Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-11, #506

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-11, #506. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-11, #506. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 46-47, 13 Sura Taun Jimawal 1861, 11 Juni 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [711] ---

Ôngka 46-47, 13 Sura Taun Jimawal 1861, 11 Juni 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir sagantên ing Scheveningen

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênaning lare-lare ingkang sawêg sami bingah-bingah wontên ing pasisir sagantên Scheveningen nagari Walandi.

--- 712 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

1. Tuladha. Ing taun 1897 ing griya sakit militèr ing Batawi, kula mênangi lan nyipati saradhadhu Ambon, ingkang lumêbêt ing griya sakit, amargi sakit wêtêng ngolang-ngaling, tigang dintên tigang dalu botên sagêd ambêbucal, dipun urus-urusi, dipun pômpa, botên mitulungi. Kalih dintên kalih dalu dipun pulasara wontên ing griya sakit, lajêng ngajal. Sarêng mayit dipun bikak, kapanggih ing usus buntu lan ing èmbèl-èmbèlipun kêbak isi jambu kluthuk.

2. Tuladha. Ing taun 1922 garwanipun priyantun agêng gêrah padharan, badan bêntèr sampun sawatawis dintên, kula ingkang kapurih mriksa lan anjampèni. Timbangan bêntèr ing wanci enjing 38 langkung, sontên 39 langkung.

Padharan mulês, ambêbucal awis, angèl lan mêngkêlang, ing perangan padharan ngandhap sisih têngên dipun grayang kraos sakit, katawis mrongkol ragi atos sawatawis, agêngipun sami sawo manila ingkang agêng. Sanalika panggenan ingkang sakit mrongkol kula verband Prisnitz saha matur dhatêng rakanipun, gêrahipun ingkang rayi punika blinddedarm-onsteking prêlu kêdah ngaturi dhoktêr bêdhèl, kadospundi rêmbagipun. Sadèrèngipun andhatêngakên dhoktêr saking Sêmarang, putranipun mantu, dhoktêr ing Jawi Wetan dipun timbali mawi têlegram. Sasampunipun putra mantu dhatêng mriksa, matur gêrahipun ingkang ibu lêrês, blindedarm ontsteking saha sampun sarêmbag kalihan kula kêdah andhatêngakên dhoktêr Consul ingkang pintêr ambêdhèl. Dhoktêr Consul saking Sêmarang wau dhatêng, sasampunipun mriksa ingkang sakit, pratela lêrês cocog punapa pamanggih kula tuwin dhoktêr mantunipun wau, sasagêd-sagêd dintên punika utawi benjing-enjing ingkang sakit kêdah kaboyong dhatêng Juliana ziekenhuis ing Sêmarang. Wontên ing griya sakit ingkang sakit dipun pulasara, dipun komprès ès (ijskap), salêbêtipun gangsal dintên sampun saras wangsul dhatêng Kudus. Warganing priyantun wau sami bingah saha dados gêgujêngan, dene ingkang sakit namung dipun komprès ès kemawon kêdah dipun boyong dhatêng Sêmarang.

3. Tuladha. Ing taun 1923 ing Bandhung wontên Walandi amtênar pènsiunan sampun sêpuh sakit wêtêngipun, kapriksa dening dhoktêr lêngganan, ing wêtêng sisih têngên ngandhap kagrayang katawis mrongkol atos kraos sakit sakêdhik, dhoktêr nêtêpakên sêsakit punika blindedarm-ontsteking saha ngrêmbagi kêdah enggal dipun bêdhèl ing sadèrèngipun kasèp. Tuwan ingkang sakit rèhning sampun sêpuh botên purun dipun bêdhèl, nêdha jampi nglêbêt kemawon. Dhoktêr nêrangakên manawi jampi ingkang kaombe botên sagêd mitulungi, ingkang mitulungi saèstu punika dipun bêdhèl. Ingkang sakit [sa...]

--- 713 ---

[...kit] lajêng nêdha consul dhoktêr saking Batawi, ingkang misuwur kapintêranipun. Kalampahan dhoktêr ing Batawi wau wanci dalu dhatêng, sarampungipun mriksa ingkang sakit, pratela cocog kadosdene pamanggihipun dhoktêr ing Bandhung, prêlu sangêt dipun bêdhèl, mumpung dèrèng kasèp. Ingkang sakit mêksa botên purun dipun bêdhèl, malah nêdha consul malih dhoktêr Jawi Radèn Salèh, ing Bandhung ugi. Dhoktêr Salèh dhatêng, sarampungipun mriksa ingkang sakit, pratela inggih prayogi sêsakitipun dipun bêdhèl, nanging nêdha inah 24 jam, sasampunipun jampi saking piyambakipun dipun ombe. Enjingipun malih sasampunipun jampi wau kaombe, ingkang sakit lajêng ngêdalakên cacing pintên-pintên, wêtêng ingkang mrongkol atos ical saras. Dhoktêr no 1 dhatêng martuwi pinanggih ingkang sakit sampun anjênggèlèk lênggah ing kursi malês udut pipa oncowe. Dhoktêr ragi kagèt, pitakèn kadospundi dene sapunika sampun sagêd lênggah, punapa botên kraos sakit ing padharan. Ingkang sakit mangsuli kula sampun saras botên kraos punapa-punapa. Sasampunipun kula ngombe jampi saking Dhoktêr Salèh, malah kula ngêdalakên cacing pintên-pitên dasa.

4. Tuladha. Ing taun 1924 wulan Juli kula tampi telepun saking satunggiling tuwan administratir pabrik nêdha jampi kangge nyonyah ingkang sakit bêntèr, kula kintuni jampi puyêr bêntèr. Enjingipun malih tuwan administratir telepun, pratela manawi nyonyah dèrèng sakeca malah saya sangêt bêntèripun, saha pitakèn, punapa puyêr ingkang kula kintunakên punika botên kalintu puyêr sanès. Jawab kula botên sagêd kalintu, amagi jampi puyêr punika puyêr bêntèr. Kalih dintên malih kula kapurih dhatêng ing pabrik mriksa ingkang sakit wau.

Nyonyah pinanggih sakit bêntèr 39,4, ing wêtêng ingkang kraos sakit ing sisih têngên sangandhapipun manah, kaprênah tigang nyari ngandhap iga. Sasampunipun anggèn kula mriksa, tuwan administratir pitakèn kadospundi sêsakitipun nyonya, punapa ambêbayani saha sakit punapa. Jawab saking pamanggih kula, nyonyah gadhah sêsakit galsteen utawi galblaas ontsteking utawi wontên ingkang abuh ing ngriku. Manawi kalêrêsan, nyonyah kêdah dipun bêdhèl. Tuwan administratir gèdhèg-gèdhèg botên pitados, saha nêrangakên bilih nyonyah sakit makatên punika sampun asring lan sampun kapriksa dening dhoktêr-dhoktêr ing Surabaya lan ing Sêmarang. Nanging botên wontên dhoktêr ingkang mastani nyonyah gadhah sêsakit galsteen utawi abuh makatên. Kula matur, saking pamanggih kula makatên. Dene dhoktêr sanès, gadhah pamanggih botên cocog kalihan pamanggih kula, punika nyumanggakakên, sapunika prayoginipun ngaturi dhoktêr ahli kemawon kangge consul kadospundi mangke pamanggihipun. Tuwan administratir sagah andhatêngakên dhoktêr saking Sêmarang, nyonyah supados kapriksa. Wanci dalu jam 11 dhoktêr dhatêng mriksa ingkang sakit, sarampungipun nêrangakên manawi nyonyah gadhah sêsakit galsteen ingkang sampun ragi kasèp. Badhe kasambêtan.

--- 714 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Sura

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Yajid wau dipun wastani tiyang ingkang manggih dêdukaning Pangeran. Jalaran saking daya tuwin saking pambujuking kawulanipun, Yajid lajêng dados tiyang gumunggung tuwin gadhah cipta supados Sayidina Kasan têluk dhatêng piyambakipun. Yajid lajêng kintun sêrat dhatêng Sayidina Kasan, suraosipun makatên:

Sebaa lan mituruta, sira bakal ingsun dadèkake wong kang kuwasa ing Mêkah lan Madinah, lan ugi ingsun dadèkake wong kang sugih bangêt.

Wangsulanipun Sayidina Kasan: Calathumu iku ngamandaka bangêt, malah sira têluka. Coba pikirên kalawan êninging ati, panguwasamu iku saka sapa. Sira aja bangêt-bangêt ngarêpake mênyang kamulyan donya.

Wangsulan makatên wau saya mêwahi sêriking manahipun Yajid. Kajawi punika ugi taksih wontên malih ingkang anjalari sakiting manahipun Yajid.

Yajid lajêng kêtuwuhan manah kapengin ngrabi bojonipun Abdulah Ibnu Asubèr, kanthi nindakakên lampah cidra, akèn dhatêng Abdulah supados mêgat ingkang èstri, lan wusananipun Abdulah dipun apusi malih saha dipun kêjahi. Sasampunipun punika lajêng kengkenan Musa Ashari dhatêng panggenaning rabinipun Abdulah. Nanging Musa Ashari sadumuginipun Mêkah sowan Sayidina Kasan, ngaturakên punapa wigatosing lampahipun. Sayidina Kasan mêling, bilih bojonipun Abdulah wau botên panuju dhatêng Yajid, puruna dipun garwa piyambak.

Tiyang èstri wau milih Sayidina Kasan. Dene sawangsulipun Musa lajêng nyariyosakên kawontênan sadaya wau dhatêng Yajid. Yajid mirêng cariyos kados makatên punika, sakalangkung andadosakên nêpsunipun dhatêng Ashari tuwin Sayidina Kasan, lajêng dipun anggêp mêngsah. Yajid lajêng marak-marakakên, sintên ingkang sagêd nyedani Sayidina Kasan badhe kadadosakên pêpatihipun.

