Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-03, #570

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-03, #570. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-03, #570. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 97, 11 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 3 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [1547] ---

Ăngka 97, 11 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 3 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bêna ing Lèpèn Sêrayu

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun margi antawisipun Cilacap - Purwakêrta, nalika kabênan toya saking lèpèn Sêrayu.

--- 1548 ---

Bab Tanêman

Kêmladhehan

Simbar, anggrèk, picisan lan sanès-sanèsipun, punika sabăngsa kemawon kalihan kêmladhehan, kenging ugi kaewokakên têtuwuhan ama, awit gêsangipun namung nunut, tumemplok ing wit-witan sarta êpang. Sanajan tigang warni wau botên ngrêridhu gêsanging tanêm tuwuh, ewasamantên inggih mêksa prêlu kêdah kasirnakakên, awit adamêl rêsahing wit, dening sok dipun sênêngi băngsa gêgrêmêtan alit utawi kewan sanèsipun, sami nigan, bêbranahan sarta umpêtan ing ngriku. Yèn dipun êtogakên kemawon angrêbda, satêmah sawanganipun kirang sae, saya yèn dipun ênggèni ulêr, anggigoni juru ngupakara. Mila wajib dipun sirnakakên sadèrèngipun kasèp.

Wangsul bab kêmladhehan. Sami-sami băngsa thêthukulan ama, ingkang ambêbayani sangêt tumraping wit-witan punika namung kêmladhehan, awit sagêd ngrisakakên sawarnining tanêm tuwuh, nyudakakên woh tuwin sagêd adamêl pêjahing wit ingkang dipun dunungi, amargi oyodipun nguncêg dhatêng wit, satêmah sami ambegali sari-sari ingkang mêsthinipun dados têdhaning tanêm tuwuh.

Kajawèn rumiyin ugi sampun nate ngêwrat karangan bab kêmladhehan, kaandharakên ngantos cêtha, inggih punika ing taun 1928 ăngka 52. Ewasamantên dumugi sapriki têtiyang mêksa taksih kathah ingkang botên mrêduli dhatêng sirnaning kêmladhehan wau, tandhanipun ing padhusunan taksih asring pinanggih kêmladhehan gêsang lêma angrêmbaka wontên ing wit-witan. Katawis bilih botên dipun prêduli dening têtiyang, kilap punapa sabab pancèn dèrèng mangrêtos dhatêng kajêngipun anyirnakakên kêmladhehan, punapa saking wêgah utawi dèrèng kêsrambahan kawruh bab wau, ngantos botên ngetang dhatêng kapitunanipun piyambak, wowohanipun suda pêkahipun sabab saking kêmladhehan. Pramila rèhning têbaning Kajawèn punika jêmbar sangêt, ing ngriki bab wau prêlu kula ambali malih, amargi kula piyambak rumaos anyêl ing manah, sababipun makatên:

Sampun kaping-kaping kula ngrêsiki kêmladhehan wontên ing pakêbonan lula,[1] inggih punika sami nemplok wontên ing wit-witan ingkang kula alap pêkahipun, malah ngantos botên ngetang eman anggèn kula ngêthoki êpang-êpang ingkang sami tinemplokan, kajêng kula supados nuntên rêsik sarta botên sagêd gêsang malih. Ananging sawêg angsal tigang minggu wit-witan wau kula ubêngi malih, jêbul ing pang sanèsipun sampun katingal wontên kêmladhehanipun tuwuh marajak. Sarêng kula titipriksa kêmladhehan wau thukulan enggal kemawon, dados dede tunggakanipun ingkang rumiyin, tandhanipun saantawisipun ngriku wontên ingkang sawêg thikil, sawênèh oyodipun sampun sakilan, wontên ingkang sampun langkung saking samantên. Ing wit sanèsipun malih kêtingal wontên thikilan alit-alit ajèjèr-jèjèr [a...]

--- 1549 ---

[...jèjèr-jèjèr] wontên ing êpang, ing ngriku kula satitèkakên cêtha, pinanggihipun jêbul lêrês punika thikilaning wiji kêmladhehan, katăndha saking cangkokipun dèrèng kêpisah, lan sacêlakipun ngriku katawis wontên tilasing têmbêlèk pêksi. Sanadyana thikilan wau dèrèng nama diwasa makatên, ewadene sarêng kula rêsiki inggih mêksa ragi mêgah-mêgahakên, dening tansah kêlèt ing tangan, dipun kipatakên ngalih tumèmplèk ing pang sanèsipun. Sawênèh oyodipun sampun wiwit nunjêm dhatêng kulit pang, mila pungkasanipun êpang-êpang wau lajêng kula kêrok mawi lading, murih sirnaning oyod ingkang nunjêm. Gagasan kula, iyah, masa aku kalah karo kowe ...

Ewasamantên anyêling manah kula wau saya lami malah saya wêwah, dening pêndhak-pêndhak angendhangi mêksa taksih pinanggih kawontênan ingkang kados makatên. Dangu-dangu kula thêngor-thêngor kanthi anggagas, awit ing sacêlaking papan kula athêngor-thêngor wau wontên kêmladhehan gêsang angrêmbaka dumunung wontên ing êpanging kajêng randhu, gadhahanipun tăngga kula, gagasan wau makatên: lah iya, puluh-puluh aku ngrêsikana kêmladhehan, ngêmungake pakêbonanku dhewe, balik ing pakarangane tăngga-tanggaku padha diêtogake bae, nganti lêmu-lêmu, wohe andadi tur matêng-matêng, wis mêsthi bae manuk-manuk isih ajêg anggone tansah padha mêncarake wijine kêmladhehan, yaiku saka wêwêngkoning tăngga têparo mau marang wêwêngkonku. Măngka sing duwe wewêngkon katone ora maèlu babarpisan marang bab mau, hla yèn aku ngrêsikana, kaya-kaya ora kaconggah, sabab saking kèhe lan ora ngêmungake darbèke wong siji loro ..., wis bêcike tăngga têparoku padha tak rêmbugane kanthi têmbung manis, supaya padha bêbarêngan rêrêsik kêmladhehan kang padha tuwuh ing wêwêngkone dhewe-dhewe, dadi atiku ora tansah ajêg anyêl bae, sabab angrasakake bab iki ...

Dumugi ing ngriku kula lajêng wiwit ngêcakakên punapa ingkang tuwuh wontên ing gagasan wau, rèhning tăngga têpalih ugi sami iyêg, wusana angsal-angsalanipun inggih pinanggih prayogi, tandhanipun anyêling manah kula wau ical, kantun raos sênêng dening têtanêman kula ragi kalis saking kêmladhehan.

