Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-15, #41

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-15, #41. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-15, #41. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 50, 20 Jumadilakir Taun Jimakir 1858, 15 Dhesèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [901] ---

Ôngka 50, 20 Jumadilakir Taun Jimakir 1858, 15 Dhesèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Pasiraman ing Surawana.

[Grafik]

Mèh sabên nagari tamtu wontên pasiraman ingkang nêngsêmakên. Ing nginggil punika gambaripun pasiraman ing Surawana, têbihipun saking Pare (Kêdhiri) namung wontên pitung pal. Kathah para priyantun ingkang sami rawuh ing ngriku.

--- 902 ---

Pangandikanipun Sang Minulya Rabindranat Tagor.

Kawruh Hindhu kalihan tanah Asiah sisih kidul wetan. Kala sang pujôngga Rabindranatagor ingkang nalika punika wontên ing Kalkutah, dipun suwuni priksa dening salah satunggiling wêwakilipun sêrat kabar Inggris: ingkang minulya anglairakên gênging bingahipun ing panggalih, dene sampun kalêksanan punapa ingkang dados idham-idhamanipun, inggih punika sumêdya andon lêlana prêlu analiti kamajênganing kabudayan Hindhu ingkang sumêbar wontên ing jajahan tanah wetanan. Mênggah saking pangandikanipun ingkang minulya, kawontênan-kawontênan wau jêbul sampun anglangkungi kados ingkang sampun kacipta ing panggalihipun. Kala rumiyin ing ngriku kabudayan wau sampun dipun wiwiti, ingkang pancènipun prêlu dipun awat-awati. Jalaran saking punika lajêng katingal gêgandhenganing kabatosanipun tanah Hindhu kalihan tanah Asiah sisih kidul wetan. Dene kawontênan ingkang makatên wau kenging dipun perang dados kalih, inggih punika ingkang saperangan kawontênanipun ing tanah Jawi, ingkang saperangan malih wontên ing Siyêm.

[Grafik]

Sang minulya Rabindranatagor.

[Grafik]

Candhi Barabudhur.

Tanah Jawi lan Bali punika dipun wigatosakên sangêt dening sang minulya, jalaran saking kawontênanipun candhi-candhi ingkang sampun sami risak lan malih kawontênaning gêsangipun tiyang padintênan ing tanah kêkalih wau, lajêng anelakakên, bilih dhasaring kagunan Hindhu prasasat kapindhah dhatêng tanah sanès. Mila inggih lêrês, bilih samangke dhêdhasaripun kabudayan ing tanah Jawi katutup lan risak, kadosdene kawontênanipun candhi-candhi Barabudhur lan Prambanan, punika ingkang suwau ugi katutup ing rêrumputan ngantos pintên-pintên windu laminipun, nanging saking talatosipun para Walandi ingkang sami ahli barang-barang kina, anggènipun analiti, sadèrèngipun kagunan wau kawêntar kados wontênipun samangke, punika inggih lajêng sagêd dipun pêpulih.

Mênggah kawontênan sarta dayanipun kawruh Hindhu

--- 903 ---

ingkang kacêtha kaluhuranipun wontên ing candhi Barabudhur, miturut pangandikanipun sang minulya, bilih kawruh Buda ing tanah Jawi, punika enggal sangêt kadhêsuk dening kawruh Hindhu ingkang kala samantên gêsang malih wau. Kawruh Buda punika lumêbêtipun dhatêng tanah kêkalih kasêbut nginggil enggal sangêt, saha wiwitanipun inggih lajêng katingal agêng, nanging cacadipun têka botên dipun rampungakên, mila candranipun kadosdene kawruh ingkang amêm. Ing môngka sajatosipun para têtiyangipun ing tanah kêkalih punika pancèn kalêbêt bangsaning tiyang ingkang sami anggadhahi dhasar kagunan. Kagunanipun tiyang Jawi punika pancèn satunggaling kasugihan ingkang kaparingakên ing manusa.

[Grafik]

Candhi Prambanan.

Têtiyang wau panampinipun kawruh Hindhu kalayan rêsêping manah, beda kalayan panampinipun kawruh Buda, jalaran tumandukipun botên sagêd amranani dhatêng manah. Barabudhur punika iyasanipun satunggiling tiyang ingkang agêng panguwaosaipun, ananging patilasan-patilasan Hindhu ing Prambanan punika anelakakên têtilaraning tatacara utawi wêwatêkanipun para kawula ing jaman kina, pramila tancêbing kagunan Hindhu inggih lajêng lêbêt sangêt rumasukipun dhatêng sanubari.

Pangandikanipun sang minulya: adêgipun Barabudhur punika amiyambaki, sêpi, nanging santosa, sajakipun kadosdene satunggaling kêkiyatan anggènipun anggambar ciptanipun ingkang luhur, manawi miturut [mitu...]

--- 904 ---

[...rut] kawontênanipun, mila inggih mungguh sangêt, punapa malih kawontênanipun èmpèr-èmpèr ingkang sami cinawirêngga ing rêca-rêca, saha ingkang anggumunakên sangêt dene tansah katingal sae kemawon, ing môngka nitik tata lairipun Barabudhur punika botên nêtêpi kados ingkang dipun pikajêngakên. Malah manawi dipun taliti ingkang sayêktos, tumangkaring papêthanipun Buda ingkang kaprah, ingkang tanpa rêrênggan punapa-punapa, punika anelakakên maligi namung panguwasanipun caciptan satunggal, sarta ing ngriku botên wontên panggayuh dhatêng ewah-ewahan sanès. Kosokwangsulipun, candhi Hindhu ing Prambanan punika sae, amargi nyata, bilih caciptan satunggal sagêd kalairakên warni-warni, awit punika satunggiling yêyasan kagunan ingkang tumuwuhipun saking kêmpaling caciptan lan kawujudan. (Badhe Kasambêtan)

Babadipun Têtêdhan ing Jêpang.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 48)

Dene wiwitipun tiyang Jêpang sami nêdha ès, punika inggih ing jaman kala samantên. Ing jaman kala nagari Jêpang dipun ratoni dening Raja Gintoku, manawi kalêrês wanci asrêp têtiyang sami simpên ès wontên ing salêbêting siti ngantos 10 kaki lêbêtipun. Ès wau dipun tumpuk wontên ing ngriku, salajêngipun nuntên dipun lêt-lêti mawi gêlaras. Anggènipun mêndhêti utawi anggènipun nêdha manawi ing môngsa bêntèr.

Salajêngipun têtiyang Jêpang inggih nêdha sêkul kados ingkang sampun-sampun, ingkang kathah panêdhanipun sarana dipun olah. Kadhang-kadhang ugi sok nêdha sêkul ingkang kaêpe (sêkul aking). Sêkul aking wau dipun anggêp utami sangêt tumrap sanguning tiyang ingkang kêkesahan, amila dipun bêtahakên sangêt. Uwos kêtan punika asring dipun wor kalihan uwos limrah, ugi dipun olah saha lajêng dipun êpe. Pangolahipun wontên ing kêndhil, lajêng dipun gajuli mawi gandum. Kala punika tanêman juwawut tingalipun ugi dipun agêngakên. Ingkang dipun pigunakakên kangge bumbu, inggih punika: kecap, cokak lan sarêm. Kala punika namining sarêm beda kalihan samangke, makatên ugi kecap. Kecap wau lajêng dados têdhanipun têtiyang ing têmbe wingking lan ing samangke, bukwit, bangsaning gandum, ingkang samangke dados têtêdhan ingkang prêlu sangêt, punika wiwit kêlimrahipun katêdha, inggih ing abat samangke kemawon.

Agêr-agêr lan sasaminipun, utawi malih pamêdaling siti, kadosdene: brambang, mrica, wortêl, kerut, bawang lan sapanunggilanipun ugi dipun têdha.