Para kawula ing Kupang sarêng mirêng pawartos kados makatên punika lajêng matur dhatêng Sayidina Kasan, supados sagêd nyandèkakên tindak panganiaya wau, Sayidina Kasan andhahar atur wau, lajêng bidhal dhatêng Kupang.

Yajid lajêng kengkenan gurunipun, supados nindakakên rekadaya ngracun Sayidina Kasan. Kalampahan, nalika Sayidina Kasan wontên ing margi, dipun suduk ing pêdhang mawa racun dening tiyang ingkang rewa-rewa wuta, kenging pupunipun, ngantos dangu anggèning ngupakara tatunipun. Sayidina Kasan lajêng wangsul dhatêng Madinah. Wontên ing Madinah wontên tiyang nama Marwan nyaraya dhatêng tiyang nama Jakdhah ngracun Sayidina Kasan, racun wau ingkang anjalari sedanipun Sayidina Kasan. Layonipun dipun sarèkakên wontên ing Janatulbakit utawi Bakik Olgharkat ing Madinah.

Ing salêbêtipun môngsa kasusahan punika, Sayidina [Sa...]

--- 715 ---

[...yidina] Kusèn dipun aturi tiyang dhatêng Kupang, nanging botên tindak piyambak, namung utusan nak dhèrèk nama Muslim Ibnu Okèl. Sadumuginipun Kupang, Muslim cariyos, bilih Sayidina Kusèn ugi badhe malês piawonipun Yajid. Ing taun 680 Sayidina Kusèn bidhal dhatêng Kupang.

Muslim tansah kasamaran ing manah, kuwatos manawi dipun pêjahi ing tiyang, lajêng andhêlik wontên ing griyanipun tiyang nama Hani.

Nalika Abdulah, pangagêng enggal ing Kupang dhatêng, andhawuhakên dhatêng Hani, supados Muslim kaladosakên, nanging Hani botên purun, satêmah Hani lajêng dipun sapu ngantos pêjah, Muslim ugi lajêng dipun pêjahi, anakipun kêkalih ngungsi dhatêng griyaning tiyang nama Haris, nanging tiyang kêkalih wau malah dipun pêjahi dening Haris.

Sayidina Kusèn mirêng bab makatên wau sakalangkung nalôngsa ing galih, saha lajêng wontên parentah malih saking Yajid, supados nyedani Sayidina Kusèn tuwin nêmpuh prajuritipun. Wadyanipun Yajid ngalêmpak wontên pinggiring lèpèn Phurat, wadyanipun Sayidina Kusèn wontên ing Mariah ugi nama Dhasbalakarbela. Wusana Sayidina Kusèn seda, ugi kathah kulawarga ingkang tiwas.

[Grafik]

Arak-arakan ing pulo Mauritius.

Kacariyos ingkang dipun kubur namung badanipun tiyang ingkang tiwas wontên ing paprangan, dene sirahipun sami kakintun dhatêng Ngêsam.

Nalika sirah-sirah sami kabêkta dhatêng Ngêsam, saking pakènipun Yajid, wontên putranipun Sayidina Kusèn nama Jenal Ngabidin amênggak, supados dipun kubur wontên Madinah kemawon. Kalampahan kabêkta wangsul dhatêng Karbela.

Ing bab kubur mustakanipun Sayidina Kusèn, cêcariyosanipun warni-warni, wontên ingkang cariyos wontên ing Madinah, wontên ingkang cariyos wontên ing Mêsir, dumunung ing masjid Al Husèn, ingkang misuwur dumugi sapunika.

Manawi miturut cariyos Pèrsi, mustakanipun Sayidina [Sa...]

--- 716 ---

[...yidina]

Kusèn wau kabêkta dhatêng Dhamsik, nanging wusananipun kabêkta wangsul dhatêng Karbela, inggih punika sasampunipun 40 dintên. Ingkang makatên punika anjalari wontêning pèngêtan sumarenipun Sayidina Kusèn wontên ing tanggal 20 Sapar. Ananging pangintên ingkang makatên wau botên mantuk,[1] awit pêpetanganipun botên cocog.

Dene ing bab cêcariyosan sangsaranipun Sayidina Kasan tuwin Kusèn, dipun pèngêti wontên ing tanggal 1 dumugi tanggal 10 Sura, kados ingkang tumindak sapunika, dèrèng manggih wêwatonipun ingkang gumathok.

Ingkang sampun kasumêrêpan, kala ing taun Hijrah 252 (= 964 Masèhi) Sultan Muis adhawuh dhatêng kawulanipun, supados abela sungkawa wontên ing dintên wau.

Nalika agami Siyah dados agami wontên ing nagari Pèrsi, pasamuwan Asura punika dipun mulyakakên sangêt, wiwit tanggal 1 dumugi tanggal 10 Sura, têtiyang Pèrsi sami nindakakên bela sungkawa, langkung malih kalêrêsipun dhawah tanggal 10. Ing dintên wau para sugih nindakakên driyah, sawarnining prêlu sanès dipun êndhakakên rumiyin. Ing panggenan umum, ing ara-ara utawi ing pêkên-pêkên dipun wontênakên sêsorah nyariyosakên Sayidina Kasan tuwin Kusèn, ingkang seda wontên ing paprangan wau. Têtiyang ingkang mirêngakên tansah ngucap: Kasan, Kusèn, wêkasanipun sami nangis, kanthi ngawon-awon Sayidina Ngumar. Dangu-dangu sêsorah wau dipun ewahi, dipun dadosakên tonil, têtiyang ingkang nyanggi waragadipun, gadhah panganggêp bilih pandamêlipun punika dados amal agêng. Kajawi punika ugi dipun wontênakên arak-arakan, wosipun ingkang dipun katingalakên ing ngriku bab sangsaranipun Sayidina Kusèn. Arak-arakan wau kadosdene lampahing prajurit ingkang badhe dhatêng paprangan, têtiyangipun ugi sami mangangge sandhangan pêrang jangkêp sadêdamêlipun. Kajawi punika ugi dipun kanthèni kapal jangkêp sakambilipun, mawi rinêngga-rêngga, nanging botên dipun tumpaki. Wontên ugi jolèn ingkang dipun isèni lare tilêman, dipun pindhakakên kados Sayidina Kusèn, ingkang dipun pikul dalah kônca-kancanipun. Lan malih wontên wêwangunan ingkang dipun pindhakakên kuburan, ingkang dêdamêlanipun èdipèni, sami dipun arak mawi têtabuhan tuwin rêrênggan warni-warni.

Bôngsa Pèrsi punika wontênipun ing tanah Indhu agêng dayanipun, bokmanawi jalaran saking kiyating dayanipun, andadosakên tumularing tatacara wau. Saking tanah Indhu lajêng lumunta dhatêng Sumatra pasisir kilèn, kabêkta saking kala jaman karajan Inggris nguwaosi Bangkahulu, kathah bôngsa Sêpèi ingkang dados saradhadhu Inggris manggèn ing ngriku, kala jaman samantên, tatacara kados makatên punika kêlimrah sangêt. Badhe kasambêtan.

--- 717 ---

Bab Ringgit

Sang Hyang Kanekaputra

Ingkang kacêtha wontên ing ringgit, Sang Hyang Kanekaputra punika, botên nate pisah kalihan Hyang Guru, upami caranipun ratu, kados pêpatihipun, dene limrahing akathah jêjuluk Sang Hyang Narada. Mênggah cêcariyosanipun:

Sang Hyang Kanekaputra punika putranipun Sang Hyang Caturkanaka, miyos saking Dèwi Laksmi, inggih punika ingkang musna kapundhut Sang Hyang Guru, minôngka lintunipun Dèwi Uma. Kacariyos Sang Hyang Caturkanaka, samuksaning garwa sakalangkung prihatos, namung katingalên garwa kemawon, nanging dangu-dangu inggih lajêng pinupus. Sang Hyang Caturkanaka kala kaputêkan panggalih, amanggih musthika ingkang dipun wastani lingga manik, lajêng dipun sukakakên dhatêng Sang Hyang Kanekaputra, tansah kagêgêm wontên ing asta kemawon. Sang Hyang Kanekaputra punika sakti linangkung, malah ingkang rama piyambak kasoran. Jalaran saking sêkti linangkung wau, Hyang Kanekaputra ngrumaosi tanpa tandhing, mila lumuh sowan Hyang Girinata.

Hyang Kanekaputra lajêng têtapa wontên ing sagantên, botên kêlêm lan botên têlês, musthika lingga manik tansah dipun gêgêm kemawon. Sarêng anggènipun tapa sampun sawatawis taun, lajêng katingal tejanipun ngantos sundhul ing kaswargan, ing ngriku adamêl gitaning para dewa, wêkasan Hyang Jagadnata lajêng utusan anuwèni. Lampahing para dewa ingkang sami dipun utus, sadumugining sagantên sumêrêp maharsi têtapa, lajêng ngaturi uninga dhatêng Hyang Girinata, bilih ingkang mawa teja wau tiyang têtapa. Hyang Jagadnata mirêng atur makatên wau lajêng dhêdhawuh dhatêng para dewa supados ngirit tiyang ingkang tapa wau, manawi lumuh kadhawuhan nyantosani. Lampahing para dewa sarêng dumugi panggenanipun Hyang Kanekaputra lajêng andhawuhakên kaparêngipun Hyang Girinata, ngantos rambah-rambah, nanging Hyang Kanekaputra botên ebah, ngeca-eca anggènipun pitêkur kemawon. Ing ngriku para dewa sami kabranang, lajêng sêsarêngan ngangkat Hyang Kanekaputra, badhe kabêkta dhatêng ngarsanipun Hyang Guru, nanging mingsêt kemawon botên. Hyang Kanekaputra lajêng dipun dhawahi dêdamêl têtêp tanpa mosik, wusana para dewa sadaya sami wangsul matur ing Hyang Guru bab cabaring lampah.