Bokmanawi tiyang ingkang gadhah lêlampahan kadosdene lêlampahan kula kasêbut nginggil punika wau inggih kathah, pramila sayoginipun kêdah tumindak makatên, dados wontên kamayaranipun. Yèn ing ngrika-ngriki botên wontên kêmladhehan ingkang awoh, sampun têmtu para pêksi botên badhe mêncarakên wiji-wiji wau. Satêmah dados kabêgjan kula sadaya, dening têtanêmanipun sami kalis ing ama saha sagêd ngêdalakên woh kathah.

Ing ngajêng sampun kula aturakên, sanadyan wowohan wau wohipun andados, ananging mêksa dèrèng kenging dipun êjibakên sagêd anglêgakakên manah, dening kasilipun kathah, amargi ing wêkdal samantên ugi taksih kathah sabab-sabab ingkang prêlu kêdah dipun prayitnani, inggih punika bab ama băngsa kewan warni-warni ingkang sami doyan wowohan, kados ta: kalong, codhot, bajing, luwak, garangan, landhak, [landha...]

--- 1550 ---

[...k,] tikus lan sapanunggilanipun. Ananging saking pangintên kula ing bab wau para maos sampun sami lêbda, kadospundi pratikêling anjagi murih wowohanipun wilujêng saha sagêd kaalap sadaya, wah botên ngantos kapitunan. Pramila inggih namung kula sumanggakakên dhatêng ingkang kaparêng ngrênggani.

Nirrasa.

Raos Jawi

Adiguna, Adigang, Adigung

Têtêmbungan tigang bab punika, tumraping băngsa Jawi kados kathah ingkang sampun mirêng, awit kêgolong kêlimrah dados piwulang, kawrat ing Sêrat Wulang Rèh. Dene têtêmbungan tigang bab wau kangge anggambarakên watak: ngangkat dhiri ingkang tuwuh saking kagunan, inggih punika kapintêran, saking kêkiyatan, utawi kaprigêlan, tuwin saking kaluhuran. Bab wau ingkang kangge sanepa wêwatakaning sawêr, kidang tuwin gajah. Wontênipun kewan tiga wau kangge mindhakakên makatên, têrangipun:

Mênggahing sawêr, punika gadhah watêk ngêndêlakên mandining wisanipun, sintên ingkang kacakot, tamtu ngalêngkêng ngênggèn.

Mênggah kidang, gadhah watêk ngêndêlakên kêbating lumpatipun, rumaos manawi cukating tandangipun badhe nêbihakên ing bêbaya.

Dene mênggahing gajah, ngêndêlakên anggènipun agêng inggil, tuwin rosa, sintêna kemawon manawi dipun idak tamtu pèndèng.

Manawi mirid wêwatêkan kodrating sato kewan, tamtunipun anggènipun gadhah kalangkungan kados makatên punika namung prêlu kangge nanggulangi bêbaya, utawi kangge rumêksa kawilujênganipun, upaminipun sawêr dipun idak: nyawèl, kidang badhe dipun jaring: malumpat, gajah badhe dipun luwêng lajêng mêta. Dados botên gadhah wiji kalangkunganipun wau kangge pawitan minihi awon. nanging tumrapipun tiyang, wontên ingkang lajêng katindakakên kangge gêgaman pados margi lêpat, botên kangge nanggulangi manawi kataman bêbaya. Mila anggèning pêpindhan wau dipun trapakên wontên ingkang piwulang atêgês awon, awit mênggahing tiyang adhakan nindakakên makatên.

Mênggahing kalangkunganipun kewan, inggih sanadyan kados punapa, tamtu badhe kasoran dening tiyang, upaminipun sawêr, mandining wisanipun ngantos adamêl giris, dhasar wujudipun anggêgilani, yèn ingkang ngêdali cêmêng, mancèrètipun adamêl gigu, yèn ijêm, adamêl pangkirig, awit tiyang mangrêtos, bilih sawêr ingkang wujud ijêm punika sawêr mandi sangêt, dene ingkang lorèng-lorèng, sintêna ingkang sumêrêp gundam-gundam. Nanging sarèhning tiyang punika kêdunungan ngakal budi, rekadayanipun wontên kemawon, sagêd sumêrêp dhatêng pangapêsaning sawêr, sabên katingal lajêng dipun gêbag, wusana dangu-dangu [da...]

--- 1551 ---

[...ngu-dangu] malah dipun bêtahakên, wacucaling sawêr dipun anggêp èdi, dipun angge sêlopan tiyang ayu, mingklik-mingklik, manawi lumampah ngantos kados tiyang jinjit, sintên ingkang sumêrêp malah ngalêmbana dhatêng adining wacucal sawêr.

Kidang, punika mênggahing kêsitipun botên wontên ingkang nyamèni, utawi gadhah panggandan landhêp, tangèh kenging dipun cêlaki tiyang, awit sawêg mambêt gandaning tiyang kemawon, sampun sagêd nêbihi saking dunungipun tiyang ingkang suka gănda. Wah gadhah kalangkungan sagêd malumpat kados thathit. Ewadene mênggahing tiyang ugi sumêrêp pangapêsanipun kidang cêkap dipun cêgat ing jaring, malah tiyang inggih lajêng mangrêtos, bilih ecaning ulam kidang punika dipun gêcok.

Tumraping gajah, punika sayêktosipun pancèn mêgah-mêgahakên, cobi kagaliha, badanipun agêng, wacucalipun kandêl, kintên-kintên manawi dipun suduk kalihan dêdamêl awon-awonan kemawon inggih namung gumadul. Saupami dipun pênthung, badhe ngangge pênthung punapa, măngsa kraosa. Manawi badhe nandhingi karosanipun, tangèh wontêna ingkang sagêd ngêmbari, tiyang dipun idak awon nganggur kemawon badhe dados damêl, wah prigêl, lêmêsing tlale kenging kangge anjumput êdom, nanging sagêd kakên, kuwawi kangge ambêdhol uwit ingkang kawical agêng. Gadhingipun santosa akêkah, manawi dipun gadhingakên ing tiyang, nyus, botên beda sujèn sumunduk ing sate. Nanging inggih punika wau, tiyang pancèn sugih akal, sumêrêp dhatêng apêsing gajah, lajêng dipun damêlakên luwêng, ing nginggil mawi dipun urug, wusana manawi ngidak lajêng balêbêng botên sagêd uwal, măngka gajah punika dhêdhasaripun pancèn botên bêtah ngêlèh, samăngsa katêndhagan têdha lajêng ical krêkatipun. Ing ngriku kantun nyakajêng, manawi gajah sagêd tutut, lajêng kange kalangênan, dipun rèh sakajêng-kajêng. Dene manawi băngga, inggih kalajêng dipun angkah pêjah wontên ing ngriku. sasampunipun makatên, tiyang saya katitik anggèning ngatingalakên panguwaosipun, gadhing gajah ingkang rumiyinipun anggêgirisakên tiyang, lajêng namung kangge pipa êsês sênthar-sênthir. Samantên mênggah panguwaosing tiyang.