Salajêngipun bab panêdhaning daging saya suda, makatên ugi bab kawontênaning tiyang mragad rajakaya utawi ambêbêdhag, amargi kabêkta saking ajênging agami Buda ingkang lumêbêt ing ngriku angawisi bab punika. Sarêng bab makatên punika tumindak ing ngriku, satêmah angajêngakên panêdhanipun bangsaning

--- 905 ---

ece, agêr-agêr lan sasaminipun. Kajawi punika kakap utawi ulam loh sanès-sanèsipun.

Wowohan ingkang katêdha, inggih punika: pir, sarangan, jêram, sêmôngka tuwin sanès-sanèsipun. Kala jaman paprentahanipun Raja Somu, ing ngriku wiwitipun ananêm jêram kêprok saha mêdalipun katingal sae, ing jamanipun Raja Kotoku, sawêg wontên ingkang ngaturakên powan lêmbu dhatêng panjênênganing nata, asal saking tanah Koreyah. Powan wau lajêng dipun anggêp kados jampi ingkang pêng-pêngan. Lumêbêtipun tèh ing nagari ngriku ugi anyarêngi môngsa wau. Salêbaripun punika lumêbêtipun tèh ing ngriku lajêng dipun kèndêli, ing wusana ing têmbenipun ugi kaparêngakên malih.

Sarêng sampun gantos abad malih, pangolahing sêkul lajêng sarana dipun êdang, punika dipun anggêp pangolah ingkang sae piyambak, wontên ingkang pangolahipun sarana dipun liwêt wontên ing kêndhil utawi wontên ing panci. Olah-olahan ingkang makatên wau dipun wastani: kayu, nanging beda kalihan kayu ingkang awarni bubur cuwèr kados ingkang pinanggih ing jaman sapunika, ananging awujud sêkul limrah.

Nalika ing jaman rumiyin tumrapipun para luhur, kayu punika kagêm sarapan, nanging ing têmbenipun malah kangge dhahar. Kala punika panêdhanipun sêkul aking sami kathahipun kados ingkang sampun-sampun. Tumrap panyugata tamu ing môngsa dhahar mawi kaladosan: tonjiki, inggih punika ingkang sairib kalihan sêkul golong.

Tumrap ing uwos ingkang dipun sosoh utawi botên dipun sosoh, limrahing panêdhanipun sarana dipun olah, ananging ingkang kathah botên mawi dipun sosoh.

Mênggah patrap aggêmèni uwos, punika tumraping jaman kina tuwin sapunika sami kemawon, inggih punika sarana dipun gajuli juwawut: kathah tiyang adamêl kayu saking campuraning uwos kalihan jawawut wau.

Ing ngriku bab kagunan olah-olah katingal saya majêng sangêt, langkung malih bab pangolahipun ulam loh, punika angungkuli ingkang sampun. Ingkang makatên wau andadosakên gênging manahipun tiyang ingkang dipun para tamoni, dene gadhah kasagêdan olah-olah ingkang cikat sarta ingkang sagêd kapamèrakên dhatêng tamu ing sadèrèngipun dhahar. Pinanggihing olah-olahan: slad ulam loh, sop tuwin olah-olahan garingan inggih ing jaman punika.

Sarêng sumêbaring agami Buda, lajêng ngicalakên kagunganing olah-olah bangsaning daging, sanadyan tigan ing wêkdal punika wiwit katêdha kadosdene ingkang kasêbut ing buku kina.

Bangsaning pêksi ingkang kêlimrahipun dipun têdha, inggih punika bangsaning ayam alas, banyak, mliwis lan sanès-sanèsipun. Kosokwangsulipun ing bab pangombenipun powan, malah saya majêng.

Ingkang makatên punika, dados têtela bilih kawontênaning têdha ing tanah Jêpang, wiwit ing jaman kina dumuginipun ing sapunika, mèh botên wontên bedanipun.

--- 906 ---

Abên-abên Tiyang kalihan Lêmbu.

Kasênênganing manusa punika warni-warni sangêt, kados ta: tayuban, dhansah, gambusan, lan sanès-sanèsipun.

Satunggiling nagari punika tiyangipun sami anggadhahi kasênêngan piyambak-piyambak, makatên ugi ing nagari Sêpanyol, punika wontên kasênênganing têtiyang ing ngriku, ingkang tumrapipun nagari sanès dipun anggêp panganiaya utawi kasênêngan ingkang angêmar-êmari, inggih punika: abên-abên tiyang kalihan lêmbu. Mênggah cara-caranipun makatên:

[Grafik]

Ing ngriku pancèn sampun sadhiya lêmbu jalêr pilihan ingkang tansah ingupakara murih galakipun. Manawi sampun dumugi titimangsaning abên-abên, lêmbu wau lajêng dipun bêkta mawi krangkèng dhatêng satunggiling papan wiyar, ingkang dipun ubêngi ing pêpanggungan mawi undhak-undhakan kangge linggihipun têtiyang ingkang sami ningali, ing ngriku inggih dipun sadhiyani panggung ingkang maligi kangge palênggahanipun sang nata sawandu-wandawanipun, tuwin para luhur sanèsipun. Manawi panggenan ngriku sampun pêpak ingkang sami ningali, lêmbu lajêng dipun êculakên. Dene têtiyang ingkang sami kapatah dados mêngsahipun, punika kaperang dados kalih, ingkang saperangan têtiyang lumampah dharat sami anggêgiro lêmbu sarana pirantos awarni sutra abrit saha sasisihipun cêmêng, ingkang wiyaripun kirang langkung saelo pasagi, ingkang saperanganipun malih, têtiyang sami numpak kapal ambêkta dêdamêl pêdhang anggar. Patrapipun têtiyang ingkang kêdah anggêgiro wau, sami anglêlèdhèk lêmbu sarana sutranipun abrit, dipun cêpêngi ing tangan kalih, kajèrèng wontên sangajênging lêmbu. Sarèhning lêmbu punika manawi sumêrêp wêwarnèn [wê...]

--- 907 ---

[...warnèn] abrit-abrit têmtu gambira, amila sarêng dipun athungi ing abrit-abrit wau, inggih lajêng têrus dipun srudug, ananging saking kaprigêlanipun, tiyang ingkang kasrudug wau lajêng endha, saha amalik abrit-abritipun linintu ingkang cêmêng, makatên salajêngipun ngantos lêmbu dados muring-muring sayêktos. Manawi lêmbu sampun katingal muring-muring sangêt, mêngsah ingkang numpak kapal lajêng dhatêng amurugi kalayan nyobi nyuduk lêmbu mawi pêdhangipun anggar.

Mênggah kawontênanipun abên-abên wau, manawi mêngsah ingkang numpak kapal pancèn prigêl lan prayitna, inggih tumuntên sagêd amêjahi lêmbunipun. Ananging manawi lena, sagêd cilaka piyambak jalaran kasrudug ing lêmbunipun wau. Kajawi punika wontên malih ingkang mêngsah lêmbu wau botên mawi numpak kapal, namung dharat kemawon sarta inggih ambêkta dêdamêl pêdhang anggar. Kawontênanipun tiyang wau saya ambêbayani, mila bilih ngantos lena sakêdhik kemawon, jiwaning tiyang wau têmtu sagêd kabur dening singating lêmbu, mirsanana gambar ingkang kacêtha ing sisih punika.

Môngga para maos, kula aturi manggalih, punapa botên anggumunakên, ing ngatasipun jaman samangke têka taksih wontên têtingalan utawi kasênêngan ingkang ambêbayani tuwin siya-siya makatên, awit punapa inggih botên angêrês-êrêsi manah, dene pêjahing lêmbu wau prasasat dipun ranjam. Punapadene kapal, langkung malih tiyangipun ingkang numpaki, manawi pêjahipun wau jalaran kasundhang ing lêmbu, gèk kados punapa kemawon kumêsar utawi kumêpyuring manahipun ingkang sami ningali.

