Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-05, #141

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-05, #141. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-05, #141. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 04-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 36, 15 Dulkangidah Taun Jimakir 1858, 5 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [669] ---

Ăngka 36, 15 Dulkangidah taun Jimakir 1858, 5 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Musiyum saha BIBLIOTHEEK ing Surakarta

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-05, #141: Citra 1 dari 1
Budidaya murih amêwahi kamajênganing nagari dalah têtiyangipun, ing Surakarta wontên satunggiling gêdhong kangge taman pustaka Bibliotheek sarta kangge musiyum, inggih punika pasimpênan barang kina warni-warni lan sapanunggilanipun. Punapa malih buku-buku wau inggih kenging kasambut dhatêng sintên ingkang sami kêpengin maos.[1]

--- 670 ---

Kabar Wigatos

Pantês Sinudarsana, Margatama ing Dhusun Grabag

[Grafik]

Rêdi Mrapi tiningalan saking kantoran Margatama.

Margatama punika, namininipun griya yêyasanipun tiyang sadhusun, kangge kantoranipun lurah akanthi pangudinipun ingkang wêdana ing dhistrik ngriku. Dene sêdyanipun badhe angudi mamrih raharja lan tata têntrêming dhusun. Minggahipun dadosa tambahing sarana kêrta lan têntrêming praja, lan nyambut damêl sêsarêngan kalihan babagan punapa kemawon ingkang botên anrajang wèting agami lan nagari. Kantor wau kabikak nalika tanggal kaping 22 April 1928 dening ingkang wadana ing dhistrik ngriku. Mapanipun Margatama amilih panggenan ingkang mikantuki sangêt (kuciwa dene botên sagêd ngintunakên portrètipun), sasampunipun Margatama dandos ingkang langkung prasaja, kataman dening sumêblaking langit. Soroting surya kêraos anggatêli, nyasmitani kados panguwuh-uwuhipun alam dhatêng para manungsa ngriku murih sami sêsalaman kalihan pun Margatama. Toko-toko, lan ing pêkên, kêtingal sêpên. Griya-griya ing pakampungan kathah ingkang minêb, jalaran têtiyangipun sami

--- 671 ---

amrêlokakên dhatêng ing Margatama. Punapadene malih tamu-tamu para luhur, dalah ingkang saking sanès apdhèling inggih botên kirang. Binarung ing lagu găngsa warni-warni lan têtingalan ingkang maneka warni. Gumrênggênging ngriku amêwahi gênthilênging Margatama. Ngiwa nêngên sagêd amriksani ing rêdi-rêdi: Andong, Telamaya, Mêrbabu, Sumbing, Sundara, lan pucakipun rêdi Mêrapi. Ing sêmu wau rêdi-rêdi kados jinjit-jinjita daya-daya sami kapengin mriksani Margatama, raosing angin ngidit lamat-lamat amêwahi sêgêring anggaota, miraos ugi atur pambagya dhatêng Margatama saumumipun. Kintên-kintên jam 10 ingkang wêdana ing ngriku amêdhar sabda mênggah babad-babad lan pikajêngipun Margatama, sarta amrayogèkakên dhatêng ingkang gadhah kantor Margatama anêrang-nêrangakên maksud punika kanthi sakatogipun. Ki juru kantor Margatama botên badhe kewran tindaking Margatama waton angsal pangayomaning para pangagênging among praja. Nuntên tinampi ing kangjêng bêndara, bupati ing Magêlang, aparing sêsorah akanthi rêna ing pênggalih, wontênipun ada-ada sadhèrèk dhusun sami purun tumindak yasa griya kantoripun piyambak, lan kêrsa dalêm sagêda enggal dipun tulad dhatêng sanèsipun dhusun. Dumugi ing ngriki suka sukuring para kawula winakilan ing aturipun sabarisan putra-putra murid Tionghoa Uwèkuwan, ngangge lagu Sing In sinêsêlan lagu-lagu Indhonesia, ingkang sajak raosipun angêlangut.

Jam 12 sami kaaturan dhahar kupat saha punar.

Jam 5.30 bibar, gumrênggênging tiyang kathah ingkang mêdal rêraosan: ngayawara, nanging miraos lan wigatos ugi. Endah-endah kayangapa sênênge wong padesan, manawa bisa yasa kantor dhewe, dhasar sing dadi juru kantore wêton sêkolahan.

Pun Wara Sutinah ing Gowak 1937.

Ekonomi

Glotha-glathe Nênanêm

Têmbung glotha-glathe, utawi awon angguran, saking rumaos kula awon sae, mênggah awon saenipun wau manut ingkang dipun glathe, yèn glotha-glathe ngabotohan, lêpatipun kawon inggih sasap, manawi glotha-glathe bêbakulan, lêpatipun bathi inggih katunèn. Mênggah ingkang badhe kula aturakên ing udyana ngriki, bab glotha-glathe nênanêm, mênggah têmbung glotha-glathe punika wau, pandamêlan ingkang botên dipun pasthèkakên wêwalêsipun (kocak-kacik) namung inggih gadhah raos pangajêng-ajêng, namung botên sangêt, mênggah anggèn kula nênanêm punika: sokur mêdal uwohipun, dene botên mêdalipun namung kecalan pandamêlan sanyèk.

[Grafik]

Nalika măngsa labuh ingkang kapêngkêr punika, kula [ku...]

--- 672 ---

[...la] kengkenan tumbas wiji kacur (gambas) kalihan wiji pare dhatêng pêkên, dene wiji punika badhe kula tanêm wontên ing pakarangan kula, sarèhning wêdal punika măngsa labuh, dados tekad kula namung kocak-kacik, awoh inggih sokur, dene botên awohipun inggih botên dados punapa, jalaran sitinipun salaminipun botên nate katanêman barang-barang, aliyas bêra. Dene kula gadhah niyat makatên punika: sapisan namung ajrih dhawuhipun parentah, tiyang botên angsal ambêrakakên siti, kaping kalihipun kula asring maos buku-buku bab nênanêm ing pakêbonan. Mila kula lajêng glathe-glathe nênanêm wontên pakêbonan, lajêng wijinipun kacur (bêstru) kula tanêm ingkang watawis têbih griya, kula cêlakakên wit ingkang badhe kula angge rambatan. Wijinipun pare kula tanêm wontên ing lêngkangan griya kalihan pawon, lajêng siti ingkang kula tanêmi kula tutupi blebekan sêpêt, sarêng sampun sawatawis dintên, tutupipun kula bikak, ing ngriku sampun katingal sami thukul mrajik, thukulanipun katingal lêma. Kula lajêng angglathe malih damêl bêthekan, badhe kula angge nganjang-anjangi. Sarêng kula katingal glithi damêl anjang-anjang (bêthekan) kula malah dipun krawus kănca èstri: barang durung karuwan nèk awoh bae wis ribut, tuwas ngêcèh-êcèh pring anu-anu... Lajêng wangsulan kula: E, ya bèn ta, mung tinimbang nganggur we ngapa ta, dene mêtu wohe ya sokur, dene kudu ora awoh ra ya êbèn, barang ora ngingoni we kok ribut, jênênge ora kapiran, mêngko lurahe rak ora upyêk dhawuh bae. Kocapa sarêng sampun mrambat, anjang-anjangipun kêbak plêg, lêngkangipun ngantos pêtêng kados dipun tarupi. Bêstru (kacur) ingkang kula tanêm ing kêbonan, ugi sampun mrambat angămbra-ămbra, sarêng sampun purun awoh, wohipun kenging dipun wastani ngêmohi, lumintu botên wontên kêndhatipun. Mangsuli bab anggèn kula nanêm pare ing lêngkang, sarêng sêkar lajêng mêdal pêntilipun, lajêng andadosakên muringipun kănca èstri jalaran uwohipun sanès pare, jêbul dados ce-