Sapunika amangsuli rêmbag tumrap kajênging têmbung adiguna, adigang tuwin adigung, saupami lajêng dipun trapakên ing tiyang, têgêsipun pun tiyang anyambut ambêg, punapa katêmahanipun inggih botên apês kados apêsing kewan tiga wau, awit kalangkunganing ambêgipun wau badhe kasoran dening tiyang, inggih punika tiyang ingkang ambêg rahayu. Ha.

--- 1552 ---

Bab Rajakaya

Bab Têdhanipun Kewan Ingahan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 96.

Tumraping kapal sarèhning ingkang kapilala kêkiyatanipun, manawi katêdhanan têtuwuhan ingkang taksih ijêm punika kêdah asring kapakanan dhêdhak utawi sanès-sanèsipun, nanging kangge rajakaya ingkang botên kapilala damêlipun utawi babi, ingkang prêlu kangge pragatan, têtêdhan wau prayogi sangêt. Malah para ahli migunakakên têtêdhan wau kangge kewan ingkang sakitên, saya malih ingkang anggadhahi sêsakit ing usus, ingkang kirang kiyat tuwin kewan ingkang botên sagêd subur. Dene têtuwuhan wau pundi ingkang sae kapakakakên wontên ing kandhang, dados sampun kaêrit, kalihan manawi katêdha wontên ing pangenan, punika dèrèng sagêd nêtêpakên, nanging limrahipun manawi katêdha wontên ing pangenan punika têtuwuhan wau taksih êmpuk tuwin taksih ngêmu toya, sarta kewan ingkang nêdha sagêd milih ingkang eca tuwin ingkang ênèm, utawi malih rajakaya dipun êngèn punika ngiras sagêd angebahakên badanipun tuwin ngulinakakên hawa ing jawi, pramila rajakaya ingkang agêngipun wontên ing kandhang ingkang kathah-kathah kirang kiyat tuwin kirang subur.

Ing satunggil-tunggiling panggenan manawi sampun măngsa katiga angèl pados têdhaning rajakaya ingkang taksih ijêm, pramila sami nandhu damèn tuwin sanèsipun kagaringakên. Rumiyin ing Madura nate katêlasan têdhaning rajakaya, tiyang-tiyang sami andhatêngakên saking tanah Jawi Wetan ingkang sampun garing-garing, dene ing ngriku piyambak godhong dêling tuwin sanèsipun ingkang sami garing ugi kangge.

Ingkang suwau tiyang-tiyang sami ngintên yèn têtêdhan gêgodhongan ingkang sampun garing makatên punika botên dados daging, ananging sajatosipun ugi taksih wontên sari-sarining têtêdhan ingkang tumrap dhatêng badan, sanajana sampun karimat lami, anggêr botên katrajang sakiting tanêman nalikanipun taksih gêsang. Ugi botên sadaya gêgodhongan, utawi kêdah ngèngêti dhatêng pasitèn ingkang dipun thukuli, loh utawi botên. Kangge kewan ingkang anggayêmi têtêdhan makatên punika wontên ing pirantos pangêjuring têtêdhan botên wontên rêkaosipun, beda kalihan kapal. Namung kewan ingkang mêtêng kirang prayogi yèn kêkathahên nêdha têtêdhan wau, jalaran wontên ing wadhuk dangu ajuripun sarta angêsêg-êsêgi wadhah anak, ingkang wusananipun anjalari enggal anglairakên sadèrènging wancinipun.

Dene sukêt ingkang pancèn sae sarta ingkang thukul wontên ing siti êloh punika sanajan dipun garingakên mêksa taksih sari-sarinipun ingkang migunani dhatêng badan, anggêr anggènipun anggaringakên [anggaringakê...]

--- 1553 ---

[...n] wau botên kadangon utawi botên asring kajawahan.

Kewan ingkang kangge nyambut damêl upaminipun kapal tarikan utawi lêmbu grobagan, kirang prayogi manawi maligi katêdhanan sukêt garing, kêdah kathah campuran sanèsipun.

Bangsaning pala kapêndhêm măngsakala ugi kangge campuraning têdhaning rajakaya, kangge kewan ingkang anggayêmi tuwin babi, kapakakakên mêntahan utawi dipun ratêngi, nanging manawi sampun dangu karimat, sari-sarining têtêdhan suda, utawi malih lajêng dados ulêd. Lêmbu pêrêsan sok kapakanan kênthang ingkang dipun godhog punika sagêd nyaèkakên puhanipun, manawi kapakakakên mêntêhan[2] sagêd angathahi wêdaling puhan, nanging puhanipun kirang sae yèn badhe kangge mêrtega. Tumraping kapal pala kapêndhêm punika botên prayogi, namung masakala kangge kapal ingkang sakitên.

[Grafik]

Kapal Arab wontên ing pangumbaran.

Uwos tuwin jagung ugi kangge campuran têdhaning rajakaya dipun ratêngi utawi mêntahan, nanging yèn mêntahan prayogi dipun êkum rumiyin supados ambêdhodhok. Awit manawi botên makatên ambêdhodhokipun manawi sampun wontên ing wadhuk ingkang anjalari dados sakit wêtêng.

Suryadi.

Keurmeester, Panaraga.

--- 1554 ---

Bab Ringgit

Prabu Basurata

Prabu Basurata punika putranipun Prabu Wisnupati, inggih Prabu Satmata ingkang sampun nate kacariyosakên ing ngajêng. Ing sadèrèngipun jumênêng nata, nama Radèn Srinadha. Jumênêngipun nata aggêntosi sèlèhipun kaprabon ingkang rama, kajumênêngakên wontên ing Mêndhangpura, lajêng dipun lih nama Wiratha. Inggih punika wiwitipun wontên nagari Wiratha kapisan.