Hyang Jagadnata mirêng atur makatên wau sangêt ing dukanipun, [du...]

--- 718 ---

[...kanipun,] lajêng rawuh piyambak. Sadumugining panggenanipun sang tapa lajêng ngandika: he maharsi, apa mungguh sêdyanira atêtapa iku, awit saupama kapengin pinunjul, kasaktènira wus ngungkuli para dewa kabèh. Hyang Kanekaputra mêksa botên ngucap, lajêng dipun pangandikani Hyang Jagadnata malih: He maharsi, sanadyan sira ora prasaja, nanging ingsun wus ora kasamaran marang ciptanira kang durung kalair, sira iku duwe cipta pinangerana ing jagad, iku tangèh kalakone. Awit kang jumênêng pangeraning jagad iku mung ingsun. Sanadyan sira tapaa sêwu taun, ingsun tanpa tapa, mêksa durung bisa madhani ingsun.

Mirêng dhawuh pangandika makatên wau, Hyang Kanekaputra gumujêng mangsuli kathah-kathah, saha mastani manawi Hyang Guru dèrèng sapintêna kalêpasaning panggalihipun, lajêng dados bêbantahan kawruh, Hyang Guru kasoran, saha ngakêni kawonipun, pangandikanipun: kakang Kanekaputra, kala rumaos kirang putus dhatêng kawruh, kula kajatènana. Kakang kula paringi wêwênang ngêrèhakên para dewa. Hyang Kanekaputra lajêng andhèrèk punapa kaparêngipun Hyang Guru, Hyang Guru lajêng makahyangan, dipun dhèrèkakên Hyang Kanekaputra saha salajêngipun katêtêpakên dados sêsêpuh wontên ing kahyangan.

Mênggah wontênipun ing wêwayangan, Hyang Narada punika dewa ingkang kaduk mêncul, saparipolahipun namung sarwa sêmbrana, sarèhning dewa, punapa tindakipun wau inggih prayogi kemawon. Sadaya dhêdhawuhanipun Hyang Guru dhatêng titah, sadaya sami lumantar saking Hyang Narada, mila sawarnining kabêgjanipun titah dhumawahipun inggih jalaran saking Hyang Narada, nanging atas saking Hyang Guru.

Mirid lampahan ing padhalangan, Hyang Guru sabên pisah kalihan Hyang Narada apês, lan ing kahyangan manggih karisakan.

[Grafik]

Sang Mahatma Gandi (ingkang sisih kiwa kapara wingking) kalihan tiyang kathah sawêg sami mêndhêti sarêm ing pasisir sagantên Dhandhi.

--- 719 ---

Cariyos Kina

Satunggiling Kuburan Kina ingkang Kacariyos Wingit

Ing dhusun Kêblokan kalurahan Sêndhangijo kadhistrikan Selagiri, apdhèling Wanagiri, bawah Mangkunagaran nagari Surakarta, wontên satunggiling kuburan kina kacariyosakên langkung wingit tumrap umumipun têtiyang dhusun ngriku dumugi sakiwa-têngênipun ngantos sawatawis têbih têbanipun. Nanging wingit ingkang kadospundi tumrapipun sapunika kita sami dèrèng nate nyipati piyambak kalihan têtela mênggahing bab wingitipun wau, kajawi namung kêrêp kemawon mirêngakên dêdongenganipun tiyang-tiyang ingkang asli cikal bakal dhusun ngriku turun-tumurun, santun-santun tiyang ngantos dumugi sapriki criyosanipun sami kemawon lan inggih kathah mèmpêripun, têgêsipun botên namung cacriyosan lalawora sarta andupara, ingkang ing mangke badhe kacariyos ngandhap.

Kuburan wau namung satunggal thil, botên wontên tunggilipun, manggèn ing kikis sajawining dhusun Kêblokan cêlak bênawi, inggih punika uruting bênawi Sala, ingkang saantawising Wanagiri kalihan Panambangan. Mênggah wujuding kuburan kacungkup parabot kajêng mawi banon, nanging sampun katingal risak saking lami, namung maesanipun kalih pisan kajêng jati sami ingukir awig sarta katingal taksih wêtah sae kadosdene tigas, minôngka kangge têtêngêr maesanipun layon putri. Kiwa têngêning cungkup botên têbih wontên cukulanipun dêling ori alit kêlang kalih lonjor, inggilipun sami, nanging katingalipun sampun garing pêthak saking kawak, botên mêdal godhong tuwin carangipun, kajawi namung angkup calumpring ingkang tabêtipun wontên. Papaning kuburan wau pinagêran bêthèk mubêng, ngantos sawatawis mètêr têbihipun kalihan margining tiyang langkung ngriku padintênan.

Satunggal-satunggaling panggenan ingkang dados pèngêtaning cacriyosan, ing ngriku prêlu kapratelakakên namanipun, inggih punika uruting bênawi saking nginggil: Wanagiri, ngandhapipun lajêng dhusun Cêngkirlêgi, ngandhapipun malih lajêng Kêdhung Matênglayon, nuntên pasarean ing dhusun Kêblokan wau. Mangandhap malih dhusun Panambangan (sabrangan saking Sala dhatêng Wanagiri).

Wondene dêdongenganipun bab kawontênan pasarean wau, namung kapêndhêt wosing prêlu kemawon kados ing ngandhap punika:

Ingkang sumare ngriku, punika satunggiling putri garwa ampeyanipun Sinuhun Mangkurat Mas ing nagari Kartasura asma Bandara Radèn Ayu Murmaningsih, taksih têrahing kusuma têdhaking martapa. Nalika badhe bidhaling lolosipun ingkang sinuhun, saking Kartasura dhatêng Panaraga (sampun kacariyos ing sêrat babad), dumadakan sang putri apasulayan rêmbag kalihan ingkang sinuhun, prakawis putranipun dèrèng kajumênêngakên pangeran…, [pange...]

--- 720 ---

[...ran…,] bab wau sangêt andadosakên wantêring dêdukanipun sang nata dhatêng sang putri, wimbuh kasêsêg badhe bidhaling lolos, têmahan abèncèng karsa, mila wiwit bidhal saking kadhaton samargi-margi sang putri tansah namung runtik ing galih, beda kalihan para putri tuwin ampeyan ingkang kathah-kathah, malah lolosipun sang prabu wau ing pangraos kaanggêp kadosdene têdhak cangkrama, para putri ing sêmu kawistara tansah anggènipun ambangun suka rênaning galih mirsani kawontênan samargi-margi, amung Radèn Ayu Murmaningsih wau piyambak ingkang tansah arawat luh saya sangêt sêngkêling galih.

Lampahipun saking Kartasura miyos Lawiyan, anjog ing Sala mangidul anglangkungi sabrangan bênawi Bacêm, sarêng dumugi sabrangan bênawi Panambangan kasêbut nginggil, sang putri nyuwun pamit botên sagêd anglajêngakên pandhèrèkipun, badhe kèndêl ing dhusun Panambangan, amargi saliranipun karaos gêrah. Midhangêt paturanipun sang putri wau, babarpisan botên kalêbêt panggalihipun sang nata, eca anglajêngakên tindakipun sawadyabala langkêp sakapraboning karajan dalah para putri kêbut andhèrèk, garwa ampeyan sadaya wontên 42 sanèsipun badhaya, srimpi, manggung, kêtanggung, tuwin sapanunggilanipun. Amung Radèn Ayu Murmaningsih piyambak kanthi abdi dalêm èstri satunggal kalih ingkang saèstu kantun wontên ing bênawi Panambangan rêrêm ing baita, nanging awit saking dahat sêngkêling galih, mila gêrahipun mindhak dintên mindhak anglayung.

Tindakipun sang nata sawadyabala dumugi ing Wanagiri nuntên mangetan anglangkungi sabrangan bênawi anjog ing Gêduwang. Dene karaton Kartasura sampun lajêng kaêjegan Sinuhun Pugêr, ingkang jumênêng nata enggal saking Sêmarang, ugi sampun kacariyos ing sêrat babad, sapunika mangsuli cariyosipun bab kuburan wingit, nalika sang putri (Radèn Ayu Murmaningsih) wontên salêbêting baita bênawi Panambangan, juru pambêlahipun ingkang satunggal bêktan saking Kartasura, anama Ki Dhampuawang. Sang putri dhawuh dhatêng pambêlah supados baitanipun kalampahakên mudhik, dumugi ing pasabrangan Wanagiri gêrahipun sang putri saya wêwah santêr. Saking ngriku sang putri dhawuh dhatêng pambêlah supados kawangsulakên milir. Ing wanci lingsir kilèn toyaning bênawi andadak umrik saya agêng lan santêr, wontên sacêlaking padhêkahan pinggir bênawi sang putri mundhut toya kangke[2] ngunjuk nanging pados dhatêng padhêkahan wau botên angsal, wontênipun amung cêngkir, toyaning cêngkir kaunjuk sang putri, dipun ngêndikakakên bilih raosipun sakalangkung lêgi anglêg. Inggih nalika jaman samantên sakawitipun padhukuhan ngriku lajêng nama dhusun Cêngkirlêgi kasêbut ngajêng dumugi sapriki. Sartanipun malih sadaya wit kalapa ngriku ingkang wijinipun run-tumurun cikal saking jaman samantên, ngantos dumugi sapriki toyaning cêngkiripun taksih lêstantun araos lêgi, ingkang botên araos lêgi nandhakakên yèn dede cikal turunan tanêman ngriku. Sasampuning ngunjuk toya cêngkir wau, gêrahipun sang putri sangsaya santêr, bêbasan namung kantun kêkêtêg, [kêkê...]

