitha numpak kreta sewan ambêkta anakipun dhatêng hospital. Mantukipun sampun siyang, botên têrus tumut bakdan, jalêr èstri mêmpên kemawon wontên ing griya kalihan sôngga uwang, anak-anakipun sami nangis angglolo nêdha pangangge enggal. Êmbokipun ngêrês ningali anak-anakipun, ananging kadospundi malih arta sampun têlas katanjakakên kakêtahan[11] warni-warni, namung bab têtêdhan ing pawon taksih nglumbruk, jêr sêdyanipun Pak Wiryasaroja enjingipun badhe andumugèkakên anggènipun ropyan-ropyan. Lare-lare lajêng sami dipun cêpêngi lêmpêr ngalih iji, wasana sami kèndêl, themal-thèmêl anggènipun nêdha.

Makatên kadadosanipun tiyang ingkang nilar dugi-dugi lan prayogi, ingkang namung nuruti ardaning manah, botên mawi êmpan papan, tanpa linimbang ingkang bêning… makatên tumusing manah guru alêman.

--- 296 ---

Riyade Lare

[Dhandhanggula]

Sasat gula kang arasa lêgi / mêmanise ing bakda puasa / ngêndi-êndi ketok rame / swaraning êlong dhang-dhung / ing padesan wong andalidir / padha tilik wong tuwa / lakune gumrudug / biyunge angêmban bocah / bapakane nganthi anak isih cilik / karo nyangking buntêlan //

isih ana sing ngiring gumridig / bocah-bocah padha kulawarga / ambarêngi ing lakune / padha sajak kêsusu / gone mlaku rêbutan dhisik / ananging ora nêdya / kêsusa-kêsusu / sabab mung saka kêgawa / yèn wong desa ora mlaku sripat-sripit / êmoh adol wiraga //

[Grafik]

... ana manèh sawênèhe, bocah nagara kumpul ...

beda karo sing jênêng priyayi / lanang wedok cak-cakane padha / nyandhang ora sabaène / têgêse luwih ukur / samubarang mung kudu bêcik / sok nganti lali tônja / sunat dadi prêlu / mulane ing kalamôngsa / ora kurang wong jodhoan udan tangis / gegeran sabên dina //

kaya ta yèn bakda ngene iki / akèh bae padha ngaya-aya / êmoh mung sakuwasane / lumrahing gunêm rêmbug / wong sataun mung sapisan thil / yèn nganti ora brêgas / isin bangêt aku / ning ora dipikir dawa / yèn sataun iku ana rolas sasi / pancène luwih tamban //

kêna kanggo mikir-mikir nicil / nanging adat lumrahe kalepyan / barêng wis cêdhak elinge / banjur anumbuk-numbuk / ora ketang nêkuk nikêli / anggêre bae bisa / pakewuh ditêmpuh / lan manèhe uwis lumrah / thok êthêle yèn nuju dina riyadi / mung isi kabungahan //

yèn mangkono gampang uwong tani / bab anyandhang ora arêp nyêngka / sukur bisa nganakake / orane narima mung / nyandhang nganggo barang sing uwis / mênyang pikir kapenak / trima ikêt wulung / mung beda yèn nuju bakda / le ngêcakke dimèrètake adhamis / ngono uwis prayoga //

yèn sing duwe anak cilik-cilik / sanadyan ta iya rada nyêngka / nanging ora bangêt kae / yèn bisa tuku sukur / ra-orane trima mung klambi / wedok tapihan slendhang / uwis ketok patut / yèn lanang iya jingkêngan / tur ya trima nyrèmpèt ikêt mung sadhelit / kêna duwèking bapa //

kang dikôndha ing riyadi iki / angrasani riyadining bocah / anane dipêpakake / yèn cara desa iku / mêsthi beda karo priyayi / sarèhne ora padha / kêna kanggo rêmbug / dadi wêwacaning bocah / kêna digo sêsambèn nyênyênêng ati / kalane nuju sêla //

yèn wong desa sing arêp ngabêkti / nyang wong tuwa padha anggêgawa/ [ang...]