--- 673 ---

[Grafik]

me, mila saprepetan godhong lan isinipun mèmpêr kalihan pare, mila anggèn kula nanêm punika botên malihan, pancèn klèntu wiwit tumbasipun wiji sampun klèntu wiji ceme. Sangking muringipun kănca batih witipun badhe kababad, lajêng kula pênging: aja ta aja, lah êmbok iya bèn ta, barang ora ngewuh-ewuhi we kok ribut, rak iya diantèkake dhisik. Sarêng sampun watawis sadasa dintên pêntilipun sampun agêng, panjangipun wontên satunggal satêngah kaki, agêngipun watawis sakempol, mila sangêt anggumunakên, sabab ceme punika adhakanipun namung katanêm ing siti parêdèn, tur botên dipun anjang-anjangi, namung dipun uja klalaran wontên ing siti, mila uwohipun namung alit-alit, tur cêlak-cêlak, lajêng kănca èstri nyobi mêndhêt satunggal, kangge ampas kêlan loncom, sarêng kula nêdha jangan punika wau, nyapa: êmbokne la êndi iwake? Jalaran janganipun anglisah tur mambêt gajih ulam. Lajêng kănca batih mangsuli kalihan kagèt: iwak apa jare, gene wis pirang-pirang dina ora tuku iwak. Dados têtela ingkang gadhah raos kados gajih utawi nglisah punika, ceme punika wau. Lajêng sanès dintên malih kănca batih nyobi kangge kêlan sambêl gorèng, wah, raosipun tansaya katog, dipun sêmur inggih nyamlêng sangêt. Langkung-langkung dipun ocal kalihan ulam, lajêng raosipun eca kaping kalih, dados linton daya, linton guna, ulamipun dados ceme, cemenipun dados ulam, mila kula lajêng sok ngece kănca batih: ta andèkne ora nèk dikandhani ki sok ngikil, barêng wêruh rasane banjur kabelan, mulane aja sok muring-muring dhisik mas. Sarêng tăngga têpalih sami sumêrêp rupinipun lan raosipun, lajêng sami tiru nanêm wontên ing pakêbonanipun, ceme punika kajawi wohipun, dalasan ujunganipun kemawon dipun angge kêlan inggih eca, mila kangge tanêman wontên pakêbonan lumayan sangêt, kenging kangge ambal bêtahing pawon, jalaran uwohipun tanpa kêndhat, măngka purun umur ngantos satunggal taun, mangke tirahipun katêdha lajêng dhatêng pundi purugipun, harak dipun sade dhatêng pêkên. Măngga sadhèrèk ingkang sami kagungan pakarangan taksih bêra, mugi katanêmana ceme utawi bêstru (kacur).

Siswamiharja.

--- 674 ---

Panggulawênthah

Mrihatosakên Putra

Sampun jamak limrahipun sintên ingkang sampun ginadhuhan momongan (putra), raosing manah bingah sangêt, suka sukur ing Pangeran, dene pinaringan momongan ingkang badhe nyambêti lêlampahanipun. Langkung malih manawi putra wau walagang, bagas kasarasan, tanpa sakara-kara ngantos wanci dêmolan, saking bingahipun ngantos anjagi sampun ngantos putranipun kagol.

Kados punapa prihatosipun yayah rena, manawi putranipun kaparag ing sakit, anggènipun ihtiyar pados jampi, sanajan kanthi wragad, botên ketang-ketang, saugi sagêd maluyakakên putra. Yèn cara padhusunan utawi ing parêdèn (kabêkta saking dèrèng mangêrtos utawi pancèn kirang pitados dhatêng dhoktêr, dhukun pundi kemawon dipun srayani). Manawi sakitipun dados lantaran ajaling putranipun, saking sangêting prihatos, ngantos kêkitrang kadyangganing babon ingkang kecalan anak, labêt kasambêr ing wulung. Têrkadhang ngewahakên jêjêging pikiran, sangsaya putra dinama-dama dhasar amung putra sapele.

Mênggah sajatosipun para sêpuh mrihatosakên putra punika, botên kok namung manawi kataman ing sêsakit kemawon. Sanadyan putra bagas kasarasan, salêbêtipun sênêng marêm nyawang anak, nanging ing batos ngraosakên prihatos. Ngulir nalar pados rekadaya, kadospundi sagêdipun anak sampun ngantos dados mêngsahipun tiyang sêpuh, kados ingkang sampun kêrêp dipun sumêrêpi. Tiyang sêpuh sisah sangêt, labêt saking pokalipun anak. Tarkadhang ngênês, utawi wêntala nyebratakên putra. Têtêp anak anggadho atine wong tuwa.

Para sêpuh ingkang mrihatosakên badhe kêdadosanipun putra ing têmbenipun, punika wiwit putra cêmlewo, sampun ambêtahakên panggulawênthah sagêdipun putra sampun kenging rubeda lampahipun anggène ngudi jangkanipun yayah rena dalah putranipun. (awit limrah tiyang punika ênèm sêpuh dalah lare pisan, sami nyirik dhatêng cilakanipun ngagêsang inggih punika, nglampahi kamlaratan).

Sok ngatêna ingkang nama mrihatosakên putra punika, nindakakên panggulawênthah dhatêng putra sagêdipun nêngênakên lampah ingkang kanthi tatakrama. Lakar inggih makatên. Dados têrang para sêpuh ingkang sêpên raos anggulawênthah putra punika têtêp badhe mijèni parapabênipun yayah rena lêlawanan kalihan putra piyambak. Dene kêlacutipun manawi dipun têtah para sadhèrèk, klèntuning panggulawênthah, inggih kirig-kirig nyelaki, tarkadhang dados sêrêngipun, kawêdhar ginêmipun: bocah dinak-nakke ora ngrumangsani, digêdhèkake nganti sêmono, pamalêse nyang wong tuwa yèn dikandhani utawa dikongkon, wani ngêmprêti, kurang ajar, besuk tuwa manèh bisaa nyuwargakake [nyuwar...]

--- 675 ---

[...gakake] wong tuwa. Lho, rak mêsakakên para sêpuh ingkang makatên punika, kajawi rumaos kuwasa, ngawontênakên anak, rak sawênang-wênang anggarap gadhahanipun piyambak, tur lajêng botên sumêrêp ing wirang isin. Sangsaya anakipun, jangji ingkang nyawang gadhah raos (ngèlmu panggulawênthah) tumut ngêrês manahipun. Sêpuh ingkang makatên punika, nêtêpi ungêl-ungêlan: sêpuh sêpa sêpi sêpahan samun. Têgêsipun lêrês sêpuh nanging sêpa ginêmipun, jalaran sêpi ing panggulawênthah (botên gadhah prihatos) sêpahan samun, punika kacihna tilasanipun, (sêpahan) nalika nèmipun inggih samun (sêpên) ing panggulawênthah (anggêga kajêngipun piyambak), yèn wontên ingkang anjêlir-anjêlirakên, malah sok dipun jawab, tur sajawab-jawabipun sajak ngece. Cobi kula larasipun. Lah, kula dèrèng nate mangan sêkolahan, kalihan malih, anak kula niku pancèn lare nakal. Upami bisa olèh sèrtipikat, tur sagêd dados priyayi (cêkêl gawe) sêg dadi carik desa mawon, pun lali têng wong tuwa. Lho, rak malah panjang-panjang. Suprandosipun, asring criyos mrihatosakên anak, nanging manawi pados bêtah, kangge garan supados angsal. Sanadyan badhe kangge piyambak. Mila prayoga sampun kêrêp-kêrêp sêsrawungan kalihan brayatan ingkang makatên punika, mindhak nulari dhatêng kukuban panjênêngan piyambak. Dene manawi kêpèpèt, têtanggan sarta sêtêngah kuwajiban, panjênêngan kula aturi nyinau rumiyin, sagêdipun dipun gêga manawi ngèngêtakên.

