Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-04, #187

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-04, #187. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-04, #187. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 53, 15 Muharam, Taun Alip 1859, 4 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [957] ---

Ôngka 53, 15 Muharam, Taun Alip 1859, 4 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ajênging Têtanèn ing Lubukkilangan, Padhang, Sumatra.

[Grafik]

Tigang taun kapêngkêr, pasabinan punika taksih awarni pakêbonan, sapunika sampun dados sabin, awit dipun manah pamêdaling sabin punika langkung kathah tinimbang pakêbonan.

--- 958 ---

Raos Jawi

Subasita.

Candhakipun Kajawèn nomêr 50.

Ing Kajawèn nomêr 50 sampun ngêwrat ing bab tataning sêsrawungan kalihan tiyang jalêr, ing sapunika anglajêngakên mênggahing sêsrawunganipun tiyang jalêr kalihan tiyang èstri wontênipun ing pakêmpalan.

Mênggah ing sayêktosipun, tata caranipun tiyang jalêr sêsrawunganipun dhatêng tiyang èstri bôngsa Jawi, punika kathah sangêt miribipun kalihan bôngsa Arab, bokmanawi inggih jalaran saking kêdayan lampahing agama Islam kados ta: lare èstri ingkang sampun akil balèg dipun sêngkêr botên nate katingal kajawi manawi wontên prêlu ingkang sayêktos, tuwin dipun prêdi sangêt dhatêng tumindaking kasusilan Jawi. Ingkang makatên wau tamtu kemawon andayani dhatêng alusing bêbudèn, awit sadintên-dintên tansah kêpranggul ing piwulang tuwin lêlampahan sarwa utami, nanging botên nate sumêrêp dhatêng tataning pakêmpalan, mila lajêng adhakan dados tiyang clingus, samôngsa pakêmpalan namung dados tiyang kèndêl.

Kadadosaning kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng kêtingal sangêt bilih tiyang èstri punika alus bêbudènipun, awit kajawi dhêdhasaring èstri sampun alus, inggih kêtumpangan malih ing bab tatanipun ingkang sasat dados panggulawênthah sabên dintên. Lan mênggah nyatanipun, èstri punika salami-laminipun pancèn dados tiyang ingkang dhêdhasar alus.

Manawi ngèngêti dhatêng kawontênan ingkang makatên punika, kados para jalêr sampun sagêd anggalih piyambak, bilih pasrawungan kalihan tiyang èstri punika kêdah sagêd anglêbêti kados kêdunungan raosing èstri, têgêsipun kêdah nindakakên tata krama patrap tuwin basa ingkang sarwa alus.

Ing sasagêd-sagêd, mênggahing tiyang jalêr manawi pasrawungan kalihan tiyang èstri angrêksaa sangêt sampun angêcakakên têtêmbungan ingkang sakintên adamêl kirang sakecaning manahipun tiyang èstri, punika kêdah sagêd anggalih piyambak dhatêng caking dugi prayogi, awit botên dumèh pasrawungan punika tumrapipun ing jaman sapunika sampun nama tanpa èwêd-pakèwêd, punika pancèn lêrês, nanging mênggah raosing kasusilaning èstri, ingkang kabêkta saking karosaning dhêdhasar, ing salami-laminipun tamtu taksih kêbêkta kemawon, manawi kêcocog ing ginêm tuwin patrap ingkang nrajang saking watêsing kasusilan, adhakan lajêng karaos, punika kajagia raosing èstri ingkang kados makatên punika sampun ngantos ical, ingkang jalaran tansah kulina kataman ing tanduk ingkang kados makatên, dados ingkang kasampiran wajib punika tiyang jalêr. Mênggahing subasitanipun pasrawunganing jalêr lan èstri kados sampun cêkap karingkês samantên.

Gêntos ing bab pasrawunganipun kalihan lare,

--- 959 ---

kajêngipun pasrawungan punika pasrawunganing tiyang sêpuh kalihan neneman, punika inggih kêdah mapanakên dugi prayogi. Tumrap ing sêpuh sagêda ngangge manah ombèr tuwin momot, sagêd damêl panujuning manahipun neneman langkung utami manawi sagêd sêsorah ingkang sagêd damêl pamarêming manah. Awit mênggahing tiyang sêpuh, manawi rècèh ing ginêm, tur ginêmipun wau botên tumônja, punika ngicalakên ajining sêpuh, wêkasanipun adamêl kêmbanipun para neneman dados wajibibun kêdah sagêd angajèkakên badanipun. Dene manawi botên sagêd makatên, puwungan aluwung kapara kèndêl, awit mênggahing tiyang sêpuh, ajining kèndêlipun, ngungkuli tiyang sêpuh sugih ginêm ingkang botên tumônja, sawêg sêpuh ing umur kemawon sampun anggadhahi aji kathah.

Ing sapunika ing bab pasrawungan kalihan tiyang ingkang gadhah pakarêman, punika mênggahing kajêngipun, tiyang punika sagêda ngêmong utawi damêl panuju ing tiyang, dados saupami badhe rêrêmbagan kalihan tiyang, inggih sanadyan tiyang wau gadhaha watak kados punapa kemawon, manawi kêtuju ginêmipun tamtu lajêng purun sambêt kanthi bingahing manah. Upaminipun rêmbagan kalihan botoh sawung, punika sanadyan sakawit tiyangipun ngêthêthêr, manawi lajêng dipun pitakèni: kadospundi mas, sawung sampeyan pun modang nalika tarung. Pitakenan ingkang kados makatên punika tamtu lajêng dipun tampi kalihan ambêgènggèng tuwin mayangakên èpèk-èpèk nirokakên tarunging sawungipun, ngantos plak-plèk kados wayangan, nanging adhakanipun sawungipun piyambak tamtu ngangge tangan têngên, manawi nuju anjiling, mak plêg tangan kiwa èpèk-èpèkipun dipun balêngkêrakên, dene èpèk-èpèkipun têngên dipun jêngatakên, tuwin nyambêti cariyos kasangsaraning tangan kiwa kalihan èplèk-èplèk kaebahakên kados saesthaning sawung klabakan. Sampun tamtu kemawon anggènipun ginêman lajêng gobyog.

Kados makatên mênggah kawontênaning subasitaning pasrawungan.

Ekonomi

Udhu Kawruh Sapele Bab Nanas.

Rèhning Kajawèn ingkang mêdal kala tanggal 12 Mei 1928 ôngka 38, ngêwrat karangan bab nanas, saha ing ngriku sampun isi katrangan ingkang nyêkapi. Ananging sapunika kula mêksa kêdah nguruni rêmbag malih, tur namung sapele, inggih punika ing bab pananêm tuwin pamilihing wiji nanas. Dados manawi wontên ingkang kadugi badhe nindakakên, sagêd manggalih pundi ingkang prayogi utawi sagêd angrêrantam kadospundi utaminipun, saha malih sampun ngantos dhumawah ing kapitunan.