--- 297 ---

[...gêgawa/] awit dina ngono kuwe / elinge uwong thukul / nyang wong tuwa arêp malêsi / nadyan mung sacokotan / iya amisungsung / unine sawise têka / akôndha yèn ngaturake sêmbah bêkti / lan mripat kaca-kaca //

wong tuwane wêruh ngono kuwi / ing atine bangêt krasa-rasa / nuli ngundangi putune / sing têka gumarubyug / lan dialêm agênti-gênti / wah putuku Saminah / ketok thipluk-thipluk / la kae sing kucir sapa / o Si Kêmis dene rupamu manthilis / apa ya isih nakal //

wis sèlèhna êmbananmu kuwi / bocah cilik aja dikulina / ana ing êmbanan bae / sèlèhna bèn angglangsur / wis wis bocah kabèhe kuwi / kana padha dolana / nèng latar sing rukun / cah akèh nuli nyang jaba / padha amor bocah akèh pating jlêrit / palayon mrene-mrana //

yèn cah wedok gone dolan nisih / ora amor karo bocah lanang / dadi ketok dhewe-dhewe / awit sok banjur padu / kang jalaran sabab sathithik / dene bocah sing lanang / banjur pating kluyur / padha dolan mrana-mrana / sakarêpe yèn nuju bakda riyadi / diumbar ing wong tuwa //

ana bocah sajake kumaki / gone ngono jalaran kêgawa / anake wong rada duwe / bêbêdane ngêndhuruk / kulambine jas lenah putih / ketok isih tigasan / durung kambon banyu / tapak tilasing bêdhahan / isih ketok galêr irêng dipotloti / garapan grêji desa //

bocah mau jênênge Si Blêndhi / iya milu dolan bêbarêngan / lan bocah liya-liyane / mênyang kali gumrubyug / dhela-dhela ngiling-ilingi / klambine êjas anyar / lan tansah dilus-lus / yèn ana bocah sing nyawang / banjur kôndha: kulambiku êjas apik / bêbêdku iya anyar //

gone pamèr sajak ngiwi-iwi / nganti gawe sêrike sing liya / karo manèh ngandhakake / sangune dhuwit suku / sing nguwèhi êmbokne cilik / Blêndhi anggone kôndha / lan ngêtokke jêdhul / dhuwite putih têngahan / ketok bangêt anggone ngiming-imingi / mênyang kancane dolan //

tur nèh bocah-bocah kabèh kuwi / prênahane ora ana liya / isih klêbu sanak dhewe / ana prênah nak dulur / doh-adohe misanan isih / nanging barêng kumliya / kabèh padha nyatru / la wong jênênge ya bocah / wis lumrahe watake mangkono kuwi / rukune mung sadhela //

kocap barêng lakune Si Blêndhi / ngambah ana galênganing sawah / kapalèsèd ing lakune / tiba nywara kêcupuk / gupak blêthok jarik lan klambi / kancane barêng nywara / grênggêng muni: sukur / Blêndhi tangi cakekalan / banjur bali turut dalan karo nangis / kancane padha nyurak //

satêkane ngomah disalini / mung bêbêdan klambi ora ana / dadi êmung ngliga bae / kancane anggêguyu / ana siji anggarap wani / saiki Blêndhi brêgas / tanpa klambi patut / kaya panakawan seba / cah liyane padha angguyu nyêkikik / Blêndhi tanpa nyuwara //

rupa-rupa bungahe cah cilik / ing kalane garêbêg puasa / ana manèh sawênèhe / bocah [bo...]

--- 298 ---

[...cah] nagara kumpul / padha dolan bakyu lan adhi / esuk-esuk wis dandan / ketok sajak rukun / kaya ngrêmbug kabutuhan / mung têmêne rasanan bab ariyadi / bocah sing tuwa kôndha //

isih bêngi aku uwis tangi / banjur adus mênyang ing pakiwan / ngudubilahi adhême / adhine nuli sambung: / aku iya uwis didusi / malah uwis pupuran / ya nganggo dirêmbug / lah iki tapihku brêgas / sabuk wala kêlambiku êncit paris / le tuku kanggo bakdan //

[Grafik]

Ana pyayi kakung lan sing putri, ing kalane nuju malêm bakda, linggih nèng ngarêp andhèglèg..

