Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-02, #160

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-02, #160. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-02, #160. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 43-44, 13 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 2 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [805] ---

Ôngka 43-44, 13 Bêsar, Taun Jimakir 1858. 2 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang-administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791-Wèltêprèdhên.

Jawi Wetan

[Grafik]

Sawangan ingkang angêlangut, saha anêngsêmakên, ing sacêlaking dhusun Endra, pasisir Grêsik.

--- 806 ---

Raos Jawi

Wiji dalah Pamêpêring Manah ingkang Ngôngsa-ôngsa

Cacak tiyang têmtu sampun sumêrêp dhatêng tindaking sadhèrèk utawi mitranipun ingkang sawêg nindakakên manah pangôngsa-ôngsa. Tarkadhang yèn pinuju pêpanggihan, kawêdal têmbung pangowêl sarana têmbung sarèh (ngèngêtakên) suraos sampun ngantos katêrusakên. Manawi kalajêngakên dèrèng kintên-kintên kasêmbadan sêdyanipun, malah ingkang kathah-kathah nêtêpi bêbasan: amburu ucêng kelangan dêlêg.

Kosokwangsulipun saupami awakipun piyambak ingkang sawêg nuju kapanjingan pangôngsa-ôngsa, udakawis kados kenging cinthungipun eblis jajalaknat, jalaran ingkang limrah awis ingkang anggêga jawilanipun kadang warga tuwin mitra, sanadyan ingkang sinarawèdi pisan, ingkang suraos tumuntêna emut saha kèndêla. Wangsulanipun mubêng mingêr, kathah cancalanipun, ingkang tundonipun namung nutupi klèntuning tindakipun saha kêtingal têksih sumêdya nêrusakên pangôngsa-angsanipun. Tekadipun: bêgja cilaka bakal kadadeane dak awaki dhewe, pirangbara kasêmbadan panggayuhku, kowe mêsthi bisa nyawang, pujèkna bae. Dene yèn ana apêsing awak, kowe aja mèlu-mèlu (kanthi kêtingal prênguting polatan, tur ta yèn apês saèstu inggih dados damêling sanakipun), kados upaminipun cariyos ringgit purwa, nalika putra nata ing Mandraka Radèn Burisrawa anggènipun ngôngsa-ôngsa sagêdipun kalampahan mêngkoni Dèwi Rara Irêng. Sanadyan tangèh kasêmbadanipun, jalaran wiwit alit beda panggulawênthahipun, ananging kabêkta saking mêkanipun manah ngôngsa-ôngsa, botên ketang-ketung, dipun owêl yayah rena, saha sitingarah lajêng dipun sebratakên, mêksa nuruti ubaling manah ngôngsa-ôngsa. Kadang warga ingkang mirêng (Kurawa) inggih tumuntên ngarih-arih nututi dumugi wanawasa, suprandosipun, botên mêndha, milalah nêpsu saha ngoso (dados pêrang) wusana anggêblas, anggêga kajêngipun piyambak, saha anggagas pados akal sagêdipun kêpanggih ingkang dados têlênging wardaya (Dèwi Wara Sumbadra), buntasing pamanggih lajêng lampah cidra (mandung). Lo, samantên trajangipun nuruti pangôngsa-angsaning manah ingkang sampun botên têdhas dipun èngêtakên (nyingkur dhatêng muluring nalaripun piyambak ingkang tumuju kawilujêngan ing benjingipun).

Mênggah kêtatalanipun ingkang kasêbut ing nginggil limrah wontênipun ing sabên panggenan. Mila botên anèh tiyang ingkang purun kèndêl saha emut, nglokro pangôngsa-angsanipun, kawastanan: angsal sih kawêlasanipun ingkang Maha Kuwasa. Anggènipun makatên punika, I. kêjawi saking sampun kulina manahipun piyambak bab mêpêr ardaning pangôngsa-ôngsa, ugi gandhèng kalihan woworanipun wiwit alit saha pasinao-

--- 807 ---

[Grafik]

Pamêpêring hawa napsu, kenging katindakakên kalaning sêpi, kados Bagawan Parasara.

nipun, II. ugi wontên ingkang mêwahi pêpêring manah dhatêng pangôngsa-ôngsa, inggih punika dhatêng pangayomanipun (priyantun sêpuh ingkang sagêd madhangakên manah sarana cêsplêngipun pangandika). Kados ta: nalika Radèn Prêmadi ngêrtos manawi ing kraton Mandraka badhe manton (lampahan rabinipun Suryatmaja), têmtunipun rèhning sanak rak inggih badhe anjagong. Mendah kagètipun, dene cêpaking damêl, botên dipun jak para kadang sêpuh Pandhawa, gèk sababipun punapa. Môngka suwau nguthut badhe pêpanggihan kalihan sêmadosanipun, putri Mandraka ingkang kondhang gandês luwês ing wiraga (Dèwi Banuwati). Têmtunipun gunggunging sadaya cuwa nlêmpaknglêmpak. wontên manahipun Radèn Prêmadi. Upami Radèn Prêmadi botên kiyat dados têtungguling satriya, botên sande dados butênging manah, ingkang lajêng gadhah manah pangôngsa-ôngsa enggala kêpanggih lan sêmadosipun. Rèhning ginagas-gagas saya ngranuhi sadèrèng angsal wêwênganing wardaya, punapa ingkang dados darunanipun ingatasing jagong kemawon dipun singkur ing para kadang. Sampuna ajrih alating kadang sêpuh (nêrak tatakrama), baya badhe rame padudon, tarkadhang pêrang. Jujuling angên-angên, botên sanès namung dhatêng papan ingkang sêpi (têbih godha rêncananing gêsang ingkang wontênawontên. nagari) inggih punika dhatêng rêdi Saptarêngga sowan ingkang eyang (Bagawan Abiyasa). Prasasat namung dipun sêmoni, Radèn Prêmadi sampun sagêd marêm sumèlèh rêmbagipun, [rê...]

--- 808 ---

[...mbagipun,] dhatêng pangandikanipun ingkang eyang. Pasêmon wau kadhapur makatên: anggonmu ora diajak kadang-kadangmu anjagong mênyang Mandraka, iku cukup kotlusuri awakmu dhewe sing nganti gêmêt, êndi sing krasa risi, iya iku sababe. Têmtunipun namung rèhning Radèn Prêmadi punika bagus samukawisipun (tur jaka) yèn dipun jak jagong, tansah damêl gêdêripun ing pajagongan, kapêksa para kadang ngrêksa. Sampun ngantos lingsêm. Ingkang jalaran Radèn Prêmadi kalihan putri. Ingkang punika Radèn Prêmadi lajêng mupus, trimah wontên ing pratapan. Labêt saking têmên-têmênipun pamuwus, sarta dipun sranani tapa, wontên eloking lêlampahan, inggih punika, kraton Mandraka wurung mantu, yèn ta Radèn Prêmadi botên wontên. Dados Radèn Prêmadi kapêksa dhatêng Mandraka saking panêdhanipun calon têmantèn. Dilalah sarêng wontên Mandraka sadaya pondhokan kêbak tamu, dados kapêksa kapasrahakên Dèwi Banuwati, ingkang dados têlênging wardaya. Samantên luhuring panggalihipun satriya linangkung, sadaya ingkang dados pangôngsa-ôngsa panalangsanipun dipun sabarakên wontên papan ingkang têbih praja.

Palupi kêkalih punika bibiting (wiji) manah pangôngsa-ôngsa. Dene marêmipun, ingkang sapisan dipun prusa, wusana mêksa cabar. Ingkang kaping kalihipun dipun sranani ngulir nalar, wêkasan sagêd kasêmbadan.

R. Sm. Arjasuwita,

Sêmanu, Ngayogyakarta.

Panggulawênthah Lare

Nênangi Pikiranipun Lare lan Sampun Ngantos Rêmên Jajan

Para maos botên badhe kêkilapan, punapa ingkang dipun wastani jajanan, inggih punika warni têtêdhan ingkang dipun sade kadhasarakên ing pêkên-pêkên, wande-wande lan ing pinggir margi-margi.

Ing sarèhning kula punika tiyang dhusun kluthuk, tur gêgriya ing dhusun, ingkang gêsangipun kêkirangan, sampun samungguhipun upami kawruhipun namung sapala (cupêt) jalaran saking kiranging pakêmpalanipun dhatêng para sagêd, kadospundi caraning pamarsudi kula dhatêng anak ingkang langkung satunggal, murih sampun ngantos karêm ing jajanan, kados ing ngandhap punika:

Wiwit umur 1 taun lare punika sampun gadhah pêpenginan barang punapa kemawon ingkang dipun tingali, saya malih dhatêng têtêdhan, nanging kemawon dèrèng cêtha anggènipun wicantên, dumugi umur 2 taun, wicantênipun sampun ragi cêtha, mastani namaning sawênèhing satunggal-tunggalipun barang. Yèn sampun andungkap umur 3-4 taun, lare punika limrahipun berag nêdha ngêcêmil (andoyani), sawarnining têtêdhan ingkang katingal, pikajêngipun rêmên lan badhe dipun têdha, upami botên katurutan makatên gampil sangêt rèwèlipun, mila lare samantên wau dipun sêbut bocah lagi kumratu-ratu.