Ewasamantên ing tanah Jawi inggih wontên abên-abên ingkang saèmpêr punika, ananging ingkang makatên wau sampun kala ing jaman kina, inggih punika miturut cariyosing sêrad Babad Dêmak, nalika Ki Agêng ing Sêsela lumêbêt badhe dados prajurut tamtama ing Dêmak, punika kaprawiranipun lajêng kadadar sarana dipun abên kalihan banthèng. Salêbêtipun pôncakara banthèng pêjah tinêmpiling rêmuk sirahipun. Ewadene Kyagêng Sêsela botên sagêd katampèn pasuwitanipun, jalaran kagalih ajrih ing pêjah, sabab nalika muncrating êrahipun banthèng, kyai agêng mengo, kuwatos manawi kacipratan.

Wontên malih nunggil jaman, inggih punika: kala ing Dêmak kadhatêngan maesa ngamuk, saha ingkang lajêng angrisak-ngrisakakên. Sarèhning maesa wau têguh timbul, botên têdhas dipun dêdamêli, sinuhun ing Dêmak lajêng sayêmbara: Sintên ingkang sagêd anyirnakakên maesa punika, agêng ganjaranipun. Ing wusana maesa ugi pêjah dening Radèn Jaka Tingkir.

Dados kawontênan ingkang makatên punika, ing ngriki sanajan kala ing jaman kina inggih dede bangsaning kasênêngan kadosdene caranipun tiyang ing Sêpanyol wau, ananging upami jamana samangke, saminipun lare sêkolah dipun eksamên.

--- 908 ---

Antêping Kasêtyan, Têtêping Kabatosan.

Mênggah sayêktosipun, satunggil-tunggiling golongan punika pamanggihipun têmtu beda-beda, kados ta: golonganing para sudagar punika pamanggihipun têmtu botên nunggil kalihan pamanggihipun golonganing priyantun. Golonganing para sudagar wontên ingkang amastani, bilih priyantun punika sajatosipun kenging dipun wastani: garang-garing, katingalipun mila inggih garang lan brêgas, ananging: kanthong kosong. Kosokwangsulipun golonganing priyantun, punika ugi wontên ingkang amastani, bilih pandamêlaning sudagar punika salêrêsipun pakaryan ingkang asor. Mênggah ingkang makatên punika, mila inggih botên kenging dipun paibên, amargi sintên ingkang rêmên angawon-awon dhatêng golongan utawi krabatipun piyambak, punika prasasat angawon-awon sariranipun piyambak. Langkung malih manawi angèngêti wontênipun para ingkang sami nyambut damêl dhatêng gupêrmèn kalihan para kaum pagêrakan, punika kenging dipun wastani rujak sêntul sayêktos. Golonganing para punggawa gupêrmèn asring sok amastani, bilih para kaum pagêrakan punika: kuwanènên, kumêndêl-kêndêl, winihing pangrusak katêntrêmaning praja, lan sanès-sanèsipum,sanès-sanèsipun. makatên ugi para kaum pagêrakan wontên ingkang amastani para punggawaning gupêrmèn racuning kawula, kaum sanah, botên anggadhahi antêping kasêtyan, têtêping kabatosan tumrap bangsanipun, lan liya-liyanipun. Pundi pamanggihing golongan satunggil-tunggilipun ingkang lêrês, punika namung sumarah dhatêng para maos.

Èstunipun wontêning pasulayan antawisipun satunggil-tunggiling golongan, punika botên ngêmungakên ing samangke kemawon, ananging wiwit rumiyin mila, kawontênanipun donya punika tansah pasulayan, tuladhan agêng: satunggal-tunggaling nagari asring ngawontênakên pasulayan rêbat unggul, rêbat panguwasa, ingkang satêmah anuwuhakên paprangan warni-warni. Makatên ugi wontênipun pakêmpalan warni-warni ing salêbêting praja. Punika ugi asring anuwuhakên pasulayan rupi-rupi.

Dene tuwuhing pasulayan ingkang kados makatên wau, yèn dipun gagas ingkang lêbêt, wosipun botên wontên malih kajawi namung nêdya badhe nyatunggalakên tekad, ingkang anjog dhatêng katêntrêman, dados saupami tekadipun wau sampun nunggil, sampun tamtu lajêng botên ngawontênakên pasulayan, awit botên wontên rêmbag ingkang botên gathuk.

Mênggah ingkang nama kasêtyan, punika inggih sampun cêtha, bilih têgêsipun anyêtyani dhatêng kaanan ingkang badhe mikantuki dhatêng badanipun piyambak, upaminipun tiyang ngèngèr sêtya ing bandara, yèn tiyang dagang sêtya dhatêng tumindaking rekadayanipun, sadaya wau mênggah lèrègipun ugi lajêng nama anyêtyani dhatêng badanipun piyambak.

Dene ingkang nama têtêping kabatosan, punika raos ingkang botên ewah gingsir, [ging...]

--- 909 ---

[...sir,] botên korup dhatêng pandamêling liyan, awit samôngsa namung tansah kêsuk saking dayaning liyan, batosipun inggih tansah botên têtêp.

Ingkang makatên punika, dados saupami manungsa tansah anêtêpi dhatêng raos kalih prakawis wau, bokmanawi inggih lajêng têbih dhatêng pasulayan, awit sumêrêp dhatêng ancêr ingkang pancèn tansah têtêp tanpa oncad. Nanging samôngsa ewah saking bakunipun, lajêng dados anglambrang malih.

Mila mênggahing pamawas, wajib manungsa kadunungan dhêdhasar kalih prakawis wau, yèn kalampahan makatên, tamtu lajêng angrumaosi manawi èwêd pakèwêd punika, namung saking pandamêlipun piyambak.

--- 909 ---

Karajan Mêsir.

Mênggah nagari Mêsir punika karaning tumrapipun bôngsa Arab, bôngsa Pèrsi, bôngsa Hindhu lan bôngsa wetanan sanès-sanèsipun, ananging tumrapipun bôngsa Eropah anggènipun mastani: Egiptê. Nagari Mêsir punika, nagari ingkang sampun kina sangêt, sampun kocap, kintên-kintên 4000 sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa a. w. miyos. Tumrap têtiyang Jawi, nagari Mêsir punika sampun dipun sumêrêpi cacriyosanipun, kados ta: ing cariyosasipuncariyosanipun. Dèwi Juhar (Johar)manik, lan ingkang kasbut ing dongèng-dongèng sanèsipun. Amila ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis bab kawontênanipun nagari Mêsir.

Ing kinanipun, bôngsa Mêsir punika kacariyosakên sampun inggil bêbudènipun. Kala punika piandêlipun tiyang Mêsir dhatêng dewa warni-warni. Kapitadosanipun sasampunipun pêjah, ugi manggih gêsang malih. Utawi malih tiyang ingkang pêjah mulya, punika ingkang mayitipun botên risak, amila ing jaman punika têtiyang Mêsir kasuwur anggènipun sagêd angrimati mayit-mayit ngantos pintên-pintên èwu taun botên risak. Tumrap tiyang limrah pangrimatipun wau namung wontên ing guwa-guwa, ananging tumraping para raja sami dipun yasakakên candhi, ingkang kangge ngrimat utawi papan pangrimatan layon-layoning raja wau, dumugi samangke taksih, ing ngriku ugi wontên sêsêratan Mêsir kina, ingkang sawatawis sampun kasumêrêpan suraosing pikajêngipun, saha ingkang anjalari sumêrêpipun dhatêng babading Mêsir sawatawis.