Jumênêngipun nata Prabu Basurata anyarêngi jumênênging nata têdhakipun Prabu Watugung, ingkang jêjuluk Prabu Cingkaradewa. Ing kala punika praja Wiratha tansah pêpêrangan, dipun lurugi Prabu Cingkaradewa, praja Wiratha kalampahan ngantos bêdhah.

Sabêdhahipun praja Wiratha, Prabu Basurata sagarwa putra kèngsêr saking praja ngungsi dhatêng Purwacarita, prajanipun Prabu Sri Maha Punggung, nanging nagari Purwacarita ugi lajêng bêdhah, Prabu Sri Maha Punggung muksa. Ing ngriku Prabu Basurata badhe mapagakên mêngsah, nanging dipun pambêng ing kyai patih, aluwung ngimpuna garwa putranipun Prabu Sri Maha Punggung. Sang prabu andhahar aturipun kyai patih, lajêng ngungsi dhatêng rêdi Maendra, sowan Dèwi Rukmawati, putranipun Prabu Sri Maha Punggung nama Radèn Wandhu kabêkta.

Sadumugining rêdi Maendra, Prabu Basurata lajêng sajarwa dhatêng Dèwi Rukmawati, badhe ngrêbat nagari. Dèwi Rukmawati botên nayogyani, awit ing wêkdal punika Prabu Cingkaradewa sawêg winongwong jawata, aluwung nungkula kemawon, ing têmbe nagari malah badhe ngalêmpak dados satunggal wontên ing Wiratha kemawon.

Prabu Basurata ngèstokakên lajêng nêdya sowan Prabu Cingkaradewa kanthi ambêkta Radèn Wandhu. Kala samantên kaparênging dewa, Prabu Cingkaradewa pinaringan èngêt, angkaraning panggalih lajêng sirêp, malah katuwuhan panggalih wêlas dhatêng para mêngsahipun, lajêng utusan para wadya nglari mêngsah ingkang sami kaplajêng. Lampahing wadya utusan kapapag Prabu Basurata, lajêng kairid sowan Prabu Cingkaradewa.

Prabu Cingkaradewa sarêng uninga dhatêng Prabu Basurata, malah lajêng wêlas ing galih, Prabu Basurata kajumênêngakên nata malih wontên ing Wiratha. Malah Prabu Cingkaradewa andangu turunipun Prabu Sri Maha Punggung. Prabu Basurata ngaturakên Radèn Wandhu, lajêng kajumênêngakên nata ing Purwacarita, anggêntosi kapraboning rama Prabu Sri Maha Punggung. Jêjuluk Prabu Sri Mahawan.

Amangsuli cariyos, Prabu Basurata punika ngantos yuswa dèrèng pêputra, wusana antuk sasmitaning dewa supados ambabarakên wiji, sang prabu lajêng sowan Dèwi Rukmawati ing rêdi Maendra, nyuwun pitêdah mêngga ingkang măngka sarananipun sagêd apêputra. Dèwi Rukmawati mêca, bilih ingkang dados sarananipun awarni jamur dipa, dunungipun wontên ing tanah sabrang, dene jamur dipa punika asli kadadosanipun Rêsi Anggira, ingkang kêsiku dening [de...]

--- 1555 ---

[...ning] Sang Hyang Guru. Sang prabu angèstokakên punapa sadhawuhipun Dèwi Rukmawati, lajêng bidhal dhatêng tanah sabrang.

Miturut cêcariyosan Jawi, tuwin ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja, namanipun nagari Wiratha kala punika nyarêngi jamanipun Prabu Dhasarata ing Ngayodya. Lêlampahanipun ugi sami, Prabu Dhasarata nyênyuwun ing dewa sagêdipun pêputra, saha angsal wisiking dewa, sarananipun mêndhêta jamur dipa, nanging kasêmbadanipun ngêntosi rawuhipun têdhak Wisnu. Kala punika Prabu Dhasarata lajêng nindakakên sidhêkah wontên papan dunungipun jamur dipa, ngiras ngêntosi rawuhing têdhak Wisnu. Wusana têdhaking Wisnu, inggih punika Prabu Basurata rawuh, lajêng kalampahan kasêmbadan ing sêdya sami sagêd mêndhêt jamur dipa. Wusana ugi sami sagêd pêputra, Prabu Dhasarata pêputra Sang Rama sakadang, dene Prabu Basurata pêputra namung kalih, kakung tuwin putri, ingkang kakung nama Radèn Brahmaneka, ingkang putri Dèwi Brahmanèki, winêca dening Dèwi Rukmawati, ingkang kakung ing têmbe jumênêng nata binathara, ingkang putri ginarwa nata binathara.

Sarêng diwasaning putra, Prabu Basurata sèlèh kaprabon dhatêng putra Radèn Brahmaneka, sang prabu lajêng ambagawan, jêjuluk Bagawan Wasubrata. Wusana diwasanipun sang bagawan muksa.

Kêmbul bujana para bupati ing dalêmipun paduka tuwan gupêrnur ing Jawi Wetan.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, para bupati ing Jawi Wetan mêntas kalêmpakan wontên ing Surabaya, ngrêmbag prakawis prêlu kalihan tuwan gupêrnur Jawi Wetan. Sarampunging prêlu, para bupati wau sakalihan sami kêmbul bujana wontên ing gupêrnuran.

--- 1556 ---

Gambar Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Siyêm

Ing nginggil piyambak Kangjêng Tuwan ingkang Wicaksana jajar kalihan nata ing Siyêm Prabu Praja Dhipok.

Sisih kiwa pura Paruskawan ing Bangkok.

Kiwa ngandhap tuwin ngandhap piyambak, prajurit Siyêm mahargya rawuhing tamu.

[Grafik]

Ngandhap têngên, para pandhèrèkipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana upêrnur jendral.

--- 1557 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Maos

IV.

Garèng: Wis, Truk, saiki caritakna sing dadi wêwatonmu, dene kowe bisa ngarani, yèn maca kuwi bisa ngundhakake kawruh. Awit sanyatane, layang-layangku kuwi nang ngomah iya tumpuk-tumpuk têmênan, lan sabên dina ora tau lali mêsthi tansah tak olak-alik, ewadene undhaking kawruhku kok iya ora sapiraa, kajaba prakara siji loro, sing bisa tumanêm têmênan ana ing pikirku, yaiku: jalaran saka maca layang-layangku mau, 1e aku saikine wêruh, yèn manusa ana ing donya kuwi, saya mlarat iya saya gampang le dicukur gundhule, 2e. aku saiki uga mêruhi kanthi trawangan, yèn siji-sijining sasi kuwi duwe sulak dhewe-dhewe, ana sing padhang sumilak, ana sing rêmêng-rêmêng, ana sing pêtêng ...