Sadèrèngipun kula matur, sêdya kula ing ngriki botên pisan nêmaa angoncorakên kawruh, utawi nyaruwe, punapa malih kumintêr, jêr sayêktosipun ingkang kula udhokakên punika

--- 960 ---

saking angsal kula mêmêthik, pramila mugi tinêbihna ing bêbêndu, malah mugi karsaa anggalih nêtêpi bêbasan: kawruh iku digèmbol ora mandhokol, dibuwang ora kumrok. Kados ing ngandhap punika:

Pasitèn ingkang badhe katanêman nanas kêdah milih ingkang lêmpar sarta sampun ngantos kayoman, pananêmipun katharik-tharik, awit kêrêpipun bantalan utawi guludan watawis 1 ½ mètêr, dados ingkang gadhah pakêbonan sagêd lumampah ing saantawisipun tanêman nanas. Dene awisipun tanêman watawis 4 kaki, lêbêtipun ¾ kaki, saha malih ing salêbêting luwangan kêdah dipun dèkèki rabuk, sasampunipun punika bibit nanas lajêng katanêm, pananêmipun kêdah jêjeg.

[Grafik]

Manawi bibit nanas wau sampun gêsang, tamtu ênthikipun kumroyok, prayogi kaprithilana, kakantunakên trubusan satunggal kemawon. Botên antawis dangu nuntên sêkar, lajêng dados woh. Mênggah sêkaring nanas punika tanpa mangsan, botên kados wit dhuku, rambutan, durèn sasaminipun, dados uwohipun lumintu.

Manawi wiwitipun kathukulan trubus, sae kaprithilan ,pamrihipun: woh sagêd agêng. Sêpuhing woh ing salêbêtipun 1 utawi 1 ½ wulan, inggih punika katawis jêne.

Manawi dipun upakara kanthi sae, woh nanas satunggal sagêd wawrat 10-12 katos. Tanêman ingkang dipun upakara sae, punika kajawi wohipun agêng-agêng, inggih asring medal kaelokanipun, sagêd uwoh langkung satungal, kados ingkang pinangih ing Têluk Balun, Indragiri, wontên nanas sauwit awoh sakawan, ingkang nanêm nama Tuwan Matahar, kados ing gambar. Saupami wohipun sampun kaundhuh, uwitipun supados kabêdhol, lajêng kapêndhêm supados dados rabuk. Tilasing bedholan wit wau kadamêl luwangan malih, sasampunipun kadekekan rabuk supados katanêmana bibit nanas malih ingkang enggal.

Mênggah bibit nanas punika ingkang sae inggih trubusan wau, enggal awoh, payungipun kirang utami kangge bibit, tur dangu sêkaripun.

Yèn tiyang sagêd nanêm nanas ngantos 700 utawi 800 wit makatên kemawon, ing pangintên sampun anyêkapi kangge kabêtahan ing sadintên-dintên, [sadintên-dintê...]

--- 961 ---

[...n,] malah kapara langkung, botên sagêd kirang.

Bab pangundhuh tuwin sapanunggilanipun kados ingkang kasêbut ing Kajawèn nomêr 38. Manawi nanas badhe kadamêl jênang kêdah mawi dipun parut rumiyin, tanpa kapêrês toyanipun, nanging limrahipun jênang nanas punika nêdha gêndhis (kêdah kaduk gêndhisipun), saha kawastanan sêlei nanas. Manawi kacampur ing adon-adonan roti: tar, inggih tar nanas, dados nama asal botên kantun, dadosipun têtêdhan inggih kagolong bôngsa adèn, sok minggah rampadan nginggil.

Mênggahing tanêman nanas, ing salêbêtipun kabupatèn Malang ingkang misuwur ecanipun inggih punika wêdalan dhusun Klayatan, mila inggih kawastanan nanas klayatan, langkung eca tinimbang wêdaling sanès panggenan.

Kula pun: Nira Saniti Atmaja.

Ing Tumpang, Malang.

Bab Kasarasan

Nyambêti Kajawèn Nomêr 35 (Mijnwormziekte bestrijding).

Candhakipun Kajawèn nomêr 52.

Saking siti têlês.

Lare-lare ingkang sawêg sagêd ambrangkang, asring dipun umbar ing jogan ingkang sitinipun têlês, lajêng ngoloh drijinipun, trêkadhang wontên ingkang ngêmploki siti, makatên wau sagêd anjalari mijnwormziekte, sabab mijnworm punika sagêd tahan gêsang wontên siti utawi pasir têlês, mila prayogi joganing griya kêdah garing. Nindakakên supados jogan tansah garing, siti ingkang dipun adêgi griya kêdah langkung inggil tinimbang siti palataran, manawi môngsa rêndhêng toya ing tritisan kailèkna, griya kêdah mawi jandhela ingkang cêkap, upami sabên kamar mawi jandhela satunggal. Griya ingkang tanpa kamar mawi jandhela sakêdhikipun 4 yèn siyang dipun bikak supados soroting surya sagêd malêbêt ing griya.

Tiyang ingkang nêmbe kesah saking pundi-pundi sukunipun rêgêd utawi gupak lumpur, langkung malih manawi môngsa rêndhêng (ingkang botên ngangge sêpatu, sandhal, gamparan, sêlop lan sapanunggilanipun) punika sadèrèngipun malêbêt ing griya kêdah wisuh rumiyin, ngangge patrap kados ing nginggil, yèn botên makatêna sagêd anjalari sakit mijnworm, bokmanawi para maos asring mrangguli, tiyang ingkang sukunipun gupak lumpur nêmbe dhatêng saking pundi-pundi lajêng trus malêbêt ing griya, trêkadhang lajêng trus mapan tilêm, lumpur wau ngantos garing kajêngipun piyambak, anggènipun ngrêsiki namung dipun osèr-osèrakên ing siti utawi dipun kêruk mawi wilah, ingkang dipun makatênakên wau lumpur ingkang anggêdibêl utawi kandêl, lumpur ingkang tipis botên dipun anggêp rêgêd, patrap makatên wau [wa...]

--- 962 ---

[...u] lêpat sangêt, prayogi dipun bucala. Sabên tiyang rak inggih botên purun katrajang mijnwormziekte, dados manawi tiyang ingkang makatên wau dipun pituturi, dangu-dangu mêsthi miturut, awit mêsthi ajrih dening mijnwormziekte.

Saking lalêr.

Tiyang-tiyang ingkang sade jajan (sawarnining têtêdhan) kêdah dipun tutupi, sampun ngantos dipun rubung lalêr. Awit punika kewan sênêng ngrubung rêrêgêd, manawi sukunipun lalêr ambêkta bibit mijnworm lajêng tumimbal dhatêng têtêdhan, wusana katêdha ing tiyang lajêng sagêd kacandhak ing pênyakit mijnworm, sanajan têtêdhan ing griya ugi kajagia makatên. Dene ombèn-ombèn botên kula sêrat ing ngriki, awit lalêr botên sênêng mencok ing toya, nanging sanajan makatên ugi kêdah kajagi. Yèn wontên ombèn-ombèn kacêmplungan lalêr prayogi dipun bucal kemawon.

