Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-04, #26

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-04, #26. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-04, #26. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 14-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 31, 5 Sapar Taun Jimakir 1858, 4 Agustus 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [521] ---

Ăngka 31, 5 Sapar Taun Jimakir 1858, 4 Agustus 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Malakah.

[Grafik]

Kadospundi asrinipun masjid ing nginggil punika, para maos sagêd anêksèni piyambak, inggih punika masjid ing Kwalakangsar.

--- 522 ---

Samaking Kajawèn

Ing Kajawèn ingkang ngêmot rêmbagipun Petruk lan Garèng, rumiyin sampun anyukani prajangji, bilih samaking kalawarti badhe kasantunan ingkang èdi, ingkang sagêd anêngsêmakên dhatêng para maos. Mênggah sagêdipun kalêksanan sêdya ingkang makatên wau, tamtu inggih sawatawis lami, amargi kêdah abudidaya rumiyin sagêdipun angsal gambar ingkang kinintên pantês saha mathuk kalihan namaning kalawarti. Pêpuntoning rêmbag, lajêng mêndhêt gambar kados ingkang kacêtha ing samak punika, inggih punika tiyang maluku ing sabin katarik ing maesa. Dene pikajênganipun makatên:

Limrahipun idham-idhamaning tiyang Jawi, langkung malih tumrap kaum tani, punika sagêda anggadhahi maesa sapasang, ingkang agêng saha sami santosa. Ingkang makatên wau inggih layak kemawon, amargi maesa punika dados kăncanipun nyambut damêl sêsarêngan, ingkang sagêd anjalari wêdaling rêjêki saking anggènipun ulah têtanèn. Amila anggènipun tiyang tani ngopèni dhatêng maesanipun inggih botên beda kados ngopèni dhatêng kulawarganipun, botên nate kêtandhêgan têdha tuwin sêmbrana pangupakaranipun. Dalah ngantos dumugining tilêm taksih dipun manah prayoginipun, saha dipun jagi sampun ngantos cinakot ing lêmut. Tiyang tani botên purun ngêcakakên ing damêl dhatêng maesa ing sapurun-purunipun, sadaya mawi watês.

Maesa punika sawênèhing kewan ingkang ambangun turut, mangrêtos dhatêng sasmita, mila caranipun anglampahakên ing damêl: saupami kêdah menggok, mandhêg, rindhik tuwin rikat, namung saking sasmitaning ungêl. Saking kêladuking tiyang tani anggèning pakulinan dhatêng maesa, maesa asring dipun srêngêni kados anyrêngêni dhatêng lare. Sanadyan maesa botên mangrêtos dhatêng srêngên, nanging sêmunipun katingal ngraosakên, kabêkta saking mirêng sêrênging ungêl.

Maesa punika sanadyan katingalipun kewan tutut, nanging manawi nêpsu ngantos adamêl girising tiyang, mila ngantos kagambarakên dados namaning gêndhing, inggih punika gêndhing Kêbogiro, têgêsipun kêbo nêpsu. Mênggah tumraping tiyang Jawi, manawi mirêng gêndhing wau, manahipun tamtu gambira.

Tandhanipun bilih maesa punika inggih kewan linangkung, ing jaman kina ngantos kangge jêjuluking ratu, kados ta: Maesa Tandrêman, lan ugi namaning dêdamêl: dhuwung dhapur Kêbolajêr.

Mirid kawontênan ing nginggil punika, tumrap pasêmoning gambar ing samaking Kajawèn, amêngku raos Jawi dêlês, ingkang atêgês: wêkêl ing damêl, nyambut damêl sêsarêngan, ngudi sampurnaning gêsang, ingkang ing batos isi: ngrêti, tabêri lan wani.

Ing wusana samaking Kajawèn ingkang enggal saha ingkang pikajênganipun sampun katêrangakên ing nginggil, mugi andadosakên suka pirêna saha amêwahana grêngsênging panggalihipun para maos, salajêngipun anuntunana dhatêng kamajêngan. Amin.

--- 523 ---

Sedanipun Raja ing Rumèni.

Ing sêrat-sêrat kabar kados sampun sami martosakên, bilih raja ing nagari Rumèni, Sang Prabu Ferdinand I, kala tanggal kaping 20 Juli ingkang kapêngkêr punika, seda. Mênggah gêrahipun sang nata punika sampun sawatawis lami, kala punika sang pramèswari sawêg kalêrês tindakan dhatêng tanah Amerikah. Sarêng gêrahipun sang nata saya sangêt, sang pramèswari lajêng kapêksa kadhawuhan kondur malih. Kala gêrahipun sang nata nêdhêng sangêt-sangêtipun, ingkang angadhêpi wontên ing ngriku: Sang Putri Marie ing nagari Yoegoslavie, putra mantunipun sang prabu, pramèswarining raja ing Griekenland saputranipun Prins Michael (wayahipun sang prabu), Prins Nicolaas lan prinsès Ilena ingkang sawêg yuswa 18 taun.

[Grafik]

Swargi Prabu Ferdinand I.

[Grafik]

Prins Carol.

Kados ingkang sampun kasbut nginggil, tanggal 20 Juli sang prabu seda. Kala punika sang nata ing nagari Inggris angintunakên sêrat tilgram dhatêng sang pramèswari ing Rumèni, angaturakên belasungkawanipun narendra ing Inggris. Dene kala anyarèkakên layoning sang nata wau, utusan nagari Walandi ing Boekarest, Baron van Nagell ugi dhèrèk anjênêngi.

Mênggah sedanipun sang narendra ing Rumèni wau, pamarentah ing ngriku enggal ngaturi pawartos dhatêng tilas pangeran Pati ing nagari Rumèni,

--- 524 ---

Prins Carol ingkang samangke yuswa 34 taun saha dêdalêm wontên ing kitha Paris. Dene Sang Prins Carol lajêng aparing panguwasa dhatêng sêrat kabar Matin ingkang kawêdalakên ing kitha Paris, supados anglairakên gênging sungkawanipun sang pangeran jalaran sedanipun ingkang rama wau. Salajêngipun sang pangeran lajêng ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah, kaparênga anjênêngi pamêtakipun ingkang rama, ananging panuwunanipun wau botên dipun wangsuli babarpisan. Mênggah sajatosipun pangeran wau botên kenging lumêbêt ing nagari Rumèni, manawi botên kanthi palilahing pamarentah. Ing ngriku wontên sêratipun pamarentah Rumèni dhatêng sang pangeran, ingkang anyêbutakên, bilih putusaning pamarentah luhur kala tanggal 4 Januari 1926, taksih katêtêpakên. Mênggah isining putusan wau, angêsahakên ingkang dados karsa tuwin jangji-jangjinipun Prins Carol, anampik dhatêng hak-hakipun jumênêng dados pangeran Pati utawi dados raja ing praja Rumèni. Miturut pawartos saking Paris, mila yakin, bilih sang pangeran badhe anêtêpi jangjinipun sayêktos, saha botên badhe kondur dhatêng nagari Rumèni malih ing salêbêtipun 10 taun punika.

[Grafik]

Prins Michael, raja enggal ing nagira[1] Rumèni.

Sasedanipun Sang Prabu Ferdinand I lajêng katêtêpakên bilih ingkang anggêntosi kaprabon, inggih punika ingkang wayah: Prins Michael ingkang samangke sawêg yuswa 5 taun.

Kajawi punika pamarentah mêndhêt satunggiling putusan, sumêdya anyêgah sadaya pandamêling têtiyang ingkang baku rêmên dhatêng Prins Carol, ananging ing nagari ngriku tingalipun sêpên, botên wontên ingkang sumêdya angrisak katêntrêmaning praja. Makatên ugi para prajurit sampun sami sumpah sadaya, bilih salaminipun tansah badhe sêtya dhatêng Sang Raja Michael wau.

--- 525 ---

Padamêlan Utami Punika Kêdah Dipun Ajèni.