Barèsipun ingkang kasinungan raos panggulawênthahing putra, punika botên ngêmungakên para sêpuh angsal wulangan saking sêkolahan. Tênèh jamanipun dèrèng mratah wontênipun sêkolahan, sami sêpên panggulawênthah.

[Grafik]

Radèn Sumantri

Măngka jaman wingi-wingi inggih sampun tumindak, namung kemawon cacahipun ingkang mrihatosakên (anggulawênthah) putra, yèn katandhing jiwanipun, kontit. Jalaran kêtungkul ing kasênêngan, dhasar sarwa mirah kabêtahanipun ngagêsang, sangsaya ingkang gadhah panguwaos (priyantun). Dene ingkang nindakakên wau kêjawi ingkang mêmpêng sangêt, inggih ingkang pinuju apês gêsangipun.

Kanggenipun sapunika ingkang sami mrihatosakên dadosipun putra ing têmbenipun:

Ha. Golongan ingkang pancèn sampun tinarbuka [tinarbu...]

--- 676 ---

[...ka] saha kasêmbadan, rèhning rumaos botên gadhah wêkdal kangge ngawat-awati putra (kathah pêdamêlanipun, pancèn jamanipun kêdah tumandang damêl), putra wiwit umur 5 taun, tarkadhang kirang sampun kapêthal, kapasrahakên dhatêng juru ngopèni lare (ingkang kathah băngsa Walandi). Salajêngipun ngantos sêkolah, wangsulipun sampun angsal diplomah trus nindakakên padamêlan.

Na. Ingkang rumaos kirang santosa mragadi, dipun wêngku piyambak, sanajan badanipun piyambak sarwa-sarwi cumpèn, nanging jangji putra sagêd kalampahan sêkolah kanthi cêkap ubarampenipun, sampun narimah, idhêp-idhêp manjing tirakatipun. Dene botênipun sagêd mêngkoni, kabêkta saking papan padamêlanipun, lajêng dipun ungsêl-ungsêlakên pondhokan kanthi bayar têdha samurwatipun.

Ca. Têrkadhang anak dipun ngèngèrakên (dipun titipakên) dhatêng priyantun ingkang sakintên sagêd nulungi dadosipun anak.

Tuwin sapanunggilanipun ingkang tumuju anggulawênthah lair batosipun. Lair anjagi sêgêr kuwarasaning badan, batosipun anjagi supados kathah ing kasagêdan utawi kawruhipun. Mila mratahipun sêkolahan ingkang ngantos mapan ing padhusunan saha parêdèn punika, ingkang kathah-kathah muridipun ingkang junjung ugi lare-lare ingkang pancèn dipun rêmbagi tiyang sêpuhipun. Dados têrang sanadyana sadhèrèk ing parêdèn saha padhusunan, ingkang baku gadhah raos mrihatosakên anak, dados lan bingahipun, dene ing sacêlakipun wontên pamulangan. Ing pangangkah sanadyana lare ngrêdi utawi lare dhusun ugi gadhah kasagêdan saking pamulangan. Tiyanga tani sapanunggilanipun ingkang asli dhusun tuwin parêdèn, ingkang sampun tamatan saking pamulangan, wujudipun saha solahbawa sarta ginêmipun botên beda kalihan lare kitha (nagari). Dene yèn katandhing kalihan tangganipun ingkang botên sêkolah wujudipun prasasat Radèn Sumantri kalihan Sukasrana. Mila wontênipun pamulangan, têtêp: kudhi pacul singa landhêpa. Têgêsipun, sanajan lare ngrêdi nanging pêngpêngan sakolahipun. Damêl ebahing manahipun lare kitha, tarkadhang ngucêmakên, katitik manawi sami sêsarêngan nêmpuh iksamên.

Tutuping atur kula, sumăngga para sêpuhipun putra, sampun ngantos kêmba anggèn panjênêngan mrihatosakên putra ingkang sajatos, jêr sampun kuwajiban panjênêngan. Minăngka papèngêt kula laras sêkar makatên: rarasing sinom dèn tata | sugyating tyas mêsu budi | mardawanirèng agêsang | jamaking pra wrêdha sami | ingkang samya ambudi | gêgulang thukuling tuwuh | nungkulkên gung kasukan | kinarya ngantêpkên kapti | dul-wadule yèn tinanya ajar tuwa ||

Taklim kula, Gêmbor Gunungkidul.

--- 677 ---

Cariyos Warni-warni

Tirakat

Tumraping băngsa Jawi ingkang taksih nyokot sangêt dhatêng kajawènipun, bab riyalat punika têsih dipun têngênakên sangêt, ing ngriki angrêmbag bab riyalat, riyalat punika namaning satunggiling lêlampahan ingkang botên sok tiyang kaconggah nindakakên, dene panunggilanipun têmbung: tirakat. Riyalat utawi tirakat wau botên magêpokan kalihan babagan agami.

Ing sawênèhing tiyang ingkang nindakakên lampah riyalat wau sok kathah ingkang kalèntu ing panganggêp, dhokipun dhatêng anggêp gugon tuhon, têrangipun makatên: kulinanipun tiyang nglampahi riyalat punika manggèn wontên pakuburan, sangandhaping kajêng agêng, candhi-candhi, sela agêng tuwin sapanunggilanipun, măngka tumindakipun wau kanthi dipun sranani lampah ngêngirangi nêdha utawi tilêm, anandukakên kalêpasaning pambudi, pramila inggih sok katurutan punapa ingkang kaèsthi, kados ta: kêpengin sugih (kados cariyos ing buku Sarimulya wêdalan Bale Pustaka), kêpengin mindhak pangkat, laris sadeanipun, kêpengin angsal bojo ayu tuwin sapanunggilanipun, kalêksanan. Ingkang makatên wau sok kaanggêp manawi ingkang sagêd anuruti panêdhanipun punika ingkang ambaurêksa kuburan, kajêng agêng utawi candhi wau. Pramila panggenan ingkang kangge papan tirakat wau lajêng pinuja-puja, pinundhi-pundhi, saking tumularing pawartos lajêng kawastanan pundhèn. Rèhne sampun nate nuruti panêdhanipun tiyang tirakat ing ngriku, sabên dintên Sênèn utawi Jumuwah Lêgi, cêkakipun sabên dintên ingkang katamtokakên asring dipun wilujêngi tuwin dipun kurbani potong gurung menda utawi lêmbu, apêsipun ayam. Lo ingkang makatên punika rak nama ambucal băndha ingkang tanpa tănja, têmah anambahi kaborosan.

[Grafik]

Lawanging guwa panggenanipun tiyang nêja tirakat.

Măngka ingatasipun tiyang Jawi bab tirakat punika pancèn taksih limrah katindakakên, dados botên ambucal dhatêng namaning Jawi. Dhasar wiwit kina-makina bab punika dipun têngênakên sayêktos, kaupamèkakên minăngka piranti panggrendaning manah. Nyatanipun sadhengah tiyang ingkang karêm ngêngirangi nêdha tuwin tilêm sagêd wêning budinipun, padhang manahipun, mênêp pikiranipun. Wêninging pambudi saha mênêping pikiran wau anjalari widadaning sêdya, widadaning sêdya angawontênakên punapa ingkang kacipta. [kaci...]

--- 678 ---

[...pta.] Mirid wêwarahipun para luhur ing kawruh marahakên manawi cipta punika gumana (maujud), dados yèn makatêna tiyang tirakat lajêng katurutan pikajênganipun wau têrang bilih botên kok saking pikantuk parmaning kiyai setan utawi dhêmit ingkang ambaurêksa kajêng tuwin candhi, ananging saking kamurahaning Pangeran ingkang sajati. Pramila botên prêlu ingatasipun tiyang tirakat lajêng dumunung sangandhaping kajêng agêng utawi pakuburan ingkang kêtêl rungkut cêpak ing kacilakan saha anggugu barang ingkang botên thuk-pinêthuk ing akal, punapa malih ambucal sakathahing băndha ingkang kirang tumănja wau.