Mênggah babading nagari, Mêsir punika kagolong sêpuh piyambak. Wiwit kintên-kintên 4000 taun sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos, sampun wontên ingkang jumênêng nata ngantos turun-maturun pintên-pintên nata. Ananging nagari Mêsir punika tansah kalurugan ing karajan saha katêlukakên, kados ta: kalurugan ing praja Suriah, ngantos ingkang jumênêng nata ing ngriku ugi bangsaning tiyang Suriah. Ing wêkdal punika karajan Mêsir katingal majêng sangêt, jalaran saking anggènipun tansah agêgulêtan kalihan bôngsa Grik, kathah tiyang Mêsir ingkang sami nulad kawruh tuwin kabudayanipun tiyang Grik. Nanging pangêsuripun karajan Suriah wau botên langgêng, [lang...]

--- 910 ---

[...gêng,] namung watawis 150 taun laminipun, lajêng gêntos kêsur ing karajan Pèrsi, ugi botên dangu, lajêng madêg piyambak, ananging ugi wangsul kabawah ing Pèrsi malih. Botên dangu lajêng dipun rêbat dening Sultan Iskandar Dulkarnèn ing Magêdhoni, dangu-dangu ing ngriku lajêng wontên ingkang madêg nata. Wiwit punika kawruh Mêsir saya kadhêsêk ing kawruh Grik, lan pandhêsêkipun kawruh Grik wau dados kasuwur. Ing ngriku lajêng dados dêdunungipun para ahli kawruh. Inggih ing salêbêting jaman wau, tuwuhing kabudayanipun bôngsa Mêsir ing bab yêyasan, ingkang ngantos sapriki taksih pinanggih tilasipun, inggih punika: candhi warni-warni. Salajêngipun nagari Mêsir kêrèh ing krajan Ngêrum, saha lajêng kathah tiyang ingkang sami ngrasuk agami Kristên. Ananging sarêng tuwuhipun agami I-

[Grafik]

Layonipun Raja Pirangon, ingkang rinimat sampun ewon taun.

--- 911 ---

slam, Mêsir wau lajêng karêbat ing bôngsa Arab, saha kathah tiyangipun ingkang lajêng sami lumêbêt ing agami Islam ngantos sapriki. SasapunipunSasampunipun. punika, nagari Mêsir lajêng dados bawahipun karajan Turki, saha ing ngriku dipun wontênakên pangagêng, ingkang dipun wastani: kèdhiphê, têgêsipun: raja mudha.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Sang Prabu Phuad, nalika maratamu ing karajan Bèlgi, nitih rata saking sêtatsiyun dhatêng kadhaton. Ingkang lênggah ing sisih kiwanipun Prabu Phuad, nata ing Bèlgi, ingkang lênggah ngajêng pangeran adipati ing Bèlgi.

AnapingAnanging. dangu-dangu lajêng tuwuh pasulayan ingkang anjalari botên adamêl têntrêming nagari ngriku. Ing môngsa wau kêtrambul dhatêngipun Raja Napoleon ing Parangakik, nglurug pêrang ngriku, ananging botên dangu lajêng wangsul malih. Kacariyos, kala ingkang jumênêng raja mudha ing Mêsir: Sang Muhamad Ali, pasulayanipun kalihan Turki saya sangêt, ngantos karajan Eropah sanès-sanèsipun sami tumut angrêrapu murih sampun kêlajêng-lajêng. Ananging ingkang makatên wau andadosakên kêkiranganing arta ing praja Mêsir, ingkang anjalari wontênipun praja Prasman tuwin praja Inggris, tumut amranata kawontênanipun praja Mêsir. Satuwuhing pêrgêrakan kabangsan, praja Prasman lajêng mundur, kantun nagari Inggris. Saking rêrigênipun Inggris, karajan Mêsir lajêng sagêd pêthal saking karajan Turki, saha lajêng sagêd madêg piyambak, ingkang kanthi dipun awat-awati karajan Inggris. Wusananipun ing ngriku lajêng dipun wontêni praja kados kawontênanipun ing jaman samangke punika. Dene ingkang jumênêng nata sapunika: Sang Prabu Phuad, ingkang sapunikanipun pinuju lêlana dhatêng ing tanah Eropah.

[Iklan]

--- 912 ---

Jagading Sato Kewan.

Sayêkti datan nglêngkara / yèn ginagas kaananirèng pêksi / kadi warta kang kapungkur / ananing kagaraja / kang ngratoni sanggyanirèng para manuk / tan lyan sing gagah prakosa / karosane miyatani //

Lan ambêgirèng kamurkan / datan pae lir kamurkaning janmi / nêdya kawasa anggulung / ngratoni wanawasa / tanpa mawang singa katon dadya mungsuh / linawan kanthi kadibyan / amrih unggul andhèwèki //

Amung bedaning kukila / dêrêngira tanpa kinanthèn budi / mung bôndha kêduga purun / lan mung anut turunan / datan darbe watak kang nyêbal sing turun / mênggah kaluwihanira / têtêp kadi kang nuruni //

Dadya yèn pinikir nyata / nyatanira kaluwihaning pêksi / yêkti datan aran punjul / mung aran kaluwihan / kang kinodrat datan luwih saking ukur / amung kliruning pangira / ngêngira yèn iku luwih //

Lan kaanane têtela / singa unggul pasthi adarbe titik / kasantosan kang gumadhuh / anèng jiwangganira / anêng suku atanapi anèng cucuk / yèku kang môngka sarana / manglawan ring ripu sakti //

Kadi ing gambar punika / pêksi rangkok cucukira kêtitik / agêng myang katingal bakuh / duk anèng wanawasa / mawèh ebat kadi ratuning wana gung / ing sasolahbawanira / datan pae manuk bêri //

Ing kalanira kalangan / aburira kumleyang ngukur langit / nanging katon sarwa wagu / clorote kadi niba / satibane nèng pencokan mawèh giyuh / pindha narendra sewaka / siniwi ing para dasih //

Nanging ing puwaranira / yêkti kasor dening kang akal budi / nadyan angumbara muluk / gampang klêbu ing kala / têmah kèlês kalêbu maring tarungku / umanjing dadya klangênan /mung pikolèh milangêni //

Miwah ambêging kukila / tanpa surut dêrênging sêdya maksih / ngatonkên santosanipun / tanpa wangwang umulat / tutup wêsi minôngka sumpêling ranu / binuka kalawan gampang / mung kadi ambubut têki //

Kadi rarasing dolanan / têmah mawèh nêpsune ingkang jagi / tanpa kêndhat anggung nutup / apan mangke têtela / kaananing samubarang kang tinêmu / kang gumêlar anèng donya / yêkti mung dadya palupi //

Myang isi lairing karya / kang pinurih rarase migunani / sumrambah sadayanipun / dadya kaananira / amung sarwa wèh pirêna lan pakantuk / makatên salaminira / marma yogya dèn pèngêti //

--- 913 ---

Darmawisatanipun Petruk.

Anglajêngakên wicantênipun Petruk dhatêng Garèng bab anggènipun lêlana mubêng ing Jawi Tangah.

Garèng : Lho, Truk, aku kiyi gumun bangêt, ing atase kowe têka wani ngadhêp marang para luhur, donga apa sing kowatak, apa kowe nganggo donga: sukmum bukmum umyum pha…

Petruk : Hara ta, apa pantês, ana ngadhêp para luhur kathik nganggo donga mêngkono, anggone donga kuwi rak yèn kêtêmu asu galak, sajêrone ngrapalake, jêmpole tangan nganggo ditêkuk, cikbèn asune ora bisa nyokot, lho, sêmono kuwi tumrap wong sing prêcaya. Balik wong sing arêp ngadhêp para luhur kuwi, sing prêlu dhewe kudu nglungguhi andhap asore, aja pisan-pisan tranyakan, awit sanajan priyayi luhur sing kosowani kuwi, dudu panggêdhemu, dadi ora bakal bisa ngapak-apakake nyang awakmu, ananging yèn kowe nglungguhi andhap asormu, kowe bisa ngatonake, yèn kowe anaking wong bêcik-bêcik, lan bocah sing olèh pangajaran, ananging yèn kowe cumanthaka lan tranyakan, amarga rumasamu priyayi luhur mau ora bisa barang-barang nyang kowe, la kuwi kowe rak banjur katon bae, yèn sawijining wong urakan ora wêruh tatakrama, lan dudu bangsaning pangajaran. Mulane sajêrone aku lêlungan kiyi, iya tansah dak jaga bae, aja nganti aku diunèkake: gumêndhung Si Damarwulan…

Garèng : Wiyah, bok aja susah disêsêli langêndriyan, nuli critakna bae anggonmu ngadhêp para luhur, lan apa karêpmu.