Bayi-bayi utawi lare ingkang taksih dados momongan, manawi kalêrês tilêm siyang, sampun ngantos dipun pencoki lalêr, punapa malih lambenipun, langkung-langkung bayi ingkang dèrèng sagêd angglawat, sanajan botên tilêm inggih kêdah dipun awat-awati, prayogi sangêt wontên ing salêbêting klambu utawi krodhongan.

Bab êdhot kêdah ngatos-atos, sampun ngantos dipun ambah lalêr, manawi êdhot kapencokan lalêr kêdah dipun cêmlungakên ing wedang umop sakêdhap, kintên-kintên 5 mênit, supados manawi katèmpèlan bibit mijnworm sagêd pêjah dening wedang bêntèr wau. Cêkakipun lalêr punika mêngsah ingkang ambêbayani, sagêd aniwasi, prayogi dipun pêjahi kemawon.

Bayi ingkang katrajang sakit mijnworm anggènipun anjampèni botên gampil kados tiyang sêpuh. Manawi dipun dulang utawi dipun ombèni ingkang raos botên eca kathah ingkang lajêng gumoh (luntak) pramila bayi kêdah kajagi ingkang prayitna, awit bayi ingkang katrajang mijnwormziekte prasasat nampi siksa agêng, wêtêngipun tansah sakit, ambêbucal kemawon, nêdha utawi nêsêp mèh botên doyan, rai bêngêp, wêtêng anjêmbluk, suku sami agêng, badan sakojur lêmês, pucêt, kêpengin badhe brangkangan utawi lumampah botên kiyat, awit badan lêmês. Tumrap dhatêng tiyang sêpuh makatên ugi, tôndha-tôndhanipun sami.

Saking kucing utawi sagawon.

Kucing utawi sagawon manawi saba sok balasakan wontên ing panggenan rêgêd, sampun têmtu sukunipun lajêng rêgêd. Sok wontên sawênèhing tiyang purun ambopong-bopong kucing utawi sagawon, sukunipun dipun gêgêm-gêgêm, botên maèlu sukunipun rêgêd punapa rêsik, yèn sukunipun rêgêd môngka kalêrêsan wontên wijinipun mijnworm môngka tangan ingkang nêmbe gêgêm-gêgêm botên enggal dipun wisuhi ingkang rêsik, sagêd ugi lajêng anjalari sakit mijnworm.

Botên saking dipun gêgêm kemawon sagêdipun tumular, upami sagawon utawi kucing ingkang sukunipun rêgêd wau lumampah ing jogan, utawi

--- 963 ---

minggah ambèn patilêman môngka tilas ingkang dipun ambah wau lajêng kangge brangkangan lare, punika rêrêgêding sagawon utawi kucing prasasat dipun srêbèdi ngangge tanganing lare ingkang brangkangan wau, wusana lare lajêng ngoloh driji, sampun têmtu wiji mijnworm ingkang dipun koloh-koloh wau enggal dumuginipun ing wêtêng, wusana lare wau lajêng kanggenan mijnworm ngantos ewon yutan. Dados prayoginipun kucing utawi sagawon ingkang nêmbe kluyuran ambêkta rêrêgêd kêdah dipun rêsiki, sampun suka wontên ing panggenan ingkang kangge brangkangan lare, ing palênggahan, patilêman, utawi panggenan ingkang kangge dhahar.

Mijnwormziekte bestrijding ingkang kamot ngriki punika, sakadar namung kula mêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon.

Subarja.

Jagading Wanita

Sêngsêmipun Tiyang Nyandhang Ngangge.

Satunggal-satunggaling bôngsa punika mênggahing pangangge gadhah sêngsêm piyambak-piyambak wontên ingkang mêndhêt saking coraking wujud, wontên ingkang saking anggènipun ngêtrapakên, awit trêkadhang traping pangangge ingkang tata lan sae, punika sagêd andayani dhatêng brêgasipun ingkang ngangge.

Saya malih tumrapipun tiyang èstri, bab sandhangan punika pancèn dipun prêlokakên sangêt. Yèn ing Jawi Têngah, nyandhang ngangge punika mênggahing tiyang èstri, rêmên ingkang prasaja, cak-cakanipun sarwa barès, rêmên dhatêng cêmêng-cêmêngan, kados ta sinjang latarcêmêng, rasukan cêmêng. Malah pangangge ingkang kados makatên wau limrahipun lajêng dados pangangge pasamuwan, utawi pangangge manawi sowan ing para pangagêng. Mila kêtêlahipun dumugi sapriki, tumrap ingkang golongan andhap, taksih lêstantun rêmên mangangge sarwa cêmêng, awit taksih ngrumaosi, bilih mangangge ingkang botên kados makatên punika dipun wastani dêgsura. Saya tumrapipun tiyang padhusunan, taksih kêkah sangêt anggènipun rêmên dhatêng pangangge sarwa cêmêng wau, ingkang kathah sami mangangge sarwa lurik (tênunan), ing pangangkah kajawi botên kêtingal rêgêd, ugi ambujêng dhatêng awèting pangangge.

Nanging mênggahing bab pangangge wau, sayêktosipun tansah ewah-ewah manut dhatêng lampahing jaman, têtiyang lajêng sami rumaos manawi nyandhang ngangge sarwa cêmêng punika botên sae ing sawangan, mila lajêng kathah ingkang sami santun gagrag mangangge sarwa pêthak utawi sanès-sanèsipun, prêlu pados ènthèng tuwin gampil dipun kumbah, lajêng kêtingal rêsik gumrining, malah ingkang makatên wau lajêng sagêd mratah, awit pancèn nyata mênggah saening pigunanipun. Ewadene mênggahing Jawi Têngah, ing bab rasukan ingkang kêlêm, cêmêng sapanunggilanipun, punika ugi taksih asring kangge, kados ingkang kasêbut ing nginggil, awit pancèn gêgayutan kalihan tatakrama.

--- 964 ---

Tumrap ing Jawi Kilèn, wiwit ing tanah Pasundhan, mangangge sarwa cêmêng punika sampun botên kêlimrah, mênggahing tiyang èstri ingkang dipun rêmêni mangangge sarwa gumêbyar, yèn rasukan ingkang sarwa tipis, kaduk rêmênipun dhatêng bôngsa sutra. Dene mênggahing raosing sawangan, ugi kêtingal nêngsêmakên, awit sagêd ngêcakakên dhatêng thuk-thukaning pangangge. Ulêsing asrih utawi sarung kêtingal gèsèh kalihan rasukanipun, makatên ugi slendhang, saya nyêngklèng malih, ewadene sarêng sampun amor, kêtingal muyêk adamêl sêngsêming pandulu.