[Grafik]

Petruk: Wèh, Rèng, layangmu sajake teka wigati banget, awit ing kono têtela yèn isining layangmu kuwi kajaba prakara-prakara kang gêgayutan karo babad, uga gêgayutan karo ilmu alam. Kaya ta unimu: wong mlarat gampang dicukur gundhule, ing kono cêtha yèn nyaritakake babade asal-asale ana wong gundhul. Sanyatane ing jaman kunane sing gundhul kuwi ngêmungake wong sing mlarat bangêt, yaiku wong-wong batur tukon. Dene yèn padha kêtêmu karo bêndarane barang sing kanggo nutupi gundhule mau dibukak, karêpe arêp ambuktèkake yèn wis gundhul têmênan, têgêse ngatonake kumawulane. Dadine saiki: Nèk kowe bukak topi karo têtêpunganamu kae. Dadi nalikane jaman kunane: wong mlarat ora mung gampang bae, nanging malah kudu dicukur êndhase.

Dene omongmu, yèn siji-sijine sasi duwe sulak dhewe-dhewe, yaiku padhang, rêmêng-rêmêng, pêtêng lan sapiturute, kuwi pancèn iya nyata, apa manèh ing tanah Eropah. Ing kana kuwi yèn kabênêr măngsa panas, iya iku sing diarani băngsa Walănda somêr (zomer), katone iya pancèn padhang sumilak, nanging nèk kabênêr măngsa adhêm (wintêr = winter) hla, kuwi sulake

--- 1558 ---

iya katon pêtêng. Wèh, layangmu kuwi pancèn iya pêng-pêngan têmênan. Nèk kowe lêga-lêga bok iya tak silihe.

Garèng: Iya kêna bae, ning jangjine kudu kok têbus. Pancèn iya bênêr, sapa sing duwe layang pirang-pirang kaya duwèkku mau, iya wêruh, yèn sasi siji-sijine kuwi ana sing padhang (putih), sing rêmêng-rêmêng (blawu ênom) ana sing pêtêng (biru tuwa) lan sapiturute. Mungguh sababe aku banjur wêruh, yèn wong mlarat kuwi gampang dicukur êndhase, kuwi mangkene: barang sing pêngaji kurang saka f 25.-, kuwi lumrahe duwèke wong mlarat, nanging yèn kapêksa dititipake, sabên sêpuluh dinane kok diwajibake nyewa 2% saka pangajine mau, dadi sasasine iya 6%, nanging nèk barang sing pangajine luwih saka f 100.-, barang sing samono rêgane kuwi têmtune rak duwèking wong sugih - lo, kuwi panyewane sabên sasine teka mung 1% saka pangajine barang mau. Hara ...

Petruk: We, hla, kurang ajar, dadi sing dikarêpake mau jêbul layang ... gadhèn. Tiwas anggonku gawe lèngsêng tharik-tharik. Ewasamono ing bab pranataning pagadhean, sanadyan durung menginake dikayangapa, wong sakowe aku kiyi, iya ora kêna milu cawe-cawe, jalaran anggone dianakake pangaturan sing kaya mêngkono kuwi, têmtune iya ana sababe, sing kene ora sumurup. Saikine padha ambanjurake rêmbuge ing ngarêp bae, ing bab: maca bisa ngundhakake kawruhe. Ing jaman kamajuan kiyi warnaning buku pancèn iya sagêndhinge têmênan. Arêp sinau apa bae, anggêre gêlêm, mêsthi bisane.

Garèng: Hla, kiyi goroh, Truk. Wong aku dhewe wis tau nglakoni, nyinau saka buku ing bab: Yujitsu, yaiku main pêncak cara Jêpang. Apa sing dicaritakake ana ing buku kono iya wis tak sinau têmênan, kaya ta upamane mangkene: yèn ana wong ngantêm kuwi banjur dicandhak pagêlangane lan dibarêngi, ing sadhuwure pagêlangan uga dicêkêl kêncêng, têrus dipuntir manêngên, disăngga ing pundhak têrus didêngkèk. Lo, sing kaya ngene kiyi rumasaku iya wis nyoplok têmênan. Nanging wusanane barêng aku kalakon tukaran têmênan, kapintêranaku jêbul kalalèn kèri nang omah, wêruh-wêruh irungku wis mêtu juruhe. Hara, kêpriye saiki panêmumu, mungguhing kapintêranaku sing saka buku mau.

Petruk: Nanging saiki kowe rak banjur duwe pangrêti ing bab cara-carane wong main: yujitsu, tandhane kowe ngrêti cara panangkise yèn nganti diantêm ing uwong. Dene kowe mêksa kêna kêtutul irungmu, kuwi sabab saka kurang panggladhimu. Awit kabèh-kabèh sing kasbut ana ing buku, kuwi mung kanggo tuntunan bae, bisane sampurna iya kudu klayan digladhi lan dilakoni. Upamane bae gampang-gampange ajar anggraji, sanadyan wis wêruh têmênan cara-carane nanging yèn ora dilakoni dhewe, mêsthine iya ora bisa pintêr têmênan kaya nèk diawaki dhewe.

Garèng: E, mêngkono. Dadi uwong kuwi yèn arêp sinau apa-apa, dadi yèn arêp ngundhakake [ngu...]