--- 809 ---

Kalamôngsa lare umur samantên wau kêdah dipun jak mlampah-mlampah ing panggenan ingkang sawatawis rame, utawi pundi panggenan ingkang katingal asri, prêlunipun kêdah dipun têdah-têdahakên ingkang sagêd cocog kalihan pikiranipun lare kanthi dipun têrangakên, upaminipun: kae ana jaran, sikile papat, wulune abang, kupinge loro, ana buntute. Kae jênênge wit waringin, gêdhang, randhu, kae jênênge pit motor, dhokar, bèbèk, makatên salajêngipun, sasampunipun lare kêdah dipun têdahi sawatawis wêwarnèn kados kasêbut ing nginggil, kapurih ambadhe (mastani) naminipun, dipun wongsal-wangsuli ngantos sagêd ngrêtos apil, makatên wau kajawi nênangi dhatêng pikiranipun lare, ugi sagêd amiyarakên dhatêng wawasan.

[Grafik]

Gumêlaring jajanan ing pêkên.

Upaminipun bapa lan ibu botên kobêr nênuntun kados ing nginggil wau, sanadyan badhe kapasrahakên dhatêng rencang, nanging pun rencang kêdah sagêd kadosdene bapa lan ibunipun, ewasamantên botên kenging lajêng ngandêl kemawon.

Lare umur 1-4 taun punika murih sampun ngantos kulina kajajakakên, prayoginipun:

1. Sabên enjing wancinipun lare sarapan, kêdah kaliwêtakên piyambak.

2. Lare sampun ngantos dipun cêpêngi yatra, punapa malih dipun têrangakên, iki dhuwit kanggo jajan. Patrap makatên wau murugakên lare rêmên jajan.

3. Botên prayogi lare asring dipun jak têtumbas panganan ing wande, awit badhe gampil sangêt [sangê...]

--- 810 ---

[...t] gadhah pêpenginan dhatêng panganan ingkang dipun dhasarakên wau.

4. Lare punika kêjawi nêdha sêkul, ugi kêdah kasukanan panganan olah-olahanipun piyambak, sampun ngantos dipun tumbasakên panganan ing wande, awit kajawi andamêl kaborosan, jalaran panganan ingkang dipun dhasarakên punika sampun dipun rubung ing lalêr.

Tamtu kemawon ingkang gadhah pamanggih punika sagêd amarsudi dhatêng anak, jalaran sampun kulina botên nate numbasakên, utawi pancèn ragi dipun kêrasi manawi nêdha jajanan botên dipun turuti, mêkatên wau lajêng sagêd manggèn.

Wasana nyumanggakakên dhatêng para maos, sarta kula matumatur. nuwun.

Pun, S. Pramusuarja.

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Sambêtipun Kajawèn ôngka 42

Wêdharing sabda pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Komisi ingkang kajibah aniti priksa mênggah sabab-sababipun wontên gegeran ing Bantam tuwin ing Sumatra sisih kilèn.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral andhawuhakên, bilih pamarentah sakalangkung anggènipun angajèni dhatêng padamêlaning komisi kêkalih wau. Ingkang punika ingkang wicaksana ngandikakakên gênging panarimah dalêm dhatêng komisi kêkalih kasbut nginggil.

Salajêngipun ingkang wicaksana aparing katrangan kanthi panjang mênggahing bab:

Kawontênanipun Ekonomi Umum

Dhawuh dalêm ingkang wicaksana: têtela sampun kanyataan, bilih kawontênanipun ekonomi, umumipun kenging kawastanan sae. Têtanêman-têtanêman ing parêdèn, suka kauntungan ingkang anyêkapi. Pangasilaning têtanènipun têtiyang siti saha langkung sae, botên ngêmungakên tumprap kaprêluanipun piyambak, makatên ugi tumrap ingkang kêdah dipun sade, pangasilaning pantun ugi sae. Ing salêbêtipun taun 1927, pantun ingkang kadhatêngan saking nagari sanès, botên patos kathah, inggih punika namung sapratiganipun saking wontênipun pantun ingkang kadhatêngakên nalikanipun taun 1926.

Rêgining pangasilan dagang ingkang kawêdalakên dhatêng sanès nagari minggah 7%. Wontênipun dagangan wêwah 17%.

--- 811 ---

Kawontênanipun Panggaotan Kawêkêlan

Miturut dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana, mênggahing bab panggaotan nginggil, inggih gadhahaning bôngsa Eropah, punapa malih gadhahanipun tiyang siti, punika sadaya botên kenging kawastanan botên sae. Dene pakaryan ambathik, sampun nate katitipriksa, lan nitik karampunganipun ing ngriku têtela, manawi cariyosing tiyang ing bab botên saening ing bab pakaryan wau, punika sajatosipun botên lêrês.

Yapasê bang

Ingkang wicaksana anglairakên rênaning panggalih dalêm, dene kapinujon sagêd anjênêngi ing dintên pasamuwan adêging Yapasê bang, inggih punika satunggiling awak-awak ingkang ananggêli bab artaning nagari, jangkêp satus taun.

Konggrès gêndhis

Ingkang wicaksana amanggalih prêlu tumraping tiyang kathah sagêdipun anyumêrêpi punapa ingkang dipun rêmbag ing konggrès gêndhis ingkang kaping 17 punika, prêlunipun kalintuning pamanggihing bab kawontênaning pabrik gêndhis punika, sagêda ical.

Bab Pangajaran

Mênggahing bab pangajaran, punika kêdah dipun jêmbarakên, langkung malih pangajaran kilenan, ingkang dipun pigunakakên ing pamulangan tumrap tiyang siti ôngka II.

Andadosakên rênaning panggalih dalêm, dene ingkang wicaksana sagêd angandikakakên, bilih panuwunaning tiyang ing bab pangajaran patukangan tuwin pangajaran kagunan, saya wêwah kathah tumrap ngêdêgakên pamulangan kasbut, rad-rad ênggèn-ênggenan (locale raden) badhe angsal subsidhi saking pamarentah. Ing rantaman ingkang kausulakên samangke punika, ugi badhe angêdalakên arta tumrap adêging pamulangan-pamulangan wau.

Gunggunging sêkolahan dhusun sanajan botên wêwah, ananging têtela, bilih pangajaran tumrap rakyat punika dipun ajèni ing tiyang, tôndha pasêksènipun, wêwahing cacahipun murid sêkolahan dhusun, punika mèh wontên 12%.

Bab Kasarasan

Kawontênanipun ing bab punika sae, botên wontên sêsakit ingkang tuwuh. Sêsakit pès sampun suda.

Botên ngêmungakên ing tanah Jawi, sanadyan ing tanah sabrang samangke ugi sawêg kabudidaya, murih kasarasaning têtiyangipun sagêda wêwah.

Ewahing paprentahan

Ing bab punika ingkang wicaksana dèrèng sagêd anêmtokakên, benjing punapa gupêrmèn Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan, ingkang badhe kawiwitan benjing 1 Juli ngajêng punika, sagêdipun dados propinsi, sanadyan wiwitipun propinsi punika, niyatipun badhe katindakakên benjing tanggal 1 Januari 1929.

Tanah Partikulir

Mênggah tanah partikulir ingkang sampun kapundhut wangsul dening nagari, tumprap kaprêluaning rakyat, wiwit

--- 812 ---

[Grafik]

--- 813 ---

1 Januari 1927 dumuginipun 1 April 1928, sampun wontên 58 èwu bau, depedene. rêginipun sadaya wau 5¾ yuta rupiyah.

Kawontênanipun margi-margi

Kawontênanipun margi-margi, langkung malih tumprap ing tanah sabrang, punika tansah dipun wêwahi utawi dipun saèkakên. Padamêlan gugur gunung dipun bayar. Samangke sawêg karêmbag, lan ing pundi ingkang prêlu, padamêlan gugur gunung wau badhe kagantos kalihan pajêg margi utawi pajêg têtumpakan. Angsal-angsalaning arta wau badhe dipun gunakakên tumrap margi-margi.

Kajawi punika, miturut pangandika dalêm ingkang wicaksana, taksih kathah malih pranatan-pranatan ingkang badhe katindakakên, kados ta: pranatan ewah-ewahaning undhang-undhang ukum, pranatan umum ing bab ukum adat ing tanah sabrang. Ewah-ewahan ordhonansi kuli, aparing padamêlan dhatêng têtiyang ingkang mêntas mêdal saking paukuman, aparing arta subsidhi dhatêng gêmintê supados kawontênanipun kampung-kampung dipun saèni, lan anitipriksa tumindakipun ordhonansi gêmintê tiyang siti ing tanah sabrang. Dene ingkang sampun kawiwitan ing Sumatrah sisih kidul.

Kèrêmipun baita kapal "Zeemeeuw"

Mênggah wontênipun kacilakan kasbut nginggil, pamarentah anglairakên gênging sungkawanipun, langkung malih awit jalaran saking punika, kathah jiwa ingkang tiwas. Ingkang wicaksana aparing urmat dhatêng para ingkang kanthi kiyating manah sampun suka pitulungan dhatêng têtiyang ingkang kenging bêbaya wau.