Sampun tamtu kemawon tumrapipun tiyang ing ngriku raosing sawangan beda kalihan tiyang Jawi Têngah, mila manawi mrangguli tiyang Jawi Têngah mangangge cêmêng, lajêng amastani manawi pêtêng andhêdhêt.

Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih saening tiyang nyandhang ngangge punika botên namung wontên sandhanganipun kemawon, ugi jalaran saking anggènipun matrapakên, dados sanadyan tumrapa Jawi Têngah, Kilenan tuwin sanès-sanèsipun, sêngsêmipun inggih botên ewah, sagolong-golonganipun gadhah sênêng piyambak-piyambak, inggih sagêd andamêl sêngsêmipun sintên kemawon.

Upaminipun pangangge lurik, punika ugi sagêd kêtingal amantêsi, manawi ingkang ngêcakakên sagêd, saya manawi condhong kalihan pakulitanipun ingkang ngangge, kados ta lurik cêmêng utawi ijêm, punika manawi dipun angge ing tiyang ingkang pakulitanipun jêne, lajêng kêtingal cêtha wela-wela amantêsi. Malah ing sapunika wontên para èstri ingkang sok mangangge sarwa lurik, malah dipun anggêp dados kabrêgasan, nanging namung dumunung kasênêngan.

Sayêktosipun sinjang lurik punika ingkang sagêd damêl sêngsêming sawangan botên namung ulêsipun, ugi corakipun, kados ta ingkang lorèk-lorèk alus, punika ugi amêwahi pantês.

Malah tumrap para èstri bôngsa Jêpan ing wêkdal punika sawêg sami kasêngsêm mangangge sarwa lorèk-lorèk utawi pêlong-pêlong agêng, dipun raos adamêl kabrêgasan, gambar nginggil punika gambaripun Markiezin Meda garwaning utusan militèr Jêpan ing Londhon, nalika mangagêm sarwa lorèk tuwin pêlong-pêlong.

Pangangge ingkang kados makatên punika sanadyan dèrèng tamtu damêl mathuking sawanganipun sanès bôngsa, nanging botên sande tamtu dipun tiru ing ngakathah, trêkadhang manawi sampun kêlimrah malah rinaos damêl sêngsêm, awit sampun makatên lampahing donya, kawontênan gagraging tiyang nyandhang ngangge tansah gantos-gumantos.

--- 965 ---

Gambar-gambar kawontênan nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh ing Surakarta.

Ing Kajawèn nomêr 50 ing bagean kabar warni-warni, ngêwrat pawartos ing bab Kangjêng Ratu Alit sakalihan, kautus saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, misungsung dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral awarni gambar-gambar kawontênan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika wontên ing Surakarta.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah wontên ngêtrun, ing pandhapa Sasana Sewaka, Karaton Surakarta.

Awit saking kaparênging dhawuh timbalan dalêm saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Bale Pustaka kaparingan saperanganing gambar-gambar wau, saha kaparingan palilah ngêwrat wontên ing Kajawèn. Kaparêng dalêm ingkang samantên wau saèstu adamêl suka bingahing ngakathah tuwin sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi, awit mênggahing kawontênan rawuhan Gupêrnur Jendral, punika tumraping karajan Kajawèn nama satunggaling pasamuan ingkang mawi tata cara saha gagrag piyambak, tuwin tata cara wau maligi kangge pasamuan punika, dipun wastani jendralan, makatên ugi dipun wastani lampah agêng-agêngan, botên beda kados pasamuan dintên agêng.

--- 966 ---

[Grafik]

Para bupati andhèrèk mêthuk rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wontên ing setatsiyun Balapan.

[Grafik]

Para bupati anom andhèrèk mêthuk rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wontên ing setatsiun Balapan.

--- 967 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Sanguning Tiyang Gêsang.

Candhakipun Kajawèn nomêr 50.

Petruk : Lho, Ma, Rama kudu ngèlingi yèn jaman saiki kiyi wis beda bangêt karo jaman biyèn, jaman saiki yèn ana uwong ora gêlêm mamèrake kapintêrane, golèka pagawean, iya mêsthi ora bakal olèh. Buktine aku kiyi bae, nèk dikon ngomongake kapintêranaku kuwi êmoh babarpisan, mulane iya kapiran-kapirun mangkene. Lagi anu ana bukakan pangkat: mantri opnemêr tekênar, la kuwi aku iya banjur enggal anglêboni. Panggêdhe ing kono nuli pitakon mênyang aku, apa aku bisa ukur, saking aku êmohe pamèr, aku iya banjur mangsuli: ora, panggêdhe mau nuli pitakon manèh, apa aku bisa anggambar, sarèhning watak pamèr kuwi tak sirik bangêt, iya banjur tak wangsuli manèh yèn ora. Amara, tibaning êngon aku kok banjur diusir saêdêg-saênyêt bae.

[Grafik]

Garèng : Lho Truk, aku tak nyêla pitakon, kowe kuwi apa bisa anggambar utawa ngukur, awit saprene aku têka durung tau wêruh.

Petruk : Rèng, bok iya aja bangêt-bangêt anggone ngina nyang uwong. Sabên uwong rak iya bisa anggambar lan ngukur, ta, kayadene aku: mêsthi bisane anggambar, kaya apa rasaning awake wong kang pagaweane angkat jungjung, yèn esuk nganti ora kalêbon sêga wadhang satêngah cêthing, mêngkono uga aku bisa ngukur sêga sapira tadhahe uwong kang pagaweane mangkono mau.

Sêmar : Wiyah, la kuwi rak gambaran lan ukuraning wêtêng, wis, wis, kok banjur nylèwèng rêmbuge, ing saiki aku tak ambacutake andharanaku ing bab kapintêran kang kanggo ngrenah utawa ngapusi. Mêsthine kowe kloron iya wis padha ngrêti, yèn têgêse panggawe ala, ananging panggawe ala mau ditindakake kanthi ngakal budi kang sampurna, dadi anggone anglakoni ngango sêngadi lêlambaran bêcik, kuwi warna-warna bangêt thole.

Petruk : Wis Ma, wis, aku wis nyandhak mungguh krêsamu kuwi, aku dhewe wis tau nêksèni wong kang duwe tindak mangkono, patrape mangkene: rêpèpèh-rêpèpèh ana ing pinggir dalan banjur lingih prok ngapurancang, ing kono nuli ngantêngake pikirane, sinambi ngêpyur-êpyurake bêras.

Garèng : Yah, la kuwi rak carane wong arêp ambêdhog pitik. Bok aja sok nyêla-nyêla omong, luwih bêcik rungokna dhisik, mara, Ma, nuli ngandikakna.