Minăngka panutuping karangan punika kula botên kok mêmancah utawi nyênyampahi dhatêng para ingkang ahli tirakat, ngluhurakên panêpèn utawi pundhèn, jêr prakawis punika gumantung ing tekadipun piyambak-piyambak, èsthining manah kula muhung tumut angrêksa kawilujêngan, sagêda anêbihi watak gugon tuhon saha nuwak lampah kaborosan. Awit tuwuhing gagasan kula ingkang makatên punika sangêt tarênyuh ing manah dene kula asring mirêng pawartos wontên sawênèhing tiyang nêdya tirakat dhatêng rêdi tuwin wana-wana satêmah manggih kacilakan ing purug. Wasana para nupiksa mugi angrêntahna sagunging samodra pangaksama dhatêng:

Pun Nirrasa ing Tumpang

Anggung ngèsthi karsaa angrênggani.[2]

Jagading Sato Kewan

Pêksi Suwari

Pêksi punika limrah dados kasênênganing tiyang, wontên ingkang dipun pêndhêt saking ungêlipun, kados ta kutut, putêr, blastêr, dêrkuku tuwin sanès-sanèsipun, punika panitiking awon sae mêndhêt saking swara, awit awon saening swaranipun sagêd angindhakakên rêgi. Wontên ingkang mêndhêt saking saening warni tuwin ocehanipun, kados ta pêksi nori, bayan, podhang tuwin sanès-sanèsipun. Pêksi sadaya wau limrahipun sami dipun dèkèk ing sêngkêran.

Limrahipun ing tanah Jawi, pêksi punika agêng-agêngipun: gagak, wolung, nanging tumrapipun ing tanah sabrang, pêksi ingkang agêng punika warni-warni. Kacariyos ing tanah Aprikah wontên pêksi agêng, ingkang dipun wastani pêksi unta, wontênipun dipun wastani makatên wau bokmanawi saking kapiridakên agêng saha inggiling pêksi, [pê...]

--- 679 ---

[...ksi,] makatên malih pêksi wau manggènipun wontên ing sagantên wêdhi. Dene pêksi wau ingkang dipun pilaga wulunipun. Tumrap ing tanah Jawi ngriki taksih awis ingkang sumêrêp, limrahipun namung wulunipun ingkang kêlimrah kangge bulu-bulu.

Dene pêksi agêng ingkang sampun kasumêrêpan wontên ing tanah Jawi ngriki, ingkang kathah pêksi suwari, dene pinangkanipun saking tanah Papuah. Mila ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik, mênggah kawontênanipun pêksi wau.

[Grafik]

Pêksi suwari jalêr èstri saha piyikipun.

Pêksi suwari punika ingkang agêng, katogipun sagêd ngantos sapêdhèt, inggilipun ugi samantên, ingkang sampun warog, wulunipun cêmêng, kados bobat kakên, ing sirah kados mawi cènggèr, ing dhadha wontên gandhul-gandhul kados gajih kêthukulan wulu panjang ugi kados bobat. Dene ingkang èstri beda sakêdhik, cêmêngipun kirang utawi ragi alit.

Pêksi wau kêtingal buntut kemawon, nanging sajatosipun kêsit, manawi wontên ing wana kêtingalipun namung kados ayam saba, nanging manawi kasumêrêpan ing tiyang lajêng lumajêng, plajêngipun rikat sangêt, mila awis sangêt tiyang sagêd nyêpêng pêksi suwari agêng taksih gêsang-gêsangan, kajawi kêsit, pêksi wau ugi rosa sangêt, tuwin nyamari. Dene ingkang nyamari punika manawi anjêjak, tiyang manawi kêjêjak tamtu katiwasan. Ingkang dados têngêranipun manawi nêpsu, pêksi wau lajêng kêtingal lincik-lincik kalihan ambêkos, anggènipun lincik-lincik wau sajatosipun badhe ngancang-ancangi. Manawi sampun makatên punika tiyang kêdah prayitna, sarta manawi badhe dipun sanjata sampun saking ngajêng, awit ing dhadha wontên balungipun ingkang santosa sangêt, manawi mimis awon-awonan kemawon, dèrèng tamtu sagêd pêjah.

Tiyang ingkang sagêd angsal pêksi suwari gêsang punika namung manawi nuju sagêd nyêpêng ingkang taksih alit, awit manawi ingkang taksih alit, punika janji kenging dipun jegal, lajêng dhawah, gampil lajêng dipun srimpung.

Manawi botên sagêd angsal ingkang alit,

--- 680 ---

inggih pados tiganipun, dipun têtêsakên piyambak. Tigan wau agêngipun kalih tigan banyak, pating trutul ijêm, cangkangipun kandêl. Dene caranipun nêtêsakên makatên: tigan wau dipun buntêl ing gombalan lajêng dipun dèkèk ing sacêlaking pawon, namung mêndhêt angsal hawa angêt, sarta kêdah tlatos ngingar-ngingêr, murih sagêd kawradinan hawa bêntèr. Patrap makatên punika kêdah dipun tindakakên ngantos lami, mangke manawi dumugi wancining nêtês, tigan wau lajêng anjêblug mêdal piyikipun, agêngipun sampun sami kalihan ayam kêmanggang, wujudipun jêne lorèk-lorèk, kenging dipun têdhani uwos.

Salugunipun pêksi suwari punika pakanipun gampil sangêt, punapa kemawon purun nêdha, malah manawi sampun agêng, manawi nuju kêluwèn purun nguntali sela.

Pêksi suwari manawi taksih alit kenging dipun umbar kemawon, nanging manawi sampun ragi agêng kêdah dipun dèkèk ing kandhang, awit nyamari, sumêrêp punapa-punapa lajêng dipun untal. Saya manawi sampun birai, asring nêndhangi punapa-punapa.

Mênggah pêksi suwari punika limrahipun botên dados ingah-ingahanipun tiyang limrah, kajawi namung dados ingah-ingahan wontên ing kêbon binatang tuwin dados ingah-ingahanipun tiyang sugih, awit mênggah damêlipun botên wontên tuwin botên ngêdalakên nipkah, salugu namung dados sawangan tuwin anèh-anèhan.

Sela Dhukun

[Grafik]

Gambar punika amratelakakên mênggah kawontênanipun sela dhukun, ingkang pinundhi-pundhi saha panggenan kangge milujêngi brama, wontên ing sacêlakipun Cêmara Lawang, Ngadisari.

--- 681 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan Pangasah Budi

Ing Kajawèn ngriki kados sampun asring ngêwrat karangan bab kamajênganipun wanita Jawi. Sanadyan kamajênganipun wau dèrèng sagêd anyamèni dhatêng para wanita băngsa kilenan, ananging nitik kawontênanipun samangke punika, kados sampun kanyataan, bilih para wanita botên sami purun kantun dhatêng para priya, tăndha yêktinipun: ing pamulangan punapa kemawon ing tanah Jawi ngriki, kenging katamtokakên mêsthi wontên muridipun èstri, kajawi ta ing pamulangan-pamulangan ingkang lugu namung tumrap murid jalêr kemawon. Kajawi punika ugi sagêd katitik saking tuwuhing pakêmpalan wanita warni-warni, ingkang sêdyanipun maligi namung badhe angajêngakên warganipun miturut jamanipun, kados ta: pakêmpalan Wanita Utama ing Ngayogyakarta, Rukun Wanodya ing Batawi, lan taksih kathah malih tunggilipun. Bab kawontênanipun pakêmpalan Wanita Utama, ing Ngayogyakarta sampun marambah-rambah kawêdharakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki, bab kawontênaning pakêmpalan Rukun Wanodya ing Batawi, sanès dintên badhe kaandharakên sawatawis. Dene ingkang karêmbag wontên ngriki samangke, inggih punika pakêmpalan wanita ing Batawi, ingkang kawastanan: Pangasah Budi.