bak ayune tumuli nyêdhaki / karo ngalêm wah iya ya brêgas / ya kaya jarikku kiye / lagi padha le tuku / kêlambiku ya padha paris / adhine banjur nyêla / ning bêcik klambiku / bakyune mangsuli ora / suwe-suwe garêjêgan rêbut apik / ibune nuli têka //

karo kôndha kabèh bae apik / wis ta kana padha dolan-dolan / ananging sing rukun bae / aja dolan nyang lurung / akèh montor anyênyamari / bêcik ana ngarêpan / lan kônca-kancamu / bocah loro kêkanthenan / nanging barêng têkan jaba ketok sêpi / sing dolan ora ana //

cah sing tuwa nuli angandhani / ayo padha dhayoh-dhayohan ya / kowe dhayohe rekane / munia kula nuwun / adhine ya nuli nuruti / rekane lagi têka / karo mundhuk-mundhuk / lan manèh alon nyuwara / kula nuwun bakyune nuli marani / lajêng kemawon môngga //

ngriki lo dhi ngriki lênggah kursi / adhine ya nuli linggih mara / nanging ora ngrasakake / mung mlengos sajak mrêngut / saka durung patia ngrêti / bakyune pijêr kôndha / cas-cis angêthupruk / mung adhine ora jênak / pijêr wêruh

--- 299 ---

ana taksi wira-wiri / nuli angajak dolan //

bak ayune ora diprêduli / dadi anyêl nuli nyêdhak mara / karo anjiwit adhine / malah ditapuk kêpluk / banjur cêngèr adhine nangis / ibune mênyang jaba / karo sajak nêpsu / bocah mung pijêr grêjêgan / mari-mari mêngko padha tak gêbugi / kon rukun ora bisa //

cah sing gêdhe bisa amangsuli / wong dhèwèke pancèn bocah nakal / saya anjêngèk adhine / karo calathu sêru / ayo ibu saiki mêsthi / nunggang taksi marana / nuli nangis gulung / sarèhning nuju lêbaran / iya banjur putêr-putêr nunggang taksi / anak kabèh digawa //

uwis lumrah môngsa ngono kuwi / rame bangêt ing sadalan-dalan / wong lumaku mrana-mrene / nganti ketok gumrudug / têtunggangan aslira-sliri / akèhing dhuwit wutah / uwis tanpa petung / mung watone bisa bungah / ora nganggo angèlingi êmbèn buri / awit dina riyaya //

sapa wong sing anak-anak cilik / samangsane dina ariyaya / ora ngrêti kana kene / mung ngêrês kanthi bingung / yèn oraa bisa nyandhangi / paribasane nekad / wani numbuk bêntus / nanging ya sapa sing trima / yèn nyipati anake ing môngsa kuwi / tinêmu ora nyandhang //

dadi lumrah wis padha ngênggoni / ing kalane garêbêg puasa / kana kene padha bae / dene gampanging rêmbug / ora prêlu nganggo ngrasani / ing bab kang ora-ora / wose dina mau / prêlu kanggo bungah-bungah / angurmati ing dina Idul Pitêri / mung bêcik tinêmua //

ana pyayi kakung lan sing putri / ing kalane nuju malêm bakda / linggih nèng ngarêp andhèglèg / ngrasa kaya tumênggung / kasêmbadan ing bêngi kuwi / ambêbungah nyang anak / nyumêt êlong dhang dhung / rame bangêt ana nglatar / dhi-adhine sing nyumêt nutupi kuping / ana dibopong êmban //

wênèh bocah kalane riyadi / ora dhêmên dolan mrana-mrana / mung ngundhêr nèng ngomah nyêle / awit duwe panêmu / timbang kêsêl awira-wiri / kapenak ana ngomah / tur warêg mathethu / dhasar lagi brai mangan / tanpa lèrèn sasat pabrik lagi giling / mêmangan tanpa kêndhat //

nganti ketok wêtênge kalimis / mlêbu mêtu mung tansah mêmangan / sêla-sêlane yèn ngombe / banjur manèh disambung / apa bae watone ngêmil / iya wong jênêng bocah / sasat usus lurung / tumindak bêtah amamah / ora nganggo milih rasa lêgi gurih / kabèh bae kêcandhak //

wise katog lagi ngrumasani / yèn wêtênge rada krasa lara / nanging iya isih bae / niyate ora mundur / yèn oraa kêtutup bêngi / mangkono kang kacrita / lêbaraning kacung / mungguh sawarnaning kôndha / kang tinêmu kaananing bocah cilik / mung dadi puji arja //

--- 300 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Sêninjongan Riyadi

Bancak: Wetan kae sulake wis ketok padhang.