Sawênèhing para sarjana wontên ingkang asring pitakèn makatên: punapa sawarnining jêjampi miturut kawruh kadhoktêran punika wontên paedahipun tumrap têtiyang ing tanah Jawi ngriki.

Tuwuhing pitakenan kados ingkang kasbut ing nginggil punika kados inggih sampun layak kemawon, amargi pambudidayaning pamarentah murih têtiyang enggal nyuwuna pitulungan dhatêng dhoktêr, manawi kalêrês kataman ing sêsakit, punika kados botên kêndhat-kêndhat. Pambudinipun pamarentah wau inggih mila wontên wohipun, tăndha yêktinipun: saya dangu griya sakit ing pundi-pundi panggenan, saya kathah têtiyangipun ingkang sami dhatêng, prêlu ajêjampi. Awit saking pambudidayaning pamarentah saha saking saening pangupakaranipun para dhoktêr dhatêng têtiyang ingkang nandhang sakit, satêmah saya dangu kuwatosipun tiyang ajêjampi dhatêng dhoktêr, saya lajêng ical, saha têtiyang wau sami mindhak kapitadosanipun dhatêng kasagêdaning para dhoktêr. Ananging kapitadosan dhatêng dhoktêr wau tingalipun[2] tipis sangêt, jalaran manawi lajêng wontên tiyang ingkang kacariyosakên sagêd, kadosdene Kyai Bêdor utawi Kyai Pênthèt, lajêng kemawon atusan utawi ewon tiyang ingkang sami dhatêng ing kyai-kyai wau prêlu sumêdya ajêjampi. Saha lajêng kasupèn dhatêng dhoktêr.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Kyai Pênthèt ing Kalasan.

Ingkang punika pitakenanipun para sarjana kasbut nginggil mila inggih botên gampil wangsulanipun. Adamêl warasing tiyang sakit punika pancèn padamêlan ingkang sae sayêktos. Angudi dhatêng kasarasaning tiyang sadaya punika pancèn inggih utami sangêt, ananging èwêt pakèwêtipun inggih kathah sangêt. Kados ta: gugon tuhonipun tiyang, ajrih, kuwatos, botên pitados, gêsang ingkang botên miturut dhatêng wèting kasarasan badan, lan sasaminipun, punika sadaya, tamtu dados sănggarungginipun para dhoktêr ingkang sumêdya atêtulung. Ananging watak-watak ingkang botên prayogi makatên wau, kêdah dipun udi icalipun, kadosdene anggènipun para dhoktêr angudi icalipun sêsakit warni-warni ingkang tansah angrêridhu dhatêng kasarasaning tiyang, amila para dhoktêr inggih botên wajib wêgah utawi gêla, manawi amrangguli watak-watak ingkang sampun kasêrat [ka...]

--- 526 ---

[...sêrat] ing nginggil wau, makatên punika manawi sêdyaning dhoktêr kanthi manah suci badhe anyarasakên kawontênanipun kawula ing tanah Indiya ngriki.

Ing Kajawèn kados botên wontên awonipun upami angêwrat lêlabêtanipun satunggiling sarjana băngsa Eropah, ingkang suci manahipun, sampun anilar sanak sadhèrèkipun, anilar kamuktèn saha kasênênganipun ing donya, prêlu bidhal dhatêng tanah Aprikah, sumêdya angusadani têtiyang ing ngrika, ingkang kacariyos taksih sangêt bodhonipun saha nandhang sakit warni-warni. Dene usada-usada ingkang dipun pigunakakên ing têtiyang wau namung mêndhêt saking kapitadosanipun piyambak-piyambak kemawon, ingkang kathah sampun tamtu inggih: botên mathuk kalihan anggêr-anggêripun kasarasaning badan, amila usada-usadanipun wau botên kok damêl waluyaning tiyang ingkang sawêg nandhang sakit, malah-malah sêsakitipun wau sok lajêng saya sangêt tuwin mrèmèn. Sanajan sarjana kasbut nginggil sadèrèng-dèrèngipun sampun uninga bilih ing tanah ngriku badhe amanggih alangan utawi godha rêncana mawarni-warni, ewasamantên inggih botên anggadhahi wêgah sêdyanipun ingkang thukul saking manah suci wau badhe katindakakên kalayan rêna lan eklasing manah. Mênggah asmaning sarjana wau Tuwan Albert Schweitêer, ing Kajawèn ingkang mêdal ing ngajêng punika, badhe kacariyosakên sawatawis kadospundi budidayanipun tuwan wau, anggènipun suka pitulungan dhatêng têtiyang ing tanah Aprikah.

Satunggaling Sudagar Ingkang Mangrêtos Dhatêng Ubat-ubêting Jaman.

Cariyos ing Jêpang.

Ing wêkdal samantên punika kalêrês ing taun 1865. Ippei Wakao, satunggiling sudagar sutra ing Kefu (Kofu) kala maos sêrat saking kantoripun ing Yokohamah (Yokohama) lajêng agarundêlan. Pangunandikanipun: e, e, dadi saiki gupêrmèn anglarangi ngirimake sutra kasar mêtu saka nagara.

Para punggawanipun sarêng mirêng panggarundêling bandaranipun wau, rainipun lajêng sami katingal pucêt. Ing măngka sutra kasar punika pajêngipun ing padagangan rikat sangêt, saha rêginipun ugi tansah mindhak-mindhak, ingkang kathah pêpajênganipun, inggih punika ingkang kakintunakên mêdal dhatêng nagari sanès. Manawi awisan wau katêtêpakên, sampun têmtu anjalari tandhonipun sutra langkung saking kathah, ing wusana rêginipun inggih mundur sangêt.

Kala punika ing gudhangipun Tuwan Wakao kasbut nginggil simpên sutra kasar saklangkung kathah ingkang badhe kakintunakên sarana baita dhatêng Yokohamah. Punapa kintên-kintên sagêd kalampahan ngalang-alangi sampun ngantos dados bobrok, manawi pangintunipun sutra ingkang mêdal dhatêng sajawining praja wau dipun awisi dening nagari. Têtiyang ingkang sami kagèt wau lajêng sami anglirik dhatêng bandaranipun, [bandarani...]

--- 527 ---

[...pun,] badhe anyumêrêpi: punapa bandaranipun jalaran saking prakawis punika katingal kuwatos. Ananging sêmunipun inggih botên kuwatos, kosokwangsulipun malah katingal bingah kemawon.

Sudagar wicantên makatên: prakara kiyi malah anyênêngake, mara layang iki wacanên. Sêrat lajêng kasukakakên dhatêng têtiyangipun kalayan dhanganing manah saha lajêng gumujêng sajak sênêng. Ananging kala bandaranipun gumujêng, botên wontên tiyang ingkang tumut gumujêng. Bedaning antawisipun bêbaya ingkang badhe andhatêngi kalihan sajak bingahipun sudagar, punika adamêl kagèting têtiyang wau, mila lajêng sami botên sagêd ngucap.

Sudagar pitakèn dhatêng para punggawanipun: Kapriye mungguh panêmumu bab kiyi. Aku kabèh saiki ora mung kudu nukoni sutra ing kene bae, ananging uga kudu tuku ing ngêndi-êndi panggonan.

Ing salajêngipun sudagar lajêng suka prentah dhatêng têtiyangipun supados sadhiyaa kesah numbasi sutra. Têtiyangipun sami kagèt malih saha lajêng sami ningali dhatêng bandaranipun. Wicantênipun: Kadospundi pangandika panjênêngan, bandara, panjênêngan karsa badhe numbasi sutra malih. Salaminipun awisan nagari ngêdalakên sutra dhatêng jawi taksih têtêp, rêgining sutra tamtu têrus anggènipun mêdhak, lan botên badhe wangsul kados ingkang suwau-wau malih.

Bandaranipun amangsuli: Ya bênêr, yèn rêgane bakal suda, ananging sing dak dêlêng: ing têmbe burine, mulane aku mrentah supaya nukonana sutra kabèh.