--- 1559 ---

[...ndhakake] kawruhe, ora cukup mung maca buku bae, nanging iya kudu nganggo dicakake barang. Mulane ing pamulangan patukangan (ambachtschool) murid-muride, kajaba sing kanggo pirantine dadi tukang, buku warna-warna, uga sok diajari: anggraji, mêthèl, madung lan sapanunggalane. Mêngkono uga wong sing arêp dadi opsihtêr, kuwi kajaba katam buku bab kaopsihtêran pirang-pirang tumpuk, iya kudu sarana ngêcakake pagawean patukangan lan liya-liyane sing gandhèng karo pagaweane mau. Prêlune supaya ing besuk yèn wis dadi opsihtêr têmênan kapintêrne[3] mau ora mung ana ing rancangan bae, nanging yèn prêlu iya bisa nandangi dhewe, rak iya mêngkono ta Truk, hla saikine kapriye mungguhing sêkolahan blêstir, sing murid-muride jarene padha calon priyayi pangreh praja, sing pagaweane warna-warna bangêt, kaya ta: kudu bisa ngêrèh wong, kudu kêndêl, kudu bisa nyêkêl maling, kudu bisa ngurus prakara, kudu bisa ambagi banyu, lan isih sathekruk manèh tunggale. Buku-buku sing kudu dikatamake, aku iya ora maido, pancèn iya wis cukup. Nanging kapintêrane kabèh mau rak mung ana ing rancangan bae, ora tau nganggo ngêcakake dhewe kaya murid opsihtêr kae. Kaya ta ing besuk kudu bisa ngêrèh wong, nanging salawase ana ing sêkolahan dirèh bênggala, nganti: mapan turu, tangi turu, adus, sarapan, mangan, nang kakus pisan, iya dirèh bangêt. Kudu bisa ngurus prakara. Wong ngurus prakara sing nganti bisa olèh katrangan sing têmênan, kuwi rak kudu wani blusak-blusuk turut kampung, nanging salawase dadi murid, aja manèh talusap-talusup turut kampung ing wayah bêngi olèha, hla wong kêpriye, anggêr jam satêngah pitu thèng, iya wis dipingit kaya prawan jaman Majapait kae ...

Petruk: Hara, kok banjur ana-ana sing dikandhakake, ewadene iya arêp tak wangsuli panglocitamu mau, nanging ing liya dina bae padha dibacutake.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun masjid ing Purwakarta.

--- 1560 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Jamborenipun para padpindhêr băngsa pribumi.

Ing ngandhap punika rancanganing jambore (konggrès) nipun para padpindhêr băngsa pribumi ingkang badhe kawontênakên ing Kaliurang sacêlakipun Ngayogya:

Sênèn 22 Dhesèmbêr: parêpatan umum wontên ing Ngayogya,

Sêlasa 23 Dhesèmbêr: apèl pambikakipun jambore, presidhèning jambore sêsorah, kampvuur saha taptu.

Rêbo 24 Dhesèmbêr; refille (anggugah ing wanci enjing mawi trompèt), baris tuwin sanès-sanèsipun, parêpatan tutupan, kampvuur tuwin sanès-sanèsipun, taptu.

Kêmis 25 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan ingkang kaping kalih, têtandhingan kampvuur saha taptu.

Jumuwah 26 Dhesèmbêr: têtandhingan anglangi, baris wanci dalu, kampvuur saha taptu.

Sêtu 27 Dhesèmbêr: têtandhingan kampvuur, pambagening ganjaran pangarsa sêsorah, panutuping jambore, taptu,

Ngahad 28 Dhesèmbêr: wangsul dhatêng Ngayogya, malêbêt kraton.

Pos sêparbang.

Salêbêtipun wulan Agustus 1930 gunggungipun arta ingkang katitipakên ing agèn sêkap pos sêparbang ing Makasar wontên f 52.997.39, inggih punika băngsa Eropah f 32.312.71, băngsa pribumi f 17.744.51 saha băngsa mănca wetanan f 2.940.17. Arta ingkang kapêndhêt wangsul sadaya gunggung wontên f 59.856.12, inggih punika băngsa Eropah f 42.168.32, băngsa pribumi f 15.746.56 saha băngsa mănca wetanan f 1.941.24.

Residhèn ing Blora.

Wiwit tanggal 2 Pèbruari 1931 kawisudha dados residhèn ing Rêmbang Tuwan F.A.E. Laceuille, up amtênar buiten werkelijken dienst, ingkang kantun piyambak residhèn têrbêsêkiking pangrèh praja. Tuwan Laceuille wau ugi binêbahan makili residhèn ing Blora.

Pambêsmèn mayit.

Benjing tanggal 18 Dhesèmbêr punika ing Sibanggêdhê, 10 kilomètèr salèring Dhènpasar (Bali) badhe dipun wontênakên pambêsmèn mayit.

Gupêrnur Timor jajahan Portêgal.

Kala tanggal 25 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr gupêrnur enggal ing Timor jajahan Portêgal, Tuwan Z.E. Baptes la Justo sampun rawuh saking Lisabon nitih kapal Plancius, nyare kalih dalu wontên ing Surabaya, lajêng têrus dhatêng Timor.

Pasar Gambir 1931.

Kawartosakên, gêgayutan kalihan malèsèting kawontênan-kawontênan Importeurs saha Handelsvereeniging ing Batawi sampun ngaturakên sêrat dhatêng komite Pasar Gambir wosipun nyuwun supados ing taun 1931 botên kawontênakên Pasar Gambir.

Lêlana ngidêri buwana.

Sêdyatama martosakên, kala tanggal 20 Nopèmbêr wulan ingkang kapêngkêr Tuwan Sarjana sampun pangkat saking Ngayogya sumêdya lêlana ngidêri buwana.

Tuwan Sarjana wau umur 25 taun. Ing taun 1927 sasampunipun mêdal saking pamulangan nurmal ing Surakarta, piyambakipun kaangkat dados guru bantu ing pamulangan ăngka kalih ing Ngayogya kidul, lajêng kapindhah dhatêng Klathèn. Tuwan Sarjana wau inggih wingkingipun sagêd angsal dhiplomah klèn amtênar, salajêngipun sampun nyinau basa Inggris tuwin Èspêranto. Mênggah sêdyanipun anggèning lêlana ngidêri buwana wau, samangke taksih kadamêl wados. Arta namung ambêkta satus rupiyah. Mugi-mugi kemawon sinêmbadanana ingkang dados sêdyanipun.

Istri Sedar.

Pakêmpalan istri pang Bêtawi samangke sampun wiwit tumandang ing damêl. Sabên dintên Sênèn saha Salasa kawontênakên kursus a.b.c. saha kursus basa Walandi wontên ing dalêmipun Tuwan Martasubrata ing gang paseban binên. Ingkang mulang Nonah Mudinêm, pangarsaning pakêmpalan wau. Sabên dintên Kêmis saha Jumuah kawontênan kursus a.b.c. wontên ing dalêmipun Tuwan Sukardi Atmaja ing gang têngah. Ingkang dados panuntunipun Nyonyah Martasubrata.

Asistèn wadana Dhigul enggal.

Minăngka gêgêntosipun Tuwan R. Ajênam Prawiradiningrat, asistèn wadana Dhigul ingkang samangke jalaran sakit wontên ing Bêtawi, sampun kaangkat dados asistèn wadana ing Dhigul Tuwan R.M.Ng. Kusumapranata, suwau mantri pulisi ing kadhistrikan Gondhangwinangun Klathèn.