Dhoyok: Yèn mangkono ayo bêbarêngan madhang.

Ba: Ngêndi ana pasa arêp madhang esuk.

Dho: Kowe lali iki riyadi wong busuk.

Ba: Yèn mangkono arêp madhang iya lêpat.

Dho: Aku klèru: yèn bênêre mangan kupat.

Ba: Dadi aku karo kowe klèru surup.

Dho: Ora ngapa dibalèni bae cukup.

Ba: Saikine aku arêp amiwiti, nglairake suka sukur mênyang Gusti.

Dho: Bênêr Bancak yèn kalane ariyadi, kudu bisa mênyang luput ngrumasani.

Ba: Saikine priye mungguh kapenake, yèn pinuju dina riyadi mangkene, mungguh aku enak ngrumpaka anane, ngono mau sadurunge ngucapake. Awit nyata mungguh rasaning manungsa, kudu wêruh bênêr aja nganti onya, ing têgêse nglimbang dhisik mênyang angga, yèn wis bênêr lagi mikir kana-kana.

Dho: Yèn tak pikir Bancak iku bênêr bêtul, mêlêng-mêlêng kaya pancèrèting gêndul, awit akèh uwong sing kêsusu unggul, wêkasane mung tinêmu madhul-madhul. Dadi mèmpêr anggonku anganggêp bênêr, uwis têtêp ora bakal kengar-kèngêr, awit mungguh pathokan têlênging ancêr, dumununge awak dhewe dadi jêjêr. Yèn kiraku yake ora bakal oncat, gampangane wong sing wis ora dicacad, nandhakake uwong bêcik lan wis kuwat, tumus saka gone ambêciki tekad.

Ba: Wis ta aja banjur dawa kaya dhadhung, katranganmu sing glawèr prasasat nyandhung, ing uniku kang arêp tak wangun kidung, kang uwose mung arêp marada gurung. Yèn enake kang kawilang nomêr satu, esuk-esuk ngombe wedang kopi susu, pacitane roti martega lan kèju, yèn udude mono ya mung trima srutu. Mungguh mate wis mèmpêr bôngsa Eropah, sabên uwong wêruh mêsthi nyuwara: wah, yèn mung uwong sing uripe lagi lumrah, aku tanggung mêsthi banjur ngrasa wêgah. Ing saiki disuda bae bèn mathuk, wedangane salin kopi mung ditubru-

--- [0] ---

[Grafik]

Têlênging pulo Nieuw Guinea (Papuah) sisih lèr.

Lampiran Kajawèn nomêr lêbaran 1860 / 1930.

--- 301 ---

k, roti kèju mlorod disalini gêthuk, srutu trima salin, klobot bako siluk.

Dho: Kurang thithik unimu êmèh tak dhebat, katujune kowe ora sida nekad, saupama roti martega korampad, tinêmune bakal tak semplang mancêlat. Bok ya aja anggagas prakara pangan, harak bêcik anggagas ing bab sandhangan, awit iki nuju ing môngsa lêbaran, sabên uwong atine mung rasa dhangan. Mungguh aku yèn nyandhang êmoh sing onjo, mung narima sawitan sing wêton Solo, êjas bukak irêng bakale sêtliko, yèn udude iya mung trima sigago. Gêlèlèngku apês kaya dara panji, malorode rada ngèmpêri priyayi, nanging aku rada duwe samar siji, angèlingi ing bab uripku saiki. Ya tiwasa aku brêgas canthas prêsis, pacakanku sabrebedan kaya komis, ora wurung ing burine dadi tangis, lêbar bakda padha sowan rama panhis.

Ba: Yèn mangkono dadi gunggungane kêpruk, aku kowe rêmbuge tinêmu rujuk, mung angudi bisane kapenak mathuk, trima têntrêm ora arêp mangkruk-mangkruk. Ing saiki aku mung arêp mêmuji, ambarêngi tumibaning ariyadi, muga lulus tulus saisining bumi, bisa murah bêras bisa murah pari.