Petruk : Lho, saiki kowe tak kandhani, mung bae poma aja kôndha-kôndha nyang wong liya, amarga kiyi wadi bangêt. Anggonku lungan mênyang ngêndi-êndi kuwi, sabênêre supaya laladane kalawarti Kajawèn bisa luwih jêmbar, dene para luhur sing dak sowani kuwi sing akèh mung sing dak têpungi bae, lan tilas kônca sêkolah.

[Grafik]

Garèng : Iya ora gumun aku saiki, dadi anggonmu wani sowan marang para luhur kuwi, amarga sing akèh-akèh uwis kok têpungi, apa manèh tilas kônca sêkolah, mung bae ana sing dak gumuni, dene para luhur liyane ora kosowani, utawa manèh gêgayutan karo para luhur kuwi, apa ora nuwuhake prentah alus.

Petruk : La kuwi, panrêkamu ki ming arêp ala bae, mula ya nyata: wong kuwi yèn atine ora suci, panrêkane nyang wong liyane iya ora suci, mêngkono uga sawijining [sawi...]

--- 914 ---

[...jining] maling, kuwi panrêkane, yèn wong liya-liyane iya dhêmên nyênyolong. Dene anggonku sowan mênyang para luhur, sabênêre arêp anglungguhi andhap asorku, ing sarèhne aku arêp gawe propagandhah bab kalawarti Kajawèn marang bawahe, wis wajibe aku kudu nyuwun pamit marang pandhuwurane, prêlune aja nganti aku diarani utawa didakwa sing ora-ora, mara, pikirên, apa iya ora lara nyang ati, wis rêkasa calila-calili baludhas-baludhus turut omah, yèn ora kapriksan para panggêdhe, kathik banjur diarani culik utawa bangsaning kêmênis. Seje yèn wis ana palilahing para luhur, atine bisa ayêm, anggone nindakake propagandhah iya banjur bisa angulêr kambang, sawiji-wijining priyayi sing tak têmoni, aku iya banjur bisa nandukake. Klilan matur:...

Garèng : Hara, kok banjur ngêthoprak, wis, critakna, ing Cilacap priyayi luhur sapa sing kojujug, lan kapriye aturmu.

Petruk : Sing tak sowani dhisik wis mêsthi iya kabupatèn, awit sing jumênêng bupati ing kono, tilas kônca sêkolah ing Plêdhing Magêlang, ewadene aku iya ora wani drojog-drojog munggah rolak kabupatèn, sing tak jujug dhisik bêndara mantri kabupatèn sarta banjur tak suwuni pitulungan karsa anglantarake sowanku nyang kangjêng bupati. Kala samono gêlaku sajagad abuh têmênan, awit wêktu kuwi ingkang bupati lagi gêrah bangêt. Yah, apa bolih buat, aku iya banjur pamit bae, sumêdya klintong-klintong, manawa-manawane ana jarit, klimpe nyang memehan. Barêng lakuku ngliwati kantor landrad, ing kono sacleretan aku wêruh, yèn sing dadi gripir landrad kuwi jêbul Walônda kancaku dolan kalane aku isih kuncungan, aku iya banjur mlêbu kantor bae: bluwêng, lan awèh ormat apa mêsthine, dhah, mênir. Tuwan gripir iya banjur mangsuli urmat: dhah, Petruk, apa baik. Sauwise tuwan gripir lan aku padha anggêdobrol warna-warna, pungkasaning rêmbug aku banjur nyuwun pamit apa kaparêng agawe propagandhah marang para punggawane, wangsulane: iyah, bolih sêkali, sèh. Cêkakane aku iya banjur gawe lèngsêng bab anane Kajawèn, satêmah ana siji loro sing krêsa dadi lêngganan, lumayan. Sarèhning wis rampung prêluku, aku iya banjur nyuwun pamit. Saka kono aku banjur kêtêmu bandara patih (kabênêran panjênêngane iya tilas kônca sakolah) bandara asistèn wadana, para priyayi lan patikulir liya-liyane, kabèh-kabèh iya padha krêsa dadi lêngganan, lan padha saguh anjêmbarake kaanane Kajawèn marang para mitrane, Alkamdulillah, rada olèh gawe lakuku, liya dina dak critani banjure lêlakonku.

--- 915 ---

Jagading Wanita.

Bab Anggèn-anggènipun Lare.

Lare punika prêlu sangêt dipun panganggèni, ingkang supados brukut badanipun, dados botên gampil kengingipun sêsakit kulit tuwin mangsuk angin. Punapa malih paedahipun inggih nuntuni dhatêng lare supados botên jodhèh. Wondene badhe ingkang kangge nganggèn-anggèni lare punika, ingkang prayogi piyambak ingkang sarwa lêmês, amargi lare punika kulitipun taksih tipis, dados manawi dipun anggèn-anggèni badhe ingkang sarwa kandêl, bilih prêlu dipun sêtrika, lajêng kakên, punika badhe botên sakeca tumandukipun dhatêng badaning lare, inggih punika nêdhas dhatêng kulit. Kajawi punika bêdhahaning pangangge wau, prayogi kapara dipun longgari, pamrihipun supados awèt. Amargi lare punika kathah polahipun, saha enggal mindhak agêng.

[Grafik]

Mênggah limrahipun lare ingkang dèrèng umur gangsal taun, punika dèrèng sagêd ambedakakên awon saening badhe. Wondene ingkang dipun rêmêni namung wontên ing wêwarnèn, kados ta: wêwarnèn abrit, ijêm, jêne, tuwin sapanunggilanipun ingkang sarwa mompyor. Awit saking punika, para sêpuhing lare inggih botên kêkilapan anggèning nuju manahing anakipun, inggih punika sabên manganggèni anakipun, têmtu mawi wêwarnèn ingkang mompyor, ingkang supados rêmên manahipun. Ananging sayêktosipun, lare dipun kulinakakên mangangge sarwa mompyor wau, badhe botên prayogi kadadosanipun. Inggih punika murugakên anggadhahi dhêdhasar bosênan utawi botên gadhah pamarêm dhatêng anggèn-anggèn. Dene sababipun anggèning murugakên bosênan wau, jalaran panganggèn ingkang sarwa mompyor punika, tumanduking dhatêng manahipun lare, kraos sangêt anggènipun sontan-santun sawangan, ing satêmah lare wau manahipun kados dipun têtangi rêmên nyandhang mangangge ingkang sarwa èdi-èdi. Awit saking punika prayogi dipun panganggèni ingkang warninipun bangsaning kêlêm-kêlêman. Kados ta wêwarnèn ingkang mawi sêtrip (lorèk), pêthak tuwin sapanunggilanipun, ingkang supados botên mosikakên manahipun lare kados kasêbut ing nginggil, saha ing têmbenipun dadosipun tiyang, manawi mangangge dhawah: limrah. Kajawi punika, lare dipun kulinakakên mangangge sarwa mompyor wau benjing diwasanipun asring dados tiyang royal nyandhang (modegek). Mênggah limrahipun tiyang royal nyandhang punika, adatipun bilih panganggènipun kathah [ka...]