Salajêngipun kanthi panjang ingkang wicaksana aparing katrangan mawi ôngka-ôngka mênggah wontênipun pangasilaning pamêlikan sêtingkul, timah lan pakaryan sêpur. Wusananipun ingkang wicaksana ngandikakakên, botên badhe ngandharakên ingkang langkung panjang mênggah wontênipun sadaya pranatan ingkang sampun tuwin ingkang badhe katindakakên dening pamarentah. Kanthi pangajêng-ajêng supados rad kawula sagêda anyambutdamêl sêsarêngan kalihan pamarentah kados ingkang sampun-sampun, ing pungkasaning pamêdhar sabda dalêm wau, ingkang wicaksana angandika makatên:

Tuwan pangarsa tuwin tuwan-tuwan warga. Kanthi kasantosaning kayakinan ingatasipun bab wau, kula mêmuji, mugi-mugi padamêlan panjênêngan sadaya angsala barkahipun ingkang maha agung tuwin kanthi pamuji punika kula ambikak parêpataning rad kawula punika.

Pratelaning gambar pambikakipun rad kawula.

1 Para Lid Rad Indhia. 2. Para Pangagêng Marinê. 3. Kongsul Jendral Inggris, 4. Radèn Adipati Arya Suyana. 5. Ingkang Wicaksana mêdhar sabda. 6 Paduka Jendral Bakker, wakil lègêr komandhan. 7. Tuwan Baalen warga. 8 Ingkang wicaksana jêngkar. 9 Kongsul Tiongkok. 10. Paduka Mr. Netzell de Wilde pangarsa.

--- 814 ---

Ekonomi

Tigan Ayam

Ayam punika kalêbêt ingah-ingahan ingkang gampil sangêt opèn-opènanipun, tuwin enggal sangêt sagêdipun ngrêbda, manawi nuju kalis ing ama, tiyang ngingah ayam babon satunggal, ing dalêm sataun sampun bêbrakahan.bêbranahan.

[Grafik]

Caraning ngingah ayam ingkang sayêktos, kathah waragadipun.

Sayêktosipun tiyang ngingah ayam punika kenging dipun santosani, sarana dipun damêlakên kandhang tuwin pangumbaran, punapadene pakan pangombèn ingkang kanthi pranatan sae, lan malih kêdah dipun sumêrêpi mênggahing kasarasanipun, awit ayam punika samôngsa katrajang ing sêsakit, gampil sangêt panularipun.

Ing ngriki pancènipun botên nyariyosakên ing bab ayam, dene ingkang badhe kacariyosakên ing bab tiganipun.

Sami-sami tigan, tigan ayam punika mèh sabên tiyang migunakakên, tur botên mawi pilih bôngsa, wontênipun makatên, awit tigan ayam punika raosipun eca, dayanipun sae, ing pundi-pundi wontên.

Limrahipun tiyang dhusun-ingadhusun utawi pakampungan, panyadenipun tigan punika namung kangge cangkingan, satunggal kalih, kathah-kathahipun sadasa, tiganipun wau inggih namung asli mêndhêt saking pataranganing ayamipun piyambak, mangke wontên pêkên lajêng dipun tumbas ing tiyang juru nglêmpakakên tigan, ing ngriku nglêmpakipun lajêng sagêd dados atusan. Juru kilak tigan wau lajêng dipun sade malih dhatêng sudagar tigan, ing ngriku sawêg nama padagangan agêng, lajêng sagêd ngintunakên padaganganipun wau dhatêng kitha-kitha agêng. Dados mênggahing urut-urutipun, tiyang pakampungan ingkang sade tigan, botên ngrumaosi manawi piyambakipun punika sade tigan, dene juru kilak, sanadyan padamêlanipun sade tigan, nanging botên sumêrêp caraning pambucalipun. Mila ing bab makatên punika kêdah dipun sumêrêpi, [sumêrê...]

--- 815 ---

[...pi,] nanging mênggahing bakunipun, ingkang prêlu piyambak kêdah gadhah pawitan rumiyin, ewadene inggih botên kenging katêtêpakên makatên, awit sanadyan gadhaha arta, manawi botên mangrêtos ubêdipun inggih tanpa damêl. Kados ing bab tigan punika, tumrap ingkang nama sudagar tigan, tamtu sampun gadhah lêngganan ingkang ajêg purun nampèni tigan kathah, kados ta ing hotèl-hotèl, rèsturan, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Caraning nata tigan ayam ing tanah Eropah, ingkang badhe dipun kintunakên dhatêng nagari sanès.

Wontên cariyos sakêdhik ing bab tiyang ingkang angsal wêwêngan sagêd cêkap saking anggènipun sade tigan. Wontên satunggiling tiyang cêpêng damêl, ingkang padamêlanipun mubêng-mubêng, griya ing Panaraga, sakawit tiyang wau botên mangrêtos dhatêng caraning among dagang. Sawênèhipun dintên nuju dhatêng Surabaya tumbas tigan ayam, rêginipun awis. Ing sanalika ngriku piyambakipun lajêng kêtuwuhan pamanggih, saiba bathinipun manawi piyambakipun sagêd sade tigan wontên ing ngriku, awit piyambakipun mangrêtos manawi ing padununganipun rêgining tigan mirah. Piyambakipun lajêng dhatêng rèsturan agêng, inggih punika Hillêdhorên, punapa ing ngriku purun tumbas tigan ayam, wangsulanipun purun, nanging samantên punika manawi purun ajêg angladosi. Tiyang wau sarêng manah kêdugi inggih lajêng sanggêm, wusana dados lêngganan lan sagêd dados panggaotan agêng, dene lampahipun kados patrapipun anglêmpakakên tigan kados ing nginggil, wusana andadosakên kacêkapanipun.

Tumrap tiyang Jawi panganggening tigan wau inggih botên beda kalihan bôngsa sanès, kangge lêlawuhan, kangge abên olah-olahan, kajawi raosipun eca, ugi tanpa gônda amis, beda sangêt kalihan tigan kambangan tuwin sanès-sanèsipun. Dene manawi kangge jampi, limrahipun kangge daya kêkiyatan.

--- 816 ---

Bab tigan wau têtela sumrambah sangêt, nanging têtiyang taksih awis sangêt sumêrêping cara panyadenipun, punapa malih anggènipun pados. Ingkang kados makatên wau têtela, bilih bôngsa Jawi punika dèrèng sapintêna, utawi kenging dipun wastani dèrèng wontên ingkang gadhah panggêsangan sarana ambranahakên ayam, saya tumrap ingkang dipun purih tiganipun. Dados tumrapipun tiyang sade tigan ing ngriki, sagêdipun ngantos angsal kathah, punika asli saking anggènipun kêklêmpak saking sakêdhik, limrahipun makatên:

Tiyang ingkang sampun mangrêtos dhatêng lampahing dêdagangan, dangu-dangu tamtu saya mindhak kawruhipun, awit tansah mili èngêtanipun, ingkang murih andadosakên prayogi. Dene manawi sampun tumindak sae, sok tiyanga inggih rêmên badhe niru. Tuwin sarèhning golongan Jawi punika pancèn taksih kêkirangan ing bab kawruhipun among dagang, waton purun nênitèni tuwin kêrêp srawungan, dangu-dangu tamtu inggih mangrêtos.

Manawi tiyang nyumêrêpi dhatêng lampahing dagangan ingkang lumêbêt ing tanah Jawi ngriki, kados ta ing bab bangsaning wowohan, tamtu inggih sagêd anênangi murih sagêda tumindak kados makatên.

Mangsuli ing bab tigan wau, tumrap ing ngriki, pangintunipun dhatêng nagari sanès inggih sampun mawi pranatan sae, dipun wadhahi ing kas lisah pèt, mawi dipun lèmèki mêrang tuwin pinasang srêg sampun ngantos ebah. Dene ingkang langlunglangkung. sae punika tataning pangintun tigan ing tanah Eropah, kados ingkang kacêtha ing gambar, tiyang tamtu lajêng mangrêtos, mênggahing padagangan tuwin cara-caranipun anggèning madhahi. Patrap ingkang kados makatên punika ugi kenging kangge têtuladan.

Ing wusana Kajawèn amêmuji, mugi dêdhasaring among dagang punika sagêda numusi dhatêng raosing tiyang siti, rêmên anindakakên.

Waosan Lare

Pinêsthi dadi Kanthi

VII. Gêdhene wit asêm.

[Pangkur]

anuju môngsa têrangan / pêpadhange ing langit ketok rêsik / birune bangêt ngalangut / hawane krasa panas / ing sadalan-dalan putih ambalêdug / sarupane gêgodhongan / ing ijone nganti kusi //

kocap asêm dhèk samana / ing saiki uripe saya bêcik / godhonge ijo ngrêmbuyung / ayom nèng pinggir dalan / akèh uwong sing lèrèn saka malaku / saka bangêt kapanasan / ngaso sangisoring uwit //

kacrita sawiji dina / kabênêran dinane nuju lêgi / isih esuk umun-umun / wis akèh uwong liwat / padha arêp mênyang pasar runtung-runtung / gêgawane warna-warna / padha dipikul ting krêngkit //

yèn wedok gawa gendhongan / kabèh mau padha wêtuning bumi / nalika liwat ing dlanggung / asêm tansah anyawang / ing sajroning ati rada ngrasa gumun/ [gu...]