Dho: Sabanjure salamêta kawulane, ya sing cilik ya sing sêdhêng ya sing gêdhe, cêkak cukup ya salamêt kabèh bae, awit kabèh padha kawula arane.

Ba: Ucap iki muga-muga bisa kabul, kalakona muga ana rasa thukul, sakabèhing ancas sêdya bisa kumpul, têtêp slamêt sarupaning karêp jêbul.

Dho: Bab mangkono kabèhe kudu nêrusi, upamane: sing gêdhe kudu mêruhi, yèn mêmuruk sing bisa ngadhêmi ati, yèn mangkono tinêmu bisa lêstari.

Ba: Ngono iku bakal bêcik kang tinêmu, nanging iya kang kudu wêruh ing sêmu, ing têgêse kudu gathuk ing panêmu, ing saiki ora kêna grusa-grusu.

Dho: Ing gampange rêrêmbugan bab mangkene, kêna banjar[12] diringkês ana cêkake, slamêt kabèh sajêroning môngsa kiye, yèn digagas uwis kacakup salire.

Ba: Aku usul kapriye mungguh Kajawèn, apa ora nganggo ngucap cara pyayèn, ngaturake kasugêngan ing riyadèn, aku kowe jênêng wong lagi kêtêmbèn.

Dho: Mêsthi bae aku iya nganggo matur, Marang para kakung putri para luhur, para putra nganti tumêkaning batur, nadyan abdi mêsthia maca yèn nganggur. Wiyosipun sadaya para bandara, kakung putri saputra wayah lan mitra, kalilana kula matur nyêla-nyêla, kalêrêsan nuju garêbêg puasa. Ingkang sami maos Kajawèn sataun, yèn tan rêna ing panggalih sampun gêtun, awit mênggah kirang tuwin langkungipun, mung ngapuntên ingkang agêng kula suwun. Dene tumrap ingkang karênan ing galih, kaparênga andhêdhêr minôngka winih, sumêbara pun Kajawèn namung murih, têmbe wingking sagêda manggih pakolih.

Ba: Aku nyêla ana rêmbug mung saipit, aku muji muga padha sugih dhuwit, bisa simpên bisa angêtokke irit, supayane ki butuh bisa kasait.

Dho: Mêsthi bae dhuwit ora kêna kèri, iku [i...]

--- 302 ---

[...ku] uga kalêbu dadi pamuji, awit sapa sing oncat lan siji iki, salawase urip bakal tanpa aji. Mung upama kêbanjur dicêkêl kukuh, dhuwit ora pisan-pisan dadi kancuh, malah bisa dadi nganakke pakewuh, ati bingung molak-malik tansah kisruh.

Ba: Mula aja nganti bangêt-bangêt krakêt, nadyan ora yèn bakal dipangan rêngêt, nanging dhuwit yèn ta mung digembol angêt, ora duwe tônja kang agêdhe bangêt. Upamane gampangan bae mangkene, yèn ta mungguh dhuwit diêpèk gawene, karo têngah uwis bisa nêkakake, kalawarti Kajawèn têlung sasine.

Dho: Ewadene kang mangkono durung mêsthi, ana uga kang ing batin tan kadugi, tarima mung dhêmên maca saka buri, ngono mau rak gawe gêlaning ati.

Ba: Nanging Dhoyok aku ya mung wajib sukur, dene akèh priyayi galihe mulur, mênyang wacan lan kalawarti wis kaur, rêmên maos pratôndha galihe jujur. Sabanjure kiraku ana uwohe, tumanêming rêna kang ana galihe, tinêmuning panggalih mêsthi ing têmbe, ora wurung bakal abonêmèn dhewe. Wis tak tutup rêmbugku samene Dhoyok, numusana rahayune bisa ketok, ya Kajawèn ya sing maos lanang wedok, supayane têmbe buri barêng kalok.