--- 916 ---

[...thah] ingkang nyamèni, manahipun lajêng gêla, ing wusana lajêng pados modhèl pangangge ingkang dèrèng wontên tiyang ingkang ngangge. Ing môngka kawontênaning sandhang panganggènipun tiyang punika, bilih dipun grejah pancèn kathah sayêktos, kados ta: rasukan, sinjang, udhêng, topi, dhasi, rangkêpan, tuwin sapanunggilanipun taksih kathah. Wondene satunggal-satunggalipun inggih anggadhahi modhèl piyambak-piyambak. Ingkang punika bilih sabên wontên modhèl pangangge dipun pituruti lajêng tumbas, saèstunipun inggih badhe boros sayêktos.

Mênggah pangangge ingkang tumrap kangge lare jalêr, punika botên prayogi bilih kaanggèkakên ing lare èstri. Amargi wontên ungêl-ungêlan: salin busana salin wiraga, punika pancèn sayêktos. Kula nate sumêrêp lare èstri ingkang solah-bawanipun kados lare jalêr, punika katranganipun lare wau saking sampun manuh, sabên-sabên dipun anggèn-anggèni lungsuran panganggènipun sadhèrèkipun jalêr. Dados têtela sangêt, bilih pangangge punika inggih anggadhahi daya ingatasipun lare. Dene pangangge ingkang sagêd kaangge ing lare jalêr utawi èstri, punika limrahipun dipun wastani: monyetan.

Ing nginggil sampun kapratelakakên bilih pangangge punika gadhah daya ingatasipun lare, amila panganggènipun lare punika, modhèlipun prayogi ingkang maligi pancèn kangge lare. Dados botên prayogi upami lare wau dipun anggèn-anggèni jas kados jasipun tiyang sêpuh, saha mawi dipun anggèn-anggèni jam dalah karsètipun, punapadene anggènipun sinjangan inggih kawiru cara sêpuh, amargi kajawi dhatêng sawangan botên pantês, inggih ugi andhasari nyêngkakakên dhatêng manah sumêpuh, tôndha saksinipun, lare ing padhusunan punika rupi saha lagonipun sampun sami katingal sêpuh. Jalaranipun botên sanès inggih awit saking alit mila sampun mangangge cara sêpuh (udhêng-udhêngan). Ewadene wontên kalanipun, lare wau botên wontên pakèwêdipun, dipun panganggèni cara sêpuh, kados ta: cara jongki, cara matrus tuwin sapanunggilanipun. Amargi pangangge ingkang makatên wau, sagêd andhasari manahipun lare kapengin dhatêng bangsaning karosan, punapadene dhatêng sawangan katingalipun inggih: anjalêri. Manawi saèstu nêmahi rêmên dhatêng karosan sayêktos, pikantukipun dhatêng badaning lare badhe dados jênthot saha saras. Saèstunipun para sêpuh ningali putranipun ingkang jênthot wau, têmtu rêmên manahipun. Cêkakipun nyandhangi lare punika, bilih sagêd, kapilihna ingkang sagêd anuntuni dhatêng bêbudèn sae. Kados ta : cara padpindhêr tuwin sapanunggilanipun. Taksih wontên sambêtipun.

Darpa.

--- 917 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Sêrat kabar Loc. Martosakên: nalika malêm Jumuwah ingkang kapêngkêr punika, ing Ngayogyakarta dipun wontênakên parêpatan, ingkang sêdyanipun badhe ngêdêgakên pakêmpalan tumrap ananggulangi tindakipun lintah dharat, mênggah badhe panindakipun kadosdene pakêmpalan makatên ing Bandhung. Kala bikaking parêpatan kathah para ingkang sami anjênêngi. Dene para pangagêng ingkang sami rawuh: paduka tuwan residhèn, wêwakil dalêm ingkang sinuhun ing ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, lan pintên-pintên para amtênar pangrèh praja. Nalika samantên ingkang kapilih dados pangrèh, inggih punika: pangarsa: Tuwan Fris kontrolir B.B., panitra: Tuwan Schwencke, kontrolir agrarisêsakên, ardana: Tuwan Van Hombacht, administratur Volkscredietbank, paniti: Tuwan Mr. Icken lan Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat. Dene ingkang sami lumêbêt dados warga 33, warga satunggal sabên wulan kêdah ambayar kontrubisi sakêdhik-kêdhikipun f 0.50, pranatanipun pakêmpalan sampun dipun tampi, saha ugi badhe kasuwunakên rèh pêrsun. Sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam sami katêtêpakên dados warga minulya.

Dèrèng dangu punika pulisi ing Bantul (Ngayogyakarta) ayêpêng satunggiling tiyang pribumi asli saking dhusun Pêdhês, amargi kalêpatan amêncarakên arta talèn kêthipan wontên ing pêkên. Kintên-kintên tiyang wau salah satunggiling warga saking pakêmpalaning têtiyang ingkang sami adamêl arta palsu. Prakawisipun samangke sawêg dipun urus.

Wontên pawartos, bilih Nonah Gobee inggih punika nonah ingkang anguwaosi toko barang-barang kagunan Jawi ing Ngayogya, badhe ambikak padhasaran wontên ing Saigon, ingkang badhe dipun wontênakên benjing tanggal 17 wulan punika. Kala dintên Jumuwah ingkang kapêngkêr punika sampun angangkatakên tukang Jawi kêkalih kanthi ambêkta barang-barang kagunan Jawi asal saking Ngayogya dhatêng Saigon.

Sêdyatama amartosakên: benjing wulan Januari ngajêng punika (utawi malih sadèrèngipun) sêrat kabar: Abipraya, organipun Pakêmpalan P.E.B. bagean tiyang siti, badhe gêsang malih. Dene ingkang badhe mandhegani sêrat kabar wau: Radèn Panji Nata Anala.

Kabaripun Pakêmpalan Muhamadiyah apdhèling Bayalali gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pamulangan Jawi ôngka kalih mawi dhêdhasar agami Islam, wontên ing ondêr dhistrik Sambi.

Wontên kabar, Pakêmpalan Muhamadiyah ing Bayalali, benjing tanggal 27 Rêjêb, inggih punika anglêrêsi mikrad dalêm Kangjêng Nabi Muhamad a.w. badhe adamêl arak-arakan.

Pangurus Muhamadiyah bagian taman pustaka ing Surakarta, martosakên, bilih kala ing wulan Oktobêr 1927 ngêdalakên kalawarti Kuran Jawèn. Lan ing wulan Januari ngajêng punika badhe ngêdalakên kalawarti malih nama Hadis Jawèn, rêginipun sataun sami ngalih rupiyah.

Pangrèh gêmintê ing Surabaya, damêl usul dhatêng rad, wiwit tumapakipun taun 1928 ngajêng punika, paos pêrpondhêng gêmintê Surabaya dipun dèkèkana wêwahan inthilan 20 prêsèn.

Taun ngajêng punika pamulangan-pamulangan Jawi gupêrmèn ôngka II badhe dipun wêwahi klasipun ngantos dumugi klas 6 sarta benjing badhe kalajêngakên dumugi klas 7. Wêwahing klas wau dipun wiwiti saking pamulangan ingkang sampun majêng, saha kathah muridipun. Dados cêthanipun, botên sabên pamulangan ôngka II lajêng dipun wêwahi klasipun dados 6.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih pangrèh agêng Pakêmpalan: Aisah, inggih punika cabangipun Pakêmpalan Muhamadiyah bagian wanita, benjing wulan Januari ngajêng punika badhe ngêdêgakên pamulangan H.I.S. tumrap lare èstri, papaning pamulangan wau wontên ing kampung Jagang.

Wontên pawartos, bilih ingkang Bupati Pamalang: Kangjêng Radèn Tumênggung Sudara Sasra Adikusuma, kaparingan ganjaran sêsêbutan: adipati.