--- 968 ---

Sêmar : Iya bêcik, amrih cêthane mungguh sing diarani kapintêran angrenah kuwi upamane mangkene: kaya ta si Suta iku sawijining wong kang wis misuwur ngrêti utawa paham marang tangguhing wêsi aji utawa katurangganing manuk prêkutut. Wusana si Suta banjur adol wêsi aji utawa prêkutut marang salah sawijining wong sing dikira ngandêl karo dhèwèke, lan wêsi aji utawa prêkutut mau dikandhakake bêcik bangêt, kasare nyugihi, drajati, lan isih manèh pangêlême, wis mêsthi bae iya banjur dituku kalawan rêga larang manut sakandhane, utawa sok laku kong-kalikong karo wong liya, wong liya sing tawa, si Suta sing ngalêmbana, mangkono sapiturute, kuwi sing jênêng kapintêran ngapusi utawa pangrenah.

Garèng : Dadi nèk mêngkono, wong duwe kapintêran kang digunakake kanggo ngapus-apusi wong liya, kuwi têtêp aran panggawe ala bangêt. Saiki upamane ana uwong migunakake kapintêrane prêlu kanggo mitulungi wong kang salah, apa iya kêna diarani panggawe ala, upamane mangkene: aku kiyi pintêr bangêt mungguh ing apa bae, ing desaku kono ana wong kang dipitênah dening wong kang kacukupan, nganti dadi sangsara bangêt, wusanane nuwuhake prakara kang gêdhe, ing sarèhning wong kang gawe pitênah mau cukup, dadi luwih akèh anggone ambayar nyang aku, kang iku aku iya banjur kapêksa ngrewangi marang wong kang salah mau. Panggawe mangkene kiyi apa iya kêna diarani wong duwe kapintêran kanggo angrenah lan apa iya kalêbu nyang panggawe kang ora bêcik.

Sêmar : Lha iya kuwi ta Garèng, abote wong golèk sêga sapiring, larane wong ditangisi anak bojone, kuwi sok banjur ora bisa ambedak-bedakake barang ala lan bêcik, anggêr bisa olèh dhuwit bae, ya êmbuh kapriye kadadeane, mêsthi ditêmpuh. Mulane iya ora kêna dipaido, sabab ing jaman saiki kiyi jamaning dhuwit, panganggêpe: sênêng, susah, kuwasa, asor lan sapiturute kuwi gumantung saka dhuwit, mulane akèh-akèhing uwong banjur ditêmên-têmênake anggone padha ngudi nyang kasugihan, nganti padha lali marang purwaduksinane. Beda karo wong kuna-kuna, kuwi nang piwulange malah mênging aja bangêt-bangêt angone ngudi nyang kasugihan, awit kuwi bisa nuwuhake pasêmon: melik anggèndhong lali, mungguh karêpe: wong kuwi yèn daya-daya anggone kêpengin sugih, sok banjur muta tuli, têgêse: ambudhêg, tur amuta, mêrêm utawa burêng pandêlênge, karêpe wis ora wêruh sapa-sapa lan wis ora nganggo pikiran, mung dimamah kayadene lalab katimun.

Pawartos wigatos

Sampun sawatawis dintên punika, administrasi Kajawèn angintunakên pos wisêl kothongan dhatêng para lêngganan, ingkang sami dèrèng ambayar rêgining Kajawèn kuwartal kaping tiga.

Ingkang punika, para lêngganan ingkang tampi pos wisêl wau mugi kaparênga amrêlokakên lajêng ambayar rêgining Kajawèn.

Adminisratie.

--- 969 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Ing kantor pakaryan kasarasan golongan Medische Propaganda ing gang Kwèni, Batawi, kasumêrêpan kêbêsmèn, saweg kemawon bibar kantoran, rahayu dene kasumêrêpan jongos-jongos ing hotèl Surabaya, sacêlakipun ngriku, lajêng lapur pulisi. Pulisi nindakakên pitulungan rêkaos sangêt, amargi lawang-lawangipun sami dipun tutup, wusana kenging kabikak saha sagêd dipun sirêpakên. Kapitunan ingkang pinanggih ing ngriku warni pilêm-pilêm ngèlmi kasarasan, kapetang botên sakêdhik aosipun.

Kala tanggal 27 wulan punika, sêpur èlèktris saking Kêmayoran ingkang badhe dhatêng Tanjung Priyuk, nalika wontên ing sêtatiyun Batawi langsir, nanging kalajêng nalotok mêdal dhatêng waradinan agêng, palang-palang tosan katrajang tatas. Miturut papriksan, jalaran rèmipun sêpur wau wontên ingkang risak.

Wontên pawartos kapal Bali nalika lumampah wontên ing sagantên Jawi wanci dalu, wontên ing antawisipun Sêmarang kalihan Tanjung Priyuk, numbuk baita pamisayan ulam nana[1] Sari Gampang asli saking Madura, têtiyangipun sami kêtulungan, kabêkta dhatêng Tanjung Priyuk.

Ing salêbêtipun pasar malêm ing Pasuruan, wontên sawênèhipun griya papan padhasaran ingkang kabêsmèn, inggih punika griya sês krètèk, jalaran saking latu êlong srèng andhawahi payoning padhasaran wau, nanging lajêng sagêd kêtulungan. Namung kemawon ing dalu wau dados pêtêng, amargi wontên dilah èlèktris kirang lakung 900 dipun pêdhoti kawatipun.

Para apotik ing Sêmarang sami sarêmbag badhe damêl liburan ing dintên Minggu gêgentosan, kajawi apotik Rathkamp sadaya sampun anyondhongi.

Pamarentah sampun aparing palilah adamêl kapal pêrang satunggal iji wontên ing Marine Etablissement ing Surabaya, agêngipun 1600 ton. Waragadipun f 1.08.00. Kintên-kintên sagêd rampung salêbêtipun taun 1929. Dene ingkang perangan ngandhap sagêd rampung salêbêtipun tigang wulan.

Jalaran saking rêndhêting lampahipun têtumpakan ing kitha Batawi, kalanipun lawanganing margi sêpur katutup. Kala ing tanggal 5 Juni, gêmintê sampun anitipriksa, wiwit jam 7 enjing dumugi jam 7 sontên, wontên ing lawangan Gambir wetan tuwin Gambir kidul. Ing salêbêtipun 12 jam wau, lawanganing sêpur dipun tutup kaping 62, gunggunging dangunipun wontên 12 jam 9 mênit 53 sêkon. Rame-ramening margi wau wontên antawising jam 7-9 enjing kalihan 2-2.30 siyang dumugi jam 5.30. Salêbêtipun wanci 12 jam wau, wontênipun têtumpakan ingkang langkung ing ngriku: pit utawi pit motor: 2275, kreta, dhilman tuwin sadho 700, oto tumpakan 1355, oto momotan tuwin grobag 164. Dene ingkang kandhêg jalaran katutupan ing lawang: pit utawi pit motot 316, kreta, dhilman tuwin sadho 215, oto tumpakan 221, oto momotan utawi grobag 21.