[Grafik]

Para wanita liding pakêmpalan Pêngasah Budi, pimpinanipun Radèn Ayu Sutinah.

Mênggah adêging pakêmpalan kasbut nginggil, punika kirang langkung sawêg wontên 6 utawi 7 wulan.

--- 682 ---

Ing sakawit ingkang gadhah ada-ada angadêgakên pakêmpalan wau, inggih punika: Radèn Ajêng Sutinah, klèrêk ing kantor Bale Pustaka Wèltêprèdhên. Dene sêdyanipun pakêmpalan Pangasah Budi, punika kados sampun cêtha saking têgêsing têmbung, inggih punika: anglêlantih budinipun. Ingkang makatên wau amila kapara nyata, amargi para warganing pakêmpalan wau tansah ambudidaya tuwin anyinau kagunan warni-warni, ingkang migunani tumrap kaprêluwaning para wanita, kados ta: padamêlan tangan, upaminipun kemawon: nyulam, ngrenda lan sasaminipun, tuwin anyinau adamêl pangangge modhèl-modhèl.

[Grafik]

Sêkar-sêkaran minăngka gumbiraning manah ingkang kapitontonakên sêtèlêngan Pêngasah Budi.

Malah dèrèng dangu punika pakêmpalan mitongtonakên angsal-angsalaning pandamêlanipun para warga wontên ing griya pakêmpalaning para mudha Indhonesiah ing Kramat, Wèltêprèdhên. Miturut pawartos, angsal-angsalanipun sae sangêt, lan 25% saking angsal-angsalaning panyadenipun sêkar-sêkaran damêlaning para warganipun, punika kadarmakakên dhatêng sêtudhèn tênpon.

Sanadyan pakêmpalan wau umuruipun prasasat kenging dipun samèkakên kalihan umuripun jagung, saking kêncênging manah saha iyêging para panuntun tuwin para warganipun, sampun sagêd mitongtonakên angsal-angsalaning pandamêlanipun ingkang sae saha èdi-èdi wau dhatêng tiyang kathah, tuwin sampun sagêd mêthik wohipun.

Ingkang punika Kajawèn tansah amêmuji, mugi-mugi pakêmpalan Pangasah Budi sagêda widada ing salajêngipun, saha amêwahana kamajênganipun para wanita Jawi, punapa malih amêwahana tata raharjaning jaman.

--- 683 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyayi

Petruk : Ora Kang Garèng, mara aku critanana, mungguhing têmbung priyayi. Kuwi panêmuku kalane isih cilik karo barêng gêdhe tuwa kiyi, têka beda têmên. Nalikane aku isih cilik, rumasaku wong dadi priyayi kuwi kangelan bangêt, barêng aku gêdhe tuwa kiyi, dadi priyayi sajake têka kêpenak têmên. Tandhane bae, nalika aku isih cilik manawa kabênêr anjajan ana ing dalan, banjur bae ana sing ngunèni: Ih, anak priyayi kathik ngiras ana ing dalan, têka ora wêruh saru têmên, utawa nèk aku penekan, jarene: anak priyayi kathik trincak-trincik penekan, têka ora beda karo bocah urakan. Cêkake ora kêna nglakoni kliru sathithik, mêsthi banjur diundhat-undhat anggone dadi anak priyayi. Kang mangkono mau aku banjur anduwèni gagasan, yèn wong dadi priyayi kuwi pancèn iya abot têmênan. Ananging barêng aku tuwa kiyi, têka banjur malih babarpisan panêmuku mau, awit apa bae sing ginagas kapenak, brêgas, lan sapadhane, têka dadi duwèking priyayi, kaya ta: turu awan, jarene: wong priyayi, mangan nganggo sendhok porok, iya: wong priyayi, dalasan sugih utang bae, jarene iya: wong priyayi. Hara, apa ora rusak nyang pikir kaya mangkono kuwi, mulane critakna nyang aku, mungguh sing diarani priyayi kuwi apa.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, kowe mono, ana bae sing tansah kok canthulani. Mungguh sanyatane tumrape jaman saiki, nèk rumasaku, sing kêna diarani: priyayi, kuwi têlung rupa, yaiku 1e para sing kawisudha dening pamarentah katêtêpake dadi priyayine, kuwi kabèh jênêng priyayi. 2e Para trahing luhur, lan 3e sadhengah uwong kang anduwèni wêwatêkan priyayi.

Petruk : Mêngko sik, Rèng, sadurunge aku pitakon ing bab-bab kang gêgayutan karo calathumu mêntas kiyi, aku arêp takon dhisik, sababe apa, kok ditêmbungake: priyayi, têka ora anjukuk têmbung liya-liyane bae, kaya ta: sêmayi upamane.

Garèng : Hus, kurang ajar, nèk sêmayi kuwi rak bangsaning enak-enakan, yaiku bangsaning gêmbrot, sing dielingi kok mung bangsaning untal-untalan bae. Anane têmbung priyayi, kuwi aku dhewe sabênêre ora pati ngrêti, sabab rupa-rupa kang padha anjarwani. Ana sawênèh sing duwèni panêmu, kang aku ora pati mathuk, mangkene :

--- 684 ---

jarene têmbung priyayi utawa prayayi, kuwi saka pra = pro = voor = ngarêp, lan yayin (Sanskrita: yayin) kang anduwèni laku, saka wod ya = malaku. Dadi priyayi kuwi surasane: kang anduwèni laku ing ngarêp, yaiku panuntun.

Petruk : Nèk rumasaku, surasa kang mangkono kuwi kok rada mathuk, mula iya mangkono priyayi kuwi tansah didadèkake pangarêp, aku dhewe kêrêp mênangi, apa manèh nèk kabênêr panggonane lurah bawahe, nèk ana tayuban, mêsthi olèh sampur dhisik dhewe.

Garèng : Lho, kok banjur salah wèsêl. Sing diarani dadi pangarêp, kuwi ora kok banjur kalane ana tayuban, ananging sing dikarêpake mangkene: samăngsa ana kasusahane utawa ruwêt rêntênging bawahe, iya priyayi kuwi sing wajib amikir lan dadi wêwakile, supaya bisa gawe slamête.

Petruk : E, hla, dadi klèru diwăngsa aku kiyi mau, dak arani nèk kabênêr ana ing sênêng-sênêng priyayi kudu tansah ana ing ngarêp, kaya ta: ana ing tayuban ngibinge dhisik dhewe, nèk kabênêr gêndhurèn, dilungguhake ana ing ngarêp dhewe aliyas ana ngisor talang, jêbul-jêbul nèk ana rêkasane iya kudu mangarêpi. Yak, iya ora kêpenak dadi priyayi kuwi, dhing.

Garèng : E, la iya dhinês, nèk pancèn miturut apa mêsthine wong dadi priyayi kuwi mula iya abot, amarga pamarentah nganakake priyayi, prêlune kanggo angrêksa utawa anyumurupi apa sing dadi kaprêluwane wong cilik, kang padha wajib diadili, dadi ora kaya paribasan saiki: wong cilik kanggo kaprêluwane wadana, nanging priyayi kang kanggo kaprêluwane wong cilik.

Petruk : Nèk mangkono, upamane ana priyayi ngêdir-êdirake kaluhurane, kuwi iya ora apik bangêt.