Lulus eksamênipun kangge dhoktêr India bagian ingkang kapisan. Ing pamulangan dhoktêr India (Stovia) ing Wèltêprèdhên: Tuwan G.M. Loemban Toebing asli saking Tarutung, lan Radèn Rustamaji, asli saking Purwakêrta.

Angsal dhiplomah dhoktêr India: Tuwan Oesman Saleh gelar Soetan Temanggoeng, asli saking Padhang.

--- 918 ---

Wontên pawartos: benjing Januari 1928 ing ngajêng punika, ing Prabalingga badhe kawêdalakên sêrat kalawarti basa Mlayu, ingkang badhe kanamèkakên: Pêndhidhik. Wêdaling sêrat kalawarti wau sawulan kaping kalih, saha badhe angêmot prakawis warni-warni ingkang gêgayutan kalihan prakawis pamulasaraning lare.

Kabaripun, samangke dhepartêmèn justisi, badhe ngawontênakên apdhèling enggal, ingkang kabêbahan amriksa kawontênanipun panarikan arta dhêndhan ing sawarnining pangadilan, amargi kawontênanipun samangke, kathah sangêt arta dhêndhan ing pintên-pintên pangadilan, ingkang dèrèng kabayar.

Kala dintên Slasa tanggal kaping 6 ingkang kapêngkêr punika, baita kapal Têrnate, sampun pangkat saking palabuhan Sêmarang, ambêkta têtiyang calon haji saking Jawi Têngah kathahipun 97, dhatêng Juddah.

Dèrèng dangu punika baita kapal Patras dhatêngipun saking Banjarmasin, dumugi ing palabuhan Surabaya ambêkta calon haji kathahipun 1000.

Wontên pawartos, bilih ing apdhèling Kulon Praga (Ngayogyakarta) cacahipun tiyang ingkang kenging sêsakit padharan dhisêntri saya dangu saya wêwah kathah, sanajan ta pakaryan kasarasan tansah ambudidaya murih sagêdipun ananggulangi sêsakit wau. Ing sakawit tuwuhipun sêsakit wau wontên ing Samingalu lan Sêntolo, ananging ing samangke ing padhistrikan-padhistrikan: Nanggulan, Kalibawang, lan Watês, ugi sinêrang ing sêsakit ingkang ambêbayani wau.

Ngulamaning rad P.S.I. ingkang badhe ngawontênakên konggrès benjing wulan Januari ngajêng punika, tampi sêrat saking up bêstir Muhamadiyah, mitakèkakên, punapa Kuran ingkang dipun prêtal ing basa Inggris dening Tuwan Muhamad Ali ing Indhia Inggris, ingkang lajêng dipun prêtal ing basa Malayu dening Tuwan Cakra Aminata, botên wontên bab-bab ingkang sulaya kalihan babonipun ingkang asli. Awit Muhamadiyah gadhah pangintên, bilih wontên bab-bab ingkang botên cocog kalihan Kuran babonipun, tuwin kenging dipun wastani nuwuhakên pasulayaning pamanggih ing bab wau.

Sampun sawatawis dintên punika, ing Banyudana (Bayalali), ngêdêgakên pakêmpalan padpindêr, dados pingang padpindêr organisasi Mangkunagaran.

Miturut sêrat dhawuh kêkancingan gupêrmèn, wontên tiyang kalih malih ingkang kasingkirakên dhatêng ing Dhigul, nama Suwarna, asli saking Medhan, tuwin Soleman, saking Serang.

Kintên-kintên benjing salêbêtipun wulan Mèi 1928 ing Malang badhe wontên têtingalan amitongtonakên asil têtanèn, kados ta: jêram, kênthang, sayuran, sêkar, tuwin ugi badhe mitongtonakên bab pamiyaraning ulam tômbra.

Ingkang dipun pitongtonakên wau badhe wontên kalih perangan, inggih punika asil têtanèn ing gudhang-gudhang, tuwin sawarnining asil pantun ing sabin, punapadene kothak-kothakan tambak pintên-pintên panggenan kangge ngingah ulam tômbra. Kangge kaprêluan wau, gêwès badhe mitulungi waragad f 2000.- tuwin saking tuwan lanbao konsulèn sawêg nindakakên rekadaya ngawontênakên arta f 1000.- ugi badhe kangge ambiyantu.

Juru anggêgana Tuwan Yohanês, sêrsan bôngsa Ambon ing Surabaya, kala tanggal kaping 6 wulan punika, sampun anggêgana ngangge kapal mabur, prêlu kangge sinau, wiwit enjing ngantos siyang. Wontên ing ara-ara Marakrêmbangan dipun wontênakên pasinaon kangge pribumi, ngantos sawatawis dangu.

Wara-wara.

Andadosna kawuningan, bilih Volksalmanak Djawi (Alêmênak Jawi) sampun têlas babarpisan. Ingkang taksih Volksalmanak Malajoe (Almênak Malayu), malah sanadyan punika mêntas ngêcap malih ugi sampun mèh têlas.

Manawi mêling Almênak utawi buku-buku sanèsipun, yatra rêrêgènipun kakintuna rumiyin sarana pos wisêl.

Poma: Sampun pisan-pisan mêling sarana rêmburês, mindhak panjênêngan kêpêksa ambayar wragad kathah sangêt.

Bale Pustaka -- Wèltêprèdhên.

--- 919 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

31

Sang Putri Isolde sêsambat mêlas-arsa: Cilaka têmên urip ingsun iki. Manawa Gusti Allah ora karsa paring kawêlasan marang ingsun supaya bisa katêmu lan Tristan manèh. Gusti Allah ngarsakake supaya ingsun mati klêlêb ana ing satêngahing sagara iki. Dhuh, Tristan, kêkasih kula, manawi kula sagêd pêpanggihan lan paduka sapisan malih, kula sampun eklas dhatêng gêsang kula. Nanging manawi kula botên enggal sagêd dhatêng utawi botên badhe sagêd dhatêng ing salaminipun, punika margi saking karsaning Ingkang Maha Kawasa. Ingkang makatên punika adamêl sisah kula ingkang tanpa upami agêngipun. Kula botên maèlu dhatêng pêjah kula, manawi sampun karsanipun Pangeran kula inggih narimah. Nanging kula pitados bilih paduka inggih badhe abela pêjah, samôngsa-môngsa paduka mirêng dhatêng ing pêjah kula wau. Awit saking gênging katrêsnan paduka dhatêng kula, makatên ugi katrêsnan kula dhatêng paduka. Paduka botên badhe sagêd seda anilar kula, makatên ugi kula botên badhe sagêd pêjah anilar paduka. Kula kêpengin pêjah sarêng kalayan paduka sarta kinubur dados satunggal, nanging pangajêng-ajêng kula punika botên badhe sagêd kalêksanan, awit Gusti Allah marêngakên kula pêjah piyambak, kalêlêb ing sagantên. Bokmanawi paduka botên badhe mirêng dhatêng pêjah kula, sarta tansah angajêng-ajêng dhatêng kula. Manawi Gusti Allah marêngakên paduka sagêd ugi waluya. Ing sarèhne kula sampun pêjah paduka badhe trêsna dhatêng wanodya sanès, inggih punika dhatêng Sang Putri Isolde ing Bretagne. Nanging manawi kula sumêrêp bilih paduka sampun seda, kula inggih botên badhe lami gêsang malih. Mugi-mugi Pangeran Ingkang Maha Kawasa karsa angabulakên panuwun kula, supados kula sagêd nyarasakên gêrah paduka, utawi kula lan paduka sagêda wangsul dhatêng ing jaman kalanggêngan sêsarêngan.