Ing labuhan Bantên, mêntas wontên pasamuan ingkang dipun wastani wilujêngan pangruwat laut, kados adat, inggih punika wilujêngan kados brêsih dhusun. Panuwunipun tiyang ing ngriku, supados kaparingana rêjêki kathah tuwin ulam sagantên gampila dipun wisaya. Pasamuan wau rame saha mawi têtingalan warni-warni.

Benjing pêkên taunan ing Ngayogya badhe mitongtonakên barang-barang kagunan dêdamêlanipun tiyang siti saking tanah Jawi utawi sajawining tanah Jawi, ing tanah Indhia Nedêrlan, bangsaning gêlaran saking Bawean, tas-tas saking Padhang, Dhus-dhus saking Sèlèbês tuwin anam-anaman saking Timur. Barang dêdamêlanipun tiyang wuta ing griya pamulasaran ing Ngayogya. Dêdamêlanipun têtiyang ukuman ing Pakalongan, Wanagiri, Sêmarang, Surakarta tuwin Ngayogya. Barang tênunan saking môncanagari tuwin saking pakêmpalan wanita utama. Sinjang bathik saking Pakalongan tuwin tanah karajan Jawi. Barang-barang mas salaka saking Kêndhari, Acèh, Kutha Gêdhe tuwin Kêdhungwuni (Pakalongan). Musèum ing Batawi badhe ngintunakên barang-barang kuningan saking tanah Jawi, Sumatra tuwin Nagara. Barang-barang timah saking Bangka. Barang dêdamêlan lare sêkolahan saking nagari pundi-pundi. Tuwin barang sanès-sanèsipun.

Ing kapal Soemba tuwin Alcinous, sami kapal ingkang ambêkta têtiyang mandhap kaji, sadumuginipun Padhang wontên têtiyang ingkang ngajal 30 tuwin 9, jalaran saking kasoking sayah.

Kawartoskên Nationalistisch Congres badhe dhawah wontên ing tanggal 31 Agustus dumugi 2 Sèptèmbêr, ing ngriku inggih badhe dipun wontênakên ing bab Nationaalonderwijs tuwin Nationale bank, ugi badhe dipun wontênakên pista kangge Nationalistische vereenigingen ing Surabaya.

Kreta Prabalingga sêtum tram momot gêndhis, lampahipun nubruk kreta ingkang sawêg kèndêl, kreta ingkang mlèsèd saking ril wontên 14, kapitunan agêng, wontên tiyang satungal ingkang nandhang tatu.

--- 970 ---

Awit saking kaparênging pamarentah, ing Prabalingga badhe dipun êdêgi sêkolahan kriya tukang bêsi kangge têtiyang siti.

Kawartosakên, kawontênanipun tiyang ningali pêkên taunan ing Bandhung salêbêtipun kalih dintên saking wiwitan, wontên tiyang 30.314.

Katêtêpakên dados mudha pangarsa sawatawis môngsa pangadilan landrad ing Têbing Tinggi, Sumatra, Radèn Sudana, ahli pangadilan, rumiyin dados lid landrad ing Magêlang tuwin Têmanggung.

Ing bawah Magêlang kêtingal tuwuh sêsakit ayam malih, mênggahing pangintên sabab-sababipun jalaran saking nêdha kewan alit-alit ingkang dipun wastani bêtatung. Rekadayanipun têtiyang ing ngriku, ayam ingkang sakit wau dipun ombèni toya brambang kalihan gêndhis jawi, kacariyos kathah ingkang kêtulungan.

Jalaran saking kêladuking môngsa jawah ing Cianjur, andadosakên kirang saening pamêdalipun sayuran, tumrapipun kênthang, brambang tuwin godhong brambang, punika sami kêtingal awon, saya tumrap kênthang, sami kêtingal pating trutul kados dipun têdha ing ulêr.

Pamarentah aparing urunan dhatêng gêwès Pasuruan, arta gunggung f 30.000, f 71.333, tuwin f 158.000, sadaya wau kangge damêl margi saking Sumbêrsèwu dhatêng Sumbêrawa tuwin margi sambêtan ingkang kalih utawi kaping tiga ing margi saking Dhampit dhatêng Pasirian.

Miturut rancangan ingkang sampun katur ing pamarentah, ing bab pambagean toya ing pasabinan ing Sampang, Madura, jêmbaripun 5000 bau, supados angsal loya[2] ingkang ajêg. Ing bab punika ing lèpèn Kêlampis badhe kadamêl tandhon toya kintên-kintên cêkap kange tandho toya 17.5 mliyun kubuk, sarana ambêndung juranging lèpèn wau. Padamêlan wau taksiraning waragad wontên f 500.000.

Dèrèng dangu ing rêdi Gamping wontên tiyang èstri nyambutdamêl pados sela gamping ing salêbêting guwa, dilalah sitinipun ambrol angurugi tiyang wau, konco-kancanipun nyambutdamêl ugi sami mitulungi, nanging tiyang ingkang sangsara sampun kalajêng pêjah gèpèng.

Ing bab tiyang Jêpan ingkang kapistul ing Surabaya, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn, pulisi gadhah pangintên manawi jalaran saking nglalu, punika kapirid saking tiyang wau kanggenan mimis pistul wontên ing kanthonganipun. Pulisi taksih anglajêngakên pados katrangan.

Kathah tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng tanjaning arta tanggêlan f 150,- tumrap sabên tiyang minggah kaji. Mênggah tanjanipun arta punika prêlu kangge sadhiyan samôngsa têtiyang wau badhe wangsul mantuk. amargi kathah sangêt èwêd-pakèwêd ingkang pinganggih kalanipun têtiyang sami badhe wangsul, ingkang jalaran kêtêlasan sangu.

Tuwan residhèn ing Mênadho kanthi para amtênar sampun bidhal dhatêng Mongondho nitih kapal Zwaluw, prêlu badhe anjênêng jumênêngipun Raja Manoppo.

Kas bêirdhêr ing sêtatsiyun Tugu, sumêrêp bilih ing brankas kêkirangan arta f 8530.-, nanging botên wontên titikipun karisakan. Prakawis lajêng dados papriksaning pulisi.

Wontên pawartos, ing Bantul, Ngayogya, wontên tiyang ngakên badhe dados ratu alit, nanging lajêng kacêpêng ing pulisi, kanthi saksi-saksi kathah.

Tuwan J.R.F. Jorman, dhirèktur rêgènsêkap wèrkên ing Serang, dipun kèndêli saking padamêlanipun, nanging dèrèng wontên katrangan sababipun punapa.