--- 721 ---

[...têg,] tumuntên aparing dhawuh dhatêng juru pambêlah makatên: he, Dhampuawang, samôngsa-môngsa aku tinêkakake janji pinundhut marang kang Kuwasa ana sajrone prau kene, poma: mayitku pêtakên ngêndi andhêge prau kiyi, dadi cêkake prau iki aja pisan ko êndhêgake yèn ora mandhêg saka karêpe prau dhewe. Aturipun juru pambêlah sandika, baita taksih lêstantun malampah milir winêlahan dening pambêlah. Sakêdhap lajêng dumugi panggenan kêdhung, toya mindhak agêng lan santêripun, Ki Dhampuawang cikat anyandhak satang prêlu kangge nyarèhakên lampahing baita rèhning toya bênawi saya wêwah agêng lan santêr kadosdene suwadosipun. Wusana sakala ngriku sang putri lajêng seda, para pandhèrèkipun sami nangisi. Palwa lêstantun kalampahakên milir angèstokakên dhawuh. Dene kêdhung wau lajêng nama kêdhung Matanglayon katêlah dumugi sapriki. Dèrèng sapintêna têbihipun kalihan dununging kêdhung, dumadakan baita kêsêntor santêring toya, natap padhas ing pinggir sisih kidul. Rosaning panatap sinêrang santêring toya, baita kapalêsat kados dipun uncalakên dhawah sapinggiring bênawi, layon dalah tiyang sabaita ngriku wilujêng. Enggaling cariyos layon kasarèkakên ing padhêkahan ngriku, baita dalah satangipun dêling kalih pisan katilar sacêlaking pasarean kangge têtêngêr, nanging baita sapunika sampun sirna risak saking lami, namung satangipun sapriki taksih, inggih punika ingkang katingal wujud thukulan dêling ori kalih lonjor tumancêp sakiwa têngêning pasarean kasêbut ngajêng.

Wontênipun pasarean wau lajêng dipun anggêp wingit, sakawit wontên salah satunggiling tiyang turunipun sêsêpuhing dhusun Kêblokan ngriku, ing wanci dalu nuju malêm Jumuwah, sumêdya nêpi andêdagan ing pasarean… wusana sarêng sampun dumugi ing pasarean, tiyang wau bingung sarta lajêng kasasar, tilêm wontên sandhing dhapuran dêling ragi sawatawis têbih kalihan dununging pasarean, ngantos sampun wanci byar enjing sawêg kasumêrêpan tiyang, kêsuwuripun têtiyang padhusunan ngriku kacariyosakên: tiyang nêpi ing pasarean tilêm dipun êlih dhatêng… dening ingkang sumare. Wusana lajêng kaanggêp pakuburan utawi pasarean dhusun Kêblokan sangêt wingit, ngantos kalantur dumugi sapriki botên wontên tiyang ingkang wani nyêlak dhatêng panggenan pasarean. Namung dumugi samantên dêdongenganipun pasarean ing dhusun Kêblokan wau. Lêrês lêpatipun kula nyumanggakakên saha nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585.

--- 722 ---

Jagading Wanita

Sêkar Pisang

Bobotipun barang rèmèh, sêkar pisang (tuntut) punika kathah tiyang ingkang sami karêm, katêdha, malah asring dados idham-idhaman, inggih punika kadamêl rêrangkèning lêlawuhan nêdha utawi namung dipun gadho kemawon, sarana dipun ratêngi (kaolah) rumiyin. Nanging sawênèh inggih wontên ugi ingkang karsa ngrujak mêntah-mêntahan, kapêndhêt ingkang bagian nglêbêt pisan, inggih punika ingkang awarni pêthak mêmplak, tanpa sêmburat abrit. Samantên punika ngêmungakên tuntuting pisang kluthuk tuwin gajih.

Tumraping tuntut pisang kluthuk sarta gajih, punika langkung gampil sangêt mênggahing pangolahipun, beda kalihan tuntut pisang sanès-sanèsipun ingkang anggadhahi raos sêpêt, inggih punika janji sampun dipun kalokopi kulitipun ingkang sêpuh (wulêd) lajêng kenging têrus karatêngan, punapa kakukus punapa kagodhog, yèn sampun tanak kairis-iris, dipun krawu mawi parudan kalapa, kabumbonan kados bumbu pêcêl utawi namung kalethokakên sambêl kêmiri, punika inggih tansah mathuk kemawon, raosipun eca. Dene manawi ngarsakakên anggudhêg, tuntut kalih warni sasampuning kinalokopan kulitipun ingkang awarni abrit (wulêd) wau, enggal kacacah-cacaha kados sacaraning nacah tèwèl badhe kagudhêg, wontêna tuntut tiga sakawan utawi langkung, punika kakumbah rêsik, lajêng kacêmplungna ing pinggan ingkang sampun wontên toyanipun umob molak-malik, ing ngriku kaêmoran balungan ulam ayam utawi daging lêmbu, kabumbonan bumbu gudhêg limrah, nanging salam laos sarta panyolokipun gêndhis sampun ngantos kasupèn, awit punika ingkang anjalari dados sêdhêp.

Sapunika ngrêmbag jinising tuntut pisang ingkang anggadhahi raos sêpêt, kados ta pisan salah rasa, bakar, raja tuwin sapanunggilanipun, punika pangolahipun kêdah sarana dipun rekadaya rumiyin, supados ical sêpêtipun, pratikêlipun makatên:

Tuntut sasampuning kinalokopan kados ing ngajêng, inggih cinacah-cacah, kagodhog mawi gêndhis sakêdhik, yèn sampun umob molak-malik, toya kabucal, kagodhog malih wongsal-wangsul, ngantos toya godhogan wau awarni bêning, mratandhani bilih sampun sirna talutuhipun, punapadene yèn dipun icipi botên mawi tungtung sêpêt, ing ngriku lajêng dipun pêrêsi, kaolah kangge jangan sakêparêngipun kenging kemawon, lowung minôngka tambêl bêtah jêjanganan tumrap ing padhusunan.

Wontên malih ingkang cariyos, sadèrènging tuntut kagodhog wongsal-wangsul wau, kêdah kabuntêl mawi godhong pisang lajêng kabênêm ing balubukan latu, samatêngipun inggih lajêng kaolah kados andharan kula ingkang kaping kalih wau. Kajawi saking pisang-pisang [pisang-...]

--- 723 ---

[...pisang] ingkang kêlimrah katanêm dening tiyang, wontên malih sawênèhing pisang ingkang langkung eca raosing tuntutipun, malah dumugi arèsipun pisan kenging katêdha kangge janganan, inggih punika pisang cici, nanging limrahipun pisang cici punika tuwuh ing wana, mila sanèsipun tiyang parêdèn kados lôngka nate ngêcakakên.

Wondene manawi miturut ujar gugon tuhon: tiyang neneman, apangkat priyantun, langkung-langkung tumrap para wanodya anggarbini, punika sami ingawisan nêdha tuntut pisang, nadyan pisang punapa kemawon, cariyosipun murugakên ngalitakên manah, nyudakakên darajad utawi pangkatipun, punapadene sagêd ambajangakên bêbayi ingkang kinandhut. Awit kapirid saking wêwujudaning tuntut pisang punika saya dangu botên saya agêng, nanging saya dados alit, punika minôngka ngibaratipun. Ewadene bab ingkang kados makatên wau sadaya, lêrês lêpatipun namung kasumanggakakên para maos.

Botên langkung manawi wontên ingkang kagungan sêsêrêpan malih, bab pigunaning tuntut pisang dalah pamulasaranipun, mugi kaparênga ambèbèr ing ngriki, awit inggih lêrês punika nama bab rèmèh, nanging kados botên wontên awonipun, jêr limrah karan têtêdhan, tinimbang dipun bucali pating glethak, eman-eman.

Juwariyah. Tumpang - Malang.

Raos Jawi

Sang Hyang Bathara Guru

Anyambêti cariyos katranganipun Bathara Guru, Kajawèn ôngka 36-39, ingkang mêdal kala tanggal kaping 3-14 Mèi 1930, samangke ngêwrat malih cacriyosan Bathara Guru, gathukipun kalihan kawruh kaalusan Jawi. Kados ing ngandhap punika:

Miturut cariyos ing padhalangan, Bathara Guru punika ratuning para dewa, inggih jumênêng ratuning jagad, pramila ugi ajêjuluk Sang Hyang Jagad Girinata. Akadhaton wontên ing kaswargan ingkang kawastanan: Guruloka, utawi Jonggringsalaka.

Sang Hyang Bathara Guru wau putranipun Sang Hyang Tunggal, nalika miyosipun saking guwa garbaning ibu (Dèwi Rêkathawati) awarni antiga, dene ingkang ambabarakên awjud manusa, ingkang eyang piyambak Sang Hyang Wênang, inggih punika ingkang rama Sang Hyang Tunggal wau.

Sang Hyang Bathara Guru lajêng kadadosakên wayahipun Sang Hyang Wênang, kawênangakên dados ratuning jagad, kinuwasakakên damêl swarga lan naraka dalah saisinipun, cêkakipun sadaya wêwênang lan pangawasanipun Sang Hyang Wênang kapasrahakên dhatêng Bathara Guru, namung satunggal ingkang dipun walêri: botên kenging ajêjuluk Sang Hyang Wênang.