--- 817 ---

[...mun/] dene polahing manungsa / mung tansah ngabang bironi //

mung mangkono sabên dina / labêt saka nêtêpi gone urip / lêlakone sing kêtêmu / ora pisan dadia / pamarême malah tansah gawe bingung / beda têmên karo titah / sing kaya awakku iki //

uripe kanthi narima / mung nênêsêp sari sing tumus bumi / lan ngadhang sêgêring êbun / kang maratani awak / ewadene uripku sing ngono iku / yèn ta dipikir sing nyata / iya uwong sing nulungi //

mulane sabisa-bisa / ing niyatku iya arêp malêsi / amalês godhong ngrêmbuyung / bèn dadia sawangan / pirabara kênaa digawe ngeyub / sukur yèn bisa malêsa / awèh uwoh maedahi //

mungguh cipta sing mangkana / satêmêne wis lumrahing ngaurip / ing uripe kudu rukun / saka daya-dinayan / awit nyata kabèh mung nêtêpi pandum / kang wis dibage warata / wong ora bisa maoni //

lan uwong kudu rumasa / yèn nyatane sing jênêng ala bêcik / lan wong sing asor lan luhur / ora bisa pisahan / kang tinêmu mung kudu tulung-tinulung / mulane asêm rumasa / nêdya malês sing nguripi //

sing tinêmu dhèk samana / uwit asêm sing padha turut pinggir / godhonge wis padha gathuk / mula sadalan-dalan / nganti ketok warata sagon-gon eyub / nuli sangisore ana / wong loro lèrèn alinggih //

wong sing siji nuli kôndha / anu pancèn mathuk tanduran iki / krasa nikmat digo ngeyub / silir krasa kapenak / ing mulane upama sabên dalanggung / nagara anêtêpêna / nandur asêm dikêncêngi //

nuli sing siji anjawab / o ayake mung saka durung ngrêti / pancèn sing mangkono iku / tumrape tanah Jawa / jênêng uwis lumrah sabên turut dlanggung / malahan aran wis kuna / nandur asêm turut pinggir //

jare kandhane wong tuwa / dalan mau saka Bantên pasisir / mangetane nganti kêmput / anjog ing tanah wetan / turut dalan ditanduri asêm bagus / yaiku jaman Jêng Tuwan / Dhandhlês Gupnur Tanah Jawi //

ing mulane iya karan / dalam mau Dhandhêlês diarani / ing saurut dalan eyub / wite wis bangêt rêkah / malah akèh sing wite wis têlung prangkul / bok coba kewekowe. nyatakna / rak ora mung kene iki //

asêm ing atine ngrasa / rumasa yèn dhèwèke bôngsa bêcik / dipilala bôngsa luhur / wis wiwit kuna mula / mula banjur obah alon siyut-siyut / angine isis mirasa / ngênani wong loro kuwi //

banjur padha bungah-bungah / rumasa yèn olèh nikmat kêpati / mula tansah kaduk gunggung / nyang rasa kanikmatan / uwong loro nganti ngantuk thêklak-thêkluk / ing wusana banjur padha / mlaku manèh arêp mulih //

wise srêngenge angglewang / asêm krasa bangêt sênêng ing ati / sorote kaya mas murub / ngênani gêgodhongan / nganti kaya parada binabar kêmput / rumasa nêmu kamulyan / anèng donya angrênggani //

ewasamono ya ngrasa / tansah eling mitra sing ditrêsnani / si uyah sing ambêk angkuh / êmung pijêr digagas / ing mulane sambate tansah ngrêruntuh / kapan kêtêmuku uyah / sing wis lawas angunduri //

--- 818 ---

Têtanêman

Bab Kêmlandhingan

Wontên têtêmbungan ing dhusun: tiyang anjêdhidhig kados sêkar kêmlandhingan, pancènipun kados lare borokên dipun cukur, punika pantês. O, botên makatên, sêkar mlandhingan punika wujudipun anjêdhidhig, anjêgrig, namanipun inggih: jêdhidhig. Sanajana wujudipun sêkar mlandhingan punika awon: jêdhidhig, nanging wit sarta wohipun agêng paedahipun.

Limrahipun para tiyang ing dhusun, langkung-langkung ing kitha, kathah ingkang dèrèng anggatosakên katiyasanipun mlandhingan. Môngka kêmlandhingan punika sumrambah ing pundi-pundi panggenan, tandhanipun, kajêngipukajêngipun. kenging kangge kajêng dang, wohipun ngantos garing-garing, pating cêpaplang, kados sami ngajêng-ajêng dipun alapa gunanipun.

[Grafik]

Pagêr ingkang dipun tata sae.

Mênggah mlandhingan punika pêncaripun warni kalih: wijinipun sarta dipun turus, ingkang sae wijinipun. Manawi badhe nanêm wijinipun, kêdah milih ingkang sampun garing yêktos, dipun oncèki lajêng dipun kum sadalu, nuntên dipun ulurakên. Ingkang prayogi dipun ulurakên turut dhadhah pinggir dhusun utawi kangge turusing pakarangan, langkung-langkung tumraping têtrukan enggal. Turus (pagêr) mlandhingan punika langkung prayogi, margiamargi. tuwuhipun sae rampak, enggal agêng, wêwah-wêwah manawi dipun upakara, saya badhe mitulungi salami-laminipun. Kajêngipun migunani, wohipun maedahi, tur botên badhe damêl turus malih sajêgipun. Mila prêsil-prêsil cêngkèh, mrica, panili, tuwin sanès-sanèsipun, sami dipun turusi kajêng mlandhingan, langkung malih kêbon panili, mrêlokakên dhatêng kajêng mlandhingan, kangge rambatan panili, punika sae tumraping panili.

Pangupakaraning turus wau supados saya wêwah gunanipun manmakatên:makatên:. sasampunipun thukul watawis agilipuninggilipun. sadhêngkul, lajêng dipun gapit ing dêling satunggal, sarta dipun longi, sampun ngantos kêkêrêpên. Manawi manasampunsampun. sadêdêg dipun gapit kalih, sarta dipun longi malih, supados lêtipun racak satêngah asta. Yèn sampun inggil, [ing...]

--- 819 ---

[...gil,] dipun gapit tiga, dipun longi malih kakantunakên awisipun racak saasta. Prêlunipun supados sagêd lêncêng-lêncêng, saha botên kêkêrêpên. Yèn agêngipun salêngên-lêngên langkung, gapitipun sampun kenging dipun gantos sasisih kemawon, utawi dipun kawat êri.

Kajêng mlandhingan punika botên sagêd agêng kados sukun, randhu wana, wringin sapanunggilanipun, agêng-agêngipun namung sakakangipun pupunipun tiyang sêpuh, nanging atosipun ngungkuli kajêng jati, awratipun ngungkuli galihing wit asêm. Wulêdipun mênang sausap kalihan kajêng waru. Mila prayogi kangge dandosan, kados ta: balunganing griya, pirantosipun tiyang tani ingkang bôngsa kajêng, tuwin sanès-sanèsipun. Kangge balungan griya ingkang pêng-pêngan punika tumrap cagak ingkang tancêban, punika awètipun tanpa upami, awit nuntên purun sêmi, najan gugon tuhonipun, botên kenging ngangge cagak gêsang, nanging purun sêmi punika rak tamtu lajêng kêkah, jalaran ing ngandhap sampun sagêd gendholan. Kajawi punika pancèn kajêng mlandhingan punika têguh timbul, tinatah mêndat, jinara mèntèr. Kajêng jatos ingkang sampun kaloka wêntalanipun, yèn dipun mêngsah tugining pantun, kalumpruk, tanpa kakiyatan, lajêng popol. Kajêng nôngka ingkang tahan nanggulang tugi, kalihan bubuk (kewan) inggih tiwas. Wangsul kajêng mlandhingan, tugi, iya. Bubuk hêh, rayap babo, ya mung klikane kang têdhas. Kalihan bêntèr, wani, toya, ora wêdi.