P.S.I.I. kalihan pêrordhêning sata.

Tuwan Cakraaminata saha Tuwan Sangaji, panuntuning P.S.I.I., dèrèng dangu sampun pirêmbagan kalihan gupêrnur Jawi Wetan. Wosing rêmbag inggih punika bab pêrordhêning sata ing wêwêngkon Jêmbêr. Pêrordhêning wau kaanggêp suka monopoli dhatêng kabudidayan saha damêl pitunanipun tiyang alit.

--- 1561 ---

Ingkang gupêrnur sagah badhe mriksa prakawis wau, nanging sabab-sababipun kêdah katêrangakên sarana sêrat.

Insinyur băngsa pribumi wêwah satunggal malih.

Salêbêtipun wulan Dhesèmbêr punika Tuwan Supardi, ingkang samangke taksih wontên ing nagari Walandi, badhe wangsul angajawi kanthi ambêkta sêsêbutan Scheikundig ingenieur (insinyur babagan ngèlmu pamisah).

Kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Sarujuk kalihan rad Indhia, miturut bab 37 I.S., tiyang nama Ahmad Suid tilas guru agami, warga saha propagandhis Sarekat Rajat kangge tata têntrêming umum kasingkirakên dhatêng kithaning ondêr apdhèling Dhigul nginggil.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang kaping kalih, Tuwan Kusna.

Stovia.

Lulus pandadaranipun Indisch Arts perangan ingkang kapisan Tuwan Abdul Rahim Usman (Padhang).

Badhe dhatêng nagari Walandi.

Tuwan R.M. Tantanus Kusumasaputra, putra K.P.A. Kusumayuda ingkang sinau wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, benjing tanggal 7 Januari taun ngajêng badhe pangkat dhatêng nagari Walandi nglajêngakên pasinaosipun.

Tuwan Muhamad Idris Ind. Fee Arts gupêrmèn klas I badhe nglajêngakên pasinaonipun dhatêng Uitrecht, nagari Walandi.

Têtandhingan karangan.

Pangrèh agêng Budi Utama ngawontênakên têtandhingan karangan bab: rekadayanipun nyaèni kawontênaning ekonominipun kănca tani ing dhusun. Ganjaran ăngka satunggal 50 rupiyah, ganjaran sanès-sanèsipun sadaya gunggung wontên 250 rupiyah.

Konggrèsipun para amtênar pangrèh praja.

Wiwit tanggal 5 dumugi tanggal 7 Dhesèmbêr punika pakêmpalanipun para amtênar pangrèh praja băngsa pribumi badhe ngawontênakên konggrès ing Sêmarang, rancanganipun kados ing ngandhap punika:

Malêm Sêtu 5 Dhesèmbêr: pêpanggihan wontên ing pandhapa kawêdanan ing Jomblang, jam 8 pambikaking konggrès dening pangarsa komite, jam 8.15 pangarsa pangrèh agêng mêdhar sabda pambuka, jam 8.30 dumugi jam 9.30 wêkdal tumrap ingkang kaparêng mêdhar sabda, jam 10 bêbyakan[4] ringgit tiyang sumbangan saking pakêmpalan Kridhamataya.

Sêtu enjing 6 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan wontên ing Logegebouw ing Poncol, wiwit jam 9 enjing.

Malêm Ngahad, 6 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan mawi ngulêmi wontên ing Logegebouw ing Poncol, wiwit jam 8 sontên.

Ngahad enjing, 7 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan mawi ngulêmi wontên ing Logegebouw ing Poncol, wiwit jam 9 enjing.

Malêm Sênèn, 7 Dhesèmbêr jam 8 dhahar kêmbul minăngka mungkasi konggrès wontên ing hotèl Smabers.

Asiah

Lindhu ing Jêpan.

Tokiyo, 28 Nopèmbêr (Aneta-Reuter). Miturut pratelan ingkang kantun piyambak cacahipun tiyang ingkang nêmahi tiwas jalaran saking lindhu agêng kala tangal 25 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr wontên 259, ingkang nandhang tatu wontên 351. Griya 2353 risak babarpisan, 5654 risak saperangan. Kapitunan tumrap margi-margi tuwin sanès-sanèsipun gunggung wontên 20 yuta yèn.

Tokilo,[5] 28 Nopèmbêr (Spec. B.N.). Nata ing Jêpan sampun paring dana kangge mitulungi para ingkang sami nêmahi kasangsaran. Gêgayutan kalihan bab punika pirmah ingkang agêng-agêng wontên sawatawis sami anelad kadarman dalêm wau. Ing wêwêngkon ingkang katrajang ing lindhu têtiyangipun samangke sami upyêk andandosi griya utawi prabot-prabotipun ingkang risak.

Pasulayan ing pabrik kerdhus.

Tokiyo, 28 Nopèmbêr (Aneta-Reuter). Para bêbau ing pabrik kêrdhus ing Takasaki ingkang sami mogok campuh kalihan para ingkang jagi ing pabrik mau,[6] mawi dêdamêl repolpêr saha pêdhang. Wontên tiyang 19 sami nandhang tatu mutawatosi. Samangke pabrik wau dipun jagi ing pulisi.

Eropah.

Intêrnasionalê kuminis.

Londhon, 27 Nopèmbêr (Saigon-Radio). Miturut Daily Express botên dangu malih badhe dipun wontênakên intêrnasionalê parêpatanipun para kuminis sadonya, ingkang kaping sakawan kanthi tuntunanipun Trotzky, intêrnasionalêwau badhe mêngsah panguwaosipun Stalin saha badhe ngewahi rancanganipun.

Ganjaran nobêl.

Oslo, 27 Nopèmbêr (Aneta-Reuter). Ganjaran nobêl taun 1929 katampèkakên dhatêng Kellogg, tilas ministêr muka Amerikah Sarekat, samangke warga Parmanente Hof voor Internationale Justitie.

Ingkang angsal ganjaran nobêl taun 1930 inggih punika Nathan Sunderblom, arêtbiskop ing Opsalah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 183 ing Sukarêja (Kêndhal), arta f 1.50 punika ingkang f 0.50 kangge wulan Dhesèmbêr, ingkang f1.- tumrap kuwartal 1 taun ngajêng. Mila makatên awit panjênêngan dados lêngganan wiwit wulan Juni 1930.