Wangsulaning bandaranipun ingkang sajak sabar punika, saya anuwuhakên gumuning têtiyangipun. Têtiyang wau sami botên mangrêtos sababipun, dene bandaranipun mêksa badhe numbasi sutra, ingkang botên kenging katêmtokakên, bilih rêgining barang-barang punika badhe enggal mindhak. Satêmah lajêng sami kuwatos, manawi bandaranipun jalaran saking bêbaya, ingkang andhatêngi punika, lajêng dados ewah èngêtanipun.

Ananging Wakao botên pisan-pisan ewah èngêtanipun kadosdene ingkang dipun kuwatosakên dening para punggawanipun. Piyambakipun sagêd anyumêrêpi kawontênanipun sadaya, saha amêsthèkakên, bilih ing têmbe badhe agêng kauntunganipun. Miturut pamanggihipun Wakao, anggèning gupêrmèn angawisi wêdaling sutra saking nagari, punika amargi katarik saking raos sêsêngitan dhatêng sadaya băngsa ingkang asli mănca ing wêkdal punika, ingkang wusananipun badhe adamêl risaking kawontênaning panyadean ing pêkên amargi indhaking rêrêgèn wau. Ingkang makatên punika tamtu adamêl susah saha karugianipun para sudagar lan para ingkang gadhah pabrik, pungkasanipun adamêl rêkaos utawi ngundurakên dhatêng kamajênganing kasugihanipun băngsa Jêpang. Jalaran saking punika, Wakao sagêd anêmtokakên, bilih awisan wau tamtu badhe enggal kacabut, supados sagêda lajêng nuwuhakên indhaking rêginipun sutra. Amila anumbasi sutra samangke [sa...]

--- 528 ---

[...mangke] punika kados inggih pêrlu sayêktos.

Pamanggihipun sudagar wau lêrês, awit saking tindak ingkang makatên punika, piyambakipun sagêd angsal bêbathèn sae sangêt, ingkang anjalari witing dêrbalanipun. Ing samangke padagangan gadhahanipun sudagar kasbut nginggil, sami-sami kabudidayan tumrap ing nagari Jêpang, kalêbêt ingkang agêng piyambak panguwasanipun.

Kawontênanipun ing Karantina Onrês.

[Grafik]

Tiyang ingkang badhe numpak baita kapriksa malih cacaranipun.

[Grafik]

Têtiyang haji sasampunipun kapriksa cacaranipun pangkat dhatêng baita.

[Grafik]

Para têtiyang haji sami minggah dhatêng kapal "Madioen".

[Grafik]

Kaptin baita kapal "Madioen" kalihan Inspecteur Rott. Lloyd.

--- 529 ---

Jagading Sato Kewan.

Bab Gajah.

Gajah punika satunggiling kewan ingkang agêng, inggil, galak ananging tututan, sanadyan katingalipun sajak klular-klulur saha bodho, ananging gajah punika sajatosipun mrojol saking pêthèk, awit lantiping panggraita anglangkungi kewan-kewan sanèsipun.

[Grafik]

Gêsanging gajah wontên ing salêbêting wana.

Kajawi punika, bilih mirid pirantos pêperanganing badanipun, gajah punika tamtu botên sagêd tumandang ing damêl amêmêndhêt barang ingkang alus-alus. Panitikan ingkang makatên wau, sulaya kalihan nyatanipun, jalaran gajah punika inggih sagêd mêndhêt barang-barang ingkang alus-alus, amargi ing pucuking têlale wontên pirantos kadosdene darijining manusa.

Mênggah dunungipun gajah punika, wontên ing wana ingkang agêng ing tanah Sumatrah, tanah Aprikah, tanah Indhu lan sanès-sanèsipun. Dene gêsangipun sami agêgrombolan kathah, saha limrahipun ugi sami dipun kêpalani gajah ingkang umuripun sampun sêpuh saha ingkang agêng piyambak lan kiyat. Manawi pinuju kalêrês sami saba, punika lampahipun inggih tansah gêgrombolan botên purun apisah-pisah, dados ingkang sami klangkungan, inggih lajêng katingal cêtha patilasanipun, amargi saupami ingkang dipun trajang lampahipun wau wana bêbondhotan, ing ngriku wit-witanipun saha thêthukulan ingkang alit-alit sami rêbah pating sulayah, dados waradin kadosdene margi agêng, amila manawi wontên têtanêmanipun têtiyang ing dhusun sacêlakipun ngriku katrajang dening

--- 530 ---

garombolaning gajah wau, tamtu lajêng lêbur tanpa kukuban. Tumrap para ingkang sami ahli ambêbêdhag gajah, punika gampil sangêt anggènipun nitik pundi panggenanipun gajah-gajah wau. Ananging têtiyang ingkang abêbêdhag kêdah angatos-atos sangêt botên kenging sêmbrana, awit manawi ngantos lena, botên wande dados dêdolananipun gajah-gajah wau ngantos ajur mumur kwandhanipun.

[Grafik]

Gajah kangge tumpakaning prajurit amangsah prang.

Kala ing jaman kina, sadèrèngipun wontên praoto, otobis lan sasaminipun, inggih gajah punika ingkang dipun pigunakakên prasasat kadosdene praoto lan otobis. Malah ngantos dumugi samangke ing tanah Indhu, Siyêm lan sanès-sanèsipun, taksih migunakakên gajah kados makatên wau. Tumrap ing nagari Siyêm, punika manawi wontên gajah pêthak lajêng kaaji-aji kadosdene satunggiling dewa, amila bandera ing karajan Siyêm punika aciri gajah seta. Kajawi saking punika, ing jaman kina gajah punika inggih dados tumpakaning prajurit kangge mangsah pêrang, utawi inggih dados tumpakaning para nata. Dene para narendra jaman samangke, ingkang taksih anglêluri anitih dipăngga, namung sang nata ing Siyêm lan sawênèhing nata ing tanah Indhu. Dene tumrap nata Jawi gajah punika samangke namung kangge klangênan kemawon.

Miturut cariyos ing ringgit purwa, para nata ingkang sok nitih liman, inggih punika: nata ing Mandura Prabu Baladewa, liman wau dipun namakakên: Kyai Puspadêdta,[3] mênggah ulêsipun pêthak. Makatên ugi titihanipun nata ing Ngastina, Prabu Suyudana, ugi awarni gajah seta, nama: Èsthitama. Kajawi punika taksih wontên gajah sanès-sanèsipun ingkang kocap ing padhalangan, kados ta: Gajah Sena, inggih punika ingkang sagêd ambêdhah bungkusipun Arya Sena saha ingkang lajêng nitis dhatêng Arya Sena, lan sanès-sanèsipun malih.

--- 531 ---

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gajah punika saklangkung lantip panggraitanipun, ngantos wontên satunggiling sarjana băngsa Eropah nama: Judith Cartier ing bêbukaning karanganipun: liman seta tata janma (satunggiling dongèng anyariyosakên lêlampahanipun satunggiling gajah pêthak nama: Irawata saklangkung sae, sintên ingkang kêpengin maos sagêd tumbas dhatêng kantor Bale Pustaka ing Wèltêprèdhên, rêginipun namung f 0.70) amratelakakên bilih băngsa Yunani tuwin Rum anyariyosakên, bilih nate wontên liman ingkang nyêrat ing basa Yunani, malah sawênèh wontên ingkang sagêd wicantên.

[Grafik]

Gajah wontên ing kumidhi kapal.

Mênggah bukti-bukti ingkang anelakakên kalantipaning gajah punika kathah sangêt. Kados ta: gajah ingkang asring main wontên ing kumidhi kapal, para maos tamtunipun sampun nate anguningani piyambak kadospundi pamainipun gajah wau, wontên ingkang nyurung tong mawi sukunipun kêkalih, wontên ingkang linggih kursi ngadhêpakên mêja sarwi ngêngunjuk lan sanès-sanèsipun.