Manawi sampun umur 1½ taun, lajêng sêkar (mêdal jêdhidhigipun, lajêng pêntil (kèpèk), sêpuh lajêng garing gunanipun sampun saèmpêr wit klapa, namung kawon sausap. Witipun sampun kasêbut nginggil. Godhongipun kangge ramban, katêdhakakên menda manak, sae. Ingkang nèm kangge gudhangan sêgêr. Kèpèkipun dipun rujak dhêplok sêgêr. Mlandhinganipun dipun têdha mêntahan, (kangge lalab), kaêmor gudhangan, eca. Dipun pelas (bothok) nikmat, ngungkuli ayung-ayung (pelas kacang) kangge isi buntil, mathuk. Dene ingkang sampun garing, malah langkung agêng gunanipun. Mlandhingan garing dipun gorèng kadamêl bubuk, raosipun lumayan, mila asring kangge nyampuri bubuk ingkang dipun sade ing pêkên. Langkung-langkung ingkang witipun dipun rambati panili, saya wêwah eca, margi tuntung wangi mambêt gandaning panili. Wontên ingkang dipun once, kadamêl kanthong, slêpèn, rêrêngganing tapêl lopêr, klambu, sapanunggilanipun. Punika rêginipun awis, apês-apêsipun saringgit satunggal kanthong. Wondene pratikêlipun: mlandhingan garing (milih ingkang garing sêpuh, supados gilap) dipun kum ing wedang rumiyin, supados ambêdhodhok, prêlunipun êmpuk dipun sunduki. Yèn sampun êmpuk lajêng dipun once. Miring utawi methok, rangkêp kalih punapa tiga, sakarsanipun. Wangunipun manut sasênêngipun, kados ta: sêsêkaran, kawung, kopi pêcah, tuwin sanès-sanèsipun. Têrangipun kula sumanggakakên dhatêng para ngudi kagunan, bab pangoncening mlandhingan.

S.T.P. Yuwana, Imagiri.

--- 820 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Dados Kapalaning Juru Pangripta Sêrat Kabar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42

Petruk : Hêm, uwong kuwi anggêre rupane angèl mêngkono, ora kawêruhan bongkot pucuke, adhakane mêsthi ala atine, hara, liyane arêp mancahi wong omong kok ora ana. Kang môngkono kuwi rak banjur ora nêtêpi piwulange para sêpuh mangkene: wong urip kuwi kudu sing bisa manjing ajur ajèr lan bisa mêncala putra mêncala putri. Lire mangkene: nèk kumpul karo santri, anggone rêrêmbugan kudu bisa ambedak-bedakake antarane dhawuhing hadis sahèh lan hadis maoduk, nèk kumpul karo sudagar, kudu ngrêti mênyang ubat-ubêting among dagang, nèk kumpul karo priyayi, kudu ngrêti yèn ngas digathukake karo lônda kuwi banjur narik.

[Grafik]

Garèng : Hla, rak wong kurang ajar têmênan, apa rumasamu sabên priya kuwi mêthi bisa triple. Dene ana priyayi kadhang kala sok krêsa sêlikuran, kuwi rak mung kanggo pantês-pantêse, aja kok anggêp kayadene sawijining kuwajiban mangkono. Bab omongmu wong urip kudu bisa manjing ajur ajèr kuwi iya pancèn wis bênêre, ananging wong mêmitran kuwi wajibe, kudu ngelingake kaliruning mitrane mau, aja kok banjur nindakake wêwatêkaning bunglon, anggone momori kuwi prêlune andhêlikake awake. Wis, wis, ambanjurake rêmbuge wong dadi dhirèktur up rêdhaktur, kuwi kudu anduwèni wêwatêkan: adil lan ora ambaukapine. Ora kêna pilih asih, aja kêtabêtan ati drêngki, awit kang mangkono mau, bisa uga banjur nômpa pakabaran kang ora maton.

Petruk : Bab salah utawa kaliruning panyambutgawe dhirèktur up rêdhaktur kuwi ora kêna dipaido, awit ing ngalam dunya kene ora ana barang kang sampurna, apa manèh tumraping manusa, ora bakal bisa bênêr salawas-lawase. Buktine kang cêdhak-cêdhakan, makne Si Kamprèt kuwi rak kasuwur anggone pintêr olah-olah, ewadene ana katul tak kon gawe pelas, dadine jêbul gêmbrot.

Garèng : Mulane kuwi kudu luwih diati-ati. Ing sarèhne ing ngalam dunya kiyi ora ana barang kang sampurna, manusa anggone nindakake samubarang gawe, kudu sing ngati-ati lan prayitna, apa manèh tumraping pangkat dhirèktur up rêdhaktur, aja pisan-pisan anuruti kasêngitan lan kadrêngkène. Mêngko barêng sêngit karo sawijining awak hak,awak-awak. [ha...]

--- 821 ---

[...k,] yèn olèh pakabaran sing bisa ngênani awak-awak mau, ing kono banjur dipacak bae ora mrêduli apa pakabaran mau bênêr utawa orane, banjur ora migunakake pikirane sing wêning, karêpe mung arêp ngala-ala marang sing disêngit mau bae. Pungkasane pakabarane rak iya banjur ora maton. Kaya ta : salah sijining layang kabar ing Batawi durung suwe kiyi macak pakabaran kang angandharake : ana sawijining langganan kalawarti Kajawèn, kuwi wis ambayar langganane kwartal kang kaping pindho, kalawarti ôngka 38 wis nômpa, ananging ôngka 36 lan 37 ora nômpa, barêng ditakokake, jarene ôngka 36 lan ôngka 37 mau wis êntèk.

Petruk : Lho, apa salahe dhirèktur up rêdhaktur macak pakabaran ana layang kabare kang mangkono mau. Kajaba iku rak wus bênêre langganan kang wus ambayar,olèh korane ing sajrone kwartal mau kabèh.

Garèng : Lho, aku ora nyalahake dhirèktur up rêdhaktur anggone macak pakabaran mau, mung bae ingatase jurnalis nêgara, lho, kiyi pangakune dhewe, nitik anggone ngarani redhaktur-redhaktur tanah Sumatra, jarene jurnalis desa, têka gêlêm macak pakabaran sing sêpele mêngkono, kuwi ora liya mung saka sêngite karo kang ngêtokake kalawarti Kajawèn mau, yaiku : Bale Pustaka. Mêngko jurnalis kang kaya mêngkono kuwi, nèk sêngit karo kowe upamane, banjur krungu kowe padu karo bokne Si Kamprèt, jalaran nyêmbêlèh pitik brutune diladèkake nyang Rama, têmtune iya banjur dilêbokake nyang korane. Mara, apa ora anjêlèhi kuwi, prakara langganan sing wis ambayar kwartal kang kaping pindho ora nômpa ôngka 36 lan 37, kuwi têmtune rak ana sababe, kaya ta: ing Kajawèn rak wis diwarak-warakake, yèn dhuwit langganan kuwi kudu dibayar luwih dhisik. Lan uga diwarak-warakake, yèn para langganan kang ora nêtêpi kuwajibane, mêsthi ora bakal disowani Kajawèn. Malah para sing mangkono mau sok diaturi kalonggaran sasasi kanggo ambayar langganane mau, dene yèn sajroning sasasi mau tita ora paring dhuwit, nandhakake yèn wis ora krêsa nômpa Kajawên manêh, dadi iya banjur disêtop. Cacahe pangêcaping Kajawèn banjur disuda karo gunggunge cacah sêtopan, kanthi diwuwuhi 200 iji kanggo langganan anyar karo para langganan sing wis disêtop ananging sing banjur nusuli bayarane, ing môngka sing mundhut dadi langganan anyar kuwi tansah lumintir bae, nganti wuwuhan 200 iji mau sok ora cukup, dadi yèn ana langganan lawas utawa langganan anyar paring dhuwit ing pungkasaning sasi kang kaping pindho ing sajroning kwartal, kuwi iya sok ora kumanan nomêr-nomêr ngarêpe, tambahane pangêcap arêp diwuwuhi luwih saka 200, iya nèk ana sing mundhut, nèk ora rak iya mung ambuwang kêrtas bae.

Petruk : Hla, nèk aku dadi Bale Pustaka, ora prêlu ambil kapala mulês, malah wajib bungah, awit koran mau malah agawe reklamêning Kajawèn, ambayara masa gêlêma dibayar rak lima [li...]

--- 822 ---

[...ma] tèng. Sabab ing kono nandhakake yèn Kajawèn ditrêsnani dening para langganane, buktine: saking jèngkèle sababe ora nômpa Kajawèn ôngka 36 utawa 37 banjur madulake nyang mungsuhe sing ngêtokake Kajawèn mau.

Garèng : Lho, dudu carane Bale Pustaka kok nêpsu kuwi, mung bae gumun, ingatase jurnalis pêng-pêngan, kok isih kêgadhuhan wantêk kang mangkono. Samene bae dhisik, besuk manèh nèk ana wêktukne, pada ditêrusake.

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sêkul liwêt, ulam ayam, sambêl gorèng.

Ingkang dipun wastani sêkul liwêt ing ngriki, botên sêkul liwêtan yêktos, nyatanipun inggih dipun êdang, bokmanawi cara rumiyinipun inggih liwêtan, nanging kêlimrahipun sandyan dang-dangan inggih dipun wastani sêkul liwêt.

Sêkul. Mêndhêta wos kalih kati, miliha wos enggal ingkang sae, dipun pususana ingkang rêsik, lajêng dipun dang, dipun karu kalihan santên kalapa satunggal, dipun sarêmi lan dipun angkah asinipun namung mônda-mônda, dipun dèkèki salam 5 lêmbar. Dipun titia ingkang ngantos matêng yêktos, nanging ingkang pêra.