Kala ing dintên Rêbo tangal kaping 27 Juni, rad pan yustisi ing Surabaya angrampungi prakawisipun Radèn Suleman, tilas ajung gripir ing Jêmbêr, prakawis nyalingkuhakên arta f 750.-, kaukum pakunjara 2 taun.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan M. ing Glanthêngan Kudus. Bab wali ingkang angsal pituwas saking pamarentah punika tiyang ingkang dipun karsakakên ing pamarentah angopèni lare sinau, ingkang anglampahi kalêpatan. Dados botên kados karsa panjênêngan punika.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1153, ing Purwadadi Grobogan:

Sadaya rêrêgèning buku ingkang kawrat ing Kajawèn utawi sanès-sanèsipun punika, mligi namung rêgining buku thok (dèrèng kapetang wragading pangintun) ewadene manawi para ingkang mundhut tumbas kaparêng ngintunakên artanipun rumiyin, wragading pangintun wau lajêng katanggêl dening Bale Pustaka. Têrangipun makatên: saupami panjênêngan badhe mundhut tumbas buku rêgi f 1.- arta f 1.- wau kakintuna dhatêng Bale Pustaka sarana pos wisêl, sawingkinging pos wisêl katêrangna buku ingkang katumbas, mangke panjênêngan lajêng sagêd nampi buku wau botên ngangge bayar punapa-punapa malih.

Lêngganan nomêr 3029. Ing Randhu Blatung. f 3- sampun katampèn lêrês, matur nuwun.

Lêngganan nomêr 2211 ing Tungluagung.[3] f 1.50 tumrap kwartal kaping 3 sampun katampèn. Matur nuwun.

--- 971 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

51

Harmac Anjog wontên ing Mur.

Dene manawi sêdya wau sagêd kadumugèn saha rêcanipun dewa sagêd sirna, tamtunipun têtiyang Fung sadaya sami bingung, kula lajêng sagêd namtokakên bilih têtiyang Fung lajêng sami mènèk margi sandi ingkang anjog dhatêng Mur, saha têtiyang wau lajêng numpês têtiyang Abati èwon kathahipun, lan tamtu kula tuwin mitra kula ingkang dipun tumpês rumiyin.

Kula lajêng murugi Olivier ingkang kala punika namung piyambakan, amargi Japhet sawêg nitipriksa kawat-kawat. Wicantênipun Olivier: aku ora bisa têntrêm yèn ngrasakake sang putri: Adams. Aku duwe panyana, yèn kang dicaritakake dhèk anu kae ana têmêne. Sang putri ngarih-arih ing aku kanthi carocosan waspane, supaya sang putri kêna ana ing kene, ananging aku ora amrayogèkake, amarga ing kene gampang bisane tuwuh kacilakan, mulane aku ora ngrêti babarpisan, genea kowe gêlêm ana ing kene, bok bèn aku ana ing kene dhewe bae.

Kula amangsuli: Sanadyana kados pundi kemawon, kula badhe botên kesah saking ngriku, awit padamêlan ingkang makatên punika, botên mêsthinipun namung katindakakên tiyang satunggal kemawon.

Orme amangsuli: Clathumu iku ora bêner, amarga bisa uga aku banjur kêsambêt utawa sapêpadhane. Upamane pamasangku dhinamit mau nganggo cara pratikêl liyane, panyumêtku bisa kalakon saka karaton, bokmanawa luwih bêcik. Ananging sabênêre mono aku nguwatirake batêre-batêrene, awit sanadyan isih anyar, bisa uga rusak, jalaran saka digawa lêlungan adoh mau. Lan jalaran saka sabab-sabab mau iku, anggonku banjur namtokake nyumêt dhinamit mau ana ing kamar kene.

Kula lajêng nyandhak tilpun saha mirêng wicantênipun Higgs bilih piyambakipun lan Quick sampun dumugi ing karaton wilujêng, saha lajêng manggèn ing kamar palênggahanipun sang putri.

Higgs anyambêti wicantênipun makatên: Saikine kraton katon sêpi nyênyêt, aku sakaloron mung mrangguli wong jaga siji, kiraku kajaba sang putri lan para kênya sawatara, kabèh padha ninggal karaton, jalaran kuwatir samôngsa dhinamite anjêblos, nèk-nèke watu-watune padha ngêntêbi wong kabèh.

Kula pitakèn dhatêng Higgs: Apa mangkono kandhane wong jaga mau.

Higgs amangsuli: Iya, sathithik-sathithik iya mangkono. Wong jaga mau arêp anglarangi aku kabèh lumêbu, sabab kang mangkono iku nyulayani karo dhawuhe Pangeran Josua, kang aparing prentah, aku kabèh wong-wong Buda ora kêna pisan-pisan anyêdhaki kamare sang putri. Ananging sanalika banjur tak rampungi, lan dhèwèke banjur lumayu, mênyang ngêndi playune aku ora wêruh, kira bae mênyang ênggone bandarane, prêlu nyaritakake apa sing wis kalakon.

Kula pitakèn: Kapriye kaanane Quick.

Wangsulanipun Higgs: Iya kaya padatane bae. Dhèwèke lungguh ana ing pojokan lan andêdonga, mirid kaananing bêdhil-bêdhil pistul kang ana sakubênging awake, dhèwèke katon kaya sawênèhing durjana kang lagi nandhang susah. E, êntènana sadhela.

Sasampunipun lajêng kèndêl ragi dangu, wusana kula mirêng suwaranipun Higgs malih makatên:

Wis rampung. Kang mêntas têka iki salah sijine kênyane sang putri, kang krungu anggonku calathu lan banjur niliki sapa kang ana ing kono mau. Yèn sang putri mirêng, manawa aku sakaloron kang ana ing kono, mêsthine iya banjur rawuh mrene, sabab ketoke sang putri bingung bangêt lan ora bisa sare.

Wicantênipun Higgs wau lêrês awit botên ngantos lêt sadasa mênit malih, kula sadaya lajêng dipun tilpun ing sang putri, tilpunipun lajêng kula sukakakên Orme saha kula lajêng kesah saking ngriku. Anggènipun rêmbagan kalihan sang putri wau adamêl bingaripun Orme sawatawis.

Kintên-kintên watawis saêjam malih, Japhet dhatêng pêplajêngan kanthi biyas rainipun, sampun tamtu kula kêkalih enggal-enggal pitakèn, punapa kawat-kawating dhinamit wontên ingkang risak. Kanthi gumrêmêng Japhet mangsuli manawi kawontênaning kawat sae, nanging piyambakipun mêntas nyipati mêmêdi.

Kula pitakèn: He, kêbo, kowe wêruh mêmêdi apa.

Japhet amangsuli: Inggih mêmêdining salah-satunggiling para nata, ingkang wontên pasarean sangandhaping siti punika, inggih punika ingkang bungkuk balungipun, saha ingkang dunungipun têbih piyambak, samangke ing balung-balungipun wau wontên dagingipun, lan warninipun angajrih-ajrihi sangêt, tiyang agêng inggil, wah, langkung sae dipun wastani mêmêdi.