Ing cacriyosan Jawi ugi kathah ingkang nyariyosakên kalantipaning gajah, kados ta: ing cariyosipun Dèwi Juharmanik, kala ing nagari Mêsir komplang, saha ing nagari ngriku botên wontên ingkang pantês pinilih jumênêng nata, ingkang pinasrahan ngupados ingkang kêdah katêtêpakên jumênêng nata, inggih satunggiling gajah, wusananipun ingkang kapilih dening gajah jumênêng nata ing nagari Mêsir, inggih Dèwi Juharmanik kasbut nginggil.

Kajawi punika taksih kathah malih dêdongengan-dêdongengan bab gajah, badhe botên wontên karampunganipun manawi kacriyosna ing ngriki sadaya, amila cêkap samantên kemawon.

--- 532 ---

Bab Dhuwung.

Awit jaman kina dumugi sapriki băngsa Jawi ingkang limrah sami rêmên dhatêng dhuwung, dhuwung punika tumrap băngsa Jawi kaanggêp dêdamêl ingkang maedahi sangêt, sabab saking wirayat utawi dêdongenganipun tiyang sêpuh sagêd andhatêngakên kabêgjan utawi kacilakan tumrap tiyang ingkang anggadhahi utawi anyimpên. Dene wirayat utawi dêdongengan wau ing samangke kalêbêt pamanggih gugon tuhon, ananging sarèhning pamanggih wau ing jaman kina sangêt lumèngkètipun dhatêng băngsa Jawi, pramila saengga samangke ugi taksih kathah băngsa Jawi ingkang ngangge utawi pitados dhatêng pamanggih wau. Para tiyang Jawi ingkang kathah botên purun anyawiyah dhuwung punapa malih tumrap dhatêng dhuwung ingkang kawical sae utawi têtilaraning tiyang sêpuh, mandar dipun pundhi-pundhi sabên ing malêm Jumungah utawi Slasa Kliwon dipun dupani utawi dipun sajèni arupi sêkar borèh utawi lisah wangi, awit bilih botên makatên, kacariyos sok purun angrubeda tumrap dhatêng ingkang anggadhahi utawi ingkang nyimpên, ing sadèrèngipun sadasa taun sapriki para tiyang Jawi samăngsa sowan ing para luhur utawi kêkesahan, taksih sami mêrlokakên ngangge dhuwung, seba ing para luhur tanpa dhuwungan, kaanggêp murang tata. Lare èstri utawi pêngantèn èstri saengga sapriki ingkang limrah dipun bêktani dhuwung, minăngka pamêthuk tumrap lare utawi pêngantèn jalêr dening tiyang sêpuhipun.

Mênggah dhuwung punika manut wirayat utawi dêdongenganipun para sêpuh, sami gadhah daya piyambak-piyambak, awon saening daya wau manut dhatêng etangan, pamor utawi wujuding tosanipun, pramila tiyang tumbas dhuwung punika sanès prakawis gampil, sapisan kêdah sumêrêp dhatêng awon saening etangan, pamor tuwin tosaning dhuwung ingkang badhe katumbas, kaping kalihipun punapa dhuwung wau purun kagadhah dening tiyang ingkang badhe tumbas punapa botên, awit sanajan etangan, pamor tuwin tosanipun sae, ananging dhuwung wau botên purun kagadhah dening tiyang ingkang badhe anggadhahi utawi nyimpên, ugi badhe andhatêngakên kasisahan rupi-rupi, pramila ing jaman kina samăngsa tiyang badhe tumbas dhuwung, dhuwung ingkang badhe katumbas wau sasampunipun dipun priksa mênggah awon saening etangan, pamor tuwin tosanipun, lajêng dipun tirakati dipun sandhing tilêm, kacariyos manawi dhuwung ingkang sae sok manggihi wontên salêbêting supêna mindha arupi janma, sarta asung sasmita purun lan botênipun dipun rawati dening tiyang ingkang nêdya tumbas. Mirit saking dêdongenganing tiyang sêpuh băngsa Jawi, dhuwung punika kaanggêp gêsang gadhah nyawa kados manungsa.

Ing Kajawèn ing ngajêng badhe anêrangakên bab kapitadosanipun tiyang Jawi tumrap pratikêlipun pangetanging dhuwung, tuwin wujuding pamor utawi tosan ingkang awon tuwin ingkang sae tumraping dhuwung, ugi manut katêrangan saking para sêpuh ing jaman kina.

Sal.

--- 533 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng Bab Sata Murugakên Sêsakit Jantung.

Garèng : Ayo Truk, saiki padha ambanjurake rêmbugane bab bako, kajêg-kajêge durung rampung.

Petruk : Sabênêre ngono aku wis jêlèh bosên angrêmbug bab bako kuwi, wong dak rasak-rasakake kok ora ana sing nyênêngake babarpisan, sangsing sangsing sing nglarani awak thok bae. Bok iya wong udud kuwi bisa dadi jalaran banjur kuwat wayuh salosin ngono, dadi kêna dirasakake. Luwih bêcik padha rêmbugan bab ngingu iwak, kaya-kaya dhèk anu kae ya durung rampung. Kêna dirasakake, tur manawa kabênêran bisa aropyan-ropyan.

Garèng : Kandhamu kuwi mula ana bênêre, wong ki nèk rêmbugan bab siji bae sok banjur clangaban kaya wong katagihan Rara Irêng, mulane sing diomong kiyi luwih bêcik gonta-ganti, sarèhning saiki wis kabanjur padha ngrêmbug bab bako dhisik, liya dina bab panginguning iwak.

Petruk : Bagus, poma lho aja lali jangjimu kuwi, wong aku sêlak enggal-enggal kêpengin ngingu iwak banyu, nèk-nèke aku besuk bisa ngêsop gramèh.

Garèng : Wiyah ya ora mathuk, masa iya gramèh di êsop, sêtun-sêtun disêmur utawa diacar, lha kuwi mêsthi gandême. Wis-wis besuk bae manèh rêmbugan bab iwak, saiki padha nêrusake bab bako dhisik. Gèk anu kae aku wis ngomong, yèn jalaran saka bako, kêbuking wong kuwi bisa rusak. Iku ora ngêmungake kêbuke bae, dalasan jantunge bisa rusak. Malah kang kêna kanggo pasêksèn bab wisaning bako, kuwi katitik saka rusaking jantung.

Petruk : Hara, apa kuwi ora jênêng ngrusakake agama têmênan, pijêr-pijêr kok ora kêpenak bae, dhan ini dhan itu, suwe-suwe kowe ngandhakake yèn udud kuwi bisa agawe pêgating aku karo bokne Si Kamprèt, apa ya ora bêdhêgêl nang ati kuwi.

Garèng : Lha wong panampamu rada kajêron, arêpa ora udud kae, manawa sêdyamu arêp pêgatan, ya bisa klakon bae. Ana sawênèhing lêlara kang diarani lêlara jantung, kuwi marga saka wisaning bako. Mulane kabèh uwong kang wus nadhah, têmtu duwe lêlara jantung kang mangkono mau.

Petruk : Rèng, mungguh têngêrane wong kang anduwèni lêlara jantung kuwi kapriye.

Garèng : Mungguh têngêrane mangkene: kala-kala [kala-ka...]

--- 534 ---

[...la] kêduting jantung kuwi rikat bangêt, dumadakan banjur mandhêg grêg, wasana banjur obah manèh lon-lonan.

Petruk : We, lha, kliru panămpa aku, tak arani wong sing jantunge kêdutên nang kono kuwi, sawijining sasmita yèn bakal nêmoni lêlakon kang anèh-anèh, utawa dirasani răndha sugih arêp diunggah-unggahi.

Garèng : Wiyah, ngomong kok kaya wong nglindur ngono. Wong kang kala-kala sok kêdutên kaya sing dak critakake mau, nalika pinuju kumat, sanalika banjur ilang napase, utawa ambêkane ora ajêg. Sabab kang mangkono mau kang anjalari wong sing wis kulina udut, akèh kang kurang waras sarta ringkih badane.