Ulam ayam. Mragada babon madhêp, dipun rêsiki ingkang rêsik, saha lajêng dipun godhog ingkang tanak, dipun dèkèki sarêm sacêkapipun, salam 3 lêmbar, manawi sampun êmpuk dipun êntas saha dipun cuwil-cuwil, botên dipun katuti duduhipun, malah dipun angkaha murih kêsat.

Abênipun ulam wau kadamêlna arèh, inggih punika santên kalapa satugêl, dipun godhog dipun colok ing sarêm, samôngsa kanilipun mêdal, lajêng dipun leropi.

Sambêl gorèng. Sambêl gorèng ingkang kacariyosakên punika sayêktosipun mèmpêr nama sambêl godhog, malah manawi ing Batawi limrah dipun wastani sambêl godhog. Ngrajanga waloh jêpan ingkang lêmbat 2 iji. Brambang 10 iji, bawang 5 siyung, sami dipun rajang, sarêm satêngah sendhok agêng, trasi sakêdhik, laos satugêl jêmpol dipun gêcêk, salam 3 lêmbar, gêndhis sak klungsu, lombok agêng ingkang abrit 5 iji, santên kalapa saprapat.

Pangolahipun: brambang bawang dipun gôngsa, lajêng walohipun jêpan sasampunipun satêngah matêng dipun toyani sakobokan, salam laos dipun cêmplungakên, sarêm trasi tuwin gêndhis dipun ulêg, ugi lajêng dipun cêmplungakên, wusana dipun santêni cuwèr. Lombokipun dipun cêmplungakên wêtahan, manawi sampun matêng dipun pêndhêt saha dipun ulêg ingkang ngantos mumut, wusana dipun cêmplungakên malih, punika warnining sambêl gorèng lajêng [la...]

--- 823 ---

[...jêng] kêtingal abrit.

Olah-olahan punika pancèn prasaja sangêt, kados ta: ing bab bumbuning ulam, duduhing sambêl gorèng, nanging inggih mathuk, awit olah-olahan wau sarwa gurih, dados saupami ulamipun dipun bumboni mukêt, punapadene sambêlipun gorèng mawi duduh ulam, punapadene dipun santêni kênthêl, lajêng araos gurih sangêt.

Pandhaharipun, sêkul dipun soki sambêl gorèng ngantos waradin, nginggilipun dipun dèkèki ulam ayam lan dipun tumpangi arèh, manawi pandhaharipun kêladuk duduh, saya sêgêr, sampun tanpa abên punapa-punapa malih.

Panglipur Manah

Candranipun Tiyang Main

(Kidungan Wêdalan Ngayogya)

[Dhandhanggula]

Ingkang sasap langkung sukèng galih / wungu datan karaos karipan / wimbuh eca mirêngake / kang gêndhing nganyut-anyut / anglêr nglêlêr andudut ati / …ngunthut katingal ôngka / he e bok ya kkuruk /kluruk. lo jêbul dadi sanga bang / lo tujune kok tak pasang nomêr siji / tak rani bae labas //

ingkang kawon sêmpêlah kang galih / rakit-rakit sawung cupêt langkah / sinlênthak-slinthiksinlênthak-slênthik. lêrtune /kêrtune. he e awakku kojur / tanpa nganggo ngasut sawêngi / dene nora kajamak / ambok nganggo kluruk / wancinira wus mèh dhahar / pratandhane sinoman nglorodi cangkir / lagya nolèh … dèn kandhang //

--- 824 ---

Tiyang Rêmên Main

(Kidungan wêdalan Ngayogya)

Ana uwong arêp main / angumpulkên pra wanuhan / anggêpe amrih kinaot / angandêlkên wruh ing naas / utawa wruh ing saat / ora wruh bakal kêpaung / angibirakên wus paham //

nanging mêksa dèn ni-èni / nora wruh yèn bakal panas / nutuge akale manèh / nanging mêksa nora mênang / nolèh barang tan ana / nuli mulih nunak-nunuk / nèthèli bojo lan anak //

cinatur êntèk kang picis / cêngengesan buh dèn ucap / cirine dèn ècèr-ècèr / cinucuh bojone ngancap / cancut tinilar oncat / cukikikan ikêt kacu / citrane wus tanpa pacak //

rêkasane nora waris / rarase bakal mêlarat / rêmbug sabarang tan sarèh / risi karasa yèn wirang / rambutnya wus dèn ura / rêmêne mêksa kalurung / rèrène yèn wis nèng kerat //

(lajêngipun botên pinanggih)§ sarèhning kidungan ing nginggil punika wêdalan Ngayogya, tamtunipun priyantun ing Ngayogya ugi kathah ingkang apal. Saupami wontên ingkang kaparêng anyambêti urutipun wau, redhaksi Kajawèn badhe ngaturakên agunging panuwun. Lan malih mirit kidungan wau mawi purwakanthi sawêg dumugi: ra, tamtunipun taksih kathah sambêtipun. Red.

Dj.

Botên Kawêdalakên

Sarèhning dintên Rêbo tanggal kaping 30 Mèi utawi 10 Bêsar kalêrês dintên agêng garêbêk Bêsar, Kajawèn botên kawêdalakên, dene minôngka lêlintunipun, Kajawèn ing dintên punika kaindhakan kacanipun, tuwin kapetang Kajawèn nomêr 43 lan 44, kauningana.

Adm. lan Red.

--- 825 ---

Pitakèn

Ukara ing ngandhap punika cara Jawinipun kadospundi.

1. Kula dèrèng gadhah wêkdal. (Mirêng ing margi).

2. Punika taksih wanci sangêt. (Mirêng ing margi).

3. Anak kula langkung agêng tinimbang putra sampeyan. (Mirêng ing margi).

4. Jagading wanita. (Kajawèn).

5. ...

6. ...

7. ... meja kalih dipun kubêngi ing tiyang nyakawan, lan taksih wontên tiyang malih ingkang tumut ngrubung..., (Danuja, tumusing lampahing tiyang sêpuh).

8. ...

Wangsulan

Mênggah jawinipun makatên:

1. Kula dèrèng kobêr.

2. Punika dèrèng kêsêsa.

3. Agêng anak kula (katimbang) kalihan putra sampeyan.

4. Gêgêbênganing wanita.

7. ... meja kalih dipun kubêngi ing tiyang nyakawan, kajawi punika taksih wontên tiyang sanèsipun malih ingkang tumut ngrubung ...

Dene pitakenan nomêr 5-6 tuwin 8 sarèhning wontên ingkang wajib amangsuli piyambak, mila botên dipun sêrat tuwin kawangsulan wontên ing ngriki.

Ing sarèhning basa punika gêsang, mila kathah basa-basa Jawi ingkang lajêng ngangge basa ngamônca ingkang lajêng dados kêlimrah, inggih jalaran saking gêsanging basa wau, ewadene ugi langkung utami saupami basa tuwin ikêtan ukara Jawi punika sagêd murni.

Red.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, bilih 4 Juni ngajêng punika, Gupêrnur Jawi Têngah sarta Jawi Wetan, ingkang sami mêntas katêtêpakên, badhe parêpatan kalihan dhirèktur pangrèh praja wontên ing Batawi.

Golonganing pakêmpalan among dagang gadhah atur dhatêng Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, nyuwun sudaning waragad pos, amargi kamanah awis sangêt, rinaos andamêl kawratan.

Samangke wontên kêkancingan gupêrmèn, mranata wontênipun pituwas tumrap wali ingkang ngopèni lare-lare ingkang sanès anakipun piyambak, nanging ingkang dados têtanggêlanipun babarpisan, pituwas wau ingkang badhe maringi nagari.

Benjing tanggal 9 dumugi 19 Agustus 1928 ing Honolulu badhe wontên konggrès wanita, ingkang karêmbag prakawis kasarasan, pangajaran tuwin panggulawênthah, sarta ing bab wanita ingkang nyambutdamêl ing sawarnining padamêlan tuwin kagunan, ing padamêlan gupêrmèn sarta matsêkape. Tiyang saking Indhia ingkang badhe dhatêng ing ngriku badhe angsal pamondhokan tuwin nêdha lêlahanan, cêkap namung ambayar waragading lampah wongsal-wangsul tuwin waragading têtumpakan wontên ing purug. Ing bab katrangan ingkang langkung cêtha, sagêd mitêrangakên dhatêng: Bureau v.d. Onderwijsraad p.a. Departement van Onderwijs en Eeredienst, Pasar Tjiplakweg No. 4 Weltevreden.

--- 826 ---

Pasitèn ing Kramat Pulo, Batawi, gadhahanipun N.V. Mij. Exploitatie eigendom Eurazie, sampun dipun pundhut wangsul ing pamarentah. Ing dintên pamundhutipun wangsul wau mawi dipun jênêngi wêwakiklingwêwakiling. pamarentah, asistèn residhèn Batawi, asistèn residhèn patikêlir, kontrolir, bupati, wadana tuwin asistèn wadana, punapadene Walandi-Walandi patikêlir wêwakiling matsêkape. Ingkang bupati lajêng mêdhar sabda ing bab wangsuling siti wau dhatêng astaning pamarentah, tuwin mangandikakakên ing bab cara-caranipun tumindaking prakawis siti sapanunggilanipun.