Dho: Amin, amin, kang ngono muga kabula, aja ana sandhungan sawiji apa. Muga-muga olèh pangapura dawa, kaladuking uniku ing dina bakda.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Ing Dintên Bakda Riyadi

Sêmar (wêwangson): Hêm, kanggone wong tuwa ora ana kang ngungkuli sênênge kayadene ing dina riyadi kaya saiki kiyi, awit bakal disowani anak putu sing arêp padha angabêkti. Sêmono kuwi yèn ginanjar kacukupan, prêlune 1e. sing dadi wong tuwa kiyi anggone nêmoni bisa adandan sing mêntèrèng. Ing sarèhning jênêng wong tuwa, iya ora prêlu macak-macak bangêt, anggêre katon rêsik bae ya wis cukup, kaya ta upamane: ikête modang têngahe putih, jase gabardhin bukakan, kêmejane sêtrip-sêtrip sêtêngah sutra, dhasine bludru ijo awujud kupu mencok, thik isih nganggo rompi tur iya gabardhin, jarite wis cukup danliris, babaran Ngayoja, mêsthine anak putu sing arêp padha angabêkti anggone nyawang rada mantêp. 2e. Wong sing ginanjar kacukupan kuwi, nèk arêp nyugata anak putu sing padha têka, iya bisa nyadhiyani suguhan sing kompêlit, kaya ta: kupat gudhêg saadune lêlawuhan sapêpadhane, tur nèk tamune têka, bisa cara Lônda nganggo nawani barang kae, upamane: mau minum apah, anggur, kwas, limun, tèh, kopi, wadhuh, rasane le cêmêplus, tur anak putu padha sênêng. Kosokbaline, tumrape wong tuwa sing ora kacukupan, ora ana susahe kaya

--- 303 ---

ing dina bakda riyadi, wis omahe dhoyong, sandhangan sing kêna didêlêng mung sapêngadêg wis lumêbu ing gadhèn kabèh, golèk utangan ora olèh, kathik ora ana anak putu sing padha nginguk, wah, rasane nyang ati kaya arêp nyêmplung-nyêmplunga sumur. Wiyah, kok ngrasakake sing ora-ora, rak malah nyêpêt-nyêpêti mata bae, luwih bêcik tak ngrampungake anggonku dandan, iki rak wis mangsane anak putu padha têka. Jajal tak ngilo, apa aku wis katon dhèmês, wah, wah, wah, wah, sajake aku kok kaya pènsiunan mandhor astèn. Saiki cêkokanaku tak pêngilonane, nèk-nèke mèncèng barang, wèyèh, kathik le gêmpi lan mèphèt. Lo, hla kuwi kok Garèng mak bêdhêngus tanpa nywara.

[Grafik]

Garèng: Aku kok nganti kègi bangêt ngrasakke rama kiyi, mundhak sêpuh ora kok mundhak gêdhe ngibadahe, nanging kok malah mundhak gêdhe kabêsusane, wong tak kula nuwuni nganti ganêp sêlosin, ora ana wangsulane, jêbul lagi ngila-ngilo ora wis-uwis. Ora, Ma, priyayi sêpuh kuwi bok aja kêbêsusên, ngumanana putra wayahe.

Sêmar: Lo, têka-têka kok banjur anggumbrêng mêngkono, dupèh aku ngila-ngilo kiyi diarani bêsus bangêt. Hla kuwi nèk bocah ênom, panêmune adhakan sok ngalor ngidul, wong dhêmên ngilo kuwi ora kêna diarani wong bêsus, nanging nandhakake wong kang ngrêti tatakrama. Awit wong kang mangkono mau arêp nyingkiri, aja nganti gawe dhadhakan supaya digêguyu utawa diaruh-aruhi ing liyan. Jalaran sing sapa sêngaja gawe dhadhakan supaya diguyu ing wong, têgêse: sêngaja gawe dhadhakan murih wong liya olèh dosa, kuwi ngatonake yèn ora wêruh mênyang tatakrama tumrape kang gawe urip, wis, wis, bada-bada kok ngrêmbug sing dudu-dudu mundhak nyuda kasênêngane ing dina bakda riyadi. Êndi adhimu Si Petruk.

Garèng: Mau lakune saka ngomah iya barêngan karo aku, nanging barêng têkan ing ngarêpe tokone Bah Gêmuk, aku dikon lumaku

--- 304 ---

dhisik, jarene arêp mampir toko mau.