Ing salaminipun wontên angin agêng gangsal dintên laminipun, sang putri tansah sêsambat mêlas-arsa. Sasampunipun pikantuk gangsal dintên prahara kèndêl. Sang Sinatriya Kaherdin bingah sangêt, nuntên dhawuh amasang layar pêthak, supados saking katêbihan Prabu Tristan sagêd amriksani bilih baitanipun dhatêng. Kala samantên pasisiring nagari Bretagne sampun katingal, nanging baitanipun botên pikantuk angin, tansah kampul-kampul ing têngahing sagantên. Sarêng pikantuk tigang dintên tigang dalu, sang pramèswari nyupêna mangku sirahing andhapan agêng ingkang gupak êrah. Êrahipun angèngingi agêm-agêmanipun sang putri. Sang putri mangêrtos bilih panjênênganipun botên badhe mênangi sedanipun Prabu Tristan.

Kacariyos Prabu Tristan sampun kapindhahakên malih saking pasangrahan ing pasisir dhatêng ing karaton Carhaix awit gêrahipun santêr sangêt. Sabên dintên tansah muwun, angajêng-ajêng dhatêngipun sang pramèswari. Sarta tansah asêsambat mêlas-asih. Enjingipun baita ingkang tansah kumampul wontên ing satêngahing sagantên pikantuk angin, botên antawis dangu lampahipun sampun anyêlaki pasisir ing Bretagne, layaripun sampun katingal saking dharatan. Sang Putri Isolde ing Bretagne sumêdya amalês awon dhatêng ingkang raka Prabu Tristan ingkang angapusi dhatêng sariranipun. Sang putri nuntên lumêbêt ing kamaripun Prabu Tristan sarta anyakêti pasareanipun, lajêng matur: dhuh, Tristan, guru laki kula, baitanipun kakang mas Kaherdin sampun katingal dhatêng. Mugi-mugi kakang mas Kaherdin dhatêng kalihan dhoktêr ingkang sagêd nyarasakên gêrah paduka.

Prabu Tristan kagèt mirêng aturipun ingkang rayi makatên punika, lajêng andangu, pangandikanipun: yayi, apa nyata prau kang sira priksani iku praune kakang mas Kaherdin, lan manèh kapriye warnane layare.

Sang putri matur malih: Baita ingkang kawula tingali wau yêktos baitanipun kakang mas Kaherdin margi kawula botên samar dhatêng wujudipun. Dene layaripun cêmêng.

Sarêng mirêng aturipun ingkang rayi Putri Isolde makatên punika Prabu Tristan malik anggènipun sare, majêng dhatêng ing tembok, satêmah ngandika makatên: dhuh, Isolde kêkasih ingsun, saiki ingsun ora kuwat anahan urip manèh.

Sasampunipun ngandika makatên Prabu Tristan nuntên seda. Para satriya ingkang sami dhatêng sowan ing karaton sami nangisi, margi sami rumaos kecalan mitra ingkang botên gampil angsalipun malih. Layonipun Prabu Tristan lajêng kaupakara saha kadandosan sasapantêsipun, kasarèkakên wontên ing patêngahan.

Kala samantên baitanipun sinatriya Kaherdin sampun dumugi ing palabuhan Bretagne. Sang prèmèswari nuntên mandhap dhatêng dharatan saha enggal têdhak dhatêng kitha Carhaix. Panggalihipun dhêg-dhêgan kuwatos bilih Prabu Tristan sampun seda, awit samargi-margi mirêng swaranipun tiyang sêsambat sarta nangis, punapa malih loncènging gareja-gareja tinabuh botên kèndêl-kèndêl. Sang pramèswari andangu dhatêng tiyang langkung, punapaa dene ing gareja tinabuh têngaraning kapêjahan, sarta kapirêng kathah tiyang sami nangis.

--- 920 ---

Tiyang sêpuh ingkang kalêrêsan cêlak kalihan sang pramèswari matur: dhuh, sang putri, ing sapunika têtiyang ing Carhaix sami nandhang susah, margi sang sinatriya Tristan ingkang sangêt dipun trêsnani dening têtiyang ing sanagari: seda. Kawuningana sang putri sinatriya Tristan nalika sugêngipun, panggalihanipun sae sangêt. Rêmên atêtulung dhatêng ingkang kasusahan tur kêkêndêlanipun tanpa timbang. Agêng lêlabêtanipun dhatêng nagari Bretagne makatên ugi dhatêng isining nagari punika. Pramila kula sadaya sami susah.

Sarêng Sang Pramèswari Isolde mirêng aturipun kaki-kaki wau, nuntên ngenggalakên tindakipun, angênêr karaton Carhaix, lumêbêtipun dhatêng ing karaton tanpa larapan, anjujug ing panggenaning layonipun Prabu Tristan, margi Sang Sinatriya Kaherdin taksih kantun ing wingking. Kala samantên Putri Isolde ing Bretagne lênggah ing sacêlaking layon sarwi muwun, awit kaduwung anggènipun sampun nandukakên wêwalês dhatêng Prabu Tristan. Têtiyang ing Carhaix sami gumun ningali putri ingkang samantên endahing warninipun punika. Ing batos sami pitakèn, putri punika sintên, utawi tamu saking pundi. Sarêng sang pramèswari ing Cornwallis sampun dumugi ing panggenaning layon lajêng ngandika: sang putri, mugi karsaa jumênêng, kula ingkang wajib nangisi satriya punika. Sasampunipun ngandika makatên, sang pramèswari nuntên majêng mangetan andêdonga dhatêng ing Pangeran. Nuntên ambikak lurubing layon. Layon dipun arasi ambal-ambalan, nuntên dipun rangkul sarta andhawah ing sisihipun sang kinasih, nuntên seda, margi botên kiyat anandhang kasusahanipun.

Sarêng Prabu Marc mirêng wartos bilih ingkang putra Prabu Tristan tuwin sang pramèswari seda, lajêng têdhak dhatêng ing Bretagne sawadyabalanipun. Sarêng sampun dumugi ing karaton Carhaix nuntên dhawuh adamêl trêbêla marmêr kêkalih, kangge pasarean layonipun Prabu Tristan lan Sang Putri Isolde. Sarêng sampun sadhiya sadaya, Sang Prabu Marc wangsul dhatêng ing Cornwallis. Layonipun bôngsa luhur kêkalih wau inggih kabêkta. Sarêng dumugi ing karaton Tintagel nuntên dipun sarèkakên ing sawingkinging gareja. Ingkang satunggal wontên ing têngên, ingkang satunggalipun malih ing sisih kiwa. Sarêng dalu ing pasareanipun Prabu Tristan thukul têtuwuhan ingkang rumambat kêtêl sangêt. Têtuwuhan wau mrambat dhatêng payoning gareja nuntên mandhap dhatêng pasareanipun Sang Putri Isolde. Enjingipun têtuwuhan wau dipun babad dening tiyang ingkang anjagi gareja. Nanging dalunipun têtuwuhan wau thukul malih. Enjingipun inggih dipun babad malih. Ananging dalunipun inggih thukul malih. Sarêng dipun babad ngantos kaping tiga thukul kemawon, tiyang ingkang anjagi greja wau nuntên ngaturi priksa dhatêng Sang Prabu Marc. Sang prabu dhawuh: Têtuwuhan wau botên kaparêng dipun babad malih.

Tamat

Mung mung mung

Bêndara-bêndara -- tuwan -- sobat-sobat -- sadhèrèk-sadhèrèk ngaturi uninga:

Ontung bêsar -- ontung bênggala -- ontung sahohah,

Kabêtahan -- kaprêluan -- saha kasênêngan panjênêngan:

Kalawarti Kajawèn, wêdalan Bale Pustaka, Wèltêprèdhên.

Wiwit Januari 1928 badhe mêdal kaping kalih, rêgi ajêg, tigang wulan f 1,50 isinipun badhe langkung sae lan langkung pêpak, cêkakipun: jagung bakarane...

Tanggung ... ning ... isine.

Lêngganan enggal, ingkang sampun ambayar, ing wulan Dhesèmbêr punika: Kajawèn tansah mundhuk-mundhuk sowan sarana lêlahanan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]