Garèng : Nèk jênêng ngêdir-êdirake, pancèn iya ora apik, amarga sawijining titahing Pangeran, kuwi kudu tansah ngèlingi, yèn sakabèhing kaluhuran, kasugihan, kamuktèn, lan sapadhane, kuwi mung ginadhuhake bae marang manusa, dadi karêpe: nèk ora kabênêran, sok bisa dijabêl marang sing Kuwasa manèh. Padha bae karo bubul sing digadhuhake nyang kowe, sanajan kok eman dikayangapa, iya bi...

Petruk : Kurang a...jar, wadi nguwong kathik disorahake. Ora Rèng, nèk aku kok ora mathuk dhing kambi omongmu kiyi, sabab nèk priyayi kuwi ora banjur nêtêpi kaluhurane, wis tamtu bakal rê...muk: jalaran wong bawahe iya banjur ngrèmèhake karo prentahe.

Garèng : Lho, salah wèsêl manèh, sing tak arani ora bêcik mau rak anggone ngêdir-êdirake kaluhurane, nèk nêtêpi kaluhurane kuwi wis dadi kuwajibaning priyayi. Dadi priyayi kudu ambêg luhur. Dene kang diarani ambêg luhur [lu...]

--- 685 ---

[...hur] kuwi tumraping priyayi, mangkene têrange: aja watêk nistha, mundhak diina. Aja ladak, mundhak ditêrak. Aja bêngis, mundhak kengis. Aja kêndho, mundhak dibêbodho. Aja gumluwèh, mundhak kawêlèh, lan sapiturute. Cêkake ambêg luhur kuwi laku kang ngati-ati bangêt, mula sabênêre pancèn dadi wajibing priyayi. (Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Korèspondhèn Kajawèn suka pawartos kados ing ngandhap punika: benjing tanggal kaping 24-28 wulan Juni ngajêng punika, pakêmpalan Yong Yapa bagian padpindhêr pang Surakarta, badhe angwontênakên konggrès agêng manggèn ing kitha Surakarta. Programah lampah-lampah sapunika sawêg karancang.

Rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral ing Surakarta benjing tanggal kaping 21 Mèi punika, ugi badhe têdhak dhatêng Klathèn miyos Kartasura, parlu mariksa barang-barang utawi yêyasan ingkang wigatos tumrap ing apdhèling Klathèn. Wêkdal punika para punggawa paprentahan ngriku sampun iyêg wiwit anindakakên padamêlan wajibipun piyambak, nata pêpasrèn ing margi-margi sapanunggilanipun ingkang minăngka badhe kangge pahargyan.

Tuwan H. Sutadi up rêdhaktur sêrat kabar Darmakăndha ing Surakarta, wiwit tanggal sapisan Mèi punika lèrèh saking padamêlanipun ngêmudhèni sêrat kabar wau, amargi parlu nindakakên padamêlan tumrap kuwajibanipun lid polêk rad. Gêgayutan kalihan padamêlan lid polêk rad wau salêbêtipun pitung wulanan ingkang badhe kalampahan, Tuwan H. Sutadi badhe manggèn wontên ing Batawi lajêngan. Wondene ingkang nindakakên padamêlan up rêdhaktur sêrat kabar wau, sapunika R.M. Sudarya Cakrasiswara sawêg dumunung wakil.

Nalika malêm Akat tanggal kaping 28 April kapêngkêr punika, bêbadan komite pênulung banjir bawah Mangkunagaran, angwontênakên têtingalan bêksan Jawi warni-warni, manggèn ing pandhapi kabupatèn Wanagiri mawi mupu bayaran, angsal-angsalanipun yatra saking para ningali badhe kadarmakakên dhatêng kasangsaran banjir ing bawah Mangkunagaran.

Wiwit parentah nagari Mangkunagaran angwontênakên lêmbu-lêmbu pamacêk tanah Bênggala, kagadhuh-gadhuhakên dhatêng kapala dhusun ing sabawah apdhèling Wanagiri, sapriki sawêg sawatawis taun laminipun, sampun sagêd ngêdalakên asil kathah tumrap dhatêng têtiyang tani ingkang gadhah lêmbu èstri Jawi sami kapatilakên dhatêng lêmbu pamacêk wau, turunipun sagêd mindhak dados rêgi awis bilih kasade. Pêpandhinganipun upami lêmbu Jawi namung rêgi 25 nyêngkanipun 30 rupiyah, bilih turunan saking lêmba[3] pamacêk wau sagêd pajêng 40 dumugi 50 rupiyah.

Kas dhusun ing apdhèling Klathèn, punika sami-sami apdhèling, tumrap nagari Surakarta kapetang agêng piyambak, kawarti ngantos atusan èwu gunggung kêmpalipun, nanging pangagênging parentah ngriku dèrèng wontên panggalihan angwontênakên lêmbu-lêmbu pamacêk ing dhusun-dhusn, mênggah dipun wontênana têmtu sagêd murakabi ugi dhatêng têtiyang tani wawêngkonipun apdhèling ngriku, amargi wontênipun lêmbu-lêmbu Jawi ing apdhèling Klathèn katingal kathah katimbang ing bawah Wanagiri.

Kala dipun wontênakên eksamên ingkang pungkasan ing pamulangan P.J.S. ing Ngayogyakarta, ingkang sami tumut anêmpuh eksamên wau sadaya wontên murid 19 antawisipun lare samantên wau ingkang angsal eksamênipun wontên lare 16, dene murid pribumi ingkang mênang eksamênipun inggih punika: tumrap Bouwkunde Sudada. Tumrap Waterbouwkunde 1 Radèn Paraton, 2. Parimin, 3. Radèn Parduli, 4. Mas Itaya, 5. Samud, 6. Mas Sutarsa, 7. Nyaman, 8. Suamuji, lan 9. Sumadi. Anggènipun anampèkakên dhiplomanipun kadhawahakên ing tanggal 5 wulan punika, jam 10 enjing.

Pakêmpalan P.N.I. (Perserikatan Nationaal Indonisia) apdhèling Mataram ing Ngayogyakarta, ingkang dipun pangarsani dening Mr. Suyuni, nalika ngawontênakên parêpatan ingkang kantun punika, sampun adamêl karampungan badhe ambikak satunggiling kursus tumrap warganipun, botên watawis dangu malih pakêmpalan wau badhe ngêdalakên kalawarti.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên: ing siti ingkang dipun kintên mêdal lisahipun, gadhahaning Koloniale Petroleum Mij. ing Palembang, sampun kapêndhakan wontên tukipun lisah patra, ingkang sadintên sadalunipun sagêd ngêdalakên lisah 1000 ton.

--- 686 ---

Wontên kabar, bilih Radèn Jayaarjasa, abdi dalêm wadana ing kasultanan Ngayogyakarta kangge sawatawis măngsa, samangke kawisudha dados wadana pulisi ing Ngayogyakarta.

Kala dintên Sênèn ingkang kapêngkêr punika, ing sacêlakipun Sêtoplas, Cibuwa, wontên tiyang èstri sêpuh, ingkang kalêrês lumampah ing sauruting margi sêpur, kêplindhês ing sêpur ingkang dhatêng saking Labuwan. Tiyang èstri wau sanalika punika pêjah.

Saking pambudidayanipun para pangrèhing pakêmpalan: Rukun Sundha ing Wèltêprèdhên, botên dangu malih, inggih punika kintên-kintên tanggal 1 Juli ngajêng punika, pakêmpalan badhe angadêgakên pamulangan H.I.S. mawi dhêdhasar Koran. Kangge sawatawis măngsa dununging pamulangan wau wontên ing Kramat Pulo.

Lulus eksamênipun tumrap kandhidhat bagian ingkang kaping kalih ing pamulangan hakim luhur ing Batawi: Tuwan Jayadiguna.