Wontênipun ing pawayangan, Sang Hyang Bathara Guru astanipun sakawan, nitih lêmbu Andini. Punika [Puni...]

--- 724 ---

[...ka] bilih dipun gathukakên kalihan kawruh kabatosan, nyatanipun makatên:

Bathara Guru punika angên-angêning manungsa, asta sakawan punika palawangan sakawan, mênggah wujudipun: 1. pandulu, 2. pamiyarsa, 3. panggônda tuwin 4. pangucap. Inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: pôncaindriya, gangsalipun inggih kalihan sang angên-angên wau.

Dene lêmbu Andini, punika dados pasêmoning èstri, awit kacariyos lêmbu Andini wau lêmbu èstri. Pikajêngipun: ênggèning kanikmatan. Awit angên-angên punika niyatipun namung badhe sênêng-sênêng kemawon, botên purun ngraosakên susah lan sakit.

Pramila Sang Hyang Bathara Guru akadhaton wontên ing sawarga Jonggringsalaka, punika têrangipun makatên: sawarga, têgêsipun: saawaka (nunggil kalihan badan), jonggring; jinggring = dhuwur, salaka = pêthak, suci.

Dados pikajêngipun panggenan utawi dunungipun Bathara Guru punika: ing badan sisih nginggil ingkang suci. Inggih punika ing utêk, cara kapujangganipun dipun kawèkakên: cupu manik indradi. Têgêsipun: dhawah musthika ratuning èdi.

Sang Hyang Bathara Guru kuwasa damêl barang ingkang elok-elok, ingkang wadhag, alus tanpa pirantos, namung kalihan cipta sagêd dados sanalika. Punika nyatanipun: barang punika ingkang botên kagayuh dening angên-angên, angên-angên kuwasa dêdamêlan ingkang tanpa pirantos, sanadyan damêla surya kêmbar sèwu, inggih sagêd, tur namung sakêdhap netra sampun dados, lan sapiturutipun.

Miturut asal usul kasêbut ing ngajêng, bilih Sang Guru punika putranipun Sang Hyang Tunggal, wayahipun Sang Hyang Wênang, punika sajatosipun dados pasêmoning tiyang sêmadi. Pikajêngipun tiyang ngêningakên pôncaindriya punika sagêda nunggil kalihan ingkang winênang. Mila lampahing para maharsi punika pêngpênganipun sêmadi, sabab sêmadi punika manawi sampun katarimah bêbasan: kang sinêdya ana, kang cinipta dadi. Manusa ingkang sampun sagêd makatên wau têmên-têmên sampun asarira Bathara Guru utawi Gurumurti.

Kadospundi murih sagêdipun manusa dumugi tataraning sêsêbutan ingkang samantên wau. Saupami margia mêdal ing pundi.

Wêwarahipun para linangkung ing jaman kina ingkang runtut turun-tumurun dipun wasiyatakên dhatêng para ahli, lampahipun bab punika kêdah mêdal margi wani mati.

Wani mati ing ngriki pikajêngipun: wani matèni: pôncaindriyanipun, inggih namung lampah makatên punika ingkang sagêd dumugi drajad: Gurumurti. Mênggah dhêdhasar ingkang dados carakanipun, manusa kêdah nucèni palawanganipun sakawan wau:

1. anucèni paningal (mripat) inggih punika kêdah botên aningali satunggil-tunggiling wujud, ingkang narik dhatêng grêgêt kasêngsêming manah.

2. anucèni pamirêng (karna) inggih punika kêdah nyirik mirêngakên sakathahing swara ingkang aggêgèndèng dhatêng kèluning manah.

3. anucèni panggônda (grana) inggih punika kêdah botên angambêt sadhengah gônda ingkang andadosakên kumênyuting manah.

4. anucèni lesan (pangucap) inggih punika

--- 725 ---

kêdah botên kenging ngandika sapurun-purunipun, ingkang lekoh, ingkang saru, lan ingkang adamêl sak-sêriking liyan, punapa malih ingkang lajêng anuwuhakên kamurkan sapiturutipun.

Kumêluning kukusipun dupa kajêng garu tuwin kajêng candhana, wangining lisah jêbad kasturi, punika tumrap pisungsung dhatêng Sang Hyang Guru, têbih botên sami, bilih katimbang kalihan pisungsung sakawan lampah wau. Lampah sakawan punika manawi tansah dipun lêgutakakên sabên dintên, prasasat manusa sabên dintên anyadhiyani dhaharipun Sang Bathara Guru, makatên wau saupami Sang Guru punika adhahara. Manawi Sang Guru ratu ingkang linangkung kinawasa, lampah sakawan punika dados dhampar palênggahanipun, makatên salajêngipun.

Ing ngajêng sampun kula cariyosakên bilih lampah sakawan wau namung dados dhêdhasar, dèrèng sagêd andungkap dhatêng kêkajêngan: ingkang sinêdya ana…, lan salajêngipun wau. Dados sanadyan sampun sagêd nindakakên sabên dintên, nanging mêksa dèrèng sagêd asarira Guru. Dene sagêdipun dados awak-awaking Sang Guru, manusa kêdah nglampahi:

1. têmên
2. rila
3. mantêp

Pikajêngipun: têmên, kêncêng utawi mêlêng sêdyanipun.

Pikajêngipun: rila, tanpa was sumêlang.

Pikajêngipun: mantêp, botên gadhah rangu-rangu.

Cêkakipun sintên ingkang sumêdya anggayuh drajat wau kêdah suci lair batin, kanthi kêncênging manah, tanpa gadhah kuwatos lan ical rangu-ranguning manah.

Mênggah kalampahanipun, manusa kêdah wani nyetrakakên badanipun, têgêsipun kêdah ngijèn manggèn piyambak wontên ing papan ing pundi kemawon ingkang sêpi, sukur panggenan ingkang limrahipun kawastanan suci, kados ta: ing ara-ara, ing guwa, ing gisikan, lan sasaminipun.

Manawi lampah nyetra wau sampun dipun lampahi, lajêng kêdah sagêd pangrakitipun, inggih punika tatacaranipun tiyang asêmadi.

Wêwarahipun para ahlul sêmadi: sasampunipun angênêngakên badan, lajêng wiwit anutupi babahan hawa sanga, angracut pôncaindriya, mandêng pucuking grana, angèn panjing wêdaling napas, sabab napas punika pirantos ingkang alus piyambak, utawi dipun wastani talining gêsang.

Ing salêbêtipun patrap makatên wau sampun ngantos gadhah cipta sanès, muhung pasrah lan analôngsa dhatêng ingkang Murbèng Gêsang. Manawi sampun angsal sawatawis saha sampun botên raos rumaos, kêdah saya langkung prayitna, jalaran sisip sêmbiripun lajêng batal ingkang sinêdya, inggih punika rahing manusa ingkang ngubêngi saranduning raga nglêmpak dhatêng kawahipun utawi ing jêjantung.

Dumugi samantên kula sigêg. Ingkang nyêrat nyuwun gênging samodra pangaksama dhatêng para sadhèrèk sadaya. Botên langkung kula tansah amêmuji: rahayua sagung dumadi.

Atur salam pun Wa.

--- 726 ---

Pambikakipun Tôndha Pangèngêt-èngêt, Juliana van Stolberg (1506-1580).

[Grafik]

Nalika Putri Yulianah ambikak tutuping pangèngêt-èngêt.

Para maos bokmanawi kathah ingkang dèrèng uninga dhatêng andharaning cariyos punika, awit caryos ing nagari Walandi, nanging kados ugi wontên prêlunipun dipun êwrat ing Kajawèn ngriki, kenging kangge mêwahi sêsêrêpan.

Kala ing tanggal 23 April kapêngkêr, ing nagari Walandi wontên pasamuwan agêng-agêngan, prêlu ambikak tôndha pangèngêt-èngêt Juliana van Stolberg wontên ing Den Haag, dipun jênêngi ing Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri, Sang Putri Yulianah, [Yulia...]

--- 727 ---

[...nah,] kangjêng ratu ibu tuwin pangagêng sanès-sanèsipun. Mênggah cêkakaning cêcariyosan lêlabêtanipun ingkang dipun pèngêti wau, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Para agung nalika mriksani pambikakipun.

Putri Juliana van Stolberg punika ingkang ibu Willem van Oranje, ingkang jumênêng pangasta pusara praja sakawit, nalika nagari Walandi uwal saking panguwaos karajan Sêpanyol, inggih punika ingkang nêrahakên Kangjêng Sri Maharaja Putri.

Putri Juliana van Stolberg punika sawênèhing wanita ingkang agêng sangêt lêlabêtanipun, sanadyan panjênênganipun botên ngatingalakên sariranipun tumrap kamardikaning praja saking gênggêmaning mêngsah bôngsa Sêpanyol, nanging botên kêndhat tansah tumindak ing damêl yêktosan, salaminipun tansah sumandhing dados baunipun ingkang raka, inggih ing bab punapa kemawon, mila dipun trêsnani ing kawulanipun.

Salêbêting putranipun wontên ing paprangan, tanpa kêndhat tansah paring sêrat, ingkang suraosipun paring pêpèngêt. Supados kagungan tindak rahayu. Ing kalanipun putra wau sowan, ing môngsa nêngahi pêpêrangan, dipun têtangi ing galih, murih botên uwas dhatêng kaprawiraning mêngsah agêng. Wusana tindakipun sang putri sadaya wau sagêd kadumugèn, anjalari mardikaning praja Walandi.