Sêmar: Ya kuwi nèk anakku siji kae, watake pancèn iya sok brigah-brigih, nanging sanyatane ora têgêlan, mênyang wong tuwa wêdi lan asih, duwe apa-apa sathithik rong ithik, iya anduwèni kogêl. Anggone mampir toko mau, kiraku saka êmohe ngêlanthung kêtêmu bapakne, nèk-nèke iya arêp ngogêli karêmane bapakne, kaya ta: kèju, utawa kuwih sultanah, ora-orane ya iwak sardhincis. Wong kogêl mono ya ora prêlu akèh-akèh, upamane rong losin bae, rak iya wis gawe marême wong tuwa. Lo, jêbul kuwi Si Petruk, rêmbuwas têka. Kok nglênthung ora anggawa apa-apa.

Petruk: Iya pancèn mangkono, Ma. Aku prêlu kêtêmu Bah Gêmuk, ngrêmbugi yèn wulan kiyi aku anjaluk tempo anggone nglunasi bon-bonku, awit dhuwit balanjaku saikine lagi ora kobêr mrono, kajaba mung dhinês mrêlokake kabutuhane wong bakdan bae.

Garèng: Ya kuwi rama, putramu sing sok kogêl nyang wong tuwa, blanjane diêntèk-êntèkake kanggo lêbaran. Ing sarèhning wusanane utange toko ora bisa nglunasi, banjur kogêl nyang wong tuwane, nèk-nèke wong tuwane gêlêm ambayari.

Sêmar: Hla kuwi nèk Garèng, atine panas, dupèh aku ngalêmbana Si Petruk. Wis, wis, iki dina lêbaran, aja padha pasulayan. Lo, kowe arêp apa Garèng, kok mêthethak-mêthèthèk sajak nyara langên wênara ngono.

Garèng: Ing sarèhning punika kalêrês dintên riyadi, kula badhe nyuwun ngabêkti, kalêpatan kula ing salêbêtipun sataun, kasirnakna ing dintên punika.

Sêmar: Wadhuh, le mak krênyês, pating griming nganti têkan pucuk rambut, kaya ngene kiyi rasane dingabêktèni anak, rasane têka ngêrês têkan ing ati, nganti ora krasa pating talêthok wêtuning luhku saka cangkêm. Iya, iya, gèr anakku, sun watak pujiku slamêt, nak-anak nganti mênthêyêt, drajad gêdhe blônja mêmêt, ning aja lali dèn pèngêt, nèk wis gagah aja mumêt, dêlêng wong dianggêp rêngêt, kasangsara kang kêcakêt. Wis, wis, kowe gênti Petruk, majua mrene. Tobat, tobat, anakku Si Petruk saiki anggone laku dhodhok kok luwês bangêt, nganti tlosoran kaya ula jangan. Iya, iya, tak trima Petruk. Saiki aku arêp takon, kowe kloron, apa padha ngrêti sing dadi rangkêpane wong ngabêkti nyang wong tuwa kuwi.

Garèng: Durung, Ma, mara tumuli ngandikakna.

Sêmar: Hla, kuwi mangkene, pangabêktimu mau mung aran pangabêkti lair, dene batine kudu ana, yaiku mangkene: mumpung wong tuwamu isih urip, kowe kudu: sing wêdi nyang wong tuwa, sing trêsna, sing ngêmong, sing bisa gawe panuju, lan sapanunggalane. Tindak kang mangkono kuwi rak wis ngibadah arane, awit samubarang tindak kang gawe sênênge wong tuwa, kuwi wis ngèmpêri nicil amalês utanging anak mênyang wong tuwa. Wis thole, rêmbugane padha dipunggêl samene bae, seje dina padha rêmbugan manèh kaya padatan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. dhatêng. (kembali)
2. Sengkalan: mumbul raos èsthining janma (1860 A.J., 1929/1930 A.D.). (kembali)
3. sanès-sanèsipun. (kembali)
4. widadari. (kembali)
5. kanthèni. (kembali)
6. irigasi. (kembali)
7. tindak-tandukipun. (kembali)
8. ingkang. (kembali)
9. pêkên. (kembali)
10. wastani. (kembali)
11. kabêtahan. (kembali)
12. banjur. (kembali)