Petruk : Hara, apa kuwi ora aran nyilikake atining wong bae, ing măngka wong urip kuwi jarene nèk tansah dicilikake atine bae, sok banjur enggal dicêdhaki karo êmbahe Jibril. Mulane bênêre ngono aku ora pati sondèl bangêt caturan bab bako kuwi. Seje karo rêmbugan bab iwak loh, pikirane bisa banjur warna-warna: eling mênyang mangut wadêr, pêcêl lele, pepesan bandêng, rêmpah pêlus, pêcak gramèh.

Garèng : Lha kok banjur nglantur-nglantur nyaritakake warnaning olah-olahan iwak loh nganti aku banjur kapêksa tansah nguloni idu bae.

Petruk : Apa kuwi ora luwih utama, tinimbang atine tansah dhêg-dhêgan bae, kèlingan rusaking kêbuk, jantung lan sapiturute, rak aluwung kèlingan sing enak-enakan, ewasamono aku mêksa duwe pitakon nyang kowe sathithik, pirang prêsèn cacahe wong sing padha udut sarta banjur duwe lêlara mangkono mau.

Garèng : Kabèh wong sing wis duwe pakarêman bako, kêna katamtokake duwe lêlara jantung kang mangkono mau. Durung watara lawas kiyi, pamarentah ing Amerikah nindakake panitipriksa tumrap kabèh murid kang nêdya malêbu ing pamulangan luhur, saka jiwa 412 uwong, kang ditolak ana wong 298 amarga wus rusak jantunge.

[Iklan]

--- 535 ---

Jagading Wanita.

Bab Dayaning Sate tuwin Saoto Madura.

Sawênèhing mitra kula sami ngangluh tuwin garundêlan, jalaran kakungipun tansah kêkesahan kemawon, ingkang anelakakên kados-kados wontên ing griyanipun piyambak botên kraos. Mênggah tindaking kakung ingkang makatên punika botên têmtu lêpating kakungipun, sagêd ugi lêpatipun băngsa kula pawèstri piyambak. Kathah bab-bab ingkang lugu lêpating pawèstri ingkang anjalari kakungipun botên kraos wontên ing griya, kados ta: griyanipun anjêmbrung, anggènipun simpên barang-barang kemawon blongkrah-blangkrèh tanpa pranatan, dalasan meja panyêrataning kakungipun têka dipun sampiri popok, sampun tamtu ingkang makatên punika kakung inggih lajêng botên rêsêp wontên ing griya. Utawi malih manawi sadhiyanipun dhahar tansah botên kalêrêsan, punika inggih murugakên kakung botên kraos wontên ing griya, kados ta: dhaharipun sabên dintên tansah dipun sadhiyani: bêsêngèk tempe, sambêl gorèng tempe, lodhèh tempe, sambêl tempe, dangu-dangu tamtu lajêng bosên, mila sasagêd-sagêd sabên dintênipun kêdah gantos, botên pêrlu ocal-ocalan ingkang awis-awis, upaminipun: dintên punika dipun olahakên lodhèh kangkung, enjingipun dipun pelasakên, enjingipun malih dipun gêmbrotakên, makatên salajêngipun dados pun kakung inggih botên lajêng bosên-bosên, awit manawi lajêng bosên, wusananipun lajêng rêmên jajan. Ingkang makatên punika kula piyambak sampun ngalami, kala rumiyin semah kula punika sabên sontên tansah kêkesahan kemawon, anggèn kula ngraosakên ngantos judhêg, manawi kula pitakèni dhatêng pundi kesahipun, botên nate purun ngakên, wusananipun kula lajêng ngupados katrangan, e, jêbul kesahipun semah kula sabên sontên punika dhatêng pasar Johar, pêrlu ngiras saoto tuwin sate Madura. Ingkang punika kula inggih lajêng ngudi sagêda

--- 536 ---

adamêl saoto tuwin sate Madura, pêrlunipun semah kula sampun ngantos ngiras malih dhatêng pasar Johar. E, lakok inggih sayêktos, sarêng kula ocal-ocalakên saoto tuwin sate Madura piyambak, salajêngipun manawi sontên inggih botên nate kesah, kraos lan jênjêm wontên ing griya. Bokmanawi antawisipun para maos băngsa putri, wontên ingkang kakungipun karêm sangêt dhatêng sate tuwin saoto Madura, ing ngandhap punika kula aturi priksa manggah wados-wadosipun tiyang ngolah saoto tuwin sate Madura, ananging kula jangji lho, manawi cêmplang raosipun utawi botên kalêrêsan sampun nêtah dhatêng kula.

Mênggah bumbuning saoto Madura punika makatên: laos 5 iris, bawang pêthak 6 siyung, jae 4 iris, punika sadaya kanthi ulêgan traos sawatawis kagorènga mawi lisah ngantos kênthêl, sasampunipun lajêng kacêmplungna ing godhogan ulam ayam ingkang lêma. Makatên ugi anggorenga ron brambang sop, yèn sampun jêne kacêmplungna ing godhogan ayam wau. Dene pandhaharipun mugi kaabênan mawi suun, sêlèdri karajang alus, godhogan tigan ayam kairis-iris, ulamipun ayam wau kacuwil-cuwila ngantos lêmbat, lajêng dipun susulana mrica, kecap jêram pêcêl. Dene abênipun sambêl, punika pandamêlipun beda kalihan sambêl-sambêl ingkang limrah, inggih punika: ambakar kêmiri rumiyin, lajêng anggorenga traos tuwin lombok, tiga-tiganipun lajêng kaulêga kadosdene sambêl, manawi badhe wiwit dhahar, sadaya wau kacampurakên. Mênggah pandhaharipun mawi lonthong.

Dene pangolahipun sate Madura makatên: ulam ayam ingkang lêma, kairis alit-alit, lajêng kabumbonana: kêmiri 3 iji, laos 2 iris, kêncur 1 iris, kunir sakêdhik, trasi lan gêndhis. Sadaya wau kaulêga ngantos alus, lajêng daging ayam iris-irisan wau kacarupa ngantos wradin, sasampunipun lajêng kasukanan santên kênthêl sakêdhik, kintên-kintên nyêmêk-nyêmêk, wusana dagingipun wau kasundukana mawi sujèn, manawi badhe dhahar sawêg dipun bakar.

Makatên mênggah wados-wadosipun tiyang adamêl sate utawi saoto Madura, măngga para wanita kula aturi nyobi, ananging jangji kula, kula ping kalihi, manawi botên kalêrêsan sampun duka dhatêng kula.

Sumantriyah.

[Iklan]

--- 537 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Dèrèng dangu punika ing Surakarta kawêdalakên sêrat kalawarti enggal ingkang kanamakakên: Bandera Jawi, mênggah wêdalipun kalawarti wau saminggu sapisan, ingkang dados kapalaning juru pangripta: Tuwan Sastra Sadarga, kala rumiyin juru pangriptaning kalawarti Gêntha Kêkêlèng. Pangêcapipun wontên ing kantor pangêcapan Mars ingkang dèrèng dangu punika dipun êdêgakên dening para sudagar pribumi ing Kauman, dene sêdyaning sêrat kalawarti punika sampun cêtha wontên ing namanipun, inggih punika angudi dhatêng kabangsan Jawi.

Ingkang angsal eksamênipun kandhidhat bagian kêkalih ing pamulangan pangadilan luhur ing Wèltêprèdhên: Tuwan Sumardi lan Tuwan Abdullah.

Wiwit tanggal 15 Agustus ing ngajêng punika, maskape K.P.M. badhe ambikak palayaran antawisipun Mêrak (Bantên) lan Lampung.