Kajawi punika pamarentah ugi mundhut wangsul siti partikêlir ing kramat sêntiyong, ugi saking N.V. Eurazie, cacahipun wotên 80 bau, tiyangipun bôngsa Walandi 207, tiyang siti 10.000 tuwin bôngsa Tionghwa lan Arab 400.

Wontên pawartos, bilih pamêdhar sabda protès pêrgadring bab pirmah Puyi, badhe dipun gigat ing dhirèktur Puyi dhatêng pangadilan, mawi dipun êmbani adpokat ing Sêmarang. Sêrat sêbaranipun Tuwan Tejasumarta inggih dados prakawis.

Kawontênaning ewah-ewahan para pangrèh praja ing Jawi Wetan tuwin bawahipun kados ing ngandhap punika:

1. Paresidhenan Surabaya, mêngku Kabupatèn Surabaya lan Sidaarja, residhèn manggèn ing Surabaya.

2. Paresidhèn Majakêrta, mêngku Kabupatèn Majakêrta lan Jombang, residhèn manggèn ing Majakêrta.

3. Paresidhenan Grêsik, mêngku Kabupatèn Grêsik lan Lamongan, residhèn manggèn ing Grêsik.

4. Paresidhenan Bojanagara, mêngku Kabupatèn Bojanagara lan Tuban, residhèn manggèn ing Bojanagara.

5. Paresidhenan Madiun, mêngku Kabupatèn Madiup,Madiun. Magêtan lan Ngawi, residhèn manggèn ing Madiun.

6. Paresidhenan Panaraga, mêngtumêngku. kabupatèn Panaraga lan Pacitan, reridhèn manggèn ing Panaraga.

7. Paresidhenan Kêdhiri, mêngku Kabupatèn Kêdhiri lan Nganjuk, residhèn manggèn ing Kêdhiri.

8. Paresidhenan Blitar, mêngku Kabupatèn Blitar, Tulungagung tuwin Trênggalèk, residhèn manggèn ing Blitar.

9. Paresidhenan Pasuruan, mêngku Kabupatèn Pasuruan lan Bangil, paresidhenan manggèn ing Pasuruan.

10. Paresidhenan Malang, mêngku Kabupatèn namung Malang.

11. Paresidhenan Prabalingga, mêngku Kabupatèn Prabalingga, Kraksaan lan Lumajang, residhèn manggèn ing Prabalingga.

12. Paresidhenan Bôndawasa, mêngku Kabupatèn Bôndawasa lan Panarukan, residhèn manggèn ing Bôndawasa.

13. Paresidhenan Jêmbêr, mêngku Kabupatèn Jêmbêr lan Banyuwangi, residhèn manggèn ing Jêmbêr.

14. Paresidhenan Madura Kilèn, mêngku Kabupatèn Bangkalan lan Sampang, residhèn manggèn ing Bangkalan.

15. Paresidhenan Madura Wetan, mêngku Kabupatèn Pamêkasan lan Sumênêp, residhèn manggèn ing Pamêkasan.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral, nalika wontên ing Surakarta dipun pisungsung ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun, awarni wangkingan satunggal iji, dene kangjêng nyonyah dipun pisungsung awarni pêniti.

Ing bab wontênipun H.C.S. mawi Kuran ing Surakarta, ingkang dipun adani dening pakêmpalan Muhamadiyah, adamêl kirang sênênging manahipun bôngsa Tiyonghwa. Katranganipun bab punika pancèn saking lêpating pratelanipun juru sêsorah, ingkang lapur dhatêng up bêstir, tuwin up bêstir lajêng mratelakakên wontên ing konggrès. Bilih ing Surakarta kathah bôngsa Tiyonghwa, saha nêdha dipun wontênakên H.C.S. Muhammadiyah, sarêng sapunika sampun mirantos sadaya, lajêng wontên pangintên, bilih adêging sakolahan wau dangu-dangunipun namung sagêd 6 wulan, awit bôngsa Tiyonghwa ingkang purun dados murid namung sakêdhik sangêt.

Pamarentah sampun adamêl prajanjian kalihan N.I. Luchtvaart Mij. ngawontênakên lampah anggêgana ing Indhiya. Ing prajajian wau mratelakakên, bilih wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr 1928 sabên dintên dipun wontênakên lampah anggêgana saking Batawi dhatêng Bandhung wongsal-wangsul, tuwin saking Batawi dhatêng Sêmarang lan Surabaya. Makatên ugi wiwit minggu wiwitaning taun 1929 sabên minggu badhe dipun wontênakên lampah anggêgana wongsal-wangsul antawising Batawi - Singgapura tuwin Bêlawan. Wontên ing Bêlawan badhe sambêt kalihan baita mil ingkang dhatêng tuwin pangkat saking ngriku. Ing sabên baita gêgana dipun dèkèki pirantos radhiyo tèlêgrap tuwin tilpun, kangge nampèni tuwin kintun pawartos. Baita gêgana wau badhe ngangkat tiyang, pos tuwin barang-barang.

Pawartos saking Rêdhaksi

Radèn S. ing Banjardawa, Pamalang. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, nanging prayogi ngintuna sambêtipun rumiyin, tuwin panjurung wau kasêrata ing sastra Jawi.

Tuwan K.M.S. ing Masaran. Waosan lare botên kapacak, amargi sampun wontên. Rêmbag bab polêksrad ing Kajawèn namung badhe ngêwrat rêringkêsan, dene panjurung sanèsipun, kajawi ingkang sampun kapacak, sawêg dipun priksa.

Tuwan Kj. ing Wlingi. Kajawèn botên sagêd macak panjurung panjênêngan, awit kawruh ingkang kados makatên punika kajawi kêlêbêtên, ugi adhakan ambingungakên.

--- 827 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

42

XIII. Lêlampahanipun Higgs.

Kala punika têtiyang sami dhatêng suka sumêrêp dhatêng kula sadaya, bilih marginipun sampun kenging dipun ambah malih, saha kula sadaya lajêng pangkat badhe wangsul, kadosdene ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, lampahipun wau kanthi wilujêng.

Kala punika dipun manah prêlu sangêt, bilih lomponganing growongan kêdah dipun tutup, awit kalanipun kula sadaya anglangkungi papan ingkang waradin, inggih punika papan ingkang dipun barobosi Orme kalihan Japhet kalanipun badhe dhatêng panggenaning rêca singa barong. Kula sadaya mirêng swaraning tiyang cêtha wela-wela, satunggiling pasêksèn, bilih sampun wontên têtiyang Fung ingkang sampun sagêd dumugi ing ênêr kula sadaya punika, dados botên dangu malih, têtiyang punika sagêd dumugi ing lompongan wau. Upaminipun têtiyang wau ngrumiyini kula sadaya, sampun tamtu kula sadaya badhe pêjah kalirên wontên ing gang sanèsipun.

Sarêng kula sadaya sampun dumugi ing lompongan, sasagêd-sagêd nyumpêti bolongan wau, dene pun Quick ingkang kala punika sayah sangêt, kapurih numpak kapal dhatêng kadhaton amêndhêt dhinamit, sang putri tuwin Shadrach ingkang sapunika sampun dados tiyang mardika malih, anyarêngi lampahipun Quick wau, makatên ugi tiyang parêdèn kêkalih. Kula sadaya ngêntosi wontên ing ngriku, têtiyang Abati sami jagi, dene kula kêkalih sami tilêm kanthi nyêpêng sanjata. Sadèrèngipun sontên Quick sampun wangsunwangsul. kalihan tiyang pintên-pintên, ambêkta pêpikulan tuwin sanès-sanèsipun ingkang prêlu-prêlu, kula sadaya ambucali selanipun malih, salajêngipun Olivier, Japhet tuwin tiyang sanès-sanèsipun sawatawis, lajêng sami tumurun dhatêng papan waradin ingkang kapisanan, saha lajêng mapanakên dhinamit. Botên watawis dangu Olivier tuwin sanès-sanèsipun wangsul malih, Olivier katingal pucêt sangêt, saha nyêluki dhatêng kula sadaya murih sami mundur têbih, sasampunipun kula sadaya têbih saking ngriku, Olivier mèjèt pêntholipêntholipun. batêre ingkang dipun cêpêngi, botên dangu lajêng wontên balêdhosan, saha salajêngipun wontên lindhu alit-alit. Saking bolonganing dhudhukan wau lajêng jawah sela, siti sanginggilipun luwêngan kawak wau lajêng amblêg sakêdhik.

Orme awicantên: aku mêsakake bangêt mênyang wong-wong kae, nanging aku kudu nindakake mangkono.

Kula pitakèn: Lho, wong-wong sapa sing kowêlasi kuwi.

Wangsulanipun pun Olivier: Yaiku kapala-kapalaning agama lan para prajurit kang padha ana kana kae, wong-wong mau padha ngêtutake lakuku kabèh, kang iku aku banjur kêpêksa ngalang-alangi.