--- 728 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

XII. Sang pangeran kêcêkêl.

[Dhandhanggula]

kacarita kangjêng pangran pati / kang mung kurang sasiliring bawang / kêris kari blêse bae / kono nuli ditubruk / ing wong wedok saka ing buri / anjêlèh bangêt nyêngka / dhuh anakku Subur / lah thole kowe elinga / ora ilok kowe wani mênyang gusti / elinga aku sapa //

Subur kagèt lan nyawang mêcicil / wêruh cêtha yèn biyung sing misah / kêris grèwèl tiba dhewe / nuli angrangkul biyung / karo sambat kamoran tangis / aku ora angira / jêbul kowe biyung / awit mungguhing pangira / mokal bangêt yèn kowe isiha urip / apês mêsthi sangsara //

kaanan sing wis tak sumurupi / nganti bisa nuwuhke gagasan / yèn kowe mêsthi matine / omah wis dadi awu / wong sadesa wis lunga gusis / sapa gêlêm ngukupa / mênyang ing awakmu / ngatase wong ora pakra / mokal bangêt anaa sing doyan sudi / wis mêsthi mung diina //

mula kowe kôndhaa saiki / jalarane andhèrèk pangeran / bokne nuli kôndha ngene / wis ta linggiha Subur / angadhêpa nyang kangjêng gusti / mêngko aku tak kôndha / sing dawa agalur / kangjêng pangeran mung nyawang / karo lênggah dhêlêg-dhêlêg ora ngrêti / nyang rêmbug sing dikôndha //

êmbok dhukun nuli amiwiti / dhèk samana desa Karangrêja / diambah pakewuh gêdhe / uwonge padha mlayu / aku êmung katut kêkinthil / tangis ora karuan / kana-kene murub / uwakmu Singadikrama / saka abot sêdyane arêp ngukuhi / nyang bôndha pirang-pirang //

nanging malah anêmu bilai / wêkasane mati kasangsara / dicacah-cacah mayite / ngêndhêlong Jaka Subur / bangêt krasa jêroning ati / rumasa kêpotangan / durung bisa nyaur / Subur nuli alon kôndha / puluh-puluh kuwi jênêng uwis pêsthi / umure ora dawa //

katujune biyung kowe isih / saupama kowe ora ana / pangeran mêsthi sedane / bokne nuli calathu / karo ngingsêr Subur le linggih / diadhêpke pangeran / wis ta kowe Subur / ayo nuli ngabêktia / biyèn mula pancèn iya uwis gusti / saiki ora beda //

kangjêng gusti ngandika nyêlani / biyung bocah lanang iku sapa / pancèn kêndêl salawase / dhisike nglawan aku / aku nganti kaplayu iki / lan sing natoni tangan / iya bocah iku / nuli matur lon-alonan / yêktosipun inggih anak kula gusti / mugi pun apuntêna //

sanalika Subur êmèh lali / ngrasa luluh atine sing tatag / nanging banjur matur ngene / sampun lêrês pun biyung / kula kêdah ajrih ing gusti / nanging kauningana / sapunikanipun / kula nuju kasampiran / panguwaos ingkang kêdah kula pundhi / lan têtêp tanpa ewah //

--- 729 ---

yèn ngantosa kula kengguh gusti / lajêng sae iba loking kathah / kula pun wastani lare / lan malih jêng sinuhun / ing panggalih tamtu ngèsêmi / ngapêsakên kawula / kang makatên wau / kawula kêdah santosa / botên kenging kengguh dening pamrayogi / kang saking mêngsah kula //

mila mangke kaparênga gusti / badhe kula dhèrèkakên sowan / ngagêm awêr-awêr cindhe / ing kono êmbok dhukun / acalathu kaya anjêrit / Subur kowe elinga / nyang panggawe luput / jênêng dudu sêsêmbranan / dene kowe kumawani mênyang gusti / koanggêp padha-padha //

ngèlingana yèn turunan cilik / kudu wêruh nyang bênêring tata / tindakmu sing ngono kuwe / yèn ta kabacut-bacut / ora bêcik ing têmbe buri / jênêng kaya bêbasan / mêndhêm kêling iku / sanadyan têtaunana / ora wurung ing têmbe mêsthi nukuli / jênêng ora prayoga //

Subur alon anggone mangsuli / bênêr biyung gonmu kôndha cêtha / nanging ya ana lupute / awit mungguhing aku / mung nêtêpi tumindak wajib / dadi kangjêng pangeran / ya têtêp mungsuhku / dene mungguhing pangrasa / ora niyat aku andhêdhêra sêrik / lan agawe piala //

jêng pangeran ngalêm ing panggalih / dene Subur ketok bangêt tatag / patut dadi pyayi gêdhe / nanging mungguhing sêmu / ketok rada kêladuk wani / duga-dugane kurang / nanging apa luput / awit sanadyan pangeran / yèn nyatane luput apa iya bêcik / kudu kon ambandara //

lan nyatane mungguh Subur kuwi / ora ana uwong bisa nacad / ngarani luput tindake / malah agawe gumun / dene uwong êmung siji thil / kalêbu ing kalangan / kuwasaning mungsuh / upamane digêcêka / mêsthi ajur ingatase mung wong siji / môngsa bakal uripa //

nanging wong yèn kabênêran kuwi / ora kêna yèn dikira-kira / mungguh bab kaslamêtane / malah yèn uwong niru / durung mêsthi nêmoni bêcik / ing crita ora kurang / wong nêmoni luput / jalaran nêdya nênulad / kabêgjaning uwong kang kabênêr mintir / malah nêmu cilaka //

kacarita jêng pangeran pati / ing panggalih êmung raos rêna / nuli tindak didhèrèkke / anitih jaran dhawuk / Subur nunggang jaran nèng buri / ora pisan katara / yèn anyêkêl mungsuh / kabèhe uwong diprentah / êmung nurut nuli ambudhalke baris / anggrubyug sang pangeran //

dene bokne dikon nunggang joli / ing lakune cêdhak sang pangeran / kaya putri boyongane / bok rôndha ana tandhu / taksih nginjên anak lan gusti / malah ing sabrebetan / mèh kaya sadulur / ajaa asli wong desa / uwis patut Subur cêdhak kadi kanthi / awit mèmpêr santana //

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika bôngsa Arab, ing pamulangan Al Irsjad ing Indhonesiah, ingkang sami anglajêngakên pasinaonipun dhatêng sêkolahan inggil ing Mêsir.

--- 730 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

Garèng: Truk, Truk, ki kok gumun bangêt, ing jaman saiki kiyi têka pirang-pirang têtên têmbung-têmbung sing pungkasane nganggo: si, si. Lo, dudu têmbung-têmbung: trasi, sisi, utawa pulisi upamane, kiyi sabên uwong wis mêsthi ngrêti, nanging kaya ta têmbung: kopêrasi, kuwi sabên-sabên aku krungu, ing kutha anu, ing dhistrik anu, wong-wonge padha ngêdêgake kumpulan kopêrasi, lo, kiyi jane mono bêkakas apa. Apa kowe ngrêti, Truk, nèk ngrêti, mara jajal têrangna nyang raka para kiyi. Kiraku kumpulan kopêrasi kuwi nyênêngake bangêt, tandhane kok akèh wong sing padha ngêdêgake kumpulan mau, nèk-nèke bae padha karo kumpulan dhangsi-dhangsi kae.

Petruk: Wiyah, iya mêsthi beda bangêt. Kumpulan dhangsi-dhangsi kuwi rak kumpulane bôngsa kulonan sing nganggo mêncolot sarta ditabuhi: tojing, tojing, ngono kae. Mungguh kopêrasi sathithik-sathithik aku iya ngrêti. Apa ngilang-ngilangake anggone duwe sadulur dadi ajung sêpèktur ana ing Credietwezen. Amrih gamblange saiki tak têrangake dhisik têgêse têmbung kopêrasi, yaiku: nyambut gawe bêbarêngan, utawa nyambut gawe kanthi rukun lan guyub.

Garèng: Dadi nèk mêngkono ngêdêgake kopêrasi kuwi kêna diarani andilat idu sing wis dikêcohake, awit tumrape bôngsa Jawa wiwit kuna makuna cara nyambut gawe bêbarêngan utawa nyambut gawe kanthi rukun lan guyub, kuwi wis ditindakake, kaya ta: yèn arêp anggarap sawah, tandur, panèn, ngêdêgake omah lan sapiturute, kuwi ora prêlu ngêtokake pethelan, kônca-kancane mêsthi banjur grudug padha rêrewang, ya iku sing diarani: tulung-tinulung sambatan. Ing desa-desa kaya ngono kuwi isih kaprah tumindak. Rak mung ing kutha bae, arêp apa-apa kudu ngêtokake dhuwit, tur anggone narima ui[3] ya kudu nganggo: ngêmas-êmas. Apa manèh ana ing kutha sing gêdhe, ing Batawi upamane, dalasan arêp nyêmbahyangi jinajah bae, kudu ngêtokake dhuwit saripis.

Petruk: Lo, kok banjur ngala-ala wong-wong sing dêdunung ana ing kutha. Kowe rak wêruh [wê...]