A.I.D. martosakên, bilih ing kampung Rancabêrêm, dhusun Linggar, sacêlakipun Cicalengkah, wontên lare kobong ngantos dados tiwasipun. Mênggah mula bukanipun makatên:

Wontên tiyang tani kesah dhatêng sabinipun ambêkta anakipun ingkang sawêg umur 2 taun. Dumugi ing sabin tiyang wau damêl bêdhiyan wontên ing sakubênging gubug, lare lajêng kasukakakên wontên ing gubug, saha lajêng anuwèni tanêmanipun timun ingkang tansah dipun saba ing maesa. Dilalah kala punika inggih wontên maesa ingkang sawêg ngrisak tanêmanipun, pun tani saklangkung nêpsunipun saha lajêng amburu dhatêng maesa wau, dene anakipun katilar wontên ing gubug, kala punika kalêrês jam 11 siyang, dados nêdhêng bêntèr-bêntèripun, botên antawis dangu latu bêdhiyanipun anyalat payoning gubug ingkang anjalari gubugipun ugi tumut kobong. Tiyang tani, sarêng sumêrêp bilih gubugipun kabêsmi, enggal wangsul sumêdya amitulungi anakipun ingkang katilar wau, ananging anakipun sampun pêjah, dene piyambakipun piyambak nandhang tatu kathah.

Wontên pawartos, bilih ing salah satunggiling dhusun bawah dhistrik Maok (Tanggêrang) wontên tiyang gadhah anak lair mêdal tiga. Ingkang nganèh-anèhi sangêt, dene kêkulitanipun lare têtiga wau beda-beda, inggih punika ingkang satunggal pêthak, satunggilipun abrit, satunggilipun malih cêmêng. Tiga-tiganipun samangke sampun sami tilar.

Angsal eksamênipun kandhidhat bagian ingkang kapisan ing pamulangan pangadilan luhur ing Wèltêprèdhên: Tuwan Injo Beng Goat lan Tuwan R. Sigit.

Wontên pawartos, bilih Tuwan M. Suryadi, ajung komis redhaktur ing dhepartêmèn yustisi samangke katêtêpakên dados: wakil komis redhaktur ing kantor kasbut.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, dintên agêng ingkang katêmtokakên ing taun 1928, inggih punika: taun baru Walandi 1 Januari (Ngahad) mikrad dalêm Kangjêng Nabi Muhamar[4] 20 Januari (Jumuwah) taun baru Tiyonghwa 23 Januari (Sênèn) sedanipun ingkang minulya Kong Hoe Tjoe 9 Marêt (Jumuwah) Garêbêg Puasa 23-24 Marêt (Jumuwah tuwin Sabtu) Cing Bing 5 April (Kêmis) sedanipun Kangjêng Nabi Ngisa 6 April (Jumuwah) wungu Dalêm Kangjêng Nabi Ngisa 8-9 April (Minggu lan Sênèn) wiyosan dalêm taunan ingkang minulya Sang Pangeran Hendrik 19 April (Kêmis) wiyosan dalêm taunan Sang Rinaja Putri Juliana 30 April (Sênèn) mikrad dalêm Kangjêng Nabi Ngisa 17 Mèi (Kêmis) mêdhakipun roh Alkudus 27-28 Mèi (Minggu-Sênèn) Garêbêg Bêsar 29 Juni (Jumuwah) wiyosan dalêm taunan Kangjêng Sri Maharaja Putri Emma 2 Agustus (Kêmis) Garêbêg Mulud 29 Agustus (Rêbo) wiyosan dalêm taunan Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhelmina 31 Agustus (Jumuwah) taun wiyosanipun sang minulya Kong Hoe Tjoe 10 Oktobêr (Rêbo) wiyosan dalêm Kangjêng Nabi Ngisa 23-24 Dhesèmbêr (Slasa-Rêbo).

Katêtêpakên dados pursitêr landrad ing Kandhangan (Borneo): Tuwan Mr. Susanta Tirtapraja.

Kakèndêlakên amargi saking panyuwunipun piyambak dados adpokat tuwin pokrul ing pangadilan justisi ing Sêmarang: Tuwan Mr. Urip Kartadirja.

Aneta martosakên, bilih pangadilan landrad ing Banyumas andhawahakên ukuman kunjara laminipun 2 taun dhatêng Tuwan Sujaman, tilas êlêp poskomis ing Sumpyuh, amargi kalêpatan anyalingkuhakên arta nagari kathahipun f 24,000.-.

Saking Bandhung Aneta martosakên, bilih patih ing Garut, Radèn Găndasiswara, kala ing dintên Kêmis punika seda.

--- 538 ---

Wontên pawartos, bilih ing dhusun Bêja ing bawah kabupatèn Sleman, wontên tiyang ingkang kasagêdanipun mèh sarupi kalihan Kyai Bêdor ing Sragèn utawi Kyai Pênthèt ing Kalasan, mênggah namanipun kyai enggal punika: Muhamat Suryamaca, kathah têtiyang ingkang sami dhatêng mriku prêlu ajêjampi. Bedanipun kalihan Kyai Bêdor utawi Kyai Pênthèt, kyai enggal punika ragi karêm dhatêng arta, amila manawi wontên tiyang dhatêng prêlu ajêjampi, sadèrèng-dèrèngipun sampun dipun têdhani arta. Kabaripun samangke Muhamat Suryamaca sampun miruda saking dhusunipun, bokmanawi kuwatos bilih kacêpêng ing pulisi.

Wontên pawartos: benjing tanggal kaping 5 Nopèmbêr ing ngajêng punika, paduka Tuwan Th. A. Meister, residhèn ing Pakalongan, badhe nyuwun kèndêl saking kalênggahanipun.

Katêtêpakên dados asistèn residhèn ing Bayalali: Paduka Tuwan W.D.B.H. Mulder, asistèn residhèn ing Banyuwangi.

Katêtêpakên dados asistèn residhèn ing Banyuwangi: Paduka Tuwan G.K.J.A. Oosthout, asistèn residhèn ing Ngawi.

Katêtêpakên dados asistèn residhèn ing Blora: Paduka Tuwan W.F.D. Philips, asistèn residhèn ing Sragèn.

Katêtêpakên dados asistèn residhèn ing Sragèn: Paduka Tuwan J.H. Johan, kontrolir klas 1 golongan B.B.

Ing Surakarta dèrèng dangu punika dipun wontênakên komite, ingkang sêdyanipun badhe ambantu dhatêng para sêtudhèn ing nagari Walandi, mênggah ingkang katêtêpakên dados pangrèhing komite, inggih punika: Mr. Singgih, pangarsa, Dr. Suratman, panitra, M. Aliman, M. Martadiharja, M. Sastrataryana, R. Saronta Kusumadirja lan Wiryaprasonta, sami warga rumêksa.

Ing Ngalegyakarta[5] ingkang nandangi pakêmpalan-pakêmpalan P.S.I. P.N.I. lan Muhamadiyah.

Kabaripun samangke ing Surakarta wontên pasinaon anggambar corèk, manggèn wontên ing salah satunggiling kamar ing kantor kapatihan, dene ingkang kapiji dados kapalanipun: Mas Ngabèhi Wigyasuwarna, abdi dalêm mantri gambar ing Surakarta. Mas Ngabèhi Wigyasuwarna punika kala rumiyin sampun nate angsal tuntunan anggambar saking băngsa Eropah. Bayaranipun pasinaon enggal punika kabaripun mirah sangêt.

Todong gêlar sutan gunung Muriyah, guru Walandi ăngka 1 tumrap pamulangan andhap, samangke kabiyantokakên dhatêng pamulangan normal sêkul ing mistêr kornèlis, minăngka dados warga rad pangajaran.

Mas Sukirna sarta Radèn Tirta Wirata, kalih-kalihipun sêtudhèn pamulangan pangadilan luhur, sami angsal eksamênipun kandhidhat bagiyan kalih.

Kala tanggal kaping 27 Juli ingkang kapêngkêr punika, ing Bandhung mêntas dipun dêgi pangipun pakêmpalaning guru-guru Mulo.