Sarêng kula sadaya sampun dumugi ing griya malih, Higgs anglajêngakên anggèning nyariyosakên lêlampahanipun. Kala rumiyin Higgs mirêngakên rêraosanipun Shadrach kalihan tiyang Fung saha mirêng, bilih Shadrach anggadhahi niyat badhe ngloropakên kula sadaya dhatêng têtiyang Fung. Sasampunipun Higgs kêcêpêng têtiyang Fung, Higgs wau lajêng dipun lêbêtakên wontên ing salêbêtipun rêca dewa wau, ing ngriku kathah gêdhong-gêdhongipun tuwin gêdhongipun pakunjaran. Sang Sultan Barung anuwèni, Higgs wontên ing ngriku saha ngandikakakên pêpanggihanipun sang sultan wau kalihan kula sadaya, katingalipun Sultan Barung karênan ing galih dhatêng kula sadaya. Makatên ugi Sang Barung ngandikakên dhatêng Higgs, bilih kula sadaya, jalaran saking kuwajiban ingkang kapasrahakên dhatêng kula sadaya, kêpêksa nampik mitulungi Higgs.

Wicantênipun Higgs: Kalane aku krungu kang mangkono mau, aku napsu bangêt, lan aku ngarani mênyang kowe kabèh, yèn wong ora duwe wêlas, ananging ing têmbe barêng tak gagas, kok ya bênêr dhing, ewadene aku ora pisan-pisan duwe gagasan, yèn aku dianggêp kayadene daging jaran, sumêdya dipakakake singa barong-singa barong sing kramat kae. Ing bukuku cathêtan, aku wis anggawe cathêtan pirang-pirang, kang andadèkake bangêt bungahing atiku, muga-muga wong ala sing kaya Shadrach nêmua slamêt.

Kula lajêng suka wilujêng dhatêng piyambakipun, saha pitakèn kanthi gugup, kadospundi mênggah kawontênanipun anak kula jalêr.

Higgs awicantên: O, dhèwèke iku sawênèhing wong nonoman kang andêmênakake bangêt, sarta bagus rupane, aku rumasa gêdhe bangêt atiku, dene aku duwe anak akon-akon kang kaya mangkono iku. Kalane anakmu tak dongèngi, yèn anggonmu anggolèki mênyang dhèwèke iku wis pirang-pirang taun lawase, anggone ngrungokake kanthi wigati, sarta ketoke karasa karônta-rônta. Dhèwèke isih bisa cara Inggris, sanadyan lagune cara Fung, lan mêsthi bae dhèwèke [dhèwè...]

--- 828 ---

[...ke] kapengin minggat saka kono, saikine dhèwèke sêgêr kuwarasan, sarta dadi juru manyanyi ing padewan kang punjul dhewe. Swarane iya pancèn apik bangêt. Besuk ing sasi ngarêp, nuju palêthèking tanggal ing wayah bêngi, dhèwèke arêp didhaupake karo putrane Sang Sultan Barung kang mung siji thil kuwi, tur saka garwa padmi, bakal dhaupe mau ana ing kutha Harmac, lan bakal dianani pasamuan gêdhèn têmênan, pancène ngono aku kapengin bangêt nunggoni, ananging anakmu lanang kuwi pancèn bocah pintêr têmênan, anjanji mênyang aku arêp anggawèkake cathêtan pirang-pirang, kang tumrape aku bakal akèh gunane.

Kula pitakèn kanthi kumêjot ing manah: Apa dhèwèke dhêmên karo bocah wadon irêng kuwi.

Higgs amangsuli: O, ora babarpisan, dhèwèke durung tau wêruh mênyang bocah wadon mau, nanging iya wis krungu yèn bocah wadon mau ala lan dhiri. Anakmu lanang kuwi sawijining wong nonoman kang ahli budi, lan jalaran saka solan-salining lêlakon kang dilakoni iku, dhèwèke banjur dadi kulina panampane samubarang iku iya mung kaya anane bae, dadi yèn dhèwèke didhaupake karo putrane Sultan Barung, iku bakal slamêt ora dipakakake singa barong, nanging ing bab-bab kang gêgayutan karo prakara omah-omah, kuwi aku sakaloron ora tau ngrêmbug akèh-akèh. Dhèwèke migatèkake bangêt marang pambudidayamu sing wis kotindakake saprene iki. Ana ing kana aku arêp mêruhi adat tatacarane wong Fung kabèh, jalaran saka mangkono kuwi, aku wong sakaloron ora tau kêsêl anggone gunêman, lan pamitrane iya banjur dadi supêkêt, ananging sanadyan tinêmua ana lêlakon kapriye bae, sing prêlu-prêlu wis ana ing aku - wicantênipun Higgs wau kanthi ngêplèk-êplèk bukunipun cathêtan - mendah kaya ngapa ribêde upamane buku cathêtanku iki ilang ana ing guwa singa barong kae. Tumrap awakku dhewe ora dadi ngapa, amarga mêsthine ing têmbe iya bakal ana wong ahli sêsurupan kaanane ing Mêsir, kang luwih pintêr tinimbang aku, nanging aku iya sêmang-sêmang, apa besuk ana uwong sing duwe wêktu kang kaya mangkono mau, kanggo nitipriksa kaanan sing sajatine. Kang mangkono iku mulane aku banjur jaga-jaga ing sabisa-bisaku sarta banjur ninggali turunan kang tinulis ana ing walulang wêdhus mênyang anakku lanang.

Higgs lajêng nyêrot pipanipun saha anglajêngakên wicantênipun makatên:

Nalikane Olivier ujug-ujug muncul arêp angluwari aku, aku ora bisa apa-apa liyane kajaba nyoba anggawa anakmu lanang, ananging dhèwèke ora tinêmu ana ing panggonan kang tak golèki, dene kang ana ing kono malah para kapalaning agama kang padha ngrungu gunêmanaku kabèh, mungguh sabanjure kowe wêruh dhewe. Saiki wis kabanjur, iya uwis ora dadi ngapa, nanging nalikane aku diudhunake ana ing guwaning singa barong, aku rumasa ngêdhap têmênan.

Orme lajêng pitakèn sajak mêmpêng: Dhèk samana apa sing kopikir.

Higgs amangsuli: Mikir, aku ora mikir apa-apa, nalikane samono aku kamigilanên, udhune kuwi pancèn iya agawe giris, apa manèh kalane tiba ana ing lêmah, ananging kang mangkono mau bokmanawa luwih bêcik, jalaran yèn ora, aku banjur kêpêksa lumaku urut buntuting rêca singa barong, môngka main kumidhi urut tali iku dudu pagaweanku, kowe katêlu iku wong sadonya iki pancèn sing apik dhewe, aja ngira yèn aku bakal lali marang tindakmu kabèh marang aku. Mara saiki kandhanana apa lêlakone awakmu, aku ora ngira babarpisan, yèn aku bisa mênangi critamu ana ing uripku saiki.

Kula sadaya lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahan kula, lan piyambakipun mirêngakên kanthi anggatosakên. Sarêng cariyos kula dumugi bab pasareanipun raja, bingahipun Higgs tanpa upami.

Piyambakipun lajêng jêlih-jêlih makatên: Kowe rak iya ora ngowah-owah: ta, nèk kirane bisa, kuwi mau kudu digolongake dhewe-dhewe lan kudu dikirimake mênyang moseyum ing Londhon, aku kudu milihi lan kudu anggawe cathêtane. Tumrap pagawean mangkono kuwi kiraku ya ana satêngah taun dhewe.

Enjingipun kula dipun gugah Higgs, ingkang lumêbêtipun amangangge pangangge dalu botên kantên-kantênan, wicantênipun Higgs: jajal aku kandhanana mungguh kaanane sang putri kae, wadanane ayu têmên, lan sawijining wong wadon kang pêng-pêngan têmênan. Sajrone rongpuluh taun iki aku ora tau nglirik mênyang wong wadon, ananging la dalah, tingale sang putri angênani mênyang awakku kene - kala punika Higgs ngêlus-êlus panganggenipun, nanging ingkang dipun lus-lus wau kalêrês padharanipun - kang mangkono mau jalaran sang putri dadi kosokbaline singa barong-singa barong mau.

Kula mangsuli kanthi swara ulêm: Ptolemy tak kandhani sapisan iki bae, satêmêne luwih ambêbayani yèn kowe ngarubiru sang putri tinimbang gêndhak sikara mênyang singa barong, yèn kowe kapengin kaanane ing bab iki aja nganti luwih ruwêd, kaya saiki iki, kowe ngênggonana pakulinanmu bae, lan aja mikir mênyang paningale sang putri, saikine Olivier kasmaran bangêt marang sang putri.

Higgs awicantên: Kang mangkono iku wis mêsthi bae, mokal yèn dhèwèke oraa. Aku ora maido, nanging kang mangkono kuwi rak ora andadèkake jalaran apa-apa: ta, lan sababe apa dene aku ora kêna kasmaran karo sang putri, sanadyan ta aku kudu ngakoni - wicantênipun ingkang makatên punika kanthi susah saha ngêlus-êlus padharanipun ingkang bundêr - yèn pangarêp-arêpe Olivier luwih gadhe tinimbang aku, apa manèh têpunge karo sang putri dhèwèke wis luwih dhisik.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]