--- 1562 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

7

[Kinanthi]

para janma kang andulu | kongsi lêgêg tanpa mosik | rumasa datan kawawa | mulat citrane sang putri | kang nawang wulan purnama | mawèh ngênglêng kang udani ||

wartanira warata wus | sulistyanira sang putri | sanadyan lagya pangira | kamyarsa[7] wus nganggêp yêkti | awit ing warta kang warna | ngasorkên jêng pramèswari ||

jalaran sang putri punjul | têmah karan sang suputri | ana maon madha citra | atêgês sulistyèng warni | misuwuring asmanira | mratani măncanagari ||

mênggahing galih sang prabu | anggung samar ing salami | malah wus duk timur mila | Sri Pandhu tansah anggalih | kanthi raos kasamaran | anyamarakên sang putri ||

dening satuhu pinunjul | wus wiwit sangkaning alit | ing mangkya dupi diwasa | warnanira saya luwih | samarira sri narendra | mangkya kêpêksa kawijil ||

awit kang tamtu tan wuru | sulistyaning putri aji | amung nuwuhkên dêduka | saking nata liyan nagri | dening sabab kamelikan | kelut warnanya sang putri ||

wêkasan anggèndèng luput | nuwuhkên kêliru tampi | têmah mawèh karusakan | mring kawula myang nagari | kang jalaran tuwuhira | saking nata kang ngayomi ||

ing mangke panggalih prabu | anggung anggalih ngêngudi | ywa kongsi mangguh jalaran | kang nuwuhkên tan prayogi | nanging mêksa mung kèwêdan | dènnya arsa minangkani ||

riwusing ginalih dangu | nata katuwuhan osik | ing mangkya arsa rinêmbag | lan para pandhita rêsi | kang tan kuciwa amawas | wawasan ing têmbe wuri ||

ing mangkya nata miji wus | nimbali para linuwih | ngandikan marang kadhatyan | anggusthi ing bab wigati | kathah kang kapita ing tyas | duk uning samya piniji ||

wusira praptèng kadhatun | samya angêtrapkên taklim | tumundhuk jawapan[8] asta | nulya angêtrapkên linggih | sawusing paring pambagya | sri nata ngandika ririh ||

sanggyanira para wiku | sira kang padha sun piji | ingsun arsa atêtanya | wêcanên kang kanthi titis | têmbe paran dadinira | putraningsun nini putri ||

ingkang samya tampi dhawuh | samya tumungkul ing siti | angraras mring kaênêngan | sawusira saantawis | tumuli samya tumênga | wontên kang umatur nuli ||

dhuh gusti jêng sang aprabu | tuwuhing kira sayêkti | putra nata kang sulistya | dadya ucaping taruni | tan sande diwasanira | nuwuhkên rêtuning nagri ||

nanging gusti jêng sinuhun | tuwuhing risak ing wuri | tan saking liyan nagara | kang nêdya angrêbat putri | wusing umatur mangkana | kandhêg aturira nuli ||

sang prabu dêrêng ing kalbu | adhawuh nglajêngkên aglis | lajênging atur mangkana | ing sayêktosipun gusti | sang putri benjang akrama | antuk sinatriya pêkik ||

ing têmbe pêputra jalu | dhuh kawula nuwun gusti | pan inggih putra punika | kawêca ing benjang pasthi | ngrêbat praja amisesa | nyidra pangran sanga sami ||

yèku para pamanipun | sanga pisan angêmasi | mung makatên atur amba | amba mung sumanggèng gusti | kawula datan kawasa | atur panimbang kang titis ||

ing sakala galih prabu | duk myarsa aturing rêsi | kagyat ingkang tanpa kira | tri pandurat tanpa mosik | sakala tanpa sabawa | ing satêmah ngasmarani ||

[Asmaradana]

lir surêm sulaking langit | kang jaladara rumamyang | nyuda padhanging srêngenge | kadi netya sri narendra | kumêl kucêm sakala | labêt winêca ing nujum | kang dahat woh kasamaran ||

para kang sumewa sami | nulya sinasmitan mêdal | nata kondur angadhaton | ing sêmu dahat sungkawa | praptanira ing pura | garwa nata gita mêthuk | nulya alênggah satata ||

ing galih jêng pramèswari | wus karasa saking mulat | mring sênên nata sêmune | kadi anawung sungkawa | kang luwih batinira | marma sori mung tumungkul | nyênyadhang dhawuh narendra ||

tan ana cèthi nyakêti | saking wus samar umulat | mring sri nata pasêmone | sang prabu nulya ngandika | kadi surasèng wêca | Sri Supadni duk angrungu | kongsi kumêmbêng kang waspa ||

wusing lêrêm sawatawis | sri nata nulya dhêdhawah | miji putra sadayane | tan dangu wus samya prapta | sadasa sêsarêngan | dhasar anom bagus-bagus | sarwa rinêngga busana ||

sri nata kraos ing galih | mulat maring para putra | dene winêca tan sae | riwusing kang para putra | sumiwi ngarsa nata | nulya dhêdhawuh sang prabu | linut galih kasamaran ||

marma padha sun timbali | kulup sira sumurupa | awit saka pamêcane | para pandhita waspada | ananing prajanira | bakal karusakan besuk | sira tiwas kang sasanga ||

tuwuhing sangsara saking | pulunanira ing benjang | putrane arinta dhewe | yèku putranirèng Citra | kang iku yogyanira | sira sun pundhuti rêmbug | amrih nulak kang bêbaya ||

para putra kang miyarsi | sakala mindêl tan ngucap | amêmanah sakecane | nuli putra kang sasanga | ngaturkên pamrayoga | kang wus agêlêng rinêmbug | kang rayi dèn sedanana ||

awit wus winêca titis | dadya pangeran sasanga | nyanggi kasamaran têmbe | tan sande nêmahi tiwas | saking pandamêlira | putra kapenakanipun | kang sampun kalêbèng wêca ||

Pangran Abaya winarni | yèku putra kang pangarsa | kang ginadhang ing kaprabon | duk myarsa atur mangkana | ing galih tan kaduga | tumuli anyundhul atur | sarwa sarèh wela-wela ||

kawula nuwun dewaji | ulun tan pisan pracaya | maring wêca sadayane | marma sanggyèng aturira | ari ulun sasanga | ulun tan pisan jumurung | yèn ngantêpi cipta lăngka || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kula. (kembali)
mêntahan. (kembali)
kapintêrane. (kembali)
gêbyakan. (kembali)
Tokiyo. (kembali)
wau. (kembali)
kang myarsa. (kembali)
jawatan. (kembali)