Kala tanggal kaping 28 Juli ingkang kapêngkêr punika, saking Bandhung kawartosakên, bilih pamêdalipun panyadean sarêm salêbêtipun wulan Juni 1927 wontên f 1.527.000.- nalika Juni 1926 namung angsal f 1.345.000.-

Aneta martosakên, bilih militèr cacahipun 25 ingkang katahan wontên ing Bandhung, jalaran kadakwa tumut pakêmpalan komunis, sapunika kantun 18, sanèsipun sami kaluwaran, amargi dakwanipun kirang têrang. Militèr 25 wau botên wontên tiyangipun Anbon,[6] sadaya tiyang Mênadho sarta têtiyang siti tanah Jawi. Kintên-kintên ingkang 18 wau badhe kabucal dhatêng Dhigul.

Wontên pawartos, pamarentah maringi biyantu arta dhatêng paresidhenan Pasuruan f 163.000.- kangge waragad yasan margi ing Sumbêrsèwu - Sumbêrawa.

Aneta mirêng pawartos, bilih griya sakit tumrap tiyang edan ing Bogor badhe dipun agêngakên sarta badhe sagêd nampi tiyang sakit 400 malih. Griya-griya ingkang sampun wontên badhe kadamêl pondhokanipun têtiyang ewah ingkang nglênêng, ingkang badhe kadhatêngakên saking gri[7] sakit ing saindênging tanah Jawi. Kintên-kintên tiyang 100 saking griya sakit ing Bogor piyambak, badhe dipun opèni wontên ing griya ingkang enggal punika. Kapalaning griya sakit inggih punika Tuwan Dr. Travaglino botên dangu malih badhe kondur dhatêng nagari Walandi, kintên-kintên ingkang badhe anggêntosi Tuwan Dr. Stigter, samangke pangagênging griya sakit ing Grogol.

Sêrat kabar De Cour martosakên, bilih Tuwan De Jeer ingkang mêncarakên bab komunisme wontên kalangan militèr, badhe kakintunakên dhatêng griya sakit tumrap tiyang edan ing Bogor, supados kapriksa, amargi tansah ngatingalakên patrap kados tiyang ewah, nyamari yèn pandamêlipun ngantos botên kenging kaukum.

Aneta martosakên saking Padhang, bilih kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr punika ing ngrika wontên griya Tiyonghwa saha griyaning tiyang pribumi 6 kabêsmi ngantos têlas. Mênggah karugiyanipun pintên, samangke dèrèng kasumêrêpan.

--- 539 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

12

Kacariyos, Sang Prabu Marc tansah botên sagêd supe dhatêng aturipun para baron ingkang adamêl sêkêling galihipun punika. Sajak botên panuju kalihan panggalihipun, ewadene sang nata lajêng angêngintip lêlampahanipun Prabu Tristan tuwin sang pramèswari. Rahayunipun Brangien enggal mangêrtos dhatêng karsanipun sang nata. Saking rekadayanipun Brangien sang nata ngantos botên sagêd anguningani dhatêng lêlampahanipun Prabu Tristan kalihan sang pramèswari kados ingkang kaaturakên dening baron sakawan wau. Wusana sang nata anggalih, bilih lêlampahan ingkang makatên punika nistha sangêt, tur panjênênganipun botên sagêd anyirnakakên pandakwa awon dhatêng Prabu Tristan. Prabu Tristan lajêng dipun timbali. Pangandikanipun: Tristan sira kudu lunga saka ing karaton iki, sarta aja wani-wani bali manèh. Wong-wong kang ala atine padha andakwa marang sira yèn sira anglakoni panggawe ala, nanging ingsun ora karsa tutur pandakwa apa kang diaturake ing panjênênganingsun, awit manawi ingsun caritakake mêsthi gawe wirangingsun lan sira. Aja sira nyoba anglêrêpake sêkêling panggalih ingsun sarana têmbung manuara, awit bakal tanpa guna. Ewadene ingsun ora pracaya marang aturing wong-wong mau, saupama ingsun pracayaa sira wis mêsthi ingsun patrapi ukuman pati. Ananging ature kang anatoni panggalih ingsun iku anjalari sêkêling panggalih ingsun, bisane lêjar panggalih ingsun iku mung manawi sira lunga saka ing karaton iki. Wis budhala, gèr, wruhanamu ingsun isih trêsna marang sira. Bokmanawa ing têmbe sira ingsun timbali manèh. Sasampunipun nampi dhawuhipun sang nata ingkang makatên punika, Prabu Tristan inggih lajêng mangkat anilar karatonipun ingkang rama paman.

Sarêng baron sakawan mirêng pawartos kesahipun Tristan saking karaton, tumuntên sami wicantên makatên: tukang sulap iku saiki wis lunga saka ing karaton, lungane ditundhung ing sang nata kayadene anundhung maling, kapriye banjuring lêlakone. Bokmanawa bakal mênyang ing tanah sabrang, suwita marang ratu kang nagarane adoh saka ing kene. Kacariyos sasampunipun anilar karaton, Prabu Tristan botên kadugi anglajêngakên lampahipun, sarta kèndêl ing dhusun Tintagel mondhok ing griyanipun tiyang dhusun ngriku kadhèrèkakên dening sang Gorneval. Sarêng wontên ing ngriku Prabu Tristan gêrah bêntèr. Saking sangêting gêrahipun, ngantos angungkuli nalika nandhang tatu kenging dêdamêlipun sang Morhout rumiyin, kala panjênênganipun gêrah sangêt atêtirah ing sapinggiring sagantên, sanajan sariranipun anggănda arus, taksih wontên têtiyang ingkang purun anyêlaki ing sariranipun, inggih punika: Sang Gorneval, baron Dinas ing Lidan tuwin Sang Prabu Marc. Nanging sapunika ingkang purun nyêlaki namung sang Gorneval kalihan baron Dinas ing Lidan kemawon. Prabu Tristan sêsambat: Dhuh, rama prabu sapunika sakit kawula langkung sangêt tinimbang kala rumiyin. Sangêting panggalih paduka sapunika anglangkungi katrêsnan paduka dhatêng ing jasad kawula. Pinuju gêrahipun ambêntèri, Prabu Tristan rumaos nitih titihan angênêr karaton, kêpengin manggihi sang pramèswari, titihanipun anrajang pagêr temboking karaton ngantos dhawah, Prabu Tristan ugi katut dhawah, nanging lajêng pangkat malih saha nyandêrakên titihanipun.

Ing salêbêting karaton, Sang Putri Isolde ugi anandhang gêrah wuyung saha rumaos kapêncil. Ing sadintên-dintênipun kêdah api-api bingah, makatên ugi manawi pinuju piyambakan kalihan sang nata. Sang putri karsa lolos angupadosi Prabu Tristan. Ing wanci dalu supêna: rumaosipun sang putri kados sampun wungu saking pasareyanipun saha kados sampun tindak dhatêng ing korining kamar, nanging ing têngah kori ginantungan dêdamêl landhêp sangêt, dening têtiyang awon anatoni jêjêngkunipun sang pramèswari. Rumaosipun sang putri tatunipun mêdal rahipun kathah sangêt.

Saèstunipun upami botên wontên tiyang ingkang atêtulung dhatêng băngsa luhur kêkalih ingkang sawêg nandhang gêrah bêntèr saha ingkang sami nandhang wuyung wau tamtu sagêd dados tiwas. Dene ingkang atêtulung punika botên sanès kajawi pun Brangien. Sarana dhêdhêmitan, Brangien sagêd mêdal saking ing karaton, lajêng dhatêng ing griya pondhokanipun Prabu Tristan. Sang Gorneval ambikak kori kanthi bingahing manah. Brangien nuntên angaturi rekadaya dhatêng Prabu Tristan amurih sagêdipun pêpanggihan kalihan sang pramèswari.