--- 731 ---

[...ruh] dhewe, kabutuhane wong manggon ana ing kutha kuwi luwih akèh, lan carane golèk panguripan iya luwih rêkasa bangêt, mulane yèn wêktune ora dipigunakake têmênan, iya sida kalakon kêndhile tansah mêngkurêb bae. Wis, wis, kok banjur slewengan sing dirêmbug. Tak ambalèni andharanaku ing bab kopêrasi mau. Kowe kaliru, Rèng, yèn anduwèni pangira: tulung-tinulung sambatan kuwi padha karêpe karo kopêrasi, bênêr loro-lorone ngandhut karêp: nyambut gawe bêbarêngan, nanging ing kono ana bedane mungguh pangudine marang panguripan. Kowe rak iya sumurup, sing isih ditindakake ing bab tulung-tinulung sambatan, kuwi sing akèh rak ing panggonan-panggonan sing adoh lor kidul, sing uripe wong-wonge ora beda karo jaman Majapait, têgêse: jaman biyèn-biyèn. Saya maju wong-wonge, iya saya ilang tatacara sing mêngkono kuwi. Mulane tumusing kopêrasi kuwi ya ngêmungake ana ing panggonan-panggonan kang wong-wonge sathithik-sathithik wis padha maju. Kamajuan kang kaya mangkono mau, dening para ahli ekonomi dibedakake dadi rong prakara, yaiku: ubêding kabutuhan sarana tulung-tinulung sambatan, lan ubêding kabutuhan sarana dhuwit.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku tak nyêlani dhisik, têrangna siji-sijining prakara, supaya pikiranaku ora padha bubar.

Petruk: Ubêting kabutuhan sarana tulung-tinulung sambatan, kuwi tatacara sing isih akèh ditindakake ana ing desa-desa, kang durung akèh sêsrawungane karo wong jaba. Kabèh sing dadi kabutuhane mung saka pamêtune dhewe bae. Iya bênêr kadhangkala sok banjur urup-urupan mêtu. Nanging carane urup-urupan mau ora pati diprêlokake bangêt. Salawase wong-wong desa kono durung pati migatèkake mênyang tindak urup-urupan mau, kêna dianggêp yèn wong-wong mau iya durung butuh mênyang dhuwit.

Garèng: Wong-wong desa padha ora pati butuh mênyang dhuwit kuwi aku ya prêcaya, hla wong kêpriye, anggêre wis duwe bêras bae, atine ya wis ayêm têmênan, janganan mung kari ramban nyang kêbonane bae, pathokane anggêre wêtênge ora kroncongan, iya wis ayêm. Kêpenginane iya ora kaya wong sing manggon nyang kutha. Mihun, cap jae, bak lae, swike, apa manèh panêkuk, cus tarcis, barang kuwi iya ora kêpengin babarpisan, awit jênêngan sing pating blandhit kaya mêngkono kuwi, krungu bae bokmanawa durung tau. Krungu ngèrènging jênggèrètnong bae nikmate ora beda karo wong kutha krungu têmbangane Mas Ajêng Manggis, utawa kroncongane Mas Ajêng - e nas Mis Hèrlaur, wis, wis, saiki têrangna sing kok arani: ubêding kabutuhan sarana dhuwit.

Petruk: Iki pathokan sing prêlu dhewe kanggo adêge kopêrasi, ing kono kêtêngêr mungguh kamajuane wong-wonge, sing wis padha amrêlokake mênyang tindak urup-urupan, dadi iya wis ambutuhake mênyang dhuwit. Wong-wonge ora mrêlokake mênyang apa-apa [apa-a...]

--- 732 ---

[...pa] kang dadi kêbutuhane dhewe bae, nanging nênandur utawa agawe apa-apa sing payu dol-dolane, olèh-olèhane banjur dipigunakake kanggo kabutuhane dhewe sabên dinane. Saka tuwuhing ubêding kabutuhan sarana dhuwit mau, siji-sijining wong banjur duwe bagian dhewe-dhewe kang prêlu ditanduri utawa digarap, kang mangkono mau anjalari murahing barang sing dipangan utawa sing dipigunakake sabên dina. Jalaran saka iku kaanane iya banjur mundhak, nanging yèn arêp ngarah kauntungan sing pantês, wong-wong iya kudu sing kuwat lan sing jêmbar polatane. Sapa sing bodho utawa lêmbèk atine, mêsthi bakal tiba ing kamlaratan. Tumrap wong-wong sing mangkono kuwi luwih-luwih bêcik padhaa lêstari manggon ana ing desa-desa sing adoh lor kidul bae. Nanging sanadyan desa sêpia dikaya ngapa, jalaran saka kamajuaning jaman kiyi, suwe-suwene iya mêsthi bakal ambutuhake bangêt mênyang dhuwit. Liya dina tak caritani kêpriye cara-carane.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Wara-wara saking dhepartêmèn pangajaran.

Jalaran saking prêlu nyuda waragad, dhepartêmèn pangajaran kintun sêrat dhatêng para bêstiring sêkolahan dhêdhasar kilenan andhap, ingkang sami angsal pitulungan arta, supados satêlasing taun pangajaran, botên dipun sambêt kalihan kêlas sadhiyan, tuwin sampun ambikak kêlas sadhiyan malih ing taun pangajaran 1930/1931. Lan prêlu nindakakên cobèn-cobèn, supados nyuda waragad punggawa, upami ing êklas-êklas sawatawis sêkolahan ingkang nunggil panggenan, môngka muridipun namung sakêdhik, prayogi kadadosakên satunggal kemawon.

Mulo partikêlir ing Indhonesiah.

Ing Surabaya madêg komitening golongan P.N.I. saking sêdyanipun Dhoktor Samsi, supados ngêdêgakên Milo partikêlir. Manawi sagêd kasêmbadan, kacêpêng waragadipun, badhe kabikak wiwit wulangan taun punika.

Papriksan panggaotan.

Inspecteur van Arbeid, ingkang kawajibakên mariksa kawontênaning panggaotan bathik, ing sapunika pandamêling palapuran sampun rampung, saperangan agêng sampun dipun cap badhe dados buku agêng. Punika satunggiling piguna agêng tumrap tiyang siti. Sasampunipun punika lajêng badhe mariksa bab patukangan kajêng bôngsa Tionghwa, panggilingan pantun tuwin sanès-sanèsipun malih.

Komunis bôngsa Tionghwa.

Kapal Plancius ingkang nêmbe labuh wontên ing Tanjungpriuk, kadêngangan wontên komunis bôngsa Tionghwa saking Singgapura, kakintên gêgayutan golongan agêng kalihan ingkang sampun sami dipun cêpêngi wontên ing Indhonesiah. Sapunika sawêg kapriksa.

Parêpatan umum C.P.P.A.

Kala malêm Salasa tanggal 2-3 wulan punika ing Mataram wontên parêpatan Comite Pembantrasan Pendjoealan Anak-anak, manggèn ing dalêmipun Radèn Mas Tumênggung Jayadipura. Ingkang sami rawuh priyantun kakung putri mèh 2000, wakil parentah tuwin sanès-sanèsipun. Nyonyah Sukarta, pangarsa, mêdhar sabda ing bab bibit sakawit wontênipun pêrgêrakan punika, anganggêp bilih dados satunggiling bêbaya agêng tumrap wanita, tuwin nêrangakên bab sangsaraning lare-lare jalêr èstri ingkang dipun sade wontên Singgapura. Kathah para pamêdhar sabda sanès-sanèsipun, wosipun angudi indhaking drajatipun golongan èstri.

Badhe adêgipun sêkolahan.

Benjing 1 Juli 1930 ing Nganjuk badhe bikak H.I.S. P.G.H.B. dening pambudidayaning para bêstiring pang P.G.H.B. ing Nganjuk sampun sagêd ngêdêgakên part. Frobelschool, spaarfond P.G.H.B. nurmalirgang kangge para guru bantu saha guru dhusun, cursus basa Walandi tumrap para guru saking N.S. sadaya katindakakên dening para guru [gu...]

--- 733 ---

[...ru] ingkang kawogan. Namung kuciwanipun para guru dèrèng damêl pakêmpalan mardi basa. Môngka punika prêlu, ajênging bôngsa, amargi saking basa (K.).

Ngawontênakên pèngêtan.

Ing alun-alun Nganjuk mêntas wontên karamean, miwaha adêgipun kitha Nganjuk sampun 50 taun. Kasêbut ing Ind. Courant Priyancan katarik dêrma 3%, wusana kula mirêng malih priyantun alit namung f 0.50, ingkang agêng blanjanipun saèstu 3%. (K.).

Parêpatan umum P.P.K.I.I.

Pakêmpalan P(erikatan) P(ersatoean) K(aoem) I(boe) I(ndonesia) mêntas ngawontênakên parêpatan umum manggèn ing gêdhong pêrmupakatan Indhonesiah ing Gang Kênari, kathah ingkang sami anjênêngi. Wosipun angrêmbag bab kamajênganing golongan putri.

Kreta pasakitan gagrag enggal.

Kados ingkang sampun kalampahan, tumpakan ingkang kangge ambêkta pasakitan, kirang sangêt marginipun hawa. Ing sapunika dipun santuni otoporêt enggal ingkang langkung prayogi.

Dhoktêr R.S. Sasraamijaya.

Lulus dados dhoktêr saking pamulangan luhur ing Amsêtêrdham, Tuwan R.S. Sastraamijaya, asli saking Têgalrêja.

Konggrès Sêdyamulya.

Konggrèsing para bupati ingkang nama Sêdyamulya, saèstu dipun wontênakên benjing tanggal 13 dumugi 15 wulan punika wontên ing gêdhong Kunstkring Bêtawi. Tamu ingkang badhe rawuh kintên-kintên 200. Ingkang Sinuhun Surakarta tuwin Ngayogya badhe matah wêwakil Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara rawuh piyambak. Dhawah ing tanggal 13 kêmpaling tamu mawi pasamuwan wirèng tuwin badhaya, pêthilan ringgit tiyang tuwin sanès-sanèsipun. Tanggal 14 pambikaking konggrès, kabikak dening pangarsa, Radèn Mas Adipati Arya Kusumaotaya, wusana kalajêngakên dening pangayoman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Ingkang bupati ing Pakalongan badhe mêdhar sabda bab paboyongan tiyang dhatêng sanès pulo, makatên ugi ingkang bupati ing Karanganyar. Tuwin pamêdhar sabda sanès-sanèsipun, ingkang gêgayutan kamajêngan praja. Tanggal 15 ngunjuk wedang wontên ing gêdhong B.J.C. ing Tanjungpriuk, tanggal 16 anjênêngi pambikaking rad kawula.