Sêrat kabar A.I.D. amartosakên, bilih salêbêtipun wulan punika rêsèrsê candu angsal kauntungan agêng, awit sagêd ngrampas candu kathahipun satunggal ton. Samangke ing pakaryan wau dipun wontênakên pranatan enggal ingkang langkung sêtiti tinimbang ingkang sampun-sampun.

Kala tanggal 3 Mèi ingkang kapêngkêr punika, ing Bandhung wontên los wadhah kênini gadhahanipun ondhêrnèmêng Gunungkasur, kabêsmi ngantos têlas, dene karugianipun langkung saking 12000.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên saking Bandhung, bilih angsal-angsalaning arta darma tumrap têtiyang wuta ing Indhonesiah ngriki, wontên f 34140.- pakêmpalan ingkang tujunipun anyaèkakên têtiyang wuta, anglairakên gênging panuwunipun.

Rancangan ingkang sampun katamtokakên tumrap rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral wontên ing paresidhenan Kêdhu, kados ingkang kasbut ing ngandhap punika:

Tanggal 27 Mèi ing ngajêng punika, wontên ing tapêl-watêsipun Ngayogya lan Kêdhu, wontên ing Tèmpèl, ingkang wicaksana dipun pêthuk dening paduka tuwan residhèn, tuwan asistèn residhèn, saha ingkang bupati ing Magêlang, kajawi punika ugi tuwan kontrolir ing Munthilan badhe andhèrèk mêthuk. Dene ingkang badhe katêdhakan dening ingkang wicaksana, inggih punika: pasturan ing Munthilan, saking ngriku jam 10.45 nuntên badhe bidhal dhatêng sustêran ing Mêndut, jam 12 têrus tindak dhatêng Barabudhur.

Katêtêpakên dados dhoktêr Indhiya (Ind. Arts): Tuwan Abdul Gapar, asli saking Pordhêkok (Sumatrah ingkang sisih kilèn).

Benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Wèltêprèdhên badhe kabikak pamulangan têngahan ing bab panyêpênging bale griya, lamining pasinaon wontên 3 taun.

Kala dintên Slasa ingkang kapêngkêr punika, punggawa pabrik ès ing sacêlakipun Padhalarang sami mogok, kathahing têtiyang ingkang sami tumut mogok wontên 20, mênggah sabab-sababipun makatên:

Sadèrèngipun wulan Nopèmbêr 1927 kuli-kuli ingkang ambêkta ès saking pabrik dhatêng sêtatsiun, punika sami angsal epahan f 0.25 sabên sabalokipun. Sarêng dhawah masa jawah têtiyang wau sami nêdha indhakan epahan, inggih punika f 0.30 ing dalêm sabalokipun, ugi sami dipun turuti, ing sarèhning samangke sampun masa bêntèr malih, pangagênging pabrik wau amrayogèkakên murih wangsul kados ingkang suwaunipun, inggih punika f 0.25, ananging kuli-kuli wau botên sami rujuk saha lajêng sami mogok, ananging anggènipun mogok wau namung sadintên.

Kabaripun, gunggunging têtiyang ingkang manggèn wontên ing Dhigul samangke têtiyang jalêr wontên 530, tiyang èstri 13, sadaya sami tiyang komunis. Têtiyang wau sami ambêkta sanak sadhèrèkipun gunggung kêmpal wontên tiyang 210, cacah samantên kathahipun wau ingkang 200 lare-lare. Dene têtiyangipun tani namung wontên 27, dados kirang langkung namung wontên 5% saking cacahing sadaya tiyang ingkang manggèn wontên ing ngriku.

Aneta mirêng pawartos, bilih ingkang bupati ing Bandhung, ingkang samangke pinuju tindak pêrlop dhatêng Eropah, konduripun ngajawi kintên-kintên tanggal 18 Agustus ing ngajêng punika.

Benjing tanggal 30 Juni ing ngajêng punika, ing Surabaya badhe kabikak kanthi opisil, satunggiling pamulangan dagang andhap. Kangge sawatawis masa danguning pasinaon wontên 3 taun. Ingkang katampi ing pamulangan wau lare sadaya băngsa, lan lare ingkang kalêbêt ing ngriku kêdah sagêd anyêkapi kasagêdanipun kadosdene manawi badhe lumêbêt ing pamulangan Mulo utawi H.B.S.

Wontên pawartos, bilih salah satunggiling sudagar ing dhusun Partêngêr (Pamêkasan) nama: Haji Dhamhuri, lapur dhatêng pulisi, kala malêm Rêbo tanggal 25 April ingkang kapêngkêr punika, mêntas kapandungan arta gunggung f 14600.- inggih punika arta ingkang kasimpên wontên ing pêthi brankasipun, prakawisipun samangke sawêg dipun urus ing pulisi.

Dèrèng dangu punika pangrèhing pakêmpalan Muhamadiyah ing Kuthagêdhe, angadhêp ing ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Prêlu anyadhong paring dalêm arta darma kathahipun 200, kangge ambantu adêging madrasah tuwin poliklinikipun Muhamadiyah ing Kuthagêdhe.

--- 687 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

35. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Undhak-undhakan kalih atus ingkang kawitan, sanadyan anjulêg tuwin risak, ewadene mêksa gampil dipun ambah, kajawi tumrap Pangeran Josua, ingkang kamirêngan swaranipun mênggèh-mênggèh sarta rêrambatan wontên ing wingking kula, salajêngipun nuntên wontên gang ingkang anjulêg mangandhap, kintên-kintên wontên sèkêt tindak, lan têlas-têlasanipun punika wontên lomponganipun, ingkang sami lêbêtipun kalihan ingkang ngajêng, ananging undhak-undhakanipun ngriki langkung risak malih, kajawi punika susah sangêt sagêdipun dilah-dilah lêstantun murub, jalaran saking bantêring angin ingkang nêmpuh saking ngandhap.

Ing têlas-têlasaning undhak-undhakan wau, undhak-undhakan salajêngipun prasasat botên wontên, amila minggahipun inggih ambêbayani sangêt. Wontên ing ngriku Pangeran Josua lajêng kaplèsèd saha kanthi anjêlih badanipun andhawahi kula ing sarosanipun, tujunipun suku kula adêgipun kêncêng, upami botêna, kula tamtu andhawahi sang putri, ingkang sagêd anjalari kula sadaya dhawah kalêbêt, ingkang sagêd andadosakên tiwasipun.

Sarêng panjênênganipun sampun sagêd jumênêng saking dipun pitulungi ing tiyang parêdèn, kula sadaya lajêng mandhap turut ăndha, ingkang dipun pasang dening têtiyang ingkang sami wontên ngajêng, lampah anjog ing papan waradin ingkang ăngka kalih, ing ngriku wiwit wontên gang ingkang mayat malih, pungkasaning gang wau lajêng wontên papan ingkang wiwit anjulêg.

Samangke kêdah dipun rêmbag, tumrap Pangeran Josua kadospundi, amargi panjênênganipun sampun sumpah bilih sampun botên sagêd anglajêngakên tindakipun, saha lajêng ngrêrintih supados dipun wangsulakên dhatêng pucaking curi malih, sanadyan kala punika Shadrach cariyos manawi undhak-undhakanipun mindhak sae. Sang putri lajêng ngrampungi prakawis punika sarana ngandika makatên:

Dhuh paman, panjênêngan ngandikakakên bilih botên sagêd anglajêngakên malih. Ing sarèh[4] kula sadaya punika kêkirangan wanci sangêt, langkung prayogi manawi panjênêngan kantun wontên ing ngriki kemawon, ngantos kula sadaya sagêd wangsul mriki malih. Dene manawi kula sadaya botên sagêd wangsul mriki, panjênêngan kula aturi pados margi piyambak, mêdal ing lompongan punika. Sampun kantun sugêng, paman. Paman ing ngriki punika botên ambêbayani, tur sakeca. Kula mrayogèkakên, panjênêngan ngaso wontên ing ngriki.