Ing sawingkinging karaton Tintagel wontên pakêbonan wiyar pinagêran ing kajêng lêlonjoran kiyat sangêt. Kêbonan wau katanêman kêkajêngan tuwin woh-wohan warni-warni, sami awoh ambiyêk angêmohi. Sêkaring wit-witan sami marbuk wangi gandanipun. Swaraning pêksi pating caruwèt kados tatanipun tiyang ingkang nêmbe sukan-sukan. Inggih sapinggiring kêbon ing sacêlaking pagêr kajêng lêlonjoran wau, panggenan ingkang têbih piyambak dunungipun saking ing karaton, sarta wontên kajêngipun agêng saha inggil sangêt, sauwit, bangsanipun kajêng cêmara, dêlêgipun agêng sarta kiyat, pangipun [pangi...]

--- 540 ---

[...pun] kathah. Ing sangandhapipun kajêng wau wontên talaganipun, toyanipun bêning sangêt. Pinggir talaga tinembok ing marmêr mubêng, toyanipun kailèkakên dhatêng ing salêbêting karaton, anjog ing kaputrèn, anglangkungi pakêbonan wau.

Kacariyos, sabên sontên Prabu Tristan adamêl tatal alit-alit, sasampunipun pikantuk kathah lajêng tindak dhatêng ing pakêbonan sawingkinging karaton wau. Ing ngriku Prabu Tristan lumumpat ing pagêr kajêng ingkang lancip-lancip pucukipun punika. Sadumuginipun ing sangandhapipun kajêng agêng wau, tatal bêbêktanipun saking griya pondhokanipun tumuntên kakentirakên ing talaga, kados aturipun Brangien kala dhatêng ing dhusun amanggihi panjênênganipun. Tatal wau sami kentir dhatêng ing karaton, têrus dhatêng ing kaputrèn. Kacariyos Sang Putri Isolde tansah angajêng-ajêng dhatênging tatal. Anuju ing wanci sontên, kalêrêsan sang prabu têdhak apêpara sawatawis dintên laminipun, kadhèrèkakên para baron. Sang putri nuntên manggihi Prabu Tristan ingkang angêntosi ing sangandhaping kajêng agêng wau. Tindakdipun[8] dhêdhêmitan saha samar amargi tansah amriksani kiwa têngên bokmanawa wontên ingkang angintip ing sariranipun. Sarêng Prabu Tristan ningali sang putri rawuh enggal dipun papagakên sarta dipun rangkul. Ing wanci pajar enjing sang putri ngandika: Dhuh, Tristan punapa para tukang baita ing sagantên botên sami andongèng bilih kraton Tintagel punika kraton sulapan utawi ciptan. Sarta ing salêbêtipun sataun ngantos kaping kalih amusna, inggih punika ing salêbêtipun măngsa asrêp sapisan, lan kaping kalihipun ing salêbêtipun măngsa bêntèr. Salêrêsipun inggih sapunika punika karaton wau musna. Punapa para tukang clêmpung botên nyariyosakên bilih kêbonan punika kêbonan ingkang elok. Ingkang kinubêngan ing pagêr hawa. Wit-witanipun sami asêkar sae-sae tiningalan, sitinipun anggănda wangi. Ing salêbêting kêbonan wau wontên satriya kêndêl sangêt sawêg sih-sinisihan kalihan ingkang sakalangkung dipun trêsnani. Satriya wau botên sêpuh-sêpuh, salaminipun ênèm kemawon, sarta botên wontên mêngsah ingkang sagên[9] angrisak tembok hawa wau.

Kala samantên prajurit inghang[10] sami anjagi karaton sampun sami angungêlakên tarompètipun, mratandhani bilih sampun mèh rahina.

Prabu Tristan amangsuli pangandikanipun sang putri: Tembok hawa punika sampun risak. Kêbonan punika dede kêbonan ingkang elok. Nanging ing têmbe, sadhèrèk, kita badhe sami dhatêng ing nagarinipun tiyang ingkang gêsangipun mukti wibawa sangêt. Têtiyang ingkang sampun dumugi ing ngriku botên badhe wangsul malih. Ing ngriku wontên karaton saking marmêr, warninipun pêthak sangêt. Jandhelanipun wontên satus. Sadaya jandhela wontên lilinipun nyatunggil ingkang sami murub, sarta wontên tiyang têtêmbangan ingkang lagunipun botên pêdhot-pêdhot. Ing nagari wau botên wontên surya, nanging tansah padhang. Sayêktosipun inggih nagari punika nagarinipun tiyang ingkang gêsangipun mulya sangêt. Kala samantên puncak-puncakipun manaraning karaton sampun kasunaran ing surya, ingkang amadhangi sela-sela pasagi sakawan, warninipun ijêm lan biru.

Kacariyos, sang pramèswari bingah malih panggalihipun, makatên ugi sang nata inggih botên anggalih awon malih dhatêng sariranipun. Nanging para baron ingkang sami awon manahipun wau mangrêtos bilih Prabu Tristan lan sang putri sampun pêpanggihan malih, pramila sang putri katingal berag sangêt. Pramila baron sakawan lajêng ngintip-intip sang putri, nanging tanpa damêl, jalaran Brangien tansah anjagi lêlampahaning bêndaranipun supados sampun ngantos kasumêrêpan ing tiyang. Anuju satunggiling dintên Ertoh Andret wicantên makatên dhatêng para baron ingkang saeka-praya kalihan piyambakipun: Dhuh, satriya, sumăngga sami pitakèn dhatêng Frocin, tiyang bucu ingkang mangêrtos dhatêng ngèlmu palintangan tuwin sulapan, prakawisipun Sang Putri Isolde tuwin Tristan punika. Manawi piyambakipun purun, kula lan sampeyan sami badhe sumêrêp kadospundi akalipun Isolde dene ngantos botên sagêd kasumêrêpan ing tiyang sanès lêlampahanipun. Jalaran manawi wontên lare nêmbe lair, piyambakipun sagêd anêmtokakên kadospundi badhe kawontênaning gêsangipun ing têmbe wingking, inggih punika sarana ningali lampahipun lintang-lintang.

Kacariyos para baron wau lajêng sami manggihi tiyang bucu. Ing sarèhne tiyang bucu wau ugi gêthing dhatêng tiyang ingkang pinunjul ing warni, saha dhatêng tiyang ingkang bèr ing kawanèn, kados Sang Putri Isolde tuwin Prabu Tristan, mila inggih lajêng angêdalakên pirantos saking panujumanipun, tumuntên andonga saha aningali lampahipun lintang luku, tuwin sanès-sanèsipun. Wicantênipun: Dhuh, para satriya, mugi sampun kuwatos. Mangke dalu kemawon sampeyan sami badhe sagêd nyêpêng tiyang kêkalih punika. Sasampunipun rampung anggènipun ningali panujumanipun tiyang bucu punika lajêng kabêkta sowan ing ngarsanipun sang nata. Tukang sulap lajêng matur: Gusti, mugi paduka karsa paring dhawuh dhatêng para gêrma supados sami anyawiyakakên kapal tuwin sagawonipun, saha paring dhawuh dhatêng para abdi dalêm sadaya, bilih paduka badhe karsa tindak ambêbêdal[11] dhatêng ing wana pitung dintên pitung dalu laminipun. Ing dalu punika paduka badhe sagêd anguningani piyambak, pitêpangipun Tristan kalihan sang pramèswari. Manawi atur kawula punika dora, muri[12] karsaa matrapi ukuman pêjah dhatêng jasad kawula, sang nata inggih lajêng anglêksanani sadaya aturipun tiyang bucu wau. Ing wanci sontên para gêrma katilar wontên ing wana, sang nata kalihan tiyang bucu wangsul dhatêng ing karaton anitih titihan, mêdal ing margi ingkang namung kauningan ing sang nata piyambak, anjujug ing patamanan ing sangandhaping kajêng agêng ingkang kasêbut ing nginggil.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


nagari. (kembali)
katingalipun. (kembali)
Puspadênta. (kembali)
Muhamad. (kembali)
Ngayogyakarta. (kembali)
Ambon. (kembali)
griya. (kembali)
Tindakipun. (kembali)
sagêd. (kembali)
10 ingkang. (kembali)
11 ambêbêdag. (kembali)
12 mugi. (kembali)