Asiah

Tiyang 65.000 mogok.

Bombai 6 Juni (Aneta-Reuter). Jalaran saking dayanipun Sang Mahatma Gandi, wontên pabrik tênun 30 katutup, têtiyangipun ingkang mogok 65.000. Wontên têtiyang mogok sawatawis sami ambandhêmi gilingan, supados kaum bêrah ing ngriku sami tumut mogok. Pulisi ingkang nuju ambibarakên têtiyang 3000 ingkang wontên sacêlaking panggilingan, sami dipun bandhêmi ing sela.

Pêpêrangan ing Tiongkok.

Syanghai 6 Juni (K.P). Jendral Syang Kai Sèk kintun pawartos kawat dhatêng para jendral ing Ping Han Rilwe, supados ngêndhêg wadya rumiyin.

Wadya parentah ing Su Syang kawartosakên unggul, sagêd ngundurakên Sêpèh Kun saking kilèn kitha. Wontênipun pêpêrangan ing Cin Pu lèr wiwit kêndho.

Syang Hai 6 Juni (K.P). Sentral dhepartêmèn propagandhah nêrangakên dhatêng pèrês, bilih Yèn Si San sampun tumbas pèrês agèn sêkap kawat dhatêng Jêpan, dados ing bab kawontênanipun ing paprangan badhe sagêd kawartosakên cêtha.

Campuh pêrang wiwit majêng.

Syang Hai 29 Mèi (K.P.). Gumyahing pawartos saking Syang Hai, campuhipun pêrang ing Yaci Kang sakalangkung rame, golongan kalih pisan sami anandhang kapitunan agêng, nanging lajêng ngaso. Langpèng dipun belani sangêt dening wadya Sansi tuwin Sipèkun, panêmpuhipun wadya Nanking rambah-rambah, nanging kenging dipun undurakên, presidhèn Syang Kai Sèk lajêng badhe santun gêlar, sapunika sawêg tata-tata wontên ing Kwetèh.

Ing sapunika ing Lung Hailini kêbak wadyabala. Parentah sampun ngajêngakên wadya golongan ingkang kaping kalih, sami wadya gagrag enggal. Ing dhusun Kocun, Santung, wontên wadya mardika 300 ingkang anggolong Sansi natasi kawat tilgram ingkang saking Cinan dhatêng Caoko. Lan golongan wau ugi sadhiya wadya mangangge mardika 2000. Nanging ugi sampun dipun jagi dening kasantosaning mêngsahipun.

Guru pamulangan militèr Kang Sikung ngirid calon prajurit 400 bidhal dhatêng Suko.

Ihtiyaring golongan dagang tuwin pabrik.

Bombai 29 Mèi (Aneta-Reuter). Golongan dagang tuwin pabrik ing Indhia Inggris, ngaturi sêrat dhatêng raja mudha, nyuwun supados parentah nimbali Gandi wontên ing parêpatan, lan nyadhiyakakên tatanan tumrap Indhia Inggris.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 572 ing Arjadipuran. Sajarah lan babad tanah Jawi punika wosipun sami kemawon. Namung bedanipun: sajarah punika ngangge têmbung Mlayu aksara Latin, dene babad, ngangge têmbung lan aksara Jawi. Sajarah sèri: 327 lan 327a rêgi f 2.40- f 2.-, babad sèri 328 lan 328a rêgi a f 2.-

Lêngganan nomêr 3616 ing Cilacap. [...][4] lan têmbung Jawi.

--- 734 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

Manggih wêwêngan.

Sampun dados kalimrahaning para ngudi kawruh, kalangkungan, kasugihan tuwin sanès-sanèsipun, sadaya sami botên tilar dhêdhasar kasantosaning manah, awit santosaning manah punika ingkang dados pikuwat baku tuwin andumugèkakên sêdya.

Botên kirang cêcariyosan ing bab tiyang manggih kamulyan, ingkang jalaran saking purun nêmpuh pakèwêd, bêbasanipun mawi toh pêjah. Tamtu kemawon rêkaosing lampahipun sakawit botên menginakên, nanging sarêng sampun manggih sakecanipun, têtiyang sami kapengin, botên mawi ngèngêti rêkaosipun ing ngajêng.

Kacariyos ing Boston, Amerikah, wontên sawênèhipun tiyang nama Tuwan Harwey golongan tiyang pintêr tuwin lantip panggraitanipun, samubarang ingkang dipun udi, dipun tindakakên kanthi tumêmên, kalantipaning budi tansah lumampah kanthi dipun tindakakên ing kanyataanipun, dados budinipun botên namung kandhêg wontên ing gagasan kemawon. Dene Tuwan Harwey wau ingkang dados ciptaning manah kapengin dados tiyang sugih, awit kasugihan punika sagêd anjunjung drajat, malah sagêd ugi manggèn wontên sanginggiling kaluhuraning ratu. Sampun tamtu kemawon kajênging kasugihan ingkang kados makatên punika atêgês kasugihan linangkung, ingkang basanipun ngamônca dipun wastani miliyunèr.

Panjôngka ingkang kados makatên wau pancèn botên gampil, nanging tumrapipun tiyang santosa ing budi kados Tuwan Harwey punika malah sagêd ngibirakên, yèn kawêdala wicantênipun: ora ana panjôngka kang ora katêkan, lan ora ana bab kang ora kêna digayuh kalawan tumindaking akal budi.

Sarèhning sêdyanipun Tuwan Harwey badhe sugih, marginipun botên sanès, namung kêdah pados reka ingkang gêgayutan kalihan bab among dagang. Ing sakawit manahipun inggih mawi grag-grêg, awit mênggahing wawasanipun, ing donya punika sampun kêbak padagangan ingkang dados kabêtahaning tiyang, dados saupami tumindaka among dagang, inggih nama namung badhe niru, lan niru punika satunggiling pandamêl ingkang lôngka unggulipun. Ewadene Tuwan Harwey taksih gadhah pangiyas: kabutuhane wong urip iku ora kêna winilang, ing donya wis gumêlar, wong mung kari anggathukake panujuning ati.

Salêbêtipun dèrèng angsal cêpêngan, badanipun Tuwan Harwey ngantos kêra, bêbasanipun ngantos kasupèn nêdha kasupèn tilêm, nêdha namung kangge sarat nulak sêsakit ing wêtêng, tilêm namung kangge nulak arip.

Satunggiling dalu, Tuwan Harwey linggih piyambakan wontên ing kamar panyêratan, […] ngolak-alik buku, kados wontên ingkang dipun padosi, sakêdhap dipun bikak, lajêng dipun tutup, wusana tanganipun têngên nyôngga sirahipun, ing ngriku katingal kados anggagas sakalangkung wigatos.

Ngantos têngah dalu Tuwan Harwey sawêg kèndêl anggènipun ngolak-alik buku, lajêng ngalih linggih wontên ing kursi pangason kalihan sês pipa, dipun akêp wontên ing lambe tanpa uwal. Kalanipun dipun copot, kukusing sês katingal kumêlun manginggil, lampahipun sarèhning katingal kados dipun sarêngi lampahing gagasanipun. Botên dangu kamirêngan suwara: klothak, inggih punika suwaraning pipa sumèlèh ing meja, kasarêngan Tuwan Harwey ngadêg saking palinggihan, ulatipun katingal padhang, malah linud ing èsêm, kados tandhaning tiyang kalêgan ing manah. Wusana lajêng mapan tilêm.

Salêbêtipun wontên patilêman tansah kalisikan kemawon, sanadyan mripatipun dipun êrêmakên mêksa botên sagêd lêrêm, namung ing sêmu katingal, bilih anggènipun kalisikan wau botên dados tandhaning kasusahan, nanging malah dados tandhaning bingah, awit sanadyan mêrêm, èsêmipun tansah katingal.

Sawêg tilêm saêlêsan, Tuwan Harwey sampun sumêrêp soroting padhang saking jawi, lajêng garegah tangi saha dandos, sarampunging dandos lajêng badhe bidhal kesahan.

Nalika Tuwan Harwey lampahipun badhe mêdal saking griya, dipun candhêt ing rencangipun kalihan wicanên: bandara, panjênêngan badhe tindak dhatêng pundi, punika pangunjukanipun wedang sampun cumawis. Tuwin kula kalilana matur, punapaa bandara sampun sawatawis dintên punika katingal botên kaparêng dhahar, punika andadosakên prihatosipun para abdi sadaya. Pun koki raosan tuwin ngrumaosi, punapa bandara botên rêna dhatêng olah-olahanipun. Môngka pangraosipun pun koki, botên kêndhat tansah nyadhiyani dhêdhaharan ingkang dados kaparêng panjênêngan. Makatên ugi kula, sumêrêp dhêdhaharan ngambrêg punika, namung adamêl lêngêr-lêngêr kula.

Tuwan Harwey mangsuli kalihan mèsêm: Jongos, kowe aja kôndha dawa-dawa, aku sêlak arêp lungan, prêlu. Sasampunipun wicantên makatên, Tuwan Harwey lajêng mampir ngombe wedang kalihan ngadêg kemawon, lajêng ngêmpakakên srutu têrus bidhal.

Wontên ing margi lajêng numpak taksi sumêbut nuju dhatêng palabuhan. Sadumugining palabuhan lajêng minggah dhatêng baita ingkang sampun sumadhiya badhe bidhal. (Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. mathuk. (kembali)
2. kangge. (kembali)
3. kuwi. (kembali)
4. Naskah rusak. (kembali)