Pangeran Josua ingkang kala punika saking samar utawi nêpsunipun, andharêdhêg kados alang-alang katêmpuh angin, anggarundêl makatên: I, lah, wong wadon têka ala têmên atine. Dhuh sang putri, punapa panjênêngan tega dhatêng pêpasangan panjênêngan wontên salêbêting guwa brakasakan punika, dene panjênêngan piyambak têka rêrambatan kados kuwuk wontên ing curi-curi sêsarêngan kalihan têtiyang mănca. Manawi kula kantun wontên ngriki, panjênêngan inggih kêdah kantun wontên ing ngriki.

Sang putri amangsuli têtêp: o punika botên, punapa pantês ingatasipun putri putraning para nata ajrih lumampah sêsarêngan kalihan tamunipun.

Pungkasanipun Pangeran Josua lajêng tindak wontên ing têngah-têngahipun têtiyang parêdèn, ingkang sajatosipun angrêrămpa dhatêng sang pangeran wau.

Kados ingkang dipun cariyosakên dening Shadrach punika pancèn lêrês, saya dangu undhak-undhakanipun saya sae, ananging sajakipun undhak-undhakan wau tanpa wêkasan, amargi saking pangetang kula, lampah kula sadaya mangandhap wau kados-kados sampun wontên sèwu kalih atus kaki, sarêng kula prasasat mèh botên sagêd anggulawat malih, sarta uswanipun sang putri sampun cêkak sangêt, ngantos sang putri anggandhul dhatêng tanganipun Orme, lan kula sadaya katarik sarana tangsul wontên ing pêngkêranipun sang putri, dumadakan kula sadaya sumêrêp soroting srêngenge ingkang alit sangêt, mêdal ing lompongan ciyut ing trowongan ngriku, ing wiwitaning papan anjulêg sanèsipun, kula sadaya pinanggih Shadrach, ingkang ngêntosi kula sadaya wontên ing ngriku kalihan tiyang sanès-sanèsipun. Piyambakipun lajêng wicantên kanthi taklim, cariyos manawi dilah-dilah kapurih nilar wontên ing ngriku, saha kapurih ngêtutakên piyambakipun. Olivier pitakèn dhatêng Shadrach dhatêng pundi anjoging guwa ingkang pungkasan punika.

Shadrach amangsuli: anjogipun dhatêng papan ingkang langkung andhap malih, ananging satunggiling papan ingkang panjênêngan botên kapengin lumêbêt, amargi punika lajêng anjog dhatêng guwa agêng, ingkang kangge ngandhangakên sima-sima kramat dening têtiyang Fung.

Kula sadaya lajêng ngêtutakên Shadrach, saha lajêng dumugi tanah waradin ingkang jêmbar sangêt, siti waradin wau wontên ing salêbêting curi agêng sangêt, ananging punika saking dêdamêlaning tiyang utawi dumados [du...]

--- 688 ---

[...mados] kodrat, punika botên kasumêrêpan. Ing sapinggiring tanah waradin wau, wontên tuwuhanipun pakis tuwin thêthukulan sanès-sanèsipun, ingkang rungkut sangêt, saupami kula sadaya umpêtan wontên ing thêthukulan ngriku, botên sagêd dipun tingali dening têtiyang ingkang wontên ing ngandhap ngrika. Saking papan ngriku wau, kula sadaya sagêd sumêrêp, bilih lêbêting jurang punika taksih wontên sawatawis atusan kaki.

Ing ngandhap kêtingal wontên wêwujudan ingkang nglênggirik panjang. Ing sakawit wêwujudan wau kula wastani gumuk, ing nglêbêtipun katingal wontên sèrètipun sela agêng sangêt, ingkang pungkasanipun wontên ing rêrungkutan awujud gubug. Pucaking curi ingkang thêthukulanipun wau ajêng-ajêngan kalihan papan waradin ingkang cakêt sangêt saha ingkang kangge ngadêg kula sadaya, mênggah têbihipun saking kula sadaya botên langkung saking tigang dasa utawi kawan dasa kaki.

Sang putri andangu dhatêng Shadrach: Lho, kae apa.

Shadrach umatur: dhuh gusti pêpundhèn kula, punika botên liya kajawi gêgêring dewanipun têtiyang Fung ingkang awujud singa barong. Dene sèrèt agêng ingkang pungkasanipun wontên wananipun alit punika, buntuting singa barong. Kintên-kintên papan waradin ingkang sawêg dipun ambah kula sadaya punika, rumiyinipun papan kangge umpêtan para pangagênging agami, nalika Mur tuwin nagarinipun têtiyang Fung samangke punika, taksih dados gadhahanipun têtiyang Fung sadaya, inggih punika manawi têtiyang wau pinuju andingkik punapa-punapa. Salajêngipun Shadrach sarana anudingi jugangan-jugangan ing salêbêting puri, umatur makatên: măngga kula aturi mriksani punika, kintên kula ing ngriki kinanipun wontên karêtêgipun, ingkang kenging dipun angkat tuwin dipun pasang malih, saha ingkang anjog dhatêng buntuting dewa singa barong wau. Sanadyan ta krêtêg wau sapriki anggènipun risak. Dumugining samangke kula ngambah margi punika tanpa mawi krêtêg wau.

Kula sadaya lajêng sami nyawang dhatêng Shadrach kanthi gumun ing manah, saha kala punika lajêng sêpên botên wontên sabawa punapa-punapa, ing wêkdal punika kapirêng sang putri ngandika bisik-bisik dhatêng Orme makatên:

Bokmanawi jalaran tindak ingkang makatên punika, anggènipun Shadrach sagêd ngoncati têtiyang Fung, utawi bokmanawi piyambakipun tansah sêsrawungan kalihan têtiyang Fung minăngka dados juru sandi.

Quick ingkang mirêng pangandikanipun sang putri makatên wau, anyêlani atur utawi piyambakipun satunggiling tiyang goroh. Gagasaning Quick ingkang makatên punika, botên beda kalihan gagasan kula.

Sang putri ujug-ujug lajêng andangu makatên: sabab apa dene kowe ngirid aku kabèh mrene kiyi.

Shadrach umatur: dhuh gusti, ing ngajêng kula kados sampun matur, bilih prêlunipun badhe angluwari pun jandhela cêmêng. Mugi krêsaa mirêngakên atur kula punika. Sampun dados padatanipun têtiyang Fung, sabên enjing utawi sontên tawananipun sami dipun sukani palilah lumampah-lumampah wontên ing gêgêring singa barong, kanthi botên kajagi babarpisan, panyuwun kula sampun pisan andangu dhatêng kula, dene kula sumêrêp ing bab punika, kula purun sumpah kanthi ngêtohakên nyawa kula, bilih ingkang kula aturakên sadaya wau lêrês-lêrês. Dene rancangan kula makatên: kula sadaya sami sadhiya ăndha, ingkang panjangipun saking papan ing ngrika, ngantos sagêd anjog ing buntuting dewanipun têtiyang Fung punika. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan ingkang anêngsêmakên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Dikenal dengan nama Radya Pustaka. (kembali)
§ Karangan ing nginggil punika pikajêngipun: angaturi pèngêt dhatêng para maos, langkung malih dhatêng para ahli tirakat, sampun ngantos kalintu sêrêp utawi kalintu ing panganggêp, ingkang jogipun dhatêng gugon tuhon tuwin sampun ngantos ambucal băndha ingkang tanpa tănja. Sampun tamtu kemawon pêpèngêt punika namung tumrap dhatêng para sadhèrèk ingkang taksih cotho ing budi, sagêda angsal pêpadhang sawêtawis, ingatasipun bab lampah tirakat. Red. (kembali)
lêmbu. (kembali)
sarèhning. (kembali)