--- 972 ---

Kula wicantên: O, mangkono. Dhèwèke apa calathu apa-apa karo kowe Japhet.

Wangsulanipun Japhet: O, inggih dhoktêr, wicantênipun kathah sangêt, ananging kula botên ngrêtos sadaya, awit basanipun ragi beda kalihan basa kula. Kintênipun piyambakipun pitakèn dhatêng kula, punapaa dene bôngsa kula ingkang sakalangkung asor punika, kumawani ngrisak dewanipun, inggih punika Harmac. Kula amangsuli, bilih kula punika namung abdi kemawon, saha botên sumêrêp punapa-punapa, lan kula lajêng wicantên yèn piyambakipun badhe pitakèn punapa-punapa, supados pitakèna dhatêng panjênêngan kemawon.

Kula apitakèn: Mungguh wangsulanmu kapriye Japhet.

Japhet amangsuli: Kintên kula piyambakipun wicantên, bilih Harmac badhe dhatêng ing Mur, saha badhe malês dhatêng têtiyang Abati. Ingkang punika utami sangêt manawi têtiyang mônca sami oncat saking ngriku, namung samantên pawicantênipun ingkang kula mangrêtosi, lan sanadyan kula panjênêngan dadosakên pangeran pisan, sajêgipun gêsang kula badhe botên purun lumêbêt sênthongan ing sangandhaping siti punika.

Orme wicantên sajak botên mraduli, makatên wicantênipun: wong iki krungu anggone utusane Barung awèh wêruh mênyang aku kabèh. Iya ora anggumunake yèn dhèwèke banjur wêruh mêmêdi, awit ing panggonan kene pancèn ketok singêr bangêt. Bèn, bab prakara iki tak aturne sang putri, kiraku gawe rênaning panggalihe.

Kula amangsuli: Lho, kuwi aja, sabab carita iki ora nyênêngake ati, lan bisa uga yèn sang putri ajrih nyang mêmêdi. Kajaba iku - kala punika kula nudingi jam ingkang wontên sacêlaking bantêre - saiki rak wis jam sapuluh kurang limang mênit.

Adhuh, gangsal mênit ingkang pungkasan punika dangunipun prasasat gangsal windu, lênggah kula sadaya jèjèr-jèjèr prasasat kados rêca sela, satunggal-satungalipun sami anggadhahi gagasan piyambak-piyambak, wusananipun Orme lajêng ngetang kanthi swara sora: siji, loro, têlu, papat, lima - saikine. Lan mèh sêsarêngan Orme lajêng ngênêtakên pênthol batêre satunggal rumiyin, saha lajêng pênthol batêre sanès-sanèsipun. Ing sadèrènging piyambakipun ngênêtakên pênthol ingkang nomêr kalih, sitining curi sangandhap kula sadaya karaos gonjing, sasampunipun, sela agêng-agêng ingkang wawratipun pintên-pintên ton, saha ingkang kadosdene balok malang ing sanginggiling kori lajêng sami amblêg mangandhap tuwin lajêng nutupi lomponganing kori.

Botên watawis têbih saking ngriku wontên gêmpalan curi ingkang sami dhawah, ingkang anjalari ramening swara. Dilalah ujug-ujug kula lajêng dhawah ing siti, kursi ingkang kula linggihi kadosdene dipun lolos, tumuntên wontên swaraning angin ingkang sora sanget, saha kula sadaya kraos katêmpuh angin agêng sumiyut ingkang lumêbêt ing growongan kanthi nyuwara, tuwin lajêng amêjahi dilah-dilah kula sadaya, kintên-kintên watawis samênit malih kula sadaya mirêng swara gumêbrug, kadosdene barang ingkang sakalangkung agêng sangêt dhumawah ing siti, sasampunipun sadaya lajêng sidhêm malih.

Ha, saikine wis rampung. Makatên wicantênipun Orme kanthi swara kados sayah sangêt, swaranipun wau kadosdene saking katêbihan. Lajêng wicantên malih makatên: pancène mono aku ora prêlu kuwatir, awit batêre kang kapisan wis cukup kêkuwatane, nalikane aku arêp ngênêtake batêre kang ôngka loro, aku ngrasa panjêjake, aku kapengin wêruh dayaning dhinamit kang ambêbayani lan kang kêkuwatane nganti karotêngah ton, sapira anggone gawe karusakaning rêca singa kuna mau, miturut pêpetunganku kuwi wis nyukupi kanggo ngrusak rêca mau babarpisan, ananging anggonku mratakake mau kurang cukup, bisa uga kêkuwatane mung bisa agawe bolonge awaking rêca, yèn ana bêgjane, ora suwe manèh iya bakal krungu kabare. Jajal Adams ngêrèka lan diyane sumêdên manèh. Lho, rungokna kae.

Kula sadaya lajêng mirêng swara kadosdene swaraning tiyang bêdhil-bêdhilan saking katêbihan, dhêl, dhêl, dhêl. Kula lajêng majêng ambrangkang nyandhak tilpun saha mirêngakên, sanalika punika kula inggih lajêng mangrêtos sabab-sababipun. Ing sisih ngrikanipun wontên bêdhil-bêdhilan, lan kula mirêng cêtha ananging alon sangêt wicantênipun Higgs makatên: awas, sêrsan, kae ana sing nêmpuh manèh, salajêng nuntên swaranipun Quick makatên: propesor, panyanjatanipun ingkang andhap, ya Allah, sanjata sampun kothong, enggal dipun isèni, punika wadhahipun patrum. Sampun rikat-rikat anggènipun nyanjata. Adhuh, setan kiyi ngênani aku, ananging aku uga ngênani dhèwèke, dhèwèke môngsa bisaa namakake towoke manèh.

Kula lajêng ambêngok: Higgs lan Quick ditêmpuh ing mungsuh. Quick kêtaton, sang putri nimbali kowe Orme, dhawuhe: mriki Olivier, prajuritipun Pangeran Josua nêmpuh dhatêng kula, enggal mriki Olivier.

Salajêngipun lajêng kêmirêngan swaraning sanjata malih, sarêng Olivier badhe gêntos mirêngakên tilpun, sambêtanipun risak, pangundangipun Orme tanpa damêl, botên wontên swara ingkang kamirêngan malih.

Kawate dikêthok. Makatên wicantênipun Orme, tilpunipun kaglethakakên, piyambakipun lajêng nyandhak ting ingkang mêntas dipun sumêt dening Japhet. Ayo milu, ing kana ana rajapati. Makatên wicantênipun Orme saha lajêng mancolot dhatêng kori, ananging wontên curi agêng ingkang nutupi lomponganing kori, kanthi kagèt piyambakipun lajêng mundur, panjêlihipun pun Orme: ya Allah, aku kabèh saiki kêtutup, kapriye bisane mêtu, kapriye bisane mêtu.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. nama. (kembali)
2. toya. (kembali)
3. Tulungagung. (kembali)